Wedhatama, Padmasusastra, 1898, #158

Judul
Sambungan
1. Wedhatama, Padmasusastra, 1898, #158. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Wedhatama, Padmasusastra, 1898, #158. Kategori: Bahasa dan Budaya > Bacaan Huruf Jawa.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wedhatama

1. Pangkur

1. mingkar-mingkuring angkara | akarana karênan mardi siwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta pakartining ngèlmu ukur[1] | kang tumrap nèng tanah Jawa | agama agêming aji ||

2. jinêjêr nèng Wedhatama | mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi | mangka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa | yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun | samangsane pakumpulan | gonyak-ganyuk nglêlingsêmi ||

3. gugu karêpe priyangga | nora nganggo pêparah lamun angling |

--- 108 ---

lumuh ingaran balilu | ugêr guru alêman | nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu | sinamun ing samudana | sêsadon ingadu manis ||

4. si pêngung nora nglêgewa | sangsayarda dènira cêcariwis | ngandhar-andhar angandhukur | kandhane nora kaprah | saya elok alăngka-longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging ||

5. mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk | sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung | ugungan sadina-dina | aja mangkono wong urip ||

6. uripe sapisan rusak | nora mulur nalare ting saluwir | kadi ta guwa na[2] sirung | sinêrang ing maruta | gumarênggêng anggêrêng anggung gumrunggung | pindha padhane si mudha | prandene paksa kumaki ||

7. kikisane mung sapala | palayune ngandêlkên yayah wibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira [si...]

--- 109 ---

[...ra] sarawungan bae durung | mring tataning tata krama | gon-anggon agama sukci ||

8. socaning jiwangganira | jêr katara lamun pocapan pasthi | lumuh asor kudu unggul | sumungah sêsongaran | yèn mangkana kêna ingaran katungkul | karêm ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki ||

9. kêkêrane ngèlmu karang | kêkarangan saking bangsaning gaib | iku borèh paminipun | tan umasuk ring jasad | amung anèng sajabaning daging kulup | yèn kapêngkok păncabaya | ubayane balenjani ||

10. marma ing sabisa-bisa | bêbasane muriha tyas basuki | puruhitaa kang patut | lan taping angganira | ana uga anggê[3] ugêring kaprabun | abon-aboning panêmbah | kang kanggo ing siyang ratri ||

11. iku kaki takokêna | marang para sarjana kang martapi | mring tapaking têpa tulus | kuwawa nahên hawa | wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu |

--- 110 ---

tan pasthi nèng janma wrêdha | tuwin nèng janma taruni ||

12. sapantuk wahyuning Allah | gya dumilah mangolah ngèlmu bangkit | bangkat mikat rèh mangukut | kukutaning jiwangga | yèn mangkono kêna sinêbut wong sêpuh | liring sêpuh sêpi hawa | awas roroning atunggil ||

13. tan samar pamoring suksma | sinuksmaya winahya ing asêpi | sinimpên têlênging kalbu | pambukaning warana | tarlèn saking liyêp layaping aluyup | pindha pêsating supêna | sumusup ing rasa jati ||

14. sajatine kang mangkana | wus kakênan nugrahaning Hyang Widhi | bali alaming asuwung | tan karêm karamean | ingkang sipat wisesa-winisesa wus | mulih mula-mulanira | mulane wong anom sami ||

2. Sinom

1. nulada laku utama | tumrape ing tanah Jawi | wong agung ing Ngèksigănda | Panêmbahan Senapati | kapati amarsudi | sudaning hawa la[4] nêpsu | pinêsu tapa brata | tanapi ing sari

--- 111 ---

ratri | amêmangun karyenak tyasing sasama ||

2. samangsane pasamuwan | mêmangun marta martani | sinambi ing sabên măngsa | kala-kalaning asêpi | lêlana tèki-tèki | gayuh geyonganing kayun | kayungyun êninging tyas | sanityasa pinrihatin | puguh panggah cêgah dhahar lawan nendra ||

3. sabên nendra[5] saking wisma | lêlana laladan sêpi | ngingsêp sêpuhing sopana | mrih pana pranawèng kapti | tistising tyas marsudi | mardawaning budya tulus | mêsu rèh kasudarman | nèng têpining jalanidhi | sruning brata kataman wahyu dyatmika ||

4. wikan wêngkuning samudra | kèdêran wus dèn idêri | kinêmat kamoting driya | rinêgêm sagêgêm dadi | dumadya angratoni | nênggih Kangjêng Ratu Kidul | dêdêg gayuh gêgana | umara marak maripih | sor prabawa lan Wong Agung Ngèksigănda ||

5. dahat dènira aminta | sinupêkêt pangkat kanthi | jroning alam palimunan | ing pasaban sabên sêpi | sumanggêm [su...]

--- 112 ---

[...manggêm] anyanggêmi | ing karsa kang wus tinamtu | pamrihe mung aminta | supangate tèki-tèki | nora ketang têkên janggut suku jaja ||

6. prajanjine abipraya | saturun-turuning wuri | mangkono trahing awirya | yèn amaksih[6] mêsu budi | dumadya glis dumugi | iya ing sakarsanipun | Wong Agung Ngèksigănda | nugrahane praptèng mangkin | trah tumêrah darahe padha wibawa ||

7. ambawani tanah Jawa | kang padha jumênêng aji | satriya dibya sumbaga | tan lyan trahing senapati | pan iku pantês ugi | tinelad labêtanipun | ing sakuwasanira | enake lan jaman mangkin | sayêktine tan bisa ngêplêki kuna ||

8. lowung kalamun tinimbang | ngaurip tanpa prihatin | nanging ta ing jaman mangkya | pra mudha kang dèn karêmi | manelad nulad Nabi | nayakèng rat Gusti Rasul | anggung ginawe umbag | sabên seba mampir masjid | ngajap-ajap muhjijat tibaning

--- 113 ---

drajat ||

9. anggung anggubêl sarengat | saringane tan dèn wruhi | dalil dalaning ijêmak | kiyase nora mikani | katungkul-tungkul sami | bèngkrakan mring masjid agung | kalamun maca kutbah | lêlagone dhandhanggêndhis | swara arum ngumandhang cengkok palaran ||

10. lamun sira paksa nelad | tuladaning Kangjêng Nabi | o, gèr kadohan panjangkah | watêke tan bêtah kaki | rèhne ta sira Jawi | sathithik bae wus cukup | aja guru alêman | nelad kas ngêblêgi pêkih | lamun pêngkuh pangakah[7] yêkti karamat ||

11. nanging enak ngupaboga | rèhne ta tinitah langip | apa ta suwitèng nata | tani tanapi agrami | mangkono mungguh mami | padune wong dahat cubluk | durung wruh cara Arab | Jawane bae tan ngênting | parandene paripêksa mulang putra ||

12. saking duk maksih taruna | sadhela wus anglakoni | aberag marang [ma...]

--- 114 ---

[...rang] agama | maguru anggêring kangji[8] | sawadine tyas mami | bangêt wêdine ing besuk | pranatan ngakir jaman | tan tutug kasêlan ngabdi | nora kobêr sêmbahyang gya tinimbalan ||

13. marang ingkang asung pangan | yèn kasuwèn dèn dukani | abubrah bawur tyas ingwang | lir kiyamat sabên ari | bot Allah apa Gusti | tambuh-tambuh solah ingsun | lawas-lawas grahita | rèhne asuta priyayi | yèn mamriha dadi kaum têmah nistha ||

14. tuwin kêtib suragama | pan ingsun nora winaris | angur baya ngantêpana | pranatan wajibing urip | lampahan anglêluri | aluraning pra lêluhur | kuna-kumunanira | kongsi tumêkèng samangkin | kikisane tan lyan amung ngupaboga ||

15. bonggan kang amêrlokêna[9] | mungguh ugêring ngaurip | urupe lan tri prakara | wirya arta ti[10] winasis | kalamun kongsi sêpi | saka wilangan têtêlu | têlas tilasing janma | aji godhong jati aking | têmah papa

--- 115 ---

papariman ngulandara ||

16. kang wus waspada ing patrap | mangayut ayat winasis | wusana wosing jiwangga | mêlok tampa aling-aling | kang ngalingi kaliling | wênganing rasa tumlawung | kèksi saliring jaman | angalangut tanpa têpi | yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma ||

17. mangkono janma utama | tuman-tumanêm ing sêpi | ing sabên ri kala măngsa | mangsah amêmasuh budi | laire anêtêpi | ing rèh kasatriyanipun | susila anor raga | wignya mèt tyasing sêsami | yèku aran wong barèk berag agama ||

18. ing jaman mêngko pan nora | arahe para taruni | yèn antuk tuduh kang nyata | nora pisan dèn lakoni | banjur jujurkên kapti | kakèkne arsa winurug[11] | ngêndêlkên gurunira | pandhitaning praja sidik | tur wus manggon pamucunge mring makripat ||

3. Pocung

1. ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse

--- 116 ---

kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||

2. angkara gung nèng ăngga anggung gumulung | gêgolonganira | tri loka lêkêre kongsi | yèn dèn umbar ambabar dadi rubeda ||

3. beda lamun wus sêngsêm rèh i[12] asamun | sêmune ngaksama | sêsamane băngsa sisip | sarwa sarèh saking mardi martotama ||

4. taman limut durgamèng tyas kang wèh limput | kèrêm ring karamat | karana karoban ing sih | sihing Suksma ngrêda saardi gêngira ||

5. yèku patut tinula-tula[13] tinurut | sapituduhira | aja kaya jaman mangkin | kèh pra mudha mundhi dhiri rapal makna ||

6. durung pêcus kasusu kasêlak bêsus | amaknani rapal | kaya sayid wêton Mêsir | pêndhak-pêndhak angêndhak gunaning janma ||

7. kang kadyèku kalêbu wong ngaku-aku | akale alăngka | elok jamane[14] dèn mohi | paksa ngangkah langkah

--- 117 ---

mèt kawruh ing Mêkah ||

8. nora wêruh rosing rasa kang rinuruh | lumêkêting angga | anggêre padha marsudi | kana kene kahanane apa[15] beda ||

9. ugêr lugu dèn ta mrih pralêbdèng kalbu | yèn kabul kabuka | ing drajat kajating urip | kaya kang wus winahyèng sêkar sri nata ||

10. basa ngèlmu mupakate lan panêmu | pasahe lan tapa | yèn satriya tanah Jawi | kuna-kuna kang ginilut tri prakara ||

11. iya[16] lamun kelangan nora gêgêtun | trima yèn kataman | saksêrik samèng dumadi | tri lêgawa nalăngsa srahing bathara ||

12. bathara gung ingugêr graning jêjantung | jênêk Hyang Wisesa | sana pasênêtan sukci | nora kaya si mudha mudhar angkara ||

13. nora uwus karême anguwus-uwus | uwose tan ana | mung jangjine muring-muring | kaya buta butêng bêtah nganiaya ||

14. sakèh luput ing angga tansah linimput | linimpêting [li...]

--- 118 ---

[...nimpêting] sabda | narka tan ana udani | lumuh ala ardane ginawe gada ||

15. durung punjul ing kawruh kasêlak jujul | kasêsêlan ala[17] | cupêt kapêpêtan pamrih | tangèh nêdya anggambuh mring Hyang Wisesa ||

4. Gambuh

1. samêngko ingsun tutur | sêmbah catur supaya lumuntur | dhingin raga cipta jiwa rasa kaki | ing kono lamun kêtêmu | tăndha nugrahaning Manon ||

2. sêmbah raga puniku | pakartine wong amagang laku | sêsucine akarana saking warih | kang wus lumrah limang wêktu | wantu wataking wêwaton ||

3. ing nguni-uni durung | sinarawung wulang kang sinêrung | lagi iki băngsa kas mêtokkên anggit | mintokkên kawignyanipun | sarengate elok-elok ||

4. thithik kaya santri Dul | gajêg kadi santri brai kidul | saurute Pacitan pinggir pasisir | ewon wong kang padha gugu | anggêre padha nyalêmong ||

5. kasusu arsa wêruh |

--- 119 ---

cahyaning Hyang kinira yèn karuh | ngarêp-arêp kurub arsa dèn kurêbi | tan wêruh yèn urip iku | akale kaliru ênggon ||

6. yèn ta jaman karuhun | tata titi lumrah tumaruntun | băngsa srengat tan winor lan laku batin | dadi nora duwe bingung | kang padha nêmbah Hyang Manon ||

7. lire sarengat iku | kêna uga ingaranan laku | dhingin ajêg kapindhone atabêri | pakolihe putraningsun | nyênyêgêr badan mrih kaot ||

8. wong sêgêr badanipun | otot daging kulit bakung[18] sungsum | tumrahing rah mêmarah antênging ati | antênging ati nênungku | angruwat ruwêting batos ||

9. mangkono mungguh ingsun | ananging ta sarèhne asnapun | beda-beda panduk panduming dumadi | sayêktine nora jumbuh | tekad kang padha linakon ||

10. nanging ta paksa tutur | rèhning tuwa tuwase mung catur | bok lumuntur lantarane [lantar...]

--- 120 ---

[...ane] ring utami | sing sapa têmên tinêmu | nugraha gêming kaprabon ||

11. samêngko sêmbah kalbu | yèn lumintu uga dadi laku | laku agung kang kagungan narapati | patitis têtêping kawruh | muruhi[19] marang kang momong ||

12. sukcine tanpa banyu | amung nyênyuda ardaning kalbu | pambukaning tata titi ngati-ati | atêtêp talatèn atul | tuladan marang waspaos ||

13. mring jatining pandulu | panduking don dêdalan satuhu | lamun lugu lêgutaning rèh maligi | lagehane tumalawung | wênganing alam kinaot ||

14. yèn wus kambah kadyèku | sarat sarèh saniskarèng laku | kalakone saka ênêng êning eling | ilanging rasa tumlawung | kono adiling Hyang Manon ||

15. gagare ngugar[20] kayun | tan kayungyun mring ayuning kayun | băngsa anggit yèn ginigit nora dadi | marma dèn awas dèn emut | mring pamurunging lêlakon ||

16. samêngko [samêng...]

--- 121 ---

[...ko] kang tinutur | sêmbah katri kang sayêkti katur | mring Hyang Suksma suksmanên saari-ari | arahên diduk[21] kacakup | sêmbahing jiwa sutèngong ||

17. sayêkti luwih pêrlu | ingaranan pêpuntoning laku | kalakuwan kang tumrap bangsaning batin | sukcine lan awas emut | mring alaming lama amot ||

18. ruktine ngangkah ngukut | ngikêt ngrukêt tri loka kakukut | jagad agung ginulung lan jagad cilik | dèn kandêl-kumandêl kulup | lan kilaping ngalam kono ||

19. kêlême mawa limut | kalamatan jroning ngalam kanyut | sanyatane iku kanyataan kaki | sajatine yèn tan emut | sayêkti tan bisa amor ||

20. pamète saka luyut | sarwa sarèh saliring panganyut | lamun yitna kayitnan kang miyatani | tarlèn mung pribadinipun | kang katon tinonton kono ||

21. nging aywa salah surup | kono ana sajatining urup | yèku urup [u...]

--- 122 ---

[...rup] pangarêp uriping budi | sumirat sêrat narawung | kadya kartika katongton ||

22. yèku wênganing kalbu | kabuka ta kang wêngku-winêngku | wêwêngkone wus kawêngku nèng sirèki | nging sira uga winêngku | mring kang pindha kartika byor ||

23. samêngko ingsun tutur | gantya sêmbah ingkang kaping catur | sêmbah rasa karasa rosing dumadi | dadine wus tanpa tuduh | mung kalawan kasing batos ||

24. kalamun durung lugu | aja pisan wani ngaku-aku | antuk siku kang mangkono iku kaki | kêna uga wênang muluk | kalamun wus padha mêlok ||

25. mêloke ujar iku | yèn wus ilang sumêlanging kalbu | amung kandêl-kumandêl ngandêl ing takdir | iku dèn awas dèn emut | dèn mêmêt yèn arsa momot ||

 


luhung. (kembali)
kang. (kembali)
anggêr. (kembali)
lan. (kembali)
mendra. (kembali)
amasah. (kembali)
pangangkah. (kembali)
kaji. (kembali)
tan mêrlokêna. (kembali)
10 tri. (kembali)
11 winuruk. (kembali)
12 ing. (kembali)
13 tinulad-tulad. (kembali)
14 Jawane. (kembali)
15 ora. (kembali)
16 lila. (kembali)
17 hawa. (kembali)
18 balung. (kembali)
19 mêruhi. (kembali)
20 ngunggar. (kembali)
21 dipun. (kembali)