Tembang macapat

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 220
1 dari 1.082
1–10 dari 10.813
1. Dhandhanggula[1]
1. Kartasura bêdhah, kraton ngalih dhatêng Sala
001.001 mêmanise tyas rêsêp migati | ing pangulah mring rèh kasarjanan | anêtêpi ing ugêre | jênêngirèng tumuwuh | sinung têngran budi mumpuni | dera sang amurwèngrat | ngumala sumunu | tumraping jagad lir surya | nyênyunari niskara sèsining bumi | kang nyata lan kang samar ||
001.002 minăngkaa kastawaning dasih | myang pracihnaning pangliga[2] murda | têrus ing lair batine | marang lumèbèripun | sihirèng Hyang kang tanpa têpi | marma kacèlu dahat | ing tyas amêmangun | wuryaning kanang carita | praja wutah ing rah sinawung kakawin | mahambêk widayaka ||
001.003 yèku adêging kraton kêkalih | Surakarta lan Ngayogyakarta | Adiningrat pinangkane | turutaning pangapus | anukili ing saananing | pêpèngêtan kadhatyan | pamudyaning ulun | mêmalar sinamadana | barkahira sanggyaning para winasis | ingkang pratamèng sastra ||
001.004 purwakaning pawarti winardi | nurutakên babad Kartasura | duk wiwit ing jumênênge | Kangjêng Ingkang Sinuhun | Pakubwana kang kaping kalih | nèng nagri Kartasura [1: 4: Kartasu...ra] | băndha tur abandhu | asugih pratiwa wadya | binathara ing jagad anyakrawati | wibawa paribawa ||
001.005 tuhu ratu agung ambawani | ing bawana tlatah nuswa Jawa | tanpa petungan balane | pra santana nung-anung | aprakosa maring ajurit | samya sumungku suka | jroning tyas gumulung | andêrpati abipraya | pra kawula ing jro myang jabaning nagri | tan pae anggêpira ||
001.006 nadyan silih pra bala Kumpêni | kang rumêksa wontên Kartasura | datan pendah panganggêpe | lan wadyabala prabu | dene ingkang para radpêni | sampun lambang prasêtya | pawong mitran tuhu | salami lan sri narendra | marma arjèng praja anjrah ingkang janmi | murah sandhang lan boga ||
001.007 suprandene yèn sampun pinasthi | apêsipun jayaning narendra | tuhu yèn angebatake | yèku duk praptanipun | parangmuka têmpuh ngajurit | kalawan băngsa Cina | nadyan wontênipun | ing satru kadi tan găndra | suprandene kêkês kang para bupati | sirna kamayanira ||
001.008 pra punggawa myang para prajurit | prawiranung andêling ranangga | lir kabuncang sudirane | karkate têlas murud | têka uwas giris amiris | mung nêdya ngungsi gêsang | nora lawan mungsuh | tan pae lan wadu jana | wus dilalah karsaning Kang Murbèng Bumi | rusaking Kartasura ||
001.009 kawarnaa kangjêng sri bupati | sasirnane wau mêngsah Cina | wus kondur malih ngadhaton | miwah wadyabalagung | pra [1: 5] santana mantri bupati | tanapi wong Walănda | wus samya umantuk | mring wismane sowang-sowang | nanging dahat risakipun kang nagari | tangèh măngga puliha ||
001.010 duk puniku pangagêng Kumpêni | kang rumêksa anèng Kartasura | Tuwan Baron Hogêndhorop[3] | pangkat kumêndhan mayur | tuhu wantêr maring ajurit | cukat cakêt ing karya | wasis anênuju | barang rèh karsa narendra | kala bêdhahipun Kartasura nagri | katon sih sungkêmira ||
1 dari 1.082

 


Titik awal: Babad Giyanti, Jilid 1 (Serie No. 1259). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1937, 79 hlm. Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W. (kembali)
panglingga. (kembali)
Joan Andrics Baron van Hohendorff (Residen Surakarta: 1741-Feb. 1748; Gubernur Pantai Timur Laut Jawa, Feb. 1748-Apr. 1754). Lihat: Ricklefs 2018, hlm. 372-3. (kembali)