Tembang macapat

Menak Biraji, Balai Pustaka, 1934, #837

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Biraji, Balai Pustaka, 1934, #837

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 16
1 dari 48
1–10 dari 473
1. Dhandhanggula
1. Prabu Aspandriya nantang dhatêng Wong Agung
01.01 pramèswari Prabu Nyakrawati | ingkang sangêt amangun sungkawa | duk sang nata kacêkêle | marang sang nata wau | Sadat Kabul Ngumar Ngabêsi | sêdya atur uninga | marang putranipun | kang anèng Kaos nagara | Jayèngrana pramèswari tan miyarsi | yèn kondur marang Mêkah ||
01.02 tan kawarna dutanira prapti | nagri Kaos jujug Patih Bêstak | kang sêrat tinupiksa ge | kalamun sang aprabu | kinunjara anèng Ngabêsi | mring Sadat Kabul Ngumar | Patih Bêstak ngungun | lajêng marak rajaputra | pan katiga miyarsa marêbês mili | kang rama pinanjara ||
01.03 lajêng samya tumamèng jro puri | tur uninga mring Rêtna Muninggar | putra têtiga karsane | praptèng dalêm kadhatun | panggih lawan sang rajaputri | nanging putra têtiga | kang raka lingnya rum | babo radèn ana paran | nêmbah matur wau kang tanaya prapti | katur saaturira ||
01.04 yèn kang rama nênggih dèn kurungi | mring Sang Raja Sadat Kabul Ngumar | binêkta marang nagrine | langkung wagugênipun | duk miyarsa sang rajaputri | anuduh kang caraka | kang badhe ingutus | tur uninga mring kang raka | katarucut [4: kataru...cut] wong Mêdayin tan miyarsi | lamun Sang Jayèngrana ||
01.05 pangrasane bala gêng Mêdayin | antukira Sadat Kabul Ngumar | dene ing Mêkah sêpine | mila gêng nêpsunipun | mring Bathara Natèng Mêdayin | dene têtawa mêngsah | sêpi prajanipun | nusul mring Kaos tan arsa | pan mangkana ciptane bala Mêdayin | ulihe Kabul Ngumar ||
01.06 dadya duka mring Rajèng Mêdayin | tan miyarsa yèn sampun picondhang | Sadat Kabul Ngumar dene | wong Menak Jayèngsatru | antukira marang Ngabêsi | sampun salin agama | mangkana winuwus | dutane Rêtna Muninggar | jujug marang Kuparman sampun kapanggih | lawan Sang Kakungingrat ||
01.07 sêrat katur mring Sang Jayèngmurti | katupiksa ingkang patêmbayan | pêpuji mring Pangerane | ping kalih nabinipun | kaping tiga marang ing laki | wusnya mangkana ingkang | nawala sung wêruh | lamun rama jêng panduka | sri bupati binêkta marang Ngabêsi | mring Sadat Kabul Ngumar ||
01.08 pinanjara ing kurungan pêksi | sinung tadhah apêm mung satunggal | ing siyang lan sadalune | langkung kawêlasayun | duk miyarsa Sang Jayèngmurti | ngungun wagugên ing tyas | mèsêm Jayèngpupuh | animbali Umarmaya | pan sadaya punggawa para narpati | jêjêl anèng ngayunan ||
01.09 wus winartan yèn Natèng Mêdayin | binêkta mring Sadat Kabul Ngumar | kinurungan wêwadhahe | tan sinung mêtu-mêtu | nèng kurungan dipun wadhahi | apêm siji sadina | Marmaya gumuyu | gumêr sagung para [5: pa...ra] nata | angandika Wong Agung Wiradimurti | mring rayi Andarmuka ||
01.10 pan punika satriya Ngabêsi | kang pêparab ari Andarmuka | mring Kabul Ngumar arine | marmanipun kinantun | mring kang raka sri narapati | Sri Sadat Kabul Ngumar | apan karsanipun | anut mring parane Ambyah | ingkang rayi binêktan bala sakêthi | tugur wismèng Kuparman ||
1 dari 48