Warayagnya, Pigeaud, 1953, #1388

Judul
Sambungan
1. Warayagnya, Pigeaud, 1953, #1388. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Warayagnya, Pigeaud, 1953, #1388. Kategori: Bahasa dan Budaya > Bacaan Huruf Jawa.
Citra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Dhandhanggula

1 wrygVwed/ri=plupi, pinnFrmcptS/kr, ai=nlikpnit][n, se[nnPi=klihliku/, ssisbnDesQ[bw/si, s=klvtu/sLir, mumul=m]i=sunu, j_gusTipz]nFipt-, a/y8]bu8=]wfnk=am/ni, winhym]i=p]put].
1 warayagnya wêdharing palupi | pinandara macapat sarkara | ing nalika panitrane | Sênèn ping kalih likur | sasi Saban Dhêstha Be warsi | sangkala nyatur slira | mêmulang mring sunu | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Prabu Prangwadana kang amarni | winahya mring pra putra ||
2 kku=put]iai=[rhplk]mi, sumwnk=smijjk, tnW|nTe[mBpik]m[n, m/mtin[l=-wuwus\ wsit[nm_kup[ws`iÒ, yWfu[mh[y[nW=op]iy, mi[ssanDku, m]i=f/[bkKi[r=w[nof-, plk]mnl/lnÑ|kumK=ffi, [ynTi=glTemhnisQ.
2 kakung putri ing rèh palakrami | sumawana kang sami jêjaka | tan wun têmbe pikramane | marma tinalyèng wuwus | wasitane mêngku pawèstri | ywa dumèh yèn wong priya | misesa andhaku | mring darbèkirèng wanodya | palakrama nalar lan kukum kang dadi | yèn tinggal têmah nistha ||
3 wu/yni=[rhp]iyk=rumiyin\ lmunH/sazupyg/w, [fnPtitisPmilih[a, ayWkse[s=kyun\ [bokMnwkefuwu=wuri, ybene/[y[nW=oln=, wen=fu[wkKipun\ rbiypi=ptSfin, kenaugwurukKx[pPp]ibfi, nzi=ttnM=kn.
3 wuryaning rèh priya kang rumiyin | lamun arsa angupaya garwa | dèn patitis pamilihe | aywa kasêsèng kayun | bokmanawa kêduwung wuri | ya bênêr yèn wong lanang | wênang duwèkipun | rabia ping pat sadina | kêna uga wuruk karêpe pribadi | nanging ta tan mangkana ||
4 ffi[aoranalbecik\ zil=zkenHisTiy/ri=ges=, [ynZrhap[tk[fF, anFru=kfluru=, [zlM|sr[kFn[HorkHrik\ buw=ajini=bfn\ lumuh[rhrayu, tu/aupmkl[konN, ks=srkfuwu=[zaneknNi, mzLhnunutuhf]iy.
4 dadi ora ana ala bêcik | ngilangakên istiyaring gêsang | yèn ngarah apa tekade | andarung kadalurung | ngèlmu sarak dèn orak-arik | buwang ajining badan | lumuh rèh rahayu | tur upama kalakona | kasangsara kaduwunge anêkani | manglah nênutuh driya ||
5 ajznTim=[ko[notkki, becikHpcincfSsm, [w=ogenDkKlkuw[nN, spk=fu[wsunu, w[fonH[whsirr[bni, kirku[nornn, kejbkebutuh, alrin[bn[nKoj, beci[kB=oswitTnF|[wputuaevCik\ mu=aikucipTnir.
5 aja nganti mangkono ta kaki | bêcik apa cinacad sêsama | wong gêndhak kalakuane | sapa kang duwe sunu | wadon awèh sira rabèni | kiraku nora nana | kêjaba kêbutuh | ala rinabenan koja | bêcik băngsa wit tan duwe putu êncik | mung iku ciptanira ||
6 kw(hankfuwu=zi=zti, jlr[nNmu=pt=p]kr, [w=oa[nomFfib]t[n, dizin\m-tW/nayu, kpi=pi[nDo[mli[kW=osugih, kpi=t]ikwibwn\ lnKpi=ptTipun\ kensmB=srwu=zn\ [ro[kokKin=wi[nhkenLnHuj/mnis\ rinuketM`ihasMr.
6 kawruhana kaduwunging ati | jalarane mung patang prakara | wong anom dadi brangtane | dhingin myat warna ayu | kaping pindho melik wong sugih | kaping tri kawibawan | lan kaping patipun | kêna sambang sarawungan | rokok kinang winèhkên lan ujar manis | rinukêt mrih asmara ||
7 weksS[nNykensyekTi, zftTir[w=oa[nomM=kn, [khrbifufuniy[tT, [ynKensutni=sun\ arbiyjl/rnBecik\ ajrbip[sogn\ nisQ[ynFinulu, azpesKenYyh[rn, w(hanNirmnu=s[n=fuvaiki, [ynKenk=tined.
7 wêkasane ya kêna sayêkti | ngadatira wong anom mangkana | kèh rabi dudu niyate | yèn kêna sutaningsun | arabia jalaran bêcik | aja rabi pasogan | nistha yèn dinulu | angapêskên yayah rena | wruhanira manungsa nèng dunya iki | yèn kêna kang tinêdha ||
8 ai=k=dizinRayuni=diri, kinlisNs[khai=p]kr, m=-skSerikSsm[n, kpi[nDobfnNipun\ ajkmBhbr=pvkit\ kpi=t]iajtnSh, sushmnhaipun\ kpi=ptH/sf/[by, ankLn=k=mu/sifMi[n=okwiji, fwkKenÒ|runNir.
8 ingkang dhingin rahayuning dhiri | kinalisna sakèhing prakara | myang saksêrik sêsamane | kapindho badanipun | aja kambah barang panyakit | kaping tri aja tansah | susah manahipun | kaping pat arsa darbea | anak lanang kang mursid minăngka wiji | dawakkên turunira ||
9 mul[norgmP=[w=oarbi, kufumilihw[nof-k=ken, gin[w[rw=auri[pP, srnzufituwuh, m=-zupyk=snD=bukTi, wiwil=z[nan, ctu/aup[yku, [yog-[nkwiknNn, dizi[nBo[botPi[nDo[b[btKt]ibibit\ kpi=ptTtrimn\,
9 mula nora gampang wong arabi | kudu milih wanodya kang kêna | ginawe rewang uripe | sarana ngudi tuwuh | myang ngupaya kang sandhang bukti | wêwilangane ana | catur upayèku | yogyane kawikanana | dhingin bobot pindho bèbèt katri bibit | kaping pat têtariman ||
10 pptHikuaiyaugknQi, dizinW/nkpi[nDo[nb]n, kpi=t]ikwibw[nN, ctu/pmBeknNipun\ aenFiai=k=sirsen_zi, ajznTiazwg\ mnwkefuwu=, krnmilihw[nof-, ftnKen[fnM|pktKenSsmi, wuru[kN=k/snir.
10 papat iku iya uga kanthi | dhingin warna kapindhone brana | kaping tri kawibawane | catur pambêkanipun | êndi ingkang sira sênêngi | aja nganti angawag | manawa kêduwung | karana milih wanodya | datan kêna dèn mupakatkên sêsami | wuruk nèng karsanira ||