Wawaton Panyêratipun Têmbung Jawi, Kumisi Kasusastran, 1926, #366

Judul
Sambungan
1. Wawaton Panyêratipun Têmbung Jawi, Kumisi Kasusastran, 1926, #366. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Wawaton Panyêratipun Têmbung Jawi, Kumisi Kasusastran, 1926, #366. Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa.
Citra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wawaton panyêratipoen têmboeng Jawi mawi sastra Jawi dalasan angka, miturut Putusan Parêpatan Kumisi Kasusastran ing Sriwedari (Surakarta)

Landsdrukkerij - Weltevreden
1926.

--- 2 ---

Verstrekt door het Depăt van Leermiddelen ...
In gebruik genomen ...
Afgekeurd ...

Wawaton panyêratipoen têmboeng Jawi mawi sastra Jawi dalasan angka, miturut Putusan Parêpatan Kumisi Kasusastran ing Sriwedari (Surakarta)

Landsdrukkerij - Weltevreden
1926.

--- 3 ---

I. Têmbung Lingga
1. Têmbung lingga kasêrat botên ngrangkêp aksara. Kados ta: tun [tuna], wni [wani], sert\ [sêrat], Xz [lênga], bvu [banyu], fan [dahana]. Botên kasêrat: tunN [tunna], wnNi [wanni], se/rt\ [sêrrat], X=z [lêngnga], bnVu [bannyu], fhan [dahhana].
Wontên ingkang nyêbal: tnV [tannya].
Dene: rayu [rahayu]. Sanadyan sanès têmbung lingga ugi botên kasêrat: rhayu [rahhayu]. Awit saking têmbung lingga: ayu [hayu], angsal atêr-atêr: r [ra].
Makatên ugi: ra/j [raharja], raj_ [rahajêng], lan sapanunggilanipun.
2. Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun mênga nglêgêna. Sanadyan ungêlipun purwaning lingga wau mawi sandhangan pêpêt, inggih kasêrat nglêgêna. Kados ta: ngr [nagara], slk [salaka], wtr [watara], mnw [manawa], bdy [badhaya].

--- 4 ---

3.
Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigêg ing aksara irung, kasêrat kados pakêcapanipun, kados ta:
h.cemPurit\ [cêmpurit], temBg [têmbaga], semBf [sêmbada], X=gn [lênggana], jemPn [jêmpana].
n.lmPit [lampita], s=sr [sangsara].
4. Wanda ingkang dede wanda wêkasan botên sagêd ngangge pêpêt layar, manawi botên dipun kêrêt, inggih namung dipun layar, kados ta: f}kuku [drêkuku], g}ji [grêji], w/n [warna], w/t [warta]. Kajawi têmbung-têmbung ngamănca ingkang badhe kacêthakakên, kados ta: &upe/!u/[jnF`l\ [gupêrnur jendral], [p]o[ssPe/bl\ [prosès pêrbal].
5. Manawi nunggil têmbung, pasangan: c [ca], j [ja], botên kenging wontên sangandhapipun sisigêg: n [na], kêdah: v [nya], kados ta: wvCi [wanyci], jvJi [janyji].
6. Têmbung: kLp [klapa], botên kasêrat klp [kalapa]. bÓ|f( [bludru], botên kasêrat bluf( [baludru]. Sasaminipun. Namung manawi wontên prêlunipun, upami kadamêl njangkêpakên guru wicalaning sêkar, sawêg kenging kasêrat: klp [kalapa], bluf( [baludru].[1]
7. [fov [donya], sarta: [sov [sonya], sami kasêrat ngangge taling tarung, botên ngangge suku.
8. Têmbung ngamănca ingkang sampun kangge ing têmbung Jawi, panyêratipun miturut pakêcapanipun têmbung ngamănca wau, kados ta: bgsi [bagasi], saking BAGAGE.

--- 5 ---

II. Têmbung andhahan ingkang mawi atêr-atêr
1.
Anuswara
h.Manawi purwaning lingga luluh, atêr-atêripun anuswara botên kasêrat ngangge: a [ha]. Kados ta: ztg\ [ngatag], nnT= [nantang], vmBe/ [nyambêr], m]nt [mranata]. Manawi wontên prêlunipun kenging kasêrat: aztg\ [angatag], annT= [anantang], avmBe/ [anyambêr], am]nt [amranata].
n.Manawi purwaning lingga botên luluh, kados ta: anFf/ [andadar], avJketet\ [anjakêtêt], anDede/ [andhêdhêr], a=giqi= [anggithing], amB|w= [ambuwang], punika botên kenging kasêrat: ff/ [dadar], jketet\ [jakêtêt], dede/ [dhêdhêr], giqi= [githing], buw= [buwang].
2. Têmbung-têmbung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh kalihan atêr-atêripun anuswara, manawi angsal atêr-atêr: p [pa], purwaning tanduk botên karangkêp, kados ta: pnemBh [panêmbah], pvekel\ [panyêkêl], botên pnNemBh [pannêmbah], pnVekel\[ [pannyêkêl].
3. Bawa: k [ka].
Têmbung bawa: k [ka], ingkang atêr-atêripun botên luluh kalihan purwaning lingga, atêr-atêripun: k [ka], kêdah kapêpêt, kados ta: keffk\ [kêdadak].
4. Têmbung ingkang apurwa aksara: a [ha], manawi dipun atêr-atêri: pi [pi], p]i [pri], botên ewah, kados ta: pia=kuh [piangkuh], pia[won\ [piawon], pial [piala].

--- 6 ---

 Ingkang nyêbal, purwanipun ewah dados: y [ya], kados ta: piygem\ [piyagêm], p]i[y=og [priyăngga].
III. Têmbung andhahan ingkang ngangge sêsêlan
1. Sêsêlan: r [ra], l [la].
Sêsêlan: r [ra], l [la]. Kasêrat miturut pangrimbagipun sêsêlan, kados ta: p}nÒ|l\ [prêntul], jLerit\ [jlêrit], gLex= [glêrêng], botên kasêrat: pxnÒ|l\ [parêntul], jXrit\ [jalêrit], gXx= [galêrêng]. Manawi wontên prêlunipun kenging kasêrat: pxnÒ|l\ [parêntul], jXrit\ [jalêrit], gXx= [galêrêng].
2. Sêsêlan: n [na], kados ta: pinyu=zn\ [pinayungan], punika kasêrat tanpa pasangan: n [na].
IV. Têmbung andhahan ingkang mawi panambang
1. Panambang ingkang apurwa aksara: a [ha], manawi tumrap ing wanda sigêg: a [ha] nipun malih dados aksara sisigêg wau, kados ta: awnN [awanna], wt[kK [watakke], XXsSn\ [lêlêssan], n=gpPi [nanggappi], gegemMen\ [gêgêmmên], rabBn [rahabbana].
2.
Panambang: a [a].
h.Manawi wontên sawingkingipun wanda mênga nglêgêna, kasêrat têtêp: a [a], kados ta: bisa [bisaa].

--- 7 ---

 
n.Ewah dados: y [ya], manawi sumambêt wanda mênga kanthi: wulu, utawi: taling, samantên punika manawi wanda wau sanès: y [ya], kados ta: wniy [waniya], [d[dy [dhedheya], nanging: p]iyyia [priyayia], kp]i[ya [kapriyea], botên kasêrat: p]iyyiy [priyayiya], kp]i[yy [kapriyeya].
c.Ewah dados: w [wa], manawi sumambêt ing wanda mênga kanthi: suku, utawi: taling tarung, samantên punika bilih wanda wau sanès: w [wa], kados ta: niruw [niruwa], [bo[dow [bodhowa], nanging: nwua [nawua], cu[woa [cuwoa], botên kasêrat: nwuw [nawuwa], cu[wow [cuwowa].
3. Panambang: [a [e], manawi sumambêt wanda mênga, ewah dados: [n [ne], dados tanpa pasangan: n [na], kados ta: jr [jara] - jr[n [jarane], botên jr[nN [jaranne].
alu [alu] - alu[n [alune], botên alu[nN [alunne].
4. Panambang: ai [i], manawi wontên sawingkingipun wanda mênga, kapitulungan panambang: an\ [an] rumiyin, kados ta: pd [padha] - mdnNi [madhani]. genTi [gênti] - a=ge[nTnNi [anggêntènni]. bau [bau] - amB[aonNi [ambaonni].
5.
Panambang: an\ [an].
h.Manawi tumrap ing wanda mênga, ingkang mawi sandhangan: wulu, utawi: taling, măngka botên

--- 8 ---

 
 luluh, purwaning panambang malih dados: y [ya], kados ta: ffi [dadi] - kffiyn\ [kadadiyan]. g[d [gadhe] - pg[dyn\ [pagadheyan]. Manawi tumrap ing wanda mênga, ingkang mawi sandhangan: suku, utawi: taling tarung, măngka botên luluh, purwaning panambang malih dados: w [wa], kados ta: lku [laku] - klkuwn\ [kalakuwan]. j[go [jago] - j[gown\ [jagowan]
n.Wontên têmbung sawatawis ingkang wandanipun wêkasan kadunungan wignyan, nyêbal saking wawaton IV.1. kados ta: weruh [wêruh] - kruwn\ [karuwan]. klih [kalih] - kliyn\ [kaliyan]. plih [palih] - pliyn\ [paliyan] (sadhèrèk nunggil suson). Nanging: plihan\ [palihan] (krama), ngokonipun: p[ron\ [paron].
c.Têmbung-têmbung ing adêg-adêg: n. nginggil punika, manawi angsal panambang: [a [e], wignyanipun têrkadhang wangsul, kados ta: kruwn\ [karuwan] - kruha[nN [karuhhane]. pliyn\ [paliyan] - pliha[nN [palihhane]
6. Panambang: aen\ [ên], manawi sumambêt ing wanda mênga, ewah dados: nen\ [nên], kados ta: auj [uja] - aujnen\ [ujanên]. pnu [panu] - pnunen\ [panunên].

--- 9 ---

7. Panambang: an [ana]: manawi sumambêt ing wanda mênga, mawi kapitulungan panambang: an\ [an] rumiyin, kados ta: ab [aba] - zbnNn [ngabannana]. tli [tali] - t[lnNn [talènnana]. [p[p [pepe] - [p[pnNn [pèpènnana]. lku [laku] - l[konNn [lakonnana]. g[do [gadho] - g[donNn [gadhonnana].
8.
Panambang: a[k [ake].
h.Manawi sumambêt ing wanda mênga, wanda wau kasigêgakên: k [ka] rumiyin, panambangipun lastantun: a[k [ake], bilih wanda wau kadunungan: wulu, malih dados: taling, manawi kadunungan: suku, dados: taling tarung, kados ta: tp [tapa] - npkH[k [napakake]. lli [lali] - zL[lkH[k [nglalèkake]. ge[d [gêdhe] - a=ge[dkH[k [anggêdhèkake]. aju [aju] - z[jokH[k [ngajokake]. [bo[do [bodho] - a[mBo[dokH[k [ambodhokake].
n.Têmbung ingkang wandanipun sigêg: n [na], manawi angsal panambang: a[k [ake], wontên ingkang sisigêgipun: n [na], punika malih dados: k [ka], salajêngipun [salajêng...]

--- 10 ---

 
 [...ipun] panambang: a[k [ake], ewah dados: k[k [kake], kados ta: pkn\ [pakan] - mkkK[k [makakkake]. [a[won\ [ewon] - k[a[wokK[k [kaewokkake].
9. Panambang: n [na]. Manawi sumambêt ing wanda sigêg, botên ewah, kados ta: [go[lk\ [golèk] - [go[lkN [golèkna]. Manawi wontên pêrlunipun badhe angulur, panambang: n [na], kenging kaulur aen [êna]. Kados ta: [go[lkHen [golèkêna].
10. Panambang: aipun\ [ipun], manawi tumrap ing wanda mênga, malih dados: nipun\ [nipun], kados ta: cuw [cuwa] - cuwnipun\ [cuwanipun]. [roti [roti] - [rotinipun\ [rotinipun]. putu [putu] - putunipun\ [putunipun], botên kasêrat: cuwnNipun\ [cuwannipun], [ro[tnNipun\ [rotènnipun], pu[tonNipun\ [putonnipun].
11. Têmbung wisesa na lingga, manawi angsal panambang: a [a], kasêrat manut pakêcapanipun, dados tanpa pasangan: n [na], kados ta: sbukKn\ [sabukkan] - sbukKn [sabukkana], botên kasêrat: sbukKnN [sabukkanna].
V. Dwipurwa
  Têmbung dwipurwa ngrangkêp sandhangan swara, kados ta: rigen\ [rigên] - ririgen\ [ririgên].

--- 11 ---

  t(k [truka] - tut(k [tutruka]. [wk [weka] - [w[wk [weweka]. [bo[nDot\ [bondhot] - [bo[bo[nDot\ [bobondhot], nanging: [gonF [gănda] - g[gonF [gagănda], botên: [go[gonF [gogănda].
VI. Dwilingga
  Têmbung ingkang purwanipun: a [a], sarta wandanipun wêkasan sigêg, manawi kadamêl dwilingga, purwanipun têmbung ingkang wingking botên ewah dados sisigêg wau, kados ta: alun\ [alun] - alunHlun\ [alun-alun], botên alunNlun\ [alun-nalun]. al= [alang] - al=al= [alang-alang], botên al=zl= [alang-ngalang].
VII. Camboran
  Runtutipun akalihan Bab VI (Dwilingga), têmbung camboran ingkang têmbungipun ing ngajêng wandanipun ing wingking sigêg, sarta têmbungipun ingkang wingking apurwa: a [a], purwa: a [a], wau botên ewah, kados ta: aufnHrum\ [udan arum], botên aufnNrum\ [udan narum]. spitH[bon\ [sapit abon], botên spitT[bon\ [sapit tabon].
VIII. Têmbung: ai= [ing]
  Têmbung ingkang apurwa: a [a], r [ra], l [la], manawi dumunung [du...]

--- 12 ---

  [...munung] wontên sawingkingipun: ai= [ing], botên ewah, kados ta: ai=als\ [ing alas], ai=xmB= [ing rêmbang], ai=lt/ [ing latar]. Wontên têmbung sawatawis ingkang nyêbal, kados ta: ai=zi[so/ [ing ngisor], ai=znDp\ [ing ngandhap], ai=zxp\ [ing ngarêp], ai=zj_ [ing ngajêng], ai=zt[sS [ing ngatase], ai=zaurip\ [ing ngaurip], ai=z]iku [ing ngriku].
IX. Gêmbung (pasangan: w [wa])
  Gêmbung botên kenging tumrap ing pasangan ingkang kasêrat wontên sangandhapipun sisigêg, kados ta: ank\kW[lon\ [anak kwalon], botên kasêrat ankÑÈ[lon\ [anak kwalon], rimBg\fWipu/w [rimbag dwipurwa], botên kasêrat rimBg…pu/w[2] [rimbag dwipurwa].
X. Aksara Murda
1. Aksara murda namung kangge wontên ing tataprunggu, têgêsipun kangge pakurmatan, sêsêratan sanèsipun botên kenging ngangge aksara murda wau.
2. Botên ngwontênakên aksara murda:  [Rê] sarta  [I].
3. Sêratan: c!Di [candhi], k!Qi [kanthi], k/! [karna], k/Ù [karsa], [aÙQi [èsthi], m$Jif\ [masjid], kêdah kasêrat: cnDi [candhi], knQi [kanthi], k/n [karna], k/s [karsa], [asQi [èsthi], msJif\ [masjid].[3]
XI. Aksara swara
1.
h.Aksara swara: A [a], I [i], E [e], U [u], O [o], kangge nyêrati têmbung mănca, manawi sumêdya kacêthakakên.
n.x [rê], kalihan X [lê], lastantun kangge ing sêsêratan.

--- 13 ---

2. A [a], I [i], E [e], U [u], O [o]. Botên wênang dados pasangan, mila sisigêg ing ngajêngipun kapangku, kados ta: wuln\Ap]il\ [wulan April]. X [lê]: manawi dados pasangan kawangsulakên …Le [lê] kados ta: a[folLez [adol lênga], ae[folLen\ [êdollên]. x [rê], pasanganipun lastantun: > [rê].
XII. Aksara rekan
1. Aksara rekan kangge nyêrati têmbung mănca manawi parlu badhe kacêthakakên.
2. Aksara rekan ingkang sumambêt ing wanda sigêg, manawi pasanganipun aksara rekan wau botên kalêrês kasêrat wontên sawingkinging sisigêg, aksaranipun sisigêg kêdah kapangku, kados ta: muk\t+i/ [Muktsir], zbF|l\g+ni [Ngabdul Ghani].
3. Aksara rekan manawi angsal sandhangan: wulu, pêpêt, cêcak, utawi layar, cêcakipun tiga wontên ngajêng (kiwa) sandhangan, kados ta: f+ik+i/ [dzikhir], p+/lu [farlu].
XIII. Ăngka Jawi
  Ăngka Jawi amung kenging kangge urut-urutaning bab sarta kangge titimangsa.
XIV. Ăngka Rum
  Ăngka Rum kenging kaangge wontên ing sêratan sastra Jawi, inggih punika kangge urut-urutan, angka taun, sasaminipun. Dene aksara Latin kenging kasambut kangge urut-urutan.

--- 14 ---

XV. Aksara Latin dalah angkanipun
  Aksara Latin dalah angkanipun manawi kasêrat amor kalihan aksara Jawi: kajèjèr, dados tumut kasêrat sangandhap garis.
XVI. Aksara Arab dalah angkanipun
  Aksara Arab dalah angkanipun, manawi kasêrat awor kalihan aksara Jawi, kajèjèr, dados tumut kasêrat sangandhap garis.
XVII. Ăngka 2
  Ăngka 2 botên kenging kangge nyêkak têmbung: skliyn\ [sakaliyan], utawi têmbung dwilingga, kados ta: pzbekTiskliyn\ [pangabêkti sakaliyan], botên kenging kasêrat: pzbekTi2yn\ [pangabêkti2yan], alunHlun\ [alun-alun] botên kenging kasêrat alun\2 [alun2].

____________________

--- [15] ---

KATRANGANIPUN PANGRÊMBAG

I. TÊMBUNG LINGGA
1. Panyêratipun têmbung lingga mawi ngrangkêp aksara, punika namung kabêkta saking pakulinan utawi tiru-tiru sêratan basa Sanskrita, upaminipun: citT [citta], bikÑ| [bikku] sapanunggilanipun. Sarèhning botên wontên gunanipun, sarta ing sapunika têmbung: citT [citta], bikÑ|| [bikku] kasêrat: cit [cita], biku [biku], mila têmbung: tunN [tunna], wnNi [wanni], bnVu [bannyu] sapanunggilanipun, inggih prayogi kasêrat: tun [tuna], wni [wani], bvu [banyu], sapanunggilanipun.
Sêratan: tv [tanya], punika sampun turut kalihan panunggilanipun: munV [munnya] – muv [munya], [fonV [donnya] - [fov [donya].
Nanging: tnV [tannya] dados: tv [tanya], ndadosakên kalintuning pamaos, pasêksènipun têmbung: ks [kasa], sanadyan lêrêsing ungêlipun: ka-sa, nanging tiyang wicantên mungêl kå-så; mila têmbung: tv [tanya], kêdah kasêrat: tnV [tannya], supados botên kalintu pamaosipun.
2. Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun lêgêna mênga, pakêcapanipun wanda wiwitan wau

--- 16 ---

  mawi pêpêt, nanging panyêratipun prayogi kalastantunakên lêgêna, mila makatên, amargi taksih kathah ingkang botên tumrap, manawi kadunungan pêpêt, upaminipun: wck [wacaka], bwn [bawana], crk [caraka].
3. Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigêg aksara irung, punika pakêcapaning purwanipun wontên warni kalih: mawi pêpêt utawi lêgêna, mila panyêratipun prayogi karuntutakên akalihan pakêcapanipun.
4. Ing têmbung Jawi wanda sangajêngipun wanda wêkasan, botên wontên ingkang sigêg, kajawi sigêg ing aksara irung.
Sisigêg: r [ra], (…/) [r] ingkang tumrap wanda sangajêngipun wanda wêkasan, pakêcapanipun cara Jawi dados: x [rê].
a/fi [ardi] - xfi [rêdi].
a/j [arja] - xj [rêja].
a/si [arsi] - xsi [rêsi].
Mila têmbung: p/lu [parlu], manawi manut pakêcapan Jawi prayogi kasêrat: p}lu [prêlu], botên: pe/lu [pêrlu].
5.Warganing aksara punika kêdah taksih dipun èngêti, botên namung tumrap atêr-atêr anuswara kemawon, tumrap têmbung lingga inggih makatên, sarojaning wod f= [dang], dados: fnF= [dandang], b= [bang], dados: bmB= [bambang], c= [cang], dados: cvC= [canycang]; malihing: …= (z\) [ng] dados: n [na], m [ma], v [nya], punika sababipun botên sanès namung saking ngruntutakên warganing aksara, mila: avJr [anjara], atêr-atêripun kêdah: av\ [any]. Sisigêg: v [nya], punika dados sêsulihipun: [sêsulih...]

--- 17 ---

  [...ipun:] n [na], manawi wanda urutanipun aksara: c [ca], j [ja], samantên punika manawi taksih nunggil têmbung.
8.Panunggilanipun malih:
fiets kasêrat: pit\ [pit].
horloge kasêrat: [a/ (a/) [loji [èr(ar)loji].
Compagnie kasêrat: kumPeni [kumpêni].
maatschappij kasêrat: msK[p [maskape].
II. TÊMBUNG ANDHAHAN INGKANG MAWI ATÊR-ATÊR
1.h. Atêr-atêr anuswara punika sayêktosipun: swaranipun sandhangan cêcak (brêngêngêngipun aksara irung), mila têmbung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh prayogi kasêrat tanpa: a [ha], kados ta: nnT= [nantang], dene manawi wontên parlunipun kenging kaulur mawi: a [ha], kasêrat: annT= [anantang], upaminipun tumrap ing kidung.
2.Kriya wacaka, sarta karana wacaka, panyêratipun katurutakên kalihan tandukipun, sami botên mawi nyigêg: n [na].
3.Ing kina atêr-atêr: ke [kê] botên wontên, ingkang wontên atêr-atêr: k [ka] upaminipun: [ton\ [ton] - k[ton\ [katon], [jog\ [jog] - k[jog\ [kajog].
Têmbung: [kli [kèli], manut wawaton sandi saking: k [ka] + aili [ili].

--- 18 ---

  [kolu [kolu], manut wawaton sandi saking: k [ka] + aulu [ulu], botên saking: ke [kê] + aili [ili], ke [kê] + aulu [ulu], dados sampun têtela atêr-atêripun: k [ka]. Nanging ing jaman sapunika atêr-atêr: k [ka], tumrap ing têmbung ingkang purwanipun botên luluh, pakêcapanipun warni kalih: k [ka] (tanggap) kalihan: ke [kê] (bawa), suraosipun beda. Mila atêr-atêr: k [ka] (bawa) tumrap ing têmbung ingkang purwanipun botên luluh, kêdah kapêpêt, manawi badhe damêl cawuhing suraos kalihan tanggap: k [ka].
Dados: kacêmplung, kablasuk, kajêglong, atêr-atêripun botên pêrlu kapêpêt: kcemPÓ|= [kacêmplung], kbLsuk\ [kablasuk], kje[gL=o [kajêglong].
4.Têmbung ingkang apurwa: a [ha], angsal atêr-atêr: pi [pi], p]i [pri], manawi lingganipun taksih cêtha sangêt, purwanipun lastantun kasêrat: a [ha], ingkang lingganipun sampun kirang cêtha, ewah dados: y [ya].
III. TÊMBUNG ANDHAHAN INGKANG MAWI SÊSÊLAN
1.Murih runtut kalihan panunggilanipun sêsêlan: n [na], sarta m [ma], panyêratipun têmbung ingkang angsal sêsêlan r [ra], utawi l [la], kêdah kaulur jXrit\ [jalêrit], manawi wontên parlunipun kenging kacêkak: jLerit\ [jlêrit].

--- 19 ---

2.Rangkêpipun: n [na], sêpên ing sabab, namung kabêkta saking pakulinan, dados botên wontên gunanipun, mila: n [na], prayogi botên karangkêp.
IV. TÊMBUNG ANDHAHAN INGKANG MAWI PANAMBANG
2.h, n, c. Panambang: a [ha], manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga tanpa sandhangan swara, botên ewah, taksih têtêp: a [ha], manawi wanda wêkasan wau kadunungan ulu utawi taling, panambang: a [ha], malih dados: y [ya], manawi karakêtan suku utawi taling-tarung, panambang: a [ha], malih dados: w [wa], samantên punika manawi wanda wêkasan wau dede aksara: y [ya] utawi: w [wa].
3.Panambang: [a [e], manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga, kapitulungan ing brêngêngênging: n [na], dede panambang: an\ [an], saupami kapitulungan panambang: an\ [an], amasthi sandhangan: wulu utawi suku ing wanda wêkasan, malih dados: taling utawi taling tarung; mangka kawontênanipun botên makatên. duku [dhuku] - duku[n [dhukune] botên: du[ko[nN [dhukonne].
bufi [budi] - bufi[n [budine] botên: bu[f[nN [budènne].

--- 20 ---

 Pramila:
jr [jara] + [a [e] = jr[n [jarane] botên: jr[nN [jaranne].
duku [dhuku] + [a [e] = duku[n [dhukune] botên: duku[nN [dhukunne].
bufi [budi] + [a [e] = bufi[n [budine] botên: bufi[nN [budinne].
4.Panambang: ai [i], yèn tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga têtela angsal pitulunganipun panambang: an\ [an], tandhanipun, dene sandhangan ulu utawi suku ingkang dumunung ing wanda wêkasan malih dados: taling utawi taling tarung, upaminipun:
aiji [iji] - zi[jnNi [ngijènni].
temu [têmu] - ne[monNi [nêmonni].
Mila: md [madha] + ai [i] = mdnNi [madhanni].
5.h. Panambang: an\ [an] manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga sarta kadunungan ulu utawi taling, suku utawi taling tarung, manawi botên luluh: dados: yn\ [yan], utawi: wn\ [wan], punika amung ngruntutakên akalihan pakêcapanipun.
n. c. Panambang: an\ [an] manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan kadunungan wignyan, botên ewah; namung tumrap ing têtêmbungan sawatawis ingkang mèh ical uwiting têgêsipun, sandhangan wignyan ing wanda wêkasan kabucal. Manawi wanda wêkasan wau kadunungan ulu, panambang: an\ [an] malih dados:

--- 21 ---

 yn\ [yan], bilih kadunungan suku, malih dados: wn\ [wan].
plih [palih] - pliyn\ [paliyan], klih [kalih] - kliyn\ [kaliyan].
kruh [karuh] - kruwn\ [karuwan].
Têmbung: kruha[nN [karuhhanne] sandhanganipun wignyan kalastantunakên, amargi swaranipun cêtha.
6.Panambang: aen\ [ên] kawontênanipun kados panambang: [a [e], yèn tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga, botên kapitulungan panambang: an\ [an], namung kapitulungan brêngêngênging aksara: n [na].
7.Panambang: an [ana], manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga, kapitulungan panambang: an\ [an] rumiyin, katranganipun kados panambang: ai [i], amargi panambang: an [ana] punika dados rimbag: sambawa (agnya)ning i-kriya.
8.h. Têtela saking pakêcapan, têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga manawi kapanambangan: a[k [ake], kapitulungan ing sisigêg: k [ka] rumiyin, upaminipun: lr [lara] - zLrkH[k [nglarakake].
Panyêrat: zLrkH[k [nglarakake] punika nyulayani traping panambang, dene: a [ha], purwaning panambang botên malih dados sisigêging wanda wêkasan, nanging

--- 22 ---

 wontên pêrlunipun, inggih punika kangge mbedakakên kalihan têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg ing aksara: k [ka], supados nggampilakên panyuraos, damêl padhanging ukara.
n. Sisigêg: n [na], punika asring kalintu ing: k [ka].
t[kon\ [takon] - [t[kok\ [tekok].
k[ton\ [katon] - [k[tok\ [ketok].
w[fon\ [wadon] - [w[fok\ [wedok].
Wontên têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg: n [na], manawi dipun panambangi: a[k [ake], sisigêgipun: n [na], ewah dados: k [ka]. Sarèhning sisigêg: n [na], asring kalintu ing: k [ka], mila traping panambang inggih kados manawi rumakêt ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan sigêg: k [ka].
10.Panambang: aipun\ [ipun], trapipun kados panambang: [a [e]. Manawi tumrap ing têmbung ingkang wandanipun wêkasan mênga ing pakêcapan kados kapitulungan panambang: an\ [an], nanging panyêratipun botên.
V.  
 Têmbung: Dwi-purwa, têgêsipun: wiwitan kalih (rangkêp), purwaning têmbung punika awujud: wanda. Sarèhning wanda punika manawi karangkêp sandhanganipun swara katut, dados panyêratipun têmbung dwi-purwa inggih kêdah ngrangkêp sandhangan swara.

--- 23 ---

 Têmbung: [gonF [gănda], dados: g[gonF [gagănda], amargi sandhangan taling tarung ing têmbung: [gonF [gănda], sasaminipun punika dede taling-tarung lugu, tandhanipun, manawi dipun panambangi ical:
[gonF [gănda] - gnF[n [gandane].
VI-VII.
 Têmbung ingkang apurwa aksara: a [a], manawi kadamêl rimbag: dwi-lingga, sanadyan pakêcapanipun aksara: a [a], purwaning lingga ing têmbung ingkang wingking malih dados sisigêging wanda wêkasan ing têmbung ingkang ngajêng, nanging panyêratipun kalastantunakên aksara: a [a], prêlunipun supados katingal cêtha manawi punika têmbung dwi-lingga. Makatên ugi aksara: a [a], purwaning têmbung ingkang wingking têmbung camboran.
IX.  
 Gêmbung punika kala kinanipun kalêbêt sandhangan, ananging ing jaman sapunika sampun limrah kaanggêp pasangan, mila botên kenging kasêrat rumakêt ing pasangan ingkang dumunung wontên sangandhaping aksara, amargi badhe awujud aksara sungsun tiga.
X.  
1.Aksara murda kangge ing sêsêratan, kados ta: k/! [karna], k/Ù [karsa], k!Qi [kanthi], m$Jif\ [masjid], [aÙQi [èsthi], punika nulad cara

--- 24 ---

 Sanskrita, nanging kirang sampurna, amargi kathah ingkang botên katulad, mila prayogi kaicalan kemawon, makatên ugi namaning rêdi, lèpèn, kewan sasaminipun, inggih botên kasêrat mawi aksara murda, amargi ingkang makatên punika tiru-tiru panganggenipun aksara murda ing sastra Latin, dados aksara murda amung kantun kangge ing tata-prunggu.
XI.  
2.Anggenipun aksara: A [a], I [i], E [e], O [o], U [u], botên kenging kangge pasangan, amargi wujudipun salong sampun kados mawi pasangan, dados bilih kangge pasangan, wujud sungsun tiga.
XII.  
3.Sampun ngantos kêlintu: mg+iRb\ [maghrib], mk+S/ [makhsar], mk+Ó|k\ [makhluk], mf+Bh [madzbah], mup+iLs\ [muflis].
botên kasêrat: mg+\rib\ [maghrib], mk+\s/ [makhsar], mk+\luk\ [makhluk], mf+\bh [madzbah], mup+\lis\ [muflis].
Nanging: Ap+\g+nisTn\ [afghanistan], boten Ap+GnisTn\ [afganistan].
XV.  
 Parlunipun kasêrat jèjèr supados angringkêsakên papan, bilih botên jèjèr rowa.

--- [0] ---

Wêwahan tumrap kaca 18 Bab III, angka I.

Makatên ingkang tumindak ing nagari Surakarta kala rumiyin. Dene ingkang dipun têtêpakên: cara ingkang cocog kalihan limrahipun pakêcapan.

 


Bandingkan versi Pusaka Jawi, Java Instituut, Mei 1926: "Namung manawi wontên prêlunipun, sawêg kenging kasêrat ...", hlm. 66. (kembali)
Font untuk aksara pasangan: dw tidak tersedia. (kembali)
Nomor 3 ini tidak dimuat dalam versi Pusaka Jawi, Java Instituut, Mei 1926, hlm. 69. (kembali)