Leesboek voor de Javanen, Tezamengesteld, Gericke, 1841, #1748 (Hlm. 01–44)

Judul
Sambungan
1. Leesboek voor de Javanen, Tezamengesteld, Gericke, 1841, #1748 (Hlm. 01–44). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
2. Leesboek voor de Javanen, Tezamengesteld, Gericke, 1841, #1748 (Hlm. 45–90). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 10-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

LEESBOEK VOOR DE JAVANEN, TEZAMENGESTELD

UIT STUKKEN DES OUDEN EN NIEUWEN VERBONDS;
VERZAMELD EN VERTAALD
DOOR
J.F.C. GERICKE;
UITGEGEVEN
OP LAST VAN HET NEDERLANDSCH BIJBELGENOOTSCHAP.
GEDRUKT TE HAARLEM,
BIJ JOH. ENSCHEDE EN ZONEN
1841.

--- [III] ---

INHOUD

I. Schepping en val van het eerste menschenpaar Gen. II: 7-9, 15-18, 21-25 en III: 1-19. Fol. 1, verso.

II. Noach of de Zondvloed. Gen. VI: 9-22, VII en VIII: 1-19. ... Fol. 3, v.

III. De ondergang van Sodom. Gen. XVIII: 1-8, 16-33 en XIX: 1-30 ... Fol. 6, recto.

IV. Beproeving van Abraham. Gen. XXII: 1-13 en 15-19. ... Fol. 9, v.

V. Jakob te Haran. Gen. XXIX, XXX: 1-25, XXXI: 17, XXXV: 16-20 en 23-26. ... Fol. 11, r.

VI. Verraderlijk gedrag van Jozefs broeders. Gen. XXXVII: 2-35. ... Fol 15, r.

In plaats van Israel is in dit en de volgende stukken Jakob gezet, om de verwarring voortekomen, die uit de naamverwisseling zou kunnen ontstaan.

VII. Lotgevallen van Jozef in Egypte. Gen. XXXIX-XLI. ... Fol. 17, v.

VIII. Wederontmoeting van Jozef en zijne broeders. Gen. XLII-XLV ... Fol. 24, r.

IX. Jakobs togt naar Egypte. Gen. XLVI: 1-7, 28-34 en XLVII: 1-12 ... Fol. 34, r.

X. Mozes geboorte en goddelijke bewaring. Exod. I-II: 22. ... Fol 35, v.

XI. Goddelijke roeping van Mozes. Exod. II: 23-25, III-IV: 18, 20 en 27-31. ... Fol. 38, v.

XII. Eerste verschijning van Mozes en Aaron voor Farao. Exod. V-VI: 13. ... Fol. 42, r.

XIII. Wonderen door Mozes en Aaron verrit. De tien plagen van Egypte. Exod. VII-X en XI: 4-10. ... Fol. 44, v.

XIV. Uittogt der Israeliten uit Egypte. Exod. XII, XIII: 17-22 en XIV. ... Fol. 54, r.

XV. Wetgeving op Sinai. De tien geboden. Exod. XIX-XX: 21. ... Fol. 60, r.

--- IV ---

XVI. De godvruchtige Hanna. 1 Sam. I, II: 11 en 18-21. ... Fol. 62, v.

XVII. Salomos droom. 1 Kon. III: 1-15. Fol. 65, r.

XVIII. Salomos regtvaardig oordeel. 1 Kon. III: 16-28. ... Fol. 65, r.

XIX. De geboorte van Jezus. Luk. I: 26-35, 38, 46-55 en II: 4-21. ... Fol. 66, v.

XX.De wijzen uit het Oosten, de vlugt van Jozef met Maria en het kind Jezus naar Egyte en de kindermoord te Bethlehem. Matth. II. ... Fol. 86, v.

XXI. De bergpredikatie. Matth. V: 1-16, 44, 45, VI en VII. ... Fol. 70, v.

XXII. Gelijkenissen van Jezus.

1. De zaadzaaijer. Luk. VIII: 4-15. Fol. 75, r.

2. De verloren zoon. Luk. XV: 11-32. Fol. 75, v.

3. De rijke man en de arme Lazarus. Luk. XVI: 19-31. ... Fol. 77, r.

4. De koninklijke bruiloft. Matth. XXII: 1-14. ... Fol. 77, v.

XXIII. Wonderen van Jezus.

1. Spijziging eener groote menigte. Mark. VIII: 1-9 ... Fol. 78, v.

2. Het bedaren van eenen storm. Matth. VIII: 23-27. ... Fol. 79, r.

3. Genezing van den zoon eens koninklijken bediende. Joh. IV: 46-53. ... Fol. 79, v.

4. Opwekking van den zoon eener weduwe te Nain. Luk. VII: 11-17. ... Fol. 79, v.

XXIV. Het laatste oordeel. Matth. XXV: 31-46. Fol. 80, r.

XXV. Het gebed van Jezus. Joh. XVII. ... Fol. 81, v.

XXVI. Lijden en dood van Jezus Joh. XVIII en XIX. Fol. 83, v.

XXVII. Opstanding en hemelvaart van Jezus. Mark. XVI. ... Fol. 89, r.

__________

--- 1 ---

Cariyosipun Adam.

Allah anitahakên Adam saking lêbuning siti, kaparingan ambêkan katiyupakên ing grananipun. Amargi saking punika Adam dados gêsang agadhah nyawa, nuntên Allah adamêl patamanan ing tanah Ngèdèn wetan. Adam lajêng kadunungakên wontên ing taman ngriku, sarta Allah anuwuhakên sawêrnining kêkajêngan saking siti, ingkang asri katingalan wohipun saklangkung eca katêdha, punapadene uwit panggêsangan kang tuwuh wontên satêngahing taman, sarta uwit kang amurugakên pirsa ing awon lan sae, Adam kadunungakên ing taman Ngèdèn wau, badhe kinèn amêndamêl sarta rumêksa ing taman wau, Allah adhêdhawuh dhatêng Adam pangandikanipun. Ing sarupaning kêkayon kang ana ing taman iku, sira ingsun lilani amangan. Nanging mungguh uwit kang amarakake wêruh ing ala bêcik, mung iku sira kang ora ingsun lilani amangan. Samangsane sira wani amangan wohing uwit mau, amêsthi yèn sira bakal mati.

Allah ngandika malih, ora bêcik Adam iku yèn dhewea, ingsun bakal aparing pitulung kang dadia jodhone, tumuntên Adam kadamêl tilêm kapêjah dening Allah,

--- 2 ---

sarêng tilêm Adam lajêng kapêndhêt iganipun satunggil, labêtipun tumuntên kapulihakên kados ingkang wau, iga ka[1] kapêndhêt saking Adam wau Allah andadosakên èstri, lajêng kabêkta kaparingakên dhatêng Adam. Wicantênipun Adam, lho iki balung têka ing balungku, lan daging têka ing dagingku, iku tak arani wadon. Sabab dijuput têka ing lanang, mila tiyang jalêr anilar ing bapa biyungipun. Dados rakêt akalihan bojonipun. Sabab kadadosanipun daging satunggil. Adam kalih garwanipun taksih sami awêwuda, nanging botên mawi isin.

Tumuntên wontên sawêr akalipun anglangkungi ing sato khewan, kang katitahakên ing Allah sadaya, sawêr punika wicantên dhatêng tiyang èstri wau, apa nyata Allah ngandika, yèn kowe ora kêna amangan ing sarupaning kêkayon kang ana ing taman iki, wangsulanipun tiyang èstri, iya aku wis padha kalilan amangan ing woh kêkayon taman iki, nanging mung wohe wit kang ana satêngahing taman. Pangandikaning Allah aja sira amangan lan aja sira anggrayang, supayane sira aja nganti mati, wicantênipun sawêr wau dhatêng tiyang èstri, amêsthi yèn kowe ora mati, sabab Allah wis angudanèni,

--- 2 ---

samangsane kowe amangan ing woh iku, mripatmu banjur mêlèk. Wêruh ing ala bêcik kaya Allah, tumuntên tiyang èstri wau aningali, yèn wohing wit eca katêdha, sangêt gènipun amêmenginakên. Dene wit punika asri katingalana, sarta amurugakên dhatêng kasagêdan. Lajêng anggayuh wohipun nuntên katêdha, sarta ambêkta kaaturakên dhatêng ingkang raka, ingkang raka inggih lajêng dhahar, tiyang kalih mripatipun tumuntên sami mêlèk. Sami sumêrêp yèn awêwuda, tumuntên amêndhêt godhonging wit cêmara, kasambung-sambung kadamêl sasabing uratipun. Botên dangu lajêng sami mirêng swaraning Allah kang angidêri wontên salêbêting taman. Sawêg panuju wanci lingsir kilèn. Lajêng Adam lan garwanipun asingidan ing pangayunaning Allah, Allah lajêng andangu dhatêng Adam. Sira iku ana ing ngêndi, aturipun Adam. Kula mirêng ing swara tuwan wontên ing taman. Kula lajêng ajrih sabab kula wuda, mila asingidan. Allah ngandika malih, sapa kang anduduhake marang sira yèn sira iku wuda, apa sira mangan ing wohe uwit. Kang wis Ingsun dhawuhake yèn sira ora kêna amangan. Aturipun Adam. Tiyang èstri pêparing sampeyan punika kang sampun anyukani ing woh dhatêng kula, kula inggih

--- 3 ---

lajêng anêdha, pangandikaning Allah dhatêng tiyang èstri, apa nyata sira agawe kang mêngkono, aturipun tiyang èstri wau, sawêr ingkang angapusi dhatêng kula, mila lajêng kula têdha, Allah nuntên ngandika dhatêng sawêr, awit sira wis agawe kang kaya iku, mulane kênaa ing papa cintaka, luwih têka ing sato khewan kabèh, gonira lumaku wêtêngira kang minăngka sikil. Lêbu kang minăngka dadi panganira, salawas-lawase ing kauripanira, sira Ingsun gawe asêsatron lan wong wadon iku, apadene wijinira lan wijine wong wadon iku, bakal angrêmuk ing êndhasira, dene sira nyakot ing tungkake.

Pangandikaning Allah dhatêng tiyang èstri wau, Ingsun angêkèhake bangêt ing sêsakitira mungguhing wawêtênganira, gonira manak nganggo pakewuh, lan sira bakal manut marang bojonira, lakinira kang bakal angrèh marang sira.

Pangandikaning Allah dhatêng Adam. Mulane sira wis anuruti ing ature bojonira, wani amangan wohing wit kang wis Ingsun dhawuhake, sira ora kêna amangan. Bumi kêna ing cintaka awit dening sira, gonira ngupaya pangan anganggo pakewuh, salawas-lawase ing kauripanira, bumi mau bakal amêtokake êri, lan sira

--- 3 ---

bakal amangan thêthukulaning bumi, gonira anggolèki pangan kongsi mêtokake karingêt ing rainira, nganti salawase tutug sira mulih marang bumi ing ajalira, dene kadadeanira lêbu, iya muliha marang lêbu.

Punika Cariyosipun Nuh.

Nuh punika tiyang têmên-têmên ing bangsanipun, tansah angabêkti dhatêng Allah, Nuh punika wau agadhah putra têtiga sami jalêr, anama Sèm, Kham akalihan Yafèt. Allah sampun angudanèni yèn bumi karisakan kakêbakên durjana, sawêrnining tiyang kang wontên ing bumi, sami anglampahi ing pandamêl rêsah, Allah ngandika dhatêng Nuh, wêkasane wong iku kabèh padha têka ing ngarsaningsun. Sabab bumi wis kakêbakên durjana, iku bakal padha Ingsun sirnakake têka ing bumi, ing mêngko sira agaweya prau, kayu jati kang sira ênggoa, lan sira agaweya kêkurungan ana sajroning prau, sira karuwinga ing jêro lan ing jaba, gonira agawe prau iku dawane têlung atus asta, ambane sèkêt asta, dhuwure têlung puluh asta, sarta wènèhana payon iringêna mandhuwur, kang ngangsi muput saasta, lan maninge lawange sira angêtrapna ing lambunge, lan sira gaweya [ga...]

--- 4 ---

[...weya] tundha têlu, ing ngisor pisan ing têngah lan ing dhuwur, sabab Ingsun bakal anêkakake bêna, angrusak sarupaning daging kang ana sangisoring langit kabèh, nanging Ingsun lan sira agawe prasêtya, sira lan anak bojonira, apadene bojone anakira, padha lumêbua ing prau, lan sarupaning khewan padha sira lêbokna ing prau nyajodho-nyajodho, supaya padha urip. Manuk sarupa-rupane, khewan sarupa-rupane, lan kang padha barangkang ing bumi sarupa-rupane, sira gawaa lumêbu supayane padha urip. Lan maninge angumpulna sarupaning pangan, kang minăngka panganira lan ingone kang padha sira gawa, tumuntên Nuh anglampahi sapangandikaning Allah sadaya, kados kang sampun kasêbut ing ngajêng wau.

Nuntên Allah ngandika malih dhatêng Nuh, sira lan sarayatira kabèh padha lumêbua ing prau, sabab Ingsun wis angudanèni, yèn sira iku wong adil ing băngsa iki, dene khewan kang suci sira angapèka mitung jodho, nanging khewan kang sukêr sira angapèka nyajodho bae, utawa manuk ing awang-awang iya angapèka mitung jodho, supaya padha urip dadia wijine ing bumi kabèh, sabab sajroning pitung dina êngkas, Ingsun bakal [ba...]

--- 4 ---

[...kal] anurunake udan ing bumi, lawase patang puluh dina patang puluh wêngi, Ingsun bakal angrusak sarupaning gêgaweyan ingsun kang ana ing bumi kabèh, Nuh lajêng anglampahi sapangandikaning Allah sadaya, kalanipun Allah andhatêngakên bêna ing bumi, yuswanipun Nuh sawêg nêm atus taun. Tumuntên Nuh saputra garwanipun sarta bojonipun ingkang putra, sampun sami lumêbêt ing baita ing sadèrèngipun bêna, punapadene khewan ingkang suci akalihan ingkang sukêr, utawi pêksi sarta sawêrnining ingkang gumêrmêt ing siti, sampun sami kalêbêtakên ing baita nyajodho-nyajodho, kados pangandikaning Allah kang sampun kadhawahakên. Sarêng sampun sami lumêbêt sadaya, Allah kang anginêbi sawingkingipun. Sarêng sampun kalampahan dumugi ing pitung dintên, bêna lajêng andhatêngi ing bumi, awiting bêna punika yuswanipun Nuh sawêg nêm atus taun. Ing wulan kaping kalih tanggal kaping pitulas, ing dintên punika wêdalipun umbuling sêgantên, punapadene mêndhunging langit kaungkaban mêdal jawah dêrês dhawah ing bumi, laminipun kawan dasa dintên kawan dasa dalu, sarêng toya sangsaya agêng baita kombul manginggil. Kumambang sanginggiling toya, toya kang wontên ing bumi sangsaya mindhak-mindhak agêngipun. Anyilêpakên [Anyilê...]

--- 5 ---

[...pakên] pucuking ardi kang nginggil piyambak. Ingkang wontên sangandhaping langit sadaya, pucuking ardi kang kasilêp wau, inggilipun toya taksih lêt gangsal wêlas asta, sawêrnining daging pêksi khewan, sarta kang sami gumêrmêt ing bumi, punapadene manungsa sampun sami pêjah sadaya, amung Nuh ingkang kantun gêsang, akalihan kang sami kabêkta wontên ing baita, indhakipun toya ing bumi laminipun kalih bêlah dintên.

Tumuntên Allah èngêt dhatêng Nuh, utawi dhatêng khewan kang kabêkta wontên ing baita, lajêng Allah anurunakên angin dhatêng bumi, toya lajêng kèndêl. Umbuling sêgantên sarta mêndhunging langit sampun kapêpêtan. Jawah dêrês kang saking langit kèndêl. Toya kang wontên ing bumi wangsulipun lon-lonan. Awit sudanipun ing toya sarêng sampun kalampahan dumugi kalih bêlah dintên. Sarêng ing wulan kaping pitu tanggal kaping pitu likur, baita wau kandhas wontên ing rêdi Ararat. Toya sangsaya sudanipun ngantos dumugi ing wulan kang kaping sadasa, sarêng tanggal kaping sapisan wulan kang kaping sadasa wau, pucuking rêdi wiwit katingal. Sasampunipun kawan dasa dintên malih, tumuntên Nuh angêngakakên candhelaning baita, lajêng anguculakên pêksi gagak. Sasampuning mêdal pêksi gagak [gaga...]

--- 5 ---

[...k] wau matur akalangan dumugi asating toya, lajêng Nuh anguculakên pêksi dara, badhe angyêktosi sudanipun ing toya, nanging pêksi dara wau botên angsal pencokan. Sabab bumi taksih kanggenan toya lajêng wangsul ing baita, Nuh mulung astanipun pêksi dara kalêbêtakên ing baita malih, Nuh angêntosi ing pitung dintên êngkas. Lajêng anguculakên ing pêksi dara malih, wangsulanipun wanci sontên sarta cucukipun ambêkta pupusing kurma, amargi saking punika Nuh sumêrêp yèn ing mangke toya sampun suda, antawis pitung dintên êngkas malih Nuh anguculakên pêksi dara malih, lajêng botên wangsul. Sarêng yuswanipun Nuh nêm atus satunggal taun, ing wulan kaping sapisan tanggalipun kaping sapisan, punika asating toya, tumuntên Nuh angungkabi tutuping baita, lajêng aningali yèn toya sampun sirna, sarêng dumugi wulan kaping kalih tanggal kaping pitu likur, bumi sampun garing sadaya.

Tumuntên Allah ngandika dhatêng Nuh, sira lan saanak bojonira utawa bojone anakira, ing mêngko padha mêtua sêka ing prau, lan maninge sarupaning daging manuk khewan lan kang padha gumêrmêt ing bumi, iya padha mêtua kabèh, supaya abêbranahana lan mundhak-mundhaka dadi

--- 6 ---

isining bumi, tumuntên Nuh saputra garwanipun utawi putranipun mantu sami mêdal. Punapadene khewan pêksi sasamènipun wêdale saking baita apanthan-panthan.

Cariyosipun Nabi Ibrahim 1.

Allah angatingali dhatêng Ibrahim wontên ing wana Mamrèh, Ibrahim sawêg pinarak wontên ing kori pagriyanipun, panuju wanci bêdhug langkung panas, tumuntên Ibrahim tumênga ningali tiyang têtiga, kang sami jumênêng ing ngarsanipun, lajêng mêdal saking kori pagriyanipun amêthukakên sarta dhêkukul. Aturipun Ibrahim, mênawi parêng tuwan sampun ngantos langkung abdi sampeyan. Mugi tuwan wijika suku sampeyan sarta nglêgèyèha sangandhapipun uwit punika, kula badhe anyaosi dhaharan roti sakêdhik. Sasampunipun tuwan angecani galih sampeyan, nuntên sampeyan lajênga langkung, sarèhning sampeyan anglangkungi griyanipun abdi sampeyan. Wangsulanipun tiyang wau, iya lakonana ing satuturmu iku mau, Ibrahim tumuntên enggal malêbêt dhatêng griyanipun. Kapanggih ingkang garwa Dèwi Sarah, wicantênipun Ibrahim dhatêng Dèwi Sarah, ayo dienggal kowe jupuka galêpung gandum têlung takêr, ulêtên nuli gawenên apêm.

--- 6 ---

Tumuntên Ibrahim dhatêng ing panggenanipun lêmbu amêndhêt pêdhèt ingkang lêmu, lajêng dipun pasrahakên dhatêng rencangipun. Kinèn anyadhiyakakên enggal. Ibrahim inggih ambêkta puwan ingkang kênthêl sarta ingkang lêgi, punapadene pêdhèt kang sampun kasadhiyakakên sami kasaosakên dhatêng tamunipun. Ibrahim ngadêg wontên sangandhapipun uwit. Tamunipun lajêng sami dhahar, sarêng sampun dhahar tiyang têtiga wau, lajêng sami mengo badhe kesah dhatêng ing Sêdhom. Ibrahim lajêng angatêrakên. Allah angunadika, mungguhing sêdyaningsun Si Ibrahim iki apa Ingsun umpêtake, sabab Si Ibrahim iki bakal dadi băngsa gêdhe lan kuwasa, sarta bakal dadi ing kanugrahane sarupaning jinising bumi kabèh, sabab Ingsun wus sumurup yèn Ibrahim bakal amarentah marang saanak putune, angrumêksa timbalanipun Allah agawe bêcik lan adil. Supayane Allah anêkakake ing jangjine marang Ibrahim. Tumuntên Allah ngandika, wong Sêdhom lan wong Amorah akèh swarane, sabab wis bangêt aboting dosane, Ingsun nuruni bakal angudanèni swarane wong iku, kang wis tumêka marang Ingsun. Apa nyata apa ora saunine swarane wong iku mau, Ingsun bakal anguningani [angu...]

--- 7 ---

[...ningani] dhewe, tiyang wau sampun linggar saking ngriku, lajêng lampahipun dhatêng Sêdhom. Nanging Ibrahim taksih kèndêl ngadêg wontên ngarsanipun Allah, Ibrahim majêng sarta matur, punapaa sampeyan badhe angrisak tiyang ingkang adil kalihan tiyang ingkang awon. Ingkang saupami salêbêtipun nêgari punika wontên tiyang ingkang adil sèkêt. Punapa inggih sampeyan botên angapuntên ing panggenan punika, awit saking tiyang adil sèkêt wau, botên sayogya yèn sampeyan akarsaa ingkang mêkatên. Anumpês tiyang adil akalihan tiyang awon. Dados sami kimawon tiyang adil kalih tiyang awon. Botên sayogya ing sampeyan ingkang ngadili ing sajagad sadaya mawi lêrês. Wangsulanipun Allah, yèn Ingsun anêmu sajroning nêgara Sêdhom ana wonge kang adil sèkêt, iya bakal Ingsun apura panggonan iku, awit dening wong adil sèkêt iku mau, aturipun Ibrahim, kamipurun amba matur ing Tuwan. Kawula punika kang pindha lêbu kalihan awu, ingkang saupami tiyang adil wau sèkêtipun kirang gangsal, punapa inggiha nêgari punika badhe sampeyan risak sadaya, awit saking kirangipun gangsal wau, wangsulanipun Allah, Ingsun ora angrusak [angrusa...]

--- 7 ---

[...k] yèn nêgara iku ana wonge kang adil patang puluh lima, Ibrahim umatur malih dhatêng Allah, ingkang saupami wontên tiyang adil namung kawan dasa, wangsulanipun Allah, Ingsun ora gawe karusakan awit dening wong adil patang puluh, aturipun Ibrahim, mugi tuwan sampun duka amba munjuk malih, mênawi amung wontên tigang dasa, wangsulanipun Allah, iya ora Ingsun rusak yèn kono ana wong adil têlung puluh, Ibrahim munjuk malih, sangêt ing kamipurun amba matur ing Tuwan, bilih amung wontên kalih dasa, pangandikaning Allah, ora Ingsun rusak yèn ana wong adil rongpuluh, aturipun Ibrahim, ingkang mugi-mugi Tuwan sampun duka, amba munjuk malih sapisan êngkas. Ingkang saupami ing nêgari ngrika wontên tiyang adil sadasa, wangsulanipun Allah, ora Ingsun rusak lamun ana wonge kang adil sapuluh. Allah sasampuning kèndêl ngandika dhatêng Ibrahim lajêng kesah, Ibrahim tumuntên mantuk dhatêng griyanipun.

Malaekat kêkalih sampun dumugi ing Sêdhom wanci sontên. Lot panuju sawêg pinarak wontên kori sakèthèng ing Sêdhom. Sarêng Lot aningali lajêng amêthukakên sarta dhêkukul aturipun. Ingkang mugi tuwan mampira dhatêng griyanipun abdi sampeyan. Asipênga [A...]

--- 8 ---

[...sipênga] sarta awijika suku sampeyan. Benjing enjing kimawon tuwan anglajêngna ing lampah sampeyan. Wangsulanipun tiyang wau, aku ora nginêp ing jêro, bakal anginêp ing jaba bae, saking sangêt panjiyatipun Lot tiyang wau lajêng kampir malêbêt ing griyanipun. Tumuntên kasaosan pangunjukan sarta dhaharan. Lajêng sami dhahar, tiyang wau sadèrèngipun sami sare, tumuntên tiyang nêgari Sêdhom anèm sêpuh kêrigan. Sami angêpang dhatêng griyanipun Lot. Sami anguwuh dhatêng Lot wicantênipun. Wong kang wis lumêbu ing omahmu sawêngi iki ana ngêndi, wêtokna arêp padha tak ramuhi, tumuntên Lot mêdal saking griya, kori lajêng kakunci sapêngkêripun. Wicantênipun Lot, èh sakèhe sanak-sanakku aja kowe agawe ala marang dhayohku iki, aku duwe anak wadon loro tur misih padha prawan. Iku bakal tak wêtokake, tak wènèhake marang kowe, padha gawenên sakarêpmu, namung dhayohku iki aja kowe kapak-kapakake, sabab wong iku wis malêbu ing aube omahku, wangsulanipun tiyang ingkang sami ngêpang wau, lho kowe iki wong anyar, apa bakal anjêksani marang wong Sêdhom kabèh, ing mêngko aku bakal padha anyikara

--- 8 ---

marang kowe luwih têka ing dhayohmu, tiyang kang sami angêpsang[2] lajêng sangêt panjiyatipun dhatêng Lot. Sampun sami majêng badhe andêdêl kori, nuntên tamu kang wontên salêbêting griya wau astanipun angranggèh dhatêng Lot. Lajêng kalêbêtakên ing griya kori dipun kunci, tiyang kang wontên sajawining griya, agêng alit sami kadamêl lamur dhatêng tamu wau, dados botên sagêd angupadosi kori, tumuntên tamu kêkalih wau ngandika dhatêng Lot. Kowe ana ing kene apa duwe mantu anak lanang utawa wadon. Ingkang kaprênah sanak marang kowe kang ana nêgara kene, iku padha konên mêtu têka ing panggonane, sabab aku bakal anumpês ing panggonan iki, awit dening wis bangêt gêdhening swarane kang kapirsa ing Allah, aku iki diutus dening Allah kinèn anumpês ing tanah iki, tumuntên Lot mêdal wicantên dhatêng badhe mantunipun. Payo padha mêtu têka ing panggonan iki, sabab Allah bakal angrusak nêgara iki, nanging pangraosipun putra mantu wau, ingkang rama kawêstanan ngandika sasêmbranan kimawon. Sarêng wanci bangun malaekat wau angajak dhatêng Lot wicantênipun. Payo jupukên bojomu lan anakmu wadon kang padha ana, supaya aja kongsi katut karusak milu

--- 9 ---

dosane nêgara iki, nanging Lot tamban. Tamu wau lajêng anyandhak astanipun Lot. Punapadene astanipun ingkang garwa, sarta astanipun putra èstri kêkalih, awit dening saking sih wêlasipun Allah dhatêng Lot. Mila kawêdalakên saking nêgari, sarêng sampun dumugi ing jawi malaekat ngandika, ing mêngko kowe amitulungana ing awakmu dhewe, aja kowe nolèh, lan aja kandhêg ana sajroning wawêngkon iki, angungsia kowe marang gunung, supaya aja karusakan. Aturipun Lot, punika sampun mêkatên tuwan. Sarèhning kula sampun angsal sih wêlas sampeyan. Mugi Tuwan amêwahana kalih ingkang sampun kalampahan. Supados kula amanggiha gêsang, sabab kula botên sagêd ngungsi dhatêng rêdi, botên sande kula kacandhak ing bilai têmahan pêjah, ing ngriki wontên kitha alit kang cêlak nama Songar, mugi kalilana kula angungsi mrika, wangsulanipun malaekat wau, iya aku wis anglilani, sarta ora angrusak kutha kang kowe jaluk iku, payo dikêbat kowe ngungsia mrana, sadurunge kowe lunga, aku ora bisa angrusak nêgara iki, sarêng wêdaling srêngenge Lot sampun dumugi ing Songar, tumuntên Allah andhawahakên jawah dhatêng Sêdhom [Sêdho...]

--- 9 ---

[...m] utawi dhatêng Amorah, wêrni walirang kalayan latu, kadhawahan Allah kang saking swarga, sawêrninipun kang wontên tanah punika sawawêngkonipun sadaya, kitha saisinipun tiyang utawi thathukulan. Sampun sami karisak sadaya, nanging garwanipun Lot anglirakên wawêling anolèh lajêng salah kadadèn awêrni saka sarêm. Ibrahim sarêng wungu enjing: lajêng lumampah dhatêng panggenan gènipun kapanggih kalayan Allah, tumuntên Ibrahim mengo dhatêng Sêdhom utawi dhatêng Amorah, sawawêngkonipun sadaya, lajêng aningali kukus kumêlun kados kukusing pawon. Kalanipun Allah angrisak nêgari punika sawawêngkonipun. Allah èngêt dhatêng Ibrahim, awit dening punika mila Lot kaluwarakên saking bilaining nêgari, kang sampun dipun ênggèni, tumuntên Lot saputranipun èstri kêkalih wau, sampun mangkat saking Songar minggah dhatêng rêdi, sabab ajrih yèn amanggèna ing Songar, mila kaplaur manggèn wontên ing guwa saputranipun èstri kêkalih wau.

Cariyosipun Nabi Ibrahim 2.

Allah anjajal dhatêng Ibrahim anguwuh-uwuh, aturipun Ibrahim. Kula, pangandikaning Allah, anakira kang ontang-anting kang sira trêsnani Si Yiskak, iku sira

--- 10 ---

gawaa marang tanah Moriah, sêmbêlèhên lan obongên ing gunung, kang sira bakal Ingsun duduhake, sarêng wungu enjing Ibrahim lajêng momoti kuldinipun. Ambêkta rencang kêkalih, sarta pun Yiskak putranipun. Kajêng kang badhe kadamêl bêsmi sampun kasigar-sigar, lajêng mangkat kesah dhatêng panggenan kang sampun kapangandikakakên ing Allah, sarêng sampun angsal lêlampahan tigang dintên, Ibrahim tumênga aningali ing panggenan wau saking katêbihan. Nuntên ngandika dhatêng rencangipun. Kowe lan kuldi iki padha karia ana ing kene, aku lan bocah iki bakal lunga mrana, mêngko sawise aku sujud nuli aku bali mrene, kajêng kang badhe kadamêl bêsmi wau kagendhongakên ing Yiskak putranipun. Latu kalihan lading kacangking Ibrahim piyambak. Lajêng sami lumampah sakalihan. Tumuntên Yiskak matur dhatêng Ibrahim, rama punika sampun wontên latu akalihan kajêng, cêmpenipun ingkang badhe kabêsmi wontên ing pundi, wangsulanipun ingkang rama, wêruhanamu gèr Allah kang bakal amilih dhewe cêmpe kang kaobong, tumuntên sakalihan lajêng lampahipun. Sarêng sampun dumugi ing panggenan kang sampun kapitêdahakên ing Allah, lajêng Ibrahim adamêl pancaka, kajêng sampun katata, lajêng Yiskak [Yi...]

--- 10 ---

[...skak] katangsulan kadèkèkakên sanginggilipun pancaka wau, tumuntên Ibrahim nyandhak lading angranggèh badhe nyêmbêlèh ing putranipun. Lajêng malaekating Allah anguwuh-uwuh saking swarga pangandikanipun. Ibrahim, Ibrahim. Aturipun, kula, tanganira aja nganti ngranggèh marang bocah iku, aja sira kapak-kapakake, sabab ing mêngko aku wis sumurup. Yèn kowe mituhu ing Allah, nora anggrantês anakira kang ontang-anting Ingsun pundhut. Lajêng Ibrahim nolèh ing wingking ningali menda cangkol ing bondhot singatipun. Nuntên Ibrahim murugi mêndhêt menda badhe kabêsmi, minăngka dados lalintoning putranipun.

Tumuntên malaekating Allah anguwuh-uwuh dhatêng Ibrahim saking swarga kang kaping kalih, pangandikaning Allah, Ingsun supata ing sariraningsun dhewe, sabab sira wis anglakoni ing saparentah Ingsun. Nora anggrantês ing anakira kang ontang-anting, ing mêngko Ingsun ambêrkati marang sira kang luwih bangêt. Ingsun bakal angêkèhake bangêt ing wijinira, kaya lintanging langit utawa kaya wêdhi pinggiring sêgara, wijinira bakal anduwèni ing kuthane mungsuhe, sarupane jinising bumi kabèh bakal padha olèh kanugrahan awit dening wijinira, [wijini...]

--- 11 ---

[...ra,] sabab sira wis mituhu ing saparentah Ingsun iku mau.

Sasampuning punika Ibrahim lajêng wangsul dhatêng panggenaning rencangipun, tumuntên mangkat kesah dhatêng Brêsebah, Ibrahim lajêng manggèn wontên ing ngriku.

Cariyosipun Nabi Yakub.

Kacariyos Yakub mangkat kesah dhatêng tanah wetan. Panuju ningali wontên sumur ing tanah ngriku, sarta wontên menda kathah dados tigang pangkat, sami dhêkêm cakêt ing sumur wau, punika badhe dipun ombèkakên dhatêng tiyang ingkang sami angèn, nanging sumur wau wontên tutupipun sela agêng, tiyang ingkang sami angèn sadaya ngumpul ing ngriku, badhe angglundhungakên sela ingkang wontên sanginggilipun sumur wau, sasampunipun angombèkakên menda, sela wau lajêng kawangsulakên ing sumur panggenanipun lami, Yakub pitakèn dhatêng tiyang ingkang sami angèn. Kakang sampeyan punika tiyang ing pundi, aturipun tiyang wau, kula sami tiyang Kharan. Yakub pitakèn malih, punapa sampeyan uninga ingkang nama Laban putranipun Nakor, aturipun tiyang wau, inggih sampun uninga, Yakub pitakèn malih, punapa taksih wilujêng, aturipun tiyang wau, inggih taksih wilujêng, lho ing ngrika wontên putranipun Laban kang nama Rakhèl. Punika inggih [ing...]

--- 11 ---

[...gih] badhe ngombèkakên menda mriki, Yakub ngandika, sapunika taksih siyang, dèrèng mangsanipun anggiring khewan. Suwawi kula aturi sami angombèkakên menda, lajêng sami angèna malih, aturipun tiyang wau, kula botên sagêd mênawi dèrèng ngumpul sakănca kula sadaya, badhe sami angglundhungakên sela saking sumur, nuntêna sami angombèkakên menda, dèrèng dumugi gènipun wicantênan dhatêngipun Rakhèl, ambêkta menda kagunganipun ingkang rama, kang dipun ngèn dhatêng Rakhèl. Sarêng Yakub ningali Rakhèl putranipun Laban kakangipun ingkang ibu, punapadene mendanipun ingkang uwa, nuntên enggal Yakub majêng angglundhungakên sela, ingkang wontên sanginggilipun sumur, lajêng mendanipun ingkang uwa dipun ombèkakên sadaya, Yakub tumuntên angaras dhatêng Rakhèl sarta muwun, anyukani uninga yèn piyambakipun kaprênah putra kaponakan dhatêng ingkang rama, dados piyambakipun putranipun Rifkah, tumuntên Rakhèl enggal lumajêng badhe ngaturi uninga dhatêng ingkang rama, sarêng Laban mirêng aturipun ingkang putra, yèn Yakub punika putranipun ingkang rayi Rifkah, tumuntên lumajêng amêthuk. Sampun kapanggih lajêng angrangkul sarta angaras dhatêng Yakub kabêkta lumêbêt ing dalêm. Yakub anyariyosakên [anyari...]

--- 12 ---

[...yosakên] dhatêng Laban barang sapratingkahipun sadaya, Laban ngandika dhatêng Yakub. Kowe iki kulit dagingku têmênan. Sarêng Yakub wontên ing ngriku antawis laminipun sawulan Laban ngandika dhatêng Yakub. Sarèhning kowe kaponakanaku, wis ngawula marang aku tanpa blănja, payo kowe matura apa kang dadi blanjamu, Laban punika gadhah putra kêkalih sami èstri, namanipun ingkang sêpuh Lengah, ingkang anèm anama Rakhèl. Pun Lengah punika mripatipun suthup. Dene Rakhèl wêrninipun ayu cahyanipun sae, Yakub rêmên dhatêng Rakhèl aturipun dhatêng ingkang uwa, kula badhe ngawula ing sampeyan laminipun pitung taun. Ingkang minăngka sasrahan angsala pun Rakhèl putra sampeyan ingkang anèm. Wangsulanipun Laban, iya bêcik tak wènèhake marang kowe karo marang wong liyan. Kowe ngèngèra marang aku, tumuntên Yakub ngawula pitung taun badhe angsal Rakhèl. Pangraosipun namung antawis dintên awit saking rêmênipun dhatêng Rakhèl. Yakub matur dhatêng Laban. Sampeyan amaringana bojo kula, sabab sampun dumugi ing mangsanipun jangji kula, kula mugi nuntên kapanggihna, tumuntên Laban angatur-aturi tiyang salêbêting panggenan punika sadaya, sarta [sar...]

--- 13 ---

[...ta] asêdhiya kang badhe sugata, sarêng sampun sontên Laban tumuntên anglêbêtakên putranipun Lengah dhatêng Yakub. Lajêng sami pêpanggihan. Laban amaringi dhatêng putranipun rencang èstri ingkang nama Silpah, kang minăngka dados rencangipun Lengah, sarêng Yakup wungu enjing ingkang katingal pun Lengah, nuntên matur dhatêng Laban. Sampeyan adamêl punapa dhatêng kula, gèn kula ngawula punika jangji kula angsala pun Rakhèl, sabab punapa sampeyan ngapusi dhatêng kula, wangsulanipun Laban, dudu adate wong kene, yèn anglakèkna kang nom sadurunge kang tuwa, kowe anggênêpana amor ing pitung dina iki, sawise aku iya maringake Si Rakhèl dadi bojomu, nanging kowe ngawulaa manèh marang aku pitung taun êngkas. Yakub anglampahi anjangkêpi pitung dintên punika, tumuntên Laban amaringi bojo pun Rakhèl, sarta Rakhèl kaparingan Bilkah minăngka dados rencangipun. Yakub lajêng kapanggih kalayan Rakhèl. Rêmênipun Yakub dhatêng Rakhèl langkung saking dhatêng Lengah, inggih mawi angawula pitung taun malih, Allah sarêng ningali, pun Lengah botên dipun rêmêni dhatêng Yakub, nuntên Lengah kabukak pawèstrènipun. Dene pun Rakhèl tinitah gabug. Tumuntên Lengah anggarbini

--- 13 ---

babar putra jalêr kaparingan nama Rêubèn. Wicantênipun Lengah, Allah wis anguningani ing karibêdanaku, ing mêngko mênawa bojoku bakal dhêmên marang aku, tumuntên anggarbini babar malih miyos jalêr, kaparingan nama Simngon. Wicantênipun Lengah, Allah wis miyarsa yèn aku ora olèh sihing bojoku, mulane Allah iya amaringi iki, tumuntên anggarbini babar malih miyos jalêr, kaparingan nama Lèwi, wicantênipun Lengah, ing sapisan iki bojoku bakal rakêt lan aku, sabab aku wis ambabarake anak lanang têlu, tumuntên anggarbini babar malih miyos jalêr, kaparingan nama Yêhudah, wicantênipun Lengah, ing sapisan iki aku bakal angluhurake ing Allah, punika tumuntên Lengah kèndêl botên ambabar.

Sarêng Rakhèl rumaos yèn awakipun piyambak botên kagungan putra, sangêt panas galihipun dhatêng ingkang bok ayu, aturipun dhatêng Yakub, sampeyan mugi paringa anak dhatêng kula, yèn botên mêkatên kula plaur pêjah, sarêng mirêng Yakub sangêt dukanipun dhatêng Rakhèl pangandikanipun. Aku dudu Allah, Allah durung aparing marang kowe ambabarake anak. Aturipun Rakhèl, rencang kula pun Bilkah kimawon sampeyan [sampeya...]

--- 14 ---

[...n] pundhut sêlir, supados anglairêna jabang bayi wontên ing pangkon kula, inggih kula ingkang badhe amêndhêt. Nuntên Rakhèl ngaturakên rencangipun Bilkah dhatêng Yakub, minăngka dados garwa sêlir, lajêng Yakub anunggil sare dhatêng rencang èstri wau, Bilkah tumuntên wawrat ambabar putra jalêr, Rakhèl amaringi nama Dhan wicantênipun. Allah wis aparing adil marang aku, sarta wis mirêng ing swaraku nuli aparing anak. Tumuntên Bilkah rencangipun Rakhèl wau wawrat malih ambabar putra jalêr, kaparingan nama Naptali wicantênipun Rakhèl. Aku wis padu bangêt lan bok ayuku, nanging saiki aku mênang.

Sarêng Lengah rumaos yèn awakipun kèndêl botên ambabar, tumuntên angaturakên rencangipun Silpah dhatêng Yakub, minăngka dadosa garwa sêlir, nuntên Silpah rencangipun Lengah inggih ambabar putra jalêr, kaparingan nama Gad wicantênipun Lengah, sokur, Silpah rencangipun Lengah ambabar malih putra jalêr, kasukanan nama Asar, wicantênipun Lengah, wong wadon kabèh bakal padha anglumrahake, yèn aku olèh kabêgjan.

Tumuntên kocap Rêubèn adolan, kalanipun măngsa panèn gandum. Punika amanggih thukulan dudayin wontên satêngahing sabin. Nuntên thukulan wau kapêndhêt [kapê...]

--- 14 ---

[...ndhêt] kaaturakên dhatêng ingkang ibu, aturipun Rakhèl dhatêng Lengah, dudayin gènipun angsal putra sampeyan wau, yèn parêng kula suwun. Wicantênipun Lengah, kowe wis angêpèk marang bojoku, lan saiki kowe iya arêp anjaluk ing dudayine anakku, aturipun Rakhèl. Ing sadalu punika kula anglilani sampeyan tunggila sare, yèn sampeyan amaringake dudayinipun putra sampeyan wau, sarêng wanci sontên Yakub kundur saking sabin, Lengah amêthukakên sarta matur, sampeyan tunggila sare sadalu punika kalayan kula, awit dening kula sampun amaringi dudayinipun anak kula dhatêng ingkang rayi, dados sampeyan punika minăngka ganjaran, lajêng Yakub atunggil sare ing sadalu punika, Allah sampun angudanèni dhatêng Lengah, tumuntên anggarbini babar putra jalêr, dados gangsal putranipun. Wicantênipun Lengah, Allah wis angganjar marang aku kang kajaba ganjaran kang wis mêtu têka ing baturku, kang wis tak aturake marang bojoku, putra wau lajêng kaparingan nama Yisakar, tumuntên Lengah anggarbini malih ambabar putra jalêr, dados jangkêp nênêm putranipun. Wicantênipun Lengah, Allah wis amaringi ganjaran. Amêsthi ing sapisan iki bojoku bakal karsa tunggal [tung...]

--- 14 ---

[...gal] omah lan aku, sabab aku wis ambabarake putra lanang nênêm. Tumuntên putra wau kaparingan nama Sêbulon. Sasampuning punika Lengah tumuntên ambabar malih, miyos èstri kaparingan nama Dinah.

Allah sampun emut angudanèni ing Rakhèl sarta ambukak ing pawèstrènipun. Rakhèl tumuntên anggarbini babar putra jalêr, kaparingan nama Yusuf. Wicantênipun Rakhèl, Allah wis angilangake ing kanisthanku, sarta Allah bakal aparing wuwuh aku ambabarake anak manèh.

Sasampunipun Rakhèl ambabar putra Yusuf wau, Yakup lajêng matur dhatêng Laban marasêpuhipun. Punika sampeyan mugi anglilanana, kula badhe kesah mantuk dhatêng tanah kalairan kula, Yakub lajêng mangkat ambêkta para putra garwa, sami katumpakakên unta.

Wontên cariyos malih, Yakub sampun mangkat saking Bètèl. Sampun antawis têbih saking Epratah, tumuntên kocap Rakhèl anyakiti, sangêt sakitipun badhe ambabar, sarêng sakitipun sangsaya angêt dhukun èstri satunggil matur, sampeyan sampun kuwatos, sabab punika sampeyan badhe ambabar putra jalêr, sarêng jabang bayi miyos Rakhèl kalêmpêr, sampun amaringi nama dhatêng kang putra Benoni Rakhèl lajêng seda, dene [de...]

--- 15 ---

[...ne] ingkang rama amaringi nama Bunyamin. Rakhèl sasedanipun konduran lajêng kapêtak wontên sapinggiring margi kang dhatêng Epratah, Epratah punika inggih Bètlèhèm. Tumuntên Yakub angadêgakên kijing sanginggiling pakuburanipun ingkang garwa, dene kijing ingkang wontên sanginggiling pakuburanipun Rakhèl wau, ngantos ing dintên punika taksih katingalan.

Para putranipun Yakub sadaya cacahipun kalih wêlas. Ingkang miyos saking Lengah kang pêmbajêng Rêubèn, lajêng Simngon, Lèwi, Yêudah, Yisakar, Sêbulon. Ingkang miyos saking Rakhèl, Yusuf sarta Bunyamin. Ingkang miyos saking Bilkah rencangipun Rakhèl, Dhan sarta Naptali, ingkang miyos saking Silpah rencangipun Lengah, Gad sarta Asar, putranipun Yakub wau sami, kababarakên sadaya wontên ing Padhanharam.

Cariyosipun Nabi Yusuf 1.

Yusuf sarêng sampun umar[3] pitulas taun, angèn menda kalih kadangipun putranipun Bilkah, utawi putranipun Silpah, punika sami garwanipun sêlir Yakub, nuntên Yusuf ambêkta kabar awon mênggahing kadangipun. Kaaturakên dhatêng ingkang rama, Yakub sangêt atrêsna dhatêng

--- 15 ---

Yusup langkung saking para putranipun sadaya, sabab Yakub gènipun apêputra Yusuf punika sampun kapanggih sêpuh, sarta kadamêlakên rasukan ăntakusuma, sarêng kadangipun mirsa yèn bapakipun atrêsna dhatêng Yusuf, langkung saking sasêdhèrèkipun sadaya, dados sami asêngit dhatêng Yusuf. Botên purun awicantên mawi salam, tumuntên Yusuf anyupêna, supênanipun wau lajêng kacariyosakên dhatêng kadangipun. Dados kadangipun wêwah ing sêngitipun. Wicantênipun Yusuf dhatêng para kadang, padha pirsakna impènku mau bêngi, katone aku lan kowe padha analèni pari, ana satêngahing sawah, dene gèdhènganaku banjur ngadêg sarta mêndhêg. Sarupane gagedhenganamu padha angrubung sarta andhêngkluk ing gèdhènganaku, wangsulanipun ingkang para kadang, apa kowe iki bakal angratoni lan angrèh ing sadulurmu kabèh, dados sami wêwah sêngitipun awit dening supênanipun wau, punapadene bab ing wicantênipun. Tumuntên Yusuf anyupêna malih, supênanipun sanès kalih ingkang rumiyin. Inggih nuntên kacariyosakên dhatêng para kadangipun. Wicantênipun Yusuf, aku wis angimpi manèh, katone aku andêlêng srêngenge rêmbulan, utawa lintang kèhe sawêlas. Iku padha urmat andhêngkluk marang [ma...]

--- 16 ---

[...rang] aku, supênanipun mêkatên wau dipun cariyosakên dhatêng ingkang rama, utawi dhatêng para kadangipun. Ingkang rama lajêng anyêntak pangandikanipun. Impènmu iki apa kang kowe impèkake, apa aku lan ibumu utawa sadulurmu kabèh, bakal padha tumungkul ing lêmah marang kowe, mila para kadangipun sami mèri dhatêng Yusuf. Nanging ingkang rama anyimpêni ing wicantên punika wau, tumuntên kadangipun sami kesah sadaya, badhe angèn mendanipun ingkang rama dhatêng Sèkhêm. Yakub ngandika dhatêng Yusuf. Kakangamu padha angon wêdhus marang Sèkhêm, ayo kowe tak kongkon marang kakangamu, aturipun Yusuf sandika, dhawahipun Yakub. Payo mangkata pirsanên kakangamu lan wêdhuse, apa wis padha sêlamêt. Nuli kowe balia anggawaa kabar, Yakub angutus saking jurang Khebron. Yusuf sampun dumugi ing Sèkhèm lajêng angidêri ing pasabinan. Nuntên kapanggih kalih tiyang satunggil. Tiyang punika wicantên, thole kowe iku golèk apa, wangsulanipun Yusuf, kula punika angupadosi sadhèrèk kula, yèn sampeyan sumêrêp mugi aparinga pitêdah ing pundi gènipun angèn. Tiyang wau wicantên, ing mêngko wis padha lunga têka ing kene, lan aku ngrungu

--- 16 ---

calathune, payo padha lunga marang Dotan. Tumuntên Yusup mangkat nusul ing sadhèrèkipun. Sampun kapanggih wontên ing Dotan. Sarêng para kadangipun aningali dhatêng Yusuf saking katêbihan, ing sadèrèngipun cakêt sami apirêmbagan awon badhe amêjahi dhatêng Yusuf. Wicantênipun para kadang, lho kae bocah kang tukang ngimpi têka, payo ing saiki Si Yusuf padha dipatèni, nuli dicêmplungake ing luwang, aku banjur padha matur marang rama, yèn Si Yusup wis pinangan ing buron alas. Bakal padha angyêktèni apa kang dadi impèna,[4] sarêng Rêubèn mirêng pirêmbaganipun, nuntên gadhah kaniyatan badhe anguculakên dhatêng Yusuf saking astaning sasêdhèrèkipun. Rêubèn lajêng wicantên, aja padha angilangake nyawa, aja kongsi amutahake gêtihe, cêmplungna ing luwangan bae, kang ana ngara-ara iku, lan aja anangani, punika karsanipun Rêubèn gènipun badhe anguculakên, sarta amangsulakên dhatêng ingkang rama, Yusuf sasampunipun kapanggih kalih para kadangipun, lajêng kadhedhelan rasukan utawi nyampingipun, tumuntên Yusuf kacêmplungakên ing luwangan, nanging luwangan punika kothong, botên wontên isinipun toya, sarêng para kadangipun sampun sami lênggah sarta

--- 17 ---

adhahar roti, lajêng sami mandêng ningali yèn wontên tiyang băngsa Yismangèl sami agêguyuban. Kang sami sawêg dhatêng saking Gilngad. Untanipun sami kawawratan pala lisah cêndhana utawi mênyan, sami lumampah sumêdya badhe mêdhun dhatêng Mêsir, Yêudah wicantên dhatêng sadhèrèkipun, apa pakolihe adhiku dipatèni lan patine diumpêtake, angur didol bae adhiku marang wong băngsa Yismangèl iki, aja nganti ditangani, sabab iki sadulurku lan kulit dagingku, para kadang sadaya sami rêmbag. Tumuntên tiyang băngsa Yismangèl wau ingkang sami alampah grami langkung, Yusuf lajêng dipun êntas kabêkta minggah, lajêng kasade dhatêng tiyang băngsa Yismangèl wau, katumbas kalih dasa sêkêl. Tumuntên Yusuf kabêkta dhatêng nagari Mêsir, sarêng Rêubèn wangsul dhatêng ing paluwangan, aningali Yusuf sampun botên wontên, lajêng anyuwèk sinjangipun. Nuntên wangsul dhatêng panggenaning sadhèrèkipun sarta wicantên. Bocah iku mau têka ora nana, kapriye ing saiki polahku, tumuntên para kadang sami anyêmbêlèh menda jalêr, rasukanipun Yusup dipun cêlubakên ing rah menda wau, lajêng kabêkta mantuk kaaturakên dhatêng ingkang rama, aturipun para putra, punika kula sami amanggih, punika punapa rasukanipun [rasukanipu...]

--- 17 ---

[...n] putra sampeyan, punapa dede, Yakub sarêng ningali botên pandung lajêng ngandika, iya iki pêsthi klambine anakku, amêsthi anakku Si Yusup wis pinangan ing buron alas sarta sinuwèk-suwèk. Tumuntên Yakub anyuwèk ing sinjangipun piyambak, sarta sariranipun lumêbêt ing kanthong, ngantos lami gènipun anangisi ingkang putra, para putranipun jalêr èstri sadaya sumêdya badhe anglipurakên galihipun ingkang rama, nanging ingkang rama botên karsa pangandikanipun. Wit dening prihatinku angur aku dikumpulna lan anakku Si Yusuf panggonane wong mati, mêkatên sêsambatipun ingkang rama gènipun anangisi ingkang putra.

Cariyosipun Nabi Yusuf 2.

Yusuf sampun kaudhunakên dhatêng tanah Mêsir, nuntên katumbas ing Potipar tiyang Mêsir, punggawanipun Raja Pirangon, kapalanipun abdi kaparak, katumbas saking tiyang băngsa Yismangèl. Ingkang angudhunakên dhatêng Mêsir wau, Allah sampun angayumi dhatêng Yusuf. Mila dados tiyang wilujêng wontên griyaning bêndaranipun tiyang Mêsir wau, sarêng bêndaranipun ningali yèn têtumbasanipun kaayuman ing Allah, sarta salêlampahanipun sadaya Allah anglêstantunakên ing tanganipun. Mila Yusuf [Yusu...]

--- 18 ---

[...f] amanggih sihing bêndaranipun kangge gènipun angladosi, nuntên Yusuf kadamêl lêlurah salêbêting griya, punapa barang sakagunganipun ing bêndara wau, sadaya kapasrahakên dhatêng tanganipun Yusuf. Kalanipun Yusuf kadamêl lêlurah salêbêting griya, sarta ing barang sakagunganipun bêndara sadaya, nuntên Allah aparing nugraha dhatêng tiyang Mêsir wau, nugrahaning Allah sampun katingal wontên ing griya utawi kang wontên ing sabin. Dene bêndaranipun sampun amasrahakên barang wau sadaya ing tanganipun Yusuf. Sampun botên anguningani punapa-punapa, kajawinipun namung roti ingkang kadhahar.

Wondening dêdêgipun Yusuf pidêksa wadananipun sae, sarêng sampu antawis lami, garwaning bêndaranipun anyawang dhatêng Yusuf, sarta wicantên, payo kowe anunggala turu lan aku, nanging Yusuf sangêt lumuhipun. Aturipun dhatêng garwaning bêndara wau, kadospundi bêndara kula sampun pitados dhatêng kula, sarta kula kapasrahan punapa barang sakagunganipun isining griya, kula kadamêl agêng piyambak ing griya, kula sampun botên kawangênan ing punapa-punapa, kajawi bab sampeyan punika, awit dening sampeyan garwanipun. Kadospundi yèn kula anglampahana awon agêng ingkang sêmantên [sêmantê...]

--- 18 ---

[...n] punika, adamêl dosa ing Allah, kalampahan ing sabên dintên garwaning bêndara wau, wicantênipun anêdha katunggila tilêm. Nanging Yusuf sangêt pamoponipun. Sarêng panuju ing satunggil dintên Yusuf lumêbêt ing griya, badhe anyambut damêl, nanging kapêncil botên wontên tiyang malih ing griya, garwaning bêndara wau lajêng anyandhak rasukanipun Yusuf, wicantênipun, payo kowe anunggala turu lan aku, lajêng Yusuf anilar rasukanipun ing astane garwaning bêndaranipun. Nuntên enggal lumajêng mêdal ing jawi, sarêng garwaning bêndara wau ningali, yèn rasukanipun Yusuf katilar ing astanipun, sarta sampun lumajêng mêdal, lajêng animbali abdinipun tiyang griya, wicantênipun dhatêng abdi wau, kowe sumurupa yèn wong ngèwêr iku kang dituku bojoku, wis malêbu ing kene anjawat marang aku sarta anjaluk tunggal turu lan aku, nanging aku banjur anjêrit. Barêng wong iku krungu yèn aku anjêrit angundang wong, banjur aninggal ing klambine disandhingake ngaku, banjur lumayu mêtu ing jaba, klambine iki ora tak lih têka ing panggonane, ngantia ing têkane bojoku, botên dangu bojonipun nuntên rawuh, lajêng ingkang garwa matur kados ing nginggil wau punika aturipun. Abdi sampeyan tiyang ngèwêr kang sampun [sa...]

--- 19 ---

[...mpun] sampeyan tumbas punika anjawat dhatêng kula, lajêng kula anjêrit sarta animbali tiyang, nuntên tiyang punika anilar rasukanipun kasandhingakên ing kula, piyambakipun lajêng lumajêng ing jawi, sarêng bêndaranipun mirêng aturipun ingkang garwa, yèn abdinipun adamêl awon mêkatên, lajêng saklangkung duka, nuntên Yusuf kacêpêng kalêbêtakên ing kunjaran, panggenanipun tiyang dêdosan ing raja, sarêng Yusuf wontên ing kunjaran Allah sampun aparing wêlas, sarta Yusuf amanggih sihipun ing lêlurahipun tiyang kunjaran. Lurahing kunjaran wau sampun amasrahakên ing astanipun Yusuf sawêrnining tiyang kang wontên kunjaran wau, dados Yusuf kang damêl amêdanani ing padamêlanipun. Dene lêlurah kunjaran wau sampun botên anguningani punapa-punapa, kang wontên ing astanipun Yusuf. Sabab Allah angayumi ing Yusuf sarta anglêstantunakên ing lêlampahanipun.

Sasampuning punika wontên tiyang tukang pangunjukan utawi tiyang tukang roti, punika sami agadhah dosa dhatêng bêndaranipun Raja Mêsir, Pirangon sampun andukani dhatêng abdi kêkalih wau, nuntên sami kadèkèkakên ing warangkan, wontên griyaniun abdi lurah kaparak. Ing kunjaran panggenanipun Yusuf wau dipun tutup. [tutu...]

--- 19 ---

[...p.] Yusup kinèn angladosi ing tiyang kêkalih wau dhatêng lêlurah abdi kaparak. Tiyang kêkalih wau gènipun wontên ing warangkan sampun sataun, lajêng sami anyupêna piyambak-piyambak sami sadalu, wondening tiyang tukang pangunjukan sarta tiyang tukang roti, abdinipun Raja Mêsir kang sami katutup wau, supênanipun wontên jarwanipun piyambak-piyambak. Sarêng enjing Yusufa[5] amanggihi ing tiyang kêkalih wau, aningali wêdananipun sumêrêp yèn sami prihatos. Lajêng pitakèn dhatêng tiyang kêkalih punika wicantênipun. Sabab punapa wêdana sampeyan ing dintên punika sanès kalihan sabên. Wangsulanipun tiyang kêkalih wau, sabab aku mau bêngi padha angimpi, nanging ora nana kang bisa anarbuka ing têgêse, aturipun Yusuf, punika anjawi Allah kang sagêd anarbuka ing supêna, sumăngga sampeyan anyariyosêna dhatêng kula, tumuntên lurah pangunjukan wau anyariyosakên supênanipun dhatêng Yusuf. Wicantênipun, anadene impènku aku dêlok uwit anggur ana ing ngarêpku, ing wit anggur mau ana pange têlu, kang thukul godhonge lan kang mêtu kêmbange, sarta ing gantilane ana wohe kang matêng, apadene cangkire Pirangon ana ing tanganku,

--- 20 ---

lan aku amêrês wohe, tak dokokake ing cangkire Pirangon. Lan aku banjur anyaosake cangkire mau marang astane Pirangon. Aturipun Yusuf, êpang anggur têtiga wau têgêsipun tigang dintên. Kirang tigang dintên êngkas Pirangon badhe anjunjung ing kalênggahan sampeyan kawangsulakên malih, sarta sampeyan badhe anyaosi cangkir ing astanipun Pirangon. Kados patrap ingkang rumiyin kala sampeyan taksih dados tukang pangunjukan. Punika ingkang mugi sampeyan emuta dhatêng kula, benjing yèn sampeyan sampun sakeca, sarta adamêla sih dhatêng ing kula, sampeyan sagêda matur angemutakên dhatêng Pirangon, kula mugi kaluwarana saking ing griya punika, sabab kula punika ingkang wau kacolong saking tanah băngsa Ngèwêr, kula wontên ing ngriki botên adamêl awon. Sabab punapa kula kadèkèkakên ing kunjaran. Sarêng lurah tukang roti mirêng, yèn supênanipun kancanipun wau sae jarwanipun, lajêng anyariyosakên supênanipun piyambak dhatêng Yusuf. Aku iya wis ngimpi, ana kranjang tatêlu ing êndhasku padha isi roti, kranjang kang ana ing dhuwur dhewe iku isi sarupane dhêdharaning Pirangon. Kang digawe ing

--- 20 ---

tukang roti, iku tumuli ana manuk têka, banjur anucuk panganan kang ana ing kranjang kang tak sunggi mau, aturipun Yusuf, kranjang tiga punika têgêsipun tigang dintên. Kirang tigang dintên êngkas, sirah sampeyan badhe kakêthok sarta sampeyan badhe kagantung ing kajêng, punapadene daging sampeyan badhe dipun cucuki ing pêksi, sasampuning kalampahan ing tigang dintên, anuju dintên wiyosanipun Pirangon. Sawêrnining abdinipun sami kabujanakakên sadaya, Pirangon nuntên anjunjung ing abdi lurah pangunjukan sarta lurah tukang roti wau, wontên ing pasamoaning abdinipun kathah, lurah tukang pangunjukan sampun kawangsulakên ing kalênggahanipun lami, anyaosi cangkir ing astanipun Pirangon. Wondening lurah tukang roti kagantung, kados wicantênipun Yusuf gènipun anjarwakakên. Nanging lurah tukang pangunjukan wau botên emut dhatêng Yusuf, sangêt ing kasupènipun.

Wontên antawis laminipun kalih taun, Pirangon anyupêna katingalipun ngadêg wontên sapinggiring bênawi, aningali wontên lêmbu pitu sae sarta lêma, sami mêntas saking ing bênawi, lajêng sami saba ing panggenan galagah, sapêngkêripun lêmbu pêpitu wau, nuntên wontên lêmbu pitu mêntas malih, [ma...]

--- 21 ---

[...lih,] nanging sami awon sarta kêra, lêmbu wau lajêng sami ngadêg wontên sapinggiring bênawi, tumuntên lêmbu pêpitu ingkang awon sarta ingkang kêra wau, sami amăngsa ing lêmbu kang sae sarta lêma, sasampunipun Pirangon lajêng wungu, nuntên asare malih Pirangon inggih supêna malih, katingalipun wontên dami satunggil, thukul wulènipun pêpitu lêma sarta aos. Sasampunipun nuntên thukul wêwulèn pitu malih, nanging sami kêra sarta gêsêng katiyup ing angin wetan. Tumuntên wêwulèn kang kêra amăngsa ing wêwulèn pitu kang sami lêma aos. Pirangon lajêng wungu gènipun sare pangandikanipun, lho aku ngimpi, sarêng enjing Pirangon èmêng galihipun, lajêng utusan animbali para nujum pujăngga ing tanah Mêsir sadaya, Pirangon nuntên anyariyosakên ing supênanipun. Nanging botên wontên ingkang sagêd anarbuka ing têgêsipun. Tumuntên abdinipun Pirangon lurah pangunjukan matur aturipun. Ing sapunika kula kaemutan ing dosa kula, sampeyan dalêm sampun andukani dhatêng kula, utawi dhatêng lurah tukang roti, sami kadèkèkakên ing warangkan, griyaniupun abdi lurah kaparak. Kula utawi lurah tukang roti anyupêna sami sadalu, inggih wontên [wo...]

--- 21 ---

[...ntên] têgêsipun supêna wau piyambak-piyambak. Ing ngriku panuju wontên lare băngsa Ngèwêr, rencangipun abdi dalêm lurah kaparak. Kula akalihan lurah tukang roti sami anyariyosakên ing supêna kula dhatêng lare wau, sampun katarbuka ing têgêsipun supêna wau piyambak-piyambak. Punapa ing sapanarbukanipun inggih sampun kalampahan sadaya, kula kawangsulakên ing kalênggahan kula, wondening lurah tukang roti sampun kagantung, Pirangon nuntên utusan animbali dhatêng Yusuf, enggal kapêndhêt saking kunjaran, sarta karêsikan sariranipun asalin pangangge, sampun dumugi wontên ngarsanipun Pirangon. Tumuntên Pirangon ngandika dhatêng Yusuf, mulane kowe tak undang aku angimpi, nanging ora nana kang bisa anarbuka ing têgêse, aku wis angrungu kabar, yèn kowe bisa anarbuka impèning wong anggêre kowe angrungu, aturipun Yusuf dhatêng Pirangon. Kula nuwun botên: bab punika Allah ingkang badhe amangsuli wilujêng dhatêng sampeyan dalêm. Pangandikanipun Pirangon dhatêng Yusuf, aku angimpi katone sajroning pangimpèn, aku ngadêg ana sapinggiring bêngawan, tumuli ana sapi pêpitu lêmu-lêmu abêcik rupane, iku padha mêntas têka [tê...]

--- 22 ---

[...ka] ing bêngawan. Banjur padha saba ing gêlagah, sawise nuli ana manèh sapi pêpitu mêntas. Padha kuru-kuru sarta ala rupane bangêt ing nglêmpète, aku durung wêruh saubênge ing tanah Mêsir kabèh kang ala kaya iku, tumuli sapi kang padha anglêmpèt wadhuke kang ala rupane, amăngsa ing sapi pêpitu kang padha lêmu kang mêntas dhingin. Wis kalêbu ing wadhuke, nanging wadhuke misih padha anglêmpèt. Rupane misih ala kaya kang mau, sawise iku aku banjur wungu, tumuli aku angimpi manèh, katone sajroning pangimpèn, ana wêwulèn pitu thukul ing dami sawiji padha lêmu lan aos. Sawise nuli ana thukul wêwulèn pitu manèh, padha gabug sarta kuru gêsêng katiyup ing angin wetan. Wêwulèn kuru mau nuli amăngsa ing wêwulèn pitu kang aos. Aku wis takon marang para nujum pujăngga, nanging ora nana kang bisa anjarwakake marang aku, aturipun Yusuf dhatêng Pirangon. Mênggah supêna dalêm punika amung satunggil ing têgêsipun. Punika Allah kang badhe aparing jarwa ing supêna dalêm. Dene lêmbu pêpitu kang sae têgêsipun taun pêpitu, sarta wêwulèn pitu kang aos inggih taun pêpitu ing têgêsipun, dados supêna satunggil, punapadene lêmbu ingkang kêra [kêr...]

--- 22 ---

[...a] ingkang mêntas kantun, inggih taun pêpitu têgêsipun. Wêwulèn pitu kang kêra gêsêng katiyup ing angin wetan, punika têgêsipun pitung taun awis têdha, dene atur kula sêmantên wau, kula dêrmi Allah kang aparing uninga dhatêng sampeyan. Salêbêtipun pitung taun ing ngajêng punika, saklangkung mirahipun têdha satanah Mêsir sadaya, sasampuning kalampahan pitung taun wau tumuntên awis têdha, salêbêtipun pitung taun kang mirah têdha wau tiyang Mêsir sadaya kasupèn, botên sumêrêp yèn badhe pailan angrusak tanah, nanging mirahipun botên katingal ing kathah, wusananipun ing wingking badhe awis anglangkungi sangêt. Mila supêna dalêm wau wêrni kalih, dados sayêktos Allah badhe tumuntên anglampahi, nanging sapunika sampeyan angupadosa tiyang kang pintêr kang sumêrap, kadèkèkêna ing tanah Mêsir, sampeyan adamêla priyantun ing tanah, dadosa tukang amundhuti saparagangsal sawêrninipun gêgadhahanipun abdining Mêsir sadaya, salêbêtipun ing pitung taun kang mirah têdha sawêrninipun têdha wau kakumpulna salêbêtipun taun kang badhe sae, katumpuka ing lumbung kagungan dalêm, sarta dipun rawatana ing kitha-kitha, têdha kang dipun simpêni wau badhe minăngka têdhinipun. Benjing salaminipun [sala...]

--- 23 ---

[...minipun] pitung taun kang awis têdha ing tanah Mêsir, supados tanah sampun karisakan awit saking awis têdha, aturipun Yusuf wau sampun katingal sae dhatêng Pirangon saabdinipun sadaya, nuntên Pirangon ngandika dhatêng abdinipun. Liyane wong iki kaya ora nana manèh, kang kanggonan sukmaning Allah, Pirangon lajêng ngandika dhatêng Yusuf. Sarèhning Allah wus aparing wêruh marang kowe mungguh iku mau kabèh, ora nana wong kang pintêr utawa kang sumurup kaya kowe, ing saiki kowe angrèhna ing omahku lan sarupaning wong tanah Mêsir kabèh, bakal padha manut ing saparentahmu, amung mungguhing dhêdhampar, kowe ora kêna yèn amêmadhaa marang aku, Pirangon ngandika malih dhatêng Yusuf. Lah ing mêngko aku masrahake marang kowe tanah Mêsir kabèh, tumuntên Pirangon angrucat ali-ali saking astanipun, lajêng kadèkèkakên ing astanipun Yusuf, sarta kaanggenan sinjang pêthak alus, punapadene kalung mas kadèkèkakên ing jangganipun, lajêng katumpakakên kareta kagunganipun Pirangon. Kang para abdi sami angundhangi, payo padha andhodhok. Pirangon sampun amasrahakên dhatêng Yusuf tanah Mêsir sadaya pangandikanipun. Dhawuhku marang

---23 ---

sarupaning wong Mêsir kabèh, ora kêna yèn angobahna tangan sikile, lamun durung olèh idi ing kowe, tumuntên Pirangon amaringi jêjuluk dhatêng Yusuf, kawastanan Sapênata Pangênèh, lajêng kakramèkakên angsal Asnat, putranipun Potiferah pangulunipun ing On. Tumuntên Yusuf mêdal angidêri ing tanah Mêsir, kalanipun Yusuf ngadêg wontên ngarsanipun Pirangon Raja Mêsir, yuswanipun sawêg tigang dasa taun. Lajêng Yusuf mêdal saking ngarsanipun Pirangon, angidêri ing tanah Mêsir sadaya, salêbêtipun ing pitung taun kang mirah têdha, wêdalipun siti anglangkungi saking kathah, salêbêtipun pitung taun wau têdha wêdaling siti kakumpulakên ing kitha, wêdalipun siti wau sawawêngkonipun sami kakumpulakên piyambak-piyambak, wontên satêngahing kithanipun. Yusuf angundhung-undhungakên wos apindha wêdhining sêgantên. Saking sangêt kathahipun ngantos kèndêl ing pangetangipun. Awit saking botên kenging kaetang, tumuntên Yusuf apêputra kalih sami jalêr, miyos saking Asnat putranipun Potiferah pangulunipun ing On. Gènipun lair sadèrèngipun ing taun kang awis têdha, Yusuf amaringi nama dhatêng putra ingkang sêpuh Mênasèh, wicantênipun Yusuf. Allah [A...]

--- 24 ---

[...llah] wis agawe lali marang aku ing pakewuhku lan ing omahe bapakku, putra ingkang kaping kalih kaparingan nama Eprayim, wicantênipun, Allah wis agawe lêstari ing tanah karibêdanaku, pitung taun kang mirah têdha ing tanah Mêsir wau sampun kalampahan. Nuntên wiwiting taun pêpitu kang awis têdha, kados sapaturanipun Yusuf rumiyin, lajêng awis têdha ing bumi sadaya, amung tanah Mêsir kang taksih wontên têdha, botên lami tanah Mêsir sadaya inggih awis têdha, tiyang alit-alit sami nangis anuwun têdhi dhatêng Pirangon. Pangandikanipun Pirangon dhatêng tiyang Mêsir sadaya, kowe padha amaranana marang Yusuf, apa kang dadi parentahe kowe padha anglakonana, sarêng tanah Mêsir sadaya sampun awis têdha, Yusuf tumuntên ambukak ing gêdhongipun panggenan uwos, lajêng anêmpurakên dhatêng ing tiyang Misir,[6] sabab saking sangêtipun awis têdha ing tanah Mêsir, sawêrnining tiyang ing bumi purugipun dhatêng Mêsir anêmpur dhatêng Yusuf, sabab sangêt awis têdha ing bumi sadaya.

Cariyosipun Nabi Yusuf 3.

Tumuntên Yakub mirêng yèn tanah Mêsir wontên uwos, Yakub ngandika dhatêng putranipun. Sabab apa kowe [ko...]

--- 24 ---

[...we] pijêr padha jêtung bae, ing mêngko aku angrungu yèn nêgara Mêsir ana bêras. Lah kowe padha mêdhuna marang Mêsir, padha anêmpura ing kana, supaya padha urip aja nganti mati kalirên. Tumuntên para kadangipun Yusuf sadaya sami mangkat mêdhun dhatêng Mêsir badhe anêmpur, nanging Bunyamin adhinipun Yusuf, Yakub botên anglilani tumut dhatêng kakangipun. Wicantênipun Yakub, supaya aja nganti anêmu bilai, para putranipun Yakub sadaya wau sampun dumugi, lajêng anêmpur akathah sêsarênganipun. Sabab ing tanah Kênangan sangêt awis têdha, kacariyos Yusuf sampun anguwasani ing tanah Mêsir, wênang anêmpurakên tiyang ing bumi sadaya, kakangipun Yusuf wau sadhatêngipun sami andhêngkluk sumungkêm ing siti, sarêng Yusuf aningali dhatêng kakangipun botên pandung, nanging kakangipun sami supe dhatêng Yusuf. Yusuf wicantên sugal dhatêng kakangipun. Kowe wong padha têka ngêndi, aturipun para kadang, kula punika tiyang saking tanah Kênangan badhe sami anêmpur, Yusuf sangêt botên pandung dhatêng kakangipun, nanging kakangipun sami supe dhatêng Yusuf, nuntên Yusuf emut ing supênanipun kang sampun kakandhakakên ing kakangipun rumiyin. Yusup wicantên dhatêng para kadang, satêmêne kowe iki padha wong nênêlik. Ing

--- 25 ---

ngêndi papan kang lowong ing tanah kene, têkamu iki amariksani, aturipun tiyang sadasa wau, kula nuwun botên tuwan. Abdi sampeyan dhatêngipun amung sumêdya anêmpur, kula sami anakipun tiyang satunggil, sarta kula punika sami tiyang têmên-têmên, abdi sampeyan dede tiyang anênêlik. Wangsulanipun Yusuf. Ora, amêsthi têkamu iku padha amariksani papan kang lowong, aturipun tiyang sadasa wau, abdi sampeyan punika sami sadhèrèk kathahipun kalih wêlas. Kula sami anakipun tiyang satunggil ing tanah Kênangan. Ingkang wuragil kantun wontên ing griya kalih bapak kula, dene ingkang satunggil botên wontên. Wicantênipun Yusuf, aku iya wis angarani yèn kowe iku padha wong nênêlik. Iku kowe kang padha dicoba, sauriping Pirangon yèn kowe padha liwat ing kene, yèn adhimu kang nom dhewe ora milu marene, kowe nuli kongkonana salah sawiji angundang ing adhimu, kang padha kari ing kene tak bandane kabèh, aturmu mau kacoba apa bênêr, yèn ora bênêr ing sauripe Pirangon kowe padha dadi wong nênêlik. Lajêng katunggilakên ing kunjaran laminipun tigang dintên. Sarêng dumugi ing tigang dintên Yusuf lajêng wicantên. Kowe

--- 25 ---

padha anglakonana bab iku, aku iya ngabêkti ing Allah, yèn kowe padha wong têmên-têmên. Kang sawiji karia kabănda ana ing omah kunjaran, lan kowe padha lungaa anggawaa bêras sarayatmu, supaya aja nganti kalirên, lan adhimu kang nom dhewe gawanên marene, lan aturmu mau padha bênêrna, yèn ora mêngkana amêsthi kowe padha mati, tumuntên sami anglampahi mêkatên. Para kadang wau sami awicantênan. Amêsthi iku padha ing kaluputaku dhewe, amarga têka ing adhiku Si Yusuf, aku wis padha andêlok ing prihatine, bangêt mamêlase marang aku, nanging padha ora ngrungu, mulane karibêdan iki wus anampêk marang aku, wicantênipun Rêubèn. Aku wis tutur marang kowe, aja nganti agawe dosa marang bocah kae, nanging kowe padha ora ngrungokake, ing saiki gêtihe anjaluk adil. Para kadang wau botên sumêrêp yèn Yusuf sampun mirsa, sabab gènipun wicantênan mawi juru basa, tumuntên Yusuf mundur sarwi nangis. Botên dangu wangsul malih sarta wicantên, lajêng Simngon kacandhak nuntên kabêsta wontên ngarsanipun ingkang para kadang, Yusuf adhêdhawah abdinipun kinèn angisèni bagoripun wadhah uwos. Nanging yatranipun sami kawangsulakên [kawangsulakê...]

--- 26 ---

[...n] kadèkèk wontên ing bagoripun piyambak-piyambak. Sarta sami kaparingan pasangon ing margi, abdi wau lajêng anglampahi mêkatên. Uwos sampun sami kamomotakên ing kuldinipun, lajêng sami mangkat saking ngriku, sampun dumugi ing pamondhokan ingkang satunggil ambukak bagoripun, badhe anyukani têdhi dhatêng kuldinipun. Nuntên amanggih yatranipun wontên sanginggiling uwos, lajêng acariyos dhatêng kadangipun, aku wus anêmu ing dhuwitku ana sajroning bagor, sarêng mirêng para kadang sami ical manahipun, sarta sami gumêtêr wincantênan. Sabab apa Allah wis agawe marang awakku kang kaya iki, tumuntên sami mantuk dhatêng bapakipun ing tanah Kênangan. Sami anyariyosakên ing lampahipun kang sampun kalampahan sadaya, aturipun para putra, tiyang kang jumênêng lurah wontên ing tanah Mêsir wicantênipun sugal dhatêng kula, kula sami kawastanan dados tiyang têliking bumi, nanging atur kula botên. Kula sami tiyang têmên-têmên, kula dede tiyang têtêlik. Kula punika kathahipun kalih wêlas sami sadhèrèk. Putranipun bapak kula ingkang satunggil ical botên kantênan. Dene ingkang nèm piyambak kantun wontên ing griya kalih bapak kula ing tanah Kênangan. [Kêna...]

--- 26 ---

[...ngan.] Tiyang ingkang dados lêlurahing tanah Mêsir wau wicantên dhatêng kula, iya bab iku aku bakal anitèni, yèn kowe nyata wong têmên-têmên. Sadulurmu siji kang nom dhewe mau, kowe gawaa marene aturna marang aku, bras iki kang minăngka tămba kalirên. Padha kowe pèka gawanên marang ing rayatmu, sadulurmu kang nom dhewe mau kowe gawanên marang aku, aku bakal anitèni, yèn kowe dudu wong têtêlik. Nyata wong têmên-têmên, aku iya banjur ambalèkake ing sadulurmu, lan kowe wênang bakal padha angidêri ing tanah kene, sarêng bagoripun kasuntak salêbêting bagor sami isi buntêlan yatra piyambak-piyambak. Para putra sarta ingkang rama sarêng ningali yèn wontên buntêlanipun yatra sami ajrih sadaya, Yakub bapakipun ngandika dhatêng para putra, kowe agawe ilange anakku, Yusup wis ilang Simngon iya ora nana, Si Bunyamin ing mêngko arêp kowe gawa, iku kabèh dadi susahing atiku, nuntên Rêubèn matur dhatêng ingkang rama, jangji kula anak kula kêkalih sampeyan pêjahi, yèn kula botên amangsulakên ing lare punika dhatêng sampeyan. Mugi sampeyan apitadosa dhatêng kula, saèstu yèn kula amangsulakên lare punika [puni...]

--- 27 ---

[...ka] dhatêng sampeyan. Wangsulanipun ingkang rama, anakku siji iki aja milu mêdhun karo kowe, awit dening kakange Si Yusup wis mati, bocah iki wis dadi ontang-anting, mênèk anêmu bilai ana ing dalan kang kowe liwati, awêkasan kowe bakal angruntuhake ing uwanku, dadi ora bêtah urip aku nuli mati.

Kacariyos sampun sangêt awisipun têdha ing tanah, sarêng uwos gènipun angsal saking tanah Mêsir sampun têlas. Kang rama ngandika dhatêng ingkang para putra, lah kowe padha balia anêmpura pangan manèh sathithik, Yêudah matur dhatêng ingkang rama, tiyang ingkang dados lurahipun ing tanah Mêsir wali-wali pitungkasipun dhatêng kula, kowe aja nganti têka ing ngarêpku manèh, yèn adhimu ora milu, mênawi sampeyan sarêng anglilani adhi kula tumut. Kula inggih siyos lajêng mêdhun nêmpur dhatêng Mêsir, nanging yèn sampeyan botên anglilani adhi kula tumut, kula inggih botên mêdhun, sabab tiyang punika wau sampun ngandika dhatêng kula, kowe aja nganti têka ing ngarêpku manèh yèn adhimu ora milu, tumuntên Yakub ngandika, sabab apa kowe agawe ala marang aku, awit dene kowe awèh wêruh marang [ma...]

--- 27 ---

[...rang] wong iku, yèn kowe misih duwe sadulur kang kari ngomah, nuntên ingkang para putra sami matur, awit dening saking sangêt tiyang punika pitakènipun dhatêng kula mênggahing sakulawarga kula, wicantênipun. Bapakmu apa misih urip sarta kowe apa misih duwe sadulur manèh, kula sami matur blaka kados ing ngajêng wau punika, kula botên sumêrêp yèn tiyang punika badhe anêdha udhunipun adhi kula, Yêudah matur malih dhatêng kang rama, mugi sampeyan anglilanana lare punika tumut dhatêng kula, kula lajêng mangkat kesah sapunika, supados sami gêsang, botên manggih pêjah kula kalihan sampeyan. Punapadene lare-lare sadaya, kula ingkang ananggêl bilainipun lare punika, sampeyan amung anguninganana mundhut dhatêng tangan kula, yèn botên kula wangsulakên dhatêng sampeyan, utawi botên kula dèkèkakên ing ngarsa sampeyan, dadosa dosa kula ing sampeyan salami kula gêsang, wondening yèn sampeyan botên andêdangu, saèstu yèn sapunika sampun wangsul kaping kalih, tumuntên kang rama ngandika dhatêng ingkang para putra, yèn kaya mêngkana aturmu iya tumuli lakonana, sarta kowe anjupuka apa barang kang bêcik ing tanah kene, dokokna ing wadhahmu gawanên [gawanê...]

--- 28 ---

[...n] mêdhun minăngka atur-aturmu marang wong iku, arupa gănda, madu, mênyan, cêrakèn lan kêmiri, sarta anggawaa uwang ing tanganmu tikêlana, dene wang kang wis dibalèkake ing bagor wadhahmu, iku iya aturna bali, sabab mênawa kaliru, lan adhimu iya gawanên. Lah padha mangkata balia marang wong iku, Allah Kang Maha Kuwasa bakal aparing sih marang kowe ana ing ngarêpe wong iku, mênawa wong iku parêng sadulurmu kang wis kari ing kono lan Si Bunyamin padha gawanên mulih, dene yèn ora kowe gawa mulih mungguhing awakku aprasasat ora duwe anak. Tumuntên para putra sami amêndhêt angsal-angsal, sarta yatra têtikêlan sampun kabêkta ing astanipun, utawi Bunyamin inggih kabêkta, lajêng sami mangkat mêdhun dhatêng tanah Mêsir, sampun sami dumugi ing ngajênganipun Yusuf. Sarêng Yusuf aningali yèn Bunyamin kabêkta, lajêng adhêdhawah dhatêng rencangipun kang angladosi ing griya, kinèn anglêbêtakên ing griya tiyang wau sadaya, dhawahipun Yusuf. Kowe anyambêlèha gawenên sadhiya, sabab wong iku kabèh bakal tak ajak mangan barêng lan aku ing mêngko bêdhug. Rencang wau anglampahi punapa saparentahipun Yusuf. Tiyang wau sadaya sampun kalêbêtakên ing dalêm. [dalê...]

--- 28 ---

[...m.] Ananging sami ajrih kalêbêtakên ing dalêmipun Yusuf. Sami wicantên iki sababe awit têka ing uwang, kang kabalèkake ing bagorku dhimin. Mulane aku padha dilêbokake, bakal dikarubut kacêkêl kadadèkake abdi, apadene kuldiku bakal dipèk. Tumuntên sami majêng angajêngakên ing tiyang kang angladosi dalêmipun Yusuf. Sami wicantên dhatêng tiyang wau wontên kori ing griya, èh tuwan kula rumiyin sampun sami mêdhun anêmpur mriki, sarêng kula sampun sami mantuk wontên ing panginêpan, kula sami ambukaki bagor kula, tiyang satunggil-tunggilipun sami amanggih yatra piyambak-piyambak, wontên salêbêting bagor, yatra wau sami wawratipun kalih yatra ingkang kula têmpurakên rumiyin. Ing sapunika yatra wau kula aturakên wangsul, sarta kula inggih ambêkta yatra malih ing tangan kula kang badhe panêmpur, kula sami sangêt botên sumêrêp sintên ingkang andèkèkakên yatra wontên ing bagor, wangsulanipun tiyang kang angladosi wau, wis sêlamêt kowe aja kuwatir, Pangeranmu lan Pangerane bapakmu wis aparing kabêgjan ana sajroning bagormu, uwangmu kang dhimin iya wis tak tampani, tumuntên Simngon kapanggihakên kalih para kadangipun, inggih [ing...]

--- 29 ---

[...gih] sami kalêbêtakên ing dalêmipun Yusuf, sarta sami kasukanan toya kadamêl wijiling sukunipun. Punapadene kuldinipun sami kasukanan pakan. Ingkang para kadang sami anata babêktanipun angsal-angsal. Angantos wêktu luhur, sabab sampun sami mirêng yèn badhe pakumpulan anêdha ing ngriku, Yusuf sampun lumêbêt ing dalêm. Kang para kadang sami angaturakên angsal-angsal, kang sampun kabêkta wau, lajêng sami tumungkul ing siti, Yusuf tumuntên apitakèn mênggahing kawilujênganipun wicantênipun. Bapakmu kang wis sêpuh kang kowe tuturake biyèn, ing mêngko apa misih urip apa misih sêlamêt. Aturipun para kadang sarwi andhêngkluk tumungkul. Mênggah abdi sampeyan bapak kula ing sapunika inggih taksih gêsang, Yusuf tumuntên aningali Bunyamin adhinipun ingkang tunggil saibu, lajêng pitakèn. Apa iki rupane adhimu kang nom kang wis kowe tuturake ing aku, Yusuf lajêng ngandika dhatêng Bunyamin. Allah muga aparingana sih marang kowe gèr, Yusuf tumuntên enggal mundur, awit saking sangêt kèmêngan ing galih dening ingkang rayi, ngupados panggenan badhe nangis lumêbêt ing sênthong, wontên ing ngriku lajêng nangis, nuntên angusapi wêdananipun mêdal saking sênthong anguwatakên raosing

--- 29 ---

panggalih, lajêng adhêdhawah kinèn atata dhahar, dhahar wau sampun kasaosakên wontên ing ngarsanipun Yusuf, utawi ngarsanipun para kadang, punapadene ing ngajênganipun tiyang Mêsir kang tumut nêdha, sabab tiyang Mêsir botên kenging yèn atunggila nêdha kalih tiyang Ngèwêr, awit dening tiyang Mêsir wau sangêt nisthanipun. Ingkang para kadang sampun sami kinèn lênggah, ingkang sêpuh saurutipun dhatêng kang anèm. Tiyang wau sadaya sami gagêtun salêbêting galih, tumuntên Yusuf amêndhêt dhaharan saking ngarsanipun kaaturakên dhatêng ingkang para kadang, nanging ingkang dhatêng Bunyamin kathahipun tikêl gangsal, sami ngunjuk kalih Yusuf saklangkung ing sukanipun.

Tumuntên Yusuf adhêdhawah dhatêng tiyang ingkang angladosi ing griya, kinèn angisèni uwos ing bagoripun tiyang wau sadaya, sakintênipun kuwawi ambêkta, sarta kinèn amangsulakên yatranipun tiyang wau ing bagoripun piyambak-piyambak. Dhawahipun cangkirku sêlaka iku dokokna ing bagore kang nom dhewe, kajaba uwang panêmpure, tiyang wau sampun anglampahi punapa ing sadhwahipun Yusuf. Sarêng wanci enjing para kadang wau sami kalilan mantuk ambêkta kuldinipun. Sarêng sampun mêdal saking kitha, dèrèng antawis têbih lampahipun, [lampahi...]

--- 30 ---

[...pun,] Yusuf lajêng adhêdhawah dhatêng tiyang ingkang angladosi ing griya, kinèn ambêbujêng dhatêng tiyang wau sadaya, dhawahipun Yusuf. Yèn wis kacandhak banjur tutura marang wong iku, sabab apa kowe malês ala marang kang wus ambêciki, kang kowe gawa iku sabên kang diagêm ngunjuk ing bêndaraku, sarta kang digawe pêngawasan. Sabab apa kowe wis agawe ala kang kaya mêngkono, sarêng sampun kacandhak tiyang kang kinèn anututi wau lajêng awicantên, punapa sadhawahipun Yusuf ing ngajêng wau, para kadang sami nauri, sabab punapa tuwan mawi wicantên kados mêkatên, sangêt têbih raosing manahipun abdi sampeyan anglampahana kados punika, yatra rumiyin kang sami kula panggih wontên salêbêting bagor, inggih sampun kula wangsulakên dhatêng sampeyan. Kadospundi ing sapunika kula kawastanan nyolong sêlaka utawi mas wontên dalêmipun bêndara sampeyan. Pundi abdi sampeyan ingkang kapanggih nyinanipun, inggih pêjah, sarta kula sami dadosa abdi sampeyan. Wangsulanipun utusan wau, ing mêngko iya bakal kaya ing aturmu iku, sapa kang kanggonan nyinane iya dadia abdiku, nanging kang ora kanggonan nyina iya dadia rêsik. Tumuntên para kadang sami angêdhunakên [angêdhunakê...]

--- 30 ---

[...n] saking kuldi bagoripun, lajêng sami dipun bukaki, tiyang wau nuntên amariksani wiwit saking ingkang sêpuh ngantos dumugi ingkang nèm. Cangkir wau punika sampun kapanggih wontên bagoripun Bunyamin. Para kadang lajêng sami anyuwèk ing panganggenipun. Lajêng sami amomoti ing kuldinipun, nuntên wangsul dhatêng kitha malih, Yêudah sasêdhèrèkipun sami dhatêng dalêmipun Yusuf. Yusup inggih taksih wontên ing ngriku, lajêng sami sumungkêm ing siti, pangandikanipun Yusuf, kowe padha wis agawe apa, apa durung sumurup yèn wong kaya aku angawas. Yêudah matur, kadospundi atur kula dhatêng tuwan. Kadospundi pitêmbung kula gèn kula angrêsiki awak kula piyambak. Allah sampun amanggihakên dosanipun abdi sampeyan. Kula sami dadosa abdi sampeyan utawi ingkang kapanggih nyinanipun cangkir wau, wangsulanipun Yusuf, aja ta kaya mêngkono ngamungna kang kanggonan cangkir ing bagor bae, iku dadaa[7] abdiku, nanging kowe kabèh padha munggaha marang bapakmu anganggo sêlamêt.

Tumuntên Yêudah majêng ing ngarsanipun Yusuf aturipun. Ingkang mugi abdi sampeyan kalilana matur dhatêng tuwan, sarta sampun ngantos duka dhatêng abdi sampeyan. Sabab [Saba...]

--- 31 ---

[...b] sampeyan sami kalihan Pirangon. Ingkang wau tuwan sampun andangu dhatêng ingkang abdi kados mêkatên. Apa kowe misih duwe bapa utawa sadulur manèh, kula inggih lajêng matur dhatêng tuwan. Yèn taksih gadhah bapa nanging sampun sêpuh, punapadene gadhah adhi taksih lare, wondening lairipun lare wau pun bapa sampun kapanggih sêpuh, dene kakangipun lare punika sampun pêjah, kantun ijèn botên gadhah sadhèrèk ingkang tunggil saibu, mila pun bapa saklangkung trêsnanipun dhatêng lare punika, tuwan ngandika dhatêng abdi sampeyan. Udhunêna marene bocah iku aku arêp wêruh, kula nuntên matur dhatêng tuwan. Yèn lare punika botên kenging pisah kalihan bapakipun. Saupami pisah bapakipun lajêng pêjah, nanging sampeyan ngandika dhatêng ingkang abdi, yèn kowe ora anggawa sadulurmu nom mau, poma kowe aja nganti seba ing ngarêpku manèh, dados kula lajêng sami mantuk sowan ngarsanipun abdi sampeyan bapak kula, anyariyosakên pangandika tuwan. Pun bapa tumuntên ngandika, lah padha nuli balika manèh anêmpura pangan. Nuntên kula matur yèn botên kalilan wangsul, mênawi adhi kula kang nèm botên tumut. Tumuntên abdi sampeyan bapak kula ngandika, kowe wis padha

--- 31 ---

wêruh yèn bojoku mung babar anak loro, kang siji wis sirna têka ing aku, sakiraku wis disuwèk ing buron alas. Sabab nganti saprene aku durung wêruh, nanging kang kari siji iki yèn kowe juput têka ing aku, mênawa anêmu bilai pêsthi kowe agawe udhune ing uwanku, ora wurung aku milu mati awit dening kasusahan. Ing sapunika kadospundi yèn abdi sampeyan mantuk dhatêng pun bapa botên ambêkta lare punika, sabab lare punika nyawanipun katangsulan kalih nyawanipun ingkang rama, samangsanipun aningali lare botên wontên bapakipun pêsthi lajêng pêjah, sarta abdi sampeyan adamêl udhuning uwanipun abdi sampeyan bapak kula, dados botên sande pun bapa tumut pêjah awit saking kasusahan. Abdi sampeyan mawi ananggêl ing lare punika dhatêng pun bapa, sabab atur kula yèn kula botên amangsulakên lare punika, dadosa dosa kula dhatêng pun bapa salami kula gêsang, ing mangke yèn parêng kula piyambak ingkang badhe kantun, dadosa abdi sampeyan, minăngka lêlintonipun lare punika, nanging lare punika kemawon kalilana tumut minggah mantuk kalih sadhèrèkipun. Kadospundi yèn kula mantuk dhatêng pun bapa botên ambêkta lare punika, kula [ku...]

--- 32 ---

[...la] botên sagêd aningali dhatêng pun bapa, awit dening badhe sangêt susahipun.

Tumuntên Yusuf botên sagêd angalingi osiking galihipun dhatêng tiyang kang sami angayap sadaya, lajêng adhêdhawah kinèn sami mêdal saking ngarsanipun. Awit dening Yusuf badhe anglairakên sariranipun dhatêng ingkang para kadang, tumuntên Yusuf sangêt gènipun muwun. Tiyang Mêsir sami mirêng utawi tiyang ingkang wontên dalêmipuna[8] Pirangon. Yusuf ngandika dhatêng kang para kadang, ya aku Yusup biyèn. Apa bapakku misih urip, para kadang sarêng mirêng botên wontên kang sagêd nauri, awit saking sangêt gagêtunipun. Nuntên Yusuf ngandika dhatêng para kadangipun, payo kowe padha majua marene, tumuntên sami majêng, Yusuf ngandika malih, ya aku Yusuf sadulurmu kang wis kowe dol marang Mêsir biyèn. Nanging ing mêngko kowe aja nganti susah lan aja wêdi andêlêng, sabab kowe wis padha angêdol ing aku marene, dadi Allah angutus marang aku aparing pangan ing kowe, sabab iki lagi taun kapindho kang bangêt larang pangan ing bumi, misih kari limang taun iku ora nana wong magawe utawa panèn. Allah wis angutus ing aku marang ngarêpmu, awakku minăngka sêrana ing kaslamêtanamu

--- 32 ---

ana ing bumi, apadene panguripanamu, sarta kang angluwarake ing kasusahamu kang luwih bangêt. Nanging ing mêngko kowe padha sumurupa gonku ana ing kene, iki dudu kowe kang kongkon, nanging Allah wis angadêgake marang aku dadi bapake Pirangon. Kadadèkake lurah ing dalême, utawa amarentah ing tanah Mêsir kabèh, lah dèn enggal kowe padha muliha marang bapakku lan tutura, yèn kaya mêngkene ature anakmu Si Yusuf. Allah sampun anjênêngakên dhatêng kula dados lurahipun satanah Mêsir sadaya, ingkang mugi sampeyan tumuntêna mêdhun dhatêng kula, sampun mawi kandhêg. Sampeyan amanggèna wontên ing tanah Gosèn. Dados cakêt kalih kula, sampeyan utawi putra wayah sadaya, punapadene menda khewan sakagungan sampeyan sadaya, kula kang badhe anyaosi dhahar ing sampeyan wontên ngriku, sabab taksih kantun gangsal taun awisipun têdha, supados botên karisakan ing sarayat sampeyan sadaya, lho kowe padha sumurup dhewe utawa adhiku Si Bunyamin. Yèn aku dhewe wis cêlathu marang kowe, kowe padha anyaritakna marang bapakku, yèn kaluhuranaku gêdhe ana ing tanah Mêsir, sarta anyaritakna kang

--- 33 ---

wis padha kowe dêlêng kabèh, payo dèn enggal nuli padha angêdhuna ing bapakku marene, tumuntên Yusuf angrangkul jangganipun ingkang rayi Bunyamin sarta nangis. Bunyamin inggih tumut nangis sarta rêrangkulan. Yusuf inggih lajêng angaras dhatêng para kadang sadaya sarta nangis. Sasampuning mêkatên para kadang nuntên sami wicantên. Khabar punika sampun kapirêng ing tiyang sadalêmipun Pirangon wicantênipun. Kang dhatêng punika sami sadhèrèkipun Yusuf. Punika sampun lêga panggalihipuna[9] Pirangon saabdinipun. Pirangon tumuntên ngandika dhatêng Yusuf. Sadulurmu padha konên amomotake gêgawane ing khewan. Banjur padha mangkata mulih marang tanah Kênangan, amboyongi ing bapakmu lan sarayate, nuli padha têkaa marang aku, aku bakal apêparing barang kang bêcik ana ing tanah Mêsir, lan padha mangan lêmuning tanah, iku kang dadi parentahku marang kowe, tumuli padha anggawaa kareta sêka ing tanah Mêsir, kang bakal ditunggangi ing anak bojone utawa bapakmu, aja kongsi susah ing bêkakase, sabab ing satanah Mêsir iki kabèh barang kang bêcik iya bakal dadi duwèke, tumuntên para putranipun Yakub sami anglampahi kados mêkatên. Yusuf lajêng amaringi kareta utawi sanguning margi [mar...]

--- 33 ---

[...gi] kados sadhawahipun Pirangon. Punapadene para kadang satunggil-tunggilipun sami kaparingan pasalin. Nanging dhatêng Bunyamin piyambak Yusuf amaringi tigang atus sêkêl sêlaka, punapadene pasalinipun gangsal, wondene dhatêng ingkang rama Yusuf angintuni kuldi jalêr sadasa, sami kawawratan barang ingkang sae nêgari Mêsir, utawi kuldi èstri sadaya, sami kawawratan uwos akalihan roti, punapadene dhaharan kang badhe kadhahar dhatêng rama wontên ing margi, Yusuf tumuntên anglilani dhatêng kang para kadang mangkat mantuk. Wicantênipun Yusuf, mêngko yèn ana ing dalan aja nganti tutuh-tinutuh, para kadang tumuntên sami mangkat mantuk dhatêng tanah Kênangan. Sampun kapanggih kalih Yakub bapakipun. Lajêng sami angaturi uninga dhatêng ingkang rama, yèn Yusuf taksih gêsang sarta angrèh ing tanah Mêsir sadaya, sarêng mirêng Yakub asrêp galihipun, nanging dèrèng pitados dhatêng ingkang para putra, para putra sampun angaturakên dhatêng kang rama punapa sapangandikanipun Yusuf sadaya, sarêng Yakub aningali kareta pakintunipun Yusuf, kang minăngka badhe katumpakan, lajêng ingkang rama Yakub nyawanipun gêsang, tumuntên Yakub ngandika, bangêt têmên ing bungahku, dene anakku Si Yusup misih urip. Aku bakal marana

--- 34 ---

sarta arêp dêlêng ing rupane ing sadurunge aku mati.

Cariyosipun Nabi Yusuf 4.

Tumuntên Yakub budhal lan sakagunganipun sadaya, sampun dumugi ing Bèrsebah, lajêng anyambêlèh kadamêl sidhêkah dhatêng Pangeranipun ingkang rama Yiskak. Allah ngandika dhatêng Yakub amangsit ing dalu timbalanipun. Yakub, Yakub, wangsulanipun. Kula, Allah ngandika malih, Ingsun iki Allah Pangerane bapakira, aja sira nganggo wêdi mêdhun marang Mêsir, sabab sira ana ing kono ingsun dadèkake băngsa gêdhe, lan ingsun milu mêdhun lan sira marang Mêsir, apadene ingsun iya bakal angunggahake marang sira, lan Yusuf iya bakal angrêrêmake ing mripatira, tumuntên Yakub mangkat saking Bèrsebah, para putranipun sami kabêkta dhatêng ingkang rama, utawi saputra mantunipun sadaya, sami katumpakakên ing kareta pamêthukipun Pirangon. Sarta ambêkta ing kagunganipun khewan gènipun angsal wontên tanah Kênangan.

Yakub saputra wayahipun sadaya sampun sami dumugi ing tanah Mêsir, sapang[10] sampun dumugi ing tanah Gosèn lajêng Yêudah kautus rumiyin manggihi dhatêng Yusuf, dipun aturi amêthuk dhatêng ingkang rama wontên ing tanah

--- 44 ---

Gosèn. Yusuf lajêng anumpak kareta badhe amêthuk ingkang rama, sarêng sampun kapanggih Yusuf lajêng angrangkul jungganipun[11] ingkang rama sarwi nangis. Dangu gènipun rêrangkulan, tumuntên Yakub ngandika dhatêng Yusuf. Ing saiki aku arêp mati sawise aku andêlêng marang kowe, dene kowe misih urip. Yusuf ngandika dhatêng para kadangipun utawi dhatêng tiyang kang sami andhèrèkakên dhatêng kang rama, ing saiki aku arêp awèh wiruh[12] marang Pirangon aturku, yèn sadhèrèk kula utawi sarayatipun bapak kula, kang saking tanah Kênangan sapunika sampun dumugi ing ngriki, dene sadhèrèk kula wau padamêlanipun sami dados pangèn menda utawi khewan. Sami ambêkta menda khewan sakagunganipun sadaya, iku mêngko yèn kowe ngandikan ing Pirangon, mênawa kadangu ing pagaweyanamu, kowe iya nuli matura, abdi sampeyan kula punika sami tiyang pangèn. Awit kala alit ngantos dumugi ing sapunika, kula inggih anglêluri ing lêluhur kula, iku supaya kowe padha bisaa manggon ing tanah Gosèn. Sabab wong dadi pangon iku yèn wong Mêsir bangêt ing kanisthane.

Yusuf sampun dumugi ing ngarsanipun Pirangon aturipun. [aturi...]

--- 35 ---

[...pun.] Bapa sadhèrèk kula utawi menda khewan sakagunganipun sadaya, sampun sami dhatêng saking tanah Kênangan. Ing sapunika sami wontên ing tanah Gosèn. Tumuntên Yusuf amilih ing sadhèrèkipun gangsal, sami kasowanakên ing ngarsanipun Pirangon. Pirangon lajêng andangu dhatêng sadhèrèkipun Yusuf. Pagawehamu apa, para kadang gangsal wau sami matur dhatêng Pirangon. Abdi sampeyan kula punika sami tiyang pangèn. Inggih anglêluri ing lêluhur kula, aturipun malih dhatêng Pirangon. Dhatêng kula badhe manggèn ing tanah ngriki, sabab abdi sampeyan botên gadhah panggenan angèn menda, awit dening sangêt awis têdha ing tanah Kênangan, ing mangke abdi sampeyan mugi kalilana manggèn ing tanah Gosèn. Nuntên Pirangon ngandika dhatêng Yusuf, ing mêngko bapa sadulurmu wis padha têka marang kowe, iku kowe amilihna panggonan kang bêcik ing tanah Mêsir, amrênahna ing bapa sadulurmu ana ing tanah Gosèn. Dene yèn kowe sumurup mênawa ana wong pintêr, iya nuli dadèkna lurahing khewanku dhewe, Yusuf nuntên anyowanakên ingkang rama ngarsanipun Pirangon. Tumuntên Yakub angaturi wilujêng dhatêng Pirangon. Pirangon ngandika dhatêng Yakub, kyai, umur sampeyan [sampe...]

--- 35 ---

[...yan] sampun pintên. Aturipun Yakub dhatêng Pirangon, umur kula salaminipun tumitah wontên ing dunya sawêg satus tigang dasa taun, namung sakêdhik sarta anggung kasusahan saumur kula, botên kados umuripun lêluhur kula gènipun tumitah wontên ing dunya. Tumuntên Yakub angaturi wilujêng dhatêng Pirangon, lajêng mêdal saking ngarsanipun. Yusuf tumuntên angaturi panggenan dhatêng ingkang rama utawi dhatêng ing sasêdhèrèkipun. Angaturi gêgadhuhan ing tanah Mêsir, kapilihakên panggenan ingkang sae ing tanah Rangêmêsès, kados sadhawahipun Pirangon. Yusuf inggih angaturi dhahar dhatêng ingkang rama utawi dhatêng ingkang sadhèrèk. Punapadene dhatêng tiyang sakulawarganipun saetanging anak-anakipun.

Cariyosipun Nabi Musa 1.

Ing ngandhap punika namanipun para putranipun Yisraèl, kang sami tumut dhatêng Mêsir kalih Yakub. tiyang satunggil-tunggilipun sami ambêkta rayat piyambak-piyambak. Ingkang pêmbajêng Rêubèn, lajêng Simngon, Lèwi sarta Yêudah, Yisakar, Sêbulon sarta Bunyamin, Dhan sarta Naptali, Gad sarta Asar, tiyang kang sami têdhakipun Yakub sadaya kathahipun pitung dasa, dene Yusuf [Yu...]

--- 36 ---

[...suf] sampun wontên ing Mêsir, wondene Yusuf sasêdhèrèkipun sampun sami seda sadaya, punapadene tiyang sapanunggilanipun kang gêsang ngalam punika wau, inggih sampun sami pêjah sadaya, tumuntên têdhakipun Yisraèl sami bêbranahan mindhak-mindhak sangsaya kathah-kathah, anglangkungi saking rosanipun angêbêki ing tanah punika.

Tumuntên wontên jumênêng ratu enggal ing tanah Mêsir, ratu punika botên sumêrêp dhatêng Yusuf. Pangandikanipun dhatêng ingkang para abdi, lho băngsa Yisraèl iki ing mêngko wis dadi akèh, mungguhing karosane luwih têka ing karosanku, payo padha dipitênah supaya aja kongsi mundhak. Sabab iku besuk yèn ana mungsuh mapag prang, wong iku iya bakal padha kumpul lan mungsuhku, ora wurung padha paprangan lan aku, sarta bakal padha aninggal ing tanah kene, tumuntên Sang Ratu Mêsir ananêm lurah tukang pangarat, supados adamêl awrating padamêlanipun tiyang băngsa Yisraèl. Sami kinèn adamêl kitha rawatan dhatêng Raja Pirangon. Namaning kitha wau Pitom sarta Rangamsès. Sarêng kadamêl angèl ing padamêlanipun băngsa Yisraèl wau, malah sangsaya pêncar-pêncar akathah, dados tiyang Mêsir kuwatos [ku...]

--- 36 ---

[...watos] manahipun. Băngsa Yisraèl sami dipun kawulakakên awrat ing padamêlan. Dados sangêt karibêdan ing manahipun, awit dening gènipun anggarap padamêlan anyithak banon, utawi sawêrninipun padamêlan ing sabin. Padamêlaning tiyang kang sami dipun kawulakakên wau awrat sadaya, tumuntên Raja Mêsir ngandika dhatêng dhêdhukunipun èstri tiyang băngsa Ngèwêr, ingkang satunggil anama Siprah, satunggilipun anama Pungah, parentahku lamun kowe têtulung gone duwe bayi wong băngsa Ngèwêr, pratelakna ing pandêlêngmu jabang bayi kang didusana ing pêngaron. Yèn lanang banjur patènana, dene yèn wadon uripana, nanging dhêdhukun wau sami ajrih dhatêng Allah, dados botên anglampahi sapangandikanipun Raja Mêsir, sami kasukanan gêsang jabang bayi kang mêdal jalêr, tumuntên Raja Mêsir animbali ing dhêdhukun pangandikanipun. Sabab apa kowe anglirake ing parentahku, awèh urip marang jabang bayi lanang, aturipun dhêdhukun dhatêng raja Pirangon, botên kados tiyang èstri băngsa Mêsir tiyang Ngèwêr punika, sangêt wagêdipun sadèrèngipun dhêdhukun dhatêng jabang bayi sampun mêdal. Awit dening punika Allah aparing nugraha dhatêng dhêdhukun wau, dados tiyang Ngèwêr sangsaya kathah sangêt [sangê...]

--- 37 ---

[...t] karosanipun. Sabab dhêdhukun wau ajrih dhatêng Allah, mila dados margi ing pêncaripun băngsa Ngèwêr, Raja Pirangon tumuntên amarentahi dhatêng abdinipun sadaya, ing mêngko dhawuhku sarupane jabang bayi kang mêtu lanang padha labuhên ing kali, nanging kang padha mêtu wadon iku padha wèhana urip.

Tumuntên wontên tiyang turunipun Lèwi imah-imah angsal turunipun Lèwi, èstrinipun wawrat lajêng ambabar putra jalêr abagus wêrninipun. Lajêng kaumpêtakên laminipun tigang wulan. Sarêng kang ibu kabêtah botên sagêd angumpêtakên malih, lajêng amêndhêt kêndhaga sampun kaancur ing lisah latung sarta dipun kruwing, tumuntên putranipun kalêbêtakên. Kêndhaga wau lajêng kadèkèkakên satêngahing glagah kang wontên sapinggiring lèpèn. Bok ayunipun lare wau ngadêg aningali saking katêbihan, badhe sumêrap kadospundi dadosipun. Tumuntên putranipun Pirangon èstri têdhak dhatêng lèpèn badhe siram, ingayap para cèthi sami lumampah pinggiring lèpèn, lajêng sang putri aningali kêndhaga wontên satêngahing glagah, rencangipun satunggil kautus dikakakên mêndhêt. Sarêng dipun ungkabi wontên isinipun jabang bayi jalêr anangis. Sang putri aningali dhatêng

--- 37 ---

lare sakalangkung wêlas pangandikanipun. Pêsthi bocah lanang iki băngsa Ngèwêr, bok ayunipun lare wau matur dhatêng putranipun Raja Pirangon. Mênawi parêng kula animbali tiyang èstri băngsa Ngèwêr, katura ing sampeyan dados inya anêsêpana ing lare punika, sang putri ngandika, iya mênyanga, lajêng prawan punika kesah animbali ingkang ibu, botên dangu dhatêng sang putri ngandika, gawanên bocah iki susonana, dene aku bakal angopahi marang kowe, lare wau lajêng kabêkta dipun sêsêpi, sarêng sampun kasapih lare lajêng dipun aturakên dhatêng putranipun Raja Pirangon, kapundhut putra angkat dhatêng sang putri, kaparingan nama pun Musa wicantênipun, sabab aku wis angêntas marang bocah iki têka ing banyu, sarêng pun Musa sampun diwasa mêdal badhe mirsa ing kulawarganipun, kang sami anglampahi padamêlan awrat, nanging anujoni wontên tiyang Mêsir anggêbagi dhatêng tiyang băngsa Ngèwêr, lajêng pun Musa mulat ngiwa nêngên mirsa yèn botên wontên tiyang, nuntên anggêbag dhatêng tiyang Mêsir lajêng kapêndhêm ing siti, sarêng antawis dintên pun Musa mêdal malih, aningali yèn wontên tiyang Ngèwêr kêkalih sami têtukaran. Musa ngandika dhatêng tiyang ingkang lêpat, iku sabab apa kowe anggitik marang kancamu, wangsulanipun [wangsu...]

--- 38 ---

[...lanipun] tiyang wau, sapa kang andadèkake lurah marang kowe tukang ambênêri wong padu, gonmu cêlathu mêngkana iku apa kowe arêp matèni marang aku, kaya wong Mêsir kang wis kowe patèni biyèn. Sarêng Musa mirêng ajrih sarta wicantên, pêsthi bab prakara iku wis kawruhan ing wong akèh, dene Raja Pirangon inggih sampun mirêng, yèn pun Musa amêjahi tiyang băngsa Mêsir, mila ing mangke angupadosi dhatêng pun Musa badhe dipun pêjahi, nuntên pun Musa minggat saking ngarsanipun Pirangon. Lampahipun sampun dumugi ing tanah Madayin, kèndêl lênggah pinggiring sumur, tanah Madayin punika wontên pêngulu kagungan putra pêpitu sami èstri, putra èstri pêpitu wau sami lumampah dhatêng ing sumur badhe ngangsu angisèni têlawah, kadamêl ngombèni menda kagunganipun ingkang rama, punika nuntên wontên pangèn sami anundhung dhatêng lare èstri pêpitu wau, lajêng pun Musa ngadêg amitulungi ing lare èstri, sarta angombèni mendanipun. Putra pêpitu sampun sami mantuk dhatêng Rênguèl bapakipun. Kang rama andangu, sabab apa ing dina iki kowe glis mulih, aturipun ingkang para putra, awit panuju wontên tiyang Mêsir, punika ingkang amitulungi sarta angangsokakên ngombèni ing menda kula, kang

--- 38 ---

rama nuntên ngandika dhatêng kang para putra, saiki wong iku ana ngêndi, sabab apa dadak kowe tinggal, kêbat nuli undangên marene, wong iku tak jake mangan. Sarêng sampun dumugi ing ngriku pun Musa krasan rêmên dhatêng tiyang punika, nuntên kapundhut mantu kaangsalakên kalih putranipun kang nama Siporah, èstri punika lajêng babar putra jalêr kaparingan nama Gèrsom. Wicantênipun Musa, sabab aku dadi wong anyar ana ing tanah liyan.

Cariyosipun Nabi Musa 2.

Sarêng sampun lami-lami băngsa Yisraèl kang kasangsaya saking awrating damêl, sami anjêrit sêsambatipun minggah dhatêng Allah, Allah angudanèni ing sêsambatipun. Nuntên emut ing prasêtyanipun dhatêng Ibrahim, dhatêng Yiskak utawi dhatêng Yakub. Allah angudanèni dhatêng băngsa Yisraèl.

Nuntên kacariyos Musa angèn mendanipun Yêtro marasêpuhipun, kang dados pêngulu nêgari ing Madayin. Mendanipun kagiring mangilèn dhatêng ara-ara, sampun dumugi wontên rêdinipun Allah kang nama Korêb. Lajêng malaekating Allah ngatingal dhatêng Musa, wontên satêngahing ri parung kang wontên latunipun murub. Sarêng Musa aningali yèn ri parung kabêsmi murub, nanging botên wagêd têlas. [têla...]

--- 39 ---

[...s.] Dados pun Musa sangêt ajrihipun. Musa ngandika salêbêting galih, aku têka arêp amarani sarta arêp wêruh apa kang kobong iki, sabab apadene ri parung iku ora bisa gosong, sarêng Allah mirsa yèn Musa murugi badhe aningali, lajêng animbali saking satêngahing latu pangandikanipun. Musa, musa, aturipun, kula, Allah ngandika malih, aja sira anyêdhak marene sarta sira anyopota tarumpah, sabab panggonan kang sira ambah iki bumi suci, wruhanira Ingsun iki Pangerane bapakira, Pangerane Ibrahim, Pangerane Yiskak utawa Pangerane Yakub. Musa lajêng anutupi wêdananipun sabab ajrih yèn amandênga ing Allah, pangandikaning Allah, Ingsun wis angudanèni ing karibêdane bangsaningsun kang ana ing tanah Mêsir, lan Ingsun wis mirêng ing sêsambate kang padha diarat ing wong Mêsir, Ingsun iya wis sumurup ing kasusahane, mulane Ingsun tumêdhak bakal angluwari bangsaningsun sêka ing tangane wong Mêsir, sarta bakal Ingsun unggahake sêka ing tanah Mêsir marang tanah kang bêcik lan jêmbar, tanah kang mili pohan lan madu, marang tanahe wong Kênangan, Wong Kiti, wong Ngemori, wong Pêrisi, wong Kiwi lan wong Yêbusi, ing mêngko sêsambate

--- 39 ---

Băngsa Yisraèl wis têka ing ngarsaningsun. Ingsun iya wis angudanèni mungguh wong Mêsir gone agawe susah, dene ing mêngko sira Ingsun utus maranga Si Pirangon. Amêtokna turun Yisraèl bangsaningsun sêka ing tanah Mêsir, tumuntên Musa matur dhatêng Allah, kula punika sintên, dene dikakakên sowan dhatêng Pirangon, sarta tuwan dikakakên mêdalakên băngsa Yisraèl saking tanah Mêsir, pangandikaning Allah, aja sira kuwatir Ingsun ora adoh lan sira, iku kang dadi pratandhane yèn sira Ingsun utus mêtokake băngsa sêka ing tanah Mêsir, sira bakal padha angabêkti ing Allah ana ing gunung iki, Musa matur malih dhatêng Allah, benjing yèn kula dumugi ngajêngipun băngsa Yisraèl sarta wicantên kula mêkatên. Aku iki diutus marang Pangerane lêluhurmu, nanging yèn tiyang punika pitanglêd sintên namanipun, punika kadospundi wangsulan kula, Allah ngandika malih dhatêng Musa, yèn takon ing jênêngku ya Ingsun kang ana ora owah-owah, lan sira tutura marang băngsa Yisraèl mêngkono, kang ana mau angutus marang aku, Allah ngandika malih dhatêng Musa, sira tutura marang băngsa Yisraèl mêngkono, Allah Pangerane lêluhurmu, Pangerane Ibrahim, Pangerane

--- 40 ---

Yiskak lan Pangerane Yakub. Iku kang angutus marang aku, ya iki namaningsun ing salawas-lawase, ya iki panêngêran Ingsun ing turun-turune, payo sira nuli mangkata angumpulna wong tuwa-tuwa băngsa Yisraèl padha tuturana, yèn Allah Pangerane lêluhurmu, Pangerane Ibrahim Yiskak lan Yakub wis ngatingal marang aku pangandikane, Ingsun wis angudanèni ing pakewuhira ana ing tanah Mêsir, lan Ingsun bakal angunggahake marang sira sêka ing nêgara Mêsir, awit dening padha anêmu karibêdan, padha diunggahake marang ing tanahe wong Kênangan, wong Kiti, wong Ngemori, wong Pêrisi, wong Kiwi lan wong Yêbusi, tanah kang mili pohan lan madu, iku kabèh bakal padha manut ing sacêlathonira, sira lan wong tuwa-tuwa băngsa Yisraèl mau, padha sebaa marang Raja Mêsir awèha wêruh, dene aturira mêngkene, Allah Pangeranipun băngsa Ngèwêr sampun ngatingal dhatêng kula, dados ing sapunika kula kalilana sami kesah dhatêng ngara-ara, lêlampahan tigang dintên. Badhe sami adamêl sidhêkah dhatêng Allah Pangeran kula, Ingsun wis sumurup yèn Raja Mêsir bakal ora awèh kowe padha lunga, sênadyan dipêksaa ora awèh, nanging ingsun bakal anggitik marang wong Mêsir,

--- 40 ---

amêtokake sarupaning mukjijat Ingsun ana ing têngahe, sawise mêngkono iya bakal awèh sira padha lunga, malah sira bakal padha olèh sihe wong Mêsir, dadi sira ora mangkat kothong, lan wong wadon bakal amundhuti barang mas sêlaka utawa jarit marang ing têtanggane lan marang kawanuhane, kang bakal padha digawakake ing anakira lanang wadon. Dadi sira padha ngrêbut marang wong Mêsir, tumuntên Musa matur, ingkang saupami tiyang băngsa Yisraèl botên pitados dhatêng kula, saha botên manut ing sawicantên kula, aturipun dhatêng kula, Allah botên ngatingali dhatêng sampeyan. Yèn mêkatên kadospundi, Allah ngandika, kang ana ing tanganira iku apa, aturipun Musa punika cis. Allah ngandika malih, cisira buwangên ing lêmah, cis sampun kabucal lajêng dados sawêr, Musa sangêt ajrihipun nuntên lumajêng, Allah ngandika dhatêng Musa, tanganira angranggèha nyêkêla ing buntute, sarêng astanipun ngranggèh anyêpêng sawêr, sawêr wontên ing èpèk-èpèk lajêng dados cis malih, pangandikaning Allah, yèn ora pracaya Allah Pangerane lêluhure, Pangerane Ibrahim, Pangerane Yiskak lan Pangerane Yakub wis ngatingal marang sira, Ingsun amaringi pratăndha manèh, payo tanganira [tanga...]

--- 41 ---

[...nira] lêbokna ing dhadha sajroning klambi, asta sampun kalêbêtakên ing jaja, sarêng kawêdalakên asta wau dados bule, pangandikaning Allah, tanganira balèkna ing dhadha sajroning klambi manèh, asta sampun kawangsulakên malih, sarêng kawêdalakên astanipun waluya kados ingkang wau, Allah ngandika malih, lamun ora pracaya marang sira lan ora manut ing cêlathanira,[13] awit dening pratăndha kang dhimin. Amêsthi yèn bakal manut dening pratăndha kang kari iki, saupama mêksa ora pracaya ing pratăndha kang kari iki, sira nuli angapèka banyu ing bêngawan buwangên ing dharatan. Wruhanira banyu iku samangsane têkan ing dharatan banjur dadi gêtih, Musa matur dhatêng Allah, kula nuwun tuwan. Kawula punika botên sagêd wicantên ingkang lêmês. Kala wingi utawi wingènipun, punapadene kalanipun abdi sampeyan anampèni pangandika tuwan, inggih dèrèng sagêd wicantên ingkang lêmês. Sabab lambe kawula awrat ilat kawula kaku, Allah ngandika malih, sapa kang anitahake cangkêming manungsa, sapa kang agawe bisu utawa budhêg. Apadene kang agawe padhanging mata lan kang agawe picak. Iku apa dudu Ingsun kang agawe, ing mêngko sira mangkata, Ingsun bakal ambisakake sarta anuduhake

--- 41 ---

kang bakal dadi cêlathunira, Musa matur malih, kula nuwun tuwan. Mênawi parêng mugi tuwan angutusa sanèsipun ing kawula, tumuntên Allah sangêt dukanipun dhatêng Musa pangandikanipun. Si Arun kakangira iku Ingsun wis mirsa yèn bisa cêlathu lêmês. Samangsane sira têka banjur amapagake marang sira, yèn wis katêmu lan sira bangêt bungahing atine, iku banjur sira andokokna pangandikaningsun mau ing cangkême kakangira, Ingsun bakal ambisakake ing cangkêmira lan cangkême kakangira, sarta Ingsun anuduhake kang bakal padha sira lakoni, Si Arun kakangira bakal anyalathokake marang băngsa, iku minăngka cangkêmira, lan awakira iki minăngka Pangerane kakangira, lan maninge cisira kang wis sira gawe pratăndha iku mau, iya sira gawaa ing tanganira.

Musa tumuntên kesah mantuk dhatêng Yêtro marasêpuhipun lajêng matur, kyai mugi kula kalilana mantuk tuwi dhatêng sanak kula, kang sami wontên nêgari Mêsir, kula badhe mirsa punapa sami taksih gêsang, kang rama amangsuli, iya mênyanga aku nyangoni salamêt. Musa lajêng amêndhêti garwa putranipun sami katumpakakên ing kuldi, sampun mangkat mantuk dhatêng tanah Mêsir, cis pêparingipun Allah [A...]

--- 42 ---

[...llah] wau inggih kabêkta wontên astanipun.

Tumuntên Allah ngandika dhatêng Arun, sira ing mêngko lungaa mapagna marang adhimu Si Musa ana ing ara-ara, Arun lajêng mangkat sampun kapanggih kalih ingkang rayi wontên rêdining Allah, lajêng angaras dhatêng ingkang rayi, tumuntên Musa andhawahakên sapangandikaning Allah sadaya, gènipun ngutus dhatêng sariranipun. Punapadene anêdahakên sapratandhanipun sadaya, kang saking pêparinging Allah, Musa kalih Arun lajêng sami kesah anglêmpakakên sawêrninipun tiyang sêpuh-sêpuh băngsa Yisraèl sadaya, sarêng sampun ngalêmpak Arun lajêng andhawahakên punapa sapangandikaning Allah kang dhatêng Musa sadaya, sarta Musa tumuntên amêdalakên pratăndha wontên ngajênganipun băngsa Yisraèl. Sarêng sami mirêng yèn Allah sampun angudanèni ing karibêdanipun băngsa Yisraèl, lajêng sami pitados andhêkluk sarta asujud.

Cariyosipun Nabi Musa 3.

Sasampunipun mêkatên Musa kalih Arun lajêng sami sowan ing ngarsanipun Pirangon aturipun. Kula munjuk ing sampeyan pangandikaning Allah Pangerane băngsa Yisraèl mêkatên. Sira Pirangon awèha lunga ing bangsaningsun. Bakal padha bujana ing ara-ara, wangsulanipun [wangsulani...]

--- 42 ---

[...pun] Pirangon. Kang jênêng Allah iku sapa, kang aku dikon manut ing cêlathune, sarta kang akon marang aku anguwèhi lunga băngsa Yisraèl. Aku ora idhêp kang jênêng Allah iku, aku ya ora awèh yèn băngsa Yisraèl iku padha lunga, aturipun tiyang kêkalih wau, Allah Pangeranipun băngsa Ngèwêr punika sampun ngatingal dhatêng kula, mila ingkang mugi kula sami kalilana kesah ing lêlampahan tigang dintên. Badhe adamêl sidhêkah dhatêng Allah Pangeran kula wontên ing ara-ara, supados botên kambah ing gagêring utawi botên karisak ing pêdhang, Raja Mêsir amangsuli, ya genea Si Musa lan Si Arun iki padha anyuwak ing pagawehane băngsa iku, wis padha lungaa anggarapa pagawehamu, ing mêngko băngsa iki wis dadi akèh ana ing tanah Mêsir, măngka nuli kowe suwak ing pagawehane, ing sadintên punika Raja Pirangon lajêng andhawahi dhatêng abdi tukang pangarat utawi dhatêng lêlurahipun ing băngsa Yisraèl. Pangandikanipun, kowe aja nganti amaringi mêrang olèhe nyithak bata wong băngsa iku, kaya kang wis kalakon. Padha konên angupaya mêrang dhewe, nanging mungguh cacahing bata gone nyithak mau, aja kongsi suda lan kang wis kalakon, sabab [saba...]

--- 43 ---

[...b] wong iku padha kêsèd. Mulune[14] duwe atur, mugi kula kalilana kesah badhe adamêl sidhêkah ing Pangeran kula, dene ing mêngko pagawehane wong iku padha wuwuh ana ing abote, supaya aja kongsi bisa anilingake ing basa sandi, tiyang tukang pangarat sarta lêlurahing băngsa Yisraèl, lajêng sami mêdal wicantênipun. Padha rungokna parentahe Pirangon kaya iki, yèn kowe ing mêngko ora kalilan kaparingan mêrang, nanging kowe padha lungaa dhewe-dhewe, angamèka mêrang sakarêpmu olèhmu golèk. Nanging mungguhing pagawehanamu aja kongsi suda, tumuntên tiyang băngsa sami arêbat paran dhatêng tanah Mêsir sadaya, gènipun angupados mêrang, tukang pangarat anjiyat dhatêng tiyang băngsa wicantênipun. Padha tutugna gonmu anggarap gawe ing sadina-dinane, aja owah kaya kang mau kalane kaparingan mêrang, nuntên lêlurahipun tiyang băngsa Yisraèl dipun gêbagi dhatêng tukangipun pangarat Raja Pirangon. Wicantênipun, sabab apa kowe ora anutugake ing pagawehamu, gonmu padha anyithak bata ora kaya kang wingi-wingine, tumuntên lêlurahipun tiyang băngsa Yisraèl sowan ngarsanipun Pirangon sami nangis. Aturipun, sabab punapa sampeyan [sampe...]

--- 43 ---

[...yan] adamêl mêkatên dhatêng abdi sampeyan. Botên mawi kaparingan mêrang, nanging sami dikakakên anjangkêpi banon, ngantos kalampahan abdi sampeyan dipun gêbagi, saèstu yèn mêkatên punika lêpatipun abdi sampeyan tukang pangarat. Raja Pirangon ngandika, pêsthi kowe padha wong kêsèd, mulane kowe duwe atur, mugi kalilana kesah adamêl sidhêkah ing Allah, wis kowe padha lungaa anggarap gawe, aku ora maringi mêrang, nanging lêladènmu bata aja nganti lowong, sarêng lêlurahipun tiyang băngsa Yisraèl sami rumaos kasiku, sarta padamêlanipun botên kalilan suda ing sadintên-dintênipun, lajêng lêlurah wau anggubêl dhatêng Musa utawi dhatêng Arun. Kang sawêg sami ngadêg mêthukakên wêdalipun lêlurah saking ngarsanipun Pirangon. Aturipun lêlurah wau, Allah sampun angudanèni sarta badhe angadili, awit dening sampeyan adamêl amis ing awak kula, ing paningalipun Pirangon utawi saabdinipun sadaya, sampeyan sampun anyukani pêdhang ing astanipun. Kadamêl amêjahi dhatêng kula, tumuntên Musa kundur matur dhatêng Allah, tuwan punapaa sampeyan adamêl awon dhatêng băngsa punika, punapaa kula punika kautus. Awit [A...]

--- 44 ---

[...wit] kalanipun kula sowan dhatêng Pirangon andhawahakên pangandika tuwan, lajêng băngsa punika dipun damêl awon. Tuwan inggih botên karsa ngluwari ing băngsa tuwan. Tumuntên Allah ngandika dhatêng Musa, Musa ing mêngko sira bakal andêlêng ing pagaweyan ingsun marang Si Pirangon. Lan bakal Ingsun pêksa Si Pirangon awèha padha lunga, malah anundhunga têka ing nêgarane, Allah ngandika malih dhatêng Musa, wruhanira Ingsun iki Allah, kang wis ngaton ing Ibrahim ing Yiskak lan marang Yakub, kang nganggo nama Maha Wisesa, nanging namaningsun Allah durung kawruhan. Ingsun wis angadêgake prasêtyan lan wong tatêlu iku, yèn Ingsun bakal amaringi tanah Kênangan kang padha diênggoni, dene Ingsun iya wis angudanèni ing sêsambate wong băngsa Yisraèl, kang padha dikawulakake marang Raja Mêsir, ing mêngko Ingsun emut ing prasêtyaningsun. Mulane sira tutura marang băngsa Yisraèl mêngkono, Ingsun Allah kang bakal amêtokake ing sira têka ing karibêdanira, kang padha sira têmu ana ing Mêsir, Ingsun bakal anulungi ing pagaweyanira, lan bakal angluwari marang sira awit têka wisesaningsun ing paukuman gêdhe, Ingsun angêpèk marang sira dadi bangsaningsun, lan Ingsun dadi Pangeranira, [Pa...]

--- 44 ---

[...ngeranira,] lan sira padha angawruhana yèn Ingsun Allah Pangeranira, kang mêtokake marang sira têka ing karibêdan. Kang padha sira têmu ana ing Mêsir, Ingsun bakal ngiringake ing sira marang tanah, kang Ingsun wis supata amaringi marang Ibrahim marang Yiskak lan Yakub. Ing mêngko bakal dadi darbèkira, Ingsun iki Allah, tumuntên Musa ngandika dhatêng băngsa Yisraèl. Nanging botên wotên ingkang mituhu awit botên sarănta ing manah, punapadene saking awrating padamêlan.

Tumuntên Allah ngandika dhatêng Musa, sira sebaa marang Raja Pirangon lan sira tutura, anguwèhana lunga băngsa Yisraèl sêka ing nêgarane, aturipun Musa dhatêng Allah, ing sapunika băngsa Yisraèl sampun botên mituhu dhatêng kula, pun Pirangon malih yèn puruna manut. Sabab kula punika tiyang mawi lambe ikud. Allah ngandika malih dhatêng Musa utawi dhatêng Arun, sami kaparingan wawênang anguwasani dhatêng băngsa Yisraèl sarta dhatêng Raja Pirangon, dados badhe amêdalakên băngsa Yisraèl saking tanah Mêsir.

 


kang. (kembali)
angêpang. (kembali)
umur. (kembali)
impène. (kembali)
Yusuf. (kembali)
Mêsir. (kembali)
dadia. (kembali)
dalêmipun. (kembali)
panggalihipun. (kembali)
10 sarêng. (kembali)
11 jangganipun. (kembali)
12 wêruh. (kembali)
13 cêlathunira. (kembali)
14 mulane. (kembali)