Tembang macapat

Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 73
1 dari 384
1–10 dari 3.833
1. Dhandhanggula
01.001 mêmanise tyas rêsêp migati | ing pangulah mring rèh kasarjanan | anêtêpi ing ugêre | jênêngirèng tumuwuh | sinung têngran budi mumpuni | dera Sang Amurwèngrat | ngumala sumunu | tumrap ing jagad lir surya | nyênyunari niskara sèsining bumi | kang nyata lan kang samar ||
01.002 minăngkaa kastawaning dasih | myang pracihnaning panglingga murda | têrus ing lair batine | marang lumèbèripun | sihirèng Hyang Kang Tanpa Têpi | marma kacèlu dahat | ing tyas amêmangun | wuryaning kanang carita | praja wutahing rah sinawung kêkawin | mahambêk widayaka ||
01.003 yèku witing karaton angalih | Kartasura maring Surakarta | Adiningrat pinangkane | turutaning pangapus | anukili ing sawarnining | pêpèngêtan kadhatyan | pamudyaning ulun | mêmalar sinamadana | barkahira sanggyaning para winasis | ingkang pratamèng sastra ||
01.004 purwakaning pawarti winardi | nurutakên Babad Kartasura | pinêthikan wose bae | jumênêngnya Sinuhun | Pakubana[1] kang kaping kalih | nèng nagri Kartasura | băndha tur abandhu | asugih pratiwa wadya | binathara [1: 4: bi...nathara] ing jagad anyakrawati | wibawa paribawa ||
01.005 tuhu ratu agung ambawani | ing bawana tlatah nuswa Jawa | tanpa petungan balane | pra santana nung-anung | aprakosa maring ajurit | samya sumungku suka | jroning tyas gumulung | andêrpati abipraya | pra kawula ing jro myang jabaning nagri | tan pae anggêpira ||
01.006 nadyan silih pra bala Kumpêni | kang rumêksa anèng Kartasura | datan pendah panganggêpe | lan wadyabala prabu | dene ingkang para radpêni | sampun lambang prasêtya | pawong sanak tuhu | salami lan sri narendra | marma arjèng praja anjrah ingkang janmi | murah sandhang lan boga ||
01.007 suprandene yèn sampun pinasthi | apêsipun jayaning narendra | tuhu lamun ngebatake | yèku duk praptanipun | parangmuka têmpuh ngajurit | kalawan băngsa Cina | nadyan wontênipun | kang satru kadi tan găndra | têka kêkês sagunging para bupati | sirna kamayanira ||
01.008 pra punggawa myang para prajurit | prawira nung andêling ranangga | lir kabuncang sudirane | karkate têlas murud | têka uwas giris amiris | mung nêdya ngungsi gêsang | nora lawan mungsuh | tan pae lan wadu jana | wus dilalah karsaning Kang Murbèng Bumi | bêdhahing Kartasura ||
01.009 sri narendra lolos [1: 5: lolo...s] saking nagri | têdhak dhatêng kitha Panaraga | sawusnya sirna mêngsahe | pinukul ing prang pupuh | kanthi bantu wadya Kumpêni | sigra jêng sri pamasa | kondur angadhatun | maring nagri Kartasura | nanging dahat risakipun kang nagari | tangèh măngga puliha ||
01.010 kondurira sawatara sasi | komisaris Kumpêni gya prapta | Hogopêr Isêl Idêlèr | măngka sariranipun | jêng gurnadur nagri Batawi | Gustap Wilêm Baron Pan | Inhop namanipun | amêmangun prajangjiyan | lan Sinuhun Pakubana kaping kalih | Narendra Kartasura ||
1 dari 384

 


Pakubwana (dan di tempat lain). (kembali)