Tembang macapat

Ringgit Madya Lampahan Narpalaksita, Mangkunagara IV, 1916, #85

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ringgit Madya Lampahan Narpalaksita, Mangkunagara IV, 1916, #85

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 11
1 dari 52
1–10 dari 517
1. Pangkur
01.01 Sang Prabu Sariwahana | miyos saking jro pura dipun iring | radyan patih kalihipun | Bagawan Wasusarma | katrinira pindha brahmana sadarum | ya ta wau lampahira | wus mêdal saking praja di ||
01.02 wus lêpas ing lampahira | sri narendra lawan pandhèrèk kalih | dupi prapta ing wana gung | wetan dhusun Waita | wontên sima kêkalih sangêt gêngipun | sêmune galak aringas | dupi papagan sang aji ||
01.03 singa anggro gora-godha | mangsah nubruk mring katri kang lumaris | tanpa rêringa bêg lampus | ing ngriku sri narendra | lawan Patih Sunjaya myang katrinipun | Sang Bagawan Wasusarma | katri yitna anadhahi ||
01.04 maring kruraning sardula | kang sajuga mangsah nubruk sang aji | sang [4] nata prayitnèng kewuh | sigra amênthang laras | wus lumêpas jêmparingira sang prabu | kacundhuk sima palastra | kuwănda sirna tan kèksi ||
01.05 nulya sima kang sajuga | nêmpuh maring Sunjaya Radyan Patih | trangginas sang mantri ngayun | nyandhak gandhewa dibya | mênthang langkap jêmparing lumêpas mamprung | sima anggro lawan milar | wus kataman ing jêmparing ||
01.06 gumêbrug dhawah ing kisma | tan antara kuwandaning kesari | musna wus datan kadulu | ya ta sasirnanira | kuwandaning sardula kêkalihipun | tan antara wontên prapta | tiyang kaki-kaki kalih ||
01.07 mêndhak marêk ngarsèng nata | ciptaning tyas wau pun kaki-kaki | lah ta baya iku ratu | kang ngruwat raganingwang | jêr rupane beda lawan rowangipun | kawistarèng sêmunira | cahyane sumilak wêning ||
01.08 kocak-kocaking paningal | pamulune pasêmon ngatawisi | marma sanalika laju | kalih èsmu nalăngsa | nèng ngarsendra dahat dènira [5] tumungkul | yayah konjêm ing pratala | ya ta wau sri bupati ||
01.09 Sang Prabu Sariwahana | gya andangu maring janma kêkalih | nihan wau sabdanipun | hèh karo sira sapa | aranira miwah ing pinangkanipun | lawan paran kang sinêdya | kang dinangu matur aris ||
01.10 lan dhêku konjêm ing kisma | dhuhdhuh adhuh gusti jêng sri bupati | mugyamba kalilan munjuk | ing ngarsa jêng paduka | koningana gusti ing sajatosipun | kalih kang warni sardula | inggih kawula sayêkti ||
1 dari 52