Tembang macapat

Menak Kalakodrat, Balai Pustaka, 1936, #854

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Kalakodrat, Balai Pustaka, 1936, #854

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 29
1 dari 97
1–10 dari 968
1. Pangkur
1. Candhakipun nagari Pirkaras bêdhah
01.01 wus dadya wau kang rêmbag | sira Dhatuk Bêrdanis nyipta gêni | kobar lawange wus rubuh | gêni mubal andadra | wus kalêbon ing baris mawur malêdug | sami ngungsi ratunira | gumrubyug manjing jro puri ||
01.02 busêkan otêr wurahan | amor ing dahana sangsaya dadi | ridhu lor kulon myang kidul | wetan abilulungan | wus kaisèn Raja Krêjis puranipun | dening prajurit Gumiwang | kacêkêl Sang Raja Krêjis ||
01.03 Patih Goncor wus kacandhak | samantrine muwah punggawa cilik | sadaya wong pitung puluh | kalêbu mantrinira | sira Prabu Nusirwan sabalanipun | sakarine kang palastra | wêdale anêrak baris ||
01.04 dhasare wus pinrantenan | mring Kuskèhèl kinèn awèha margi | palayune wong Mêdayun | rusak sangêt kasrakat | praptèng jawi anitih dipangganipun | pating kacècèr kang bala | wuwuh rusak wong Mêdayin ||
01.05 ginêmpur kutha Pirkaras | têtumpêsan kang mati dening agni | sigra budhal barisipun | nusul Prabu Nusirwan | wus kacandhak arêmbên bala Mêdayun | kathah sakit wêtêngira | mising miwah [1: 4] agumigil ||
01.06 wus kacandhak lampahira | sira Prabu Kuskèhèl Senapati | parentah ing balanipun | padha sira rèrèha | iya têka giringên palayunipun | panêmbahan iku aja | sêdhihe kêpati-pati ||
01.07 mung Si Patih Bêstak ika | sok agawe-gawe nyênyuwe margi | angadon-adoni wuwus | siji iku kewala | lah cêkêlên wiyungyungên nèng dêlanggung | besuk bae luwarana | yèn wus prapta ing Mêdayin ||
01.08 adhi Jong Kulkum ta sira | kang nyêkêla iya marang si patih | sandika ing aturipun | milih kuda pêpêrang | wong Gumiwang antuk kuda kalih èwu | prajurit kang sêsêliran | sami anyabêt turanggi ||
01.09 mamprung kuda kalih nambang | prapta gène Prabu Anyakrawati | saking ngajêng nuli matur | kula inggih dinuta | dhatêng isèn ing wijoan palowanu | manggala ing Purwakăndha | Raja Kuskèhèl prajurit ||
01.10 kang minăngka ngirid lampah | kang punika Kuskèhèl Senapati | kawula kinèn amikut | dhatêng pun Patih Bêstak | linuwaran inggih yèn praptèng Mêdayun | punika ngrandhati lampah | sok agawe-gawe pikir ||
1 dari 97