Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20)

Judul
Sambungan
1. Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
2. Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 21–28). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
Citra
Terakhir diubah: 13-05-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 1 dari 33

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Ăngka: 20 + 21. Wulan Mèi 1939.

Pawarti Surakarta

Manawi mundhut kakintunan Pawarti Surakarta, cêkap mundhut lêngganan Kabar Paprentahan, bayaranipun f 1.20 ing dalêm 6 wulan. Lêngganan kapetang wiwit Januari utawi Juli.

Pawarti Surakarta punika kawêdalakên sabên wêdalipun Kabar

Paprentahan, inggih punika kaping 1 sarta 15 wulan Walandi.

Mahargya Jumênêngan Dalêm Nata.

Nalika dintên Rêbo Lêgi kaping 7 Mulud kapêngkêr punika, sampun kalampahan kagêm jumênêngan dalêm nata, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping XI. Sadèrèngipun mawi kajumênêngakên rumiyin Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra ing Mataram, kados ingkang ugi kacêtha ing gambar ing pawarti punika. Nunggil ing dintên wau kaparêng dalêm anjumênêngakên pramèswari dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana. Pêkên malêm ingkang sakawit amung minăngka pèngêtan anggèning karaton dalêm sampun têtêp 200 taun, ing suwau awit saking surud dalêm suwarga kaping X raosipun radi cêmplang, ing wusana sagêd angsal wêwahing tuju enggal, ngiras pambiwadha jumênêngan dalêm nata enggal. Kataman dêrênging raos umum, dados pahargyan agêng-agêngan. Amila ugi kalêbêtakên ing pawarti ingkang mêdal punika.

Pawarti Surakarta angunjukakên pêpuji kasugêngan dalêm sagarwa putra, wêdalipun punika minăngka pambiwadha utawi pahargyan jumênêngan dalêm, mugi Gusti Ingkang Murbèng Alam angudanèni sadaya osiking panggalih dalêm ingkang sinuhun, ingkang kadhawuhakên nalika jumênêng dalêm, kajawèkakên saha kapacak ing pawarti punika. Dhawuh pangandika dalêm: dhampar palênggahan dalêm punika botên anêbih saha pisah akalihan para wadu wandawa tuwin kawula dalêm, nanging jumênêng ing têngah-têngahipun. Saha malih kaparêng dalêm badhe ngajêngakên nagari dalêm saisinipun sadaya, inggih kamajêngan lair saha kamajêngan batos. Lair punika ing bab panggêsangan tuwin sandhang têdha, saening tatanan, margi-margi, saening oncoran sapiturutipun. Dene kamajêngan batos, inggih punika indhaking kapintêran, alus lan luhuring bêbudèn, kagunan, kawruh lan kasusastran. Punika sadaya pantês cinandhi. Mugi sagêda kasêmbadan sadaya ancasing panggalih dalêm, dados baku paugêran lampahing kaprajan ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Wa.

--- 4 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 2 dari 33
Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, nalika taksih timur, yuswa dalêm sawêg 12 taun, asma dalêm, Bandara Radèn Mas Anantasena

--- 5 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 3 dari 33
Sisih têngên ingkang nginggil, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sabakdaning jumênêng nata, lênggah palênggahan dalêm dhampar ingkang kaprênahakên ing bale bukasri ing sasana sewaka. Ananging dèrèng angrasuk agêm dalêm kaprabon
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 4 dari 33
Ngandhap: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, wêkdal sawêg kajumênêngakên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram VI

--- 6 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 5 dari 33
Ing kaca 6 nginggil kiwa: badhe têdhak dalêm kirap, tindak dalêm wontên ing palataran karaton, sakalihan Kangjêng Tuwan Guprênur K.J.A. Orie. Ingkang katingal ing sisih kiwa, bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 6 dari 33
Ing kaca 6 nginggil têngên: tindak dalêm sampun mêdal saking kori kamandhungan, ingkang anjajari lampah, ingkang kacêtha punika para bandara kangjêng pangeran
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 7 dari 33
Têngah, ampilan upacara kaprabon nata
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 8 dari 33
Ngandhap, upyêking badhe lampahipun abdi dalêm golongan jawi anggèning tata badhe anjajari têdhak dalêm kirap, punika kawontênan ing alun-alun, pêpatih dalêm Kanjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara, wêkdal sawêg badhe nitih motor

--- 7 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 9 dari 33
Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sasampunipun angrasuk agêm dalêm kaprabon nata, miyos sinewaka ing bangsal manguntur tangkil, badhe têdhak dalêm kirap
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 10 dari 33
Gambar ngandhap punika saperangan jajaraning lampah golongan abdi dalêm jawi

--- 8 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 11 dari 33
Nginggil: têdhak dalêm kirap, nitih titihan dalêm kareta kaprabon kyai garudha kancana, apanarik rakitan kapal wêdalan Ostrali cacah wolu: wêkdal punika têdhak dalêm dumugi ing margi Rêksanitèn
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 12 dari 33
Têngah: jajaraning lampah golonganipun abdi dalêm prajurit golongan lêbêt
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 13 dari 33
Ngandhap: jajaraning lampah golonganipun abdi dalêm prajurit golongan jawi

--- 9 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 14 dari 33
Nginggil: kangjêng tuwan guprênur malêbêt ing karaton, kapêthukakên ing pêpatih dalêm
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 15 dari 33
Têngah: pêthi isi kontrak prajanjian dalêm enggal kalihan kangjêng guprêmèn
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 16 dari 33
Ngandhap: pisowanipun para prayagung saha para tuwan-tuwan malêbêt ing karaton, nêmbe wontên ing undhak-undhakaning sitinggil iring kidul

--- 10 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 17 dari 33
Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, wêkdal têdhak dalêm kirap
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 18.1 dari 33
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 18.2 dari 33
Untabipun para kawula dalêm sarta sanès-sanèsipun ing samargi-margi jêjêl uyêl-uyêlan, anggèning sami ningali têdhak dalêm kirap, ing têngah iring têngên punika, saperangan ing alun-alun ingkang sami ningali
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 19 dari 33
Têngah iring kiwa, pakurmataning kănca kampung, krun ing kampung Danukusuman, kadamêl saking dêling rinêngga-rêngga tampah saha caping, katingal angrêsêpakên

--- 11 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 20 dari 33
Litnan kolonèl twèdhê komandhaning abdi dalêm prajurit, Kangjêng Pangeran Arya Cakrakusuma ingkang kacêtha nindhihi jajaran abdi dalêm prajurit golongan lêbêt ing nginggil punika

Ing kaca iring kiwa, gambar ngandhap: jajaran ampilan.

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 21 dari 33
Ing ngandhap punika: para nyonyah-nyonyah ingkang sami ningali tata ngadating karaton, jumênêngan nata. Saha para putri dalêm ingkang sami among tamu

--- 12 ---

Pangandika Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun.

Kala pasamuan jumênêngan ing dintên Rêbo tanggal kaping 7 wulan Mulud taun Je 1870, utawi kaping 26 April 1939, wontên wiyosipun pangandika dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, tumuju ingkang bapa kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta kalayan têmbung Walandi, ingkang pêrtalanipun ing têmbung Jawi kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Saking papan palênggahan kula ngriki ingkang wontên rahmatipun sarta sampun wiwit makina-kina kagêm lênggah sinewaka para nata, kanthi upacaraning kaprabon ingkang adatipun dados ampilanipun para nata lêluhur kula, panjênêngan kula parlu amêdhar pangandika ingkang kawitan dhumatêng bapa kangjêng tuwan guprênur sarta sumrambaha dhatêng sadaya ingkang sami wontên ing ngriki:

Saking sihipun kangjêng guprêmèn ing Indiya Nèdêrlan, panjênêngan kula kaangkat jumênêng nata anggêntosi kangjêng rama ingkang sampun suwarga kalayan lampah-lampah miturut tata ngadatipun karaton kula kados kalawau punika. Ingkang makatên wau nelakakên agêng pitadosipun kangjêng guprêmèn dhumatêng panjênêngan kula, inggih punika kaparêng anêtêpakên panjênêngan kula angasta pusaranipun nagari Surakarta. Ingkang punika bapa, panjênêngan kula badhe angangkah anggèn kula kapitados kangjêng guprêmèn wau sampun ngantos anguciwani.

Mênggah kuwajiban ingkang dipun bêbahakên panjênêngan kula, punika awratipun timbang kalihan kaluhuran kula. Sapintên agêng sarta wigatosing têtanggêlan kula, panjênêngan kula sampun anguningani sayêktos, sarta saking pangajêng-ajêng kula murih sagêd anyuda awrating padamêlan kula ing măngsa kawitan ingkang rêkaos punika, panjênêngan kula badhe nelad prayogining panindak sarta luhuring panggalihipun kangjêng rama ingkang sampun suwarga. Panjênêngan kula botên sêmang-sêmang bilih kathah sangêt èwêd pakèwêd ingkang badhe kula lampahi, ananging èwêd pakèwêd wau kenging dipun ihtiyari, sanès èwêd pakèwêd ingkang kêdah dipun singkiri.

Kawontênan ingkang nêmbe kapêngkêr, punika parlu kula pangandikakên wontên ing ngriki, inggih punika salêbêtipun kangjêng rama gêrah sarta wiwit dintên surudipun dumugi ing samangke, para putra santana sarta abdi kula wiwit pangkat ingkang inggil piyambak dumugi pangkat ingkang andhap piyambak, sami rumagang ing damêl langkung saking padatanipun, anggènipun nyambutdamêl utawi caos kathah ingkang ngêblêng ngantos sadintên sadalu, ingkang sami tugur katingal tumêmên sangêt sarta anêtêpi anelakakên bilih sadaya wau sami sêtya tuhu sarta trêsna dhumatêng karaton kula punapadene kangjêng rama ingkang sampun suwarga. Mênggah ingkang makatên wau andadosakên suka pirênaning panggalih kula amila panjênêngan kula sata[1] para waris sadaya paring tarima kasih.

Awit saking kamajênganipun jaman, panjênêngan kula sarta sanès-sanèsipun botên kenging amung kèndêl kemawon, langkung malih manawi ngèngêti parlunipun praja tuwin kawula ingkang kamajênganipun sami rikatipun kalihan indhaking kabêtahan sarta panêdhanipun jaman ing samangke punika. Inggih punika ingkang lajêng [la...]

--- 13 ---

[...jêng] dados ancêr-ancêr badhe lampahing pangasta kula paprentahan.

Anggèn kula jumênêng nata, punika botên pisan mingklik-mingklik nêbih saking dununging kawula kula, sarta botên badhe linggang saking dayanipun ngakathah, ananging kaparênging karsa kula inggih badhe nunggil wontên ing ngriku. Panjênêngan kula badhe sarta kêdah sagêd sêsambêtan kalihan sadhengah, punapadene anggalih kabêtahan tuwin anguningani sadaya parlu-parlunipun kawula kula. Panjênêngan kula badhe tansah anggalih tuwin nênuntun, kanthi sabar tuwin talatos, sawarnining bab ingkang sagêd anjunjung darajatipun kawula kula, sarta kalampahaning sêdya wau badhe lajêng kula gêgulang ingkang sayêktos.

Panjênêngan kula badhe anindakakên kuwajiban kula kalayan santosaning panggalih murih sagêd angayomi tuwin mikantuki dhumatêng kawula kula. Pangudi wau badhe kula rungkêbi yêktos, kalayan botên ngetang angèling lêlampahan.

Mênggah kawontênanipun kagungan kula karaton Surakarta Adiningrat, punika kathah ingkang parlu dipun dandosi. Kados ing ngandhap punika:

Ing salêbêtipun măngsa rêkaos kawontênanipun margi-margi sarta krêtêg ing bawahipun karaton kula sami karisakan sangêt jalaran kêkirangan waragad, kajawi punika kathah yêyasan ingkang parlu-parlu tumrap lampahing ngakathah sami kasarèhakên jalaran kêkirangan waragad wau, andadosakên kirang prayogi tumrap kabêtahaning agêsang ing panggèn-panggenan ingkang sami gêgayutan, jalaran ingkang makatên wau angalang-alangi dhumatêng lampahing ngakathah. Sarèhning anggènipun nyarèhakên yêyasan kasêbut nginggil ngantos taunan, sampun tamtu kemawon botên sagêd tumuntên kalampahan anggènipun andandosi karisakan-karisakan wau, ewasamantên inggih badhe kaangkah sagêdipun tumuntên kalêksanan sadaya. Manawi yêyasan sapanunggilanipun punika katindakakên, ugi badhe sagêd anyuda kathahipun ingkang sami nganggur botên angsal padamêlan.

Mênggah ringkihing panggêsanganipun kawula kula, punika ugi sangêt andadosakên panggalihan kula, sarta badhe kaudi murih santosanipun, kanthi panyêgahing sasagêd-sagêd dhumatêng kasangsaran, kasangsaran banjir ing panggèn-panggenan ingkang andhap sangêt, angiyasani tanggul-tanggul sarta ambudi murih prayoganing lampahipun toya lèpèn. Punapadene ambudidaya kalayan sayêktos murih prayogi lampahipun têtanèn, dêdagangan sarta pakaryan.

Pamulangan sarta kasarasan ingkang sami kalêbêt kabêtahanipun praja ingkang langkung wigatos, punika ugi badhe kaangkah sagêdipun mindhak prayogi miturut kêkiyatanipun kagungan kula arta nagari. Awit saking punika kagungan kula griya sakit, panti roga ing Kadipala badhe kareka kados caranipun griya sakit tatanan sapunika murih saya sagêd anyampêti kabêtahanipun kawula kula.

Makatên ugi kawontênanipun pakampungan, punika tansah dados panggalihan kula.

Anggènipun nagari kula maringi pitulungan têdha dhumatêng randhanipun abdi kula, punika taksih wontên kêkiranganipun, jalaran ingkang dipun paringi wau sawêg randhanipun abdi kula bupati anèm minggah. Samangke badhe kaangkah sagêdipun angêdêgakên băndha pènsiyun kados kagunganipun kangjêng guprêmèn tumrap randhanipun abdi kula sadaya botên mawi kabeda-beda [kabeda-...]

--- 14 ---

[...beda] miturut pangkatipun, makatên malih balanjanipun abdi kula ugi parlu katata malih ingkang prayogi awêwaton ngadil tuwin lêrês.

Panjênêngan kula parlu ngèngêtakên, bilih salêbêtipun măngsa rêkaos kagungan kula kas karaton sabên taun anguruni arta ingkang botên sakêdhik kangge parlunipun nagari kula, ingkang anjalari sudaning balanjanipun putra santana kula sarta abdi kula ingkang sami nyambutdamêl parlunipun kadhaton.

Panjênêngan kula badhe andhawuhakên niti pariksa punapa sagêd angwontênakên burgêrlêkê sêtan, salajêngipun ugi kaparêng anyuda solan-salining nama.

Bab panyêpêngipun kadhaton, tata cara sarta anggêr-anggêranipun karaton ingkang botên kawrat ing sêrat, punika pundi ingkang botên wontên pakèwêdipun sarta botên cêngkah kalihan raos ngriki, badhe sagêd katata saprayoginipun, kathah sangêt kawontênan ingkang sampun wiwit kina makina lastari ngantos dumugi sapunika, sadaya wau parlu dipun pêpêtri sarta dipun ajèni, wondene panganggènipun kêdah miturut jaman, ing salêbêting baluwarti punika kathah barang-barang kagunan sae-sae ingkang ajinipun kathah ingkang botên sakêdhik, barang-barang wau parlu dipun pilihi sarta katata ingkang prayogi kangge angagêngakên kagungan kula museum.

Kagunan Jawi kina inggih punika gamêlan, jogèd, ringgit, yêyasan griya sarta pandhe, tukang kulit tuwin sanès-sanèsipun, punika ugi parlu dipun pêpêtri sarta dipun udi kamajênganipun, murih kalêksananipun sêdya ingkang prayogi wau, tamtunipun kêdah ngwontênakên pamulangan rumiyin ingkang waragadipun botên parlu kathah-kathah, wondene gurunipun ngupados tukang ingkang sae, tuwin tiyang ingkang ahli.

Manawi wontên waragadipun, supados sagêd prayogi sêsambêtanipun kalihan măncanagari, punika parlu ngwontênakên sèndhêr radhio panampi tuwin kangge angnyiarakên. Sarta ugi kantor ingkang kuwajiban suka sêsuluh tuwin katrangan dhatêng sêrat-sêrat kabar.

Bapa Kangjêng Tuwan Guprênur mratelakakên, samăngsa wontên èwêd pakèwêd sadhengaha nalar utawi wujudipun, panjênêngan kula sagêd nyuwun pitulunganipun kangjêng guprêmèn ing Indiya Nèdêrlan sarta wêwakilipun. Bapa anêdahakên dhumatêng panjênêngan kula para porampara[2] sarta sanèsipun ingkang sami purun ambiyantu sarta ngêtog kêkiyatanipun murih widadanipun padamêlan kula, kaindhakan sarta kamajênganipun kawula kula ingatasing kawruh sarta inggiling bêbudèn sapanunggilanipun tuwin panggêsangan. Panjênêngan kula pancèn anguningani, bilih sagêdipun kalampahan sêdya wau amung manawi panjênêngan kula sêsarêngan nyambutdamêl kalihan bapa tuwin sanès-sanèsipun ingkang sami badhe ambiyantu murih kalampahanipun sêdya punika.

Mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa paring pitulungan tuwin rahmat, anggèn kula jumênêng nata sagêd anêtêpi kados karsaning Allah sarta mikantuki dhumatêng praja tuwin kawula kula.

Ingkang punika bapa, kula angajêng-ajêng pitulunganipun bapa angaturakên gênging panuwun kula katur kangjêng guprêmèn ing Indiya Nèdêrlan, anggènipun sampun maringi kapitadosan dhumatêng panjênêngan kula, sarta panjênêngan kula ugi suka panarimah dhumatêng bapa anggènipun bapa anglairakên pamuji karaharjan tumrap panjênêngan kula.

--- 15 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 22 dari 33
Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan lênggah ing dhampar sinewaka ing bangsal manguntur tangkil, ing pêngkêran dalêm, ingkang nama bangsal witana

Jumênêng Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang Kaping XI.

Sawatawis wulan ingkang kapêngkêr praja dalêm Surakarta kataman ing pêpêtêng, inggih punika: I. saking daya prabawanipun gêrah dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubawana ingkang kaping X, ingkang anjalari dumugi ing surud, nalika dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 1 Sura Je 1870. Utawi kaping 20 Pèbruari 1939. II. awit saking sasurud dalêm dèrèng wontên ingkang kajumênêngakên pangeran adipati anom, ingkang lajêng anjalari pitakènaning dalêm batosipun para kawula dalêm, sintên baya ingkang badhe kajumênêngakên sumilih kaprabon nata. Sawatawis dintên sarêng sampun wontên pawartos ingkang gumathok, saking kaparêngipun kangjêng guprêmèn ingkang badhe kajumênêngakên sumilih kaprabon, Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi jumênêng Pakubuwana kaping XI, kawontênanipun praja dalêm Surakarta katingal sumilak padhang malih, giyaking para kawula wangsul kados wingi uni. Mratandhani sampun anocogi ingkang dados panujuning manahipun.

Kawontênan ingkang kados makatên punika nelakakên bilih praja kalihan panjênêngan dalêm nata punika asalira satunggal.

Ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 7 Mulud Je 1870, utawi kaping 26 April 1939, punika dintên sumilihing kaprabon, Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi kajumênêngakên dados pangeran adipati anom, lajêng asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping VI, sabakdanipun kajumênêngakên pangeran adipati anom, tumuntên kajumênêngakên nata ing Surakarta

--- 16 ---

Adiningrat, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping XI.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang nêmbe jumênêng punika, putra dalêm suwarga Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana, ingkang ăngka 4 miyos saking priyantun dalêm, Radèn Ayu Mandayarêtna, ingkang rumiyinipun asma: Radèn Ajêng Siti Supiyah.

Lêluhur dalêm saking ibu: Radèn Ayu Mandayarêtna punika putranipun Radèn Mas Panji Sumataruna, wayah Bandara Radèn Mas Arya Kusumawinata, buyut Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi I, canggah dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping III.

Saking pancêr kakung: sampeyan dalêm kaping X putra kaping IX, wayah kaping VI, buyut kaping V, canggah kaping IV warèng kaping III.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang nêmbe jumênêng punika, ing nalika timur asmanipun wontên tiga:

1. Bandara Radèn Mas Anantasena,
2. Bandara Radèn Mas Subêna,
3. Bandara Radèn Mas Kusniya.

Asma kêkalih ingkang nginggil saking paring dalêm ingkang eyang Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping IX, asma ăngka 3, paring dalêm ingkang rama Sampeyan Dal[3] Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan ingka[4] kaping X.

Wiyos dalêm ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 25 Rabingulakir Dal 1815, utawi kaping 1 Pèbruari 1886, wiyos dalêm nalika rama dalêm taksih jumênêng pangeran adipati anom.

Miturut petangan taun Jawi yuswa dalêm sampun 55 taun, miturut petangan taun Walandi 53 taun.

Krama dalêm ingkang sapisan kalihan Radèn Ajêng Kusmaryati, ingkang lajêng asma Radèn Ayu Angabèi, putranipun putri Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kaping IV, pêpatih dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX tuwin kaping X, patutan saking garwa Bandara Radèn Ayu. Bandara Radèn Ayu Sasradiningrat, punika sadhèrèk dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana. Radèn Ayu Angabèi punika seda sampun apêputra 5. Putra 5 wau seda 1.

Krama ingkang kaping kalih kalihan Radèn Ajêng Kus Sapariyah, ingkang lajêng asma Radèn Ayu Angabèi, inggih ingkang sapunika sampun kajumênêngakên asma Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana. Putranipun Kangjêng Radèn Mas Arya Puspadiningrat, patutan saking garwa Radèn Ayu, ingkang suwaunipun asma Radèn Ajêng Kus Maryanah, putranipun Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV.

Urut-urutanipun putra dalêm sadaya: 1. Bandara Radèn Mas Saliman, dados riya nginggil, asma [a...]

--- 17 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 23 dari 33
Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sakalihan pramèswari dalêm, nalika dèrèng jumênêng nata, wêkdal badhe pindhah dhatêng karaton

[...sma] Bandara Radèn Mas Arya Murdaningrat, 2. Bandara Radèn Ajêng Saparintên, krama angsal Radèn Mas Arya Mistêr Kartadipura, (putranipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda), 3. Bandara Radèn Ajêng Samsiyanah, krama angsal Radèn Mas Tumênggung Căndradipura, 4. Bandara Radèn Ajêng Kus Saparintên, krama angsal Mr. Radèn Mas Jaka Marsaid, ambtenaar Nijverheids ing Surabaya, lajêng kadadosakên sèkrêtaris dalêm ingkang sinuhun, 5. Bandara Radèn Mas Arya Sujanapura, dados abdi dalêm bupati anom kadipatèn anom, 6. Bandara Radèn Ajêng Suprapti, krama angsal Bandara Radèn Mas Suryasutikna, sadhèrèk dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, ing Ngayogyakarta, 7. Bandara Radèn Mas Suryalêlana, mahasiswa pamulangan luhur ing Leiden, 8. Bandara Radèn Mas Suryadarmaja, dados abdi dalêm mantri urdênas, asma: Bandara Radèn Mas Ngabèi Atmasewaya, 9. Bandara Radèn Mas Suryasuksara, murid H.B.S. ing Bandhung, 10. Bandara Radèn Mas Suryaguritna, murid E.L.S. 11. Bandara Radèn Ajêng Kus Pardiyah, murid pamardi putri. Ăngka 10 sarta 11, miyos saking Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana sapunika.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping XI punika timuripun sinau ing pamulangan E.L.S. sarêng sampun jumênêng pangeran anggèning anjêmbarakên kawruh lajêng sinau wontên ing dalêm, saha lajêng kawajiban ing padamêlan warni-warni ingkang gêgayutan kalihan karaton.

Sampun têdhak dhatêng nagari Walandi kaping kalih, têdhak dalêm nalika ing taun 1912 sarta 1938. Sampun nate jumênêng pangayoman pakêmpalan Sarekat Islam, pangarsa Budi Utama, Narpawandawa, Garapbon tuwin sanès-sanèsipun.

Kajawi punika pramèswari dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana punika, pasinaonipun wêdalan pamulangan E.L.S. Salajêngipun angsal pangajaran têngahan, saha angsal partisara kasagêdan panyêpêngipun bale griya.

Sajumênêng dalêm punika mugi-mugi anjalari saya majênging praja dalêm Surakarta, raharja sapanginggilipun.

__________

--- 18 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 24 dari 33
Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sakalihan pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, wêkdal mariksani pêkên dalu, pinuju kaparêng lênggah ing bangsal patalon, ingkang wêkdal punika kangge mitontonakên têtandhingan gambar potrèt, saha gambar corèk

__________

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 25 dari 33
Para komitenipun pêkên dalu

--- 19 ---

Rawuhipun para ingkang sami angèstrèni pambikakan pêkên dalu:

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 26 dari 33
Nginggil kiwa: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, sakalihan Kangjêng Ratu Timur
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 27 dari 33
Nginggil têngên: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun sakalihan pramèswari dalêm, wêkdal dèrèng jumênêng nata
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 28 dari 33
Têngah kiwa: pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Adipati Jayanagara, sakalihan Bandara Radèn Ayu
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 29 dari 33
Têngah têngen: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, dalah ingkang ibu Bandara Radèn Ayu Adipati Pakualam
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 30 dari 33
Ngandhap: Kangjêng Tuwan Guprênur K. J. A. Orie mêdhar sabda ing pambikakan pêkên dalu

--- 20 ---

Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 31.1 dari 33
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 31.2 dari 33
Bikakan pêkên dalu, para agêng kathah ingkang sami angèstrèni, ingkang kacêtha ing gambar nginggil kiwa, marinê kumêndhan tuwin kolonèl van der Sande Lacoste wêkdal manggihi sampeyan dalêm ingkang sinuhun nalika dèrèng jumênêng nata, tuwin Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya. Gambar sisihipun kangjêng tuwan guprênur wêkdal mêdhar sabda.
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 32 dari 33
Têngah: Tuwan Kolonèl Overakker amanggihi Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, nalika dèrèng kajumênêngakên ratu
Pawarti Surakarta, Anonim, 1939, #362 (Hlm. 01–20): Citra 33 dari 33
Gambar ngandhap sisih kiwa punika Kangjêng Tuwan Guprênur K. J. A. Orie ngandikan kalihan pangarsaning komite pêkên dalu, ingkang wontên ing sisih têngên piyambak, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Mr. Jayakusuma

--- 21 ---

 


saha. (kembali)
parampara. (kembali)
Dalêm. (kembali)
ingkang. (kembali)