Leesboek voor de Javanen, Tezamengesteld, Gericke, 1841, #1748 (Hlm. 45–90)

Judul
Sambungan
1. Leesboek voor de Javanen, Tezamengesteld, Gericke, 1841, #1748 (Hlm. 01–44). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
2. Leesboek voor de Javanen, Tezamengesteld, Gericke, 1841, #1748 (Hlm. 45–90). Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 10-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Cariyosipun Nabi Musa 4.

Pangandikaning Allah dhatêng Musa, sira ing mêngko Ingsun dadèkake Pangerane Si Pirangon. Lan kakangira

--- 45 ---

Si Arun dadia nabinira, sira andhawuhna sapangandikaningsun kabèh, lan Si Arun kakangira tutura marang Si Pirangon. Anguwèhana băngsa Yisraèl padha lunga têka nêgarane, nanging Ingsun bakal agawe kaku marang atine Si Pirangon. Lan Ingsun bakal angakèhake ing pratăndha sarta mukjijat ingsun ana ing tanah Mêsir, ewadene Si Pirangon ora manut marang sira, lan astaningsun bakal ngranggèh ing tanah Mêsir, amêtokake balaningsun băngsa Yisraèl sêka ing tanah Mêsir, nganggo paukuman gêdhe, besuk yèn Ingsun angranggèh ing nêgara Mêsir, wong Mêsir kabèh bakal padha sumurup yèn Ingsun iki Allah, kang mêtokake băngsa Yisraèl sêka satêngahing nêgarane, tumuntên Musa kalih Arun sami nglampahi saparentahipun Allah, kalanipun Musa kalih Arun wicantên dhatêng Pirangon, yuswanipun Musa sawêg wolung dasa taun. Dene Arun yuswanipun sawêg wolung dasa tigang taun.

Tumuntên Allah ngandika dhatêng Musa kalih Arun. Yèn Si Pirangon anjaluk mukjijatira, banjur sira angakona marang Si Arun, anjuput cisira nuli buwangên ing ngarêpane Si Pirangon. Cis iku banjur amalih ula, nuntên Musa kalih Arun sami sowan dhatêng Pirangon, [Pirango...]

--- 45 ---

[...n,] anglampahi saparentahipun Allah, Arun lajêng ambucal cis ing ngarsanipun Pirangon sarta ing ngajênganipun para abdi, cis lajêng dados sawêr, tumuntên Raja Pirangon animbali sawêrninipun tiyang kang sagêd sulapan, tiyang digdaya ing tanah Mêsir wau inggih adamêl kados punika amargi saking sulapanipun. Sami ambucal cisipun inggih lajêng sami dados sawêr, nanging cisipun tiyang sulapan wau sami kauntal dhatêng cisipun Arun. Nanging galihipun Pirangon mêksa kêkah, botên purun manut dhatêng tiyang kêkalih punika, kados pangandikaning Allah rumiyin.

Tumuntên Allah ngandika dhatêng Musa, atine Si Pirangon iki kaku, ngukuhi ora awèh băngsa iku lunga, sira sebaa manèh marang Si Pirangon. Besuk esuk bakal dolan marang banyu, sira ngadêga amapagna sapinggiring bêngawan, lan cisira kang wis amalih ula iku, sira gawaa ing tanganira, banjur tutura marang Si Pirangon. Kula punika kautus dening Allah Pangeranipun băngsa Ngèwêr dhatêng sampeyan. Dhawahipun, Si Pirangon nguwèhana bangsaningsun lunga marang ara-ara, bakal padha ngabêkti marang Ingsun. Nanging sira ora manut nganti saprene, dhawahipun Allah mêkatên, awit dening iku sira bakal sumurup [su...]

--- 46 ---

[...murup] yèn Ingsun iki Allah, cis kang ana ing tangan ingsun, iku bakal Ingsun gitikake ing banyu bêngawan. Banyu iku banjur salin rupa gêtih, dene iwake kang ana ing bêngawan banjur padha mati, bêngawan iku bakal amis. Wong Mêsir ora nana kang sudi ngombe banyune, Allah ngandika malih dhatêng Musa utawi dhatêng Arun. Sira anjuputa cisira lan angranggèha tanganira ing banyu kang ana ing tanah Mêsir, kang ana ing bêngawan ing kali lan ing têlaga, apadene pakumpulaning banyu kabèh, kang ana ing wadhah kayu utawa watu, iku bakal padha salin arupa gêtih kabèh, Musa kalih Arun tumuntên sami anglampahi saparentahipun Allah, lajêng aninggil cisipun kagitikakên ing toya bênawi, kang wontên ngarsanipun Pirangon utawi ngajêngipun para abdi, toya bênawi sapanunggilanipun lajêng sami salin wêrni rah sadaya, ulam kang wontên ing bênawi sami pêjah, bênawi gandanipun saklangkung amis, dados tiyang Mêsir botên wontên ingkang sagêd ngunjuk toya, sabab sawêrnining toya kang wontên ing tanah Mêsir sampun sami dados rah sadaya, tumuntên tiyang Mêsir kang sami digdaya, sami adamêl mêkatên amargi saking sulapanipun. Nanging galihipun Pirangon mêksa kêkah,

--- 46 ---

botên manut dhatêng tiyang kêkalih wau, kados pangandikaning Allah rumiyin. Pirangon lajêng kundur angêdhaton, nanging botên anggalih bab ing pratăndha wau punika, nuntên tiyang Mêsir sami adamêl sumur wontên sapinggiripun bênawi, sabab toya kang wontên ing bênawi botên kenging dipun ombe.

Sarêng sampun antawis pitung dintên Allah gènipun anggitik bênawi, lajêng Allah ngandika malih dhatêng Musa, sira sebaa marang Si Pirangon andhawahna pangandikaningsun. Anguwèhana lunga bangsaningsun bakal padha ngabêkti marang Ingsun. Yèn sira mêksa ngukuhi, Ingsun bakal anêkakake siksa ing sawawêngkonira kabèh rupa kodhok, bakal padha anggrêmêt ing bêngawan, munggah malêbu ing omahira, lan ing gêdhong paturonira sarta ing ambèn. Apadene bakal padha lumêbu ing omahe abdinira lan wong ngindhung-indhung, bakal padha lumêbu ing pawon lan wadhah bêras. Kodhok iku bakal padha mènèk ing awakira, lan ing awake abdinira kabèh, tumuntên Allah ngandika malih dhatêng Musa, sira ngakona marang Si Arun. Cis kang ana ing tanganmu iku ranggèhna ing bêngawan ing kali lan ing têlaga, angunggahna kodhok marang tanah Mêsir, astanipun Arun lajêng [la...]

--- 47 ---

[...jêng] angranggèh ing toya kang wontên ing tanah Mêsir, anginggahakên kodhok kang anasabi siti, tiyang Mêsir kang digdaya inggih sami adamêl kados mêkatên margi saking sulapanipun. Sami anginggahakên kodhok ing siti, tumuntên Pirangon animbali dhatêng Musa sarta Arun pangandikanipun. Dongakna ing Allah kodhok iki dèn êdohêna sêka ing aku lan sêka ing bangsaku, yèn wis kalakon aku ya awèh băngsa iku lunga bakal sidhêkah ing Allah, aturipun Musa dhatêng Pirangon. Benjing punapa gèn sampeyan ngarsakakên kula dongakakên ing sampeyan, utawi dhatêng abdi băngsa sampeyan. Kodhok badhe kaicalakên saking sarira sampeyan utawi saking dalêm sampeyan, namung kantuna kang wontên ing bênawi, wangsulanipun Pirangon, karêpku besuk esuk. Aturipun Musa, inggih sakarsa sampeyan, supados sampeyan sumêrêpa, yèn botên wontên kados Allah Pangeran kula, kodhok badhe gumingsir saking sarira sampeyan, saking dalêm sampeyan. Punapadene saking abdi băngsa sampeyan. Namung kantuna ing bênawi kimawon, lajêng Musa kalih Arun sami mêdal saking ngarsanipun Pirangon. Musa nanêdha dhatêng Allah, awit [a...]

--- 47 ---

[...wit] jangjinipun kalih Pirangon sagah ngicalakên kodhok. Tumuntên Allah anjurungi sapanêdhanipun Musa, kodhok kang wontên salêbêting griya, utawi kang wontên pakarangan sarta ing sabin, sami pêjah sadaya, sami kaundhung-undhungakên, dados siti gandanipun saklangkung bacin. Sarêng Pirangon aningali yèn sampun angsal pitulung, lajêng angêkahi galihipun. Botên purun manut ing tiyang kêkalih punika, kados pangandikaning Allah rumiyin.

Tumuntên Allah ngandika malih dhatêng Musa, sira ngakona marang Si Arun. Cismu ranggèhna lan gitikna ing lêbu, lêbu iku bakal dadi muring ana ing tanah Mêsir kabèh, lajêng anglampahi Arun astanipun ngranggèh, Cisipun kagêbagakên ing siti, lêbu lajêng dados muring amăngsa ing tiyang utawi khewan. Sawêrnining lêbu kang wontên ing tanah Mêsir sadaya, sampun sami dados muring, tiyang Mêsir kang digdaya sami nêdya mêdalakên muring margi saking sulapanipun. Nanging botên sagêd, muring amăngsa tiyang utawi khewan. Tiyang kang digdaya wau sami matur dhatêng Pirangon. Punika saking panguwasaning Allah, nanging Pirangon angêkahi galihipun, botên manut dhatêng tiyang kêkalih punika, kados pangandikaning Allah rumiyin. [ru...]

--- 48 ---

[...miyin.]

Tumuntên Allah ngandika malih dhatêng Musa, sira tangia mêngko wanci bangun. Ngadêga ing ngarêpe Pirangon. Iku bakal dolan marang banyu, sira nuli tutura, pangandikaning Allah mêkatên, sira nguwèhana bangsaningsun lunga bakal padha ngabêkti marang Ingsun. Yèn sira ora awèh lunga marang bangsaningsun mau, Ingsun bakal anêkakake marang sira, lan marang abdi bangsanira sarta ing omahira, kang rupa cere, iku bakal angêbêki ing omahe wong Mêsir kabèh, lan bakal ana ing bumi kang padha diênggoni, lan ing măngsa iku Ingsun agawe beda ing tanah Gosèn. Kang diênggoni bangsaningsun. Ing kono bakal ora nana cerene, supaya sira padha sumurupa yèn Ingsun ana ing têngahe tanah iku, Ingsun bakal agawe sêla ing bangsaningsun lan bangsanira, besuk esuk pratăndha iku bakal anêkani, tumuntên Allah adamêl mêkatên. Cere anglangkungi saking kathah sami dhatêng, malêbêt dalêmipun Pirangon sarta griyanipun para abdi, utawi salêbêting tanah Mêsir sadaya, tanah karisakan awit dening cere wau, tumuntên Pirangon animbali dhatêng Musa kalih Arun pangandikanipun. Payo padha agawe sidhêkah marang Pangeranmu ana ing tanah

--- 48 ---

kene, aturipun Musa, botên pantês yèn adamêla mêkatên. Sabab andadosakên kanisthanipun tiyang Mêsir, yèn kula sami adamêl sidhêkah dhatêng Allah Pangeran kula wontên ing ngriki, awêkasan kula badhe sami dipun bandhêmi dhatêng tiyang Mêsir, kula mugi kalilana kesah dhatêng ara-ara lêlampahan tigang dintên, badhe adamêl sidhêkah dhatêng Allah Pangeran kula wontên ing ngriku, kados kang sampun kapangandikakakên. Wangsulanipun Pirangon, iya aku anglilani kowe padha lunga, agawe sidhêkah marang Allah Pangeranmu ana ing ara-ara, nanging aja nganti adoh-adoh, padha andongakna ing aku, aturipun Musa, inggih kula mêdal saking ngarsa sampeyan, badhe andêdonga dhatêng Allah, benjing enjing sawêrnining cere badhe gumingsir saking Pirangon saabdi bangsanipun sadaya, nanging sampeyan sampun ngantos ngapusi malih, botên anglilani băngsa punika kesah sami adamêl sidhêkah dhatêng Allah, sarêng Musa sampun mêdal saking ngarsanipun Pirangon, lajêng andêdonga dhatêng Allah, Allah inggih lajêng anjurungi sapanêdhanipun Musa, sawêrnining cere sami gumingsir saking Pirangon saabdi bangsanipun sadaya, botên kantun satunggil-tunggila, nanging Pirangon sapisan punika [puni...]

--- 49 ---

[...ka] inggih angêkahi galihipun malih, botên anglilani kesahing băngsa Yisraèl.

Tumuntên Allah ngandika malih dhatêng Musa, sira sebaa manèh marang Pirangon lan tutura, pangandikaning Allah Pangeranipun băngsa Ngèwêr mêkatên. Sira anguwèhana lunga bangsaningsun. Bakal padha ngabêkti marang Ingsun, nanging yèn sampeyan mêksa angukuhi, botên anglilani băngsa punika kesah, astanipun Allah badhe kenging ing kagungan sampeyan kang wontên ing sabin. Kenging ing kapal ing kuldi ing unta ing maesa utawi ing menda, têmahipun dados gagêring langkung agêng, sarta Allah badhe adamêl sanèsing khewanipun băngsa Yisraèl kalih khewanipun tiyang Mêsir, dene khewanipun băngsa Yisraèl botên wontên kang pêjah satunggil-tunggila, Allah sampun anyumadosi, benjing enjing Allah badhe anglampahi bab punika ing tanah Mêsir, tumuntên enjingipun Allah anglampahi ing bab punika, khewanipun tiyang Mêsir lajêng sami pêjah sadaya, nanging khewanipun băngsa Yisraèl botên wontên kang pêjah satunggil-tunggila, tumuntên Pirangon angutus, sampun kapriksa yèn khewanipun băngsa Yisraèl botên wontên kang pêjah satunggil-tunggila, lajêng Pirangon angêkahi galihipun,

--- 49 ---

botên anglilani băngsa punika kesah.

Tumuntên Allah ngandika malih dhatêng Musa kalih Arun. Sira anjupuka awu kang ana ing pawon dikêbêk gêgêmanira, lan Si Musa nuli anyawurna awu mandhuwur anaa ngarêpane Pirangon. Awu iku bakal dadi blêdug ing tanah Mêsir kabèh, iku bakal kêna ing wong lan ing khewan. Padha dadi malênthung lan ngorèng ana ing tanah Mêsir kabèh, tumuntên tiyang kêkalih wau sami amêndhêt awu dhatêng pawon, lajêng sami ngadêg ngarsanipun Pirangon. Musa nuntên anyawurakên awu manginggil, lajêng dados malênthung sarta ngorèng ing tiyang utawi ing khewan. Tiyang Mêsir kang digdaya sami botên sagêd ngadêg wontên ngarsanipun Musa, awit dening sami anandhang sakit kados tiyang Mêsir sadaya, tumuntên Allah adamêl kêkahing galihipun Pirangon. Dados botên manut ing tiyang kêkalih wau, kados pangandikaning Allah dhatêng Musa rumiyin.

Tumuntên Allah ngandika malih dhatêng Musa, mêngko sira tangia ing wanci bangun. Nuli ngadêga ing ngarêpe Pirangon lan tutura, pangandikaning Allah Pangeranipun băngsa Ngèwêr kados mêkatên. Sira anguwèhana bangsaningsun lunga, bakal padha ngabêkti marang Ingsun. Yèn sira

--- 50 ---

ora awèh sapisan iki, Ingsun iya bisa anêkakake sarupa-rupaning walat marang sira saabdi bangsanira, supaya sira sumurupa yèn ora nana kang kaya Ingsun ing bumi kabèh, ing mêngko Ingsun iya bisa astaningsun angranggèh angênakake gagêring marang sira, lan ing bangsanira, dadi karusakan ing bumi, nanging Ingsun agawe tulus marang sira, supaya sira bisaa dêlêng wisesaningsun. Lan namaningsun kasuwura ing bumi kabèh, dene yèn sira mêksa angukuhi manèh, ora awèh lunga ing bangsaningsun. Besuk esuk Ingsun bakal angudanake arupa karikil kang luwih atos. Ing salawase tanah Mêsir durung ana kang kaya iku, ing mêngko sira bakal ngutus anggolèk pangungsèn. Kang bakal diênggoni ing duwèkira kang ana ing sawah kabèh, apadene ing sarupaning wong lan khewan kang ana ing sawah, yèn ora dikumpulake ing pangungsèn, amêsthi yèn katiban udan karikil banjur padha mati, abdinipun Pirangon kang ajrih ing pangandikaning Allah, lajêng angungsèkakên rencang sarta khewanipun. Dene kang botên pitados ing pangandikaning Allah wau, rencang utawi khewanipun sami kakèndêlakên wontên ing sabin kimawon. Allah tumuntên ngandika dhatêng [dha...]

--- 50 ---

[...têng] Musa, tanganira angranggèha mandhuwur, bakal mêtu udan karikil ing tanah Mêsir kabèh, anibani marang wong ing khewan lan sarupaning thêthukulan kang ana ing sawah, tumuntên Musa astanipun angranggèh manginggil, lajêng Allah angwontênakên gêlap sarta jawah karikil kalihan latu tumurun ing bumi, Allah anjawahakên karikil ing tanah Mêsir, karikil punika awor kalihan latu, karikil wau saklangkung atosipun. Botên wontên kados mêkatên ing tanah Mêsir sadaya, salaminipun sami dipun ênggèni, karikil punika anibani ing tanah Mêsir sadaya, ing tiyang sarta ing khewan kang taksih wontên ing sabin, punapadene thêthukulan kêkajêngan sami karisak sadaya, namung ing tanah Gosèn kang dipun ênggèni băngsa Yisraèl, kang botên wontên punapa-punapa, Pirangon lajêng ngutus animbali dhatêng Musa kalih Arun pangandikanipun. Ing sapisan iki aku wis rumăngsa kaluputan, Allah kang adil, nanging aku lan bangsaku kang padha ala, kowe andongakna kang akèh-akèh marang Allah, supaya gêlap lan udan karikil iku bisaa mênêng, dene aku bakal awèh kowe padha lunga, ora tak gendholi manèh, aturipun Musa, samangsanipun kula dumugi sajawining kitha, lajêng badhe

--- 51 ---

angumbulakên tangan kula kalih nanêdha ing Allah, gêlap sarta jawah karikil punika badhe kèndêl. Supados sampeyan sumêrêpa, yèn bumi punika sadaya kagunganing Allah, nanging mênggahing sampeyan saabdi sampeyan, kula sampun sumêrêp yèn dèrèng ajrih yêktos dhatêng Allah, kacariyos uwit kapas sarta juwawut sami kadhawahan ing jawah karikil wau, sabab juwawut punika panuju sampun mêrkatak. Dene kapas wau panuju sampun mêkar, nanging gandum kalihan jagung punika botên katiban. Awit dening sawêg siti irêngan, tumuntên Musa mêdal saking ngarsanipun Pirangon. Sampun dumugi sajawining kitha lajêng angumbulakên astanipun ananêdha dhatêng Allah, nuntên gêlap sarta jawah karikil kèndêl. Botên dhawah ing siti malih, sarêng Pirangon aningali yèn gêlap utawi jawah karikil sampun kèndêl, lajêng Pirangon saabdinipun adamêl dosa angêkahi galihipun malih, galihipun Pirangon sampun kaku, botên anglilani băngsa Yisraèl sami kesah, kados pangandikaning Allah dening Musa rumiyin.

Tumuntên Allah ngandika malih dhatêng Musa, sira sebaa manèh marang Pirangon. Sabab Ingsun wis agawe atos [a...]

--- 51 ---

[...tos] ing atine lan ing atine abdine, supaya Ingsun agawe pratăndha ing têngahe, dadi sira bakal bisa anyaritakake marang anak putunira ing mukjijat Ingsun kang wis tumêka ing tanah Mêsir, lan pratăndha kang wis Ingsun agawe, supaya sira padha sumurupa yèn Ingsun iki Allah, tumuntên Musa kalih Arun sami sowan dhatêng Pirangon. Aturipun, pangandikaning Allah Pangeranipun băngsa Ngèwêr kados mêkatên. Kurang pira lawase gonira ngukuhi ora tumungkul marang Ingsun. Ora anguwèhi lunga marang bangsaningsun. Kang bakala padha ngabêkti marang Ingsun. Dene yèn sira mêksa ngukuhi, ora nguwèhi lunga ing bangsaningsun, besuk esuk Ingsun bakal anêkakake kang rupa walang ana ing wawêngkonira kabèh, iku bakal padha anasabi ing tanah Mêsir kabèh, bumine kongsi ora katon, sarta bakal padha amăngsa sisane kang katiban udan karikil. Bakal amêmăngsa wiwitan[1] lan sarupaning thêthukulaning bumi, bakal ngêbaki omahira lan ing omahe saabdinira ing Mêsir kabèh, ing alame salêluhurira kang dhimin nganti saprene durung ana kang kaya iku, lajêng Musa mundur mêdal saking ngarsanipun Pirangon. Tumuntên para abdi Mêsir [Mê...]

--- 52 ---

[...sir] sami matur dhatêng Pirangon. Kirang pintên laminipun mênggah kalilip sampeyan punika, gènipun wontên satêngahing nêgari, mugi tumuntên sampeyan anglilanana tiyang punika sami kesah, badhe angabêkti dhatêng Allah Pangeranipun. Punapa sampeyan dèrèng sumêrêp, yèn tanah Mêsir punika sampun karisakan, lajêng Musa kalih Arun dipun timbali wangsul dhatêng Pirangon. Pangandikanipun, yèn kowe bakal lunga ngabêkti marang Allah Pangeranmu, sapa kang bakal padha milu, aturipun Musa, ingkang kula bêkta kang anèm utawi kang sêpuh sarta anak kula jalêr èstri, punapadene menda maesa kula, sami kula bêkta kesah sadaya, sabab sidhêkahan agêng dhatêng Allah, wangsulanipun Pirangon. Apa nyata Allah wis andikakake mêngkono marang kowe, yèn aku awèha lunga marang kowe anggawa anakmu, amêsthi kowe padha anêdya ala, yèn kaya mêngkono aku ora awèh, namung kang lanang bae aku anglilani lunga ngabêkti ing Allah, iku kang wis kowe jaluk biyèn, lajêng tiyang kêkalih wau katundhung saking ngarsanipun Pirangon. Tumuntên Allah ngandika dhatêng Musa, ing mêngko tanganira angranggèha ing tanah Mêsir, iku banjur ana walang ing tanah Mêsir, kang bakal amêmăngsa [a...]

--- 52 ---

[...mêmăngsa] sarupaning thathukulaning bumi sisaning udan karikil biyèn. Musa tumuntên angranggèhakên cisipun dhatêng tanah Mêsir, lajêng Allah aniyupakên angin wetan dhatêng tanah Mêsir ing sadintên sadalu, sarêng enjingipun katingalan angin wetan wau kang ambêkta walang, walang punika lajêng amradini ing tanah Mêsir sadaya, sami manggèn wontên ing wawêngkonipun anglangkungi kathahipun. Ingkang sampun kalampahan utawi ingkang dèrèng, botên wontên ingkang kados punika, walang sami anasabi ing tanah Mêsir sadaya, ngantos adamêl pêtênging bumi, sami amăngsa thathukulaning bumi utawi wowohan sisaning jawah karikil. Sawêrninipun gêgodhonganing uwit utawi thathukulaning bumi, botên wontên kantun satunggil-tunggila ing tanah Mêsir sadaya, tumuntên Pirangon enggal animbali dhatêng Musa kalih Arun. Pangandikanipun, aku wis rumăngsa dosa marang Allah Pangeranmu lan marang kowe, ing sapisan iki kowe angapuraa marang aku, lan dongakna marang Allah Pangeranmu, supaya bilai iki gumingsira têka ing aku, Musa lajêng mêdal saking ngarsanipun Pirangon sarta andêdonga ing Allah, Allah tumuntên amangsulakên angin kilèn kang sangêt agêngipun. Angin punika ambêkta [a...]

--- 53 ---

[...mbêkta] sawêrnining walang lajêng kalabuh ing Sêgantên Suf. Walang botên kantun satunggil-tunggila ing sawawêngkonipun tanah Mêsir sadaya, nanging Allah adamêl kêkah galihipun Pirangon, botên anglilani băngsa Yisraèl kesah.

Tumuntên Allah ngandika malih dhatêng Musa, ing mêngko tanganira ngranggèha mandhuwur, banjur dadi pêtêng ing tanah Mêsir kabèh, padha anggagap awit ing pêtênge, Musa lajêng angranggèh astanipun manginggil, lajêng dados pêtêng dhêdhêt ing tanah Mêsir sadaya, laminipun ngantos tigang dintên. Sawêrnining tiyang botên wontên kang sagêd aningali ing kancanipun. Dados sami botên ngadêg ing salêbêtipun tigang dintên punika, nanging sawêrninipun băngsa Yisraèl sami padhang ing pagriyanipun. Pirangon lajêng animbali dhatêng Musa pangandikanipun. Wis payo kowe padha lungaa ngabêkti marang Allah iya gawanên anakmu, nanging wêdhus kêbomu iku tinggalana, aturipun Musa, punapa sampeyan badhe apêparing kang badhe kula damêl sidhêkahing Allah Pangeran kula, samangsanipun kula kesah khewan inggih kula bêkta, botên nêdya kula tilar kikil satunggil, sabab khewan punika badhe kadamêl sidhêkah ing Allah Pangeran kula, yèn khewan botên kabêkta, dados botên wontên kang kula damêl [damê...]

--- 53 ---

[...l] sidhêkah dhatêng Allah, tumuntên Allah adamêl kêkahing galihipun Pirangon. Botên anglilani kesah dhatêng băngsa Yisraèl. Pirangon lajêng ngandika dhatêng Musa, èh poma aja kowe têka ing ngarêpku manèh, samangsane kowe têka manèh ing ngarêpku, amêsthi yèn kowe tak patèni, aturipun Musa, inggih sumăngga punapa sakarsa sampeyan. Kula botên sowan malih dhatêng sampeyan.

Tumuntên Musa matur malih dhatêng Pirangon, pangandikaning Allah kados mêkatên, ing satêngah wêngi iki Ingsun tumêdhak marang tanah Mêsir, Ingsun bakal amatèni ing sarupaning anak pêmbarêp ing tanah Mêsir kabèh, anak pêmbarêpe Pirangon kang lungguh ing dhampar, apadene anak pêmbarêpe wong rucah, lan sarupaning anak pêmbarêping khewan. Dados tiyang ing tanah Mêsir sadaya agêng sêsambatipun. Ingkang sampun kalampahan utawi ingkang dèrèng, botên wontên sêsambat ingkang kados punika, nanging mênggah băngsa Yisraèl sadaya, dêlasan sêgawon botên wontên kang purun jugug dhatêng tiyang utawi khewanipun. Supados sampeyan sumêrêpa yèn Allah adamêl sanès băngsa Mêsir kalih băngsa Yisraèl. Wêkasanipun abdi sampeyan punika sadaya badhe amurugi [amu...]

--- 54 ---

[...rugi] dhatêng kula, sarta sami andhêngkluk wicantênipun. Mugi sampeyan utawi sabăngsa sampeyan sadaya sami mangkata, sasampunipun mêkatên kula inggih badhe mangkat. Musa tumuntên mêdal saking ngarsanipun Pirangon angêmu duka, Allah lajêng ngandika dhatêng Musa, Si Pirangon iki mêksa kudu ora manut marang sira, sanadyan wis kalakon akèh mukjijat Ingsun ana ing tanah Mêsir, kacariyos Musa kalih Arun sampun adamêl mukjijat punika wau sadaya ing ngarsanipun Pirangon. Nanging Allah sampun adamêl kêkahing galihipun Pirangon. Botên anglilani băngsa Yisraèl sami kesah saking nêgarinipun.

Cariyosipun Nabi Musa 4.

Tumuntên Allah ngandika dhatêng Musa kalih Arun wontên ing tanah Mêsir, ing sasi iki minăngka dadi sirahing sasi, wiwitaning sasi salining taun. Ing mêngko sira tutura marang măngsa Yisraèl kabèh, besuk tanggal ping sapuluh ing sasi iki, padha angapèka cêmpe, wong siji ing sarayate cêmpe siji, dene yèn kurang wong kang mangan cêmpe siji mau, iya diundangna marang tanggane, sarta diitunga wong pira kang mangan cêmpe mau, dadi cêmpe iku tanpa cacad lanang kang lagi umure sataun. Dipèka [Dipè...]

--- 54 ---

[...ka] sêka ing panggonane lan disimpêna ngantia tanggal ping patbêlas ing sasi iki, nuli băngsa Yisraèl padha nyambêlèha wanci suruping srêngenge, gêtihe tadhanana nuli lèlètana usarêna ing saka loro lan dhuwuring lawang omah, kang diênggoni amangan cêmpe mau, sawêngi iki padha mangana iwake kang kapanggang ing gêni, gawenên lawuh mangan apêm kang tanpa lêgèn lan jangan pait. Aja nganti sira mangan mamêntahan utawa ginodhog ing banyu, amung panggangên ing gêni, padha dipangan êndhase sampile lan wadhuke, aja nganti ana kang kari, dene yèn ana sisane besuk esuk sira obonga, dene gonira mangan patrape mêngkene, sira padha abêbêntinga anganggoa tarumpah lan têkên cêkêlên ing tanganira, nuli padha mangana kang rikat. Yaiku sidhêkah pangluwaring Allah, Ingsun bakal tumêdhak ing sawêngi iki marang Mêsir, bakal anumpês pêmbarêpe tanah Mêsir kabèh, awit sêka ing wong dêlasan ing khewan. Ingsun bakal angukum ing dewane wong Mêsir kabèh, Ingsun iki Allah, gêtihing cêmpe mau minăngka pratăndha omah kang sira ênggoni, samangsane Ingsun aningali gêtih, amêsthi omah iku Ingsun liwati, sira padha ora kêna sira ing walat [wa...]

--- 55 ---

[...lat] katut katumpês. Yèn Ingsun anumpês tanah Mêsir, ing dina iki minăngka pangeling-eling gonira agawe sidhêkah marang Allah ing saturun-turunira, dadi anggêr-anggêr ing salawase, lan maninge sajroning pitung dina sira padha amangana apêm kang tanpa lêgèn. Awit ing dina sapisan lêgèn sira buwanga sêka ing omahira, samangsane ana kang mangan nganggo lêgèn, iku nyawane bakal padha dipisahake ing băngsa Yisraèl, awit ing dina sapisan nganti têka ing dina ping pitu, ing dina kang kaping sapisan lan kang kaping pitu iku bakal dianggo pakumpulan sukci, sarupaning gawe mênêng ora digarap. Amung kang padha dipangan ing uwong iku kang disadhiyakake bae, mungguhing apêm kang tanpa lêgèn iku padha dilêluria, sabab ing sadina iki gon Ingsun amêtokake sabalanira kabèh têka ing tanah Mêsir, mulane ing dina iki padha anglêluria ing saturun-turunira, dadi anggêr-anggêr ing salawase, ing sasi ping sapisan tanggal ping patbêlas wanci sore, nganti têkan tanggal ping salikur wanci sore, sira padha mangana apêm kang tanpa lêgèn. Sajroning pitung dina iku aja nganti kanggonan lêgèn ing omahira, sapa-sapaa kang mangan nganggo lêgèn, nyawane bakal dipisahake ing băngsa Yisraèl, [Yisra...]

--- 55 ---

[...èl,] dadia wong anyar sênadyan wong ajal kamulaning tanah, sarupa-rupaning lêgèn aja dipangan. Dene ing omahira kabèh kang padha dipangan mung apêm kang tanpa lêgèn.

Tumuntên Musa andhatêngakên tiyang kang sêpuh-sêpuh băngsa Yisraèl sadaya, wicantênipun. Kowe padha angapèka cêmpe siji ing sarayatmu dhewe-dhewe, nuli sambêlèhên agawe sidhêkah ing pangluwaran, sarta angapèka esob sabêngkêk. Nuli cêlubêna ing gêtih cêmpe kang ana ing wadhah mau, banjur lèlèt-lèlètêna usar-usarêna sadhuwuring lawang lan sakane loro, lan maninge aja ana kang mêtu sêka ing lawang omah sawêngi iku, sabab Allah bakal tumêdhak anumpês wong Mêsir, nanging samangsane mirsa gêtih kang ana sadhuwuring lawang lan kang ana ing saka loro, amêsthi yèn Allah bakal angliwati ing lawang iku, dadi ora agawe tumpês ing omahmu, kowe padha anglêluria ing pratingkah iku, dadi anggêr-anggêr saturun-turunmu ing salawase, dene besuk yèn kowe wis padha têka ing tanah, kang Allah wis anjangji maringake marang kowe, kowe padha anglêluria ing pratingkah iku, dadi ing besuk yèn anak putumu padha takon, ing pratingkah iki apa kang

--- 56 ---

dadi purwane, kowe padha anuturana, ya iki sidhêkah pangluwaring Allah, omahe băngsa Yisraèl kang padha ana ing Mêsir, kang liniwatan kalane Allah anumpêsi wong Mêsir, omahku iya wis kaluwaran kabèh, sarêng băngsa wau mirêng, lajêng sami andhêku sumungkêm ing siti, tumuntên băngsa Yisraèl sami kesah anglampahi sapangandikaning Allah, kang kadhawahakên dhatêng Musa kalih Arun.

Sarêng ing wanci têngah dalu Allah tumêdhak anumpêsi pêmbajêngipun tiyang Mêsir sadaya, pêmbajêngipun Pirangon kang sampun lênggah ing dhampar, dêlasan pêmbajêngipun tiyang lêlaran kang wontên ing kunjaran, punapadene pêmbajênging khewan. Ing dalu punika Pirangon wungu gènipun sare sarta abdinipun tiyang Mêsir sadaya, panjêritipun anglangkungi saking sangêt. Dados ing tanah Mêsir botên wontên griya kang botên kanggenan layon. Ing dalu punika Musa kalih Arun lajêng katimbalan. Pirangon ngandika, ing saiki payo kowe banjur padha mangkata têka ing kene, kowe lan sabangsamu kabèh, padha ngabêktia marang Allah kaya panjalukmu biyèn. Dene wêdhus lan kêbomu padha gawanên, padha lungaa lan ambêrkatana marang aku, tiyang băngsa Mêsir sami angenggalakên angkatipun băngsa Yisraèl [Yisraè...]

--- 56 ---

[...l] saking nêgari, wicantênipun tiyang Mêsir, samangsane kowe ora gêlis mangkat, aku bakal padha katut mati, nuntên tiyang băngsa Yisraèl sami amêndhêt jêladrèn saking ing dhulang, kang dèrèng kasukanan lêgèn, lajêng sami kabondhot ing sinjang kadèkèkakên ing pundhakipun. Iyang[2] băngsa Yisraèl inggih sami anglampahi saparentahipun Musa, sami amundhuti dhatêng tiyang Mêsir barang mas sêlaka utawi sinjang, Allah adamêl băngsa Yisraèl sami angsal sihipun tiyang Mêsir, tiyang băngsa Yisraèl sami amêmundhuti sarta angrêbati dhatêng tiyang Mêsir.

Sasampunipun băngsa Yisraèl lajêng sami mangkat saking Ngingrangêmêsès lampahipun dhatêng Sukot. Wondening kathahipun tiyang băngsa Yisraèl kang sami lumampah nêm kêthi kang jalêr kimawon. Anjawi lare-lare, sarta kathah tiyang sanès băngsa kang sami dhèrèk. Menda maesa utawi khewan inggih langkung saking kathah, nuntên jêladrèn gènipun bêkta saking tanah Mêsir wau, lajêng sami kaolah apêm tanpa lêgèn. Awit dening sampun katundhung dhatêng tiyang Mêsir sangêt enggal-enggalan. Mila botên ngantos adamêl sangu, dene laminipun băngsa Yisraèl wontên ing tanah Mêsir, kawan atus tigang dasa taun. [ta...]

--- 57 ---

[...un.] Sarêng sampun jangkêp kawan atus tigang dasa taun, panuju ing dintên punika sawadyabalaning Allah sami mêdal saking tanah Mêsir, dalu punika kadamêl wêwaton pangabêkti dhatêng Allah, dene Allah sampun amêdalakên ing băngsa Yisraèl saking tanah Mêsir, mila dalu punika kadamêl wêwaton pangabêkti dhatêng Allah ing băngsa Yisraèl sadaya saturun-turunipun.

Tumuntên Allah ngandika dhatêng Musa kalih Arun, iki dadi anggêr-anggêran sidhêkah pangluwar, ora kalilan milu mangan sarupaning wong anyar, apadene sarupaning batur têtukon. Ewadene yèn wis padha katêtakan wong iku iya kalilan milu mangan, lan wong kang padha mondhok utawa wong galidhig iya ora kalilan milu mangan. Sidhêkah iku dipangan ana sajroning omah, iwake ora kêna kawêtokake sajabaning omah, lan balunge aja nganti putung, wong băngsa Yisraèl kabèh padha anglakonana iku, nanging yèn ana wong anyar bakal padha agawe sidhêkah pangluwar marang Allah, iku kang lanang sira padha têtakana, iku banjur kêna cakêt kaya wong kang ajal kamulaning tanah, nanging wong kang isih nganggo ikud ora kêna milu mangan. Iku dadi angêr-anggêran ing wong ajal kamulaning tanah [ta...]

--- 57 ---

[...nah] lan ing wong anyar kang ana ing têngahira, tumuntên tiyang băngsa Yisraèl sami anglampahi kados saparentahipun Allah dhatêng Musa utawi dhatêng Arun. Dados ing sadintên punika Allah amêdalakên tiyang băngsa Yisraèl sabalanipun saking tanah Mêsir.

Sasampunipun Pirangon anglilani băngsa Yisraèl sami kesah, lajêng Allah ambêkta botên mêdal margi kang dhatêng tanah Pilistim. Sanadyan margi punika cakêt botên kalilan ngambah, Allah ngandika, supaya băngsa iku aja nganti kaduwung besuk yèn mapag prang, aja nganti duwe kaniyatan mulih marang Mêsir, mila Allah angubêngakên margi kang dhatêng ing ara-ara sêgantên Suf. Kalanipun băngsa Yisraèl kesah saking tanah Mêsir, sami samêkta sadêdamêlipun. Dene Musa inggih ambêkta balungipun Yusuf. Awit dening kang wau Yusuf sampun anyupaosi dhatêng para putranipun Yisraèl. Dhawahipun, besuk Allah bakal angudanèni marang kowe, iku poma kowe angunggahêna ing balungku, tumuntên sami mangkat saking Sukot lajêng rêrêb ing Etam kang kaprênah watêsing ara-ara, Allah kang lumampah wontên ing ngajêng yèn siyang awêrni saka mega anêdahakên margi, mênawi dalu awêrni saka latu amadhangi kang sami lumampah, dados [da...]

--- 58 ---

[...dos] lampahipun siyang dalu, yèn siyang saka mega wau botên ewah, yèn dalu saka latu wau inggih botên ewah wontên ngajêngipun băngsa.

Tumuntên Allah ngandika dhatêng Musa, sira andhawuhana marang băngsa Yisraèl, padha balia rêrêba ana sawetane ing Pikirot. Kang ana ing lêlongkange Migdolan ing sêgara, sawetaning Bangalsêpon. Sira padha rêrêba ngongkang sêgara, dadi Si Pirangon bakal angarani băngsa Yisraèl padha kasasar ing dalane, wis padha kaubêngan ing ara-ara, Ingsun bakal agawe kaku marang atine Si Pirangon, sarta Si Pirangon bakal anututi marang băngsa iku, wêkasane namaningsun bakal diluhurake, awit dening Si Pirangon lan sabalane kabèh, dadi wong Mêsir bakal padha sumurup yèn Ingsun iki Allah kang agawe mêngkono iku, tumuntên Raja Mêsir kawêrtosan yèn băngsa punika sampun sami minggat. Lajêng Pirangon saabdi bangsanipun sami kaduwung wicantênipun. Kapriye aku têka anglilani bănga Yisraèl padha lunga mocot têka ing aku, Pirangon lajêng adhêdhawah pasang kareta, sarta sabalanipun kinèn sami samêkta, lajêng sami mangkat saprajuritipun sinêlir kang sami numpak kareta kathahipun nêm atus.

--- 58 ---

Punapadene abdi Mêsir kang sami numpak kapal satêtindhihipun sadaya, Allah sampun adamêl kêkahing galihipun Pirangon Raja Mêsir, dados anututi ing lampahipun băngsa Yisraèl. Nanging wêdalipun băngsa Yisraèl sami anjungjung asta, Raja Pirangon saabdinipun kang sami numpak kapal utawi kareta saprajuritipun sadaya, gènipun anututi băngsa Yisraèl sampun kacandhak rêrêb wontên ing Pikirot, sawetanipun Bangalsêpon ngongkang sêgantên. Sarêng Pirangon sampun cêlak sarta tiyang băngsa Yisraèl sami aningali, yèn lampahipun dipun tututi dhatêng tiyang Mêsir, lajêng sami ajrih sadaya sarta sami asêmambat[3] dhatêng Allah, aturipun tiyang băngsa Yisraèl dhatêng Musa, punapa botên wontên ing tanah Mêsir pakuburan. Dene kula sami kabêkta dados kula sami badhe pêjah wontên ing ara-ara, punika kadospundi pandamêl sampeyan amêdalakên băngsa saking tanah Mêsir, dene kula sampun sami matur dhatêng sampeyan. Kala taksih wontên ing tanah Mêsir, sampun ta sampeyan kagungan karsa mêkatên. Dados kula sami ngawula dhatêng tiyang Mêsir kimawon. Langkung sakeca kula ngawula wontên ing Mêsir kalih badhe pêjah wontên ing ara-ara ngriki, wangsulanipun [wangsula...]

--- 59 ---

[...nipun] Musa, kowe aja ana nganggo wêdi, padha angêntènana pitulunging Allah bae, kang bakal anêkani ing sadina iki, sarupaning wong Mêsir kang padha kowe dêlêng ing sadina iki, kowe bakal ora andêlêng manèh-manèh, sabab Allah bakal anyulihi ing kowe kabèh, mulane kowe padha mênênga.

Pangandikaning Allah dhatêng Musa, sabab apa sira asêsambat marang Ingsun. Sira andhawuhana marang băngsa Yisraèl padha konên mangkat, lan sira angumbulna cisira, tanganira angranggèha ing sêgara, iku banyune bakal piyak. Sarupane băngsa Yisraèl padha lumêbua ing têngahe sêgara kang asat mau, lan maninge Ingsun bakal agawe kaku atine wong Mêsir kabèh, bakal padha anututi marang sira, wêkasane Ingsun bakal linuhurake marang Pirangon sabalane, kang padha nunggang kareta utawa jaran kabèh, ing mêngko wong Mêsir bakal padha sumurup yèn Ingsun iki Allah, tumuntên malaekating Allah kang lumampah wontên ngajêngipun bala Yisraèl, lajêng ngalih dhatêng wingkingipun. Dados saka mega kang wontên ing ngajêng wau lajêng ngadêg wontên ing wingking, dados saka mega punika anêngahi baris Mêsir lan barisipun Yisraèl. Mega wau adamêl pêtêng [pê...]

--- 59 ---

[...têng] utawi padhang ing dalêm sadalu punika, dados botên sagêd tiyang Mêsir anyakêti ing băngsa Yisraèl. Tumuntên astanipun Musa ngranggèh dhatêng sagantên, lajêng Allah adamêl ing toya wau piyak amargi saking barat agêng, sêgantên lajêng dados asat. Tiyang băngsa Yisraèl nuntên sami lumêbêt ing asatipun sêgantên. Toyanipun aprasasat têmbok[4] wontên ing kiwa têngênipun. Tumuntên Pirangon saprajuritipun kang sami numpak kareta utawi kapal, lajêng nututi lumêbêt ing têngah sêgantên. Sarêng wanci bangun enjing Allah anjangkung saking saka mega utawi latu dhatêng baris Mêsir sarta kadamêl bingung, rodhaning kareta kaadhangan dados kangelan lampahipun. Tiyang Mêsir sami wicantên, wis payo padha lumayu bae, sabab Allah wis anyulihi marang băngsa Yisraèl, dadi lêlawanane wong Mêsir, tumuntên Allah ngandika dhatêng Musa, tanganira angranggèha marang sêgara, iku banyune bakal bali angêlêm wong Mêsir lan sakareta jarane kabèh, sarêng wanci enjing astanipun Musa lajêng angranggèh ing sêgantên. Toya lajêng wangsul saklangkung santêripun, dados tiyang Mêsir kang sami lumajêng wau sami kapêthuk ing toya, toya lajêng anangkêbi dhatêng Pirangon sakareta [saka...]

--- 60 ---

[...reta] kapal sarta prajuritipun, kang sami anututi sadaya sami pêjah botên kantun satunggil-tunggila, dene băngsa Yisraèl kang sami lumampah ing sêgantên margi asat, toyanipun wontên kiwa têngên minăngka têmbok. Dados ing sadintên punika Allah angluwarakên ing tiyang băngsa Yisraèl saking astanipun tiyang Mêsir, dene layonipun tiyang Mêsir sami katingal wontên sapinggiring sêgantên. Tiyang băngsa Yisraèl sami aningali ing panguwasa agêng kang Allah sampun adamêl dhatêng tiyang Mêsir, mila sami ajrih sarta kumandêl dhatêng Allah, punapadene kumandêl dhatêng Musa abdinipun.

Cariyosipun Nabi Musa 6.

Sarêng ing wulan kaping tiga wêdalipun băngsa Yisraèl saking tanah Mêsir, sampun dumugi ing ara-ara Sinahi, lajêng sami rêrêb wontên sangajêngipun rêdi, tumuntên Musa katimbalan dhatêng Allah lajêng minggah ing rêdi, pangandikaning Allah, sira andhawuhana marang turune Yakub. Konên awèh wêruh marang băngsa Yisraèl mêngkene, sira wis padha wêruh mungguh panggaweningsun ana ing Mêsir, gon Ingsun anggawa marang sira kabèh kaya upamane ing suwiwine garudha, Ingsun gawa kongsi padha têka ing kene, dene mêngko yèn sira padha mituhu ing parentah Ingsun, [Ing...]

--- 60 ---

[...sun,] sarta anêtêpi prasêtyaningsun, sira padha dadi kagungan ingsun kapiji ing băngsa kabèh, sabab saisining bumi kabèh iku kagungan ingsun. Padha dadia karatoning santri kawulaningsun. Sarta sira padha dadi băngsa suci, pangandikaningsun iki sira dhawuhêna marang băngsa Yisraèl. Musa tumuntên mêdhun lajêng animbali dhatêng băngsa ingkang sami sêpuh-sêpuh, andhawahakên kados parentahipun Allah, kang sampun kapangandikakakên dhatêng Musa wau, tiyang kang sami sêpuh-sêpuh sadaya sami saur pêksi aturipun. Punapa kang dados pangandikaning Allah kula inggih sami anglampahi, tumuntên Musa wangsul ambêkta paturanipun băngsa dhatêng Allah, Allah ngandika dhatêng Musa, Ingsun wis anêkani marang sira ana sajroning mega kandêl, supaya sarupaning băngsa padha ngrungua pangandikaningsun marang sira, lan padha pracayaa marang sira ing salawas-lawase, nuntên Musa angunjukakên paturanipun băngsa dhatêng Allah, pangandikaning Allah dhatêng Musa, sira mênyanga ing băngsa iku, konên padha angrêsiki awake sarta angumbaha jarite ing sadina iki lan sesuk. Padha sadhiyaa ing dina êmbèn. Sabab ing dina êmbèn Allah bakal anuruni ing băngsa iki, anjujug ana ing gunung Sinahi, sira agawea sêngkêran saubênge [sa...]

--- 61 ---

[...ubênge] gunung iku, dipadha ngati-ati aja ana kang munggah ing gunung, lan aja ana kang anggêpok sêngkêrane, sapa-sapaa yèn kongsi anggêpok ing gunung iku amêsthi bakal mati, yèn ana kang anggêpok tangane banjur dibandhêmi utawa dipanahi, sênadyan khewan utawa uwong amêsthi ora urip. Nanging samangsane wis ana unining slomprèt iya nuli padha munggaha, Musa tumuntên mêdhun saking rêdi amarentahi dhatêng băngsa, kinèn sami angrêsiki awakipun utawi angumbahi jaritipun. Wicantênipun Musa, sira padha sêdhiyaa ing dina êmbèn, lan aja ana kang anggêpok marang wong wadon. Sarêng ing dintên kaping tiga wanci enjing wontên galudhug utawi thathit sarta mega kandêl. Mega wau wontên pucuking rêdi, lajêng wontên ungêling slomprèt anglangkungi saking sangêt. Sawêrnining băngsa kang sami wontên ing parêrêban sami dharodhog sariranipun. Tumuntên Musa ambêkta băngsa saking parêrêban amêthukakên ing Allah, sami ngadêg wontên sangandhapipun rêdi, Allah sampun tumêdhak dhatêng rêdi wontên salêbêting latu, dados rêdi punika kaèbêkan kukus. Kukusipun kados kêbuling pawon, rêdi punika saklangkung orêg. Wondene ungêling slomprèt sangsaya [sangsa...]

--- 61 ---

[...ya] sangêt. Musa matur dhatêng Allah, Allah amangsuli mawi galudhug. Sarêng Allah sampun tumêdhak wontên sapucuking rêdi Sinahi, lajêng animbali dhatêng Musa kinèn minggah dhatêng pucuking rêdi, Musa inggih lajêng minggah, pangandikaning Allah dhatêng Musa, sira tumuruna lan andhawuhana marang băngsa, aja ana kang ambêdhah kang nêdya bakal wêruh marang Allah, supaya aja ana kang nêmu karusakan. Lan maninge para santri kang padha cakêt ing Allah, iku padha angrêsikana awake, supaya aja kêna babênduning Allah, tumuntên Musa matur dhatêng Allah, saèstu yèn tiyang botên sagêd minggah ing rêdi, sabab tuwan sampun andikakakên damêl sêngkêran. Rêdi punika dados wingit. Allah ngandika malih dhatêng Musa, wis sira tumuruna nuli kakangira Si Arun gawanên munggah, nanging para santri lan sarupaning băngsa aja ana kang wani-wani munggah marang Allah, supaya aja nganti karusakan. Tumuntên Musa tumurun amurugi dhatêng băngsa, andhawuhakên punapa sapangandikaning Allah.

Ing ngandhap punika pangandikaning Allah, Ingsun iki Allah Pangeranira, kang wis angluwarake marang sira têka ing tanah Mêsir, ing omah pangawulanira, aja sira angaku Allah manèh kajaba Ingsun. Aja sira agawe

--- 62 ---

rêca utawa agawe pasêmon kang ana ing langit lan kang ana ing bumi, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi, sira aja kongsi tumungkul lan ngabêkti marang iku, sabab Ingsun iki Allah Pangeranira Allah kang anglarangi, kang angukum marang wong kang padha ora mituhu marang Ingsun, ing bapa anak putu lan buyute, nanging Ingsun bakal aparing kanugrahan marang wong kang padha asih marang Ingsun. Lan kang padha anêtêpi parentah Ingsun, kongsi turun kaping sèwu, sira aja nganggo asmaning Allah Pangeranira yèn cêlathu goroh, sabab Allah bakal angarani gêdhe ing dosane wong kang cêlathu goroh nganggo asmane iku, sira elinga yèn ing dina Sêptu iku sukci, sajroning nêm dina sira anggarapa sarupaning pagaweyanira, nanging dina kapitu iku dadi Sêptuning Allah Pangeranira, sira lan anakira lanang wadon utawa baturira lanang wadon, apadene khewan lan wong anyar kang ana ing omahira, poma aja ana kang anggarap gawe ing dina iku, sabab sajroning nêm dina Allah wis anitahake swarga lan bumi sêgara saisine kabèh, ing dina kapitu iku Allah wis kèndêl. Mulane Allah ambêrkati ing dina Sêptu lan sinucèkake, sira angajènana ing bapa biyungira, supaya dawa umurira

--- 62 ---

ana ing bumi, kang Allah Pangeranira wis amaringake marang sira, aja sira amêmatèni, aja sira ambandrèk, aja sira anyolong, aja sira nglakoni dadi sêksi goroh ing pêpadhanira, aja sira kumêcêr ing omahe pêpadhanira, aja sira kumêcêr ing bojone pêpadhanira, apadene ing bature lanang wadon lan ing kêbo kuldine, lan sadarbèke pêpadhanira kabèh.

Sarêng băngsa punika sami mirsa galudhug utawi thathit sarta ungêling slomprèt. Punapadene rêdi kumêbul. Sami ajrih dharodhog ngadêg saking katêbihan, lajêng sami matur dhatêng Musa, mugi sampeyan piyambak wicantêna dhatêng kula, kula badhe amirêngakên. Sampun ngantos Allah ngandika dhatêng kula, supados kula botên manggih pêjah, wangsulanipun Musa dhatêng băngsa wau, kowe aja ana kang wêdi, sabab Allah iku anêkani bakal anjajal marang kowe, supaya kowe padha wêdi marang Allah, aja kongsi agawe dosa, băngsa punika wau sami ngadêg saking katêbihan. Nanging Musa piyambak kang anyakêti ampak-ampak kang kaanggenan ing Allah.

Cariyosipun Dèwi Khanah.

Kacariyos wontên tiyang saking nêgari Rama Tayim Sopim, [So...]

--- 63 ---

[...pim,] kang wontên rêdi Efrayim, awasta Elkanah putranipun Yêrokham. Yêrokham punika putranipun Tokhu, Tokhu punika putranipun Suf. Suf punika tiyang băngsa Eprat. Ingkang nama Elkanah wau wayuh kêkalih, ingkang satunggil anama Khanah, ingkang satunggil anama Pêninah, Pêninah punika sampun apêputra, nanging Khanah botên. Elkanah punika sabên taun minggah saking nêgarinipun dhatêng Siloh, badhe sujud sarta adamêl sidhêkah dhatêng Allah Kang Maha Kuwasa, ing siloh ngriku wontên putranipun Ngèli kêkalih, anama Kopi sarta Pinêkhas. Punika sami dados pangulunipun Allah, kalanipun Elkanah adamêl sidhêkah, lajêng amaringi panduman dhatêng Pêninah garwanipun utawi dhatêng putra jalêr èstri, nanging dhatêng Khanah gènipun amaringi panduman têtikêlan. Awit dening sangêt asihipun, nanging Allah sampun anutup ing pawèstrènipun, dados marunipun wau asêsatron jarag adamêl susah supados nêpsunipun. Awit dening Khanah punika katutupan pawèstrènipun ing Allah, sabên taun yèn minggah dhatêng padalêmanipun Allah, inggih jarag adamêl susah kados wau punika, dados Khanah amuwun botên karsa dhahar, Elkanah ngandika dhatêng Khanah garwanipun. Sabab apa [a...]

--- 63 ---

[...pa] kowe nangis. Sabab apa kowe ora mangan. Apa kang dadi nêpsuning atimu, apa aku ora angluwihi marang kowe lan anak sapuluh, sarêng sampun dhahar sarta ngunjuk Khanah lajêng jumênêng, Ngèli pangulunipun sawêg pinarak ing palênggahan wontên korinipun masjiding Allah, Khanah wau sangêt karibêdanipun ing manah, gènipun anênêdha ing Allah ngantos muwun, sarta agadhah nadar wicantênipun. Allah Ingkang Maha Kuwasa, yèn tuwan angudanèni ing karibêdan kawula tuwan, sarta yèn tuwan èngêt botên anyupèkakên ing kawula tuwan, yèn tuwan amaringi anak jalêr ing kawula tuwan, kawula badhe amasrahakên salaminipun gêsang dhatêng tuwan. Sirahipun botên kenging kacukur ing tiyang, Khanah punika wau wicantên salêbêting manah, namung lambenipun ingkang kaebahakên. Swaranipun botên kapirêngakên ing tiyang, Ngèli aningali lajêng amêstani tiyang wuru, Ngèli ngandika dhatêng Khanah, pira lawase gonmu duwe polah kaya wong mêndêm. Amêtokna anggur têka ing badanmu, aturipun Khanah, kula nuwun tuwan kula botên. Mila kula mêkatên awit saking sangêt kasusahaning manah, anggur utawi badhèg kula botên rumaos ngombe, kula sampun anyuntak manah kula

--- 64 ---

dhatêng Allah, tuwan sampun ngantos amêstani dhatêng kula tiyang awon. Atur kula ngantos sapriki awit saking sangêt karibêdan ing manah kula, wangsulanipun Ngèli, iya wis lungaa olèha sêlamêt. Pangerane Yisraèl bakal anjurungi apa ing sapanuwunmu, aturipun Khanah, inggih sangêt ing panuwun kula dhatêng sampeyan. Tiyang èstri wau lajêng kesah wêdananipun ing mangke sampun salin. Sarêng enjing sampun sami wungu lajêng sami sujud dhatêng Allah, sasampunipun nuntên sami mantuk dhatêng griyanipun ing Ramah, tumuntên Elkanah anyêngkramani dhatêng Khanah garwanipun, lajêng Allah èngêt dhatêng Khanah dados anggarbini, sarêng dumugi mangsanipun ambabar putra jalêr, kaparingan nama Sêmuèl, sabab amargi sinuwun ing Allah, tumuntên Elkanah wau minggah dhatêng ing Siloh kalih sarayatipun sadaya, badhe adamêl sidhêkah dhatêng Allah kados ingkang sampun kalampahan, sarta anêtêpi nadaripun, nanging Khanah botên tumuntên minggah, aturipun dhatêng kang raka, benjing yèn lare punika sampun kasapih kula bêkta minggah anyowanakên ing pangayunaning Allah, wontêna ing ngrika salaminipun. Kang raka amangsuli, iya apa kang dadi karêpmu, wis kariya nganti sapanyapihe bocah iki, muga Allah anêtêpana [a...]

--- 64 ---

[...nêtêpana] apa sapangandikane, tumuntên èstri wau kantun anêsêpi ingkang putra ngantos sapanyapihipun. Sarêng sampun kasapih lajêng kabêkta minggah sarta ambêkta lêmbu têtiga, galêpung satakêr utawi wadhah isinipun anggur, punika sami kabêkta dhatêng Siloh padalêmanipun Allah, lare punika wau taksih alit. Tumuntên lêmbu kasambêlèh wontên ing ngriku, lajêng lare wau kaaturakên dhatêng Ngèli, aturipun Khanah, kula kamipurun matur ing sampeyan. Inggih kula tiyang ingkang ngadêg wontên ing ngriki kalih sampeyan rumiyin. Agadhah panuwun dhatêng Allah, sapunika Allah sampun amaringi ing panuwun kula anak jalêr puniki, mila badhe kula saosakên dhatêng Allah salaminipun gêsang, sabab saking panuwun kula, tumuntên sami asujud ing ngriku dhatêng Allah, sasampunipun Elkanah lajêng mantuk dhatêng griyanipun ing Ramah, nanging lare punika wau kantun angawula dhatêng Allah, wontên ngajênganipun kyai pangulu Ngèli, gènipun ngawula dhatêng Allah angangge kotang, punapadene angangge rasukan jubah, gènipun andamêlakên ingkang ibu, kang kabêkta minggah sabên taun kagih[5] ingkang rama, badhe adamêl sidhêkah kados kang sampun kalampahan. Ngèli nuntên ambêrkati dhatêng Elkanah utawi dhatêng garwanipun. [garwa...]

--- 65 ---

[...nipun.] Wicantênipun Ngèli, muga Allah aparinga anak marang kowe kang mêtu sêka wong wadon iki, dadia lêlirone anakmu kang wis kowe saosake ing Allah, nuntên sami mantuk dhatêng panggenanipun. Tumuntên Allah angudanèni dhatêng Khanah, anggarbini babar putra jalêr têtiga utawi putra èstri kêkalih, nanging pun Sêmuèl taksih wontên ing pangayunaning Allah, malah ngantos sêpuh wontên ing ngriku.

Cariyosing Prabu Suleman 1.

Allah ngatingal dhatêng Suleman wontên ing Gibngon salêbêting supênan dalu, pangandikanipun Allah, apa kang dadi panjalukira Ingsun iya bakal amaringi, aturipun Suleman. Tuwan sampun adamêl sih agêng dhatêng Dawud bapak kula, mênggah wêwatêkanipun bapak kula anglampahakên katêmênan sarta adil têrusing galihipun. Tuwan sampun anêtêpi sih agêng punika, amaringi anak kang lênggah ing dhampar kados sapunika, ing mangke Allah Pangeran kula adamêl ratu ing kawula sampeyan. Anggêntosi ing Dawud bapak kula, nanging kawula punika taksih lare neneman. Dados dèrèng uninga ing lalêrêsan. Wondening kawula punika wontên têngahipun băngsa tuwan kang pinilih, băngsa anglangkungi

--- 65 ---

agêng botên kenging kaetang awit dening kathahipun, ingkang mugi Tuwan amaringana dhatêng kawula manah ingkang sumêrêp angadili dhatêng băngsa Tuwan, sarta sagêda adamêl kaot dhatêng sae utawi awon. Sabab botên wontên ingkang sagêd angadili ing băngsa Tuwan kang agêng punika, panuwunipun Suleman wau punika sampun katrimah dhatêng Allah, pangandikaning Allah, dene sira anjaluk barang pratingkah iku mau, sira ora anjaluk umur dawa, ora anjaluk kasugihan, ora anjaluk nyawaning mungsuhira, amung anjaluk bisaa sumurup ing paukuman. Iya Ingsun anjurungi sapanjalukira, Ingsun amaringi ati kang luwih pintêr marang sira, kang wus kalakon utawa kang durung ora nana kang kaya sira, sênadyan kang ora sira jaluk Ingsun iya amaringi marang sira kasugihan lan kadrajatan. Kang wis kalakon utawa kang durung iya ora nana ratu kang kaya sira, langgêng ing sauripira, yèn sira lumaku ing dalan Ingsun, sarta anêtêpi anggêr-anggêran parentah Ingsun, kaya lakune Si Dawud bapakira, amêsthi Ingsun andawakake umurira, tumuntên Suleman wungu wicantênipun. Lho aku ngimpi.

Cariyosing Prabu Suleman 2.

--- 66 ---

Nuntên wontên èstri kêkalih tiyang rucah, sami sowan ing ngarsanipun Prabu Suleman. Ingkang satunggil matur dhatêng sang prabu, kawula kamipurun matur dhatêng tuwan. Kula punika atunggil griya kalih kănca kula èstri punika, kula sampun rencang lare jalêr wontên ing griya, sarêng antawis tigang dintên kănca kula punika inggih rencang lare mêdal jalêr, griya satunggil punika namung kula ênggèni tiyang kêkalih, botên wontên tiyang malih-malih: panuju dalu anakipun kănca kula punika pêjah, awit katindhihan ing biyungipun. Sarêng wanci têngah dalu kănca kula wau amêndhêt anak kula kang kula kêloni, nanging abdi sampeyan sawêg tilêm. Anak kula wau lajêng kadèkèkakên ing pangkonipun. Anakipun tiyang punika kang pêjah kadèkèkakên ing pangkon kula, wanci bangun sarêng kula tangi badhe anêsêpi dhatêng anak kula kapanggih sampun pêjah, sarêng sampun enjing kula waspaosakên lare kang pêjah punika dede anak kula, èstri satunggilipun wau anambungi wicantên. Iku ora bocah kang urip anakku, kang mati anakmu, kang satunggil mangsuli, ora, kang mati anakmu, kang urip anakku, sami pabên arêbat suwala wontên ngarsanipun sang prabu, sang prabu ngandika, lho kapriye [ka...]

--- 66 ---

[...priye] kang siji tutur mêngkene, kang siji tutur mêngkono, sang prabu ngandika malih, juputên pêdhangku, lajêng pêdhang kasaosakên ing ngarsanipun sang prabu, dhawahipun sang prabu, sigarên bocah kang urip iku, nuli wèhêna saparo edhang, èstri ingkang gadhah anak yêktos saklangkung wêlasipun. Aturipun dhatêng sang prabu, sampun ta tuwan, sampun ngantos kapêjahan. Lare punika inggih kaparingêna dhatêng kănca kula, èstri kang satunggilipun anambungi, ya bêcik disigar bae, aja kaduwe ing aku, aja kaduwe ing kowe, sang prabu amangsuli sabda, bocah kang urip iku wènèhêna marang wong wadon kang ora awèh dipatèni iki, sabab iku pratăndha yèn biyunge têmên. Tiyang băngsa Yisraèl sarêng mirsa ing paukumanipun sang prabu, lajêng sami sangêt ajrihipun. Sabab sami aningali yèn kasagêdanipun Allah wontên salêbêting galihipun sang prabu, gènipun damêl pangadilan.

Cariyosipun Nabi Ngisa 1.

Kacariyos Malaekat Jabarail kautus dening Allah dhatêng kitha tanah Galileyah, namaning kitha Nasarèt, kautus amanggihi dhatêng prawan kang kapacangakên dhatêng tiyang kang anama Yusuf. Yusuf punika têdhakipun [têdhakipu...]

--- 67 ---

[...n] Dawud. Prawan wau anama Maryam, sarêng malaekat wau sampun kapanggih lajêng ngandika dhatêng Maryam. Èh kowe kang olèh sihing Allah bagea, Allah ora ngêdohi lan kowe, kowe dadi pangalêmaning wong wadon akèh, sarêng Maryam mirêng pangandikaning malaekat wau sangêt kagètipun. Angunadika salêbêting galih, kapriye ta prambage iku apa, malaekat ngandika malih, èh Maryam aja kowe wêdi, sabab kowe wis olèh sihing Allah, kowe bakal anggarbini ambabar anak lanang, kang bakal kaparingan nama Ngisa, iku besuk bakal dadi gêdhe, sarta karan putrane Kang Maha Luhur, Gusti Allah bakal amaringi karatone Dawud lêluhure anakmu, bakal angratoni ing turune Yakub salawas-lawase, karatone tanpa wêkasan. Aturipun Maryam dhatêng malaekat, kadospundi punika, kula tiyang dèrèng gadhah bojo, malaekat mangsuli pangandika, Yyang Sukma kang bakal anêkani marang kowe, wisesane Kang Maha Luhur bakal angayumi marang kowe, mulane kang suci kang bakal miyos iku karan putraning Allah, aturipun Maryam, inggih sumăngga kula punika parêkaning Allah, kalampahana ing sapangandika sampeyan. Malaekat [Ma…]

--- 67 ---

[...laekat] wau lajêng musna.

Tumuntên Maryam wicantên, nyawaku muga angagungna ing Pangeran. Atiku muga suka pirênaa awit pitulunging Allah, sabab Allah wis angudanèni ing klorode parêkane, mulane sarupaning wong bakal padha angarani mukti marang aku, krana Kang Maha Wisesa agawe kaluwihan. Iya Kang Maha Suci pêparabe, sihe kaparingake marang kang padha ngabêkti ing saturun-turune, wis agawe wisesa ana ing astane, wis anyawurake ing wong kang padha ladak watêke, kang wis angudhunake wong sêkti têka ing palungguhane, lan kang wis angunggahake ing wong asor, kang angêbêki wong kang ora duwe, lan kang anundhung ing wong sugih kagawe malarat. Kang wis aparing pitulung marang Yisraèl kêkasihe, èngêt ing sih kaya kang wis kapangandikake marang lêluhurku, marang Ibrahim lan saturun-turune ing salawase.

Tumuntên Yusup kesah saking Nasarèt tanah Galileyah, badhe dhatêng tanah Yahudi nagarinipun Dawud kang kawêstanan Bètlêkhèm, ambêkta Maryam pêpacanganipun. Maryam punika sampun wawrat sêpuh, sarêng sampun dumugi ing ngriku jangkêp ing măngsa ambabar, lajêng ambabar putra kang pêmbajêng, [pêmba...]

--- 68 ---

[...jêng,] tumuntên kabuntêl ing popok kadèkèkakên ing pamakanan, sabab salêbêting pasanggrahan botên wontên panggenan. Ing bawah ngriku panuju wontên tiyang pangèn manggèn wontên ing dhadhah, anêngga mendanipun awit kala dalu, lajêng malaekating Pangeran ngatingal dhatêng tiyang pangèn wau punika, cahyaning Pangeran anêlahi dhatêng sawêrnining tiyang pangèn. Dados sami sangêt ajrihipun. Malaekat ngandika, aja kowe padha wêdi, sabab aku awèh wêrta marang kowe utawa marang băngsa kabèh, kang andadèkake bungah kang luwih bangêt. Krana ing dina iki wis miyos kang bakal amitulungi marang kowe kabèh, iku Krista Pangeran ana ing nagarane Dawud. Dene kang minăngka pratandhanmu, kowe bakal anêmu bayi kabuntêl ing popok kadokok ing pamakanan. Botên dangu jlêg wontên golonganing malaekat dhatêng saking swarga, lajêng angumpul kadi malaekat satunggil wau, sami anggunggung dhatêng Allah wicantênipun. Kaluhuraning Allah kang wontên ing swarga, sêlamêt ing bumi sarta asih ing manungsa, sarêng malaekat wau sampun sami musna mumbul dhatêng swarga, nuntên tiyang pangèn sami wicantênan kalih kancanipun. Payo padha mênyang ing Bètlêkhèm, bakal padha

--- 68 ---

andêlêng barang wangsiting Allah kang marang aku, lajêng sami kesah enggal-enggalan, amanggihi dhatêng Maryam utawi Yusuf sarta bayi kang wontên ing pamakanan. Sarêng sampun sami mirsa lajêng anyariyosakên barang, kang sampun kapangandikakên babing lare punika, tiyang sarêng sami mirêng saklangkung eram awit dening wicantênipun tiyang pangèn wau, nanging Maryam angrawati sarta osiking galihipun bab wicantênipun tiyang pangèn wau punika, nuntên tiyang pangèn sami mantuk sarta angluhurakên anggunggung dhatêng Allah, awit dening barang kang sampun mirêng utawi kang dipun tingali, kados kang sampun kapangandikakên.

Sarêng sampun jangkêp umur wolung dintên lare wau lajêng dipun sunati, sarta kaparingan nama Ngisa, kang sampun kadhawahakên ing malaekat sadèrèngipun manjing ing guwa garba.

Cariyosipun Nabi Ngisa 2.

Sarêng Ngisa sampun miyos wontên ing Bètlêkhèm tanah Yahudi, kalanipun Herodhès jumênêng ratu, punika wontên tiyang pujăngga saking tanah wetan dhatêng ing Yêrusalèm sami pitakèn. Ing pundi panggenanipun rajanipun tiyang Yahudi kang sawêg miyos, sabab kula sami ningali lintangipun wontên ing tanah wetan. Mila kula sami

--- 69 ---

dhatêng badhe atur sêmbah, Raja Herodhès sarêng mirêng saklangkung ribêng galihipun, sarta tiyang Yêrusalèm angloh ribêng sadaya, sang prabu lajêng anglêmpakakên tiyang pangulu sarta tiyang ahli têpsiring băngsa, badhe mriksa ing pundi gènipun miyos Krista wau, tiyang punika sami matur, gènipun miyos wontên ing Bètlêkhèm tanah Yahudi, sabab sampun mungêl ing suratipun nabi mêkatên. Èh Bètlêkhèm tanah Yahudi, amêsthi sira ora kacilikên anglêlurahana ing Yahudi, sabab bakal mêtu têka ing sira lêlurah, kang bakal angrèh ing Yisraèl bangsaningsun.

Tumuntên Herodhès animbali dhatêng tiyang pujăngga wau dhadhêmitan. Aniti priksa mênggah mangsanipun lintang wau katingal, lajêng kalillan sami kesah dhatêng Bètlêkhèm, pangandikanipun Herodhès, kowe padha lungaa anitika kang bêcik mungguhing bocah iku, sawise katêmu banjur angaturana uninga marang aku, supaya aku milu têka anêmbah bocah iku, tiyang pujăngga wau sarêng sampun pratela pamirêngipun dhawuhe sang prabu lajêng sami mangkat. Nuntên lintang kang katingal wontên ing tanah wetan, punika angrumiyini lampahipun. Sarêng dumugi ing nginggilipun panggenan lare wau lintang lajêng kèndêl. Tiyang pujăngga

--- 69 ---

sarêng aningali lintang saklangkung sangêt bingahipun. Tumuntên sami lumêbêt ing griya kapanggih kalih lare sarta Maryam ibunipun, lajêng sami andhêngkluk sarta nêmbah ing lare punika, nuntên ambukak kêrganipun anyaosi pisungsung, awêrni mas mênyan utawi damar sela kang wangi, sasampunipun mêkatên tiyang pujăngga wau kawalêran dening Allah wontên salêbêting supêna, botên kalilan wangsul dhatêng Herodhès. Dados antukipun dhatêng tanahipun sami mêdal ing margi sanès.

Sapêngkêripun tiyang pujăngga malaekating Pangeran ngatingal dhatêng Yusup wontên salêbêting supêna, wicantênipun. Saêmpune dika wungu nuli dika gawaa bocah niku lan ibune, dika bolos marang tanah Mêsir, ontêna ing ngrika ngantia sapitutur kula, sabab kaniyatane Herodhès anggolèki bakal amatèni marang bocah niki, sawungunipun Yusuf lajêng ambêkta lare sarta ibunipun kabêkta dhatêng tanah Mêsir, wontên ing ngriku ngantos ing sedanipun Herodhès. Supados dipun èstokêna pangandikaning Allah kang dhatêng nabi dhawahipun. Ingsun wis animbali putraningsun têka ing tanah Mêsir.

Sarêng Herodhès sumêrap yèn dipun apusi dhatêng tiyang pujăngga saklangkung kurdhanipun, lajêng

--- 70 ---

utusan kinèn amêjahi sawêrnining lare jalêr, kang wontên ing Bètlêkhèm sawawêngkonipun. Kang sawêg umur kalih taun sapangandhap. Kawêtawis ing mangsanipun kang katitik ing pujăngga wau, dados kaèstokakên wirayatipun Nabi Yarmeyah ungêlipun. Ing Ramah ana swara karungu, sêsambat panangis lan panjêrit akèh, Rakhèl anangisi ing anake, kudu ora kêna dilipur, sabab anake ora katêmu.

Sasedanipun Herodhès malaekating Pangeran angatingal dhatêng Yusuf wontên Mêsir salêbêting supêna, wicantênipun. Saêmpune dika wungu nuli anggawaa bocah niku lan ibune, kesaha marang tanah Yisraèl, sabab sapuniki êmpun mati kang golèki nyawane bocah niki, sawungunipun Yusuf lajêng ambêkta lare saibunipun, kesah dhatêng tanah Yisraèl. Sarêng Yusup mirêng yèn Arkhelaus jumênêng ratu ing tanah Yahudi, anggêntosi Herodhès bapakipun, lajêng ajrih kesah mriku, tumuntên kawangsit salêbêting supêna kinèn kesah dhatêng tanah Galileyah, lampahipun sampun dumugi, lajêng agêgriya wontên ing kitha kang nama Sarèt, supados kaèstokêna wirayatipun nabi, kajulukana Nasarèt.

--- 70 ---

Cariyosipun Nabi Ngisa 3.

Sarêng Ngisa aningali tiyang kathah sami angumpul, lajêng minggah dhatêng rêdi, sasampuning lênggah nuntên sakhabatipun sami majêng, Ngisa tumuntên pêpoyan dhatêng para sakhabat pangandikanipun. Rahayu wong kang padha sor andhap lêlabuhane, iku bakal anduwèni karatoning swarga, rahayu wong kang padha prihatin. Bakal padha dilipur, rahayu wong kang padha sarèh ing budine, bakal olèh warisan ing bumi, rahayu wong kang padha ngêlih lan ngêlak kang marang kabênêran. Bakal padha diwarêgi, rahayu wong kang padha anduwèni kawêlasan. Iku bakal padha anêmu piwêlas, rahayu wong kang padha rêsik atine, bakal padha wêruh ing Allah, rahayu wong kang padha ngrukunake, bakal padha diaku putraning Allah, rahayu wong kang padha dikaniaya awit dening kabênêran. Iku bakal padha anduwèni karatoning swarga, rahayu kowe yèn ana wong gêthing lan nganiaya marang kowe, anêrka barang pratingkah ala nganggo goroh awit dening aku, padha suka lan bungaha ganjaranamu luwih gêdhe ing swarga, sabab mêngkono wong wis padha nganiaya marang para nabi kang wis ana sadurungmu, kowe padha minăngka uyahing bumi, yèn uyah wis ilang [i...]

--- 71 ---

[...lang] rasane, kang dianggo nguyahi apa, dadi tanpa guna, malah dibuwang ing jaba kapidak ing wong, kowe minăngka padhanging jagad. Kutha kang ana sapucuking gunung ora kaumpêt. Ora ana wong kang anyumêd diyan andokokake sangisoring kikis. Nanging andokokake ing jodhog, dadi amadhangi ing wong kabèh kang ana ngomah, kaya mêngkono kowe bisaa amadhangi ing wong ing padhangmu, supaya padha andêlênga ing pagaweyanamu kang bêcik. Lan padha angluhurna bapakmu kang ana ing swarga.

Kowe padha trêsnaa marang ing satrumu, kowe padha anyawabana marang wong kang padha angalani marang kowe, agawea bêcik marang wong kang padha gêthing ing kowe, lan andongakêna marang wong kang padha duwe panêrka ala lan kang nganiaya marang kowe, supaya kowe diaku putrane bapakmu kang ana ing swarga, iku kang amêtokake srêngenge marang wong ala utawa bêcik, lan kang anurunake udan marang wong kang adil utawa kang ora adil.

Padha prayitnaa aja agawe dana kang karana raining wong kang kêna didêlêng, yèn mêngkono dadi ora olèh ganjaran ing bapakmu kang ana ing swarga, lamun kowe agawe dana aja nganti kawruhan ing wong, dadi kaya pratingkahe

--- 71 ---

wong munafèk kang ana ing masjid lan ing lêlurung, iku sêdyane digunggunga ing wong, amêsthi mung iku kang minăngka ganjarane, nanging kowe yèn gawe dana tanganmu kiwa aja nganti wêruh ing polahe tanganmu têngên. Supaya danamu mau anaa ing gon kang sêpi, iku bapakmu kang aningali panggonan kang sêpi bakal amalêsa marang kowe ing kalairan.

Dene yèn kowe sêmbiyang aja nganti kaya pratingkahe wong munafèk, kang padha dhêmên sêmbiyang ana ing masjid lan pinggiring lêlurung, supaya katona ing wong, amêsthi dadi mung iku ganjarane, nanging kowe yèn sêmbiyang lumêbua ing sênthonganamu lan angancingana lawang, ngabêktia ing bapakmu panggonan kang sêpi, nuli bapakmu kang aningali panggonan kang sêpi mau, bakal malês marang kowe ing kalairan, lamun kowe sêmbiyang aja nganti criwis kaya wong kapir, sabab panyanane gone criwis mau bakal katrima, kowe aja nganti nglakoni kaya wong iku, krana bapakmu wis sumurup ing sakakuranganamu sadurunge kowe anjaluk. Dene gonmu sêmbiyang mêngkene patrape, Rama kawula kang wontên ing swarga, nama sampeyan kasucèkêna, karaton sampeyan andhatêngêna, karsa sampeyan kalampahana kados ing swarga inggih ing bumi, panêdha

--- 72 ---

kawula ingkang cêkap kaparingana ing sadintên punika, sarta ngapuntêna ing dosa kawula, kados gèn kawula ngapuntên ing tiyang kang lêpat dhatêng kapula,[6] sampun ngantos sampeyan anganjingakên ing godha dhatêng kawula, nanging sampeyan anglêpatêna dhatêng kawula ing pratingkah awon. Sabab kagungan sampeyan karaton wisesa sarta kaluhuran ing salami-laminipun. Amin. Dene kowe yèn angapura ing kaluputane wong marang kowe, bapakmu kang ana ing swarga iya bakal angapura marang kowe, nanging kowe yèn ora angapura ing kaluputane wong marang kowe, amêsthi bapakmu iya ora angapura ing dosamu.

Dene yèn kowe padha puasa aja nganti kaya pratingkahe wong munafèk, kang padha sêmu susah lan basêngut ulate, supaya katona ing wong gone nglakoni puasa, amêsthi ya mung iku kang minăngka ganjarane, nanging yèn kowe puasa anglênganana rambutmu lan angraupana ing raimu, supaya ora katara ing wong gonmu puasa, amung katara ing bapakmu anaa panggonan kang sêpi, lan bapakmu kang ningali panggonan kang sêpi mau, bakal amalês marang kowe.

Aja kowe angumpulake arta ing bumi, iku bakal [ba...]

--- 72 ---

[...kal] pinangan ing wrêngêt sarta êngêt, lan dibabah ing maling bakal dicolong, kowe padha angumpulna arta ana ing swarga, kang ora kêna pinangan ing wrêngêt sarta êngêt, lan ora kêna dibabah ing maling arêp cinolong, sabab ing ngêndi gone artamu, iya ing kono panggonane atimu.

Dene mripat iku minăngka damaring badan, lamun mripatmu mulya sabadanmu kabèh amêsthi padhang, nanging yèn mripatmu mamar sabadanmu kabèh amêsthi pêtêng, yèn sajroning padhangmu ana pêtêng, pêtêng iku sapira jêmbare.

Wong sawiji ora bisa ngawula ing bêndara loro, krana bakal sêngit marang bêndarane kang sawiji, apilih kasih marang bêndara sawijine, kang sawiji dikulinani, kang sawijine ora dirèwès. Kaya mêngkono kowe iya ora bisa ngawula marang Allah lan marang kadunyan, mulane pituturku marang kowe, aja nganggo pakewuh ing kauripanamu kang pinangan kang ingombe, lan aja pakewuh ing badan mungguh gonmu nyandhang, kauripanamu amêsthi angluwihi têka ing pangan, lan badanmu amêsthi ngluwihi têka ing sandhang, padha dêlêngên manuk kang mibur ana ing tawang, ora nyêbar winih, ora ngêni lan ora ngumpulake pari ing lumbung, nanging bapakmu kang ana ing swarga kang angingoni [angi...]

--- 73 ---

[...ngoni] marang iku kabèh, amêsthi kowe angluwihi têka ing manuk. Sapa ta kang bisa amuwuhi dêdêging wong saasta dawane, apa ta kowe sumêlang mungguhing sandhang, padha pêlêngên kêmbang taluki kang thukul ing tanah, iku ora nyambutgawe ora ngantèh, pituturku marang kowe panjênêngane Suleman ora ngagêm busana kang kaya kêmbang iku, lamun Allah amaringi sandhang marang thêthukulaning tanah, kang ana ing dina iki lan besuk esuk bakal diobong, amêsthi mungguhing kowe angluwihi têka ing thêthukulan iku, sabab apa kowe padha kurang kumandêl. Mulane kowe aja ana sumêlang pangucapmu, apa kang bakal tak pangan, apa kang tak ombe lan apa kang tak sandhang, pêsthi mêngkono iku ciptane wong kapir, sabab bapakmu kang ana ing swarga wis angudanèni ing sakakuranganamu kabèh, kowe padha anggolèkana karatoning Allah dhisik sarta ing kabênêrane, lan barang kang muni ing ngarêp mau bakal kawuwuhake ing kowe, mulane kowe aja mêlang-mêlang bab ing besuk esuk. Krana ing besuk esuk bakal ana mêlang-mêlange dhewe, cukup ing sadina kasusahane.

Aja kowe dhêmên angukum, supaya kowe

--- 73 ---

ora kêna ing paukuman. Sabab paukuman kang wis kowe anggo ngukum bakal diukumake marang kowe, lan têtakêran kang wis kowe takêrake, amêsthi kowe bakal ditakêri, kowe amêsthi bisa andêlêng tatal kang ana sajroning matane sanakmu, nanging galondhong kang ana sajroning matamu dhewe, kowe ora dêlêng, kapriye dene kowe wani calathu marang sanakmu, mêngko ta tak dudute tatal kang ana ing matamu, nanging galondhong misih ana ing matamu dhewe, èh wong munafèk kowe anduduta galondhong kang ana ing matamu dhisik. Sawise kowe dêlênga anduduta tatal kang ana ing matane sanakmu, aja kowe awèwèh barang kang suci marang asu, lan aja kowe anguncalake mutyaramu ing ngarêpaning cèlèng, supaya ora diidak-idak ing sikile, sarta ambalik dhodhos marang kowe, padha andêdongaa iya bakal tămpa, padha anggolèkana iya bakal olèh, padha andhodhoga iya bakal diwêngani, sabab sapa kang andêdonga bakal tămpa, lan sapa kang anggolèki bakal olèh, lan sapa kang andhodhog bakal diwêngani, apa ana wong ing têngahmu kang anake jaluk roti, banjur diwènèhi watu, lan apa ana kang jaluk [jalu...]

--- 74 ---

[...k] iwak loh diwènèhi ula, lamun kowe iku kang dhasare ala, wis padha sumurup awèwèh barang kang bêcik marang anakmu, angur bapakmu kang ana ing swarga bakal amaringi barang kang bêcik marang kang padha anênêdha, apa barang kang dikarêpake pênggawening wong marang kowe, mêngkono kowe iya agawea marang wong iku, sabab iku wis kalêbu ing Torèt lan para nabi, kowe padha lumêbua ing lawang kang ciyut. Sabab lawang kang ămba lan dalan kang jêmbar, iku anjog marang ing bilai, akèh wong kang padha angambah iku, nanging lawang kang ciyut lan dalan kang gawat, iku anjog ing kamulyan. Arang wong kang gêlêm angambah, kowe padha diprayitna ing pamawasmu nabi kang linyok. Kang padha anêkani marang kowe panganggone kaya wêdhus. Nanging batine kaya asu ajag kang galak. Padha kawruhana ing pratingkahe, yèn woh anggur iku ora diundhuh têka ing wit ri, utawa gêdhang ora diundhuh têka ing wit janjang, kaya mêngkono sarupaning wit kang bêcik amêsthi wohe mêtu bêcik. Yèn wit kang ala amêsthi wohe mêtu ala, wit kang bêcik mau ora bisa mêtu wohe kang ala, utawa wit kang ala ora bisa mêtu wohe bêcik. Sarupaning wit kang ora mêtu wohe bêcik padha ditêgor

--- 74 ---

lan diobong, dene mungguhing wohe padha dikawruhi, ora sabên wong kang anyêbut Gusti Gusti marang aku bakal anglêboni karatoning swarga, nanging kang padha nglakoni sakarsane bapakmu kang ana ing swarga, akèh wong bakal padha matur marang aku ing dina wêkasan ature, Gusti, Gusti, punapa kula botên mêthèk ing nama tuwan. Punapa kula botên anyinggahakên setan saking nama tuwan, punapa kula botên adamêl mukjijat saking nama tuwan, nanging aku ing dina iku bakal amangsuli marang wong iku, aku ora wanuh lan kowe, wisa padha lungaa têka ing ngarêpku, kowe wong kang wis padha anglirake parentah.

Sabên wong kang padha ngrungokake ing pituturku iki lan anglakoni, tak upamakake wong pintêr ayasa omah kang dhinasaran watu, lamun ana udan dêrês tumurun dadi banjir awor angin, padha anêmpuh omah iku mau, pêsthi ora bisa rubuh, sabab wis dhinasaran watu, nanging wong kang padha ngrungokake ing pituturku iki, măngka ora nglakoni, iku tak upamakake wong bodho kang ayasa omah ana pawêdhèn, lamun ana udan dêrês tumurun dadi banjir awor angin, padha anêmpuh ing omah iku, pêsthi banjur rubuh, dadi

--- 75 ---

rubuhe luwih gêdhe.

Sarêng Ngisa sampun nêlas gènipun apitutur, kathah tiyang kang sami mirêng kagawokan awit dening pamulangipun. Sabab pamulangipun kados tiyang anggadhahi kuwasa, botên kados pamulangipun tiyang ahli tapsir.

Cariyosipun Nabi Ngisa 4.

Wontên pasamuaning kathah tiyang kang sami dhatêng saking nêgari, Ngisa lajêng ngandika ngangge pasêmon. Ana wong tani mêtu arêp nyêbar winihe, gone nyêbar mau ana wiji kang malêsat tiba ing dalan, diidak-idak lan dicucuk manuk kang ana ing tawang, lan ana wiji kang malêsat tiba ing padhas. Barêng thukul banjur garing, sabab ora duwe talutuh, lan ana wiji kang malêsat tiba ing têngahe wit ri, thukule wit ri mau barêng lan thukuling wiji dadi kayoman, lan ana wiji kang malêsat tiba ing lêmah bêcik. Iku thukul mêtu wohe tikêl satus, sasampunipun ngandika Ngisa lajêng anyuwara, sapa kang duwe kuping ngrungu rungokna, para sakhabatipun sami pitakèn dhatêng Ngisa aturipun. Kadospundi artosipun pasêmon punika, wangsulanipun Ngisa, kowe wis padha jinurung sumurup ing wêwadine karatoning Allah, nanging mungguhing wong liyan amarga ing pasêmon, supaya padha [pa...]

--- 75 ---

[...dha] andêlêng ora wêruh, lan padha ngrungu ora sumurup. Iki artining pasêmon mau, wiji iku pangandikaning Allah, wiji kang tiba ing dalan, iku wong kang padha ngrungu, sawise nuli setan têka anjupuk pangandika, supaya ora kumandêl lan ora dimulyakake, dene wiji kang tiba ing padhas iku wong kang padha ngrungu, atămpa pangandika sarta bungah, nanging ora duwe oyod. Kumandêl namung sadhela, samangsane ana rêncana banjur mungkir, dene wiji kang tiba ing wit ri iku wong kang padha ngrungu, nanging kayoman ing pakewuh lan ing kasugihan sarta kawibawaning urip. Iku wohe ora andadi, dene wiji kang tiba ing lêmah bêcik iku wong kang padha ngrungu, angrawati pangandika ana ing ati kang bênêr lan kang bêcik. Padha mêtu wohe andadi tan pêgat.

Pangandikaning Ngisa, ana sawijining wong kang duwe anak lanang loro, kang wuragil tutur marang bapakne, rama sampeyan mugi amaringana panduman kang kalêrês dhatêng kula, bapakne banjur ambagi barang marang anake, ora suwe anak kang wuragil nuli andandani saduwèke, banjur mangkat lunga marang tanah amănca, ana ing kono barange êntèk diêbrèh-êbrèh, olèhe urip pratingkahe [pra...]

--- 76 ---

[...tingkahe] ngobrot-obrot. Sawise êntèk barange kabèh nuli pailan bangêt ing tanah iku, banjur wong iku dadi karepotan. Tumuli lunga ngèngèr marang wong sawiji ing tanah kono, banjur pinatah ing gawe marang sawah angon babi, witing luwe bangêt gone kapengin mangan pakananing babi, nanging ora nana wong kang awèh, tumuli anutuh awake dhewe cêlathune, pira bature bapakku kang kaluwihên cadhonge, nanging aku ana ing kene bakal mati kalirên. Angur aku muliha marang bapakku aku arêp tutur, rama kula sampun adamêl dosa dhatêng swarga utawi dhatêng sampeyan. Botên pantês yèn kula kawastanana putra sampeyan malih, mugi kula sampeyan samia kados satunggilipun rencang sampeyan. Wong iku banjur mangkat mulih marang bapakne, kalane isih antara adoh ing omahe, bapakne wis wêruh bangêt wêlas banjur amapagake, barêng katêmu bapakne banjur ngrangkul gulune sarta ngambung, anake matur, rama kula sampun adamêl do[7] dhatêng swarga utawi dhatêng sampeyan. dados botên pantês yèn kula kawastanana putra sampeyan malih, banjur bapakne akon marang bature, payo kowe padha juputa prabot kang bêcik banjur ênggokna, lan ali-ali [ali-...]

--- 76 ---

[...ali] trapna ing drijine, lan sêpatu trapna ing sikile, sarta anjuputa pêdhèt kang lêmu nuli bêlèhên. Padha dianggo mangan lan sukan-sukan. Sabab anakku iki wis mati urip manèh, lan wis ilang katêmu manèh, banjur padha lêkas sukan-sukan. Dene anake kang pêmbarêp lagi ana ing sawah, kalane mulih ngarêpake têkan ngomah, ngrungu unining gamêlan sarta sindhèn ura-ura lan jogèd, banjur angundang bocah siji kang ditakoni, iku ana apa sababe, kang tinakonan nauri, punika sabab rayi sampeyan rawuh, rama jêngandika sampun mragad pêdhèt kang lêma, krantên kunduripun rayi sampeyan wilujêng, anak pêmbarêp mau banjur nêpsu ora gêlêm lumêbu ngomah, nuli bapakne mêtu nguwuh animbali, si anak pêmbarêp matur marang bapakne, pintên taun gèn kula sampun ngawula dhatêng sampeyan. Dèrèng nate kula nêrak wêwalêr sampeyan. Nanging sampeyan dèrèng amaringi cêmpe jalêr satunggil dhatêng kula, supados kula anggea sukan-sukan kalih sadherekan kula, măngka putra sampeyan kang sampun angêbrèh-abrèh[8] kagungan sampeyan kadamêl ngêlonthe, sawêg dhatêng lajêng sampeyan pragadakên pêdhèt kang lêma, bapakne sumaur, èh anakku kowe tansah wis ana karo aku, apa

--- 77 ---

barang duwèkku iya kowe kang anduwèni, mulane patut ing saiki padha bungah lan suka ati, sabab adhimu kang wis mati urip manèh, kang wis ilang katêmu manèh.

Ana caritane wong sugih anganggo jarit wungu sarta lawon alus. Ing sabên dina tansah amangun suka nutugake ing karêpane, lan ana wong mlarat kang aran Lasarus. Iku ngathang-athang ana ing lawange wong sugih mau, awake busik kabèh, mulane ana ing kono arêp amarêgi wêtênge mangan kakeceran kang tiba têka ing mejane wong sugih, nuli ana asu kang têka andilati ing busike, barêng wong mlarat iku mati banjur ginawa dening malaekat marang pangkone Ibrahim. Wong kang sugih mau iya mati lan kapêndhêm. Kalane ana ing nêraka panggonaning pamêsiyasat, nuli tumênga têka ing kadohan. Andêlêng marang Ibrahim sarta Lasarus ana ing pangkone, wong sugih mau banjur bêluk-bêluk ature, adhuh rama Ibrahim mugi wontêna sih wêlas sampeyan dhatêng kula, angutusa ing pun Lasarus anyêlubêna ing toya pucukipun dariji: anèmpèlna ing ilat kula, supados sêgêra, awit dening saklangkung sangêt ing sakit kula wontên urubing

--- 77 ---

latu, wangsulane Ibrahim. Èh anak elinga dhèk kowe ana ing dunya wis tămpa kamulyan. Nanging Si Lasarus iki anampani lara dhèk ana ing dunya, mulane ing saiki disêmbulih ing kapenak. Dene kowe disêmbulih wêsiyasat, suprandene antarane aku lan kowe ana sêlane bangêt. Yèn gêlêma angliwati ing kowe utawa angliwati ing aku, iya padha ora bisa, wong sugih iku mau duwe atur manèh, kula nuwun rama yèn parêng mugi sampeyan angutusa dhatêng griyanipun bapak kula, awit dening kula gadhah sadhèrèk jalêr gangsal. Sami dipun emutêna, supados botên kalêbêt ing panggenan wêsiyasat punika, Ibrahim amangsuli manèh, wis padha duwe kitab Musa lan para nabi, iku kang padha dirungokake, ature wong sugih, kula nuwun botên rama Ibrahim. Nanging yèn wontên tiyang dhatêng saking panggenanipun tiyang pêjah, amêsthi tiyang punika lajêng sami tobat. Wangsulane Ibrahim, yèn padha ora ngrungokake kitabe Musa lan para nabi, amêsthi bakal maido marang wong kang têka ing panggonane wong mati mau.

Tumuntên Ngisa ngandika malih angangge pasêmon, karatoning swarga diupamakake ing sawijing ratu,

--- 78 ---

kang agawe bawahan marang anake, wis kongkon ing abdine anêkake sêsuruhane marang ing bawahan. Nanging kang disuruhi ora gêlêm têka, nuli kongkon ing abdine manèh, pangandikane sang ratu, padha tutura marang sarupaning wong sêsuruhan. Yèn wis cawisa lêlawuhaning pangan. Kêboku lan khewan kang lêmu-lêmu wis padha kasêmbêlèh, sarta wis kasadhiyakake kabèh, mulane padha anêkanana marang bawahanaku, nanging kang padha disuruhi padha lunga, ana kang marang sawahe ana kang marang goning dagangane, sawênèh ana kang lagi nyêkêl ing abdine nganiaya lan amatèni, barêng sang prabu mau ngrungu bangêt ing dukane, banjur angutus ing balane kinèn numpês ing wong kang nganiaya mau, lan kuthane diobongana, tumuli sang prabu angandika marang abdine, bawahanaku wis sadhiya, nanging kang padha tak suruhi ora patut. Mulane kowe mêtua marang pinggiring lêlurung, sabên wong kang katêmu ing kono, banjur suruhana ing bawahanaku, para abdi wis padha mêtu marang lêlurung, angumpulake wong kang katêmu kabèh, kang ala utawa kang bêcik. Bawahan wis kêbak wong akapang gone lungguh, tumuli sang ratu lumêbu arêp aningali ing sêsuruhane, wis pirsa sawijining

--- 78 ---

wong kang ora nganggo praboting bawahan. Banjur sang ratu andangu, kêpriye kowe iku wis lumêbu ing kene, têka ora nganggo praboting bawahan. Kang tinakonan mênêng ora sumaur, tumuli sang ratu aparentah marang abdine, payo wong iki talènana sikile lan tangane, banjur bayangên buwangên marang panggonan kang pêtêng dhêdhêt. Ana ing kono panangise nganggo anggêgêt untu, wis akèh wong kang padha disuruhi, nanging mung sathithik kang sinêlir.

Cariyosipun Nabi Ngisa 5.

Kalanipun ing dintên punika wontên pasamoaning tiyang kathah, nanging sami botên wontên kang dipun têdha, Ngisa lajêng animbali dhatêng sakhabatipun ngandika, aku wêlas andêlêng wong iku kabèh, sabab ana ing kene kongsi têlung dina ora ana kang pinangan. Saupama tak lilani mulih marang omahe sadurunge mangan, amêsthi kalirên ana ing dalan. Sabab ana kang omahe adoh, para sakhabatipun sami matur, gènipun angsal saking pundi sagêd anuwuki tiyang sêmantên kathahipun, sabab ing ngriki panggenan suwêng, tumuntên Ngisa andangu, kowe simpên roti pira, aturipun para sakhabat, namung pêpitu, Ngisa lajêng adhêdhawah tiyang sadaya wau [wa...]

--- 79 ---

[...u] sami kinèn lênggah ing siti, tumuntên Ngisa mêndhêt roti pêpitu wau, Ngisa sarwi andongani lajêng roti kacuwil-cuwil. Kaparingakên dhatêng sakhabatipun. Dikakakên mradinakên ing tiyang pasamoan sadaya, kalih wontên ulam loh sakêdhik. Sasampunipun dipun dongani inggih lajêng kaparingakên. Tiyang wau sampun sami nêdha sarta sami tuwuk sadaya, sisanipun roti kang kacuwil-cuwil wau lajêng kapêndhêt kaisèkakên ing kranjang pêpitu kêbak. Dene tiyang ingkang sami nêdha kathahipun antawis kawan èwu, lajêng sami kalilan mantuk.

Kacariyos Ngisa minggah ing baita kadhèrèkakên ing para sakhabatipun. Sarêng wontên ing têngah sêgantên lajêng katêmpuh ing barat agêng, baita kados dipun sasabi ing alun sêgantên, nanging Ngisa sawêg sare, para sakhabat lajêng amurugi sami amungu aturipun. Tuwan mugi sampeyan amitulungana, kula sami badhe kêlêm. Wangsulanipun Ngisa, bab apa kowe padha kuwatir ora kumandêl, sawungunipun Ngisa lajêng anggêtak dhatêng angin utawi sêgantên, sami sakala kèndêl. Tiyang sadaya sami eram wicantênipun. Iku: wong apa ta, dene angin lan sêgara angèstokake parentahe.

--- 79 ---

Kacariyos ing nêgari Kaprênahum wontên tiyang nayaka kagungan putra sakit. Nayaka punika amidhangêt wêrtos yèn Ngisa sawêg lêlampah saking tanah Yahudi, badhe dhatêng tanah Galileyah, lajêng amêthukakên kapanggih atur panuwunipun. Mugi sampeyan kampira dhatêng pagriyan kula anyarasêna ing anak kula, sabab sampun sêkarat. Wangsulanipun Ngisa, lamun kowe ora andêlêng ing pratăndha lan mukjijat, dadi kowe ora kumandêl. Tiyang nayaka wau matur malih, mênawi parêng mugi sampeyan anêdhakana, sadèrèngipun anak kula pêjah, Ngisa ngandika malih, wis muliha anakmu wis waras. Tiyang punika sampun kumandêl ing pangandikanipun Ngisa, lajêng pamit mantuk. Sarêng wontên ing margi rencangipun amêthuk ngaturi uninga, yèn ing sapunika putra sampeyan sampun saras, lajêng andangu, dhèk wayah apa gone waras. Aturipun rencang wau, kala wingi wanci jam pitu sirnanipun sakit panastis. Kang Rama anggraita yèn wanci punika kalanipun Ngisa ngandika, anakmu wis waras, lajêng tiyang punika sakulawarganipun sadaya sami kumandêl dhatêng Ngisa.

Tumuntên Ngisa têdhak dhatêng ing kitha kang nama Nain. Para sakhabat sarta tiyang kathah sami andhèrèk. Sarêng

--- 80 ---

dumugi sakèthènging kitha wau, wontên layon kagotong mêdal. Layon punika putraning răndha tanpa sadhèrèk. Tiyang salêbêting kitha kathah kang sami andhèrèkakên. Sarêng Ngisa aningali sangêt wêlasipun dhatêng răndha wau, lajêng ngandika, wis aja kowe nangis. Tumuntên Ngisa amurugi sarta anggêpok ongkèkipun layon, lajêng tiyang kang sami ngrêmbat mandhêg. Ngisa ngandika, thole dhawuhku marang kowe, tangia, tiyang kang pêjah wau lajêng wungu sarta lênggah wiwit wicantên. Tumuntên Ngisa amasrahakên dhatêng ibunipun. Tiyang kang sami mirsa sadaya sangêt ajrihipun, sarta anggunggung dhatêng Allah wicantên. Nabi gêdhe wis jumênêng ing têngahku, lan Allah wis nuwèni ing bangsane, wêrtos mêkatên punika kawradinakên ing tanah Yahudi dumugi satapêl watêsipun sadaya.

Cariyosipun Nabi Ngisa 6.

Pangandikaning Ngisa, besuk yèn putraning manungsa têka ing kaluhurane, kaayap ing para malaekate kabèh, bakal pinarak ing dhêdhampar kaluhurane, nuli sarupaning jinis kabèh bakal padha kinumpulake ing ngarsane, lan padha kapinta panggonane, apindha wong pangon gone anèjèkake wêdhus lan beroke, [bero...]

--- 80 ---

[...ke,] wêdhuse kadokokake ing têngêne, kang berok kadokokake ing kiwane, iku sang prabu tumuli ngandika marang kang ana têngêne, payo kang wis padha olèh ing sihe bapakku, padha anampanana karaton kang wis kapancèkake marang kowe sapurwaning jagad. Sabab aku luwe kowe wis awèh pangan marang aku, aku ngêlak kowe anguwèhi ngombe marang aku, aku wong nênêka kowe anguwèhi pamondhokan marang aku, aku ora bêbêdan kowe anguwèhi sandhang marang aku, aku lara kowe wis tilik marang aku, aku kalêbu ing kunjaran kowe wis anêkani marang aku, wong adil mau bakal padha sumaur, kadospundi Gusti, sawêg punapa kula aningali ing sampeyan luwe kula sami angaturi dhahar, utawi sampeyan ngêlak kula sami angaturi pangunjukan. Sawêg punapa kula aningali ing sampeyan amrêdhatêng kula sami angaturi pamondhokan, utawi tanpa nyamping kula sami angaturi sinjang, sawêg punapa kula aningali ing sampeyan gêrah utawi kalêbêt ing kunjaran kula sami tuwi dhatêng sampeyan. Nuli sang prabu amangsuli pangandika, sajatine pituturku marang kowe, apa kang wis kowe lakoni agawe bêcik marang sawijining sadulurku iki

--- 81 ---

kang asor dhewe, iya iku kowe wis agawe marang aku, sawise iku sang prabu banjur ngandika marang kang ana kiwane, wis kowe padha lungaa wong duraka lumêbua ing gêni langgêng, kang wis kapancèkake ing iblis samalaekate kabèh, sabab aku wis luwe kowe ora awèh pangan. Aku ngêlak kowe ora awèh ngombe, aku anênêka kowe ora awèh pamondhokan. Aku tanpa bêbêd kowe ora awèh sandhang, aku lara lan ana ing kunjaran kowe ora tilik. Wong iku bakal padha sumaur, kadospundi Gusti, sawêg punapa kula ningali ing sampeyan luwe, utawi ngêlak, utawi amrêdhatêng, utawi tanpa nyamping, utawi gêrah, punapadene wontên ing kunjaran. Kula botên anyênyadhang dhatêng sampeyan, tumuli sang prabu amangsuli pangandika, sajatine pituturku marang kowe, apa kang wis ora kowe lakoni agawe bêcik marang sawijining wong kang asor dhewe iki, iya ora agawe marang aku, wong kang mêngkono iku bakal padha manjing ing siksa langgêng, dene wong kang adil mau bakal padha manjing ing kamulyan langgêng.

--- 81 ---

Cariyosipun Nabi Ngisa 7.

Tumuntên Ngisa tumênga mandêng manginggil pangandikanipun, Rama sampun dumugi ing măngsa, ingkang mugi Tuwan angluhurêna dhatêng putra sampeyan, supados putra sampeyan inggih angluhurakên dhatêng Tuwan. Sabab kula sampun kaparingan panguwasa dhatêng titah Tuwan ing dunya sadaya, supados kula amaringana kamulyan langgêng dhatêng sawêrnining umat kang sampun kaparingakên dhatêng kula, dene kamulyan langgêng punika tiyang badhe sumêrêp yèn Allah namung satunggal sampeyan sarta têmên-têmên, sarta sami sumêrêpa yèn Ngisa Krista punika kautus dening sampeyan. Dene kula wontên ing bumi sampun angluhurakên dhatêng sampeyan. Padamêlan kang sampun kaparingakên dhatêng kula, inggih sampun kula lampahi sadaya, mila ing sapunika Rama mugi sampeyan angluhurna dhatêng kula mawi kamulyan. Ingkang kula gadhah kalih sampeyan sadèrèngipun amurwani jagad. Kula sampun amratelakakên ing nama tuwan dhatêng tiyang ing dunya, kang sampun sampeyan paringakên dhatêng kula, punika sami kagungan sampeyan kaparingakên dhatêng kula, sarta sami anêtêpi ing sapangandika sampeyan. Mila sami sumêrêp yèn barang sadaya pêparing sampeyan dhatêng kula, awitipun saking sampeyan. [sampe...]

--- 82 ---

[...yan.] Pangandika sampeyan kang sampun kadhawahakên dhatêng kula sadaya, kula inggih sampun amaringakên dhatêng tiyang punika, sampun katampenan sarta sami sumêrêp yèn kula mêdal saking sampeyan. Utawi sami kumandêl yèn kula punika utusan sampeyan. Kula andongakakên dhatêng tiyang punika, botên andongakakên dhatêng tiyang ing dunya sadaya, namung dhatêng tiyang pêparing sampeyan. Sabab punika kagungan sampeyan. Dene gêgadhahan kula inggih kagungan sampeyan, kagungan sampeyan inggih gadhahan kula, sabab kula kaluhurakên ing tiyang punika, kula punika badhe atilar dunya, nanging tiyang punika sami kantun wontên ing dunya, kula badhe wangsul ing sampeyan Rama Kang Maha Suci, mugi sampeyan rumêksaa ing tiyang pêparing sampeyan punika ing asma tuwan, supados sami dadosa satunggal, kados sampeyan kalih kula, dene salaminipun kula wontên ing dunya, kula sampun rumêksa dhatêng tiyang punika ing asma tuwan. Tiyang pêparing sampeyan inggih sampun kula êmong, botên wontên ingkang ical satunggil-tunggila, anjawi namung anaking duraka, supados surating nabi kaèstokêna, ing sapunika kula wangsul dhatêng sampeyan. Dene kalanipun kula wontên [wo...]

--- 82 ---

[...ntên] ing dunya kula sampun anilarakên wawêling sadaya, supados tiyang punika gadhaha bingah agêng awit saking kula, kula sampun andhawahakên ing pangandika sampeyan dhatêng tiyang punika, nanging tiyang dunya sami sêngit ing tiyang wau, sabab botên sami kalih tiyang dunya, punapa malih kula inggih botên sami kalih tiyang dunya, kula botên ananêdha ing sampeyan amêndhêta tiyang punika saking dunya, nanging sampeyan mugi rumêksaa dhatêng tiyang wau ing piawonipun. Sabab tiyang punika botên sami kalih tiyang dunya, punapa malih kula inggih botên sami kalih tiyang dunya, mugi sampeyan anucèkêna ing tiyang punika dening kalêrêsan sampeyan. Sabab pangandika sampeyan punika lêrês. Kados kula sampun sampeyan utus dhatêng dunya, mêkatên kula inggih angutus tiyang punika dhatêng dunya, kula amasrahakên badan kula ing tiyang punika, supados sami anêtêpana ing kalêrêsan. Kula botên andongakakên ing tiyang punika kimawon. Nanging kula inggih andongakakên ing tiyang kang badhe kumandêl dhatêng kula amargi pituturipun, supados sami dadosa satunggal. Kados sampeyan Rama wontên kalih kula, sarta kula wontên kalih sampeyan. [sampeya...]

--- 83 ---

[...n.] Inggih sami dadosa satunggil tiyang punika wau, dados tiyang dunya sami kumandêl yèn kula utusan sampeyan. Dene kaluhuran kang sampeyan sampun angganjar dhatêng kula, inggih sampun kula paringakên dhatêng tiyang wau, supados sami dadosa satunggal kados sampeyan kalih kula, kula wontêna ing tiyang punika, sarta sampeyan wontêna ing kula, supados dadosa jangkêp ing tunggilipun, sarta tiyang dunya sami sumêrêpa yèn tuwan sampun angutus dhatêng kula, punapadene gèn sampeyan asih dhatêng tiyang punika, kados sampeyan asih dhatêng kula, tiyang pêparing sampeyan punika Rama kula pikajêngakên tunggila panggenan kalih kula, supados sami aningalana ing kaluhuran kula, kang sampeyan sampun angganjar, sarta sami aningalana yèn sampeyan asih dhatêng kula sapurwaning jagad. Rama Kang Maha Suci tiyang dunya botên wontên kang uninga dhatêng sampeyan. Dene kula ingkang uninga, sarta tiyang punika wau sami sumêrêp yèn kula utusan sampeyan. Kula sampun amratelakakên ing nama sampeyan dhatêng tiyang punika, sarta badhe anelakakên, supados sih gèn sampeyan asih dhatêng kula amradinana dhatêng tiyang punika, sarta [sar...]

--- 83 ---

[...ta] kula inggih wontêna ing tiyang punika.

Cariyosipun Nabi Ngisa 8.

Sasampunipun Ngisa têlas pangandikanipun, lajêng tumêdhak lan sakhabatipun anyabrang lèpèn Kêdron. Ing ngriku wontên taman kang dipun lêbêti dhatêng Ngisa sasakhabatipun. Dene Yudah kang angloropakên dhatêng Ngisa sampun uninga panggenan punika, sabab Ngisa asring pakumpulan wontên ing ngriku lan sakhabatipun. Yudah wau ambêkta bala sarta rencangipun lurah pangulu utawi tiyang Parisi, dhatêngipun sami ambêkta êting utawi obor sarta dêdamêl. Nanging Ngisa sampun sumêrap barang kang badhe andhatêngi sadaya, lajêng mêdal pitakèn dhatêng tiyang wau, kowe padha anggolèki sapa, aturipun tiyang punika, kula angupadosi dhatêng pun Ngisa tiyang kang saking Nasarèt. Wangsulanipun Ngisa, ya aku kang aran Ngisa, Yudah kang angloropakên wau sampun ngumpul ngadêg kalih tiyang punika, sarêng mirêng yèn Ngisa ngandika, ya aku kang aran Ngisa, lajêng sami mundur dhawah kalumah, Ngisa pitakèn malih dhatêng tiyang wau, kowe padha anggolèki sapa, aturipun tiyang punika, kula angupadosi dhatêng pun Ngisa tiyang kang saking Nasarèt. Wangsulanipun Ngisa, aku mau wis tutur marang kowe yèn aku kang aran Ngisa, [Ngi...]

--- 84 ---

[...sa,] lamun kowe anggolèki marang aku, kowe awèha lunga marang wong iki, dados kalampahan pangandikanipun Ngisa kang mêkatên. Tiyang pêparing sampeyan dhatêng kula, punika botên kalong satunggil-tunggila, lajêng Simon Petra pêdhangipun katarik dipun sabêtakên ing kupingipun rencangipun lurah pangulu ngantos tugêl, namanipun rencang wau Malkos. Tumuntên Ngisa ngandika dhatêng Petra, kowe ambalèkna pêdhangmu ing wrangkane, cangkir kang bapakku wis amaringi iku apa aku ora ngombe, tumuntên bala satêtindhihipun sarta rencangipun tiyang Yahudi, sami anubruk dhatêng Ngisa lajêng kabêsta, dipun bêkta ing ngajênganipun Khanah rumiyin. Sabab Khanah punika marasêpuhipun Kayafah, Kayafah punika lêlurahipun pangulu ing taun kang lumampah punika, Kayafah punika ingkang wau angrêmbagi dhatêng tiyang Yahudi, wontên mufangatipun yèn pêjaha tiyang satunggil, dados lêlintonipun ing băngsa sadaya, Simon Petra wau sarta sakhabat satunggilipun sami nusul dhatêng Ngisa, sakhabat satunggil punika sampun kauningan dhatêng lêlurah pangulu, lêbêtipun dhatêng dalêming lurah pangulu wau sêsarêngan kalih Ngisa, nanging pun Petra ngantun ngadêg wontên sajawining kori, tumuntên sakhabat satunggil wau, kang sampun kauningan [kauning...]

--- 84 ---

[...an] dhatêng lurah pangulu, mêdal wicantên dhatêng parêkan kang têngga kori, Petra lajêng kalilan lumêbêt. Parêkan kang têngga kori punika wicantên dhatêng Petra, apa kowe ya tunggale sakhabate wong iku, wangsulanipun Petra, dudu, rencangipun lurah pangulu sampun sami adamêl bêdhiyang, kadamêl api-api, sabab asrêp. Petra inggih lajêng tumut ngadêg api-api, anunggil kalih tiyang punika, tumuntên lurah pangulu pitakèn kalih Ngisa mênggahing sakhabatipun utawi wêwulanganipun. Wangsulanipun Ngisa, aku wis pitutur ana ing pasamoaning wong dunya, tansah aku amêmulang ana ing pamêlêngan sarta ing masjid. Iku ya panggonan pakumpulaning wong Yahudi kabèh, aku ora pitutur ana ing panggonan kang sêpi, aja kowe takon marang aku, takona marang wong kang wis padha ngrungu ing pituturku, iku kang padha sumurup ing calathuku, sarêng Ngisa ngandika kados mêkatên, satunggilipun rencanging lurah pangulu wau lajêng napuk dhatêng Ngisa sarta wicantên. Genea kowe wani sumaur marang lurah pangulu kang kaya mêngkono, wangsulanipun Ngisa, mênawa ana cêlathuku kang luput, kowe ambênêrna marang aku, nanging yèn calathuku wis bêcik, sabab apa kowe napuk marang aku.

--- 85 ---

Khanah sampun andikakakên bêkta babêstan dhatêng Kayafah lêlurah pangulu, kacariyos Simon Petra sawêg ngadêg api-api, nuntên rencangipun lurah pangulu sami wicantên. Kowe iki ya tunggale sakhabate wong iku, Petra mungkir wicantênipun, aku dudu, wontên rencangipun lurah pangulu satunggil, kaprênah sadhèrèk kalih tiyang kang katugêl kupingipun dhatêng Petra, punika lajêng wicantên. Pêsthi aku wis wêruh marang kowe ana ing taman karo wong iku, nanging Petra taksih mungkir, lajêng wontên sawung kaluruk.

Tumuntên Ngisa kabêkta saking Kayafah dhatêng padalêmanipun tiyang kang nyêpêng parentah, panuju wanci enjing, nanging tiyang Yahudi botên purun lumêbêt ing dalêm, supados botên kagêpok ing najis. Sagêda tumut nêdha Paskhah, tumuntên Pilatus mêdal amanggihi dhatêng tiyang punika wicantênipun. Mungguh panggugatmu marang wong iku apa kang dadi prakarane, aturipun tiyang Yahudi wau, yèn tiyang punika botên adamêl awon, amêsthi yèn kula botên ngaturakên ing sampeyan. Wangsulanipun Pilatus, payo wong iku jupukên nuli adilana lan anggêr-anggêranamu dhewe, aturipun tiyang Yahudi, kula botên kawênangakên adamêl pêjahing tiyang, dados pangandikanipun [pangandikani...]

--- 85 ---

[...pun] Ngisa dipun lampahi, gènipun amratelakakên patraping pêjahipun. Tumuntên Pilatus kundur malêbêt ing dalêm, animbali dhatêng Ngisa sarta pitakèn. Apa nyata kowe iki ratune wong Yahudi, wangsulanipun Ngisa, patakonmu iku apa têka ing kadhêngêranamu dhewe, apa ana wong kang tutur marang kowe mungguhing awakku, wangsulanipun Pilatus. Aku dudu wong Yahudi, mungguhing kowe wis diaturake marang aku dening bangsamu lan lurah pangulu, kowe dosamu apa, wangsulanipun Ngisa, wêruhanamu karatonku dudu ing dunya iki, yèn karatonku ana ing dunya kene, amêsthi abdiku padha mrina ing aku, supaya aku ora dicêkêl marang wong Yahudi iku, nanging karatonku dudu ing kene, Pilatus ngandika malih, yèn mêngkono kowe dadi ratu têmênan. Wangsulanipun Ngisa, iya bênêr kaya tuturmu iku, aku ratu têmênan. Mulane aku kalairake tumurun ing dunya, supaya aku anêksènana ing kabênêran. Sarupaning wong kang nganggo bênêr, iku ngrungu ing swaraku, Pilatus pitakèn, mungguhing kabênêran iku apa têgêse, sasampunipun Pilatus lajêng mêdal malih amanggihi tiyang Yahudi, wicantênipun. Aku wis nitipriksa wong iku ora nana dosane, [dosa...]

--- 86 ---

[...ne,] dene ana adatmu, yèn aku sabên Paskhah angluwari wong siji marang kowe, yèn rêmbug aku angluwari marang kowe ratune wong Yahudi, tiyang Yahudi sadaya sami rêbut dhucung aturipun. Punika sampun aluwung sampeyan angluwarana pun Barabah, Barabah punika titang[9] dursila.

Tumuntên Pilatus amêndhêt dhatêng Ngisa dikakakên ngrangkèt. Para prajurit sami anganam makutha ingkang kadamêl ri, lajêng kaêtrapakên ing sirahipun Ngisa, sarta kaanggenan rasukan wungu wicantênipun. Bageya kowe ratune wong Yahudi, lajêng sami anapuk dhatêng Ngisa, tumuntên Pilatus mêdal malih ngandika dhatêng tiyang Yahudi, lho iki aku mêtokake ing ngarêpmu, kowe padha sumurupa yèn Si Ngisa iki ora nana dosane, lajêng Ngisa mêdal angangge makutha ri sarta rasukan wungu, pangandikanipun Pilatus dhatêng tiyang Yahudi wau, lah padha dêlêngên wong iku, tumuntên lurah pangulu sarencangipun sami jêlèh wicantênipun. Mugi kapênthanga-kapênthanga, Pilatus ngandika malih, yèn mêngkono padha juputên pênthangên dhewe, sabab wis tak titipriksa ora nana dosane, aturipun tiyang Yahudi, kula sami gadhah anggêr, saungêlipun anggêr-anggêran punika sah ing pêjahipun. [pêjah...]

--- 86 ---

[...ipun.] Sabab tiyang punika wicantênipun ngangkên putraning Allah, sarêng Pilatus mirêng paturan mêkatên sangsaya ajrihipun, lajêng lumêbêt ing dalêm malih pitakèn dhatêng Ngisa, pinangkamu sêka ngêndi, nanging Ngisa botên amangsuli, Pilatus ngandika malih, geneya kowe ora anauri marang aku, apa kowe ora wêruh yèn aku kang anduwèni panguwasa amênthang sarta angluwari marang kowe, wangsulanipun Ngisa, kowe pêsthi ora anduwèni kuwasa, lamun ora kaparingan dening Allah, nanging wong kang wis ngaturake aku marang kowe, iku kuwih gêdhe dosane, awit punika Pilatus angupadosi margi gènipun badhe angluwari dhatêng Ngisa, nanging tiyang Yahudi sami jêlah-jêlih wicantênipun. Mênawi sampeyan angluwari ing tiyang punika, amêsthi sampeyan dede mitraning raja, sabab sabên tiyang kang adamêl ratu dhatêng awakipun piyambak, inggih punika tiyang băngga ing raja, sarêng Pilatus mirêng ing paturan punika, lajêng Ngisa kawêdalakên, sarta piyambakipun lênggah ing sitihinggil binatarata, yèn cara Ngèwêr kawastanan Gabadah, kalanipun punika panuju mangsanipun anyadhiyakakên Paskhah, wanci pukul nêm enjing, tumuntên Pilatus ngandika dhatêng tiyang Yahudi, lah iku ratumu, tiyang Yahudi [Yahu...]

--- 87 ---

[...di] sami anjêlih aturipun. Sampun, sampun, dipun pênthang kimawon. Wangsulanipun Pilatus, apa aku amênthang marang ratumu, lurah pangulu sami matur, kula botên gadhah ratu anjawi namung kang sampun jumênêng raja punika, tumuntên Pilatus amasrahakên Ngisa dhatêng tiyang Yahudi supados kapênthanga, Ngisa sampun kacêpêng lajêng kabêkta.

Tumuntên Ngisa ambêkta pamênthanganipun, lajêng tumêdhak dhatêng panggenan cumplung, yèn cara Ngèwêr namanipun Golgotah, ing ngriku gènipun mênthang dhatêng Ngisa, dene ing kiwa têngênipun inggih wontên tiyang kêkalih kang dipun pênthang, nanging Ngisa wontên ing têngah, tumuntên Pilatus anyêrati sapanêrkanipun, kadèkèkakêna[10] sanginggilipun pamênthangan. Ungêlipun mêkatên. Iki Ngisa wong Nasarèt. Ratune wong Yahudi, dados tiyang Yahudi kathah kang sagêd maos ing sêrat wau, sabab panggenanipun Ngisa gènipun dipun pênthang cêlak kalih nêgari, sêrat punika kadamêl sêratan cara Ngèwêr, cara Grik sarta cara Rum. Pangulunipun tiyang Yahudi sami matur dhatêng Pilatus. Sampun sampeyan nyêrat mungêl, iki ratune wong Yahudi, nanging sampeyan anyêrata yèn tiyang punika pangakênipun piyambak. Aku iki ratune wong Yahudi, wangsulanipun Pilatus

--- 87 ---

barang kang tak tulis wis katulis. Tumuntên tiyang prajurit kang amênthang dhatêng Ngisa sampun sami amêndhêt sandhanganipun. Kabagi para sakawan. Prajurit satunggil angsal saduman, punapadene rasukanipun. Nanging rasukan wau botên mawi dondoman katênun wiwit saking pucuk sapangandhap. Tiyang prajurit sami wicantênan kalih kancanipun. Kulambi iki aja disuwèk, bêcik padha digawe totohan bae, sapa kang mênang iya iku kang anduwèni, dados kaèstokakên surating nabi kang mungêl mêkatên. Sandhanganaku wis padha diwaris ing wong, lan kulambiku wis digawe totohan, para prajurit kang sampun anglampahi kados mêkatên, ibunipun Ngisa sarta ingkang bibi kang nama Maryam, bojonipun Kalopah, punapadene Maryam Magdalene, katiga sami jumênêng cêlak kalih pamênthanganipun Ngisa, sarêng Ngisa mirsa ingkang ibu sarta aningali sakhabatipun kêkasih satunggal ngadêg, lajêng Ngisa ngandika dhatêng ingkang ibu, èh ibuku iku anakmu, sasampunipun nuntên ngandika dhatêng sakhabat wau, lah iku êmbokmu, tumuntên sakhabat punika amboyongi ing ibunipun Ngisa dhatêng pagriyanipun piyambak. Sasampunipun mêkatên Ngisa sampun uninga yèn sampun puput sadaya, surating nabi sampun kaèstokakên [ka...]

--- 88 ---

[...èstokakên] lajêng ngandika, aku ngêlak. Ing ngriku panuju wontên wêwadhah isinipun wêrak, lajêng tiyang prajurit anyêlubakên jamur impês ing wêrak, dipun gèyèd ing isob. Nuntên katèmpèlakên ing lathinipun. Sarêng Ngisa sampun nêsêp jamur kang kakopoh wêrak wau, lajêng ngandika, wis tutug ing wêkasan. Nuntên sirahipun tumungkul lajêng atilar ing dunya.

Tumuntên tiyang Yahudi sami gadhah panuwun dhatêng Pilatus. Kang kapênthang punika mugi kasampil-sampila balungipun, sarta kauculana saking pamênthangan. Supados jisimipun sampun kantun wontên ing pamênthangan salêbêtipun dintên Sabat, sabab sampun kadamêl sadhiya ing dintên Sabat punika dintên agêng, lajêng para prajurit sami amurugi anyampil-nyampil balungipum[11] ingkang satunggil. Nuntên anyampil-nyampil balungipun ingkang satunggil malih, sarêng sami murugi dhatêng Ngisa katingalan yèn sampun seda, balungipun botên mawi kasampil. Nanging wontên satunggilipun prajurit amaos ing lambungipun Ngisa, lajêng mêdal rah sarta toya, ingkang mirsa punika minăngka dados sêksi, panyêksènipun punika têmên-têmên, sarta piyambakipun sampun uninga, dados mênggah pituturipun sayêktos, iku supaya kowe [ko...]

--- 88 ---

[...we] padha kumandêla, punika sampun sami kalampahan sadaya, supados surating nabi dipun èstokêna ingkang mungêl mêkatên. Balunge bakal ora disampil-sampil, sarta wontên malih surating nabi ingkang mungêl, bakal padha andêlêng kang ditumbak.

Sasampunipun wontên tiyang kang nama Yusuf ingkang saking Arimatah, punika inggih sakhabatipun Ngisa, nanging adhadhêmitan awit saking ajrihipun dhatêng tiyang Yahudi, Yusuf punika wau agadhah panuwun dhatêng Pilatus. Mugi kalilana anyaèni dhatêng layonipun Ngisa, sampun kalilan dening Pilatus layonipun Ngisa lajêng kapêndhêt. Wontên tiyang malih anama Nikodhemus, punika kalanipun rumiyin sampun wawuh kalih Ngisa pêpanggihan panuju dalu, punika inggih dhatêng ambêkta ratus kaantawis kathahipun satus kati, layonipun Ngisa wau lajêng dipun ulêsi ing lawon sarta kadekekan ratus lan buratwangi, kados patrapipun tiyang Yahudi gènipun amêtak layon. Panggenanipun amênthang dhatêng Ngisa punika wontên taman. Salêbêting taman wontên pakuburan ingkang sawêg kadamêl. Dèrèng wontên isinipun layon, awit dening tiyang Yahudi sami adamêl sadhiya Paskhah, mila layonipun Ngisa kapêtak ing ngrika, sabab [sa...]

--- 89 ---

[...bab] pakuburan punika cêlak.

Cariyosipun Nabi Ngisa 9.

Sarêng dumugi wêkasaning dintên Sabat, Maryam Magdalene sarta Maryam ibunipun Yakub kalih Salome, sami atumbas buratwangi, badhe kadamêl ngonyohi layonipun Ngisa, panuju ing dintên Akhad wanci enjing sawêdaling srêngenge, sampun sami dumugi ing pakuburan. Tiyang èstri kêkalih wau sami wicantênan. Sapa ta kang bakal ambarengkalake watu kang anutupi lawang pakuburan iki, sarêng sami tumênga manginggil aningali sela sampun ngalih saking panggenanipun wau, dene sela punika anglangkungi agêngipun. Tiyang kêkalih lajêng sami lumêbêt ing pakuburan, lajêng aningali wontên jêjaka pinarak ing sisih têngên. Agêm-agêmanipun pêthak. Nuntên sami jêngêr, ki jaka wau ngandika dhatêng èstri kêkalih, kowe aja maras. Kowe iki padha ngupaya marang Ngisa wong kang têka Nasarèt. Kang wis seda pinênthang, iku saiki wis wungu ing kene ora nana, lah padha dêlêngên panggonane sumare, ing mêngko kowe padha muliha, awèha wêruh marang sakhabate sarta marang Petra, sabab Ngisa iku bakal andhingini ing lakumu marang tanah Galileyah, ing kono kowe bakal [ba...]

--- 89 ---

[...kal] padha wêruh, kaya kang wis kapangandikakake marang kowe, tumuntên tiyang èstri sami mêdal. Sarêng dumugi sajawining pakuburan lajêng lumajêng, awit saking ajrihipun sami gumêtêr, botan[12] kacariyosakên dhatêng tiyang awit saking ajrihipun.

Ngisa sarêng sampun wungu wanci enjing ing dintên Akhad, lajêng amanggihi dhatêng Maryam Magdalene, kang sampun kaicalakên têluh pitu saking sariranipun. Lajêng kesah asuka uninga dhatêng para sakhabat, kang sami taksih prihatos sarta muwun. Sarêng mirêngakên cariyos yèn Ngisa gêsang malih, sarta amanggihi dhatêng èstri wau, sami amaibên sadaya, sasampuning punika nuntên Ngisa amalih wêrni ngatingal dhatêng tiyang kêkalih kang lumampah dhatêng sabin. Punika inggih lajêng kesah acariyos dhatêng kancanipun. Nanging sami amaibên, tumuntên Ngisa ngatingal dhatêng sakhabatipun sawêlas. Panuju sami lênggah adhêdhaharan, lajêng Ngisa andukani awit dening sami amaibên sarta wangkot manahipun. Sabab botên pitados dhatêng kandhanipun tiyang kang sami aningali, yèn sariranipun sampun wungu, tumuntên Ngisa ngandika malih dhatêng para sakhabat. Kowe padha lungaa ing jagad kabèh, amisuwurna marang sarupanang[13] titah kabèh pawêrta iki agawe [a...]

--- 90 ---

[...gawe] bungah, sabên wong kang kumandêl lan kang manjing Sêrani, bakal anêmu kamulyan. Nanging kang ora kumandêl bakal kapatrapan ing wêsiyasat. Dene kang padha kumandêl bakal anglakoni pratăndha mêngkene, sêka ing jênêngku bakal angilangake têluh, sarta bakal cêlathu nganggo têmbung anyar, bakal anggêpok ula, angombe wisa ora amlarati, bakal anggrayang tangane ing wong lara, banjur mulya, sarêng Ngisa sampun têlas pitungkasipun dhatêng para sakhabat, lajêng mumbul dhatêng swarga, pinarak ing têngênipun Allah, para sakhabat lajêng sami kesah amisuwurakên dhatêng ing pundi-pundi, tiyang punika sami karêksa dening Allah, pituturipun dipun têtêpi amargi pratăndha kang kalampahan.

 


wit-witan. (kembali)
Tiyang. (kembali)
asêsambat. (kembali)
tembok (dan di tempat lain). (kembali)
kalih. (kembali)
kawula. (kembali)
dosa. (kembali)
angêbrèh-êbrèh. (kembali)
tiyang. (kembali)
10 kadèkèkêna. (kembali)
11 balungipun. (kembali)
12 botên. (kembali)
13 sarupaning. (kembali)