Wulang Basa (Jilid 3), Sastradiarja, 1918, 1931, 1933, #1211

Judul
Sambungan
1. Wulang Basa (Jilid 2), Sastradiarja, 1918, 1931, 1933, #1211. Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
2. Wulang Basa (Jilid 3), Sastradiarja, 1918, 1931, 1933, #1211. Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 21-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wulang Basa

Kanggo ing pangkat 4.

Anggitane Mas Sastradiarja, mantri guru ing Jiwan.

Kang katêlu.

Kaêcap ing kantor pangêcapane kangjêng guprêmèn ing nagara Batawi taun 1918.

--- 3 : [1] ---

Wulang Basa

Kanggo ing pangkat 4.

Anggitane Mas Sastradiarja, mantri guru ing Jiwan.

Kang katêlu.

Kaêcap ing kantor pangêcapane kangjêng guprêmèn ing nagara Batawi taun 1918.

--- 3 : [2] ---

[...]

--- 3 : [3] ---

JAVAANSCHE TAAL-EN STIJLOEFENINGEN

SAMENGESTELD DOOR MAS SASTRODIARDJO ONDERWIJZER TE DJIWAN

DERDE DEEL

BATAVIA LANDSDRUKKERIJ 1918.

--- 3 : [4] ---

[...]

--- 3 : [5] ---

Jilidan kaping tiga punika wiwit ngrêmbag panganggenipun atêr-atêr, sêsêlan saha panambang ingkang gampil-gampil. Namanipun rimbag ingkang ragi angèl ing ngriki botên katêrangakên, awit kamanah kirang prêlu. Ewadene manawi kintên-kintên para murid sagêd magêrtos, kados botên wontên awonipun upami guru nêrangakên namaning rimbak wau.

Sadaya wulangan ingkang nêrangakên bêbasan saha panuntun damêl anggitan pêrlu katêrangakên rumiyin.

--- 3 : [6] ---

[...]

--- 3 : [7] ---

1.

Lêmah loh, sanajan panggarape ora pati bêcik, tandurane iya mêksa mêtu.

Bocah pintêr, ... iya ...

Bocah desa, sanajan ... mêsthi ...

Putrane priyayi gêdhe, sanajan, ... mêksa ...

Wong Jawa iku sanajan, ... iya ...

Wong urip iku sanajan, ... kudu ...

Wong omah-omah iku sanajan, ... iya kudu ...

Wong tuwa iku sanajan ... patut ...

Wong ênom iku sanajan ... kudu ...

Wong kêsèd, sanajan, ... mêsthi ...

Wong tabêri ing gawe sanajan ... mêsthi ...

--- 3 : 8 ---

2.

Têmbung-têmbung iki gawenên ukara kang bêcik: wani mati, barêng mara, suduk salira, tukar padu, dhêmênyar, lêga atine, dhêmên mada, mobat-mabit, dawa tangane, para wadulan.

Tuladha:

Sarija iku pancèn rada dawa tangane, yèn ana barang gumlethak, măngka panuju sêpi wong, enggal dijupuk lan diumpêtake.

3. Basa Jawa Iku Manut Kadadeyane Kêna Kaperang Dadi Rong Golongan.

1. Kang isih lugu, iku aran têmbung: lingga.

2. Kang wus owah swarane, aran têmbung andhahan.

Têmbung-têmbung iki pilihana, êndi kang têmbung lingga, êndi kang andhahan.

--- 3 : 9 ---

Jaran, sapi, meja, mèlu, dijupuk, nulis, mangan, warêg, marêgi, ngêpung, aja, iku, wêruh, sumurup, kêboan, galêngan, sawah, pandhean, macanan, duwèkku, bapakne, tangane, gripmu, kasugihan, pasinaon, prakara, prapatan, sinăngga, sinambi, gumagus, pitik.

4.Têmbung Lingga Iku Lumrahe Rong Wanda, kaya ta:

Paku, paju, kula. Ana uga kang sawanda utawa têlung wanda, nanging mung sathithik, kaya ta: lan, pring, sagara, salaka.

Nulisana têmbung lingga kang ngrong wanda 20 kang nyawanda 6, kang nêlung wanda 5.

5. Wangsulana Supaya Dadi Karangan.

Omah pamulangan.

Omah pamulangan iki dununge ing ngêndi.

--- 3 : 10 ---

Marêp mênyang êndi.

Wangune kapriye. Balungane apa, payone apa, gêdhège apa, jrambahe apa.

Kamare ana pira.

Sabên kamar ana lawange pira, jandhelane pira.

Lawang butulan iku apa, ana pira.

Apa kang ana sajroning omah pamulangan.

Sapa kang yasa pamulangan iki.

Apa ana pamulangan kang dudu yasan gupêrmèn, arane pamulangan apa.

Apa gunane pamulangan.

Sapa kang mulang ing pamulangan, kang dadi lêlurahe apangkat apa.

Apa pêrlune bocah sinau ing pamulangan.

6. Rampungna.

--- 3 : 11 ---

Lagi bae aku lumêbu ing omah, wis ana timbalan saka kêpatihan.

Lagi bae Sarija mulih saka sawah ...

Lagi bae anake turu ...

Lagi bae layang iku dak tămpa ...

Lagi bae ngombe jamu ...

Lagi bae bapakne lunga ...

Lagi dadi priyayi cilik bae ...

Lagi bisa mangkono bae ...

Lagi bisa tuku jaran bae ...

Lagi dadi mandhor têbu bae ...

7.

Têmbung lingga dadine têmbung andhahan sarana dirangkêp purwane utawa linggane, diwuwuhi ing ngarêp, diwuwuhi ing têngah utawa ing buri.

Têmbung-têmbung iki pilihana, êndi kang dirangkep purwane utawa linggane, êndi kang diwuwuhi ing ngarêp, têngah utawa buri.

--- 3 : 12 ---

Ara-ara, pêpati, patèn, mangan, marèni, lumaku, kajupuk, didêlêng, kogawa, kobong, kêpanasên, sinigar, kamituwa, kumapurun, katon, pêpara, olahe, lah, mobat-mabit, nulis, anggambar, ginambar, kagawa, digawa.

Mangkene: ara-ara, punika dipun rangkêp lingganipun. Pêpati, punika dipun rangkêp purwanipun. Patèn, punika dipun wêwahi ing wingking. Sabanjure.

8.

Têmbung kang dirangkêp linggane diarani rimbag: dwilingga. Kaya ta: apa-apa. Rimbag dwilingga mau ana kang owah swarane, kaya ta: jaran-jèrèn.

Têmbung dwilingga iki golèkana linggane:

--- 3 : 13 ---

Wani-wani, ari-ari, ula-ula, mobat-mabit, kêba-kêbo, mloka-mlaku, arêp-arêp, adhêp-adhêp, idak-idak, ela-èlu, kêtan-kêtèn, layang-lèyèng, ija-ijo, menga-mengo, mondhag-mandhêg, eman-eman, udan-udan, bocah-bocah, kocar-kacir, mowat-mawut, gonjang-ganjing, olang-aling, idêp-idêp.

9.

Têmbung:

Para, yèn purwane dirangkêp muni: pêpara.

Griya, yèn purwane dirangkêp muni: gêgriya.

Kuncung, yèn purwane dirangkêp muni: kêkuncung.

Lah iki dadi kapriye

Rubêd, tuku, putra, tiga, kalih, gaman, kănca, sănja, kăndha, păntha, [pă...]

--- 3 : 14 ---

[...ntha,] tanggul, prênah, warta, priksa, tămba, gănda, jampi, dana, sanga, tiru, pêtêng.

Kapriye pakêcapane têmbung: rêrubêd, têtuku ... sabanjure.

10. Rampungna.

Irba[1] bungahe atiku yèn aku bisa kalakon dadi priyayi.

Iba enake yèn ...

Iba bêcike yèn ...

Iba bakal sênêngku yèn ...

Iba ta ramene yèn, ...

Iba ta panase yèn, ...

Iba ta susahe yèn, ...

Iba bakal sêpine yèn, ...

Iba rikate yèn ...

11. Isènana.

Si Jaman watêke culika, yèn nêmu apa-apa ...wêruha ... kang duwe, iya ...

--- 3 : 15 ---

gêlêm mènèhake. Yèna ... barang ... măngka ora ana kang duwe, banjur di ... sarta diumpêtake.

Anuju sawiji dina, Si Jamana ... ing pakarangane tanggane, sumêdya ... pêlêm. Barêng ora ana wong ... enggal ... agawa kandhi siji ... ing gulune. Saking kurang wêwekane ... diênciki ... Si Jaman tiba, tangane ... sasisih.

Kang duwe krungu ... brug, enggala ... . Satêkane ing ... wit, wêruh Si Jamana ... ing lêmah karo ... gêtih. Calathune: Lah iku dhêndhane culikamu, saking ... nyolong pêlêm, nganti kotohi ... tanganmu.

Si Jaman nuli digendhong ... wong tuwane. Sanajan akèh dhukun kang ... tangane Si Jamana ... sasasi lagi mari, tur saiki dadi ceko, ora bisa ... kaya maune.

--- 3 : 16 ---

12. Kramakna, lan Aku Salinana: Bêndara Anu.

Nalika tanggal 10 sasi iki aku lunga mênyang Surabaya, angkatku nunggang sêpur kang saka kene jam pitu esuk. Sarèhne gêgawanku akèh, mulane aku anggawa batur loro. Anaa kang dak kongkak-kongkon[2] lan anjaga gêgawanku. Têkaku ing Surabaya jam nêm sore. Aku banjur nunggang kareta andhong mênyang lusmèn Cina. Ing kono aku olèh kamar bêcik siji pêpak sapirantine. Saking sayahku sore iku aku ora lunga mênyang ngêndi-êndi. Esuke aku tilik sanak sadulurku kang ana ing kutha Surabaya sarta dolan-dolan nonton kaanane kutha. Anaku ing Surabaya limang dina tansah sênêng, awit andêlêng kaanan warna-warna kang aku durung nate wêruh. Ulihku nunggang sêpur kang

--- 3 : 17 ---

saka Surabaya jam nêm esuk, têka ing omah jam lima sore kalawan salamêt.

13.

Têmbung: rujakwuni, iku wujude rong têmbung, yaiku rujak lan wuni. Nanging wus dianggêp satêmbung bae. Têmbung kang mangkono iku aran: camboran, têgêse: woworan.

Cêcak-cêcak iki wuwuhana satêmbung supaya dadi têmbung camboran.

Sujèn, ..., pagêr ..., silih ..., ... sêngir, ... wakil, ... bule, kêmbang ..., ... pincang, wêdhus ..., ... tunggangan, turu .., ... sewan, ... ojogan, sêga ...

14.

Ana têmbung camboran kang dicêkak, kaya ta:

Kakkong, saka: tungkak lan bokong,

--- 3 : 18 ---

têgêse: tungkake cêdhak lan bokong, dadi cebol.

Iki kadadeyan saka têmbung apa.

Dubang, kwèlêm, dhèmês, jitus, dhokkur, kongêl, jiro, jipat, kilpat, dhelik, dhegus, dhewur.

15. Rampungna.

Upama aku sugih, mêsthine bisa tuku kareta.

Upamane kowe pintêr, mêsthine ...

Upama jaranmu kodol, mêsthine ...

Upama sawahmu mêtua, mesthine ...

Upama tulisanmu bêcik, mêsthine ...

Mungguh aku gêlêma, kiraku ...

Mungguh nagara iki ramea, kiraku ...

Mungguh kali iki banjira, kiraku ...

Mungguh layang iki diwacaa bapak, kiraku ...

Mungguh ing kene anaa pamulangane, kiraku ...

--- 3 : 19 ---

16. Terangna Têgêse, Nuli Gawenên Ukara Kang Bêcik, Kaya ta:

Ambêk siya = rêmên nganiaya.

Tiyang ingkang ambêk siya, salaminipun gêsang botên badhe angsal mitra ingkang têtêp.

Ambêk siya, ambêk wêlasan, ambêk drêngki, ambêk paramarta, ambêk, ambêk sumangkehan, ambêk adil, ambêk pinandhita, ambêkan.

17.

Têmbung: macul, nulis, anggambar, sapanunggalane iku mratelakake pagaweyan, iku diarani têmbung tanduk.

Macul linggane: pacul

Nyate linggane: sate

Nacah linggane: cacah

Ngira linggane: kira

Lah têmbung tanduk ing ngisor iki apa linggane: [ling...]

--- 3 : 20 ---

[...gane:] ngaku, ngayu, mitu, matu, nusu, nantang, nandhing, nulis, nuku, ngambu, ngalah, nucuk, nusup, nisil, nyakot, nyambêr, numbak, nosor, nyaplok, ngantêp, ngundhuh, ngunjuk, madung, malu, mèncèng, ngêndhih, ngêntup, numbuk.

18.

Lingga. rabi, tanduke: ngrabi.

Lingga labuh tanduke: nglabuh

Lingga damu tanduke: andamu

Lingga dhupak tanduke: andhupak

Lingga gawa tanduke: anggawa

Lingga balang tanduke: ambalang

Lingga jupuk tanduke: anjupuk

Iki tanduke kapriye:

Rayah, rata, jala, jêgur, dadi, dadak, dudul, dumuk, dhodhok, dhêdhêr, gawe, gada, garis, bopong, bobol, babu, banyu, larak, luluh, lèlèh, lulub, lêmu, dêdêl, jaga, jaring, bolong, babad,

--- 3 : 21 ---

yayi, wontên, gêgêr, gêro, gèrèt, raja, rasa, jujug, jêblos.

19. Rampungna:

Bok iya kêbo iki tukunên, karbèn kêbomu dadi sarakit.

Bok iya kowe dhewe nusula bapakmu, supaya ...

Bok wis aja nangis, mundhak ...

Bok aja gumuyu bae, supaya ...

Bok aku jupukna siji bae, karbèn ...

Bok iya mangana, yèn ...

Bok kowe bae sing nulis, supaya ...

Bok jamu iki ombenên, karbèn ...

Bok pitikmu kae pakanana, supaya ...

--- 3 : 22 ---

20. Kang Ana Sajroning Kurung Iki Salinana Kosokbaline.

Jana bocah tabêri ing gawe, sabên esuk tangine (ora tau) karinan. (ora susah diatag) Si Jana (wis) adus lan manganggo kang rêsik. Lêbune mênyang pamulangan (ora tau) kasèp, sarta (ora tau) lowong. Ana ing pamulangan (srêgêp) nyapu lan kêbut-kêbut meja. Yèn diwulang (dhêmên) ngrungokake, sarta (ora ana) garapan kang ora rampung, awit panggarape (talatèn lan ngati-ati). Yèn mulih saka pamulangan (ora) salewengan. Satêkane ngomah sawise mangan lan salin sandhangan nuli (nyambut gawe utawa sinau). Ing wayah sore sanajan (ora diatag) (mêsthi) sinau. Turune ajêg (wis rada wêngi). Saking (tabêri) lan (ngati-atine) mèh ora ana panggaweyane [panggaweya...]

--- 3 : 23 ---

[...ne] kang (luput). Mulane Si Jana (ora nate) disrêngêni wong tuwa lan gurune, sarta (kêrêp) tămpa ganjaran.

21. Wuwuhana.

Bocah loro iku rupane kaya jambe sinigar.

... kaya Kamajaya tumurun.

... kaya gunung jungkrug.

... kaya gagak rêraton.

... kaya bisa mutung wêsi gligèn.

... kaya ambêlah bumi.

... kaya êmpol pinecok.

... kaya Kamajaya lan Ratih.

... kaya mimi lan mintuna.

... kaya bubuk olèh lèng.

22.

1. Aku tuku sabak.

2. Kowe tuku sabak.

3. Jana tuku sabak.

Ukara iku yèn diwalik muni:

--- 3 : 24 ---

1. Sabak daktuku.

2. Sabak kotuku.

3. Sabak dituku Jana.

Dak tuku, kotuku, dituku, iku linggane: tuku, diatêr-atêri: dak, ko, di.

Têmbung kang nganggo atêr-atêr: dak, ko, di, aran: tanggap tripurusa.

Coba ukara iki walikên, supaya têmbunge tanduk salin: tanggap tripurusa.

Aku tuku gêdhang.

Kucing nubruk tikus.

Jaran mangan sukêt.

Aku muluk sêga.

Kowe tuku apa.

Apa kowe anjupuk pènku.

Aku arêp nulis layang iki.

Garangan mangan ula dumung.

Apa kowe sing mènèk krambil iku.

Aku nunggang jarane paman.

--- 3 : 25 ---

Apa kowe angguyang kêbo bule iku.

Aku ora tau maca layang babad iku.

Kowe wis ngumbah sabakmu apa durung.

23.

Dakenggal = aku arêp enggal = aku sumêdya enggal.

Dienggal = sing enggal.

Têmbung-têmbung iku dudu golongane: tanggap awit karepe seje.

Lah mara têmbung-têmbung iki atêr-atêrana: dak lan di. Nuli gawenên ukara.

Prayitna, nêngên, sumingkir, kêtêmu, tabêri, tumêmên, mantêp, wêdi, wêlas, bêcik.

Tuladha:

Prayitna-dakprayitna-diprayitna.

Yèn aku ngliwati alas kake[3] dak prayitna, supaya salamêt.

--- 3 : 26 ---

Yèn kowe lumaku ngliwati dalan iku diprayitna, awit sok ana begalane.

24.

Wong diarani tabêri, yèn dhêmên nyambut gawe lan sakèhing pagaweyane digarap kanthi têmên-têmên.

Mara iki têrangna kaya ing dhuwur iku.

Nagara diarani sêpi, yèn ...

Bêras diarani wuluh, yèn ...

Pari diarani aos, yèn ...

Wong diarani murka, yèn ...

Jaran diarani nakal, yèn ...

Sapi diarani wrêdèn, yèn ...

Tulisan diarani bêcik, yèn ...

Wong diarani pintêr, yèn ...

Carita diarani bêcik, yèn ...

Jarit diarani ala, yèn ...

25. Têmbung-têmbung kang Dikurung Iki Cêkakên.

--- 3 : 27 ---

Sajuliganeya maling, lawas-lawas (ora wurung) katitik.

Jangane (kakehan uyah).

Olèhe kêlan si êmbok (kurang bumbu).

Olèhe ngimbu pêlêm (wis matêng bangêt).

Tulisane (ana kang kandêl ana kang tipis).

Barange Sakrama êntèk digawa maling, awit olèhe turu (ora nglilir-nglilir).

Bathukku gêtihên, (kêna ing pasêr kang tiba saka ing dhuwur).

Mulane (olèhe ambêdhil) luput, awit kêsusu.

Aku durung adus, awit jêdhinge (ora ana isine babar pisan).

Si Kasim iku bodho, nanging (reka-reka pintêr).

Si Sarpan digitiki bapakne, awit (ora [(o...]

--- 3 : 28 ---

[...ra] tau gêlêm adus lan ora tau gêlêm ngumbah sandhangane).

Si Dama disênêngi ing wong, awit (gêlêm ngajèni marang sok wonga).

Jaranku (ora gêlêm manak-manak) awit (lêmu bangêt).

26. Wuwuhana.

Mumpung kowe isih nom, kudu srêgêp ngupaya kapintêran.

Mumpung kaline durung banjir, kudu ...

Mumpung rêgane bêras isih murah ...

Mumpung anakmu isih turu ...

Mumpung durung mangsane anggarap sawah ...

... mumpung bapakmu durung lunga.

... mumpung aku isih ana ngomah.

... mumpung durung kêbanjur dibubrah.

... mumpung jarakku durung payu.

... mumpung bapakmu isih bisa ngragadi.

--- 3 : 29 ---

... mumpung toko durung tutup.

... mumpung isih rada awan.

27.

Kêbo dipêcut = kêbo kapêcut. Dadi atêr-atêr: di = ka,

Kapêcut, linggane: pêcut,

Kaajak, linggane: ajak.

Têmbung-têmbung iki atêr-atêrana: ka, nuli gawenên ukara.

Tumpuk, arid, jupuk, tata, jara, gawa, tămpa, tulis, waca, etung, tugêl, iris, isis.

Tuladha:

Tumpuk-katumpuk

Bata iku aja katumpuk dhisik, awit durung gênêp sèwu.

Pèngêt.

Rimbag mangkono iku aran: tanggap ka.

--- 3 : 30 ---

28.

Jaran kêcocog carang.

Kêbo kêglundhung jurang.

Kêcocog, kêglundhung, iku dudu rimbak tanggap, awit têgêse: ora dijarag, iku arane: bawa: ka.

Lingga: iris, bawa: ka: kiris.

Lingga: ili bawa: ka: kèli.

Lingga: ulu bawa: ka : kolu.

Lingga: walik bawa: ka: kuwalik.

Rimbag bawa: ka, iki golèkana linggane: katur, kêpati, kèntir, kèntas, kobong, kenyut, krukêb, kêliru, kêpêrang, kuwêlèh, kêtanggor, kêjrungup, kêprojol, katut, kêbandhang, kantêp, kêjur, kalap.

29. Isènana Têmbung Krama Inggil.

Bêndara mundhut, ..., awit remane rêgêd bangêt.

--- 3 : 31 ---

Bêndara riya sabên sore, ... jêmparingan.

Sarija, ... isènana, bêndara karsa ...

Le, yèn bêndaramu wis dhahar, ... panganên.

Kowe aja son[4] nganggo bêbêd parangrusak barong, iku ... para luhur.

Bêndara anu kae yèn ngagêm ... barong ... modang pantês bangêt.

Tuwan kontrolir wingi ... gunung Tênggêr ... kêbon kopi.

Radèn mas anu iku yèn sare tanpa .., awit sarirane lêma bangêt.

Sarinah, samăngsa bêndaramu wis ... saka kantor, banjur ... dhahar.

Kamin, matura bêndaramu, yèn ... aku ... daluwang sakêbèt bae.

Wis têlung dina iki, kangjêng ora ... ing pandhapa, awit ... untarên.

Kangmas, ... ijêngandika punapa wontên [wontê...]

--- 3 : 32 ---

[...n] dalêm, manawi wontên, mugi kaparênga ... kula badhe sowan.

30. Têrangna Têgêse Paribasan:

Kaya kere nêmoni malêm, kaya kere mungga ing bale, kaya iwak kacêmplung wuwu, kaya uyah kêcêmplung sagara, kaya babadan pacing, kaya bêlo mèlu sêton, kaya wêdhus diumbar ing pakacangan, kaya kabanjiran sagara madu, kaya Baladewa ilang gapite, kaya kontul sarawa.

31.

Layar.

1. Baita latu punika tanpa layar.

2. aksara Jawi punika wontên sandhanganipun ingkang nama: layar.

3. Kapal punika badhe layar dhatêng nagari Jedah.

Iki gawenên mangkono.

--- 3 : 33 ---

Bêtah (2), pira-pira (2), wulu (3), suku (3), babad (3), tètès (2), wawrat (2), maos (2), maosi (3), sarungan (3), salangkungipun (3).

32.

Pa + tumbas = patumbas

Pa + iji = piji

Pa + etung = petung

Pa + ulih = pulih

Pa + utang = potang

Iki dadi kapriye: sambat, tuku, emut, Cina, sumbang, nyana, takon.

Manèh: dêlik, thungul, kirig, cungul, têlung, colot, thêlêng.

33.

Pa + numbas = panumbas.

Iki atêr-atêrana: pa, nuli gawenên ukara: anjupuk, anjêrit, numbak, ambêdhil, nulis, maca, ambatang, [amba...]

--- 3 : 34 ---

[...tang,] anjaga, anggawa, anggaru, ambiyak, nganggo, ngasah, nanting, nyakot, anjugug, nucuk, ngabêkti, anggambar, ngetung.

34.

Sa + lawe = salawe

Pi + ala = piala

Pra + kara = prakara

Sa + iji = siji

Sa + ikêt = sèkêt

Sa + ulah = solah

Sa + esuk = sakesuk.

Iki golèkana linggane: samêt, satus, pitaya, piala, saelo, sagunung, sakesuk, sakojur, pradata, pratapa, pralambang, sakenjing, sanagara, pidana, pitutur, pitambuh, saupa, salonjor, satêngah, prakara, prasapa, prajanji, sakarêp, sabisa, sawidak, sasasi, pilênggah, pralena.

--- 3 : 35 ---

35.

Golèka têmbung kang têgêse 2, lima.

Golèka têmbung kang têgêse 3, lima.

Nuli gawenên ukara kayadene wêwulang bab 31.

36. Kramakna lan Madyakna.

Kang jaranmu apa sida kolirokake, yèn sida daklironane dhewe.

Dhi, aku anjaluk tulung, jupukna daluwang kang ana lêmari iku. Mau bêngi ing alun-alun ana bocah kêtêndhang jaran nganti pêpês sikile.

Omahe tanggane Si Karja mau bêngi kobong.

Wong ing kono iki kasênêngane beda lan wong ing nagara kana.

--- 3 : 36 ---

Dhi ing kene rêgane bêras apa padha karo ing nagaramu.

Man, jêruk kang padha runtuh kae jupukana, nuli gawanên mrene.

Yèn kowe luwe, sêga kang ana tenong iku panganên.

Kasiya, anake sapa kang penekan krambil gadhing iku, konên mudhun, manawa tiba.

Wis patang dina iki Kasiya daksawang kaya lara, coba takonana, Sim, apa lara têmênan apa ora. Yèn lara, konên nyuwun tămba mênyang rumah sakit.

37. Pitakon Iki Wangsulana, Supaya Dadi Karangan.

Bab banyu.

Banyu iku bangsane barang kang kapriye.

Ngaranana barang kang cuwèr kaya banyu.

Banyu ana warna pira, aranana.

--- 3 : 37 ---

Ing ngêndi ana banyu tawa, ing ngêndi ana banyu asin.

Apa gunane banyu tawa.

Banyu sagara kêna digawe apa.

Ing ngêndi ana wong gawe uyah.

Banyu yèn diadhêmake bangêt dadi kapriye, arane apa.

Yèn kêna ing panas bangêt dadi apa.

Uwab iku mênyang êndi parane, bisa dadi apa.

Mêndhung yèn wus akêh dadi apa.

Banyu udan parane mênyang êndi.

Apa kang marakake tuk.

Tuk iku mili dadi apa.

Kalèn iku têmpur-têmpur dadi apa.

Banyu kali mili mênyang êndi.

Apa gunane kali.

Apa gunane sagara.

Ngaranana kewan kang urip ing banyu tawa.

--- 3 : 38 ---

38. Rampungna.

Aja sing saringgit, satali bae aku ora duwe dhuwit.

Aja sing têlung dina yèn awèha, ...

Aja sing têkan ing lara, ...

Aja sing mung saringgit, ...

Aja sing nulis aksara Walănda, ...

Aja manèh kowe yèn wania, ...

Aja manèh dikunjara ora gêlêma, ...

Aja manèh mung tuku dhokar bae, ...

Aja manèh dikon mênyang kutha, ...

Aja manèh dipèk anak, ...

39.

Têmbung-têmbung iki apa linggane lan apa atêr-atêre.

Kumawani, kamituwa, kapilare, kumrujak, kapiluyu, kumrambut, kapiadrêng, [kapi...]

--- 3 : 39 ---

[...adrêng,] kumratu-ratu, kapidêrêng, kumandêl, kapiandêl, kapenak, tarkadhang, tartamtu, tarwaca, tarbuka.

Yèn wis rampung nuli gawenên ukara kang bêcik. Kaya ta:

Kumawani, lingganipun, wani, angsal atêr-atêr: kuma.

Sapa sing kumawani lumêbu ing kêbon tanpa tarèn kuwe.

40. Wacanên kang Cêtha, Nuli Kramakna.

Bocah lanang kang aran Si Dolah dhêmên penekan, luwih-luwih yèn wêruh susuh manuk, sanajan panggonane dhuwur iya mêksa dipènèk. Bapakne kêrêp mituturi. Dolah, kowe aja sok mènèk, manawa tiba. Nanging Dolah ora anggugu marang pitutur mangkono iku.

Anuju sawiji dina Dolah ngundhuh susuh êmprit ana ing wit joar. Barêng

--- 3 : 40 ---

lagi arêp ngrogoh susuh, pang kang diênciki sêmpal, Si Dolah tiba, sikile tugêl sasisih. Nandyan akèh dhukun kang ngurut lan nambani, olèhe lara Si Dolah nganti sasasi. Tur sawise mari sikile mêksa ora bisa pulih kaya maune.

Wiwit nalika iku Si Dolah ora gêlêm mêmènèk manèh.

Gawea anggitan kaya iku, nanging wêkasane muni: wiwit nalika iku Si Diman ora gêlêm nyênyolong manèh.

41. Iki Diparibasakake Kapriye.

Wong dhêmên ngadu-adu. Sing bêcik dikandhake ala sing ala dikandhakake bêcik. Ngarah barang sathithik kelangan akèh. Wong salat mung anut grubyuk bae. Wong kangelan ora olèh pituwas. Wong kang mung anut grubyug bae. Wong ala dipitaya ngrêksa barang akèh. [a...]

--- 3 : 41 ---

[...kèh.] Wong pintêr kliru patrape nganti andadèkake kapitunane. Wong tuwa anjaluk wuruk marang wong nom. Kapintêran kang ora ana kanggone.

42.

Cawis, disêsêli: ma, dadi: cumawis, sèlèh disêsêli: ma, dadi: sumèlèh, atur disêsêli: ma, dadi: umatur, dicêkak: matur.

Enggok, disêsêli: ma, dadi: umenggok, dicêkak: menggok.

Pati, dadi: pumati, lumrahe: umati, dicêkak muni: mati.

Wijil, dadi: wumijil, lumrahe: umijil, dicêkak muni: mijil.

Iki kapriye linggane:

Gumandhul, kumanthil, marêp, madhêp, menggok, mêtu, kumaki, gumarit, gumêrot, tumurun, tumandang, madul, minum, murub, mêrêm, mêndêm, kumêdhèp, tumênga, tumêdhak, tumambuh, [tuma...]

--- 3 : 42 ---

[...mbuh,] mèsêm, tumètès, rumêsêp, rumojong, maton, marêm, majêng, mantêp, mandhêg, mampêt.

43.

Êmping, lumrahe dadi: kumêmping, ora: umêmping.

Wasis, lumrahe dadi: kumasis, ora: umasis.

Panggang: lumrahe dadi: kumanggang ora: umanggang.

Bobor, lumrahe dadi: gumobor ora: bumobor.

Iki dadi kapriye: bagus, Walănda, ampo, êdom, êlar, bisa, ingsun, andêl, bakar, ayu.

44. Isènana.

Sêpur sampun ... ing sêtatsiyun, swaraning lokomotip, kados ambêkanipun tiyang ..., margi lumampah ... Kodhèktur ngungêlakên sêmpritan, ...

--- 3 : 43 ---

Sêpur sampun ... . Tiyang ingkang ... saking kareta sêpur kados sulung mêdal saking ..., ingkang minggah ... arêbat ngajêng, awit kuwatos, ... panggenan. Tandangipun manol-manol pating balulung rêbat, ... swaranipun tiyang sadeyan pating ... nawèkakên ... . Para tuwan-tuwan sarta ... wontên ingkang mlampah-mlampah ing ... wontên ingkang ngaso ing ... Botên dangu loncèng kalih ..., supados para ... sami sadhiya. Sakêdhap êngkas mungêl loncèng kaping ..., mratandhani ... kabidhalakên. Kondhèktur ... sêmpritan, lokomotip, ... lajêng bidhal. Tiyang ingkang kêkesahan sami suka ... kantun dhatêng sanak sadhèrèkipun sarana ... Botên dangu sêtatsiyun katingal, ... malih.

45. Gawea Anggitan Bab Kêbo.

--- 3 : 44 ---

Bangsane kewan apa, wangune awak, êndhas, sungu, sikil, tracak.

Pangane, pamangane, anjêrum, anggayêmi.

Watêke-dhêmên gupak-lêmut-padhiyang.

Tangkar-tumangkare-gudel-nusu-rong taun sapisan.

Gunane-waluku-garu-grobag-disêmbêlèh-daging-balung-walulang-sungu.

Mangkene:

Bab Maesa.

Maesa punika bangsanipun rajakaya kadosdene lêmbu. Badanipun agêng anjêmblêk, sirahipun lonjong sarta wontên singatipun kalih. Wangunipun singat punika wontên ingkang kupêng, wontên ingkang dhablang saha ... sabanjure.

--- 3 : 45 ---

46. Gawenên Ukara kang Bêcik.

Raja, rajakaya, rajabrana, rajadarbe, rajatatu, rajaputra, rajaputri, rajasèwu, rajakuputrèn, rajapati, rajawana, rajapèni.

Săngga, săngga uwang, sănggarunggi, sănggawêdhi, sănggakrama, săngga langit, săngga buwana.

Salah, salah gawe, salahton, salah siji, salah kadadèn, salah măngsa, salah tămpa.

47.

Tulis, disêsêli: na, dadi: tinulis.

Kanthi disêsêli: na, dadi: kinathi.

Têmu disêsêli: na, dadi: tinêmu.

Asah disêsêli: na, dadi: ingasah, ora: inasah.

Utus, disêsêli: na, dadi: ingutus, ora: inutus.

--- 3 : 46 ---

Angsung lumrahe dadi: sinung.

Êpèk lumrahe dadi: pinèk.

Uwor lumrahe dadi: winor.

Iki dadi kapriye.

Kăndha, kăndhang, tandhing, tata, atas, tarètès, pêsthi, amuk, ajak, alêm, tutu, payu, tuman, karêp, gambar, usung, para, tuku, waca, panggang, êrit, urut, junjung, jèjèr, êsok, êdol, corèk, rata, cengklak.

Pèngêt:

Têmbung kang nganggo sêsêlan: na, aran, tanggap: na.

48.

Têmbung-têmbung ing ngisor iki padha nganggo sêsêlan, ra, utawa: la. Coba gawenên ukara kang bêcik.

Têratab, gêramblèh, gêlêrêng, gêlêbyar, kêlawu, kêrintih, kêlirik,

--- 3 : 47 ---

gêrandhul, barêngok, kalèwèr, kêranthêng, karênggos, karêlip, karêmbyah, karêncal.

Pèngêt:

Têmbung-têmbung iku akèh kang linggane ora kanggo.

49.

Gawea anggitan kaya bab 40, wêkasane muni: wiwit nalika iku Si Darma ora gêlêm langèn ana ing kali gêdhe manèh.

50. Kramakna, lan Unèn-unèn kang Ana Sajroning Kurung Salinana Kosokbaline.

Nagara iki (rame) bangêt, wonge (akèh) tur (warna-warna). Ratane (jêmbar-jêmbar) lan (bêcik) sakiwa têngêne (akèh) omah gêdhong gêdhe lan bêcik-bêcik. [bê...]

--- 3 : 48 ---

[...cik-bêcik.] Wong lumaku (ora ana pêdhote), têtunggangan, kaya ta: dhokar, kareta, motor, (pating saliwêr bae). Yèn bêngi, sanajan (wis) mangsane wong turu, (isih akèh) wong liwat, awit tontonan (mèh ora ana kêndhate).

Sarèhne nagara (rame), dadi toko kang gêdhe iya (akèh), wong dodol (rina wêngi akèh). Wong golèk butuh (gampang) bangêt (anggêr) ana dhuwite.

Anggêr nagara (gêdhe), wonge sugih (mêsthi akèh), kosok baline wong miskin, (iya akèh), kere (pirang-pirang), bajingan (tanpa wilangan) mulane iya (rusuh). Sanajan pulisi (akèh) mêksa (isih kêrêp) ana rêrusuh.

51.

Tatah, dipanambangi: an, dadi: tatahan,

--- 3 : 49 ---

Simpang, dipanambangi: an, dadi: simpangan.

Pasar, dipanambangi: an, dadi: pasaran.

Bêbêd, dipanambangi: an, dadi: bêbêdan.

Iki dadi kapriye: gajah, tumpang, tampar, tulis, garis, layang, sigar, pênthung, tumbas, lapak, sarap, jaran, pangan, macan, gêlang, tukar, tatah, mamah, bantal, tambal, sêmpal, ambêk, lanjar, kêmbang, tangan, kèrèk, sabêt, kêmul, suwêng, jarit, pipis, dudut, bubut.

52.

Rata + an = ratan

Sănja + an = sanjan

Kali + an = kalèn

Liru + an = liron

Gawe + an = gawean

--- 3 : 50 ---

Jago + an = jagoan

Ka + tamu + an = katamuan

Jangji + an = jangjeyan.

Iki dadi kapriye:

Dadi, tăndha, pitu, sanga, meja, kudhi, wêdhi, wêdi, kêbo, watu, bêlo, sura, jara, wolu, tămpa, kulambi, sapi, gêdhe, gadhe, laku, buru, waca, săngga, gaga, pari, suwe, sore, paro.

Pèngêt:

Têmbung kang nganggo panambang: an, aran: wisesa na lingga.

53. Têmbung-têmbung Iki Caritakna, Apa Linggane, Olèh Atêr-atêr Apa lan Panambang Apa.

1. Pasukêtan, pajaranan, pakopèn, paturon, patêmon, pawon, panèn, paresidhenan,

--- 3 : 51 ---

patilasan, pawuhan, patêlêsan.

2. Kabupatèn, kadhistrikan, kajinêman, kabungahan, kasusahan, kabêcikan, kasugihan, kasênêngan, kaondêran.

3. Katutupan, katututan, kajupukan, kaurugan, kasukanan, kabubuhan, katulisan, katampanan, katurutan.

4. Kêturon, kêtampan, kêtaton, katutan, kobongan, kêlêbon, kêblêdugan, kêsurupan, kêsayaban.

5. Kajêron, kêkakon, kêgêdhèn, kêmajon, kêsêron, kamban.

6. Panulisan, pangaritan, pambuwangan, pananggalan, pangadilan, panguripan, pangombèn, panjaringan, panunggalan.

--- 3 : 52 ---

Apa kowe wêruh arane rimbag-rimbag ing dhuwur iku.

54. Isènana.

Nunggang sêpur.

Yèn wong arêp nunggang sêpur, kudu mênyang ... utawa ... . Ing kono wong mau tuku ..., rêgane karcis, ... doh cêdhaking panggonan kang di ..., yèn wis olèh karcis lagi kêna ... sêpur. Yèn gêgawane ... kêna dicangking bae, nanging yèn akèh, kudu di ...ambagasèkake barang iku ... mangkene: barang mau ditimbang, yèn ... luwih saka 30 kilogram, luwihane iku sabên 1 kilogram kang duwe kudu ... limang sèn. Dene yèn kurang ... nyamlêng ora susah ... . Wong kang duwe ... tămpa ... kang mratelakake yèn dhèwèkne [dhèwè...]

--- 3 : 53 ---

[...kne] ... barang, sarta karcise nganggo dicap, dene barang mau kêna ... ing panggonan barang.

Yèn sêpur wus mangkat, kondhèktur ... karcis, ngiras niti yèn ana wong nunggang ... karcis iku didhêndha. Yèn wong mau arêp ..., karcise dijaluk. Dene barange kang di ... kêna dijaluk sarana ... layang kang digawa mau.

55. Dadèkna Ukara Ngoko Andhap lan Krama Inggil. Kaya ta:

Tangi turu = wungu sare.

1. Sarija, bêndaramu yèn wungu sare jam pira.

2. Bêndara wadana punika manawi wungu sare jam gangsal enjing.

Tangi turu, anjaluk tulung, nyapih nusoni, anjaluk tuku, bapa biyung, ditêkani bapakne, nganggo nangis, didhuni [didhu...]

--- 3 : 54 ---

[...ni] dhewe, nganggo sumping, turune priyayi, kawêtu calathune, lanang wadon, nganggo karêpe dhewe, anak putu, mêtu kringête, ditangani dhewe, têka saka lêlungan, anak bojo.

56. Gawenên Anggitan.

Bab pitik.

Pitik iku sato iwèn, bangsane. Awake kabuntêl wulu-cucuk-cakar. Êndhase acucuk - mripat - cènggèr - gèmbèl. Sikile – cakar - kang lanang jalu.

Pangane – pamangane - cèkèr.

Tangkar-tumangkare – ngêndhog – patarangan - sabên dina siji - sapuluh utawa limalas – dêrês – angrêm - nêtês.

Pitik kang lagi nêtês aran kuthuk – dêmuku – kumanggang – dhara – lancuran –babon - jago.

--- 3 : 55 ---

Warnane pitik.

Panggonane pitik – kombong – plangkringan – rapêt - ama pitik.

Gunane – êndhoge – disêmbêlèh - lare. Jago sok didu - bêcik apa ala (ya gene).

57. Bêbasan Iki Têrangna Têgêse.

Nabok nyilih tangan.

Ngantuk nêmu kêthuk.

Rindhik asu digitik.

Timum[5] mungsuh durèn.

Cebol anggayuh lintang.

Suwe mijêt wohing ranti.

Rampèk-rampèk kêthèk.

Kêbo kabotan sungu.

Wong busuk kêtêkuk.

Wong bêcik kêtitik, wong ala kêtara.

--- 3 : 56 ---

58.

Tabuh + e = tabuhe, (abuhipun)[6]

Pacar + e = pacare, (pacaripun)

Pasang + e = pasange, (pasangipun)

Babad + e = babade, (babadipun)

Jara + e = jarane, (jaranipun)

Lêgi + e = lêgine, (lêginipun)

Băndha + e = bandhane, (bandhanipun)

Sêmăngka + e = sêmăngkane, (sêmangkanipun)

Duwe + e = duwèke, (gadhahanipun)

Darbe + e = darbèke, (darbèkipun)

--- 3 : 57 ---

Iki panambangana: e,

Mripat, pakan, bubar, layang, layah, sawah, daluwang, jarak, abab, wulêd, êndhas, wujud, pulut, karag, tutur, bubur, lêmah, bêtah, raja, bata, rasa, gula, sate, gule, gudhe, pête, kudhi, wêdhi, guci, jèdhi, kăndha, tăndha, waroka,[7] jăngka, dhewe, bapa, uwa, bibi.

59.

Gawea anggitan kaya wêwulang bab 40, wêkasane muni: wiwit nalika iku Sumo ora gêlêm dolan gêni manèh.

60. Wuwuhana Kakurangane.

Ora kêna ora kowe kudu mangkat saiki, awit yèn ngati sesuk-sesuk misthi[8] bakal kasèp.

Ora kêna ora mêsthi kudu kobayar saiki ...

--- 3 : 58 ---

Ora kêna ora jaranmu mêsthi koêdol, ...

Ora kêna ora kowe kudu mèlu aku ...

Ora kêna ora garapanmu kudu korampungake saiki ...

Ora kêna ora kowe kudu lumêbu sakolah ...

Yèn kowe ora bisa lumêbu sakolah saiki, ora kêna ora ...

Yèn kowe ora bisa munggah sapisan iki, ora kêna ora ...

Yèn kowe ora gêlê[9] ambayar dhêndhan, ora kêna ora ...

Yèn kakangmu ora gêlêm nglironi sabak kang dipêcahake, ora kêna ora ...

61.

Mêndhunge panuju pêtêng, Wirapatra gunêman karo tanggane aran: Nayadăngsa.

--- 3 : 59 ---

Wira: Kang, dika dêlêng mêndhunge nika, kandêl tur mratani, duga kula bakal udan dêrês.

Naya: Ênggih makotên, nanging napa dika wêdi.

Wira: Wêdi malih, kaline saniki êmpun gêdhe, măngsa wurunga banjir, kaya dhèk rêndhêng kang êmpun kalakon, agawe karusakaning tanduran. Yèn saniki banjir malih, kula kalih dika rak bakal nêmu karusakan.

Naya: Calathu dika niku ênggih bênêr, nanging prêlune napa dika wêdi, awit barang dèrèng karuwan, anggêr kula lan dika êmpun padha ihtiyar sakuwasane rak êmpun.

Wira: Ênggih, bênêr kăndha dika, kang. Lah saniki angine midid, kira kula mêndhunge bakal katut.

--- 3 : 60 ---

Ora suwe mêndhunge ilang babarpisan.

________

Pacalathon ing dhuwur iku dhapurên carita, ora susah nirokake calathune wong. Wiwitana mangkene:

Anuju sawaiji dina mêndhunge pêtêng, wong kang aran Wirapatra kăndha marang tanggane, awit bokmanawa bakal udan dêrês. Tanggane kang aran Nayadăngsa takon, apa dhèwèkne wêdi. Wirapatra mangsuli: Iya, awit saiki kaline wis gêdhe, ora wurung bakal banjir ... sabanjure.

62.

Tatah + a = tataha

Pinter + a = pintêra

Mênêng + a = mênênga

Salat + a = salata

Padha + a = padhaa

Tangi + a = tangia

--- 3 : 61 ---

Duwe + a = duwea

Tuku + a = tukua

Jago + a = jagoa

Iki dadi kapriye.

Mêrêm, adhêm, sabar, nukar, nyawang, ngadhang, turah, mlumah, kêrêp, madhêp, cêdhak, papak, waras, tatas, kêthul, wadul, muput, nutup, surup, mara, padha, mari, tabêri, dhewe, dhedhe, tuku, maju, maro, mrono.

Pèngêt.

Têmbung kang nganggo panambang: a, diarani rimbag: sambawa: na.

63.

Tatah + ên = tatahên.

Pacar + ên = pacarên.

Saring + ên = saringên.

Wudun + ên = wudunên.

Gawa + ên = gawanên.

Gănda + ên = gandanên.

Iki golèkana linggane:

--- 3 : 62 ---

Jupukên, sulêdên, sumêdên, wudunên, gawanên, panganên, mimisên, kalirên, cacapên, paranên, sangganên, saringên, kadhasên, tutupên, panahên, kumbahên, bubulên, pathènkên,[10] bandanên.

Pèngêt.

Têmbung kang nganggo panambang ên iku ana kang atêgês: ngakon, ana kang dadi araning lêlara. Mara têmbung-têmbung ing dhuwur iku pilihana, êndi kang atêgês ngakon, êndi kang dadi araning lêlara.

64. Têmbung-têmbung ing Ngisor Iki Gawenên Ukara kang Bêcik.

Kêsêpuhên, kêcilikên, kapikên, kawanên, kêsuwèn, kènthèngên, kamban, kamiwêlasên, kamitênggêngên, kamisosolên, kamisêsêgên.

--- 3 : 63 ---

65. Golèkana Wiwitane Ukara Iki.

Aku ora ngêrti marang prakara iku, awit aku isih anyar-anyaran.

..., saya ora anggugu pituturku.

..., saya katara bodhomu.

..., awit sikile lara.

..., awit darijine kithing.

..., mêsthi bakal kasurang-surang.

..., mêsthi ora diajèni ing wong.

..., ora bakal bisa pintêr.

..., ora bakal diandêl ing wong.

66. Gawenên Anggitan.

Layang kiriman.

Yèn wong arêp rêmbugan karo sanak sadulur utawa kawanuhane kang adoh panggonane kudu kapriye. Iku aran layang apa.

Adawiyah - karêpe layang - titi măngsa - tăndha tangan. Dilêmpit

--- 3 : 64 ---

- amplop – ngalamat – prangko rêga sakêthip - pos.

Layang angêtèkên – lak – cap – prangko - kantor pos – rêsi – ilang. Tămpa liru salawe rupiyah.

67. Apa Têgêse Paribasan Iki.

Anggutuk lor kêna kidul.

Sêdhakêp ngawe-awe.

Cincing-cincing klêbus.

Ngirit-irit dadi ngorot-orot.

Kêplok ora tombok.

Têngu ngadu gajah.

Ênggon wêlut didoli ucèt.[11]

Thênguk-thênguk nêmu kêthuk.

Ngêmut lêgine gula.

Ana bapang sumimpang.

68.

Anjaluk – anjaluki - anjalukana.

--- 3 : 65 ---

Nyimpang – nyimpangi - nyimpangana.

Mêtu – mêtoni - mêtonana.

Mara – marani - maranana.

Iki panambangana: i, lan, ana.

Macar, ambayar, nyenggol, nulis, anggambar, mada, ngundang, anjaga, anjara, mati, ngusir, ngetung, nyorok, ngêrit, macul, anggaru, angèrèt, milang.

Pèngêt.

Têmbung kang nganggo panambang i, aran: i kriya. Kang nganggo panambang: ana, yèn mêtu saka lingga (jupukana) aran agnya, yèn mêtu saka tanduk, (anjupukana) arana[12] sambawa: na.

69.

Anjala + ake = anjalakake = anjalakakên.

Niru + ake = nirokake = nirokakên.

--- 3 : 66 ---

Anggitik + ake = anggitikake = anggitikakên.

Anjajan + ake = anjajakake = anjajakakên.

Iki panambangana: ake.

Anjaga, amburu, angguru, mêtu, mapan, mati, anggaru, nuku, nyêmbêlèh, nyèlèh, ngiring, ngadêg, mayang, nyiram, ngêtut, andhèrèk, muji, ngaji, ambathi, ambathik, mêthèk, nyopot, ambacok, ngêthok, nyăngga, năndha, ambănda.

Pèngêt.

Têmbung tanduk kang nganggo panambang: ake, aran: tanduk ke kriya.

70. Gawea Anggitan, Wêkasane Muni: Iku Dhêndhane Wong Dhêmên Goroh.

71. Iki Gawenên Ukara Ngoko.

--- 3 : 67 ---

Puput yuswa, matêdhakake, paring dhawuh, têdhak pêpara, munjuk atur, matur sandika, mundhi dhawuh, ngêmban timbalan, ngrasuk busana, nitih titihan, nyuwun priksa, mêngku duka, utusan nimbali.

Tuladha:

Sarèhning dèrèng wontên ingkang jumênêng pangeran adipati anom, mila sarêng sang nata puput yuswa nagari lajêng dados rêsah, jalaran para santananing ratu sami ngangkah sagêda jumênêng nata.

72. Cêcak-cêcak Iki Isènana Nyatêmbung, Supaya Dadi Têmbung Entar.

Kaku ..., ... gêni, ... ati, puput ..., mêthik ..., kêncêng ..., ... susah, êntèk ..., ...êndhas, dawa ..., ... jangkahe, cupêt ..., karoban ..., ... calathune, mati ..., kêjêron

--- 3 : 68 ---

..., ... panas, kêcandhak ..., kêtiban ...

73.

Têmbung-têmbung ing bab 72 gawenên ukara kang bêcik. Kaya ta:

Kaku atine.

Bocah iku barêng wus kaku atine banjur ora etung, sadulure lanang dijak gêlut.

74. Gawenên Anggitan.

Wit krambil.

Ing ngêndi ana wit krambil. Wite kapriye. Aran apa.

Yèn glugu mundhak dhuwur apa mundhak gêdhe. Apa kang katon ing glugu, oyode kapriye. Papahe ana ngêndi. Kapriye wujude. Blarak iku apa.

--- 3 : 69 ---

Kêmbange aran apa, mancung – bluluk – cêngkir – dêgan – tuwa - kiring.

Perangane woh - cikal.

Gunane – wit – papah – blarak – mancung – woh – sêpêt - bathok.

75.

Anjupuk + na = anjupukna.

Digawa + na = digawakna.

Anjajan + na = anjajakna.

Iki panambangana: na.

Nuku, nutu, anjaluk, anjiwit, anjara, anjêjak, mluku, nganggo, nyuda, ngundhuh, ngatêr, mara, nyata, nullis, nyurung, nyêbar, anjaga, ngumbah, ngambu, ngangsu, ngapèk, mapan, ngulon, ngetan, ngasah, ngarêp.

Pèngêt.

Têmbung tanduk kang nganggo panambang: na, aran sambawa: na, ke kriya. Yèn kang dipanambangi: [dipana...]

--- 3 : 70 ---

[...mbangi:] na, iku têmbung lingga, aran haknyane tanduk ke kriya.

76.

Gawea anggitan, wêkasane muni: Si Jaya saiki tangane tugêl, dadi ora bisa nyênyolong manèh.

77. Sadrana Salinana Bêndara Anu.

Sadrana duwe anak lanang loro, kang siji aran Si Karja, sijine Si Karji. Si Karja watêke ala bangêt, ora miturut marang piwulanging bapakne, sadina-dina tansah dolan turut ratan utawa lumêbu ing pasampakan nonton wong ngabotohan. Dene Si Karji ora mangkono, sakèhing piwulange wong tuwane dièstokake, sarta dhêmên sinau, apadene sarêgêp ing gawe.

Barêng wis padha tuwa, Si Karja uripe

--- 3 : 71 ---

sangsara bangêt, awit ora bisa apa-apa, kajaba mung ngabotohan kang dipintêri. Dene Si Karji uripe kapenak, pangane ora kurang, omahe gêdhe tur bêcik, sarta bisa nyakolahake anake mênyang pamulangan kang rada dhuwur.

78.

Dakjupuk + ne = dakjupukne.

Dakgawa + ne = dakgawakne

Dakmapan + ne = dakpapakne.

Iki golèkana linggane:

Daktawakne, daktukokne, dakdadèkne, daklêbokne, daktuturne, daktulisne, dakdawakne, dakkandhakne, dakpakakne, dakjajakne, daktutulne, daktutupne.

Têmbung-têmbung ing dhuwur iku gawenên ukara. Kaya ta:

Jaranku iki daktawakne mênyang blantik ing desa Mundhu, bokmanawa gêlêm nuku.

--- 3 : 72 ---

79. Bab Sapi.

Bangsane – wujude – awak – êndhas – sungu – sikil – tracak – pangane – anggayêmi - watêke.

Gunane – dirakitake – daging – walulang – sungu - puhan, mêrtêga – kèju.

Wong nyêmbêlèh rajakaya – dipriksa - klèkèk.

80. Paribasan Iki Têrangna

Numpal kèli.

Nututi layangan pêdhot.

Ora mambu enthong irus.

Ora iga ora kunca.

Kakehan galudhug kurang udan.

Matang tuna numbak luput.

--- 3 : 73 ---

Sanajan garing yèn garang.

Digêbyah kaya uyah.

Nguyahi sagara.

Êmprit abuntut bêdhug.

Tamat.

_________

--- 3 : [0] ---

[3 halaman kosong]

--- 3 : [0] ---

JAVAANSCHE TAAL-EN STIJLOEFENINGEN

SAMENGESTELD DOOR MAS SASTRODIARDJO, ONDERWIJZER TE DJIWAN

DERDE DEEL

BATAVIA LANDSDRUKKERIJ 1918

 


Iba. (kembali)
kongkan-kongkon. (kembali)
kae. (kembali)
sok. (kembali)
Timun. (kembali)
tabuhipun. (kembali)
warăngka. (kembali)
mêsthi. (kembali)
gêlêm. (kembali)
10 pathèkên. (kembali)
11 udhèt. (kembali)
12 aran. (kembali)