Tembang macapat

Menak Kanin, Balai Pustaka, 1934, #838

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Kanin, Balai Pustaka, 1934, #838

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 14
1 dari 49
1–10 dari 485
1. Mijil
1. Raja Sarkab kajodhi dening Wong Agung
01.01 ya ta wau Sang Narpati Jobin | kang anèng pakuwon | dalu marêk ing pasanggrahane | Irman Sri Bathara nyakrawati | umatur Sang Jobin | suwawi pukulun ||
01.02 utusana dhatêng Parangakik | jêng paduka katong | Raja Perid pan wontên putrane | jalu maksih anom tur sinêkti | wirutamèng jurit | nama Radèn Kanjun ||
01.03 aparinga tupiksa tiwasing | bapa nèng palugon | pan kaèsi-èsi duk patine | mring wong Arab pan pinindha paksi | tau dèn rampasi | kalih andalujur ||
01.04 dadya pangewan-ewaning jurit | apan botên linyok | tuwan ngidinana ing adêge | narapati nagri Parangakik | gumantyèng rama ji | sira Radèn Kanjun ||
01.05 mangayubagya sri narapati | Irman Prabu Anom | wus anuduh marang punggawane | Radèn Baktiyar ingkang tinuding | wadyèng Parangakik | sapratigan tumut ||
01.06 kunêng duta marang Parangakik | gantya winiraos | ing jro kitha kasukan arame | wadya Ngarab kang para narpati | bojana angênting | sawêngi anutug ||
01.07 enjing lajêng [4] miyosi ngajurit | têngara kêndhang gong | wadya Ngarab wus mêtu barise | aglar munggèng ing papan miranti | wong kapir wus mijil | barisira têpung ||
01.08 wus satata sagung pra dipati | miwah para katong | mungsuh lan rowang umung swarane | angandika Sang Umaryunani | mring sagung prajurit | para ratu-ratu ||
01.09 dèn arèrèh ing sadina iki | aywa na kang miyos | ing paprangan ngantia titahe | lamun ora tinantang mêtoni | padha mênêng ugi | aywa wiwit mêtu ||
01.10 bokmanawa kangjêng rama prapti | ing sadina mêngko | dadya kèndêl wadya Ngarab kabèh | miwah mêngsah tan ana mêtoni | kunêng tan winarni | ing sasolahipun ||
1 dari 49