Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-05, #340

1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-05, #340. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-05, #340. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
3. Sastra Sriwedari. Kategori: Bahasa dan Budaya > Pengetahuan Bahasa

Ôngka 5, Mèi 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên: pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugônda, Yasawidagda

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saôngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Karampungan Pangrêmbagipun Wêwaton Panyêratipun Têmbung Jawi Mawi Sastra Jawi, Miturut Putusan Parêpatan Kumisi Kasusastran Marêngi Kaping 29 Oktobêr 1922 sarta 31 Dhesèmbêr 1922.

I. Têmbung Lingga

1. Têmbung lingga kasêrat botên ngrangkêp aksara. Kados ta: tuna, wani, sêrat, lênga, banyu, dahana. Botên kasêrat: tunna, wanni, sêrrat, lêngnga, bannyu, dahhana.

Wontên ingkang nyêbal: tannya.

Dene: rahayu. Sanadyan sanès têmbung lingga ugi botên kasêrat: rahhayu. Awit saking têmbung lingga: hayu, angsal atêr-atêr: ra.

2. Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun mênga nglêgêna. Sanadyan ungêlipun purwaning lingga wau mawi sandhangan pêpêt, inggih kasêrat nglêgêna. Kados ta: nagara, salaka, watara, manawa, badhaya.

3.Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigêg ing aksara irung, kasêrat kados pakêcapanipun, kados ta:

Ha: cêmpurit, têmbaga, sêmbada, lênggana, jêmpana.

Na: lampita, sangsara.

4. Wanda ingkang dede wanda wêkasan botên sagêd ngangge pêpêt layar, manawi botên dipun kêrêt, inggih namung dipun layar, kados ta: drêkuku, grêji, warna, warta. Kajawi têmbung ngamônca ingkang badhe kacêthakakên, kados ta: gupêrnur jendral, prosès pêrbal.

--- 66 ---

5. Manawi nunggil têmbung, pasangan: ca, ja, botên kenging wontên sangandhapipun sêsigêg: na, kêdah: nya, kados ta: wanyci, janyji.

6. Têmbung: klapa, botên kasêrat kalapa.

bludru, botên kasêrat baludru. Sasaminipun.

Namung manawi wontên prêlunipun, sawêg kenging kasêrat: kalapa, baludru.

7. Donya, sarta: sonya, sami kasêrat ngangge taling tarung, botên ngangge suku.

8. Têmbung ngamônca ingkang sampun kangge ing têmbung Jawi, panyêratipun miturut pakêcapanipun têmbung ngamônca wau, kados ta: bagasi, saking BAGAGE.

II. Têmbung andhahan ingkang mawi atêr-atêr

1. Anuswara.

Ha. Manawi purwaning lingga luluh, atêr-atêripun anuswara botên kasêrat ngangge: ha. Kados ta: ngatag, nantang, nyambêr, mranata.

Manawi wontên prêlunipun kenging kasêrat: angatag, anantang, anyambêr, amranata.

Na. Manawi purwaning lingga botên luluh, kados ta: andadar, anjakêtêt, andhêdhêr, anggithing, ambuwang, punika botên kenging kasêrat: dadar, jakêtêt, dhêdhêr, githing, buwang.

2. Têmbung-têmbung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh kalihan atêr-atêripun anuswara, manawi angsal atêr-atêr: pa, purwaning tanduk botên karangkêp, kados ta: panêmbah, panyêkêl, botên pannêmbah, pannyêkêl.

3. Bawa: ka.

Têmbung bawa: ka, ingkang atêr-atêripun botên luluh kalihan purwaning lingga, atêr-atêripun: ka, kêdah kapêpêt, kados ta: kêdadak.

4. Têmbung ingkang apurwa aksara: ha, manawi dipun atêr-atêri: pi, pri, botên ewah, kados ta: piangkuh, piawon, piala.

Ingkang nyêbal, purwanipun ewah dados: ya, kados ta: piyagêm, priyôngga.

III. Têmbung andhahan ingkang ngangge sêsêlan

1. Sêsêlan: ra, la.

Sêsêlan: ra, la. Kasêrat miturut pangrimbagipun sêsêlan, kados ta: prêntul, jlêrit, glêrêng, botên kasêrat: parêntul, jalêrit, galêrêng.

Manawi wontên prêlunipun kenging kasêrat: parêntul, jalêrit, galêrêng.

2. Sêsêlan: na, kados ta: pinayungan, punika kasêrat tanpa pasangan: na.

IV. Têmbung andhahan ingkang mawi panambang.

1. Panambang ingkang apurwa aksara: ha, manawi tumrap ing wanda sigêg, ha: nipun malih dados aksara sêsigêg wau, kados ta: awanna, watakke, lêlêssan, nanggappi, gêgêmmên, rahabbana.

--- 67 ---

2. Panambang: a.

Ha. Manawi wontên sawingkingipun wanda mênga nglêgêna, kasêrat têtêp: a, kados ta: bisaa.

Na. Ewah dados: ya, manawi sumambêt wanda mênga kanthi: wulu, utawi: taling, samantên punika manawi wanda wau sanès: ya, kados ta: waniya, dhedheya, nanging: priyayia, kapriyea, botên kasêrat: priyayiya, kapriyeya.

Ca. Ewah dados: wa, manawi sumambêt ing wanda mênga kanthi: suku, utawi: taling tarung, samantên punika bilih wanda wau sanès: wa, kados ta: niruwa, bodhowa, nanging: nawua, cuwoa, botên kasêrat: nawuwa, cuwowa.

3. Panambang: e, manawi sumambêt wanda mênga, ewah dados: ne, dados tanpa pasangan: na, kados ta:

jara -[1] jarane, botên jaranne.

alu - alune, botên alunne.

4. Panambang: i, manawi wontên sawingkingipun wanda mênga, kapitulungan panambang: an, rumiyin, kados ta:

padha - madhani | gênti - anggêntèni | bau - ambaoni

5. Panambang: an.

Ha. Manawi tumrap ing wanda mênga, ingkang mawi sandhangan: wulu, utawi: taling, môngka botên luluh, purwaning panambang malih dados: ya, kados ta:

dadi - kadadiyan | gadhe - pagadheyan

Manawi tumrap ing wanda mênga, ingkang mawi sandhangan: suku, utawi: taling tarung, môngka botên luluh, purwaning panambang malih dados: wa, kados ta:

laku - kalakuwan | jago - jagowan

Na. Wontên têmbung sawatawis ingkang wandanipun wêkasan kadunungan wignyan, nyêbal saking waton IV.1. kados ta:

wêruh - karuwan | kalih - kaliyan | palih - paliyan (sadhèrèk nunggil suson)

Nanging: palihan (krama), ngokonipun: paron.

Ca. Têmbung-têmbung ing adêg-adêg: na, nginggil punika, manawi angsal panambang: e, wignyanipun tarkadhang wangsul, kados ta:

karuwan - karuhane | paliyan - palihane

6. Panambang: ên, manawi sumambêt ing wanda mênga, ewah dados: nên, kados ta:

uja - ujanên | panu - panunên

7. Panambang: ana: manawi sumambêt ing wanda mênga, mawi kapitulungan panambang: an rumiyin, kados ta:

aba - ngabanana | tali - talènana |

--- 68 ---

pepe - pèpènana | laku - lakonana | gadho - gadhonana | 8. Panambang: ake.

Ha. Manawi sumambêt ing wanda mênga, wanda wau kasigêgakên: ka rumiyin, panambangipun lastantun: ake, bilih wanda wau kadunungan: wulu, malih dados: taling, manawi kadunungan: suku, dados: taling tarung, kados ta:

tapa - napakake | lali - nglalèkake | gêdhe - anggêdhèkake | aju - ngajokake

bodho - ambodhokake

Na. Têmbung ingkang wandanipun sigêg: na, manawi angsal panambang: ake, wontên ingkang sêsigêgipun: na, punika malih dados: ka, salajêngipun panambang: ake, ewah dados: kake, kados ta:

pakan - makakake | ewon - kaewokake

6.[2]

Panambang: na. Manawi sumambêt ing wanda sigêg, botên ewah, kados ta: golèk - golèkna

Manawi wontên parlunipun badhe ngulur, panambang: na, kenging kaulur êna. Kados ta:

golèkêna

10. Panambang: ipun, manawi tumrap ing wanda mênga, malih dados: nipun, kados ta:

cuwa - cuwanipun

roti - rotinipun

putu - putunipun, botên kasêrat:

cuwannipun, rotènnipun, putonnipun.

11. Têmbung wisesa na lingga, manawi angsal panambang: a, kasêrat manut pakêcapanipun, dados tanpa pasangan: na, kados ta:

sabukkan -sabukkana, botên kasêrat: sabukkanna.

V. Dwipurwa

Têmbung dwipurwa ngrangkêp sandhangan swara, kados ta:

rigên - ririgên | truka - tutruka | weka - weweka | bondhot - bobondhot, nanging: gônda - gagônda, botên: gogônda

VI. Dwilingga

Têmbung ingkang purwanipun: a, sarta wandanipun wêkasan sigêg, manawi kadamêl dwilingga, purwanipun têmbung ingkang wingking botên ewah dados sêsigêg wau, kados ta:

alun - alun-alun, botên alun-nalun

alang - alang-alang, botên alang-ngalang

VII. Camboran

Runtutipun akalihan bab VI (dwilingga), têmbung camboran ingkang têmbungipun ing ngajêng wandanipun ing wingking sigêg, sarta têmbungipun ingkang wingking apurwa: a, purwa: a, wau botên [botê ...]

--- 69 ---

[... n] ewah, kados ta: udan arum, botên udan narum

sapit abon, botên sapit tabon

VIII. Têmbung: ing

Têmbung ingkang apurwa: a, ra, la, manawi dumunung wontên sawingkingipun: ing, botên ewah, kados ta:

ing alas, ing Rêmbang, ing latar.

Wontên têmbung sawatawis ingkang nyêbal, kados ta: ing ngisor, ing ngandhap, ing ngarêp, ing ngajêng, ing ngatase, ing ngaurip, ing ngriku.

IX. Gêmbung (pasangan: wa)

Gêmbung botên kenging tumrap ing pasangan ingkang kasêrat wontên sangandhapipun sêsigêg, kados ta: anak kwalon,[3] botên kasêrat anak kwalon,[4] rimbag dwipurwa,[5] botên kasêrat rimbag dwipurwa.[6]

X. Aksara Murda

1. Aksara murda namung kangge wontên ing tataprunggu, têgêsipun kangge pakurmatan, sêsêratan sanèsipun botên kenging ngangge aksara murda wau.

2. Botên ngwontênakên aksara murda: Pa[7] sarta Ba.[8]

XI. Aksara swara

1. Ha. Aksara swara: A, I, E, U, O, kangge nyêrati têmbung mônca, manawi sumêdya kacêthakakên.

Na. Rê, kalihan lê, lastantun kangge ing sêsêratan.

2. A, I, E, U, O. Botên wênang dados pasangan, mila sêsigêg ing ngajêngipun kapangku, kados ta: wulan April.

Lê:[9] manawi dados pasangan kawangsulakên lê,[10]

kados ta: adol lênga, êdolên. Rê,[11] pasanganipun lastantun: rê[12]

XII. Aksara rekan

1. Aksara rekan kangge nyêrati têmbung mônca manawi parlu badhe kacêthakakên.

2. Aksara rekan ingkang sumambêt ing wanda sigêg, manawi pasanganipun aksara rekan wau botên kalêrês kasêrat wontên sawingkinging sêsigêg, aksaranipun sêsigêg kêdah kapangku, kados ta:

Muktsir, Ngabdul Ghani

3. Aksara rekan manawi angsal sandhangan: wulu, pêpêt, cêcak, utawi layar, cêcakipun tiga wontên ngajêng (kiwa) sandhangan, kados ta: dzikhir, pharlu.

XIII. Ôngka Jawi

Ôngka Jawi amung kenging kangge urut-urutaning bab sarta kangge titimôngsa.

XIV. Ôngka Rum

Ôngka Rum kenging kaangge wontên ing sêratan sastra Jawi, inggih punika kangge urut-urutan ôngka taun, sasaminipun. Dene aksara Latin kenging kasambut kangge urut-urutan.

--- 70 ---

XV. Aksara Latin dalah angkanipun

Aksara Latin dalah angkanipun manawi kasêrat amor kalihan aksara Jawi: kajèjèr, dados tumut kasêrat sangandhap garis.

XVI. Aksara Arab dalah angkanipun

Aksara Arab dalah angkanipun, manawi kasêrat awor kalihan aksara Jawi, kajèjèr, dados tumut kasêrat sangandhap garis.

XVII. Ôngka 2

Ôngka 2 botên kenging kaangge nyêkak têmbung: sakalihan, utawi têmbung dwilingga, kados ta: pangabêkti sakalihan, botên kenging kasêrat: pangabêkti 2 yan, alun-alun botên kenging kasêrat alun 2.

Kultur (Cultuur) Suraosipun Punapa

(Sambêtipun Pusaka Jawi ôngka 4, kaca 64)

Patilasan kina ingkang sampun ambruk lami, utawi bibrah babar pisan ngantos mèh botên katingal, sabab katutupan ing thêthukulan, sapunika radi kathah ingkang sampun dipun dandosi. Ing jaman samangke sadhengah tiyang, ingkang kapengin sumêrêp dhatêng yêyasanipun para lêluhur ing jaman kina, gampil sagêdipun maspaosakên kagunanipun tiyang Jawi ing jaman kabudan, tuwin kawontênaning agaminipun. Kala rumiyin sêrat-sêrat babadipun tiyang Jawi namung sakêdhik ingkang nyariyosakên lêlampahan sadèrèngipun kraton Majapait, malah sadèrèngipun kraton ing Dêmak mèh ical sadaya. Mênggah kawruhipun tiyang Jawi prakawis punika wau namung saking kintên-kintên kemawon. Ing jaman samangke, sampun sagêd radi têrang kamulyanipun sarta panguwasanipun tiyang Jawi ing jaman kina, kula tumut sukur.

Sakathahing sabab-sabab punika kêmpal gumolong murugakên manahipun tiyang Jawi kabikak kadosdene angsal sasmita. Watêkipun narimahan utawi mupusan punika wiwit sirna. Pangajêng-ajêngipun badhe mulya malih botên namung dhêdhêlikan kemawon, lajêng wiwit marsudi, sagêdipun enggal kadumugèn pangajêng-ajêng punika wau. Katrêsnanipun dhatêng wutah rahipun lajêng thukul, mindhak santosa. Anggènipun rumaos apês lajêng suda, saya dangu sangsaya agêng pitadosipun dhatêng ing badanipun piyambak, tuwin dhatêng kêkiyatanipun piyambak. Tiyang Jawi anggènipun rumaos gadhah kasagêdan lan kamulyan piyambak punika mijil saking anggènipun sagêd èngêt malih dhatêng kamulyaning lêluhuripun, lajêng pitados dhatêng badanipun piyambak. Punika sae sangêt, margi tiyang ingkang botên anggadhahi pangandêl dhatêng badanipun piyambak, punika masthi rumaos apês, lan botên sagêd tumandang. Kula jugag samantên kemawon prakawis mulabukanipun Javaansche cultuurbeweging

--- 71 ---

botên prêlu kula andharakên panjang, kadospundi tiyang Jawi ing pundi-pundi panggenan, anggènipun sami marsudi basa, ajar andhalang, mugi dhatêng gêndhing-gêndhing lan jogèd. Rak Java Instituut piyambak ta ingkang tansah nênangi dhatêng manahipun tiyang-tiyang tumrap kasagêdan warni-warni wau.

Ananging mênggah Javaansche cultuurbeweging punika wontên pangunêg-unêg warni-warni ingkang gawat sangêt. Punapa Javaansche cultuurbeweging punika sagêd andadosakên kêncêng lan santosaning manah, sagêd andadosakên luhuring bêbudèn, punapa sagêd nyithak tiyang ingkang lantip lan padhang ing manah, ingkang mantêp ing sêdyanipun sarta tumêmên dhatêng ing padamêlanipun, punapa Javaansche cultuurbeweging kadugi ambangun tiyang ingkang botên angetang salira, ingkang ngandêlakên dhatêng kabêtahanipun sasami-sami, sarta ingkang nipisakên dhatêng kabêtahanipun piyambak. Mênggah Javaansche cultuurbeweging punika, punapa prakawis ingkang kandêl. Punapa ingkang tipis tumrap dhatêng bôngsa Jawi. Punapa prakawis ingkang prêlu punapa ingkang rèmèh.

Sadèrèngipun kula sagêd mangsuli têrang dhatêng pitakèn-pitakèn punika wau, prêlu kula gêlarakên rumiyin ingkang dados suraosipun têmbung kultur. Anggèn kula damêl makatên punika, pikajêng kula namung ngaturi uninga panjênêngan, supados panjênêngan sadaya anggaliha sayêktos dhatêng punapa ingkang dipun angkah, sarta kadospundi pangangkahipun, sagêdipun ngêdalakên woh, sagêd ambangun enggal dhatêng salira panjênêngan piyambak, punapadene mulyakakên bôngsa Jawi, murih karahayonipun ing têmbe.

Luhuripun sarta mulyanipun bôngsa Jawi, ingkang kathah-kathah namung gumantung ing têtiyang ingkang dêdunung ing tanah Jawi, amargi luhur asoring bôngsa sok botên gumantung dhatêng kawontênan, sayêktosipun gumantung kathah kêdhikipun tiyang, ingkang utami bêbudènipun, sarta ing dhêdhasaring kautamènipun para kawula.

Kabudayan utawi kultur punika punapa. Manawi cara Eropah kultur punika dhêdhasaring budi, kathah perang-peranganipun, kados ta: kagunan (kunst), kawruh (wetenschap), silakrama (darma laksita) (zedelijkheid), wêwaton ing adil (recht), ngèlmu kawicaksanan (wijsbegeerte), agami sapanunggilanipun. Agami, sanadyan sok dipun ewokakên dhatêng kabudayan utawi kultur, malah dipun anggêp dhêdhasaripun kabudayan, nanging inggih sok dipun wastani kawruh utawi bab piyambak. Pamanggih kêkalih punika sami gadhah wêwaton piyambak-piyambak ingkang lêrês. Katêranganipun mangke badhe kula aturakên. Têmbung kultur punika asalipun saking cara Latin, têgêsipun ngolah siti. Mila sapunika lajêng wontên ungêl-ungêlan suikercultuur (nanêm rosan), tabakcultuur (nanêm sata), koffiecultuur (nanêm kopi), sadaya [sada ...]

--- 72 ---

[... ya] punika pangolahipun siti kabudidayan. Kultur yèn cara Latin, makatên ugi yèn cara Eropah ing samangke, punika kosokwangsulipun natir (natuur), maksudipun têmbung natir punika ingkang dumadi, tiyang Jawi limrahipun mastani kodrat. Barang kodrat punika, barang ingkang dèrèng dipun garap utawi dipun olah dening titah utawi manungsa. Kadosdene wit-witan, sela ingkang agêng sapanunggilanipun, utawi siti, punika manawi dèrèng dipun olah dhatêng tiyang tani, taksih nama natir (kodrat), samôngsa sampun dipun kultur, tiyang Walandi mastani didadèkake kultur. Sagêdipun makatên punika margi tiyang tani gadhah pamanah, panimbang sarta kawruh. Kultur punika sayêktosipun dêdamêlan utawi yêyasan, ingkang badhenipun saking natir. Upaminipun: griya punika natir, amargi kadadosan saking rekadayaning manungsa. Griya punika botên sagêd dados, manawi (upaminipun) botên nêgori kajêng rumiyin, damêl banon, yasa rancangan. Sadaya punika sami ngêdalakên pikiran. Sadaya wêwangunanipun sarta perang-peranganipun griya punika botên sagêd dumados piyambak, punika dede kodrat. Sagêdipun makatên punika saking pandamêlipun manungsa.

Sapunika kula badhe nêrangakên sababipun dene kasusilan (zedelijkheid), klêbêt dhatêng kultur utawi kabudayan. Bayi lair sampun gadhah dhasar, gadhah watak, gadhah pangraos sapanunggilanipun, nanging sadaya punika taksih natir utawi kodrat, dèrèng dipun olah.

Limrahipun manungsa punika kapengin nguja dhatêng hawa kamurkanipun. Punika tiyang ingkang dèrèng sumêrêp kasusilan. Manawi tiyang susila sagêd nyandhêt hawa kamurkanipun wêwaton gêgayuhan ingkang utami. Dene sagêdipun makatên punika kêdah ngolah natiripun. Limrahipun tiyang punika manawi dipun awoni, inggih kumêdah-kêdah malês awon, upaminipun Wrêkodara, ungêlipun: sing ala tak alani, sing bêcik tak bêciki. Beda kalihan Sang Prabu Darmaputra, punika kenging dipun anggêp angèsthi rahayuning jagad. Dados kasusilanipun Prabu Darmaputra punika langkung inggil tinimbang lan kasusilanipun Wrêkodara. Pangolahing budinipun angungkuli Wrêkodara.

Manungsa punika dipun titahakên langkung saking sasamining titah, amargi ginadhuhan kodrat ingkang linangkung dening Allah, kaparingan kawicaksanan, mila sagêd damêl kultur utawi kabudayan.

Pangandikanipun sarjana Grik (Griek) ingkang linangkung, asma Plato (Plato) makatên: wong urip iku kudu ngudi marang kasunyatan (waarheid), kautaman (goedheid), sarta marang apa bae kang adi lan pèni (schoonheid), (endahing samukawis), ancagipun kultur kabudayan, [ka ...]

--- 73 ---

[... budayan,] tigang prakawis wau supados sagêda kagayuh. Manawi wontên tiyang marsudi dhatêng kawruh utawi kawicaksanan upaminipun: lajêng gadhah patilasan ingkang kenging kangge dhatêng tiyang kathah kangge ngulah raosing batosipun, biyung punika damêl kultur (cultuur-voortbrenger). Ananging manawi wontên tiyang ngudi dhatêng kawruh utawi kawicaksanan, môngka pangudinipun wau botên dipun kanthèni ngulah raos, punika botên sagêd adamêl patilasan (kabudayan) ingkang sajati, namung kawruhipun utawi kasagêdanipun kemawon ingkang mindhak-mindhak kathah. Wondene raosipun panggah kemawon, botên mindhak sae utawi mindhak alus. Jalaran marsudi kawruh utawi sugih kawruh punika sagêd ugi botên gandhèng kalihan kautamèn. Wontên tiyang ingkang marsudi dhatêng kawruh, namung kapengin pinunjul ing sasami, punika pangraos kula botên ngindhakakên kautamènipun, malah adamêl asoripun. Wontên malih tiyang ingkang ngudi dhatêng kawicaksanan, namung prêlu supados sagêda ngrêgêm dhatêng tiyang sanès, punika inggih botên ngindhakakên dhatêng kautamènipun, malah adamêl asoripun. Tiyang marsudi kawruh utawi kawaspadan punika, sagêdipun gadhah patilasan ingkang sajati, namung manawi kabêkta saking ngêlakipun dhatêng kasunyatan. Para sadhèrèk Jawi tamtu botên kêkilapan dhatêng suraosing piwulangipun Sêrat Wulangrèh utawi Sanasunu utawi malih suluk-suluk sanèsipun. Ing ngriku wontên ungêl-ungêlanipun, suraosipun makatên: aja mangeran marang ingkang ngèlmu kang mung amrih komuk utawa digumuni bae. Manawi wontên tiyang ingkang adamêl punapa-punapa ingkang endah-endah, kados ta: rêca, sêrat waosan, gambar sapanunggilanipun, ingkang sagêd damêl brangtaning manah, punika sagêdipun gadhah aji ingkang inggil sayêktos, namung manawi padamêlanipun wau botên katarik saking prakawis sanès, kajawi saking anggènipun kapengin dêdamêlan ingkang endah, ingkang sagêd nuntun dhatêng kautamèn. Manawi wontên tiyang tapa utawi nglampahi cêcêgah namung kapengin supados dipun ajèni, utawi dipun suyudi dening tiyang sanès kemawon, utawi sagêda ngêlun jagad, kadosdene Prabu Rawana, punika botên mikantuki dhatêng badanipun, malah adamêl sangsaranipun. Dene manawi anggènipun mangun tèki wau kabêkta saking anggènipun ngudi dhatêng kasaenan, lah punika sawêg kalêbêt dhatêng kasaenan (kautamèn).

Pangraos kula, nagari ingkang kasêbut pinunjul piyambak kabudayanipun, punika ingkang têtiyangipun marsudi sangêt dhatêng kasunyatan, sarta purun angrungkêbi kasunyatan wau, punapadene tiyangipun talatos sangêt anggènipun ngudi dhatêng kasaenan, tuwin ingkang tiyangipun ngèdhêp sangêt dhatêng raos adil, sarta malih ingkang tiyangipun kanthi luhur ing

--- 74 ---

budi anggènipun nindakakên utawi adamêl samukawis ingkang endah-endah.

Cobi punika dipun sawang-sawang malih, sadhengah bôngsa temtu wontên kabudayanipun, nanging drajading kabudayan wau mawi-mawi wujudipun sarta mangsanipun. Kados ta: tiyang Yunani, kacariyos ing babad, punika pinunjul kabudayanipun. Nalika samantên kathah tiyangipun ingkang sami anggayuh dhatêng prakawis ingkang inggil-inggil, pramila angên-angênipun kadosdene sumbêran ingkang tansah ngêdalakên toya agêng. Antawis lami têlas tiyangipun ingkang makatên punika, lajêng kantun têdhak turunipun ingkang nglêstantunakên utawi anggêgêsang toya uruh-uruhanipun. Dumugi samantên taksih nama sae, nanging manawi lajêng ngeca-eca kemawon, tamtu lajêng mlorod. Makatên punika botên pilih-pilih bôngsa, pundi ingkang kabudayanipun namung dipun anggêp pusaka kemawon, botên dipun anggêp kadosdene wiji, saya lami tamtu sangsaya gêrang, botên sagêd thukul angrêmbaka. Yèn kabudayan namung dipun anggêp pusaka kemawon, inggih namung dipun kutugi utawi dipun warangi kemawon sapanunggilanipun. Dene manawi dipun anggêp wiji, lajêng dipun tanêm, dipun rabuki, dipun upakara, dipun tangkar-tangkarakên. Wiji ingkang awon dipun bucal, dene wiji ingkang sae dipun gêgêsang, pang-pang ingkang wontên jamur upasipun utawi kêmladheyanipun, dipun tutuhi.

Manawi prakawis punika wau kula jèjèrakên kalihan ebahing kabudayan ing jaman sapunika, manah kula kraos mar. Punapa ingkang kula êmari. Makatên: kala wau kula sampun matur manawi wontên tiyang Jawi ingkang ngudi dhatêng kabudayanipun piyambak. Ananging kula inggih sok sumêlang: têtilaranipun tiyang Jawi ing jaman kina bab kawruh warni-warni, kados ta: bab candhi, ringgit, gamêlan, jogèd sapanunggilanipun, punika sapunikanipun punapa namung dipun anggêp pusaka kemawon dening para sadhèrèk Jawi, punapa namung dipun pêpundhi, punapa namung sok dipun angge sarananing asuka-suka utawi kadamêl pangarêm-arêming manah kemawon, botên kangge anggugah dhatêng guna katiyasanipun.

Para priyantun sampun ngantos kalintu ing panampi dhatêng pikajêngan kula. Kula botên nacad dhatêng tiyang Jawi anggènipun anggêgêsang kasagêdanipun kina. Malah kosokwangsulipun, kula rujuk, inggih ambantu ing sasagêd-sagêd kula. Kula piyambak sampun sumêrêp cêtha sarta yakin, bilih ing salêbêtipun sêrat-sêrat Jawi, makatên ugi ing gêndhingipun, wayangipun sarta sapanunggilanipun, wontên piwulang tuwin pralambang ingkang sae-sae, utawi yèn mangsuli pitêmbungan kula rumiyin, wontên wijinipun ingkang sae. Punapa malih ing jaman sapunika, jaman malorod sarta jaman rumaos apês, botên anggumunakên manawi tiyang Jawi purun ngimpuni dhatêng kasantosan [kasanto ...]

--- 75 ---

[... san] sarta pangandêl sarana anggilut dhatêng lêlampahan ing jaman mulya ingkang sampun. Botên prêlu kula ngaping kalihi, anggêlarakên pamanggih ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng wau. Sapunika kula botên mratelakakên bab punika, namung ngaturakên pamanggih manawi mêmundhi sarta nglêstantunakên dhatêng kasagêdan tuwin patilasan kina punika botên sagêd nuwuhakên gêsang enggal, ingkang sagêd rancag dhatêng jaman enggal kanthi grêgêt sarta kasantosaning manah. Bôngsa ingkang badhe majêng punika, lampahipun botên ngajêngakên (madhêp) dhatêng wingkingipun, inggih punika dhatêng punapa-punapa ingkang sampun kêlampahan, ingkang dipun adhêpakên ingkang dipun purugi. Ingkang dados prakawis ingkang agêng piyambak tumrap bôngsa Jawi, punika botên manawi lêluhuripun tiyang sae sarta mulya, nanging manawi têdhak turunipun ing têmbe dados tiyang sae sarta mulya.

Javaansche Cultuurbeweging sagêd maedahi dhatêng ahli kawruh Jawi, dalah tiyang Jawi sadaya, manawi purun ngupados kanthi nastiti dhatêng wiji ingkang gêsang saha ingkang sae, ingkang taksih sumimpên ing salêbêtipun kabudayan Jawi, lajêng purun ngolah wiji-wiji wau.

Ing jaman samangke tiyang Jawi punika kêbanjiran ing prakawis warni-warni saking kilèn, awujud barang katingal, inggih angên-angên. Punika adamêl kawêkèning manahipun tiyang kathah. Bab patrap panyambutdamêl sarta panataning samukawis sampun kraos kawonipun kalihan tiyang mônca. Pramila lajêng pados nang-nangan, ingkang dipun pilih bab kabatosan. Ing ngriku rumaos mênang, utawi apês-apêsipun botên kawon. Bab punika kula botên rumaos pakèwêd, nanging kenging ugi punika dados bêbaya agêng, ngrisak dhatêng badanipun tiyang Jawi piyambak. Sagêd kêlampahan botên namung kraos botên kawon, inggih sagêd lajêng gadhah raos marêm sarta lajêng malih dados narimah, mundur mapan, botên ebah, ing wêkasanipun murugakên dhumawah ing asor. Ing babad kacariyos manawi bôngsa ingkang pinunjul kabudayanipun punika, amargi saking sêsrawunganipun kalihan bôngsa sanèsipun. Manawi mênjila masthi lajêng kandhêg inggih lajêng mundur kemawon.

Pangraos kula Javaansche Cultuurbeweging punika botên sagêd tumut-tumut ngajêngakên sarta ambangun enggal dhatêng bôngsa Jawi, manawi botên anggigah manahipun, ahli kawruh Jawi dhatêng tigang prakawis. Ingkang sapisan tiyang Jawi puruna ngêningakên cipta, nyatakakên pundi raos Jawi lugu ingkang saèstu tur sae, supados sagêda jumênêng piyambak badanipun, botên sumendhe mrika-mrika. Ingkang kaping kalih: tiyang Jawi sampun ngantos ngêmohi saenipun tuwin utaminipun bôngsa sanès bab kabatosan. Kaping tiga: ngêdalakên kêkêndêlan, purun anyirnakakên dhatêng samukawis wijining kabudayanipun, ingkang sampun [sa ...]

--- 76 ---

[... mpun] gênah awon. Ing ngriku lajêng wontên ucap-ucapan: wurung uwong, dadi uwong. Yèn botên purun ngêdalakên kringêt, lajêng wurung uwong. Ingatasipun tiyang, prakawis "pergerakan pengadjaran kebangsaan" prakawis ingkang agêng-agêngan. Taman Siswa kenging dados tuladhaning pangudi, anggandhèng raos kina ingkang sae kalihan angên-angên enggal saking ing Jawi, ingkang sae upaminipun bab dununging guru kalihan murid. Makatên ugi tiyang Jawi anggènipun ngêdêgakên wulangan dhalang punika, inggih sagêd dados wohipun sae, anggêr botên namung mulang bab kawruh wayang kemawon, mawi nuwuhakên grêgêting manahipun dhalang, enggal purun nyirnakakên punapa-punapa ingkang rêgêd, ingkang botên laras kalihan luhuring bêbudèn.

Kala wau kula sampun ngaturi uninga, manawi babagan agami sok dipun ewokakên dhatêng kultur utawi kabudayan, inggih sok botên. Patrap warni kalih punika wontên sababipun ingkang maton. Tiyang (kados kula) ingkang botên maligi ngewokakên agami dhatêng kultur, botên gadhah pamanggih, bilih agami punika dede prakawis ingkang agêng utawi ingkang sagêd jèjèr kalihan silah-silahing kultur, inggih punika kados ta: kawruh, kasusilan sapiturutipun. Wangsulipun malah gadhah pangraos manawi agami punika prakawis mulyaning amulya. Tiyang ingkang makatên punika wau mastani, yèn agami punika dede damêlanipun tiyang kadosdene kawruh utawi kagunan, botên sagêd cèplês kalihan suraosipun têmbung kultur, inggih punika pangulahing tiyang dhatêng natir. Inggih sampun tamtu, sabên agami, sanadyan agami Buda, Islam utawi Kristên, wontên prakawis warni-warni ingkang dêdamêlanipun tiyang, kados ta: pranatan, tatanan, angên-angên sapanunggilanipun. Ananging têlêng utawi wosing agami punapa malih bakunipun, punika dede damêlaning tiyang, punika pêparingipun Allah. Punika ngungkuli kultur sadaya. Saupami wontên agami ingkang kenging kaewokakên dhatêng kultur, jalaran agami punika damêlaning tiyang kemawon, agami ingkang makatên punika, sanadyan sakalangkung mulya, botên sagêd nyêkapi kabêtahanipun manungsa. Wosing agami ingkang sajati punika: manungsa kasinungan gêsang sajati, mijil saking pribadinipun Allah piyambak.

Tiyang ingkang ngewokakên agami dhatêng kultur, punika ugi wontên sababipun ingkang lêrês. Tiyang ingkang makatên punika wau gadhah pamanggih, yèn kultur punapa-punapa kemawon botên sagêd tumanêm saèstu, manawi botên wêwaton agami. Sabab punapa. Pancènipun wontên ing tanah Jawi ngriki, inggih punika tanah wetanan, sampun botên prêlu kula pitakèn makatên. Ing ngriki tanah wetanan sampun têtela sangêt, manawi botên wontên kultur ingkang tanpa dhasar [dha ...]

--- 77 ---

[... sar] agami. Ewasamantên kula mêksa damêl pitakèn ingkang makatên, jalaran prakawis ingkang sampun dados adat utawi kamanuhan, malah lajêng sok kêsupèn. Agami punika dados dhasaring kultur, amargi namung agami ingkang sagêd murugakên ayêm têntrêm sarta santosaning manah, ingkang botên ewah gingsir, kalis ing sangsaraning agêsang, agami punika murugakên ayêm têntrêm sarta santosaning agêsang, jalaran namung agami ingkang sagêd ngudhari rêruwêding gêsang bab sangkan paraning manungsa, bab sêdyaning gêsang, sarta tujunipun, bab kabingahan tuwin kasusahaning gêsang, bab kaananipun Allah sapanunggilanipun, kultur botên sagêd dados, manawi botên wontên pamanggih ingkang têtêp bab prakawis punika. Anggèn kula nyambut damêl tumrap kultur sagêd mantêp, namung yèn tansah dipun padhangi sarta dipun gêsangi dening agami, jalaran agami punika langgêng, jumênêng wontên ing jaman ingkang kenging sirna. Awit saking punika agami dados suhing samukawis silah-silahing kultur. Kulkur[13] tanpa wêwaton agami, ingkang sagêd ngorêgakên sarta ngenggalakên manahipun tiyang, masthi lajêng lêsu sarta kêlajêng bibrah. Agami punapa, ingkang sagêd ngorêgakên sarta ngenggalakên manahipun tiyang. Namung agami, ingkang nuwuhakên tên[14] trêsna dhatêng Gusti Allah sarta trêsna dhatêng sasami-sami.

Samantên atur kula bab prakawis suraosipun têmbung kultur.

H. KRAEMER

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ôngka 2: kaca: 32)

5. Larah-larahipun Dèwi Sakuntala

Sadumugining pasraman, sang dèwi angawasakên dhatêng sang pandhita, dhasar pinunjul ing jagad, sampun ambasmi sakathahing angên-angên ingkang awon, ingkang dumunung wontên ing sariranipun, ewadene mêksa taksih anggêntur tapa, nêdya anggayuh yoga.

Sang dèwi anggènipun malêbêt dhatêng pasraman mandhêg mangu, lajêng nêmbah konjêm ing siti. Tumuntên alenggot bawa wontên ngarsanipun sang pandhita. Agêm-agêmanipun, prabaning wulan purnama, angramyang ngungkuli sutra, lajêng kasêndhal dhatêng Sang Hyang Maruta, kaplajêngakên. Têmah sang dèwi awêwuda, lumajêng anututi agêm-agêmanipun, sarwi arewa-rewa sêmu kawirangan.

Sang pinandhita awas dhatêng sasolahipun sang dèwi, nyata yèn endah ing warni, dhasar priksanipun sang pandhita pinuju sang dèwi anglugas raga, sariranipun pindha golèk dênta, têmah gambira panggalihipun sang pandhita, karsa badhe anggarwa.

Sang dèwi tumuntên katantun, badhe kagarwa, botên lênggana, dhasar punika ingkang dados tujuning karsa. Kalampahan sang dèwi dados garwanipun sang pandhita. Ngantos lami sih-sinihan,

--- 78 ---

botên kadhatêngan sambekala. Ing wasana sang dèwi lajêng ambabar putra èstri, pun Sakuntala punika.12

Mênggah lairipun pun Sakuntala, wontên sapinggiring narmada Malini, ingkang mili saking rêdi Imalaya. Dene Dèwi Menaka, sarèhne sampun rampung angggènipun anglampahi ayahanipun Sang Hyang Endra, lajêng wangsul dhatêng kahyangan, putranipun katilar wontên satêngahing wana, kêbak singa tuwin sima. Bêbayi agilang-gilang, kasumêrêpan dhatêng pêksi Sakunta. Punika ingkang sami ngupakara sarta anjagi. Têmah sato-sato ing wana ingkang nêdya damêl gora-godha, dipun gusahi dhatêng pun pêksi. Sami lumajêng kabarasat anêbihi.

Satunggaling dintên, kula sêsuci dhatêng lèpèn, bêbayi wau katingal taksih sêgêr, sumunar cahyanipun, rinêksa dhatêng pêksi-pêksi Sakunta. Tumuntên kula bêkta mantuk, kula pêndhêt anak. Mênggah ingkang kasêbut ing kitab, ingkang anama bapa biyung punika tigang prakawis. Sapisan: tiyang ingkang ayoga, kaping kalih: tiyang ingkang nguwalakên saking bêbaya pêjah. Kaping tiga: tiyang ingkang asuka têdha. Pramila, sang brahmana, Sakuntala punika dados anak kula, kula dados bapakipun Sakuntala, mila kula namakakên Sakuntala, jalaran nalika kula kapanggih, karêksa dhatêng pêksi Sakunta.

Makatên gusti cariyosipun bapa dhatêng tamunipun, pramila kawula dados anakipun Sang Kanwa. Makatên ugi sang pandhita dados bapa kawula, kawula botên nate sumêrêp dhatêng bapa kawula ingkang ayêyoga.

Makatên aturipun Dèwi Sakuntala dhatêng Prabu Dusanta.

6. Rabi Miturut Cara Gandarwa

Prabu Dusanta amangsuli pangandika: Miturut tuturmu iku mau, dadi kowe iku pancèn trahing satriya. Yèn mangkono panjalukku, dèwi, kowe dadia timbangaku. Apa kang dadi panjalukmu, tak têkani. Kalung êmas lan sêsotya, suwêng, gêlang kang pinatik ing nawarêtna, kang endah-endah ing warna, kang saka ing môncapraja, tak tumplak, blak, dadia duwèkmu. Malah karatonku kasraha marang kowe. Dhuh, woding atiku, sang susilastri, kang endah ing warna, muga-muga gêlêma dadi jodhoku. Dhaup sacaraning gandarwa. Lah iku caraning jajodhoan kang luhur dhewe.

Dèwi Sakuntala amangsuli atur: Gusti, pun bapa sawêg kesah ngupados woh-wohan, panuwun kawula mugi wontêna karsa dalêm angêntosi sakêdhap, katêmbunga dhatêng pun bapa. Pun bapa ingkang badhe ngulungakên badan kawula dhatêng panjênêngan dalêm.

Prabu Dusanta amangsuli pangandika: Dèwi, dewaning wong ayu, mungguh manungsa iku sanake sing cêdhak dhewe rak awake dhewe, ta. Yèn wong masrahake awake, miturut saka karêpe dhewe, iku rak wus ngênggoni [ngêng ...]

--- 79 ---

[... goni] pranatan kang linuwih. Layang-layang pranatan suci anyêbutake laku-lakuning alakirabi wolung prakara. Kang dhihin, miturut cara brahmana. Kaping pindho: cara dewa. Kaping têlu: cara rêsi. Kaping pat: cara prajapati. Kaping lima: cara asura. Kaping nêm: cara gandarwa. Kaping pitu: cara raksasa. Kaping wolu: cara pisaca. Sang manu wus andhawuhake silah-silahing cara wolung prakara mau trape marang sawiji-wijining golongane manungsa. Cara patang prakara kang kasêbut ing wiwitan mau, para brahmana wênang nganggo. Dene para satriya wênang nganggo cara nêm prakara kang kasêbut ing wiwitan mau, malah yèn para ratu, iya wênang nganggo cara raksasa. Yèn bôngsa wesya, lan bôngsa sudra, mung kêna nganggo cara asura. Lah mangkone[15] pranatan kang kasêbut ing layang pranatan suci, kudu tinurut marang sarupaning wong kang mursid.

Aku lan awakmu, sarèhne bôngsa satriya, dadi wênang dhaup nganggo cara gandarwa lan cara raksasa. Kowe aja sumêlang. Mungguh dhaupku karo kowe kêna nganggo cara rong rupa iku salah sawiji, utawa sakaro-karone dirangkêp. Sarèhne bangêt sihku marang kowe, môngka kowe iya samono uga, mulane panjalukku, kowe gêlêma nglakoni dadi jodhoku, dhaup miturut cara gandarwa.

Dèwi Sakuntala mangsuli atur: Gusti, trahing Puru ingkang linangkung, manawi sêrat-sêrat pranatan suci anyêbutakên makatên, sarta manawi têmên-têmên kawula wênang murba wisesa dhatêng badan kawula, mugi panjênêngan dalên[16] karsaa midhangêtakên atur kawula, ingkang minôngka dados têtangsulipun dhaup kawula kalihan panjênêngan dalêm. Kawula nyuwun prasêtya dalêm, sanajan namung tiyang kêkalih piyambakan. Makatên atur kawula: Ing têmbe, manawi kawula kaparingan momongan, mugi kadadosna calon ingkang anggêntosi kaprabon dalêm, dadosa pangeran adipati anom ing karaton dalêm. Manawi panjênêngan dalêm amarêngakên ingkang dados panyuwun kawula punika, kawula inggih lumiring ing sakarsa dalêm, andhèrèk ingkang dados pamundhut dalêm.

Prabu Dusanta botên mawi anggalih dangu. Lajêng amangsuli pangandika: Dèwi, panjalukmu tak saguhi. Karo manèh ora mung kang dadi panjalukmu bae sing tak anggo prasêtya. Malah aku awèh prajangji manèh, kowe bakal dak boyongi mênyang kadhatonku. Sabab ora pantês, kowe lastari manggon ana satêngahing alas, patute angrênggani kadhatonku. Sarêng sang prabu sampun ngandika makatên, lajêng dhaup kalihan sang dèwi, miturut saungêling sêrat pranatan suci. Sang prabu wola-wali mangandikakakên kasagahanipun wau. Sarampungipun punika sadaya, sang prabu lajêng sumêdya kondur dhatêng karaton, tumuntên ngandika makatên: Dèwi, kowe bakal dak [da ...]

--- 80 ---

[... k] kon amboyongi, tak kon mêthuk ing wadyabala patang golongan. Kang iku dèwi ratu-ratuning wong manis, aja sumêlang ing ati.

Sasampunipun ngandika makatên, Prabu Dusanta lajêng bidhal kondur dhatêng kadhaton. Ing samargi-margi tansah anggalih-galih, kadospundi badhe kawusananing lêlampahanipun. Kadospundi panggalihipun Sang Pandhita Kanwa, manawi mirêng lêlampahanipun ingkang makatên punika.

Ngantos dumugi ing kadhaton, tindakipun tansah pirandhungan,[17] panggalihipun botên sagêd jênjêm.

Sapêngkêripun sang prabu saking pasraman, botên dangu Sang Pandhita Kanwa dhatêng. Dyah Sakuntala, sarèhne rumaos radi merang, dados botên amêthukakên sang pandhita, kados adat sabênipun.

Ananging sang tapa, saking sidiking paningalipun, uninga dhatêng sadaya lêlampahan ing sadèrèngipun winarah. Ewadene botên duka, botên masgul, malah enggar, manis wijiling pangandika: Nini, mungguh lêlakon sing mêntas kolakoni dhêdhêmitan, tanpa ngêntèni palilahku, ora pisan nyuda marang bêciking awakmu. Awit mungguhing satriya, omah-omah cara gandarwa, kang kagawa saka sih-sinihan, iku anêtêpi patrap kang luhur dhewe. Sanajan tanpa môntra, sok uga lanang karo wadon wus saekacipta, iya wus dadi, sarta nêtêpi pranatan suci. He, nini, Sakuntala, Prabu Dusanta kang mundhut garwa marang awakmu iku satriya pinunjul, sarta utama. Dene anak kang bakal mêtu saka ing kowe, ing têmbe bakal dadi satriya linuwih, kaonang-onang ing jagad. Karatone bakal nyarambahi sajêmbaring dharatan, kang kinubêng ing samodra. Yèn mangun yuda, wadyabalane bakal tanpa wilangan.

Sarêng Dèwi Sakuntala mirêng pangandikanipun sang pandhita ingkang makatên punika lajêng asrêp manahipun, sirna marasipun. Lajêng marêpêki dhatêng ingkang rama sarta mijiki sampeyanipun, tuwin anampèni babêktanipun, kasèlèhakên wontên ing ngarsanipun. Nuntên matur: Manawi makatên, rama, mugi rama kaparênga paring puja môntra dhatêng Prabu Dusanta, gusti ratu kawula.

Sang Pandhita Kanwa amangsuli: Nini, mara matura, apa kang dadi panjalukmu kang tumrap marang guru lakimu Sang Dusanta, amasthi tak turuti.

Dèwi Sakuntala lajêng nyuwunakên pangèstu dhatêng Prabu Dusanta, mugi-mugi widadaa satêdhakipun sadaya para Purawa, lastantuna kagungan budi darma sarta têrah-tumêrah têtêpa jumênêng nata.

(Taksih wontên sambêtipun)

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. jaran. (kembali)
2. 9. (kembali)
3. Huruf Jawa : aksara ka dipangku diikuti di sampingnya aksara ka dengan pasangan wa. (kembali)
4. Huruf Jawa : aksara ka dimatikan diikuti di bawahnya aksara ka dengan pasangan wa. (kembali)
5. Huruf Jawa : aksara ga dipangku diikuti di sampingnya aksara da dengan pasangan wa. (kembali)
6. Huruf Jawa : aksara ga dimatikan diikuti di bawahnya aksara da dengan pasangan wa. (kembali)
7. Huruf Jawa : Pa murda kêrêt. (kembali)
8. Huruf Jawa : Ba murda kêrêt. (kembali)
9. Huruf Jawa : aksara nga dilêlêt. (kembali)
10. Huruf Jawa : aksara la dipêpêt. (kembali)
11. Huruf Jawa : aksara pa dicêrêt. (kembali)
12. Huruf Jawa : pasangan pa dicêrêt. (kembali)
13. Kultur. (kembali)
14. 'tên' tidak perlu dibaca. (kembali)
15. mangkono. (kembali)
16. dalêm. (kembali)
17. wirandhungan. (kembali)