Tembang macapat

Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ringgit Madya Lampahan Radèn Narayana, Mangkunagara IV, 1913, #83

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 20
1 dari 83
1–10 dari 827
1. Dhandhanggula
01.01 jamaking wong nêdya mardi budi | dipun katon mêmanising netya | cineda yya sakatine | winaon datan mêsgul | marma mêngko ingkang anulis | ayun mêdhar carita | gêgancaranipun | kang Pustakaraja Madya | winanguning sêkar macapat dera mrih | sanggyaning kang nupiksa ||
01.02 arsayèng tyas de ingkang rinuwi | lêlakyane Prabu Gêndrayana | ing Mamênang karatone | nata dibyambêk sadu | widagda ring ulah praniti | ing tyas wirotamarja | paramarta agung | amot mêngku pangaksama | tyase sami kadya pandhita ing wukir | mungkur mring ardaning tyas ||
01.03 nyata lamun kêkasih dewa di | Sri Mamênang gung dènnya dêdana | maring wadya punggawane | agêng alit tan kantun | sumarambah kawulèng nagri | tanapi măncapraja | kawratan sadarum | saking sih dana narendra | ing Mamênang tuhu binatharèng bumi | sinihan wadyakuswa ||
01.04 wignyèng basa mès[1] tyasing sasami | mila [4: mi...la] para nata măncapraja | ajrih trêsna sadayane | mring Gêndrayana Prabu | panganggêpe liningga kadi | jawata ngejawantah | ya ta duk mangapus | nujya ari Kêmis tanggal | ping wolulas wulan Siyam warsa Alip | dene angkaning warsa ||
01.05 tinêngêran tri catur naga ji |[2] kang pinurwa jêjêring carita | prajèng Mamênang wiyose | Gêndrayana Sang Prabu | nalikane ri Soma manis | nata miyos sewaka | pêpak pra wadya gung | kang nangkil nèng panangkilan | kang kaparèng ngarsa sang anindya mantri | Kyana Patih Sutiksna ||
01.06 jajar lawan risang narpasiwi | wêwangine Radyan Narayana | dahad sulistya warnane | lir Hyang Asmara tumrun | têmah dadya sêkaring lathi | kidunging para kênya | dhasar narpasunu | panuksmaning Hyang Kesawa | marma nadyan taksih timur rajasiwi | wus prawirèng ayuda ||
01.07 wingkingirasinambêtan dening | pra punggawa tuwin pra satriya | myang mantri ulubalange | balabar yayah laut | busanane manekawarni [5: ma...nekawarni] | kadi sêkar sataman | abyor sri dinulu | sang nata lênggah ing dhampar | kang pinatik sêsotya nawarêtna di | murub andiwangkara ||
01.08 ya ta wau kangjêng sri bupati | angandika arum marang patya | kakang ngong antuk wartane | Ngastina yayi prabu | ing samêngko pindhah nagari | praja ingêlih nama | Yawastina iku | ngêndi kakang prênahira | desa ingkang dèn lihi dadya nagari | lan bangêt ngungun ingwang ||
01.09 dene yayi prabu tan sung uning | matur nêmbah Dyan Patih Sutiksna | dhuh gusti kangjêng pamase | lêrês dhawuh pukulun | rayi tuwan pindhah nagari | nanging prasasatira | tan pindhah puniku | margi mung mingsêr kewala | têbihipun kalihan karaton lami | tan wontên tri onjotan ||
01.10 praja enggal gusti dèn wastani | Yawastina makatên kang warta | dèrèng têlas ing ature | sira sang mantri anung | dyan kasaru wau kang prapti | Bagawan Danèswara | kang martapèng gunung | padhepokan Nilandusa | dumarojog [6: du...marojog] laju manjing păncaniti | kagyat Sri Gêndrayana ||
1 dari 83

 


mèt. (kembali)
Tanggal: Kêmis wolulas (18) Siyam (Pasa) Alip: tri catur naga ji (AJ 1843). Tanggal Masehi: Kamis 21 Agustus 1913. (kembali)