Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 46
1 dari 277
1–10 dari 2.770
1. Dhandhanggula
01.001 Munggèng sarkara ring ukara nis | sasmita tan sumukèng pustaka | kang tyas rujit karêjête | lir antaka kawantu | mung wisesaning Yyang Kaèksi | kang nitah amêmatah | ing boga sawêgung | kang amurwa sifat purba | kang ambagi sagala isining bumi | nimpuna paripudya ||
01.002 kang asih mring rahsanya ngasihi | mangka manggala para dinuta | dipèng rat wuryaningrate | rêspati kang rinasul | warana ris nayakèng bumi | kunêng awit kawangwang | wêwangson winangun | rawining rat nusa Jawa | kinarsakkên dinawa supaya dadi | manfangat winasiyat ||
01.003 măngka pangèngêt amêmèngêti | wajib sajarahing tanah Arab | tuhu ing Jawa tan pae | pamilanging lêluwur | pan ing nguni kalimosadi | pusaka pinustaka | ing karsa Sang Prabu | Pakubuwana kaping pat | pinrih aja parbatan wit carita di | ayya nanggung rêkasa ||
01.004 ri kang nalika mrêtèng palupi | limalas Ngakhad Rabiyulawal | kanêm măngsa Lip warsane | Pon wuku Julungarum | margèng nata kaswarèng dasih |[1] parênging kang sêngkala | mugya Hyang Aruhur | marma martana nugraha | mawantua safangat Sang Murtèng Bumi | mring sang krêtartèng praja ||
01.005 purwaning wasita kang tiniti | sajarahing nata [2: na...ta] kina-kina | ing nusya Jawa babade | dhihin ingkang lêluhur | Nabi Adam aputra Êsis | Êsis putra Nur Cahya | Nur Cahya asunu | iya mangaran Nurrasa | Sang Nurrasa ya aputra Sang Hyang Wêning | aputra Sang Hyang Tunggal ||
01.006 Sang Hyang Tunggal Guru ya putrèki | Guru atmajanipun lêlima | Sang Hyang Sambo pambayune | Brama ingkang panggulu | Mahadewa panêngahnèki | Wisnu wuragilira | kang jumênêng ratu | jumênêng ing nusya Jawa | iya iku têtimbanganing agami | Islam nagara Mêkah ||
01.007 pamêkase anama Dewi Sri | Bathara Wisnu jumênêng nata | Prabu Sèt pilih sisihe | ana malih winuwus | ya nagara ing Gilingwêsi | ana jumênêng nata | ngaran Watugunung | sêmana ing nuswa Jawa | apan rinèh Prabu Sètmata kêkalih | samya digjayèng rana ||
01.008 ênêngakêna wau ginupit | kocapa Sang Hyang Pramoni Tunggal | ing Suralaya prajane | nênggih Bathara Guru | pan adarbe sêngkêran putri | ing Mêdhang yu utama | ri karsa Hyang Guru | ingunggahakên ing swarga | pan kinarya graha dening Hyang Pramoni | sira putri ing Mêdhang ||
01.009 nanging kala sêmana nrêpati | Bathara Wisnu lagya pêpara | amanggih dyah kênya anèm | warnanya tuhu ayu | angluwihi èstri sabumi | jêjuluk Ni Mbok [3: Mbo...k] Mêdhang | sang nata kapencut | amulat ing ni mbok rara | dyan punika pinundhut kinarya rabi | mring sang sri naranata ||
01.010 ri salaminya sri narapati | umadêg nata ing madyapada | dèrèng umulad lamine | ing dyah kang lwir sang arum | tuhu yyan dewaning dyah lêwih | ayunya tanpa sama | ing rika Hyang Guru | dahat rikang bramatyanya | mring atmaja rikang nama Wisnu nênggih | dènnya ngrisak sêngkrêran[2] ||
1 dari 277

 


Tanggal: Ngakhad (Ngahad) Pon limalas (15) Rabiyulawal (Mulud) Lip (Alip): margèng nata kaswarèng dasih (AJ 1715). Tanggal Masehi: Minggu 14 Desember 1788. (kembali)
sêngkêran. (kembali)