Tembang macapat

Menak Kanjun, Balai Pustaka, 1934, #840

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Kanjun, Balai Pustaka, 1934, #840

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 14
1 dari 47
1–10 dari 463
1. Dhandhanggula
1. Wong Agung tuwin Radèn Maktal dipun racun ing mêngsah
01.01 prapta jajahan ing têpis wiring | Rajèng Parangakik lampahira | masanggrahan sabalane | pun druwis kinèn laju | mring jarate Ni Muninggarim | asadu lampahira | wau kang winuwus | wong agung kang tunggu makam | Umarmaya sabên enjing atêtilik | lawan kang para kadang ||
01.02 nanging wong agung kalangkung runtik | muring-muring marang Umarmaya | aja atêtinjo manèh | utawa kadang ingsun | apa karya pan wus kapundhi | pan lagi ingsun sêdya | among lara gandrung | wus padha dèn lilakêna | Umarmaya lunga aywa sira bali | sun cor sarta upata ||
01.03 para kadang mantuk samya nangis | miwah Marmaya anggablog jaja | arawat waspa ulihe | wau sang among gandrung | sabên enjing mijil kêkaring | lawan Sang Arya Maktal | sarwi gandrung-gandrung | yayi mas ing Parangteja | tingalana ima gumarit nyalirit | kataman diwangkara ||
01.04 mèmpêr imba kakanta Mêdayin | prayanira anut ing baskara | yèn majad diwangkarane | ima tamat anglimut | sangsaya nir [4] rêngganing langit | wêning ima walikan | amuwuhi gandrung | yayi mas ing Parangteja | wiyat irêng amuyêk akêtang wèni | ukêle rakanira ||
01.05 kartika lor wetan maksih kèksi | rênyêp-rênyêp wong agung ngandika | yayi mas lor wetan kae | aganti lintang wuluh | lir netrane kakanirèki | baya nukma ing kana | ngusadani gandrung | rèh diwangkara diwasa | mêmanising sarosa dènnya ningali | ton sinang katang-katang ||
01.06 yayah sotyane salah pêndalih | katang-katang sukêt katon abang | sakala surêm tingale | amênggah gandrung-gandrung | iya yayi ika kaèksi | ludirane rakanta | duk prang murwèng gandrung | lan Ratu Kaos nagara | sêmpoyongan cinandhak rinangkul aglis | marang Sang Arya Maktal ||
01.07 dhuh pukulun emuta sayêkti | dawêg kondur dhatêng ing astana | kadangon asru bêntère | kondur agandrung-gandrung | pan anglèyèh astanira ris | ing pundhak Arya Maktal | mênggah gandrung-gandrung | sapraptanirèng astana | prapta duta saking kang rama angirim | lajêng wus samya nadhah ||
01.08 sawusira mantuk kang angirim | satriya kalih maksih alênggah | kagyat druwis duk praptane | lajêng lênggah angukruk | mêmpis-mêmpis sayahe maksih | wong agung angandika | hèh druwis sirèku | ing ngêndi pinangkanira | miwah paran karyanira marang mami | druwis matur tur sêmbah ||
01.09 mila amba umarêk [5: uma...rêk] ing gusti | kawula saking Betal Mukadas | kawula nadar ing têmbe | angabdi ing pukulun | akidêmak ing siyang latri | ing nguni tan kawasa | marêk ing pukulun | ing mangke paduka nilar | ing kaprabon kawula arsa nglabuhi | rèhning anêdya papa ||
01.10 Jayèngmurti angandika aris | hèh wong sanak ingsun wus tarima | sadurunge lan sawuse | muliha ta sirèku | marang Betal Mukadas malih | ya druwis wruhanira | akèh para ratu | kang nêdya belani papa | miwah kadang ingsun pan arsa belani | nanging ingsun tan arsa ||
1 dari 47