Tembang macapat

Rama, Van Dorp, 1923, #832

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Rama, Van Dorp, 1923, #832

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 91
1 dari 287
1–10 dari 2.863
1. Puh Dhandhanggêndhis[1]
01.01 tabuh sapta nujya Buda Manis | wulan Sura kaping tigang dasa | ing măngsa kapat wukune | Kurantil Je kang taun | sirnèng tata pandhitèng siwi |[2] sêngkala duk anurat | aksama anurun | mangun langêning carita | caritane Bathara Rama ing kawi | jinarwakkên ing krama ||
01.02 mardya kawuryaning kramaniti | manawung măngka sêkar măncapat[3] | ingkang rinêngga kandhane | nênggih rêksasa prabu | ing Ngalêngka prajaniradi | sumbagèng tri buwana | prakoswa dibyanung | winongwong karatonira | angluwihi kumalungkung anèng bumi | tan ana kang tumimbang ||
01.03 kasudiranira angêtêri[4] | Risang Buminata ing Ngalêngka | kusut para ratu kabèh | ditya rêksasa diyu | myang ratuning manungsa sami | tan ana kang kuwawa | lumawaning tangguh | nadyan dewa Suralaya | batharendra rêbut rok kasoran dening | lan sri maha yaksendra ||
01.04 bisikanira Sri Narapati | Buminata Ngalêngka Rahwana | Dasamuka pêparabe [[5]] | nênggih kang darbe turun | saking bapa manungsa yêkti | ambêk nata pandhita | eyang lawan buyut | sira Bagawan Wisrawa | Sang Wisrawa putrane Padma anênggih | Padma putrèng Pulastha ||
01.05 sami ratu pandhita linuwih | prajaniradi ing Lokapala | dene kang saking ibune | punika trahing diyu | ing Ngalêngka Prabu Sumali | ibune Dasamuka | Sumali kang sunu | Dèwi Sukèsi kang nama | putranira Bagawan Wisrawa nênggih | apatutan sêkawan ||
01.06 tiga ingkang warni ditya sami | pêmbayunira Sri Dasamuka | Kumbakarna panênggake | wanita arinipun | apan warni rêksasa èstri | aran Sarpakanaka | mung warujunipun | ingkang awarni manungsa | pinandhita ambêk sadu santa budi | Sang Kunta Wibisana ||
01.07 mardikèngrat gunawan undhagi | tyasirèstu manik pinasthika | lêpas pasang wêwekèng rèh | nimpuni maharjayu | neje saking kadange sami | Sang Arya Kumbakarna | sarira gêng luhur | yayah pêrbata tênaya | mastakanya tuhu angebat-ebati [6] | netra pindha baskara ||
01.08 lir galudhug swara gêgêtêri | lesan kadi wiwaraning guwa | ing aprang pilih bobote | mring raka wus jinunjung | sinatriya andêling jurit | winênang angêdhatyan | sajroning praja gung | akêkutha ing duksina | datan pae lawan puraning rakaji | myang Arya Wibisana ||
01.09 wus sinungan kadhaton pribadi | jro nagara Arya Wibisana | ing Kutara kadhatone | lawan bala wus sinung | pirang-pirang yuta wadyèki | sami lan Kumbakarna | kang ditya wadya gung | aprasasat pinartiga | ing Ngalêngka kang sêpuh mêhêng ngratoni | dene kadang wanodya ||
01.10 tinarimakakên ing bupati | sinung kawiryan Karadusana | Sarpakanaka lakine | kinarya punggawa gung | ing tampinganira rakaji | kathah wadya santana | punggawa gung-agung | kabèh prawirèng ayuda | jajahane Ngalêngka datanpa wilis | bupati kang amănca ||
1 dari 287

 


Dhandhanggula. (kembali)
Tanggal: Buda Manis (Rêbo Lêgi) tigang dasa (30) Sura Je: sirnèng tata pandhitèng siwi (AJ 1750). Tanggal Masehi: Rabu 16 Oktober 1822. (kembali)
macapat. (kembali)
anggêtêri. (kembali)