Tembang macapat

Sastra Gendhing, Sutji Rahajoe, 1936, #825

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sastra Gendhing, Sutji Rahajoe, 1936, #825

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 8
1 dari 10
1–10 dari 100
1. Sinom
1.01 Sri Nata Dipèng rat Jawa | Jêng Sultan Agung Matawis | kang ngadhaton nagri Karta | ing jaman saolah mulki | ngrat Jawa nyakra wati | Sabrang Pasisir sumuyut | amirul mukminina | Sayidin Panata Gami | mahambara sinukmèng basa ambara ||
1.02 Jinunjung kadigbyanira | ing jaman amir rokhimin | tuhu ratu pinandhita | kamantyan kalifah suci | kasub tinêngèng bumi | malikal waliyul lahu | rinilan gêng mangonah | iku kang nruskên sastra di | ngantya nêbda marang trah wuri prasapa ||
1.03 Yêkti tan ing ngaku[1] darah | yèn tan wignya têmbang kawi | jêr kamot sandining sastra | akathah lohating tulis | kang dhihin basa kawi | tata trap silaning[2] wuwus | tumrap ing niti praja | kasusilan trusing ngèlmi | lawan kawi kang tumrap sandining sastra ||
1.04 Kayata caraka basa | dasa nama kerata di | bêbasan amangku rasa | rasa karêp marang pamrih | myat tuduh pinangkèngwit | kaya ngran kawi puniku | KA karêping panêdya | WI lêpasing pangèsti |[3] munggèng sastra karêp lêpasing kerata ||
1.05 Tumrap sandining sasmita | karêp lêpasing sêmèdi | ngèsthi kabèh ing papunggal | linang sukma sarira nir | pranata wus lir jati | marma sugêng trah Matarum | dèn putus olah raras | sasmita sandining kawi | yêkti anggèr satriya mangulah sastra [2] ||
1.06 Wus dene kang sastra Arab | yogya trang lungi ding[4] kawi | wilêt lukitaning lafal | kirkat myang pasekat tarki | bya jalal isim fingil | miwah ing saliyanipun | jêr wêwacaning lafal | dadi mikraji wong arif | gêng bêbaya lafal salin maknanira ||
1.07 Tan pae rarasing jawa | rênggan wiramaning gêndhing | kinarya ngimpuni basa | mêmanise dèn rêksani | lamun bubrah kang gêndhing | sastra ngalih raosipun | kang tumrap ing pradangga | swara pinatut ngrêsêpi | manrus kongas ruming langên kalênglêngan ||
1.08 Kalêngkanirèng swarèndah[5] | sarancak pinêta[6] ngèsthi | kèsthi rêjasing wirama | tuduh pamudyaning dasih | mring Hywang[7] ingkang asung sih | sih muji kaananipun | tan lyan kang janma ngaja | kang pinudyèng swara jati | nyamlêng ingkang gêndhing kaananing tunggal ||
1.09 Pramila yèn gêndhing bubrah | gugur sêmbahe mring Widhi | batal wisesaning salad | tanpa gawe olah gêndhing | dene ngran têmbang gêndhing | trusirèng swara linuhung | pamuji asmaning Dad | swara saking osik jati | osik mulya wêntaring cipta surasa ||
1.10 Surasèng ngèskining[8] kayat | kayat ingkang basa kadim | pramila wong olah têmbang | sêdene pradangga gêndhing | dèn yitna tanduk manis | wirama wilêtirèng rum | myang nyamlêngirèng raras | swara nrus pinrêsing ngèsthi | lamun bubrah tar mot pamuji iradat [3] ||
1 dari 10

 


ingaku. (kembali)
trapsilaning. (kembali)
Kurang satu suku kata: WI lêpasing ing pangèsthi. (kembali)
lungiding. (kembali)
swarendah. (kembali)
pinèta. (kembali)
Hyang (dan di tempat lain). (kembali)
ngèsthining. (kembali)