Tembang macapat

Menak Malebari, Balai Pustaka, 1934–5, #844

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Malebari, Balai Pustaka, 1934–5, #844

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 88
1 dari 256
1–10 dari 2.559
1. Gambuh
1. Prabu Hongtete badhe mapagakên Wong Agung
01.01 praptèng soring wit jambu | panggih Nusirwan ngulèt markungkung | Rajèng Mukub dènira angucap bêngis | hèh paran Rajèng Mêdayun | apa urip apa layon ||
01.02 dene liwat alamu | arêp ingsun patèni sirèku | alanira dènira kapati-pati | wong papa anumbuk-numbuk | duwèni kalêthêk awon ||
01.03 lan ora eling dhawuk | apa alane mantunirèku | gawe bêcik sira sok malês ngalani | nguni ana kaul ingsun | ngong cacah dèn kaya waloh ||
01.04 saka pangwasanipun | kang wus sun gawa parentahipun | lurah ingsun sang prabu ing Kăndhabumi | matèni Raja Mêdayun | anaa saênggon-ênggon ||
01.05 kang bisa buwang iku | parentah ingkang ana ing aku | lamun ora angungkuli lurah mami | Arya Maktal Marmayèku | angungkuli lurah ingong ||
01.06 Dulbasir angrêruntuh | aja mangkono nak Prabu Mukub | kaduwunge Wong Agung Surayèng Bumi | yèn matia raganingsun | tan wurung sira binêndon ||
01.07 angling Sang Rajèng Mukub | wêruhe [1: 4: wê...ruhe] saking ngêndi wong agung | parentahe sang nata ing Kăndhabumi | apan ingsun ora gadug | maring Sang Jayèngpalugon ||
01.08 yèn sira arsa usul | lawan ta arêp urip sirèku | anjaluka parentah ing Ngalabani | apadene Marmayèku | angungkuli ratuningong ||
01.09 anarik pêdhangipun | margagah cancut Sang Rajèng Mukub | hèh patimu iki Sang Rajèng Mêdayin | Nusirwan nangis angulung | Rajèng Mukub ingsun kapok ||
01.10 karyanên ta lêskarmu | nanging sok uripa nata ingsun | yèn kongsia kêtêmu lan wayah mami | Ki Rustam putrèng Marpinjun | besuk akèh upah ingong ||
1 dari 256