Tembang macapat

Menak Jaminambar, Balai Pustaka, 1936, #860

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Jaminambar, Balai Pustaka, 1936, #860

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 46
1 dari 149
1–10 dari 1.486
1. Dhandhanggula
1. Candhakipun Umarmaya manggihi Prabu Sadarsalam
01.01 sami-sami agami Ibrahim | agêng lan alit pantês aseba | manggihi gusti têgêse | nadyan sami wus anut | mring jêng nabi duta Ibrahim | jêr kantun ingkang têdhak | wong agung puniku | trah Ibrahim lair Mêkah | akêkutha Kuparman prawirèng jurit | pantês ing Jamintoran ||
01.02 asebaa nèng têba manggihi | nanging kawula sandeya kakang | dèrèng yêkti pawartine | dene ping kalihipun | ingkang putra wontên ing ngriki | dèrèng atur uninga | atadhah bêbêndu | inggih dèrèng manggih dhangan | saking têtêrangan pan dêdanan budi | ing mangke kathukulan ||
01.03 praptanipun kakang adipati | inggih kawula tadhah dêduka | Ki Umarmaya ature | sampun susah sang prabu | aprakawis kawula prapti | dene raka paduka | inggih kang angutus | maringa ing Jamintoran | tan makotên pan amung kinèn ngulati | dhatêng putra paduka ||
01.04 ing têkiyar kawula pribadi | angosak-asik ujum pratapan | ing wukir pandhita akèh | punika kang atuduh [1: 4: a...tuduh] | yèn ki putra wontên ing ngriki | dene Sang Raja Salsal | lan Gulangge sampun | pratela kilèn talatah | sampun wontên ingkang agami Ibrahim | ratu gêng binathara ||
01.05 Jamintoran Prabu Nyakrawati | Sadarsalam ratu binathara | lèr kilèn tanah prajane | ingkang sabrangan laut | ing dharatanipun sawarsi | wong agung duk miyarsa | sukur sukèng kalbu | tan kadi graita tuwan | dadya suka tyasnya Prabu Nyakrawati | Bathara Jamintoran ||
01.06 lajêng luwaran dènnya tinangkil | Umarmaya binêkta mring pura | langkung saking gêng kurmate | sasat tamian guru | sung nugraha sang adipati | kasmaran jro wardaya | gupuhira prabu | saengga kadang lan bapa | ing anggêpe adhahar sare tinunggil | Dipati Tasikwaja ||
01.07 pan ginanti gènira aguling | anèng kang putra Pangeran Kelan | nuntên jro pura ênggène | ing sabên ari manggung | pakumpulan sagung bupati | drawina saha bala | suka-suka nutug | mangkana sawiji dina | Umarmaya nuju pinanggih pribadi | lan Prabu Jamintoran ||
01.08 nèng panêpèn matur ki dipati | sampun lami ing lampah kawula | yêkti pangajêng-ajênge | raka paduka prabu | kula jarwa tuwan pribadi | mênggah raka paduka | kadi lajêng nglurug | dhatêng nagri Jaminambar | dene mênggah panuwune putranèki | kadi sampun ing aprang ||
01.09 yèn salamêt kadi wruh ing margi | yèn tan dhatênga sayêkti sirna [1: 5] | ing Jaminambar dhatênge | sang nata duk angrungu | lah puniku kakang dipati | wontên maras kawula | kalamun wong agung | ngalurug ing Jaminambar | ratu agung nagri sawatêsing langit | kilèn nungkul sadaya ||
01.10 marang Ratu Rabusamawati | kang angaku Sang Hyang Amisesa | datan wontên ratu malèh | kang agêng mung puniku | nagri kilèn watêsing langit | mung Ratu Jaminambar | kang dhèwèki agung | prakosa sugih prang kêmat | Umarmaya umatur kadi tan kêni | upami ingandhêga ||
1 dari 149