Tembang macapat

Menak Lakat, Balai Pustaka, 1937, #864

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Menak Lakat, Balai Pustaka, 1937, #864

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 45
1 dari 174
1–10 dari 1.731
1. Sinom
1. Wong Agung dipun dadosakên senapati
01.01 maksih sinewa sri nata | angrêmbag kang senapati | matur Sayid Abu Bakar | kadospundi karsa nabi | wontên kang dèn rêmêni | pinilih dening wadya gung | kapalang sangêt gêrah | punika karsaning Widhi | tuwan kinèn ngatos-atos dènnya aprang ||
01.02 kêdah ngagêm turing kathah | sampun tinêmah Hyang Widhi | yèn wontên andhaping lampah | wiwitan sing senapati | yogi tinantun malih | sakabat lan para ratu | miwah prajurit lêksan | yèn marêngi karsèng gusti | amba lawan Ngumar Ngusman undhang-undhang ||
01.03 nulya sampun kalêksanan | mundur Abu Bakar Sidik | kalawan Bagendha Ngumar | Ngusman sami angidêri | parentah gunging mukmin | sintên kang dadya panuju | pinasthi tinurutan | prakoswa ugêring jurit | nadyan wontên padudon ugêring kathah ||
01.04 wus amidêr tri sakabat | angadêg ngarsaning nabi | sarêng aturing pra nata | sakabat bala prajurit | yèn marêngi jêng gusti | aluwung Sang Jayèngsatru | sawab wus tau tatal | kaloka prajurit luwih | patut dadya senapatine wong Islam ||
01.05 wus dadya ingkang [1: 4] pirêmbag | têmtu Ambyah ingkang dadi | jêng nabi lumiring karsa | tri sakabat wangsul sami | ngandika kangjêng nabi | lah Bilal sira dèn gupuh | aturana jêng paman | sarta pamintaning dasih | wus umêsat Sang Bilal saking ing ngarsa ||
01.06 datan kawarna ing marga | wus cundhuk lan Bagendha Mir | purwa madya wusananya | wus ingaturakên sami | gupuh Bagendha Amir | nuju sineba pra ratu | miwah para prawira | wus mangkat sabala ngiring | cêcongklangan tan dangu wus praptèng ngarsa ||
01.07 têdhak saking ing turăngga | sigra dènira lumaris | jêng nabi asrêp ing driya | miyat ingkang paman prapti | ya ta Bagendha Amir | kèndêl ngandhaping bêbatur | wusing ngacaran minggah | tundhuk ngarsaning jêng nabi | sêsalaman ingajak jajar lênggahnya ||
01.08 ngandika jêng nabiyullah | paman ywa dados kang galih | nuwun atur ingkang paman | gya nyundhul atur Jêng Amir | punapa wontên kardi | animbali gupuh-gupuh | kangjêng nabi ngandika | jarwa karsaning Hyang Widhi | winiwitan ing purwa madya wusana ||
01.09 pan ing saniskaranira | pratingkahe Jabarail | umatur Bagendha Ambyah | wangsul karsa tuwan gusti | ngandika kangjêng nabi | paman prakawis kang mungsuh | măngsa boronga paman | sarta pamintaning dasih | jêngandika dadosa ugêring aprang ||
01.10 senapatining ayuda | paman kang amba pasrahi | ngrekakakên pra sakabat | pra nata punggawa mantri | miwah para prajurit | paman pramugarinipun | punika marmanira [1: 5] | paman kawula aturi | Sayid Ambyah duk myarsa sabdaning nabya ||
1 dari 174