Rama, Van Dorp, 1923, #832 (Pupuh 40–54)

Judul
Sambungan
1. Rama, Van Dorp, 1923, #832 (Pupuh 01–13). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Rama, Van Dorp, 1923, #832 (Pupuh 14–26). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Rama, Van Dorp, 1923, #832 (Pupuh 27–39). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Rama, Van Dorp, 1923, #832 (Pupuh 40–54). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Rama, Van Dorp, 1923, #832 (Pupuh 55–74). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Rama, Van Dorp, 1923, #832 (Pupuh 75–91). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 20-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

40. Dhandhanggula

1. ana wukir agung dèn kapati | swarane lagya pambêdholira | lir gêlap sarêng jumêbrèt | parêng-parêng tri atus | suwarane gêrong ing bumi | luwêng aluwung nglawang | kanginan ngrêruwung | angênguwêng kêmlawongan | kênèng angin kadya surak ing wiyati | lir tangising samodra ||

2. kaluwunge praptèng dhasar bumi | katon culane Sang Ăntaboga | ana kang kadi guwa grong | sasolah-solahipun | kang wanara ngebat-ebati | tuhu jaya sri têka | ing pratandhanipun | sato-sato kang acêlak | amiyarsa wanara ambêdhol wukir | kèh kapilêng kantaka ||

3. ana tatal-tatal tibèng siti | ambaning tatal pan sèwu dhêpa | binalangakên tibane | winangsulakên muluk | sadangune kinarya undhi | miwah kang awang-awa[1] | ngusung-usung gunung | dhêdhêt soroting baskara | katawêngan wanara angungsi wukir | miwah kang sami dharat ||

--- 255 ---

4. kadya rayap sêmut angusungi | pêpanganan dalêdêk tan pêgat | miwah ing tawang swarane | dadya ing ngandhap luhur | swaranira ngêbêki bumi | kadya anggêmpur wiyat | kang prapta atimbun | lunga têka samya nêmbah | marang Prabu Ramawijaya mulating | langkung tyasnya marwata ||

5. ana ngibêrakên wukir siwi | alah nganggur cinuthik jêmpolan | kur-ukur jinawil bae | ana watu sagunung | anak agung samargi-margi | ginawe cêcanthengan | anggung sêbrang-sêbrung | wênèh watu kumêlasa | sèwu dhêpa cinangking kadya suwiwi | sinawatakên wiyat ||

6. mumbul anggung sinăngga ing gigir | tinundha ring sirah watu parah | cinangking asta kalihe | ana gunung dinamu | kumbul tiba cinandhak malih | ingumbulakên asta | swarga mèh kasundhul | Bathara Purusotama | myat solahe wanara mêng-amêng wukir | tuhu datan karasa ||

7. ana ingkang wanara satunggil | gêng kagiri-giri gra magalak | angêluwihi ambêke | tan arsa minta tulung | gunung langkung agêng tur inggil | ijèn sigra tinêpak | mêsat kabarubuh | gêmpur pokah bêlah bêntar | sela tala watu kumêlasa sêbit | sol putêr ponang arga ||

8. dyan pinondhong wutuh ponang ardi | kadya anawung ing rara kênya | sru

--- 256 ---

kalembak talagane | minăngka tangkisipun | talaga lir waspanirèki | manuk muni barungan | kang kagyat katawur | kadya swarane karuna | rara kênya winasesèng pinrih rêsmi | cangak muni anyêngak ||

9. lir jêlihing kakênan ing gati | bramararum arumêngèng tawang | kadya sambat pangrintihe | angin-angin drês umyus | lir ambêkan duk mêmpis-mêmpis | pinêngkul ing wanara | mega kang manglimput | piyak lingkap kasêrakat | lir cincinge sinjanging rara kênyadi | nalikane kawudan ||

10. manik mabra kumêpyur tiba ring | siti kadya kêndhit kasêrakat | parênging lukar sinjange | wrêksa sara gurda gung | bulu jati miwah kêsambi | obah-obah kanginan | lir rusaking gêlung | binêktèng mumbul ngawiyat | kadya wukir gilang-gilang anglanglangi | kang jagad pramusesa ||

11. tan kawarna kang boyongi wukir | sakathahe kang bala wanara | datan petungan antuke | susun-susun matimbun | munggèng têpi kang jalanidi | dhêndhêng awarna-warna | gung aliting gunung | kadya gunturing ngawiyat | nora kèndêl ing wuri maksih bêdholi | ampuhane sajagad ||

12. wre punggawa Anala undhagi | kang tinuduh Wisakarmatmaja | Anala umangsah age | gunung kang agung-agung | kang ginawe [gi...]

--- 257 ---

[...nawe] andhêdhasari | gunung anak tumumpang | sinêlan ing watu | linapis lan sela tala | tinatatap linapis rapêt apipit | nulya tiniban lêmah ||

13. wre juru Anala mobat-mabit | sarikutan ngalor ngidul nglalar | saèstu undhagi gêdhe | Anala sudibyanung | sagung kang wre samya amuji | sêktine Sang Anala | sètubănda layu | puput abênêr sipatnya | tan sangsaya angganthêng lêmpêng mathinthing | kang sètubandat buta ||

14. satus pandêlêng panjange nênggih | iya sapandêlênge dipăngga | sailange pandulune | têpunge lor lan kidul | anadene jêmbare yêkti | sapuluh pandulunya | gajah ilangipun | yèn marine katingalan | wus pinikir sujana kang nguni-uni | panjang jêmbaring tambak ||

15. pitu likur dina panjangnèki | wiyaring tambak pan tigang dina | kang pitu likur panjange | datan sangsaya tulus | samodraku pamêngkang nênggih | darung pangilèn pisan | apan ngujung-ujung | wênang tinambak wanara | langkung trusthanira Ramawijayèki | matag marang Sugriwa ||

16. Wibisana Lêksmana ngastuti | budhal pangarsa bala wanara | kumrutug atap lakune | jêjêl tundhung-tumundhung | kumêrtêk lir wahing jaladri | sadaya singa nabda | mahyang gora umung | kadi sabdane ampuhan |

--- 258 ---

kang pangarsa wus prapta Suwela giri | pasisir lor sumêngka ||

17. umèb kumreyab minggah ing wukir | ana kang wil mulat kabarasat | wre prapta yutan akêthèn | mring Dasamuka katur | yèn katambak ingkang jaladri | bala wanara nabrang | wus kathah kang rawuh | anèng ing wukir Suwela | Dasamuka miyarsa langkung prihatin | dening jroning samodra ||

18. lan jêmbare kêna dèn tambaki | langkung susah ing batin sang nata | mangkana wau lampahe | Narpati Rama rawuh | ing Suwela sumêngkèng wukir | nanging bala wanara | tan pêgat ing pungkur | dèrèng têlas kang anyabrang | pan sadina-dina myang sawêngi-wêngi | tan pêgat kang lumampah ||

19. wus kèbêkan ing Suwela giri | sètubănda layu durung pêgat | dalêdêg wanara angrèp | ingkang maksih lêlaku | jêjêl atap susun atitip | kang maksih nèng Maendra | wre tan tênèng[2] ngitung | ngêntèni tèke kang ngarsa | maksih dhêdhêg ajibêg ingkang lumaris | wau ta Sang Ragawa ||

20. langkung suka mulat ingkang wukir | tan pae lan wukir ing Maendra | Suwela giri asrine | purna kang kumala rum | pala-pala adi andadi | sêsotya warna-warna | ngarikil sumawur | myang talaga talagendah | saisine sawarga Suwela giri | lawan [la...]

--- 259 ---

[...wan] Maendra ana ||

21. têgêse wukir kêkalih sami | ing Suwela miwah ing Maendra | timbang sawarga asrine | lan woh saisinipun | adi-adi tan towang siji | sato-sato akathah | ing Suwela gunung | agung wukir ing Suwela | lan Maendra nanging luhure ngungkuli | luhur wukir Maendra ||

22. wukir Maendra angêlangkungi | asrine kang tumimbang ing swarga | măngka pamêng-amêngane | Dasamuka ing dangu | datan liyan Suwela giri | kalawan ing Maendra | apan ukur-ukur | pan ugêr Suwela cala | pacangkraman awarna-warna martani | tan wun ingucapêna ||

23. kawuwusa Rahwana Narpati | langkung sungkawa cipta duhkita | Risang Rama panabrange | giri Suwela rawuh | kang bala wre ngêbêki wukir | ing wuri dèrèng têlas | kang maksih lêlaku | dalêdêg tanpa linggara | Dasamuka kasusu kêdah sarêsmi | kalawan Dèwi Sinta ||

24. wontên putra boyongan kêkalih | kakang adhi samya warnanira | abagus-bagus kalihe | tinigas kalihipun | Dasamuka karsanirèki | pinindha sirahira | Rama ingkang sêpuh | kang anom ingkang pinindha | sirahipun Lêksmana binêkta maring | ing taman Argasoka ||

25. winêruhkên ing Putri Mantili | pamrihira sang putri [pu...]

--- 260 ---

[...tri] mantuna | ngangên-angên ing kakunge | yèn wus miyarsa lampus | yêkti mari onênging laki | nolih maring wak ingwang | sarasa sêkayun | dadi kêna awor jiwa | sigra dandan Sang Dasamuka Narpati | busana neka warna ||

26. saking tan antuk dhahar lan guling | amung Putri Mantili kacipta | wruha sajiwa kadyage | marma paès sarwa rum | busana kang rinatus sami | sêsupe nawa rêtna | myang makutha murub | samir kêkace ginănda | pinalêtuk ing mantên nila basuki | asri ginanjar ing mas ||

27. praptèng taman Soka sri bupati | lawan sirahing wadya prawira | wara rodra sru warnane | praptane gupuh-gupuh | pangrasane wus antuk kardi | bêkta karo mastaka | miyarsaa iku | yèn kêna Rama Lêksmana | pêsthi kêna sajiwa jêr sêkti mami | tutug kinanthi wirya ||

41. Kinanthi

1. Dasamuka ngandika rum | hèh yayi Putri Mantili | babo tingalana ingwang | tuhu ratu jayèng bumi | Si Rama Lêksmana pêjah | sun tigas murdane kalih ||

2. akas lumbu lan lêmbayung | nalikanira dèn arit | bubur pêpadhane samya | tanpa malês ing ajurit | dene pinuji ing jagad | sêktine Si Dasarati ||

3. marêpêki dènnya muwus | lawan gèn sang rajaputri | dhuh mirah asiha

--- 261 ---

ringwang | sapa ta kang sira anti | dene Si Ramawijaya | mring Ngalêngka asrah pati ||

4. nyanaku prawira têguh | dene kudu anglurugi | sura santikèng ranangga | mundur têka asrah pati | wus dilalah bêjaningwang | tuhu Ratu Nyakrawati ||

5. anggadhuhi ing sirèku | sinêmbah ing wong sabumi | tuwin ambêgku gunawan | asih paramartèng dasih | misesa ring pramudita | muktia lan sira yayi ||

6. ajana kang nyandhing nyandhung | gon ingsun mukti ing bumi | amunga bae lan sira | aywana kang ngrêregoni | mung sira goning tyas ingwang | nora anon malih-malih ||

7. kabèh garwa-garwaningsun | nadyan Si Tari Apsari | anyèthia marang sira | mung sira papujan mami | angrèha isining jagad | sakarsanira pan dadi ||

8. Hyang Endra nungkul maringsun | ratu kang asêkti-sêkti | padha dadi regol ingwang | lah iku Putri Mantili | kabèh kasraha ing sira | sun darma madêg narpati ||

9. rèhên ta saananingsun | kabèh kang ingsun ratoni | nadyan yayi jiwaningwang | lamun ta mari siniwi | yêkti andhêku ring sira | matimpuh ingsun maskwari ||

10. langên-langên sadayèku | isining Ngalêngka gusti | ana wastradi ring swarga | sru gandanira mênuhi | sato saisining wana | myang mina jroning

--- 262 ---

jaladri ||

11. atagên barunanipun | anggiring mina jaladri | pasthi tan ana malanga | ginawa maring Mantili | sun nitih wimana rêtna | karoron lan sira yayi ||

12. kang dadi sukanirèku | badhère padha pinêncil | sandhingên anèng wimana | ing pêngaron ta maskwari | lan mimi bae lan urang | sandhingên dènira linggih ||

13. lan kêmbang trijathèng wakul | wakul mas sinuji manik | mênur gambir malathia | tunggalna sawakul gusti | manawa kura[3] gêgawan | olèh-olèh mring Mantili ||

14. ngundhuha marang swarga gung | wowohan kang adi-adi | wastra ingkang pelag-pelag | payo ngundhuh mring swargadi | nora nana kasangsara | sakarsanira pan dadi ||

15. gusti tulunga maringsun | laraningsun agung wingit | mung sira bae kang ketang | ing siyang pantara ratri | dhuh gustiningsun dèn inggal | payo maring jinêmwangi ||

16. tan wruh Dasamukaningsun | tan wruh yèn Rahwana mami | anggaku tan katon awak | saking kabyatan ing kingkin | Dasamuka wuwusira | sirah pinêrakkên malih ||

17. lah ari dulunên iku | cêngêle Si Dasarati | lawan cêngêle Lêksmana | apês tan duwèni sêkti | nora padha lan ingwang |[4] payo yayi nuli guling ||

18. Dasamuka wusnya muwus |

--- 263 ---

sang putri pêdhês dènnya ngling | Dasamuka mara-mara | payo tuwêkmu dèn aglis | tamakêna guluningwang | yèn mangkono tyasirèki ||

19. yèn sira narendra punjul | pagene nora matèni | iya maring raganingwang | dudu tuhuning narpati | durjana bae during rat | gawemu dhustha ring bumi ||

20. alah mêdhun agnitèngsun | angur tuwêkên tumuli | yèn sitan matèni ringwang | dora ratu jayèng bumi | yèn sirage matènana | yêkti utamèng narpati ||

21. tan nêdya tumingal ingsun | mati urip sun labuhi | mung Narendraputra Rama | yèn mati mèlu ngêmasi | payo enggal patènana | ilokna pangeran mami ||

22. Dasamukèpêk kêlangkung | myarsa wuwuse sang putri | lingsêm saha sakabangan | mawinga-winga mawêngis | hèh Si Sinta nora kêna | ginawe pinriha bêcik ||

23. ngajap pati tanpa dunung | yèn sira nurut ing mami | mati anêmu kamulyan | tanpa mati dadi wrêjit | apan patining danawa | anêmu kamulyan luwih ||

24. sakarsa-karsangong antuk | jêr prabu wisesèng bumi | atamèng rat paribawa | manungswa sira karêmi | patine pati kanisthan | naraka bae pinanggih ||

25. iya ta sapuluh-puluh | Si Sinta kudu tutwuri |

--- 264 ---

ambêking manungswa dama | nistha bae dèn karêpi | ayu-ayune rèh ingwang | angeman prantaèng pati ||

26. besuk ta ing têmah ngungun | dadi gêguyon kang pasthi | apan patining manungswa | kaoyak-oyak ing benjing | măngsa padha alaningwang | rêksasa patine luwih ||

27. Dasamuka mundur wuyung | nora tinanggap dera mrih | sarêsmi lan Dèwi Sinta | praptane kadhaton nuli | angiling-ilingi cêtha | ênggone guna lan dhêsthi ||

28. lan amrih apêsing satru | nujum kabèh dèn timbali | kunêng malih kawuwusa | Sang Rêtna Putri Mantili | saungkure Dasamuka | mojaring Trijatha mamit ||

29. ingsun nini turuna pyuh | pratulangong mamrih pati | anjêlèh Rêtna Trijatha | sampun-sampun age mati | kadurus datan prayoga | yèn sampun prayoga benjing ||

30. kawula tan arsa kantun | ngandika Putri Mantili | dhuh nini ta sira aja | sira nora kaya mami | kênèng sungkawa durmala | sinarik ing Dewa Widhi ||

31. dhuh lae juwataningsun | Ramawijaya tan sipi | lalu tan asih maringwang | nora tulung ing kaswasih | èstua têmah antaka | dene ta nora sayêkti ||

32. apa pandhitane gêmblung | ing nguni kang mituturi | kêlamun rêksakaningrat |

--- 265 ---

wênang nampêk satru sêkti | mangrurah ing kalamurka | kabèh rêrêgêding bumi ||

33. kang dursesa-sesa gêmpur | ngêngudang pandhita nguni | sirna kalamurkèng jagad | dene ingsun wus nitèni | duk nagri Mantilidirja | sayêmbara Rama Aji ||

34. pira-pira para ratu | tan kongang iya anarik | marang ing gandhewaningwang | mung dhèwèke kêlar narik | duk pinèt karya nèng wana | ya mring Wiku Jamadagni ||

35. nora sor ing aprang unggul | ditya Dhandhaka ing nguni | pira-pira tanpa sesa | saking wiyat tumpês tapis | mangkya puwara apêsa | dhuh dewaningong wod mami ||

36. cacak sang pêksi Janthayu | ana bobote nulungi | kongsi matuk mring Rahwana | saking wiyat tibèng siti | pangeranku kang misesa | marang ing sarira mami ||

37. yèn apêsa tanpa kiwul | pangupayèng tri buwani | pan tuhu pinandhitèng prang | têka tanpa doning jurit | lalu tanpa duganingwang | dhuh dewa panutan mami ||

38. panah ta pangrurah satru | lah tan ana anèng ngêndi | panggêmpuring kalamurka | tri pura-pura kabêsmi | mangêbang mayuta-yuta | brastha kang dhustha ring bumi ||

39. dhuh Ramawijayaningsun | pulungên jiwèngong aglis | mulih mring Ngendrabawana | pagene nora ngantèni |

--- 266 ---

apa tan asih maringwang | ubayane duk ing nguni ||

40. nèng Janaloka tan kantun | nèng Endraloka tutwuri | dhuh aywasah saparanta | manjanma-manjanmèng pundi | kewala mangèstupada | dhuh bathara nata mami ||

41. mami merang moring tuwuh | aywa winêngkang ingkang sih | nadyan lampua lalita | mulêta mung padèng gusti | ah ari Sumitraputra | lulut ing kaka sayêkti ||

42. kadrawas wus sira muwus | mangkana Putri Mantili | mangsah nungkuli mastaka | patrême sampun pinusthi | tanpanon rat idhêpira | dènnyarsa belani laki ||

43. wus sirna rat idhêpipun | ngumpah-umpah mring dewa sih | o Dewa Bathara Mulya | apa tan asih ing dasih | nora dhustha nora murka | pagene tan dèn jurungi ||

44. Rahwana bae jinurung | pangeranku gung sêmadi | parikrama silotama | mahardikèngrat marta sih | apa dadi tanpa guna | nirtama wong ngulah yêkti ||

45. tanpa karya sihing wiku | bunggan gawe gung sêmadi | dene ta narendraputra | gustiku kuwat sêmadi | têka ginawe tan bisa | apês papa ing ajurit ||

46. hèh surya asêksi tèngsun[5] | hèh wulan pan ingsun sêksi | hèh jaladri sêksènana | ingsun belani mring laki | hèh keblat lor kidul [kidu...]

--- 267 ---

[...l] wetan | kulon lawan bumi langit ||

47. padha sêksènana ingsun | lintang kilat angin-angin | gêlap thathit miwah teja | mega sêksènana mami | kagyat Sang Rêtna Trijatha | mulat sang putri nêkani ||

48. sru anjrit sarwi angrangkul | padane Putri Mantili | dhuh paran sampun kagean | kawula miyarsa warti | wong agung Ramawijaya | saha bala sampun prapti ||

49. pun bapa pan sampun tumut | sabalanira wus balik | mring Prabu Ramawijaya | mêmungsuhan lan wa aji | bala wre warti wus nyabrang | kèh praptèng Suwela giri ||

50. mangun sètubănda layu | samodra tinambak kêni | sêktining bala wanara | prabawa Sri Dasarati | mokal apêsa ing yuda | Ramawijaya prajurit ||

51. dorangkara uwa prabu | manawi botên sayêkti | agawe-gawe kewala | laku mêmariksa dhingin | dhatêng ing wukir Suwela | Dèwi Sinta duk miyarsi ||

52. Rêtna Trijatha turipun | sumêdhot tyasira kadi | ginarit Bathara Kama | mundur dènira nungkuli | mring mastaka kang pinindha | sangêt pangunguning brangti ||

42. Asmaradana

1. Rêtna Mantili lingnya ris | yèn mangkono karsanira | payo nini dipun age | maringa gunung Suwela | Rêtna Trijatha nêmbah |

--- 268 ---

lèngsèr sing ngarsa sang ayu | wus anapak jumantara ||

2. tan adangu ibêrnèki | Rêtna Trijatha wus prapta | ing Suwela niyup age | mangu dènira tumingal | dènnya wukir Suwela | tan katon sipating gunung | gêbèl kang bala wanara ||

3. ajibêg bêntêt atitip | gumuruh umung wurahan | sănggarunggi ing driyane | wau kusuma Trijatha | mulat ana katingal | kinubêng ing wanara gung | jêjêl atap kang angayap ||

4. Trijatha niyup tumuli | măngsa dudua kang ika | Ramawijaya gêng gone | wau sang narendraputra | duk lagya pagunêman | wong agung katri nèng ngayun | măngka manggaladiraja ||

5. Sang Taruna Sumitrari | miwah Narendra Sugriwa | myang Arya Wibisanane | sira Sang Ramawijaya | munggèng palăngka rêtna | nèng siti katri wong agung | cakêt sangandhap palăngka ||

6. Trijatha mulat mêrpêki | waskitha ênggone bapa | drumojog anjujug bae | anèng wurine kang rama | sarwi sru dènnya ngucap | bapa liwat dhusthanipun | uwa Prabu Dasamuka ||

7. anigas murda kêkalih | ginawa mring taman Soka | ingakokakên sirahe | wong agung Ramawijaya | lan prawira Lêksmana | Wibisana mèsêm muwus | lah iku ta gustinira ||

--- 269 ---

8. wakira wong dhusthèng bumi | gawe dora tanpa guna | lah iku toge budine | Trijatha malih lingira | si uwa Dèwi Sinta | kudu-kudu turuna pyuh | yèn seda wong agung Rama ||

9. pan anggung patrêm pinusthi | aku bae kang anyêgah | aja amrih pati age | ingsun lagi mêmariksa | maring gunung Suwela | wong agung Rama andulu | ngandika yayiku sapa ||

10. Wibisana awotsari | abdi dalêm nak kawula | Nikèn Trijatha namane | kang têngga rayi paduka | Putri Mantilidirja | mêmariksa ing pukulun | milane punika prapta ||

11. pun kakang Rahwana kardi | upaya ring Dèwi Sinta | wontên kêkalih abdine | kakang adhi pan manungswa | inggih sami bagusnya | pan tinigas kalihipun | binêkta mring taman Soka ||

12. inguncalkên mring sang putri | lah iku murdane padha | Si Rama Lêksmana karo | rayi paduka pan arsa | sêdhèt asuduk jiwa | ambelani nyananipun | abdi paduka kang nyêgah ||

13. pun Trijatha anggendholi | sagah punika mariksa | mila sande panganyute | wau kalane miyarsa | Risang Ramawijaya | ngandika sarwi rawat luh | babo sutèngong Trijatha ||

14. matura ngibunirèki | lamun ingsun maksih ana | miwah pamanira kuwe | iya Lêksmana [Lêksma...]

--- 270 ---

[...na] Widagda | kabèh pan misih wêtah | Sugriwa ramanta iku | lan sagung bala wanara ||

15. Trijatha sigra wotsari | sarwi mojar maring bapa | hèh ya bapa kapindhone | yèn sidaa Dèwi Sinta | mati sumuduk jiwa | ingsun bapa mèlu lampus | marmane tutur ing sira ||

16. kang rama mèsêm dènnya ngling | lah nini age muliha | aja kasuwèn nèng kene | manawa dèn arsa-arsa | babo mring gustinira | Trijatha manguswa suku | nêmbah ring Ramawijaya ||

17. maring bapa sampun amit | mêsat napak jumantara | pan kadya kilat ibêre | wus prapta ing taman Soka | anjog saking ngawiyat | nêmbah matur sru gumuyu | kusuma Rêtna Trijatha ||

18. dhuh dhustha têmên wa aji | Rahwana duskartaningrat | amocok êndhas wong roro | dene iya tan palastra | Prabu Ramawijaya | wutuh sapunggawanipun | miwah bala wre sadaya ||

19. wukir Suwela ing mangkin | agêbèl isi wanara | kagiri-giri solahe | samya mêdalkên sudira | ambêdholi prabata | myang amupak gunung watu | pan kinarya kaba-kaba ||

20. datan karasèng ngastèki | sêktine bala wanara | tan kênèng ngitung kêthène | yutan awêndran abaran | gunging bala wanara | gulman kirnan kênèng ngitung | wanara [wa...]

--- 271 ---

[...nara] tanpa wilangan ||

21. nalika kawula prapti | pun uwa narendraputra | siniwèng pasanggrahane | lênggah nèng palăngka rêtna | pun bapa Wibisana | lan Sugriwa jajaripun | katiga paman Lêksmana ||

22. samya andhêku nèng siti | de punggawa ingkang kathah | aglar munggèng ing wurine | rumiyin ingkang dinuta | kang ngamuk jroning pura | pun kêthèk pêthak pukulun | sêmune dadi manggala ||

23. kaarsa mring pra dipati | wontên wre sêdhêng taruna | kadya baskara netrane | anunggil lan pun Anoman | maloto kang dinuta | kang angrusak taman lêbur | kang ambakar jroning pura ||

24. wontên ngajêngan maringis | ningali dhatêng kawula | uwa prabu pitungkase | Narpati Ramawijaya | nini sira matura | mring uwakira dèn tutug | yayi Mantilidirêja ||

25. aja anggung brăngta kingkin | aja-aja nganyut pêjah | pan ingsun wus praptèng kene | lan sagung bala wanara | durung têmpuh ing aprang | lagya mrih upaya ayu | angadoni jayèng yuda ||

26. milane inggih suwawi | nuntên adus mring talaga | Trijatha akêrah-kêrèh | pan sarwi anyêndhal-nyêndhal | pêpadone kang sinjang | dawêg adus dawêg adus | luwarên prihatin dahat ||

27. punapa

--- 272 ---

karya wiyadi | kabèh lêlaraning driya | buwangên ing gêni gêdhe | wa Prabu Ramawijaya | apan sampun kantênan | lan wontên pitungkasipun | luwarên anandhang brăngta ||

28. mèsêm kusumèng Mantili | iya nini aywa sigra | saosa padupan age | payo padha amêmuja | sêmadi maring dewa | sêlamête ingkang nglurug | wakira narendraputra ||

29. Rêtna Trijatha nuruti | sampun asaos padupan | pêpêk sêsarat-sarate | murub dahanèng padupan | Putri Mantili mangsah | Rêtna Trijatha tan kantun | marêpêki raras driya ||

43. Mijil

1. rajah-rajah rinajah prasami | sarat kang dèn obong | rajaputri matimpuh linggihe | wêntis kanan numpang wêntis keri | asta kanan aglis | tinumpangkên jêngku ||

2. jriji sêkawan tinêkêm sami | mung kari jêjêmpol | ingadêgkên winawas bênêre | lawan pucuking grana matitis | angêningkên galih | matak pujanipun ||

3. ah o o Bathara Otipati | pamungkas Hyang Manon | Dewa Warawidhi gêgêdhene | Otipati Waradhara Widhi | wèh martaèng dasih | pan mêminta ulun ||

4. Dewastha Murti nayakèng swargi | jurungana ingong | dharakèng giri-giri dewa kèh |

--- 273 ---

Basudhara dharaning jaladri | jawata ngin-angin | tulungên ta ulun ||

5. Bathara Tomasiwagni luwih | jurungana ingong | Batharastha dibya-dibya ngêne | Gunagitya Kalanityasari | ulun mangastuti | anuwun jinurung ||

6. paringa mêndha laraning bumi | jagad gung kawuron | gunung-gunung mangkya saisine | wiku-wiku tan antuk sêmadi | bumi langit agring | kabêktèng sinipun ||

7. sintên ingkang pinintanan ing sih | kang gêngning wirangrong | apa ilangêna panêbute | myang makêrta wiweka tang kongsi | kang sêtya sêmadi | kêna arubiru ||

8. karunanggung prasatya sêmadi | gung dèn oyok-oyok | apan Sang Hya ing nguni-uni wèh | warta sêtya muja masêmadi | tar lali ing Widhi | kinon sarjana gung ||

9. mangkya wontên kang ngalang-alangi | ing karsa Hyang Andon | mamrih ayu tanpandon dadine | Ramawijaya nuluskên amrih | ing pakon ta yêkti | gung kinathung-kathung ||

10. pun Rahwana mêmalaning bumi | andawakkên rusoh | datan arsa tumolih maring rèh | padukanta gung linali-lali | mungkuring rèh yêkti | sukanya rubiru ||

11. dhuh dewastri dhuh sang batharèstri | dhuh jawata wadon | pitulunga marang ing dasihe | ingkang anggung kakênan ing kingkin | wêlasana [wêla...]

--- 274 ---

[...sana] ugi | kabèh dèn jumurung ||

12. lêstarèkna ulun apêpanggih | Rama dewaningong | sampurnaa karahayon kabèh | weya suka magêng maring bumi | sirêp punang agni | prapta riris arum ||

13. sigra dhêku Sang Putri Mantili | tumunjêm mabukoh | dangu-dangu linuwar pujane | Nikèn Trijatha wus dèn kêjèpi | sêsajèn binukti | rinampêtan kantun ||

14. ana sukane tyasira dèwi | sirêping wirangrong | mamêng-amêng Trijatha wagêde | cèthi-cêthi kinèn ngidung sami | sabarang sukaning | sang putri tumurun ||

15. parêkane Trijatha prasami | kinon agêguyon | amrih tulus sang putri lêjare | kèh solahe ingkang para cèthi | ana nganggit-anggit | sêkar sarwi ngidung ||

16. ana muni malih swaranyasri | tan mèmpêr swara wong | miwah ditya tininggal swarane | kadi swaraning pêksi cumêngkling | ana swara kadi | sato ingkang arum ||

17. ana cèthine Trijatha Dèwi | wêtênge sagênthong | kuru aking mung samaja dhase | sikile karo amung sadriji | myang astane kalih | sajênthik gêngipun ||

18. ngèsèr-èsèr rubêt lampahnèki | gung dadi gêguyon | kawulane kumucur wêtune | miwah bèsère ngêbêsi siti | kang aparêk sami |

--- 275 ---

kabèh tukup irung ||

19. kancane kêkêl samya bênturi | dèn prih lumakwadoh | Rêtna Mantili dudu karsane | awlas mulat sigra dènnya linggih | kathah solahnèki | ingkang amrih guyu ||

20. ana putri boyongan kêkalih | sih mring sang lir sinom | ngeka parêng ing lara patine | gung kinathik mring sang rajaputri | siyang pantaratri | tansah atut pungkur ||

44. Pangkur

1. kunêng malih kawuwusa | Dasamuka sampun amarentahi | mring sagung punggawanipun | kinèn manjêr daludag | saênggène lawang-lawang lurung-lurung | kabèh samya pinanjêran | daludag wus mêratani ||

2. abra panjêran daludag | sanêgara sabên wismèng bupati | miwah kagêngan sang prabu | kabèh wus samya mêdal | pacak baris adhêdhêg ing siyang dalu | gumuruh swaraning ditya | wau ta sri narapati ||

3. animbali pra dipatya | sampun kerid marang rêkyana patih | aglar ngarsanirèng prabu | ana siji punggawa | nênggih andêling Ngalêngka buta pêthut | anama Sokasarana | digdaya ing laku sandi ||

4. sura sêkti Sokasrana | tate dadi sêrananing piranti | puniku ingkang tinuduh | mring Prabu Dasamuka | mring Suwela anacahna gunging mungsuh | namane kang pra dipatya | wanara sawiji-wiji ||

--- 276 ---

5. lawan anggêpe Sugriwa | sabalane marang Sang Dasarati | tuhu lawan ukur-ukur | iku dèn waspadakna | Sokasrana sigra nêmbah lèngsèr mabur | nêdya mring gunung Suwela | ing marga datan kawarni ||

6. prapta ing gunung Suwela | Sokasrana sampun amalih warni | rupa wanara wus laju | niyup maring dharatan | sampun amor lan wanara agung-agung | ing wurine ênggonira | tan ana kang grahitani ||

7. dènnyana kancane samya | kawarnaa wau wong agung katri | Sugriwa Lêksmanasadu | lan Arya Wibisana | sarêng mijil saking ngajêngan andulu | sira Arya Wibisana | hèh Si Sokasrana iki ||

8. maling julig ing Ngalêngka | apa karya sira prapta ing ngriki | pantês wre norana wêruh | sira gawe durjana | punggawa wre kang miyarsa ting palinguk | ing wuwuse Wibisana | tumuduh Wibisana glis ||

9. wanara samya tumandang | angêmbuli mring Sokasrana aglis | binănda samya dinulu | rinubung dyan binêkta | mring ngajêngan wangsul wong agung tiga wus | lawan wre kang pra dipatya | praptèng ngajêngan kaèksi ||

10. ngandika narendraputra | hèh wre apa binănda kawlas-asih | Wibisana nêmbah matur | dede wre pan punika | Sokasrana utusanipun pukulun |

--- 277 ---

gih pun kakang Dasamuka | punika andêling wèsthi ||

11. praptane warni wanara | dipun utus luwangipun ing nguni | mamancana arubiru | adat kang kalampahan | maling julig anggung durmamala rusuh | pantês yèn pinatènana | murka gêgêdhêging bumi ||

12. Ramawijaya ngandika | lah ta sira paran karyanirèki | Sokasrana aturipun | ingutus anacahna | mring sagunge kang punggawa wre pukulun | narendraputra ngandika | iku nora sun patèni ||

13. sapa tutur ing gustinya | lamun uwis iku dimèkne mulih | Sokasrana sinung ucul | langkung sukaning driya | nêmbah-nêmbah Sokasrana amit mundur | sapraptaning jawi mêsat | mibêr tan adangu prapti ||

14. jro kutha ing ngarsanira | Dasamuka Sokasrana wotsari | pukulun kawula sampun | praptèng wukir Suwela | mêmilangi bala wre sadayanipun | miwah wanara sadaya | ngêbêki Suwela giri ||

15. lumrah sêktine prasamya | mupak gunung tan karasèng ngastèki | dadya sètubănda layu | kagiri-giri gêngnya | punggawa wre kadya gêlap yèn asêgu | kèh ulat pindha baskara | sasolahe gêgirisi ||

16. pangarsane kang punggawa | pun Anoman Anggadanila sêkti | Kapi Jêmbawan pan sêpuh |

--- 278 ---

Sêmpati Darimuka | pun Kesari Sata Bali Indrajanu | Gawaya lawan Gawaksa | Wisakatha lan Putaksi ||

17. Susena lan pun Winata | Bimamuka Druwenda Krêdanèki | lawan pun Subodharèku | Panasa Dumralawa | Druwasada Arimenda Găndadanu | Mêdana miwah Anala | Kumuda Danurdarèki ||

18. pukulun bala wanara | anggêpipun gusti sapati urip | Ramawijaya pukulun | pan ingangkah jawata | sungkêmipun tan kumêdhèp siyang dalu | prasamya matièng pada | ing karya Sang Dasarati ||

19. gung alit bala wanara | pun Anggada tanpanon idhêpnèki | dènira ingakên sunu | mring Sang Ramawijaya | mung Sri Rama bae pati uripipun | tuwin Sang Bayutênaya | lawan sagung pra dipati ||

20. mung Ragusuta Wijaya | kang ingarsa-arsa karyaning jurit | samya suka matyèng suku- | nira Sang Ragutama | dhuh pukulun patikbra langkung gêgêtun | mèh thithik kawula pêjah | nalika kawula prapti ||

21. rayi paduka Sang Arya | Wibisana matur akèn mêjahi | Ramawijaya tanpayun | amatèni caraka | mila gêsang adhuh gustiku sang prabu | salami tuwan mêngsahan | tan manggih kadi puniki ||

22. karantênipun sang nata | tur kawula inggih kalih [ka...]

--- 279 ---

[...lih] pêrkawis | sampun amungsuh puniku | kadi tan kêna kalah | pan katawis ing sasolahbawanipun | lêhêng prabuku pênêda | sampun anglawani jurit ||

23. darapon tulus paduka | mamuktia mêngku Ngalêngka Gusti | botên si anggunggung mungsuh | saking trêsna kewala | dhatêng Gusti Ramawijaya pinunjul | Dèwi Mantili turêna | kadi datan praptèng runtik ||

24. patut talah maharaja | yêkti têtêp karaton padukaji | sakeca mêmangan nginum | mangkana sawusira | Sokasrana umatur mung amrih ayu | Dasamuka langkung duka | muntab palangkannya gunjit ||

25. hèh dik ditya tanpa cara | tuhu-tuhu cêmêr ngarantan yukti | kudu-kudu sih ing mungsuh | akon nêmbah ing mêngsah | nora wirang takut mungsuh lawan munyuk | dudu dewa dudu yaksa | duryasanira tan sipi ||

26. enggal sira sumungsula | mring si nistha dama Wibisanèki | angungsia dèn agupuh | jêr si wêdi palastra | Sokasrana gumêtêr manêmbah takut | prabuku datan uninga | pun patik ing têmbung sisip ||

27. mung bêkti trêsna kewala | benjing lamun ing prang têmpuh nèng pati | mêmalês sih sang aulun | nanging dipun prayitna | dipun agêng pangupayanta pukulun | pun patik saking gêng maras |

--- 280 ---

wawrating mêngsah katawis ||

28. dede-dede binobota | kalih mêngsah inggih ing nguni-uni | sumăngga karsa prabuku | yèn sampun tur kawula | pêjah gêsang sok katura trêsnèng ulun | mangkana kèndêl sakala | Ngalêngka Sri Natanèki ||

45. Sinom

1. wuwusên Narendra Rama | kang anèng Suwela giri | lan sagung bala wanara | kang lagya mêmangun budi | lan sagung pra dipati | wanara prasamya kumpul | agunêm mrih raharja | Lêksmana Sugriwèng ngarsi | katigane Sang Gunawan Wibisana ||

2. kang dadi purwa upaya | dènira amrih basuki | maring kautamaning rat | angantêp Dasamukaji | paran karsa kang pasthi | apa aprang apa patut | yèn patut ulihêna | kusuma Putri Mantili | yèn kudu prang ambêcikana dandanan ||

3. ingkang tinari sadaya | sumanggèng karsa turnèki | Narpati Ramawijaya | mangên-angên kang tinuding | wusnya ngandika aris | hèh sira ari katêlu | sutèngong Ki Anggada | iku kang badhe sun tuding | angantêpa mring pasthine Dasamuka ||

4. sadaya mangayubagya | têgêse anêmbadani | ing karsa sang binathara | pangandikanira aris | Anggada kang tinuding | wus kawot pitungkasipun | nêmbah Radèn Anggada |

--- 281 ---

mêsat sing Suwela giri | langkung suka Anggada kinon ing karya ||

5. saking gêng bêkti sih trêsna | suka pêjahing karyaji | sampun anapak gêgana | umyus mêsês angin-angin | adrês kang bajra midid | gurnita rèh guntur kêtug | lesus Ngalêngka pura | sangsaya drês angin-angin | gêtêr patêr ulêkan praja Ngalêngka ||

6. sagung panjêran daludag | tikêl kumupak asêbit | gurnita Ngalêngka pura | balêdug ngampak-ampaki | dhêdhêt pêtêng nglimputi | otêr rêksasa gumuruh | praptane Sang Anggada | lêbu kabêrêg ing angin | wus sumilak padhang nagari Ngalêngka ||

7. aniyup Radèn Anggada | praptaning dharat sang aji | Rahwana maksih sineba | ambêg masuk Anggada glis | ing ngarsaning narpati | sigra-sigra angsahipun | nirbaya nirwikara | tan ana tinahèng galih | kadya singa krura solahe Anggada ||

8. sagung bupati kang seba | andhêku ngarsèng narpati | sirah mèh samya kapidak | mung Rahwana dèn tingali | pinandêng sampun prapti | ing ngarsane punggawa gung | cingak prapta Anggada | cakêt ing palăngka linggih | solah ganggas ulat galak lon têmbungnya ||

9. hèh Bumiraja Rahwana | wruhanira ingsun iki | ranku ring rat Baliputra | prawira taruna sêkti | Anggada [Ang...]

--- 282 ---

[...gada] pilih tandhing | piyarsakna wuwus ingsun | Bathara Raguputra | iku ratuning sabumi | murdaningrat ing jagad pramudita ya ||

10. ambêg sadu parikrama | susibya[6] putusing wèsthi | sampeka sura marata | pambasmèng murka sabumi | Si Baliputra iki | saèstu ngêmbani wuwus | risang narpatining rat | kang pinudya jayèng bumi | gustiningsun Bathara Ramawijaya ||

11. hèh Dasamuka wruhanta | apa karêpmu kang pasthi | prakara kang dadi karya | praptane gustiku iki | yèn sira nêdya bêcik | têtêp karatonirèku | mukti bumi Ngalêngka | nêmbaha narendra mami | lan gawanên sawadya punggawanira ||

12. ngaturêna Dèwi Sinta | donyanira pèni-pèni | lan sagung sêsotya rêtna | barênga Putri Mantili | lah yèn mangkono pasthi | tutug têtêp sirandulu | sasăngka lan baskara | yèn datan mangkono yêkti | mu[7] rong dina sira mulat surya căndra ||

13. hèh pelingku Dasamuka | aja si nora ngabêkti | mring gustiku nataningrat | yèn sira nora nglakoni | papa sira karêpi | tanpa sesa ing patimu | sirna praja Ngalêngka | prabuningsun jayèng bumi | tama parikrama ing jagad wiryawan ||

14. sakèhe kasukanira | kamuktènira nèng bumi |

--- 283 ---

kilat padhanya lumarab | miwah kamuktènirèstri | emanên maring rêsmi | lan èstri sajro puramu | panahe ratuningwang | siji kras landhêp tan sipi | pangruwating garagodha kalamurka ||

15. kabèh saisining jagad | dursila durmala basmi | besuk amangan gulunta | yèn sira nora marèni | lan wangkot tan ngabêkti | iya maring prabuningsun | wau duk amiyarsa | Sang Dasamuka Narpati | ing wuwuse Radèn Baliputranggada ||

16. krodha muntab lir tinêpak | kumrut lêlatha netrantik[8] | dadya rah sarandunira | ngapurancang idêp alis | palangkanira gonjit | mêngkab bahune rongpuluh | mêkar muka sadasa | sru mawinga-winga wêngis | hèh kadurus si palwaga papa dahat ||

17. de kaliwat nrang kanisthan | tan wirang ing bumi langit | tan eling aduwe bapa | mring Bali kang dèn patèni | maring Si Dasarati | anyênyêdhis maring satru | dene saemu gêsang | mring kadang warga tan isin | sira rêgêd si lêlêthêk si wanara ||

18. angajap gawemu papa | rowak-rawèk pakaryasri | mêmutuh panggawe ala | ratu-ratuning pênyakit | ratuning jêjênêsi | ratu-ratuning asêbut | ratuning bakakrakan | ratuning si kêthip-kêthip | ngêsud mêsum naruthuk [naruthu...]

--- 284 ---

[...k] kurang pêsaban ||

19. sumawitèng satru kala | nora ngampêlu si anjing | mêmalês patining bapa | druhaka bae nèng bumi | Gada mangrêrêgêdi | si jisjis wanara lumut | pati duska naraka | nora măntra angulati | ngupaya ring satru kang matèni bapa ||

20. si mêngkonok ngucap-ucap | bathara bae anggêping | mring Si Ragusuta nistha | si murka murkèng wanadri | gawene mati-mati | rêksasa tanpa dosa gung | kulina mrih sikara | lah papa muliha aglis | umatura mring kalulutmu si nistha ||

21. yèn ingsun mapag ing aprang | tan sotah amriha bêcik | mêmitra si saba alas | konên age magut jurit | mêmaribawa amrih | magêlar mayuta satru | apa gawe mirisa | mungsuh wre tanpa sanèki | tuwaburu esuk sore umangsaha ||

22. wusnya mujar Dasamuka | Anggada madêg malangkrik | tan taha mujar candhala | mêmpêng kasudiran amrih | Rahwana mangundhati | Anggadambêg wuwus gangsul | malêlêng netranira | hèh Rahwana salah kapti | salah ucap pati opèn wong ngawula ||

23. măngsa ngawulaèng sira | manawa rubuh kang langit | patimu nistha kawangwang | sirna dening gusti mami | eling-eling dèn eling | bêcikana

--- 285 ---

dandanamu | sigra mêsat Anggada | sumêbut saengga thathit | tan kawarna ing marga praptèng Suwela ||

24. saungkurira Anggada | Dasamuka angundhangi | ing bala yêksa sadaya | siyaga kaprabon jurit | găndawastra gung mijil | mring sagung punggawanipun | gumuruh mawurahan | minum-minum pra dipati | ya ta wau praptane Sang Baliputra ||

25. Bathara Ramawijaya | nèng pasanggrahan siniwi | wong agung katiga ngarsa | dene sagung pra dipati | wanara munggèng jawi | pasanggrahan pan supênuh | praptane Sang Anggada | kagyat kang wre pra dipati | samya ngiring lêbune Radèn Anggada ||

26. kumêrab saos ngajêngan | nora nganti dèn timbali | Anoman Nila Jêmbawan | Anala lan Sata Bali | Druwenda lan Puthaksi[9] | Wisangkatha Indrajanu | Winata lan Susena | Darimuka lan Sêmpati | Subodhara Wrêksaba lan Danurdara ||

27. Anggada praptèng ngajêngan | tur sêmbah aturirèki | sawuwuse Dasamuka | miwiti malah mêkasi | ya ta ngandika aris | marang wong agung katêlu | wus pasthi sida karya | Rahwana tan arsa bêcik | ngundhangana sagunge bala wanara ||

28. padha muktiyèng wowohan | pan êmèh pagut ing jurit | wau kang

--- 286 ---

bala wanara | suka dènira miyarsi | ing karya sampun pasthi | mêmangan-mangan anutug | kadyage magut ing prang | kunêng kang anggung sêmadi | nèng Suwela Bathara Ramawijaya ||

29. wuwusên nagri Ngalêngka | kang sampun umadêg baris | wus kinon Patih Prahasta | amatah kang pra dipati | pangiriding prajurit | têtindhih bupati agung | kirab jawining kitha | kang angrèh para dipati | Wirupaksa Dumrêksa Wiluitaksa ||

30. Ruyupaksa Gathodara | Supwarsa kanêm gêngnèki | angrèh samaning punggawa | wontên bupati gêng malih | bala makêthi-kêthi | Mintragna jêjulukipun | rêksasa măndaguna[10] | pilih tandhing ing ajurit | wontên malih Prajăngga lawan Pragăngsa ||

31. Jambumangli Anipraba | Kampana lan Bajramusthi[11] | punika ingkang pinatah | angirabakên tumuli | sawadyanira sami | mring jawi kitha kumêbul | bêgor gurnitèng tawang | ewon kêndhang-kêndhang suling | lir jaladri mirut prabaning daludag ||

32. kang budhal pêmbarêping prang | kanêm dasa punggawadi | myang bala-balaning wadya | mayuta makêthi-kêthi | wus tumitip ing margi | gorarèh guntur-gumuntur | dening swaraning ditya | prakatha manêngkêr langit | gubar bèri èwu-èwu mawurahan ||

33. wahana [wah...]

--- 287 ---

[...ana] rata dipăngga | sagung rêksasa bupati | ingayap para sugada | badhama manggala piling | limpung angapit-apit | swaraning ditya kadya rug | burbuwah bumi molah | sabawa kagiri-giri | kandhah-kandhah balabar dhandhang wurahan ||

46. Dhandhanggula

1. pan gumuruh ing samargi-margi | kêndhang gonge bêgor maguraya | mangrik kang tunggangan akèh | ingkang budhal rumuhun | buta wadonira prasami | suka mêngatêrêna | marang lakinipun | anèng marga girang-girang | merang marang rowangira ngiring-iring | ngatêr lakine samya ||

2. kang anyundhang ing lakinirèki | ana ingkang pêpegangan pundhak | sarwi kumitir ulate | maras masênggruk-sênggruk | kang sawênèh marêbês mili | anucup-nucup karna | myang nênucup irung | lakine asih tumingal | nolih-nolih pan sarwi ngiling-ilingi | nungkul rewang lumampah ||

3. ana kari anututi laki | amêrpêki ing laki katunjang | kajêjêl ing gaman gêdhe | prasamya makidhupuh | saking gêngning maras sarta sih | dadya kakunge nêngah | maring barisipun | èstrine apan binêkta | pan tinuntun sarwi anindhihi baris | kèh ing bala rêksasa ||

4. ana gendhol kêdah mèlu jurit | mangsane sih-sinihan angidham |

--- 288 ---

lumuh pisah ing lakine | maras mèlu anglurug | mênèk lakinira ngêmasi | kakunge aris mojar | ngêndi ana mungsuh | ngasorakên ing Ngalêngka | cacak dewa kasoran amangun jurit | wre malih yèn nănggaa ||

5. ana wênèh anake kang alit | pasusone binêkta ingêmban | sarwi nindhihi barise | wus têbih lampahipun | sinungakên maring kang èstri | ywa maras ing tyasira | bok mati lan mungsuh | dene ta kang ora-ora | mungsuh kêthèk kasorana ratu mami | lan dewa tan kasoran ||

6. èstrinira ananggapi siwi | sarwi karuna pinênging mêksa | atutur ala impène | dadya rangkul-rinangkul | tanpa kering ing wadyanèki | ngaras-ingaras samya | lathi cup-cinucup | binisikên impènira | ing Ngalêngka kasoran amangun jurit | lawan Bathara Rama ||

7. kakungira angling wanti-wanti | aja kajarwa iku maring lyan | tanbuh kang dèn rungokake | akèh nujum sang prabu | kabèh mêca yèn mênang jurit | impènmu iku sungsang | tan patut rinungu | nora bêcik wong ngawula | impèn-impèn têmahan nyiliki budi | gugu kang ora-ora ||

8. apa gawe kudu wêdi jurit | lan wanara datanpa gêgaman |

--- 289 ---

apa si buta kêkere | wêdia prang lan munyuk | kèh solahe rêksasa èstri | mangkana jawi kitha | lampahe wus rawuh | nulya Sang Patih Prahasta | saha bala mayuta makêthi-kêthi | lawan ngirid punggawa ||

9. asri tinon kang kaprabon jurit | limpung parasu nanggala gada | kunta căndrasa wus dene | badhama karta lawung | kêndhang gonge makêthi-kêthi | salomprète atusan | miwah èwu-èwu | umung swaraning danawa | kadya gonjing Ngalêngka rug ingkang wukir | rok solahing rêksasa ||

10. andalêdêk daludag ing ngarsi | awurahan sapraja Ngalêngka | rêksasa sora swarane | tan pae kadya wau | solahing kang danawa èstri | mangatêrakên priya- | nira kang umagut | ing jawi kitha wus prapta | budhal malih ing wuri Radèn Indrajit | ngirid wadya-mawadya ||

11. pra dipati rêksasa pangirid | balakuswa mya kang para putra | tanpa wilangan balane | dipăngga èwu-èwu | miwah ingkang para dipati | gumuruh swaranira | kêndhang-kêndhang barung | gong bèri-bèri wurahan | salomprète mawor pangêmprèting èsthi | myang suraking rêksasa ||

12. punggawa lumrah suka tan sipi | ingkang munggèng dipăngga Supwarsa |

--- 290 ---

anggung pinanthêng[12] langkape | limang dhêpa pinuput | solahe lir amisesani | satru sayuta brastha | sesa-sesa gêmpur | kadya bêlah bumi bêngkah | kambah dening budhale sagung bupati | kang sami ngirid bala ||

13. anglir surêm Sang Hyang Bagaspati | karoban dening busanèng wadya | kadi wana gêng kobare | lêbu dhêdhêt atêdhuh | gêbyaring kang makutha kadi | andaru katawuran | wor căndrasa limpung | kantar-kantaring sinotyan | angkên riris lintang sumawur ing bumi | mancorot ting pancurat ||

14. goragadha lumrah gêgêtêri | swaraning ditya masinga nabda | sukambêg age mrawasèng | satru tapis kapupus | krura karèng karang rasaksi | surak-surak goraya | magênturan atur | tarunaning jaladian | tanpa rungyan panganjur kajêjêl wuri | pangkating pra dipatya ||

15. ditya para nujum anèng wuri | rata kinurung titihanira | praptèng jawi kitha kabèh | ditya rêksasa diyu | kyana patih sigra mêmatih | mêmatah dening tingkah | Prahasta kang sêpuh | munggèng wetan kutha aglar | kilèn kitha pinatah Radèn Indrajit | kang munggèng kidul kitha ||

16. Mahapyarsa lan Gathodarèki | Wirupaksa lan Iluitaksa | kinèn bali sabalane | atêngga pura prabu |

--- 291 ---

loring kutha sagung bupati | gêgêdhug Gardhowara | waraning ditya gung | nênggih Mintragna Dumraksa | lan Prajăngga Pragăngsa lan Bajramusthi | Puthadaksi Kampana ||

17. pira-pira ingkang dèn tindhihi | pra dipati myang wadyaning wadya | rêksasa mantri akêthèn | bêkta sawadyanipun | mila kadya wahing jaladri | wus pajêg kidul wetan | kulon baris tugur | tuwin lor mukyaning bala | kunêng gunung Suwela ingkang winarni | Bathara Raguputra ||

18. sarèhing karsa pan sampun dadi | wong agung katri Lêksmana lawan | Sugriwa Wibisanane | sêmbada sabayantu | miwah kang wre para dipati | ingatag mangacana | mamit Sang Hyang Guru | Bathara Ramawijaya | mamit nêkung mimiti lananging jurit | panjang yuning kang yuswa ||

19. manêgêsing waluyaning dadi | molahakên kridhaning buwana | sinêsèkkên rahayune | mring sagung kang tumuwuh | kang sinungan atma ing nguni | mêminta mrih ayunya | mring nayaka wolu | sawarga kang mangku brata | tuwin marang maha bathara kang êning | Warawidhi Bathara ||

20. surya căndra langit lawan bumi | mega banyu angin sadayanya | pinamitan samuhane | saèstua tumulus | waluya ring ayu lêstari | prayitna saking mula | mula purwanipun | anunggal karsaning titah |

--- 292 ---

ala ayu wus tinitah batharadi | liring yuda kanaka ||

47. Pangkur

1. wusnya mawungu narendra | putra Rama saking mamit sêmèdi | matag marang Sugriwa wus | parentah wre dipatya | pamugari sêktining wre ingkang tinut | Radèn Baliputranggada | miwah Anoman angirid ||

2. Nila Anala Jêmbawan | Danurdara Susena Sata Bali | Găndamêdanendrajanu | Gawaya lan Gawaksa | Subodhara Lêmbodhara lan Puthaksu | Wraksaba lan Darimuka | Bimamuka lan Kesari ||

3. Sata Bali lan Winata | Wisangkatha Rimenda Mudabawi | Sêmpati Prabamastèku | mukyaning kang wanara | sarêng madêg garjita sawadyanipun | gurnita wre singa nabda | lir gora manêngkêr langit ||

4. kumrutug mangsah mapupak | ing prabata myang watu-watu sami | tuwin ingkang kayu-kayu | dinaut tanpa sesa | sela tala wanara lit-alit sampun | sagung wanara dipatya | kang samya ambêdhol wukir ||

5. myang wrêksa gung-agung samya | wrat sagajah saandaka tan kari | saoyod pang godhongipun | gêmpur wukir Suwela | kadya gêrah bumi molah wukir wagyut | prakampita aruhara | kumocak ing jalanidi ||

6. wus kumpul pangarsanira | aglar [a...]

--- 293 ---

[...glar] munggèng ngarsa para dipati | Bathara Rama andulu | suka mamit tumênga | sigra budhal saking Suwela gumuruh | gênjot giri bumi molah | riris rudira wor angin ||

7. kidang-kidang kabarasat | sakiwaning baris kadya tutwuri | manuk muni amanungsung | andaru tibèng ngarsa | obar-abir teja kèh makuwung-kuwung | asu angsang asrangsrangan | mèngêti yèn mênang jurit ||

8. ing wuri maksih wurahan | lir ampuhan wanara mangkrak sami | kang angrampas kayu-kayu | Sang Arya Wibisana | wicaksana trusing cipta nêmbah matur | pukulun batharaningwang | tan wontên sangsayèng jurit ||

9. têtelasor ring mungsuh ta | wênang mapas durmala murkèng bumi | sagung wre kang samya ngrungu | ature Wibisana | samya suka mêratani ambêg umung | pinuji ing jayèng yuda | wre mangkrak amanêngkêri ||

10. wijah-wijah anut marga | tanpa rungyan lir guntur kang wiyati | panganjure wre prapta wus | jawi kitha Ngalêngka | tan antara ing budhalira wong agung | Bathara Ramawijaya | tan pisah wong agung katri ||

11. Radèn Taruna Widagda | myang Sugriwa Arya Wibisanèki | lan wre wira sêpuh-sêpuh | ngayap narendraputra | wre punggawa yekang taruna nung-anung | prasamya angirit bala | ingkang bêbarêpi baris ||

12. sri

--- 294 ---

tinon kadya wanarga | alêlampah kang samya bopong wukir | kang samya mandhi wrêksa gung | ingkang pindha daludag | ingkang pindha dipăngga maèwu-èwu | makêthi mayuta-yuta | myang swara ngêbêki bumi ||

13. wre gambira singa nabda | agya ngalap jiwanira rasaksi | Rajaputranggada sampun | mêmatah pêparentah | pra dipati wanara sabalanipun | dinum kang ngubêngi kitha | wetan kidul kulon sami ||

14. dalêdêg bala lumampah | jêjêl timbun angetan ngilèn sami | kidul kitha wus kalimput | gêbèl isi wanara | wetan kilèn praptane wre kadi jawuh | dening ta salèring kitha | bubuhan kang anèng wuri ||

15. kalimput kitha Ngalêngka | ngêsuk kang koswala wre angêbêki | tan ana lêbak pêpundhung | kabèh isi wanara | kang ing wuri nabrang sètubănda layu | salaminira narendra | putra nèng Suwela giri ||

16. dèrèng têlas kang anabrang | miwah ingkang anèng Suwela wukir | samya minggah pucak dulu | lêganing marga-marga | misih jêjêl atitip atap atutup | buntêt buntu tan amêndha | bala wre ingkang lumaris ||

17. ana anganti angiwa | amrih lêga tan antuk anyêlani | kasuwèn têmahan ngantuk | miwah kang anèng tambak | akèh kèndêl satêpining sètu-sètu | saking [sa...]

--- 295 ---

[...king] kèh wanara dahat | miwah kang maksih nèng wukir ||

18. Maendra kang dèrèng nabrang | pira-pira yuta makêthi-kêthi | kadya wah gora gumuntur | Ngalêngka wus kèbêkan | têgal-têgal alas-alas wus kalimput | nanging dèrèng wontên mangsah | anganti parentah sami ||

19. sumyur kumaliling ambyar | kumarêsêk umèb angrèb ngêbêki | goranya wukir lir pagut | kambah pratala molah | mawurahan mawalikan kadi guntur | umèb umadhang parentah | ngajap ge têmpuhing jurit ||

20. rumêbut bala rêksasa | kadya wiyat têdhuh dhêdhêt manganti | saengga mêndhung gumandhul | mêmbut-mêmbut mèh tiba | pra dipati anduga-duga pakewuh | angigêl ana ngujiwat | cikrak-cikrak manganjali ||

21. garjita saengga mulat | rara ayu pangidhêpira sami | nirbaya magupuh-gupuh | ajrih wus ingundhangan | aywa ana kang dhingini amrih satru | amriha utamaning prang | pamalêse wusnya kêni ||

22. lamun dhinginana ing prang | apan èstu nisthadamèng prajurit | Narpati Sugriwa sampun | pinaringan parentah | amanuta ing prang kautamanipun | aywa ngambah nisthaning prang | lawan kinèn marintahi ||

23. têtindhih lor kidul wetan | miwah kulon sajuru-jurunèki |

--- 296 ---

tan ana sêbawanipun | umèp[13] tata prayitna | tur wanara ngêlusa dama pakewuh | pinrih prayoga sêmbada | prabawa Sang Dasarati ||

24. wênangna misesèng jagad | tan ana kang lênggana ing rèh titi | Sugriwa sukanya langkung | kèdhêp dhêdhêp sadaya | pan anganti rêksasa pamagutipun | kudu-kudu ta age prang | ambêgking[14] wre surèng pati ||

25. Dasamuka kawarnaa | ingaturan wanara kabèh prapti | angêpung kitha angêmput | angrèb umèb kumêrab | tan petungan kutha Ngalêngka akêmput | sêdhih prihatin kalintang | sêdhih tanpa swara wingit ||

26. mijil arsa mariksaa | ingkang mêngsah nêdya wruha pribadi | praptèng jawi kitha sampun | mulat mungsuh wanara | loring kutha wetan kulon miwah kidul | gunung têgal alas-alas | lêbak pèrèng ngiring-iring ||

27. datan ana kasêlanan | gêbèl bêntêt isi wanara sami | kadya wah gora gumuntur | wre swara magênturan | kêsaputan wanara purna supênuh | kèbêkan isi wanara | ngênês ing tyas narapati ||

28. mangangên-angên angkara | sêjatining prabu kang dèn ugêmi | umadêg kasuranipun | sigra akèn umangsah | marang bala rêksasa pramukanipun | sigra têngara sauran |

--- 297 ---

kêndhang gong makêthi-kêthi ||

29. têtêg ewon parêng munya | pirang-pirang lêksa kang bèri-bèri | salomprèt maèwu-èwu | dityangrik parêng surak | kadya guntur-gumuntur kang prabata rug | gurnita manêngkêr wiyat | mangsah tan nêdya ngunduri ||

48. Durma

1. wus andadi gêlare bala rêksasa | Indrajit pamugari | lan Patih Prahasta | ingkang anata gêlar | bajra panjara pakolih | gêlaring ditya | prajurit kang anitih ||

2. gajah kuda ingkang munggèng kering kanan | sangkêp kaprabon jurit | kang anitih rata | wus samya munggèng têngah | barise mênga ing wuri | papaning rata | mubêng kang dèn kawruhi ||

3. lawan rata limang atus pêpêndhêman | lan dipanggèng wanadri | anjagani samya | bêbantu tarombolan | lêlajêr jaga tan osik | tinata tinap | kinăntha anggagahi ||

4. buta nujum anunggil lan sêsimpênan | kutug-kumutug sami | sigra parêng mangsah | sagung bala rêksasa | Prabu Sugriwa mangsiti | bala wanara | parêng mêre nadhahi ||

5. gurundaya nêba gêlaring wanara | kumrutug angêbyuki | lir ampuhan jawah | prahara aruhara | rupêk angrok angrêmpaki | nanggala kunta | brastha katiban wukir ||

6. ting sarêbut [sa...]

--- 298 ---

[...rêbut] badhama limpung căndrasa | pupug katiban wukir | akèh gajah pêjah | rata rêmuk katiban | ing watu lan wukir-wukir | bala rêksasa | rampak parêng mapulih ||

7. kadya guntur wukir rug bala rêksasa | angrik krura ngêbyuki | wanara apanggah | wuri saya gung prapta | mungsuh rowang kèh ngêmasi | wanara rucah | rujit pating saluwir ||

8. miwah ditya urakan rêmpak katampak | ing watu patang kêthi | ramening ayuda | lir bêlah kang akasa | bumi molah gênjot-gonjit | Bathara Rama | mulat solahing jurit ||

9. mar kumêsar mar maring bala wanara | pamusthikane tyas mamrih |[15] ngêningakên cipta | sêmadi jroning driya | tan pêgat pamintaning sih | maha bathara | wau ta kang ajurit ||

10. wre prawira krura rodra wulatira | wêlêng-wêlêng awêrit | sumêrot tandangnya | mèt jiwaning rêksasa | sinudhat kanaka sêbit | masinga nabda | lir gêlap manêngkêri ||

11. wontên ditya prawira asaha-saha | manduk manglimpung aglis | pyuhning wre cinandhak | ginilut wangkenira | angramês manginum gêtih | angrok mêmancah | wanara kèh kang kêni ||

12. miwah ditya kang bajo wêsi magalak | mangsah mêmawa lori | mangrampêd wanara | kumlasah akèh pêjah |

--- 299 ---

kombak we prange katitih | kasrêging lêbak | kapêlak susun akik ||

13. krodha kang wre mulat rowange kapêlak | kaombak sru kapipit | kumrubut umangsah | mamrêp manêpak pupak | mobat ring iku manêbit | ditya kèh pêjah | sinuwak akèh sêbit ||

14. miwah ingkang wre nênuwak kuku mangkrak | pyah jajaning rasêksi | anrusing wêlakang | kacaryan dènnya nuwak | wênèh cinandhak dèn indhit | praptèng gêgana | binantingakên siti ||

15. ditya rêmuk linud ing watu wangkenya | sirna rênyu nèng siti | ana kang wanara | nyandhak ditya nèng kuda | rinangkêp kalih binanting | mati lan kuda- | nira rêmuk nèng siti ||

16. krura wre mamulir guluning rêksasa | gumulung sru gumuling | gulimpang nanggulang | agul-agul wèh gagal | marunggul wanara jurit | gulu wus pêgat | gêgêlitan gulinting ||

17. wre prawira anampèl ukur kewala | ditya tikêl kawalik | wre mosil karyanya | rare mrih mêng-amêngan | mêngsah kang ditya gêng inggil | nurut wêlakang | anyêndhal konthol pêthil ||

18. kalubukan sinêndhal nêngên angiwa | ditya gènira jurit | ăngga tan lir ăngga | ana arupak pupak | bahune danawa sêbit |

--- 300 ---

akèh solahnya | wanara mrawasani ||

19. ramening prang lor kulon kidul lan wetan | parêng têmpuhing jurit | dhêdhêt mawalikan | lêbu mangampak-ampak | malês kasudiran sami | rahing wanara | awor rahing rasêksi ||

20. tandang kiwul ditya mêmanah wanara | satal gandhewanèki | kêndhênge sapucang | jêmparinge sadhêpa | pucuke malandhêp mingis | kadya siyungnya | Bathara Kala mangrik ||

21. galana wre pinanah parêng kaprapal | timpalnya kèh kapipil | rangkêp papat rantas | kapitu-pitu pêgat | cêngêlning[16] wre tibèng siti | giris umiyat | mirut kambah katindhih ||

22. ingkang kêna bahu bêt wêntis atatas | lambung-lambunge sêbit | ingkang ditya wira | ana tajêm mêmanah | mêtu naracabalani | awarna-warna | kumêbul angênani ||

23. marang bala wanara akèh katimpal | kumêcêk akèh cêpit | akèh pupu parah | tiba mangantak-antak | mawur wre prasamya miris | sinurung ditya | kasurung kambah kosik ||

24. Sri Bupati Sugriwa awas tumingal | bala wre kèh katitih | madêg sru ngandika | ngawe marang Anoman | Nala Nila punggawa tri | hèh Bayuputra | hèh Nila Nala aglis ||

--- 301 ---

25. mangimpuna katub balanta wanara | payo pagutna aglis | katri parêng nêmbah | Risang Narendra Rama | miwah marang Sugriwa glis | mêre umangsah | katiga krura sêkti ||

26. sarwi ngundhat Anoman mangkrak wuwusnya | hèh wanara sirèki | apa miris ing prang | wêdia mati padha | durmala dhustha ring bumi | munyuk tan pedah | naraka kopinanggih ||

27. apan iki jawata mangejawantah | kang nuduh ing ajurit | myang narendranira | Sugriwambêk pandhita | yèn padha miris ing pati | patimu sirna | awor lawan mêmêdi ||

28. tur sineksa sira saananing surya | pan sira iki dadi | pangrurahing murka | panglêbur gêlah-gêlah | patimu nêmu swargadi | trus tinarima | ing Sang Hyang Otipati ||

29. lan patimu saênggon-ênggon ora sah | ngupakara sayêkti | ring Sang Wisnupada | apa pangluwihira | pangupaya liyan iki | angin lan toya | mega kukus lan agni ||

30. kabèh ngupakara ring Wisnu Bathara | sato-sato kumêlip | anggêpe sumakta | sira iki wanara | duskarta tan wruh ing bêcik | uripa apa | gunanta tanpa dadi ||

31. kunêng wuwusira prawira Anoman | Nila Anala sami | wre giyak sadaya | miyarsa wuwusira |

--- 302 ---

manggala prawira katri | bangun tyas sura | sêrêg parêng mapulih ||

32. rasa-rasa karasa rêrasanira | Nila Nala Maruti | wre parêng umangsah | sangkêp kapraboning prang | mupak watu bêdhol wukir | masrang umangsah | parêng singa nabda ngrik ||

33. aruhara gorarèh manêngkêr wiyat | ambyuk parêng ngêbyuki | Baliputranggada | ing wuri mrih mamriha | kumrubut pagut gut amrih | nêmpuh anunjang | ditya panggah gagahi ||

34. têmpuh uwor watu amapasi gada | limpung badhama basmi | katampak ing arga | kundur ditya kèdêran | kaparak kombak katitih | kèh pêjah parah | gêlasah bosah-basih ||

35. kadya guntur-gumuntur rèh magênturan | ngrêk bala ditya kosik | rusak kasêrakat | kumrusuk kang wanara | angrèb manampak-nampaki | patining ditya | rinêbut ing wre rujit ||

36. sumarambah rah muncrat utêk sumirat | Nila Nala Maruti | anyandhak andhupak | pêluk palu kêpala | ditya prawira kèh kêni | tutuk syuh sirna | sirah winatu wukir ||

37. akèh longe wil punggawa kêtandangan | wanara wuru gêtih | riwuting ayuda | rok rusak kang rêksasa | mangsah akiwul wil wuri | para prawira | mutêr parasu

--- 303 ---

piling ||

38. limpung kunta nanggala cakra căndrasa | kartala pugar lori | krura singa nabda | galak mamrih wanara | caruk rukêt silih-ukih | kakah-kakahan | samya surane kalih ||

39. pupug popor têmpuhning palu-palu tal | lan limpung uwor basmi | brastha kalihira | samya galak kruraya | wanara kuwat kawalik | agênging ditya | bakuh kèh angakahi ||

40. rinêbut ing wanara winolu sanga | danawa siji rujit | rinêjêng karajang | kinuku-kuku mangkas | rahnya malabar nèng siti | rêksasa kombak | kambah kosik katitih ||

41. tanpa rungyan ing asmara pabaratan | panggrênging buta kanin | panjriting wanara | ingkang anandhang brana | bêgor gurnang bèri-bèri | suling makêndhang | kêndhang makêthi-kêthi ||

42. aruhara wor surak wuru wurahan | têdhuh dhêdhêt wiyati | dhèdhèt tan akêndhat | gêtêr patêr wurahan | putêran kumlab mathathit | sumyur sumirat | tranggana ngasmarani ||

49. Asmaradana

1. wau ta bala rasêksi | sor titih madyaning laga | wontên dipăngga sang katong | ngungkul-ungkuli gêngira | gadhing lungit apanjang | ing nguni tate ingadu | aprang munahakên lawan ||

2. sami lan dipangganèki | ing nguni

--- 304 ---

Bathara Endra | prakosa kadigdayane | sampun rinasuk rasukan | kapraboning ayuda | ingangsahakên pinagut | wre nèng singub têgal-têgal ||

3. wre kang rèrèn jurang curi | pèrèng garumbul akathah | tan ana swara praptane | ngobrab-abrik[17] kang dipăngga | ngrampêd bala wanara | kèh tumpêsing dipăngga gung | mêngkab ngarsa wuri prapta ||

4. Narpati Sugriwa aglis | angawe sagung prawira | kumêrab mangsah samya ngrok | ngrok ngrubut amrih dipăngga | sagung wre kang prawira | kumroyok susun pan atub | malu-mapalu manampyal ||

5. ana nyandhak gadhing-gadhing | kuping-kuping pukang-pukang | buntute miwah têlale | ana mènèk nèng wêlakang | ana ring ula-ula | parêng nyêndhal jêbol jabut | gadhinge kalih pinokah ||

6. ana malu polonèki | sirah bêncah gigir bêlah | iga gigal gulu pêdhot | rênyuh kawaca awor rah | rinubung-rubung rêbah | rinêjêng jur ginarumung | rusak wangke kasêrakat ||

7. kulit-kulit sinasêbit | sukunya wus pêsat kapat | sirna sêsuwir wangkene | ngungun kang bala rêksasa | sirnane kang dipăngga | tanpa sesa ajur mumur | sabên-sabên pan digdaya ||

8. pamunahing [pamunah...]

--- 305 ---

[...ing] satru sêkti | mangkana bala rêksana[18] | punggawane mangsah kabèh | gumrubyug masinga nabda | gumuruh prakampita | wanara panggah apagut | wil gêrêng wre mêre mangkrak ||

9. kadya manêngkêr wiyati | dhêdhêt ngasmaradilaga | prawira ditya pagute | miwah prawira wanara | prakatha kadi gêlap | tan surup marangkêp tugur | sura prawira nirbaya ||

10. matangguh prawira sami | ing dhadha dhêndha-dhinêndha | têmpuhing wrêksa gêng popor | akuwêl candhak-cinandhak | rame sêndhal-sinêndhal | ana parêng buta kumprung | tinarik karangkang-rangkang ||

11. dhinupak sirahe kêni | pêcah dalêdêk ingkang rah | ana wanara sinampe | ing limpung putung iganya | tinêpak jaja bêngkah | cinacah-cacah wangkyajur | wangke syuh inginum kang rah ||

12. ana rêksasa binanting | ing watu ajur bangkenya | ana wanara narombol | sinampe puthul sirahnya | akèh solahing aprang | kunarpa susun atimbun | tambaking rah ambêlabar ||

13. mangsah kang wil sura sêkti | anambut bala wanara | parêng sapuluh pêgate | cêngêle tumibèng lêmah | mangsah wanara wira | wil sinampe kabarubuh | ing wrêksa bongkot sagajah ||

14. sinêndhal gulu kabanting | gulimpang paksa nanggulang |

--- 306 ---

dinugang bêncah jajane | rah muncar yèn ucapêna | ramening ing paprangan | rudiranya ambêlabur | kombak wangke-wangke mêngkab ||

15. daludag anglêlumuti | wangkene dipăngga kadya | karang-karang nèng pinggire | sirah kang pêdhot lir padma | malêlêng mabang kang rah | bangkene wil wanara wur | makêthi mayuta-yuta ||

16. tinon angebat-ebati | bumi bang sapraja Lêngka | yayah jaladri rah angrob | sêsuwiran kadi sarah | bahuning wil wanara | kumambang-kambang pan kanyut | usus mulur maliwêran ||

17. kadya guntur rah umili | sinaut ing ratri kathah | laweyan sami angokop | angigêl banaspatinya | suka adus nginum rah | prajurit kangelan dulu | tan ana kang arsa nadhah ||

18. saking sayahirèng jurit | kawuwusa ri kamantyan | baskara mijil katongton | ngênani ring pabaratan | sinang kadi rinêngga | sirah pukang bahu gêmbung | abra makurah rudira ||

19. prajurit rêksasa mijil | munya têngara sauran | gong bèri kêndhang akêthèn | ewon salomprèt lan gubar | gurnang gumuruh samya | swaraning ditya kadya rug | guntur-gumuntur kang arga ||

20. pasang samakta matitip | sagung kang bala wanara | tansah sajuru-jurune |

--- 307 ---

wong agung Ramawijaya | munggèng palăngka rêtna | Lêksmana Sugriwa ngayun | lawan Arya Wibisana ||

21. wanara kang pra dipati | aglar atêpung akapang | samya nindhihi barise | kadya wah bala palwaga | jêjêl gêbèl wurahan | dhêdhêt lir mêndhung ngêndhanu | mangkrak krura singa nabda ||

22. lir kocaking jalanidi | untabing bala wanara | ana ditya gêng kinaot | agêng kabopatènira | ngrèh samaning punggawa | myang dêdêge gung aluhur | prakosa pun wil Prajăngga ||

23. kadya kang prabata siwi | wok godhèg bris rambut panjang | anggêgilani warnane | siyung mingis landhêp panjang | sira sang wil Prajăngga | mangsah dharat sikêp limpung | praptèng rana gora sabda ||

24. ebat kang samya ningali | solahira wil Prajăngga | gumalêgêr sêsunbare[19] | yayah wagyut kang prabata | Sri Bupati Sugriwa | angatag punggawa sampun | mangsah Sêmpati prawira ||

25. ngundha prawira Sêmpati | wrêksa sana sadipăngga | ngrêmpayak maksih rondhone | praptèng rana yun-ayunan | Sêmpati măntra tindak | ngadhèdhèr mrêpaki mungkur | sêbut mubêng gulu molah ||

26. Prajăngga gumuyu angling | monyèt sapa aranira | kudu mapag tandang ingong | paksa luwih tanpa

--- 308 ---

ngrasa | dene munyuk urakan | pithêrên kêthur ngathuthur | tan prayoga nèng paprangan ||

27. mung pantêsmu gendhong cêngkir | tumrêcêp kêkalung kacang | si dhangkamu nèng kêkayon | amadal pang sabên dina | Sêmpati mèsêm mojar | hèh dik si rêksasambêndhul | si gêgêdhêg anèng jagad ||

28. ingsun punggawa Sêmpati | andêle Prabu Sugriwa | dudu wre rucah pan ingong | bupati nyêkêl parentah | lêlajêr ing Kiskêndha | pan rongatus patang puluh | gêgêdhug pangrèh wanara ||

29. para bupati kinathik | mring prabuningsun Sugriwa | miwah mring batharaningong | Narpati Ramawijaya | kabèh dèn êla-êla | mracocor si buta bênggul | aywa baribin mayo prang ||

30. ngigêl prawira Sêmpati | kadya manyura kirab lar | ing asta kiwa samire | winiwir astane kanan | munggul amandhi wrêksa | sêbat-sêbut mingêr mungkur | anggung pacak gulu molah ||

31. marêp dhadhar marêpêki | abêksa sang wil Prajăngga | asulengkrangan bêksane | limpunge mubêng nèng asta | molah akiprah-kiprah | Prajăngga nibani limpung | mêsat Sêmpati tan kêna ||

32. munyuk aja kêsit-kêsit | tadhahana limpung ingwang | iki Prajăngga andêle | prabuku

--- 309 ---

Sri Dasamuka | sigra kang wil Prajăngga | wanti-wanti nabêt limpung | wira Sêmpati tan kêna ||

33. adangu dènira jurit | wawas-winawas kalihnya | prasamya mèt kacidrane | mundur mungkur lincak-lincak | linuding wil Prajăngga | gapyuk marangkêp acaruk | kalihe samya digdaya ||

34. uwal Sêmpati mêsat ring | gêgana nora antara | prapta ngadhèdhèr solahe | nèng ngarsane wil Prajăngga | dhinêndha dhrês malumpat | Prajăngga solahe wagu | Sêmpati luwês ing yuda ||

35. akêbat cukat tarampil | kadya sêsiringe kilat | Prajăngga pijêr jadhodhog | sayah binêkta lumumpat | sigra wau dhinêndha | ing wrêksa kêna dhasipun | pêcah pêjahe Prajăngga ||

36. krura mulat Puthadaksi | rêksasa pan bahni wisa | umangsah lawan arine | Pratamadaksi kang nama | sami wisa kalihnya | praptèng rana netranipun | macicil mandêng wanara ||

37. kumukus netrane kalih | anglandêng mêtu wisanya | wanara pating prakètèk | markitik gêsêng wulunya | mirut bala wanara | saparane mawur-mawur | wre kobong wulune samya ||

38. kapindra Sugriwa aglis | angawe Kapi Anala | umangsah têpung dadine | dahana sami

--- 310 ---

dahana | sigra Kapi Anala | mangsah nêngah gupuh-gupuh | Puthadaksi mandêng sigra ||

39. Anala datan markitik | tan kobong sariranira | hèh sapa aranmu monyèt | tawa marang wisaningwang | Anala asru mojar | Wisakarmat muja ingsun | Anala andêling aprang ||

40. apa sira Puthadaksi | buta wisa ing Ngalêngka | si dik durjana yudane | sarwi anglumpati sigra | Puthadaksi cinandhak | gya pinulir gulunipun | cinandhak binêthot pêjah ||

41. wus sirna wil wisa kalih | dene[20] Sang Kapi Anala | sinêmpal-sêmpal bangkene | umung jawatèng ngawiyat | lumrang manadukara | jaya-jaya pan gumuruh | ngudanakên kêmbang-kêmbang ||

42. widadara widadari | salamining ramening prang | puyêngan agung swarane | prasamya asêsugata | ngurmati kang samya prang | ing ngawiyat angêndhanu | Nêrada kêpala dewa ||

43. suka kang samya ningali | gumuruh ing pabaratan | kayungyun kang wre yudane | dènira mungsuh rêksasa | samya gora sabdanya | sigra krodha mangsah gupuh | wil Jambumangli prakosa ||

44. nênggalanira pinusthi | galak pêksa nglêbura ya | mungsuh wanara sakèhe | sigra sru masinga nabda | Dyan Arya Bayusuta | mangsah mangkrak sadayèku | gêgêdhug durjanèng [dur...]

--- 311 ---

[...janèng] jagad ||

45. anggêrêng ngong Jambumangli | lajêr Bupati Ngalêngka | tate gêmpur praja gêdhe | ngaturkên bêbandan raja | mring prabuku Rahwana | Anoman ngagagi gunung | asumbung si buta dhustha ||

46. dene ing nguni anggêndring | duk prang taman Argasoka | mêngko dadak gawe angkoh | angaku prawirèng jagad | lah iki tadhahana | sigra binandhêm ing gunung | suh Jambumangli wangkenya ||

47. krura bupati sinêkti | punjul kaprawiranira | arang kang năngga bobote | Ngalêngka gêgêdhuging prang | tate nguwisi karya | prakosa agung aluhur | nênggih anama Mintragna ||

48. angagêm limpung ngajrihi | solahe kagila-gila | ngukul-ungkuli[21] ing akèh | ambêk tan kasora ing prang | prawira wil Mintragna | masinga nabda gumuntur | aminta yuda kanaka ||

50. Pangkur

1. tandang Arya Wibisana | nêmbah ring Sang Ramawijaya aglis | mangsah dharat wre gumuruh | mulat Sang Wibisana | magut ing prang wanara surak gumuruh | makanjar acikrak-cikrak | wau kang ayuda kalih ||

2. wus panggih ayun-ayunan | Wibisana lawan Mintragna aglis | hèh Gunawan sira iku | nisthaa tinggal kaka | ingsun kinèn amocok utamanggamu | jêr sira satriya nistha | damèng

--- 312 ---

parikrama balik ||

3. saking jrih mungsuh wanara | jêjêmbêri satriya kênèng pidhir | kêkês aprang lawan munyuk | ina saktika gawat | bagus anom tinggal nagara anungkul | milu wre datan prayoga | Wibisana mèsêm angling ||

4. hèh Mintragna bênêr sira | ngucap-ucap nisthane wong ambalik | ninggal maring ratunipun | tur ratu kadang tuwa | nanging wênang yèn ingsun tinggala ratu | yèn têtêp anèng Ngalêngka | kêna durmala nèng bumi ||

5. yèn mungguh Si Wibisana | yêkti seje lan sagung pra dipati | cêcêdhis mrih pati bingung | ingsun mrih pati arja | nadyan kadang lamun ratu arubiru | durjana duskartèng jagad | druhaka kang anunggoni ||

6. Mintragna angundha kunta | Wibisana tan wurung sira mati | tadhahana iki limpung | Mintragna gora sabda | anibani limpung lir ancala guntur | tadhah Arya Wibisana | wêntala tan angênèni ||

7. katiban limpung tan obah | wanti-wanti Arya Wibisana glis | sigra ngikal gadanipun | Mintragna gya ginada | rêmak rêmpu katiban gada malêdug | pêjah sang wira Mintragna | wre mulat suka samyanjrit ||

8. wre samya mawijah-wijah | langkung-langkung sukane aningali | Wibisana prange unggul | mangsah sang wil Pragăngsa |

--- 313 ---

prawira ing yuda kanugara punjul | mangsah ing rana nirbaya | gora sabda manêngkêri ||

9. nêmbah sang wanara raja | mring Narendra Ramadewa nulya glis | mangsah ing payudan pagut | gumuruh kapi bala | wre ibêkan anon prabune umagut | Pragăngsa mulat Sugriwa | mumbul marang ing wiyati ||

10. Pragăngsa pan wus uninga | mring Sugriwa prabuning wre miyosi | Pragăngsa anguwuh-uwuh | hèh Narpati Sugriwa | anusula yèn sira prajurit tuhu | payo aprang ing gêgana | Sugriwa sru dènira ngling ||

11. hèh rêksasa doracara | Si Pragăngsa ngucira ing wiyati | sinusul sampun kasusul | pagut prang ing gêgana | têmpuh rangkêp mamrêp pinrêp parêng runtuh | dadya aprang ing dharatan | Pragăngsa dinêdêl kêni ||

12. pasah dhadhanira dhadhal | syuh tinampêk amung astanirèki | arswambêg pra dewandulu | ngudanakên masêkar | de Sugriwa matèni wil prawira gung | mêmuwus anjaya-jaya | manadukara wêwangi ||

13. miwah kang mati pinudya | prawira ring rana manggih swargadi | mangsah malih wil gung luhur | Bajramusthi prawira | mangikikan gora sabda ngagêm limpung | wre Arimenda amapag | têmpuh wor ukih ngakahi ||

14. Bajramusthi gora sabda |

--- 314 ---

hèh wre sapa umangsah ambêg julig | iya Arimenda ingsun | sêntanane kapindra | sira sapa gora rodra pêthar-pêthur | Bajramusthi andêling prang | parêng pagut silih ukih ||

15. amrêp pinrêp krura tandang | midêr kèdêr badhama mamrih piling | palu pêlak parêng pêluk | rangkêp rukêt mrih uwal | kapluk kapruk kumêprak bandul-binandul | Bajramusthi pinêlandang | pêgat gulune pinuntir ||

16. gumuruh rèh magênturan | kapi bala suka mawijah atri | dènnya dangu aprang caruk | pra dipati wanara | samya unggul mangkana wau kadulu | mangsah pun wil Anipraba | prakosa taruna sêkti ||

17. wanara Anila mangsah | mapagakên Anipraba prajurit | palu-pinalu malupuh | pêjahe Anipraba | dening Kapi Anila mati tan dangu | wau sang wil Wirupaksa | kang atêngga jroning puri ||

18. kacaryan miyarsa surak | tan anganti tinuduh sigra mijil | suka kasusu prang pupuh | umangsah sikêp kunta | angajrihi Wirupaksa tandangipun | sigra Taruna Lêksmana | mapag ing Wirupaksa glis ||

19. Wirupaksa gora sabda | sapa ingkang mapaga yuda mami | dudu wanara sirèku | baya Si Ragutama | hèh rêksasa durcara tanbuh maringsun | ingsun Truna Sudarsana | kadange [kadang...]

--- 315 ---

[...e] Sang Dasarati ||

20. iya Lêksmana Widagda | myang Sumitratmaja pan iya mami | ya Sang Truna Wimbaningrum | Si Andaka Siwaya | Niti Atma Tanggul Maruta ya ingsun | Wirupaksa latah-latah | hèh babo pating talêning ||

21. miyêg-miyêg sagotongan | apa kêlar nadhahi kunta mami | sira yèn tan wruh maringsun | pan ingsun Wirupaksa | pêpatih jro angrèh bupati gung-agung | lajêr ngasmaradilaga | ngong tate nguwisi kardi ||

22. tadhahana kuntaningwang | Wirupaksa angunta wanti-wanti | tinangkis jêmparingipun | kuntane Wirupaksa | tan ngênèni Lêksmana Widagda luput | anggro gurnita ibêkan | krura Wirupaksa amrih ||

23. nyandhak anaut umangsah | yitna èngêt Radèn Sumitrasiwi | ngadêgakên langkapipun | astra sura wijaya | wus lumêpas manglanjak janggane lampus | pêjahe wil Wirupaksa | punggawa ditya ngrês miris ||

24. akèh longe kang punggawa | ing Ngalêngka gêgêdhuging ajurit | ingkang mangsah-mangsah lampus | tan anaa kiwula | pra dipati wanara sadaya wutuh | kalong wre rucah kewala | dyan mangsah Radèn Indrajit ||

25. anitih rata gothaka | gumrit ratanira ing rana prapti | busananing rata murub |

--- 316 ---

kanaka sinasotya | sigra Rajaputranggada nêmbah magut | mandhi wrêksa gêng prakosa | mêsat ing rana wus prapti ||

26. pan sampun ayun-ayunan | Baliputranggada lawan Indrajit | wanara surak gumuruh | miwah bala rêksasa | surak anglir arga rug guntur-gumuntur | karone sêdhêng taruna | Baliputra lan Indrajit ||

27. mojar Arya Meganănda | hèh Anggada sira kang mêtu jurit | sêdhêng atandhing lan ingsun | sira pinutra-putra | mring Narendra Rama tandhing padha sunu | ingong Buminataputra | Ngalêngka pakuning jurit ||

28. sira anak Dèwi Tara | ingsun iki anake Dèwi Tari | padha Endra kakinipun | ingsun kêlawan sira | sêdhêng angrok băndawala têpung bahu | saarjane kawijayan | Anggada sugal nauri ||

29. iya sênadyan padhaa | putwèng Endra jêr kogêdhêg ing bumi | anaking danawa bingung | gêlah-gêlah ing jagad | rêksasa dhik doracara satingkahmu | Dasamuka satru murka | duskarta murka nèng bumi ||

30. Anggada mêrpêki sigra | mupuh ratanira Dèn Indrajit |[22] ing wrêksa gêng rêmuk ajur | lan pangiride sirsa[23] | tibèng siti Indrajit malumpat gupuh | ngungun mundur kawirangan | ratanya syuh awor siti ||

31. salamining magut [ma...]

--- 317 ---

[...gut] ing prang | dèrèng nate asor Radèn Indrajit | Bathara Endra pinagut | kasoran dening sira | mangkya ewa sinuraking dewa umung | ngudanakên kêmbang-kêmbang | muwus jaya-jaya sami ||

32. mastuti ing Baliputra | suka miyat sri narendra pêpuji | miwah Sang Lêksmanasadu | Sugriwa Wibisana | samya suka Anggada prawirèng pupuh | wau ta Sang Meganănda | anjujug si sinom prapti ||

51. Sinom

1. langkung sungkawaning driya | wau Rahadèn Indrajit | sarêmuke ratanira | pêjahe kuda pangirit | sigra mangsah sêmadi | mring pahom kukus kumêlun | sangkêp sarating puja | mêdêd mêmêndêng sêmadi | amot măntra puja Arya Meganănda ||

2. kunêng kang lagya mêmuja | Indrajit mêndêng sêmadi | wau kang mêksih ayuda | Bathara Rama winarni | rumêksèng balanèki | dènnya sangêt sayahipun | dadya narendraputra | anglêpasakên jêmparing | mêtu kêthèn angêbêki pabaratan ||

3. sanjata atumpa-tumpa | ngênani ditya prasami | kang katênggêl gulu pêgat | saênggon-ênggon ingkang wil | binujung ing jêmparing | dalêdêg sangsaya agung | ngêbêki ing ngawiyat | ing dharat ditya prasami | kang katêmpuh ing jêmparing

--- 318 ---

kagegeran ||

4. ana kang buta satunggal | kabutuh tan milu lari | rinubung ing panah kathah | kumêrsêk saengga suji | têkan wêlakangnèki | kadi landhak yèn dinulu | ana kadi tangkulak | tutuk kêbêk angêbêki | ting galêmbor wurahan bala rêksasa ||

5. jêmparing maksih lir udan | nibani rêksasa sami | kadi talajug mêmangsah | sawênèh ditya kang kêni | rinubung ing jêmparing | rêksasa kaku tyasipun | têmah nêmpuh wanara | mêmatèkkên angganèki | angurmatya kiwula bala wanara ||

6. puyêngan bala rêksasa | tambuh paranirèng ngungsi | saênggèn-ênggèn tan ana | kasêlan ingkang jêmparing | dadya rêkyana patih | bubarakên barisipun | kêbut maring jro kitha | tan ana kari satunggil | kang rêksasa gusis samya ngungsi kitha ||

7. lir sinapon jawi kitha | amung rêksasa kang mati | bêlasah susun atumpang | ngrêrawa rahira mili | kunêng kang sampun gusis | jro kitha barise tugur | kang mungging jawi kitha | mung wanara kang ngênggèni | pan kinêmput-kêmput kitha ing Ngalêngka ||

8. praptèng dalu kawarnaa | Sang Rajaputra Indrajit | pan maksih sêmadinira | pêtêng jagad tan kaèksi | lor wetan dhêdhêt sami | kulon wetan miwah [mi...]

--- 319 ---

[...wah] kidul | ngangsêg sêmadinira | yoga mayanira mamrih | nagapasa kang pininta jroning puja ||

9. katon tandhane katrima | sariranira Indrajit | kadi tutug ing akasa | katon sêktining sêmadi | mingis ciptanirèki | tan kasoran ing prangipun | sigra amênthang langkap | jêmparing gêng kang kinanthi | naga luwih nguni kang saking jawata ||

10. ratri mangsah rananggana | gora gambira sabda ngrik | gêtêr patêr mawurahan | lor kidul swara ngêbêki | lindhu rêg bumi gonjing | purnang gêgana kumêtug | prawira Meganănda | kagyat wre mirsa swaranjrit | kadi guntur tan katon kang duwe swara ||

11. jagad kadya kaèbêkan | sêdhih wanara prihatin | dene ta swaraning apa | sarta pêtênge tan sipi | sigra Radèn Indrajit | nguculkên sênjatanipun | dalêdêg mêtu naga | gêng apanjang tanpa wilis | mingis krura kumêbul sami wisanya ||

12. rêbah kang wre anggêlasah | samya ngrês nangis maringis | pambêbêding nagapasa | bahu prapta maring sikil | rapuh angganya sami | gumêrpêk êmar tur lêsu | sawusnya kawêratan | bala wanara tan kari | nguculakên panah malih nagapasa ||

13. ngênani Rama Lêksmanana |[24] ambêbêd wong agung kalih | naga gêng bahu mangandhap |

--- 320 ---

sarira kadya ginodhi | rapuh mar aningsêti | wong agung kalih wus acum | lir wulan karahinan | tanpa teja wênês manis | mar kumêtêr wong agung Rama Lêksmana ||

14. gumuruh kang kapi bala | kumêrsêk samya anangis | sêsambat Rama Lêksmana | gusti wontên paran iki | punapa mungsuh prapti | tan ana rupaning mungsuh | dhuh gustiningwang juga | tan ana bathara mami | kabèh-kabèh urip ning pada bathara ||

15. măngka sêrananing jagad | tan lyan ing paduka gusti | kang asih ing kapi bala | sadaya samya sinarik | ing Dewa Warawidhi | tinêkaning agung wuyung | dhuh gusti nataningrat | dèrèng malês sihing gusti | anggung mar mawèh pênuh bala wanara ||

16. paranta sampening karsa | munahna murkaning kabumi |[25] mangkya ta kaliwat papa | yèn wande karsaning gusti | tumpêsa kabèh sami | apa gawe wèt tumuwuh | dêlap nora kuwasa | ngilangna brataning gusti | dewaningwang wong agung Rama Lêksmana ||

17. saparan-paran mangkana | lor kidul wetan anangis | kulon miwah ingkang têngah | gumêdêr wurahan nangis | Narpati Sugriwa glis | krodha lathinya manaut | madêg anuli lênggah | bêkuh-bêkuh ambêg pati | ya ta kagèt gupuh Arya Wibisana ||

18. mêdal [mê...]

--- 321 ---

[...dal] amênthang gandhewa | pêtêng dhêdhêt wus andugi | tumênga ngayati panah | hèh ika ta Si Indrajit | kang duwe panggawèki | dhusthèng palagan satuhu | Indrajit awas mulat | lamun ingkang paman prapti | ajrih sangêt marang Arya Wibisana ||

19. lumêpas sênjatanira | Indrajit umêsat aglis | lumayu matur ing rama | mêngsah sampun angêmasi | wanara tumpês tapis | Rama Lêksmana wus lêbur | kêna ing nagapasa | ula sangsaya ningsêti | nêngna bae padha tontonên kewala ||

20. Dasamuka langkung suka | rinangkul putranirèki | amuji sêktining putra | sagung pusakanirèki | pinaringkên Indrajit | myang rêtna-rêtna sotya gung | wus gumyah kang rêksasa | yèn mungsuh wanara basmi | wus kabănda dening panah nagapasa ||

21. wong agung Rama Lêksmana | myang Sugriwa tanpa sêkti | suka minum-minum samya | wutah donya jroning puri | marang satriya mantri | miwah punggawa gung-agung | kang arum-arum aglar | anayub ing siyang ratri | kunêng ingkang kasukan gantya winarna ||

22. kang anèng jawining kitha | saungkurira Indrajit | kawênangan Wibisana | pêtêng ilang padhang prapti | kabèh samya kaèksi | wadya wre pan kabarubuh | miwah wong agung Rama- | wijaya lawan kang

--- 322 ---

rayi | Sang Taruna Lêksmana pan samya rêbah ||

23. wre mulat ing gustinira | sadaya samya anangis | akathah sêsambatira | miwah wre prawira sami | suka matia dhingin | yèn tan luwar gustinipun | kunêng malih winarna | kusuma Putri Mantili | pan ingusung munggèng ing wimana rêtna ||

24. binêktèng jawining kitha | tiningalakên sira glis | marang ing Rama Lêksmana | miwah wanara kang sami | gêlasah tibèng siti | atap matitip atimbun | awas dènnya tumingal | aniba Putri Mantili | iya saking wimana rêtna kantaka ||

25. tanpanon rat idhêpira | sasat kunarpa sang putri | kagyèt kusuma Trijatha | anjrit sigra anungkêmi | sêsambat amlas-asih | sampun age-age lampus | kawula antènana | punapa ajrihèng pati | yèn wus nyata sirnane Prabu Sarkara ||

52. Dhandhanggula

1. apan ora dèn andêla ugi | Si Trijatha iki dumèh ditya | nora yêkti saujare | pan uwis ujar ingsun | yèn matia mèlu ngêmasi | dêlahan ngèstupada | tan atolèh ibu | rama lan nini tan ketang | mung dhèwèke gone urip pati mami | lah wa dèwi wungua ||

2. ing pangimpèn tan nêdya ngoncati | iya dhèwèke bêtharaningwang | rêtna-rêtna [rê...]

--- 323 ---

[...tna-rêtna] pinangkane | Trijatha nangis asru | anjrit-anjrit babo wak mami | nora kandêl prasêtya | dumèh trahing diyu | tinarka bodho sasmita | ibu rama dhuh nini Dèwi Sukèsi | ulun amit palastra ||

3. angur silih ngêmasana dhingin | sêdyaningsun sanadyan matia | aja tinggal upayane | sun takon bapaningsun | Wibisana iku undhagi | gunawan wicaksana | parikrama putus | yêkti wruh durung winarah | jaman ngêndi putri adi kudu mati | tan nganggo subasita ||

4. ya ta wau Sang Putri Mantili | amung kari kêkêtêg kewala | mung sadumuk paningale | Trijatha tangisipun | kapiyarsa saking jro ati | obah panuduhira | kusumaning ayu | Rêtna Trijatha tumingal | dyan ingatag ditya mikul wimanèki | wangsul mring taman Soka ||

5. ditya ingkang mikul wimana jrih | sinarandu mring Rêtna Trijatha | sigra wus dèn inggahake | mring wimana sang ayu | ngusung marang ing taman sari | prapta ngling sang lir rêtna | Trijatha rinangkul | adhuh-adhuh sutaningwang | sira iki ngrêregoni wong mrih pati | belani maring priya ||

6. Rêtna Trijatha umatur aris | dalanane nora ngregonana | jêr tan patitis belane | punapa tamtunipun | kangjêng uwa pan [pa...]

--- 324 ---

[...n] dèrèng pasthi | nadyan bala wanara | rêbah kabarubuh | dèrèng kantênan ludhêsa | wus jamake asor unggul ing ajurit | wau tingal kawula ||

7. nagapasa ingkang analèni | marang sagung kang bala wanara | ing pinggir katingal dene | kawula duk ing wau | pandamêle kakang Indrajit | sabên-sabên yèn aprang | makatên rumuhun | kula têtakon pun bapa | kantênane unggul asor ing ajurit | seda utawi gêsang ||

8. nêmbah mêsat Trijatha wus prapti | ing paprangan jujug gèning bapa | anêmbah alon ature | pukulun bapaningsun | kula langkung susah kang ati | tumon Janakatmaja | binêkta ing wau | dhatêng rananggana mulat | ing tumpêse wanara tan ana kari | kenging ing nagapasa ||

9. miwah narendraputra ngêmasi | lawan Lêksmana tuwin sadaya | ingusung nèng wimanane | sang rajaputri kantu | niba saking wimana rukmi | kawula kang amriha | kèn ditya kang ngusung | wangsul maring taman Soka | malah mangke akêdah anganyut pati | belani maring priya ||

10. lah ing mangke bapa kadipundi | dadosipun jêng narendraputra | punapa tulus apêse | sirna sabalanipun | Arya Wibisana lingnya ris | hèh nini wruhanira | aja sira wuyung | dèn têtêp angèstupada |

--- 325 ---

iya maring kusuma Putri Mantili | dene kang ora-ora ||

11. iya apa Wibisana iki | dêstun têmên tan wruh subasita | kadurus ing buta bae | tan wruh ing ala ayu | ngèngèr maring wong bakal mati | bakal apês ing yuda | nini dipun emut | pama ing mêngko rusaka | Prabu Rama bumi sirna langit bêsmi | runtuh baskara căndra ||

12. apan iku lumrah wong ajurit | asor unggul apan kalampahan | nini matura dèn age | têlasna turirèku | lamun ingsun kang anangguhi | gustimu aturana | aywa magêng wuyung | nora-nora praptèng lena | yèn sadaa[26] sang narpatiputra mangkin | jagad sayêkti sirna ||

13. wus nini lah muliha dèn aglis | iya maring taman Argasoka | Trijatha tur sêmbah lèngsèr | mêsat atêmah mabur | ya ta wau Putri Mantili | saungkure Trijatha | nangis layu-layu | dhuh dewa batharaningwang | sasmitaa yèn èstu antaka gusti | dewa sampun antara ||

14. lawan dasihira kang belani | dewa dèwi bathari bathara | nulus têmên niayane | norana atêtulung | iya maring gustiku iki | pijêr ta kasangsaya | brangtane kalaut | kadurus kadarawasan | papa bae babo putri ing Mantili | kumantil-kantil kontal ||

--- 326 ---

15. kapan baya nir bêbaya mami | angur banjutên jawata inggal | tumuwuh tanpa tuwase | gung dukaciptanipun | lagi tumon jawata mangkin | lakune ngomandaka[27] | duk sêmadi tèngsun | mêminta rahayuning prang | nuli ana prapta riris-riris wangi | dene mêngko soring prang ||

16. pangeranku rêbah ing ajurit | lawan sagung kang bala wanara | tan wus ucapên tangise | miwah sêsambatipun | kawuwusa Trijatha prapti | niyup saking gêgana | sumungkêm ing suku | umatur Rêtna Trijatha | adhuh dèwi pun bapa sangêt wêwêling | botên praptèng antaka ||

17. uwa Prabu Ramawijayèki | pan makatên wêlinge pun bapa | Gunawan Wibisanane | dhenok muliha gupuh | umatura ring rajaputri | kongsia praptèng tiwas | kang raka prangipun | tri buwana parêng sirna | tan ana rat sira lawan ingsun iki | katut lêburing jagad ||

18. tangguhana gustimu sang putri | aywa magêng kandhahan bêbaya | lagi bathara karsane | nyêngkakakên sêsêpuh | yèn ajaa kênèng bilai | Prabu Ramawijaya | liyan ditya diyu | kabèh manungswa-manungswa | yêkti narka Batharadi Otipati | Sang Hyang Jagad Pratingkah ||

19. nora nana wong muja sêmadi | dadi ilang wong nêbut bathara | mring

--- 327 ---

Narpati Rama bae | pan dhenok nora wurung | ing sirnane wakira aji | Dasamuka Ngalêngka | dènira Sang Prabu | Ramawijaya ngayuda | iya lagi ngantèni mangsane nini | wau duk amiyarsa ||

20. rajaputri kusumèng Mantili | ing aturira Rêtna Trijatha | lêjar kabèh sungkawane | kunêng malih winuwus | ingkang lagya kasoran jurit | Si Sang Ramawijaya | lan sawadyanipun | kang kêna ing nagapasa | kadya rêmak sarira sasat ginodhi | dening bujănggapasa ||

21. duk samana wong agung anglilir | netranira tanpa panoning rat | rah sumyar ing wêdanane | sumungsung wisanipun | amung cipta ingkang mrih eling | Sang Arya Wibisana | mangsah nêmbah matur | pukulun rayi paduka | saking taman ingusung wimana rukmi | kinon tumonton ing prang ||

22. rajaputri aniba kapati | saking wimana mulat balanta | wanara rêbah sakabèh | nanging binêkta wangsul | dhatêng pun Trijatha wus prapti | ing taman Argasoka | ing mangke pukulun | tambuh mrih anganyut pêjah | Ragutama mung jroning garbanirèki | jawi sasat palastra ||

23. sungkawa gêng wau duk miyarsi | rajaputri binêktèng paprangan | Ramawijaya ciptane | nora kaya wak ingsun | tiwas têmên ingakên krami | Mantili datan [data...]

--- 328 ---

[...n] ana | sêtyaning tumuwuh | sêmbadane kang suwarna | kasor Ratih miwah Dèwi Rarasati | garwa Bathara Brama ||

24. wre Sarabaujăngga angênting | mulat ing gusti marang ing sira | dèn umbara kagunane | amarna yuning ayu | nora êntèk ingkang kinawi | malah kuranga papan | luwih ayunipun | sêmbada pinèting pêjah | goyang muka dhuh yayi Putri Mantili | liwat bayèng ubaya ||

25. kayaparan sihing batharadi | tanpa dadi-dadining wèh arja | pijêr anjêjêr papane | kapan papa pinandung | tandang sunga nugraha yêkti | pan wus sayêktiningwang | mèt tata tumuwuh | tuwuh tètèh ing tumitah | minta tustha kasthaka dhusthan tan kèsthi | dhuh ta ari Lêksmana ||

26. tuhu-tuhu ring kadang kaèsthi | milu lêlana kapati brata | sêtya sadu ing rèh sarèh | saparan tan akantun | papa panas-panas kang kèpi | tan ana mawèh marta | pantaraning arum | walêsên ing sèwu warsa | nora pulih utange pun kakang yayi | yayah mamriha wirya ||

27. papa bae pamalêsku yayi | paran minăngka amulyakêna | tan ngupakara arine | anggung mawèh gêng wuyung | asor têmên jiwangong iki | satriya pinandhita | sarjana dibyanung | gung ginawa ina papa | nusup-nusup tan pisah milu

--- 329 ---

kaswasih | kasurang kasangsaya ||

28. Ragawa iki paran pinanggih | anggêgawa marang tan sayogya | durmala bae kadange | wèh andarus kadurus | mung druhaka kang ingsun panggih | mring kang pindha candhana | sêtya suci marus | ginawa panggawe papa | nora arja pijêr sêsukêr pinanggih | yayi apuranira ||

29. tyasirari sumusup ing mami | bêkti bae marang kadang tuwa | tuwin tan ana tuwase | iya yayi ing besuk | anjanmaa tuwa sirèki | pan ingsun anjanmaa | mring anom mrih ingsun | anggung abêkti mring sira | iku yayi kang dadi wêwalês mami | saking gung piutangan ||

30. hèh Sang Wibisana ta sirèki | liwat kaswasih tuna kaliwat | mamrih sêrana sarine | papas tan antuk santun | pijêr mèlu sabaya pati | tan ana kadya sira | wong agung pinunjul | gunawan mahardikèngrat | jrih ing sukêr awaning pênggawe êning | magêng mamrih kamulyan ||

31. tyasira sih sumusup ing mami | sêka ing pamrihira kaharjan | enaking buwana dene | tan atolih sirèku | ing kawiryanira pribadi | tan bisa mamrih ingwang | suka ing sirèku | dene tan kuwasa munah | ingsun iki maring rêrêgêding bumi | tan bisa ngupakara ||

32. mring sujana kang ngungsi ing mami | pijêr mala-mala

--- 330 ---

lawan papa | tan ana pangupayane | katêkan pindha punggung | nora tutug anêmbadani | marang gunggunging sêdya | kang kaya sirèku | cacak ta Si Dasamuka | kadangira tuwa nora sira tolih | dènnya mrih susilarja ||

33. sanak-sanak miwah anak rabi | tan katolih saking pamrihira | ing wong kabèh rahayune | saking kawruhirèku | ing wiweka wêkasing dadi | yêktining kautaman | sira wus amêngku | saking yêkti gung gunanta | dêstun têmên alaningsun iki Wibi- | sana apuranira ||

34. iya ari Wibisana mami | apa nora kêna ciptanira | dursila ala rusake | bênêr rahayunipun | paranbaya bathara iki | tur sêmbah Wibisana | anuhun pukulun | tan kenging nglangkungi karsa | măngsa kilap satuhu turăngga gati | tan lyan saking paduka ||

35. Narendra Rama ngandika malih | hèh Sugriwanggada Bayusuta | aja walang-ati kabèh | muliha sabalamu | marang guwa Kiskêndha nagri | pan uwis malês sira | bêcik marang ingsun | malah luwih pamalêsta | dene mêngko mêngkene wak ingsun iki | karuwan praptèng tiwas ||

36. yêkti ingong labuhi pribadi | aja anggêgawa ing akathah | pan wus karuwan bobote | sira lan sabalamu | alas-alas [alas-a...]

--- 331 ---

[...las] jêjurang trêbis | gunung-gunung kèbêkan | bala wre kang ngruruh | ing yayi Mantilidirja | nora nana kasêlan ingkang ngulati | sumyar bala palwaga ||

37. ing mangkya wus kantênan sayêkti | ing gone Sang Mantilidirêja | sinabrangan dêdalane | kalangan samodra gung | tinambakan ing upakardi | dening bala wanara | kangelan kalangkung | dadi sètubandat buta | sinabrangan ing Ngalêngka sampun prapti | ngadoni jayèng yuda ||

38. langkung amrih angrêbut ing jurit | pira-pira pêpati tan ketang | saking adrêng ing kadrênge | mêmalês marang ingsun | dudu tiwas saking sirèki | ingsun dhewe kang tiwas | mungguh ring panaur | apan uwis kalampahan | marma mêngko padha muliha dèn aglis | wak ingsun ungkurêna ||

53. Pangkur

1. kunêng lingira narendra | putra Rama Sugriwa anauri | pan sarya drês wêtuning luh | hèh narapatiningwang | sampun age paduka nêmahi lampus | tongtonên wadya paduka | bêktine wanara sami ||

2. lawan pamrihing wanara | angantosi yèn mungsuh tuhu sêkti | dêdimèn têlas pukulun | sagung bala wanara | yèn matia wanara sadayanipun | datan ngampêlu sadaya | yèn ngeman-emana pati ||

3. mung sidane karya tuwan | yèn tan sida [si...]

--- 332 ---

[...da] luhung tumpêsing jurit | urip apa karyanipun | tan bisa mulyakêna | ing brangtane gustine nora kapangguh | yèn uripa kêna ngucap | dhasar wanara tan yukti ||

4. ewa kabèh kang tumingal | jêrku apa wanara jêjêmbêri | apês nisthane kalangkung | kawruhe nora nana | mung mêngkono bobote aduwe ratu | tur jawata ngejawantah | prandene nora nglabuhi ||

5. ya endah apa wanara | tuwaburu tangèh wruha ing bêcik | sadaya pating salênggruk | kang wre punggawanira | Narapati Sugriwa turnya dhuh-adhuh | anjanmaa kaping sapta | kawulakna sadayèki ||

6. mati urip aywa susah | aja pisah ing suku narapati | wadya tumpêsa karuhun | sampun age paduka | ing dêlahan paduka ratuning ulun | wadya paduka wanara | yèn tiwas ngayahan jurit ||

7. aywana kari satunggal | tinumpêsa marang Rahwana aglis | yèn paduka prapta kantun | dhatêng Endrabawana | nuwun warta kewala solah pukulun | Dasamuka satru murka | pinanggiha jroning pati ||

8. taksiha satru kawula | saturune janmaa dhatêng pundi | têtêpa dadosa satru | yèn dèrèng kalampahan | pulih awon dhatêng paduka pukulun |

--- 333 ---

Narpati Ramawijaya | angrês tyasira miyarsi ||

9. ature Prabu Sugriwa | luhirandrês Ragutama Narpati | Sang Arya Wibisana nglud | myang Taruna Lêksmana | ngingsêk-ingsêk sadaya wre kang andulu | wre tan bisa anangisa | kabèh tinon kadi tulis ||

10. tatkala prihatin dahat | awit bangun malah sadintên malih | ing mangkya imbuh sadalu | gagat bangun rahina | prapta angin silir-silir mêmawa bun | kadya luh ing wêngi milya | nangisi sang kênèng wingit ||

11. mèh-mèh sirating rahina | manuk-manuk manangis-manangisi | lir bela ring sang kênèng kung | kalanira punika | dangu mênêng narendraputra manêkung | sajroning wardayanira | jibêg jawata kang prapti ||

12. gumuruh asrang gêgana | dewa rucah nêmbah wuwusirèki | dene dewa kang gêgêdhug | mastuti jaya-jaya | dewa rucah nêmbah ngong Bathara Wisnu | tinuwuhakên utama | kinarya sotyaning bumi ||

13. sakathahe kadadean | yèn tan ana jiwanta tanpa dadi | mulane kinèn tumurun | maring ing madyapada | rumêksaa ing jagad rahayunipun | măngka gunging kautaman | pêpaku amikukuhi ||

14. apa gunanta sungkawa | pan wus wênang amolahakên bumi | puruhitaning sakayun |

--- 334 ---

kayuning pramudita | duk ing nguni kang luwih saking basèku | pan manusa tama sira | ing sato kang rêgêd manggih ||

15. sira Sang Hyang Narasinga | apan iya Wisnubrata sayêkti | ing nguni Ramaparasu | pinandhita prawira | iya saking ujwala Bathara Wisnu | ing mangke Bargawa sirna | wus angumpul dadi siji ||

16. dadi Rama Dewa sira | prabu-prabu prabawa ambawani | kasantikaning rèh putus | tata titi tinitah | singa-singa kang amrih panggawe ayu | puwaka ing sira padha | kabèh janma luwih-luwih ||

17. sira dewaning utama | winotakên kautaman sabumi | pandume saking sirèku | maratani sajagad | apan sira dewane dadi sawêgung | dene ta rèh ing kacidran | yèn ngambah prasasat mati ||

18. iku adoh saking sira | ing mêmala durjana murkèng bumi | apan sira kang anggêmpur | myang ingkang para suka | wèh nugraha sirangkên Bathara Guru | mungguh ing cahya sadaya | sira Sang Diwangkaradi ||

19. ratu-ratuning dumilah | iya apan luwih Hyang Bagaspati | mungguh ing wil ditya diyu | sira danawa raja | ring manungsa-manungsa pan prabunya gung | ing gunung-gunung upama | sira himawan sayêkti ||

20. upama jroning samodra | iya sira ingkang minăngka bodhi | têgêse

--- 335 ---

bodhi panurut | angkaning jro sagara | nora wêruh doh parêk gampang lan ewuh | jro cèthèk onjotanira | samodra anuting bodhi ||

21. ring duduh susu upama | apan sira misesa tèsing sapi | ing ulah ibêr sirèku | garudha Winantea | iwak-iwak saisining banyu-banyu | sira minăngka Baruna | ring êmas timbul ing warih ||

54. Maskumambang

1. yèn ing sarpa sira minăngka basuki | yèn ing naga-naga | sarupaning naga bumi | sira lir Hyang Ăntaboga ||

2. yèn ing banyu kali-kali ingkang sukci | bêngawane sira | yèn kayu kang ngadêg sami | sira kang minăngka wrêksa ||

3. ing rowêlas mangsane sira upami | mangsane kalima | ing rêtu nêm ta sirèki | sira măngka madumăngsa ||

4. ring long-longkang lor kidul kulon upami | wetan-wetan sira | iya ingkang anêngahi | yèku misesa long-longkang ||

5. sakathahe antara-antara sami | kawisesèng têngah | sira pêpaku ngukuhi | ngarjani jagad wiryawan ||

6. ring pituduhing sadaya-sadayèki | sira anglir japa | măntra-măntra ingkang wangi | mêmandi upamanira ||

7. yèn ing ujar-ujaran sira upami | aksara rumpaka | ring pawèwèh ta upami | sira kang minăngka [minăng...]

--- 336 ---

[...ka] asta ||

8. yèn ing parikrama-krama sira ugi | minăngka agama | ing jagad kawawèng dhiri | yèn mungguh anèng pocapan ||

9. sira ingkang rêrasa kawruhing galih | cêngil miwah arja | yèn ing pangulah siniwi | sira kèsthi rinasika ||

10. ring masêkti sira pama rodra murti | ring jaya wijayan | budiman sira mukyaning | putus wirotamèng jagad ||

11. yèn ing janma sumêngkèng awak brajèki | kang kinarya samya | gêgênêping jawatadi | minăngka Kanekaputra ||

12. prabuning kang wiku sira kang ngadhangi | ing sagunging beka | dadi tan ana nêkani | wikune tulus kamulyan ||

13. yèn ing rêsi-rêsi kang tulus sêmadi | Bagawan Kapila | sira ingkang upamani | ing cipta kang cinandhana ||

14. sira pama Sang Bagawan Wrahaspati | ring amrih pikêna | sira ingkang utamani | lir dhêndha Bathara Yama ||

15. ring gêgaman kang misesa jayèng jurit | wruh ngastra sadaya | piranti tamaning jurit | pindha mega lan maruta ||

16. sasat angkên sagung kapraboning jurit | Wisnubrata nyata | ring èstri makramèng niti | iya srine padanira ||

17. ring pawaka basu ngrahan pama yêkti | kang upama sira | ring nganggit ingkang upami | ujar pramèng kawi sira ||

18. ing jro alas satoa sira

--- 337 ---

upami | macan lan dipăngga | ring bèbètira ing benjing | pan sira ana ing Krêsna ||

19. ditya Trênaya sira kang anyaponi | ing Pandhawa sira | Arjuna urubirèki | apine pan nyata sira ||

20. Duryudana Kuruwendra Kurupati | panggawe kadhusthan | tumpês dening sira benjing | kabèh murka kênèng sira ||

21. trilokabèh janalokendraloka di | rat para misesa | atmanira amimbuhi | sumyar sumêbar ing jagad ||

22. wiku-wiku kawawa saking sirèki | dadine kang samya | sampun kautaman pêsthi | yêkti kaduwe ing sira ||

23. nguni-uni wuwus para mahamuni | tan ana kang cidra | datan wun kabèh pinanggih | prabawa sawadyanira ||

24. mami kabèh mêmèngêti aywa lali | yèn Wisnu Bathara | tartantuning jagad iki | ala ayu munggèng sira ||

25. kang rahayu budi wasana pinanggih | miwah wirya suka | kang sukêr wasana manggih | sungkawa papa pataka ||

26. wusnya têlas pemuting bathara sami | kang jêjêl ngawiyat | ngudanakên wangi-wangi | dyan prapta angin garudha ||

27. angungkuli paprangan amaratani | angining garudha | sumêblak kadya natasi | mring sakèhing nagapasa ||

28. tanpa sesa wus mundur bathara sami | wre suka mawijah | marlêsu tan ana kari |

--- 338 ---

pulih kadurmaning kuna ||

 


awang-awang. (kembali)
kênèng. (kembali)
kurang. (kembali)
Kurang satu suku kata: nora padha lawan ingwang. (kembali)
tèngsu. (kembali)
sudibya. (kembali)
mung. (kembali)
netrandik. (kembali)
Putaksi. (kembali)
10 măndraguna. (kembali)
11 Brajamusthi (dan di tempat lain). (kembali)
12 pinênthang. (kembali)
13 umèb. (kembali)
14 ambêging. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: pamusthine tyas mamrih. (kembali)
16 cêngêling. (kembali)
17 ngobrak-abrik. (kembali)
18 rêksasa. (kembali)
19 sêsumbare. (kembali)
20 dening. (kembali)
21 ngungkul-ungkuli. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: mupuh ratanira Radèn Indrajit. (kembali)
23 sirna. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: ngênani Rama Lêksmana. (kembali)
25 Lebih satu suku kata: munahna murkaning bumi. (kembali)
26 sedaa. (kembali)
27 ngamandaka. (kembali)