Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 16–32)

Judul
Sambungan
1. Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 01–15). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 16–32). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Parta Krama, H. Buning, c. 1924, #442 (Pupuh 33–51). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

16. Sinom

1. sang rêtna rêngu ngandika | sirèku apa dalêming | kaya ta dudu satriya | bok rada [ra...]

--- 118 ---

[...da] dèn idhêp ngisin | elinga yèn putraning | Natèng Mandraka pinunjul | sarjana parikrama | pêputra têka mêtoni | mêncul gêcul pêpocolan dhêdhugalan ||

2. sanadyan dudu satriya | măngsa kayaa sirèki | brăngta nora tulus brăngta | ngame tan tulus dalêming | barabah baribèni | lacutmu kabacut-bacut | sun iki liwat merang | yèn ngrungu solahirèki | ujarira lara brăngta mring Sumbadra ||

3. dene pijêr jêg-ujêgan | gojèg buron rina wêngi | lan èstri panglipur rolas | sanadyan silih wong cilik | pakathik tan duwèni | polah tingkah lir sirèku | prandene kudu brăngta | marang Dyah Batacinawi | putri adi kaloka ing tri bawana ||

4. ayu jatmika sêmbada | pasang limpating lêlungit | iku kang dadi tyasira | kajaba ana ron aking | iya kêlêm ing warih | lan watu itêm tumimbul | lah iku bokmanawa | katêkan [katêka...]

--- 119 ---

[...n] sêdyanirèki | sun watara dèn pilaur praptèng pêjah ||

5. aja mungguh Si Sumbadra | putri pinunjul ing bumi | putri sawiyah kewala | baya dèn pilaur mati | kalapa mring sirèki | yèn ngrungu solah tingkahmu | kajaba yèn wong ala | kang wus lèjèh sundêl anjing | jêjaragan gêlêm kawêngku ing sira ||

6. Burisrawa duk miyarsa | saya sru dènira nangis | dhuh kangbok sampun dêduka | lêhêng pêjahana mami | tuwêkkên sapuniki | urip tan samèng tumuwuh | tumuwuh tan kuwawa | nandhang brăngta lami-lami | barang ingkang katingalan ing kawula ||

7. mung katon Wara Sumbadra | paran ta gènipun nglali | cumanthèl padoning netra | gumantung tuntunging ati | inggih kadya sumandhing | lumaku katon tut pungkur | barang kang sun ucapna | kalintu wêdale kadi | andalêming sambat ing Wara Sumbadra ||

8. dhuh kangbok sintên kuwawa | kadya raganingsun iki | nandhang lara sèwu brăngta [brăng...]

--- 120 ---

[...ta] | ing siyang dalu kaèksi | sotya Banoncinawi | wus gumantung nèng jêjantung | dhuh kangbok yèn paduka | miwah kakang sri bupati | botên kolu nguntapkên pêjah kawula ||

9. namung tuwan lilanana | kangbok kula nyuwun pamit | kesah dhatêng wanapringga | ngupaya marganing pati | sang rêtna duk miyarsi | angrêsing tyas ngandika rum | mulane marènana | solah tingkahira yayi | kang dhugalan pêpêcolan[1] gêgêculan ||

10. pan ing mêngko rakanira | sri narendra wus nuruti | iya ing panuwunira | karsane sadina benjing | dèn aturakên yayi | sira marang kakang prabu | Mandura pan ing kana | kadang kang tuwa pribadi | ingkang wajib duwèni purba wisesa ||

11. marang kadange wanodya | dene kang kinèn umiring | mring sira para santana | saparo kaprabon jurit | pangirit paman patih | sarta gawa layangipun | rakanira sang nata | masrahkên mring sira [si...]

--- 121 ---

[...ra] yayi | dèrèng dugi sang rêtna dènnya ngandika ||

12. Burisrawa niba gêblak | saking sukanya miyarsi | supe nèng ngarsaning raka | gumregah sakala tangi | èstri panglipur siji | cinandhak pinondhong gupuh | kinudang nèng êmbanan | rinungrum ingarih-arih | pan pinindha Kusuma Wara Sumbadra ||

13. pramèswari duk tumingal | merang sungkawa tan sipi | palarasan undurira | saparêkane tan kari | wus praptèng dalêm puri | ing ngarsanira sang prabu | ingaturkên sadaya | solah tingkahe kang rayi | sri narendra gumujêng dènnya ngandika ||

14. yayi aja sira duka | iya mring arinirèki | têka ênêngna kewala | besuk pan mari pribadi | yèn wus kalakon panggih | lan kang dadi brangtanipun | balik sira mikira | gêgawane rinirèki | ingkang pantês kanggo marang Si Sumbadra ||

15. kang arupa rajabrana | lan raja kaputrèn yayi | aja kongsi kêkurangan | pè-ni-pèni [pè...]

--- 122 ---

[...ni-pèni] rajapèni | saanane jro puri | sang dyah sandika turipun | kunêng sajroning pura | ing dalu datan winarni | enjingipun ing jawi sampun samêkta ||

16. kang samya siyaga bala | Kurawa ingkang sapalih | sakapraboning ayuda | miwah rêkyana apatih | pan wus samêkta sami | aglar anèng alun-alun | sagunging pra santana | myang Patih Arya Sangkuni | munggèng ing srimanganti caos jêmpana ||

17. Dhanghyang Druna sampun prapta | wau ta sajroning puri | Radèn Arya Burisrawa | apan sampun dèn timbali | prapta ngarsa sang aji | nangis anungkêmi suku | sang prabu lon ngandika | lah ta wis mèndêla yayi | nora bêcik satriya iku karuna ||

18. ila-ilane ing kuna | adoh lan dewane yayi | sinuda lêksananira | ilang yuwananing jurit | gonyèh kulite pasthi | lan gêtas bêbalungipun | lah ta payo dandana | yayi ing sadina iki | sun aturkên sira [si...]

--- 123 ---

[...ra] marang ing Mandura ||

19. dene yayi kakangira | Kurawa ingkang sapalih | sun kon ngiring lakunira | pangiride paman patih | anggawa layang mami | kang katur mring kaka prabu | Mandura poma-poma | dèn bisa sirèku yayi | mèt galihe ing rakanira Mandura ||

20. krana kang duwe wasesa | kadang kang tuwa pribadi | marang kadange wanodya | ing besuk sira yèn prapti | nèng Mandura ngarsa ji | age ngrungkêpana suku | tangisira dèn bisa | sambata kang mêlas asih | lamun durung mêtu ing sêsanggupira ||

21. mundhut ing Wara Sumbadra | marang nagri Dwarawati | aja sira lunga-lunga | têka ing padane kalih | ngêsrahna pati urip | paman Druna aturipun | wus padhang tarawangan | pangilone jro sêmadi | pasthi kêna Si Sumbadra marang sira ||

22. sira nitiha jêmpana | aja nitih kuda yayi | badanira maksih rusak | manawa kontrak nèng margi | payo sun atêr jawi [ja...]

--- 124 ---

[...wi] | gya kinanthi astanipun | ing kanan sri narendra | pramèswari nganthi kering | prapta ing srimanganti kèndêl sang nata ||

23. jêmpana sumaos ngarsa | Dhanghyang Druna ngrangkul aglis | marang Radèn Burisrawa | dhuh dhuh sutaningsun gusti | dene kapati-pati | rusake angganirèku | aja sira sumêlang | ing salakunira iki | pan wus pasthi kêna Si Wara Sumbadra ||

24. sun sawang padha gumawang | nora na ngalang-alangi | kulup ing salakunira | mung dèn bisa bae kaki | amèt galihirèki | rakanta Mandura Prabu | angrungkêpana pada | dèn bangêt tangisirèki | sambatira kang akèh kang mêlasarsa ||

25. ingsun jurung puja măntra | wus têlas wêlingirèki | myang wêlingira sang nata | marang Apatih Sangkuni | wus têlas wanti-wanti | Burisrawa nêmbah sampun | minggah marang jêmpana | budhal saking srimanganti | sri narendra kondur manjing jroning pura ||

26. lawan pramèswarinira [pramèswarini...]

--- 125 ---

[...ra] | wau ta ingkang lumaris | nèng alun-alun têngara | tinata lampahing baris | sira Dyan Durmagati | lawan Durmuka panganjur | salawe pra santana | kang pinatah mianjuri | Senapati Radèn Arya Dursasana ||

27. munggwing ngarsaning jêmpana | ing wuri Patih Sangkuni | lan salawe pra santana | saingga binayangkari | Burisrawa măngkèstri | jêmpana titihanipun | kakunge Dursasana | nèng ngarsa nitih turanggi | kadya ngarak pangantèn yuda kênaka ||

17. Pangkur

1. kunêng kang lagya lumampah | wontên kocap ratu kalih nagari | apan sarêng lampahipun | lan Ngamarta Ngastina | lan ing Dwarawati nging gantya winuwus | paran ta gène nyarêngna | carita gangsal nagari ||

2. yêkti yèn kinarya gantya | dene ingkang kocap ratu kêkalih | kang satunggal prajanipun | nênggih ing Ngambarmuka | Prabu Kaladênta sudira dibya nung | ing aprang têguh wantala | tan ana braja nêdhasi ||

--- 126 ---

3. sêmbadane sugih bala | kang satunggal nagari Garbaruci | raksasa raja pinunjul | Sang Prabu Sindhunggarba | gung aluhur gagah prakosèng prang pupuh | balane tanpa wilangan | kèh punggawa sura sêkti ||

4. cinatur kalih narendra | Ngambarmuka kalawan Garbaruci | supêna sarêng sadalu | sami supênanira | jroning nendra katingal samya kramantuk | Kusuma Wara Sumbadra | putri kadang Dwarawati ||

5. sawungune saking nendra | ratu kalih samya nandhang wiyadi | brăngta ing supênanipun | tan antuk dhahar nendra | siyang dalu wuyungan ing kung gung wuyung | tan ana ingkang kacipta | amung supênanirèki ||

6. pêpatih punggawanira | samya susah mulat ratunirèki | lênglêng ing supênanipun | dadya samya mêmarta | saking nagri liyan samana wus antuk | mêmarta saking wong dagang | lamun nagri tanah Jawi ||

7. wontên ratu binathara | akadhaton praja di Dwarawati | Narendra [Na...]

--- 127 ---

[...rendra] Krêsna pinunjul | darbe kadang wanodya | maksih kênya Wara Sumbadra ranipun | diwasa dèrèng akrama | pinarbutan ing para ji ||

8. wusnyantuk warta mangkana | patih kalih matur ratune sami | langkung sami sukanipun | sang prabu kalihira | de wus nyata ênggène supênanipun | sigra sami karya surat | pêpatihe kang tinuding ||

9. angaturkên suratira | marang Nata Krêsna ing Dwarawati | anglamar ngêbun-bun esuk | marang Wara Sumbadra | mun-linamun tinampi panglamaripun | saisine prajanira | pèni-pèni rajapèni ||

10. gurubakal gurudadya | ingaturkên marang sang rajaputri | dèn angsua kadya ranu | rajabrana rong praja | dèn usunga sajong miwah sapêrau | lamun kurange mundhuta | sasrahan pitung nagari ||

11. sayêkti lamun tinêkan | dene lamun panglamare tinampik | ratu kalih nora wurung | nêkani saha bala | nagri Dwarawati dinadèkkên [dina...]

--- 128 ---

[...dèkkên] awu | sipat lanang tinumpêsan | pawèstrine dèn boyongi ||

12. dadya wus karsaning dewa | langkung têbih lête nagri kêkalih | Garbaruci prênahipun | kidul wetan Ngamarta | Ngambarmuka lèr Ngamarta prênahipun | sanès jinis ratunira | manungsa lawan rasêksi ||

13. sajêg datan sarawungan | prajanira samya êlêt jaladri | wus karsaning jawata gung | kinarya lêlampahan | dene dènnya supêna sarêng sadalu | apan supênane samya | krama Putri Dwarawati ||

14. wungune sarêng kewala | antuk warta prasamya antuk warti | sarêng sadina dènnyantuk | miwah dènnya utusan | apan samya pêpatihe kang dèn utus | angkate sarêng sadina | saking ing prajanirèki ||

15. saingga lir sêsêmayan | sarêng praptanira ing tanah Jawi | mangkana ingkang winuwus | wil Patih Amonggarba | pan kaparêng ana ing marga kapêthuk | lawan dêdamêl Ngastina | ditya bala Garbaruci ||

16. bêbênêr [bê...]

--- 129 ---

[...bênêr] nunjang kewala | kagyat bala Ngastina aningali | tinunjang ditya malêdug | pangarsane sasaran | ngungsi wuri Arya Dursasana dulu | lan para ari sadaya | krodha katgadèng ajurit ||

17. angimpun laruting bala | maras mulat Arya Patih Sangkuni | marang ngarsa gupuh-gupuh | ngambêngi para putra | mêngko-mêngko aja na rêbut dêlanggung | si buta agawe beka | panggahana tanpa kardi ||

18. ngrêregoni wong lumampah | lah ta payo padha nyimpang wanadri | wusnya ngling ki patih gupuh | dhingini saha bala | nyimpang wana kang kari mawur malêdug | nututi rêkyana patya | samya nyimpang mring wanadri ||

19. ditya wus lajêng lampahnya | ambêbênêr tan ana kang angungsir | Kurawa Ngastina dulu | ditya lajêng kewala | kang kapisah Kurawa wus samya kumpul | wangsul malih ngambah marga | ginêlak lampahing baris ||

20. wau kang bala rasêksa | lampahira kèndêl makuwon [ma...]

--- 130 ---

[...kuwon] sami | nèng têngahing wana bingung | tan antuk pitakenan | kunêng malih Patih Sangkuni winuwus | lan Kurawa sabalanya | ginêlak lampahirèki ||

21. ing marga datan winarna | pan cinêndhak lampahira wus prapti | nagri Mandura wus katur | mring Prabu Baladewa | lamun wontên dêdamêl Ngastina rawuh | kang măngka pangirid lampah | Rêkyana Patih Sangkuni ||

22. lampahe mundhi nawala | kathah para santana kang umiring | sakapraboning prang pupuh | lan bêkta rajaputra | ing Mandraka jêmpana titihanipun | Radèn Arya Burisrawa | sangêt dènnya nandhang sakit ||

23. sri bupati duk miyarsa | langkung kagyat sigra dènnya nimbali | Patih Pragota prapta wus | kinèn lajêng mêthuka | marang duta Patih Ngastina kang rawuh | sandika Patih Pragota | budhal sawadyanirèki ||

24. ing wuri Sri Baladewa | wus busana mijil mring păncaniti | putra kêkalih nèng ngayun | Wilmuka lan Wisatha [Wisa...]

--- 131 ---

[...tha] | pra dipati Mandura jêjêl supênuh | wau lampahe Pragota | wus panggih Arya Sangkuni ||

25. dhinawuhan lajêng budhal | manjing kitha ing alun-alun prapti | swaraning bala gumuruh | sagunging pra santana | myang ki patih mudhun saking kudanipun | Radèn Arya Burisrawa | jinaganan kanan kering ||

26. saking risaking salira | lampahira kadya rubuh nèng margi | Arya Sangkuni tumundhuk | ing ngarsa sri narendra | ngaturakên surat tinampanan sampun | sri bupati ing Mandura | sakala ngadêg ngurmati ||

27. dènira nampèni sêrat | sawusira lênggah nèng dhampar malih | Sangkuni wus kinèn lungguh | mèh jajar lan sang nata | pra santana samya ngabêkti kumrutuk | mring Sang Prabu Baladewa | sawusira kinèn linggih ||

28. tata munggèng ngarsa aglar | amung Arya Burisrawa kang maksih | nangis angrungkêbi suku | kinèn lênggah tan arsa | Prabu Baladewa anggarjitèng kalbu | sigra dènnya [dè...]

--- 132 ---

[...nnya] buka sêrat | sinuksmèng tyas nawung brangti ||

18. Asmaradana

1. wus putus pamaosnèki | sri bupati ing Mandura | kadya jinait galihe | miyarsa raosing sêrat | saking pangrêpanira | jroning nawala kalangkung | Sang Aprabu Duryudana ||

2. lawan Rêtna Banuwati | miwah kang ibu Mandraka | pramèswari panangise | wagêde rêkyana patya | Sangkuni lawan Druna | mêmangun langêning têmbung | pangrampas lambanging driya ||

3. pamlimpinge langkung ramping | panglarasirèng ukara | pangêsah ngasih-asihe | pamêla mamêlasarsa | pamulut pamiluta | pangêla-êla pangêlus | mangêrês-êrês mangrêpa ||

4. kadya rêntah tibèng siti | tyase Prabu Baladewa | mangu ing sakala supe | mring kang rayi Madukara | sampun dadya ubaya | karsane wus pasthi dhaup | lawan kang rayi Sumbadra ||

5. pan wus kathah potangnèki | karyane mring kang sarira | lan wu-

--- [0] ---

[Grafik]

P. Sangkuni. S. Hyang Druna. Kurawa. Prabu Duryudana. Parêkan.

--- 133 ---

s dadya kudangane | kang rama Parta Sumbadra | pinacang alit mila | kawratên sihing ramèbu | ipe miwah paripean ||

6. kêna mêmanising tulis | gumujêng dènnya ngandika | Burisrawa kalingane | sira iki lara brăngta | iya mring kadangira | Si Sumbadra sira jaluk | dene ta nora kayaa ||

7. warnanira kongsi salin | wus sasat sawang kunarpa | lara sawarsa padhane | mung kari gagra kusika | rusake angganira | lah wis linggiha riningsun | sarèhna subrangtanira ||

8. ingsun pikire kang bêcik | luwih-luwih bêgjanira | lamun wus pasthi jinodho | sira lawan Si Sumbadra | yêkti gampang kewala | yèn ana pakewuhipun | sira yayi narimaa ||

9. karana arinirèki | Si Sumbadra wus diwasa | nganggo tinari sarate | duk rarene wus pinacang | lawan Si Dananjaya | kongsi mêngko durung dhaup | iya saking Si Sumbadra ||

10. kang nora gêlêm

--- 134 ---

nglakoni | wus luwih saking antara | kaliwat-liwat wangkote | ingsun lawan yayi Krêsna | wus nora bisa mêksa | dene lupute riningsun | aja sumêlang tyasira ||

11. ingsun kang saguh nglironi | yayi sira pilihana | putri tanah Jawa kene | tuwin ratu tanah sabrang | iya măngsa kuranga | kang duwe putri pinunjul | yèn kurange beyanira ||

12. bakyumu Si Erawati | karyanên tukon sasrahan | ingsun kang dhodhog lawange | Burisrawa duk miyarsa | pangandikaning raka | saya sru panangisipun | dhuh kaka prabu kawula ||

13. lintunên para apsari | isining Endrabawana | Ratih myang Rarasatine | yèn dede Wara Sumbadra | wadat tan arsa krama | dhuh pukulun kakang prabu | saksinên atur kawula ||

14. yèn tuwan tan arsa galih | dhaup kawula kalawan | kang dadya brăngta wirage | Kusuma Wara Sumbadra | gêsang asil punapa |

--- 135 ---

pan kawula amit lampus | kasaksèna ing paduka ||

15. suduk jiwa sapuniki | Sangkuni aris turira | puniku sampun adate | sabên yèn tinari krama | wontên nagri Ngastina | makotên ing aturipun | mila rayi padukendra ||

16. langkung pêgêl ingkang galih | Dursasana nambung sabda | sarwi anampèl wêntise | ana kene ana kana | wong iki nora beda | gone bêrung andalurung | yèn ingsun aja wêdia ||

17. mring kakang bok Banuwati | wong iki wus kalampahan | sun odhèt-odhèt wadhuke | Burisrawa sru karuna | dawêg kakang sumăngga | sokur patènana ingsun | sang prabu mênggah ngandika ||

18. dalanane awak mami | yèn ora kèndhêm kèrêma | mulat marang sira kiye | lan miyasa[2] sambatira | hèh paman putra dika | Kurawa aywa na kantun | sadayane kula bêkta ||

19. lajêng dhatêng Dwarawati | kula paman mangkat enjang | pun Burisrawa

--- 136 ---

badhene | kula brukakên kewala | mring yayi Prabu Krêsna | Kurawa sarêng umatur | inggih pukulun sandika ||

20. sang prabu ngandika malih | hèh Pragota wong Mandura | ingkang sun gawa sêparo | prajurit lan pra dipatya | saparo tunggu praja | sira kang mèlu maring sun | Si Prabawa kang karia ||

21. lawan gustinira kalih | Si Halmuka[3] lan Wisatha | tunggua marang ibune | kabèh dèn padha prayitna | kang kari tunggu praja | padha asaosa tugur | karana ing lakuningwang ||

22. kaya wus nora kuwatir | kanthi lawan gustinira | ing Ngastina sakabèhe | wus padha samêktèng yuda | yèn nêmonana karya | kaya-kaya wus barukut | kang rumêksa raganingwang ||

23. hèh paman Arya Sangkuni | lamun krodhaning Pandhawa | pan botên kawula raos | pan namung putra paduka | ing Dwarawati paman | lêgaa ing manahipun | kula têtêdha ing dewa ||

24. anuta ing pikir mami | myang putranta pun Sumbadra |

--- 137 ---

kalamun wontên wangkote | kenginga kawula pêksa | Sangkuni aturira | wêlinge arinta prabu | ing Ngastina mring kawula ||

25. miwah ing arine sami | yèn paduka manggih karya | kinèn labuh sadayane | tumpêsa ngarsa paduka | Dursasana tur sêmbah | dhuh pukulun kaka prabu | lamun krodhaning Pandhawa ||

26. sampun sumêlang ing galih | ari paduka sadaya | panggahêna nèng ngarsane | lêbura awor pratala | wontên ngarsa paduka | ajura dèn kumur-kumur | sarambut datan suminggah ||

27. sang prabu ngandika aris | kabèh yayi sun tarima | prasêtyanta marang ingong | lah paman dika asoa | lan putranta sadaya | pasowan ing alun-alun | sadaya wus tinaruban ||

28. enjang dèn samêkta sami | putranta pun Burisrawa | dimèn panggih lan bakyune | kula bêkta dhatêng pura | sadaya tur sandika | sang prabu jêngkar ngadhatun | sri bupati ing Mandura ||

29. Rêtna Dèwi Erawati | mêthuk rawuhe [rawuh...]

--- 138 ---

[...e] kang raka | tundhuk kinanthi astane | sapraptaning dalêm pura | wus tata dènnya lênggah | Radèn Burisrawa gupuh | nungkêmi pada karuna ||

30. mring raka Dyah Erawati | rinangkul lungayanira | Burisrawa ariningong | rusak têmên angganira | yayi apa ta lara | sang prabu ngandika arum | yayi dèwi arinira ||

31. larane panandhang brangti | mring arinta Si Sumbadra | kongsi rusake mangkono | lah ta iki layangira | yayi Prabu Ngastina | wacanên dangiyahipun | manise ingkang ukara ||

19. Dhandhanggula

1. pramèswari sigra anampèni | sêratira pan lajêng binuka | sinuksma jro wardayane | putus pamaosipun | mèsêm sarwi matur wotsari | ing mangkya kadosparan | inggih lajêngipun | arinta pun Burisrawa | karsa tuwan sang prabu ngandika aris | sun yayi benjang enjang ||

2. budhal marang nagri Dwarawati | lawan arinta Si Burisrawa |

--- 139 ---

Kurawa sun gawa kabèh | dene ta karsaningsun | yayi prabu ing Dwarawati | tămpa nora tămpaa | mring arinirèku | ingsun brukakên kewala | kaya-kaya yayi Prabu Dwarawati | kalamun ingsun pêksa ||

3. ngrasa nome sayêkti tan wani | nênggalangi ing pamêksaningwang | kang garwa nêmbah ature | pun Janaka pukulun | paran dadosipun samangkin | inggih lan pun Sumbadra | dene nguni sampun | paduka angarsa-arsa | ing panggihe wasana paduka mangkin | galih pun Burisrawa ||

4. sri narendra angandika aris | baya-baya wus karsaning dewa | pinasthi dudu jodhone | pan ora kurang bagus | Si Janaka warnanirèki | ping pira gonku mêksa | myang pamêksanipun | yayi Prabu Padmanaba | Si Sumbadra tyase datan kengguh maksih | durung arsa akrama ||

5. sabên-sabên arsa sun angkati | ing têmune nuli bae ana | ingkang dadi pangkalane | nora [no...]

--- 140 ---

[...ra] pindho ping têlu | sasi ngarêp iki tyas mami | duwe kalêthêk arsa | mikir dhaupipun | dene wus dadi ubaya | têka nuli arinira iki prapti | panangise maringwang ||

6. lamun ora kalakona panggih | lawan arinira Si Sumbadra | pratignya suka patine | nora kêna linipur | lah ta paran gon ingsun suthik | nyatane pan gawogan | katêmpuh ing sêpuh | sun timbang bote tyas ingwang | Si Janaka lan Si Burisrawa yayi | abot Si Burisrawa ||

7. lah wis aja akèh sira pikir | amung rewangana anênêdha | iya marang dewa bae | muga arinirèku | jinurunga nuline panggih | iya lan Si Sumbadra | ing salakuningsun | bisaa banjur kewala | ing dhaupe yayi Prabu Dwarawati | manuta sarèh ingwang ||

8. aywa ana kang ngewuh-ewuhi | pramèswari yèku arinira | Si Burisrawa awake | kaliwat rusakipun | saking bangêt [bangê...]

--- 141 ---

[...t] anandhang brangti | blonyonên găndawida | lawan jêbad arum | lan rambute kramasana | kongsi gimbal dimène rêsik sathithik | aja kaya dênawa ||

9. pramèswari gumujêng wotsari | Burisrawa pan sampun binêkta | mring dalêm wuri kaputrèn | binlonyo jêbad arum | rema gimbal dèn jêjamasi | ing dalu tan winarna | enjingira sampun | samêkta kang pra dipatya | ing Mandura sakapraboning ajurit | tuwin bala Kurawa ||

10. andhingini dènnya tata baris | èsmu suka sagung pra santana | dènira nata balane | jêjêl nèng alun-alun | tan kêna wor sagunging baris | lubèr marang pamedan | miwah lurung-lurung | sadaya jêjêl gêgaman | pra dipati kang sami nindhihi baris | tuwin kang pra santana ||

11. ya ta wau salêbêting puri | Prabu Baladewa wus busana | sakapraboning prang kabèh | amakutha bra murub | Burisrawa pan wus kinanthi | binêktèng pagêlaran [pagêlara...]

--- 142 ---

[...n] | orêg kang wadya gung | sang prabu lênggah dhêdhampar | pan anganti budhale sagunging baris | Kyana Patih Pragota ||

12. dhinawuhan têngara nulya glis | budhal wadyabala ing Mandura | pra dipati sadayane | ingkang dadya panganjur | rikat sêsêg lampahing baris | têlas bala pangarsa | sigra sang aprabu | angawe titihanira | agêming prang dipăngga gêng ulês putih | nama pun puspadênta ||

13. sri bupati têdhak sigra nitih | nênggala lugora agêming prang | kawot ing dipăngga kabèh | sumrêg pangayapipun | mantri jro kang samya kinanthi | trahing atos sadaya | gumulung kadya lun | tumundhung matundha-tundha | sagung wadya Kurawa sumundhul wuri | kadya robing samodra ||

14. Radèn Arya Burisrawa maksih | anitihi ing jêmpananira | Patih Sangkuni rêmbage | kinubêng ing wadya gung | para mantri ingkang jajari | wus praptèng jawi kitha | bala gung gumuruh | cinêndhak [cinê...]

--- 143 ---

[...ndhak] lampahing marga | sampun prapta jajahan ing Dwarawati | gègèr paminggir desa ||

15. mantri tampingan wus nupiksani | wus têtela yèn Prabu Mandura | sarta Kurawa rawuhe | mantri tampingan gupuh | nandêr samya atur udani | marang Patih Udawa | lajêng katuripun | marang Sri Bathara Krêsna | lamun badhe tamuan raka sang aji | Mandura saha bala ||

16. rawuhipun sakaprabon jurit | sarta bêkta Kurawa sadaya | pra santana kathah dhèrèk | sakaprabon prang pupuh | pangiride Patih Sangkuni | lan Arya Dursasana | Burisrawa tumut | rajaputra ing Mandraka | tinitihkên ing jêmpana nandhang sakit | sang prabu duk miyarsa ||

17. langkung saking kumêpyuring galih | wus anduga wadine kang raka | Prabu Mandura rawuhe | kang dadya karsanipun | sri narendra sigra nimbali | ing putra Radèn Sămba | prapta ing ngarsa wus | lawan Arya Wrêsniwira | dhinawuhan mêthuk ing rawuhirèki [rawuh...]

--- 144 ---

[...irèki] | sang prabu ing Mandura ||

18. tur sandika satriya kêkalih | nêmbah mundur praptèng jawi sigra | budhal sawadyabalane | mangkana sang aprabu | sampun dhawuh kang garwa katri | sanega ing sunggata | badhe rawuhipun | kang raka Prabu Mandura | pramèswari katiga sandika sami | miwah Patih Udawa ||

19. lawan sagung ingkang pra dipati | nyamêktani pasanggrahanira | kunêng ing dalu enjinge | Sri Padmanaba sampun | miyos munggèng ing păncaniti | nganti rawuhing raka | wau kang winuwus | Wrêsniwira Radèn Sămba | pamêthuke wus panggih lan sri bupati | kalihe ngraup pada ||

20. sawusira matur yèn tinuding | angaturi lajêng manjing kitha | ari nata pangantine | nèng paglaran wus dangu | sri bupati sigra ngundhangi | ing bala atêngara | lajêng budhalipun | lumirig manjing jro kitha | tan adangu ing alun-alun wus prapti | gumuruh gunging bala ||

21. Prabu Padmanaba têdhak aglis | pan jumênêng [ju...]

--- 145 ---

[...mênêng] têpining taratag | Sri Baladewa nulya ge | saking èsthi tumurun | marêpêki marang kang rayi | parêk paran-pinaran | tundhuk kalihipun | gapyuk samya rêrangkulan | sawusira kanthèn asta prabu kalih | aris samya lumampah ||

22. wangsul lênggah nèng bangsal pangrawit | ingkang raka pan wus sinaosan | palênggahan dhampar dhewe | pra santana kumrubut | ing Ngastina samya ngabêkti | mring Prabu Danardana | wusnya tata lungguh | munggèng ngarsa nata aglar | Dursasana kapara ngarsa pribadi | lan Arya Burisrawa ||

23. amung Rêkyana Patih Sangkuni | nginggiling batur dènira lênggah | Sang Sri Krêsna sasampune | nambramèng raka prabu | gantya marang Patih Sangkuni | myang sagung pra santana | ing Ngastina sampun | sadaya sinamudana | Sri Bupati Mandura ngandika aris | hèh yayi Prabu Krêsna ||

24. praptaningsun nagri Dwarawati | pan dinuta arinta Ngastina | ngaturakên [ngatura...]

--- 146 ---

[...kên] prasêtyane | mring sira yayi prabu | myang arinta bok pramèswari | myang pamanta Mandraka | miwah kangjêng ibu | apadene bakyunira | prasêtyane iya Si Maerawati | katura yayi nata ||

25. kapindhone pan dinuta yayi | masrahakên mring Si Burisrawa | katura mring sarirane | myang pati uripipun | ingaturkên yayi mêkathik | iya mring jênêng para | yèn samya panuju | arinira Si Sumbadra | kang dèn suwun marang Burisrawa yayi | nora cipta akrama ||

26. amung nyipta among angêmbani | ngadhatona jro pura Mandraka | kasraha lan saisine | dadya têtalinipun | ing Mandraka myang Dwarawati | Ngastina lan Mandura | saya kukuh bakuh | pama jangêt tinatigan | nagri papat lair batin dadi siji | yêkti tan kêna bênggang ||

27. marma ingsun kaliwat jurungi | pan mangkono yayi pamrih ingwang | yèn sêmbada ing karsane | wau ta sang aprabu | Padmanaba duk amiyarsi |

--- 147 ---

pangandikaning raka | sungkawa kalangkung | dangu nglênggêr tan ngandika | pan kasaru gumêrah gègèr ing jawi | prapta duta sri nata ||

20. Sinom

1. Kyana Patih Amonggarba | lan Kaladaru kang prapti | mulat ngalun-alun aglar | gêgaman kaprabon jurit | dhêdhêg kèndêl nèng jawi | lan sawadyabalanipun | Udawa gupuh mêsat | saking ing ngarsa narpati | praptèng jawi panggih lan duta kalihnya ||

2. wus têtela pitakènnya | nama myang karyanirèki | ratu miwah prajanira | Udawa wangsul ngarsa ji | prapta matur wotsari | dhuh pukulun sang aprabu | wontên caraka prapta | kêkalih samya duta ji | Garbaruci kalawan ing Ngambarmuka ||

3. pêpatihe kang dinuta | prasamya amundhi tulis | ing Ngambarmuka manungsa | ing Garbaruci rasêksi | samya kaprabon jurit | duta kalih praptanipun | mila abdi paduka | orêg prayitna ing jurit | Dwarawati Mandura miwah Ngastina ||

4. sang prabu

--- 148 ---

mèsêm ngandika | Udawa iridên aglis | duta karo ngarsaningwang | balane karia jawi | Udawa nêmbah mijil | praptèng jawi panggih sampun | lawan duta kalihnya | dhinawuhan lajêng kerit | lampahira tinêngahan mring Udawa ||

5. wus praptèng ngarsa narendra | cingak sagung kang ningali | warnane duta rasêksa | Amonggarba angajrihi | miwah dhapurirèki | Kyana Patih Kaladaru | wus tan kalih lan ditya | gagah prakosa gêng inggil | duta kalih wus samya kinèn alênggah ||

6. tinêngahan mring Udawa | kalih sarêng awotsari | umatur lamun dinuta | nênggih mring ratunirèki | angaturakên tulis | Narpaputra Sămba gupuh | nampèni sêratira | lajêng katur mring sang aji | kalih pisan sêrate lajêng binuka ||

7. winaos sinuksmèng driya | raosing sratira sami | anglamar Wara Sumbadra | sang prabu mèsêm ing galih | sêrat ngaturkên kalih | mring kang raka sang

--- 149 ---

aprabu | lajêng samya binuka | winaos sinuksmèng galih | wus kadriya sarasanirèng nuwala ||

8. gumujêng Sri Baladewa | sêsumuking gujêng runtik | asru dènira ngandika | yayi Prabu Dwarawati | ingsun ingkang mangsuli | marang duta karo iku | hèh hèh duta matura | iya mring ratunirèki | lamun arsa mondhong ari ngong Sumbadra ||

9. pan wus sun karya ubaya | aja tinuku mas picis | sapa ingkang bisa nyêmpal | ing bauku kanan kering | sayêkti lamun dadi | Si Sumbadra kramanipun | yèn takon ratunira | kadange tuwa wak mami | iya Prabu Baladewa ing Mandura ||

10. duta kalih duk miyarsa | pangandikane sang aji | umadêg suraning driya | kalih kadgadèng ajurit | gangsul ature sami | sarwi mandêng ing sang prabu | hèh ratu ing Mandura | gih kula ingkang makili | sayêmbara inggih ing ratu kawula ||

11. sami samangke kewala | sakarsanta angladosi | sri bupati duk [du...]

--- 150 ---

[...k] miyarsa | madêg krodhanya tan sipi | cinandhak mring kang rayi | ngrêrêpa dènnya umatur | pukulun paran marma | krodhanta arsa nêkani | marang duta langkung saking sèwu nistha ||

12. apan botên wontên adat | duta nata manggih pati | malah manggiha ganjaran | kang pasthi tampi pisalin | kang raka duk miyarsi | lênggah aris krodhanipun | Sang Prabu Padmanaba | pangandikanira aris | marang patih duta nata kalihira ||

13. hèh duta panggene[4] sira | mangkono nèng ngarsa mami | padha ngrusak tata krama | pan sira iku pêpatih | yêkti wruh sêsikuning | karaton tindak kang dudu | duta kalih miyarsa | ngrasa kadudone sami | nêmbah-nêmbah umatur nuwun apura ||

14. sang prabu malih ngandika | lah ta wis mundura sami | matura mring ratunira | pan ingsun ora mangsuli | layang dene sirèki | dhewe kang padha tinuduh | marang ing ratunira | yêkti yèn luwih utami | sira iku saking pira-pira layang ||

--- 151 ---

15. wus prasasat ratunira | katêmu dhewe lan mami | dene karo ratunira | gone padha awèh tulis | anglamar kadang mami | Si Sumbadra wus katrucut | apan mèh dhaupira | lan pêpacangane lami | sasi ngarêp iki ing pangarakira ||

16. lamun ratunira mêksa | dènnya mrih mring kadang mami | dèn barêngana kewala | iya sasi ngarêp iki | mring nagri Dwarawati | pangantèn pangarakipun | lah wis padha muliha | mangkono wangsulan mami | duta kalih nêmbah sarêng undurira ||

17. praptèng jawi sarêng budhal | sawadyane patih kalih | mantuk marang prajanira | wau ta ing păncaniti | Sang Prabu Harimurti | mring raka alon umatur | pukulun sri narendra | paduka kula aturi | manjing pura angayêmakên sarira ||

18. ing mangke wontên jro pura | kawula matur sayêkti | lan malih tuwan panggiha | lan ipe paduka katri | kang raka ngandika ris | iya bangêt onêng ingsun [ingsu...]

--- 152 ---

[...n] | lan bok ipe katiga | hèh paman Arya Sangkuni | angasoa lan putra dika sadaya ||

19. sami amasanggrahana | sandika sadaya sami | prabu jêngkar angadhatyan | kêkanthèn astane kalih | kang anèng păncaniti | bibar sadaya dumunung | samya amasanggrahan | makuwon wismèng dipati | wadyabala Mandura lawan Kurawa ||

20. namung Arya Burisrawa | lan Arya Patih Sangkuni | binêktèng Patih Udawa | wau kang kondur mring puri | prabu kalih wus prapti | pramèswari tiga mêthuk | munggèng tundhaning pindha | têtiga samya ngabêkti | marang ingkang raka Sang Prabu Mandura ||

21. wus samya tata alênggah | aglar kang parêkan cèthi | Sang Aprabu Padmanaba | mring raka umatur aris | wau wontên ing jawi | kawula tan sagêd matur | mangsuli pangandika | wontêning kathah lan malih | pan kasaru praptane duta kalihnya ||

22. rayi tuwan pun Sumbadra | samangke sampun nglampahi | pukulun sarèh

--- 153 ---

kawula | dhaupe lan pun Prêmadi | kawula wus ubanggi | lan yayi Ngamarta Prabu | wulan ngajêng punika | pangarakipun mariki | pun Janaka dhaupe lan pun Sumbadra ||

23. pan kawula sampun dhawah | mring Udawa angaturi | pukulun dhatêng paduka | badhe mangkat benjing enjing | lan pun Arya Sêtyaki | tumuntên paduka rawuh | Sri Bupati Mandura | miyarsa nglênggêr tan sipi | dangu jêtung sêdhakêp asta kalihnya ||

24. wasana aris ngandika | paran ta rèhira yayi | iya mring sariraningwang | kaya pa gone balèni | dene ngong wus nyaguhi | iya marang yayi Prabu | Ngastina myang jêng rama | Mandraka sun gawe pasthi | ing dhaupe arinira Si Sumbadra ||

25. iya lan Si Burisrawa | pangrasane ing tyas mami | wus nora nana kuciwa | putra jodho lawan putri | binobot kang sayêkti | wus timbang têrajunipun | iya Si Burisrawa | mêngku Si Sumbadra yayi | nora nistha ing lair batin [bati...]

--- 154 ---

[...n] utama ||

26. Sang Aprabu Padmanaba | gumujêng dènnya nauri | lêrês pangandika tuwan | punapa kang dèn ulati | ananging kadospundi | wus dadya kudanganipun | swargi jêng rama nata | praptèng sedane mêmêling | pun Sumbadra sampun liya jodhonira ||

27. inggih namung pun Janaka | paduka sami winêling | nauri Sri Baladewa | iya wus pinacang yayi | marang jêng rama swargi | nanging ta pangrasaningsun | wus pasthi arinira | karsaning dewa linuwih | iya nora jinodho lan Si Janaka ||

28. pira ta antaranira | lawase kongsi samangkin | samangsane pinikira | dhaupe lan Si Prêmadi | nuli kèh kang ngalangi | pakewuhe wuwuh-wuwuh | iku sira pikira | manawa durung pinasthi | Si Janaka jodho lawan Si Sumbadra ||

29. yayi yèn sira sumêlang | manawa krodhanirèki | arinta Nata Pandhawa | ingsun dhewe kang nyaguhi | dadi lamaking jurit | sira [si...]

--- 155 ---

[...ra] aja mèlu-mèlu | Sang Prabu Padmanaba | ragi sêndhu turirèki | pan kawula botên brăngta mring Pandhawa ||

21. Asmaradana

1. kawula botên andugi | pukulun karsa paduka | dene ta kapati supe | mring arinta pun Arjuna | prabu aywa mangkana | de wus kathah pênêdipun | inggih dhumatêng paduka ||

2. kala sami papa maksih | tuwan tapa tumut tapa | agung rêruntung rêrèntèng | malana tumut malana | luwung dhatêng kawula | kêdhik pênêde puniku | akathah dhatêng paduka ||

3. kala Kangbok Erawati | dhinusthèng raksasa raja | sintên paduka kanthine | lumêbêt dhasar samodra | mangrurah ripu ditya | pamirêng kawula namung | rayi tuwan pun Janaka ||

4. lan malihe kang nglampahi | rayi tuwan pun Sumbadra | mangkya wus dadya parênge | panêdhane wus tinêkan | patiba sampir rara | pun Janaka dhuwungipun | sampun wontên pun Sumbadra ||

5. măngka paduka [padu...]

--- 156 ---

[...ka] lintoni | jodho lan pun Burisrawa | yêkti dèn pilaur layon | măngsa paduka kilapa | watêkipun Sumbadra | lamun dede manahipun | pinêksa suka matia ||

6. Sri Baladewa miyarsi | anglês ing wardayanira | angrasa luput karsane | dadya lon dènnya ngandika | ya yayi bênêr sira | ingsun ingkang bangêt luput | ananging sira kapakna ||

7. sira ingsun tutuh yayi | bok iya nganggo rêmbugan | apa sira jabakake | sun iki kadange tuwa | ing mêngko kayaparan | saguh ingsun wus katrucut | marang Kurawa Ngastina ||

8. matur Prabu Harimurti | marma ngong tan mawi rêmbag | pan namung nglastarèkake | kudanganipun jêng rama | kang wau pan paduka | asangêt dènnya jumurung | kudanganipun jêng rama ||

9. lair batine kapati | sihe mring Si Dananjaya | sok mèh sêsoroh kadange | durung măngsa gung pinêksa | samêngkone wus [wu...]

--- 157 ---

[...s] diwasa[5] | bocahe lagi anurut | têka mring Si Burisrawa ||

10. kang raka sêndhu nauri | ya wis bênêr wuwusira | nanging ta kapriye manèh | pangrèhira marang ingwang | pan ingsun ora bisa | ambalèni wuwus kang wus | angur ingsun patènana ||

11. Sang Aprabu Harimurti | kèndêl datan angandika | dene kang raka adrênge | dènnya galih Burisrawa | wus nêrus ing wardaya | kadya nora kêna mundur | saingga ing lajêngira ||

12. dangu-dangu sri bupati | èngêt kêkudanganira | mring kang rayi duk timure | dadya lon matur ing raka | pukulun sapunika | kawula emut rumuhun | lamun darbe kêkudangan ||

13. Si Sumbadra lamun laki | muga olèha satriya | kang luwih pêkik warnane | kang prawira ing ayuda | sarta trahing kusuma | kang alus bêbudènipun | sabar sagêd mong ing garwa ||

14. lawan sasrahanirèki | kêbo danu satus ingkang | suku pancal panggung kabèh |

--- 158 ---

kalawan pangarakira | pangantène kang lanang | nitiha rata mas murub | pangirit turăngga yaksa ||

15. patah dewa ingkang pêkik | sêrati kusire dewa | ingkang dados pangarihe | widadari ingkang endah | punika yèn sêmbada | dadosa pêpanggilipun | rayi tuwan pun Sumbadra ||

16. sintên kang sagêt dhatêngi | ing kêkudangan punika | pinasthi dadi jodhone | sri bupati ing Mandura | nalikane miyarsa | èngêt ing tyasira jumbul | gumujêng sarwi ngandika ||

17. ingsun yayi iya eling | lamun duwe kêkudangan | duk ingsun dadi pangantèn | kinarinêngga ing dewa | kabèh sun tan lalia | kêmbar mayang dewadaru | gamêlan munya ing tawang ||

18. nuli calathu wak mami | yèn lakia Si Sumbadra | bisaa kaya wak ingong | wis iku luwih prayoga | kinarya sayêmbara | ingsun kang duwe panjaluk | mring yayi Prabu Ngamarta ||

19. yayi prabu kang duwèni | pa-

--- [0] ---

[Grafik]

Prabu Baladewa, ing praja Mandura, Arya Sêtyaki satriya ing Lesanpura, Radèn Sămba satriya ing Paranggaruda.[6] Prabu Krêsna, sinuhun ing praja Dwarawati, para parêkan.

--- 159 ---

njaluk marang Ngastina | hèh ta yayi pamit ingong | padha kèria raharja | ingsun mêtu ing jaba | budhal banjur awak ingsun | kang rayi alon turira ||

20. miwah pramèswari katri | bok inggih benjang kewala | pan dèrèng asat riwene | sadalu sarea pura | kang raka angandika | wis bangêt panrimaningsun | bok ipe sih marmanira ||

21. Sri Baladewa wus mijil | sapraptanira ing jaba | Sangkuni ngandikan age | lawan Arya Dursasana | myang Radèn Burisrawa | pra santana sadaya wus | aglar anèng ngarsanira ||

22. Sri Baladewa nglingnya ris | paman ing lampah kawula | wangsul sangêt pakewuhe | putra dika Si Sumbadra | mèh katrucut karyanya | wulan ngarsa badhenipun | panggihe lan pun Janaka ||

23. dene dadose samangkin | pun Sumbadra pan kinarya | sayêmbara kudangane | swarginipun kangjêng rama | paman sintên kang bisa | nêkani sadayanipun

--- 160 ---

kang dadya kudanganira ||

24. sayêkti yèn jatukrami | inggih lawan pun Sumbadra | benjang dika aturake | mring yayi Prabu Ngastina | kang dadya kudangannya | dhinawuhkên sadaya wus | Sangkuni ngungun miyarsa ||

25. wus têlas pangandika ji | samêkta Patih Pragota | têngara sigra budhale | jro pura Sri Padmanaba | sigra nimbali putra | Radèn Sămba pan ingutus | marang nagari Ngamarta ||

26. wus rampung pangandika ji | mring putra Rahadèn Sămba | sigra budhal sawadyane | rêrikatan lampahira | gênti ingkang winarna | nagri Ngamarta winuwus | Sang Aprabu Yudhisthira ||

27. sêdhêngnya lagya nimbali | mring ari Sang Arya Sena | lan Nakula Sadewane | katri sampun munggèng ngarsa | Sang Prabu Darmaputra | pangandikanira arum | Wrêkudara kayaparan ||

28. sanengganira ing kardi | apa wis padha samêkta | Wrêkudara lon ature | iya kabèh uwis pêpak | tan ana kakurangan [ka...]

--- 161 ---

[...kurangan] | yèn mangkono sêdhêngipun | sira ngatur-aturana ||

29. mring jêng rama Cêmpala Ji | lawan jêng eyang Wiratha | sagarwa putrane kabèh | kapindhone arinira | iya Si Dananjaya | bêcik timbalana iku | rêksanên anèng jro pura ||

30. iya kurang pira yayi | karyane ing sasi ngarsa | sêdhêng rêksanên nèng kene | Wrêkudara lon turira | iya sêdhêng dèn rêksa | pangantèn wus adatipun | dèrèng tutug angandika ||

31. kasaru praptanirèki | satriya Paranggarudha | katur tinimbalan age | kairit Radèn Nakula | sapraptanirèng ngarsa | Radèn Sămba nêmbah matur | sarwi nolèh wurinira ||

22. Pangkur

1. pukulun ulun dinuta | dening raka paduka jêng rama ji | paring uninga pukulun | karyanipun jêng paman | Madukara ing mangke kinarya mundur | ubaya ing wulan ngarsa | wontên dhadhakan nusuli ||

2. jêng uwa Prabu Mandura | saha bala rawuh ing Dwarawati [Dwarawa...]

--- 162 ---

[...ti] | sakapraboning prang pupuh | bêkta pun Burisrawa | pra santana Ngastina kathah kang tumut | praptanipun wa Mandura | amundhut ingkang jêng bibi ||

3. pan arsa dhinaupêna | lan pun Burisrawa karsanya tunggil | lan raka paduka prabu | paman Aji Ngastina | marma kadya angarak ing rawuhipun | kangjêng uwa ing Mandura | supe lamun kangjêng bibi ||

4. wus pinacang lan jêng paman | Madukara lawan dèrèng miyarsi | yèn sampun mèh karyanipun | jêng bibi lan jêng paman | Madukara wulan ngarsa dhaupipun | mila kakanta jêng rama | langkung tikbranirèng galih ||

5. dene wa Aji Mandura | wus katrucut dènira anyagahi | nistha panjênêngan ratu | lamun amangsulana | pangandika sagah ingkang wus kawuwus | marang sasamining nata | siniku mring jawata di ||

6. kinêbat darajatira | jêng rama ji saking kewran ing galih | kangjêng bibi dadosipun | kinarya sayêmbara | kakudanganipun jêng eyang kang uwus | jêng

--- 163 ---

bibi duk timurira | kinudang lamun akrami ||

7. tampia tukon sasrahan | kêbo danu satus kang pancal putih | lan malih pangarakipun | pangantèn anitiha | rata rukma pangirit turăngga diyu | kusir dewa patah dewa | myang pêngarih widadari ||

8. gamêlan munya nèng tawang | dewadaru kêmbar mayang sarakit | botên pilih tiyangipun | pundi ingkang sagêda | andhatêngi kudangan sadayanipun | sayêkti yèn jatukrama | inggih kalawan jêng bibi ||

9. pukulun kang pangandika | kangjêng rama sangêt dènira mêling | paduka sampun pakewuh | dumèh elok sadaya | kêkudanganipun jêng bibi pukulun | yèn wus pinasthi jêng paman | jinodho lawan jêng bibi ||

10. sayêkti gampil kewala | singa-singa ingkang paduka tuding | angupaya yêkti antuk | Sang Prabu Yudhisthira | duk miyarsa mangunêng tyasira jêtung | dangu kèndêl tan ngandika | ing galih dèrèng pinanggih ||

11. dènnya

--- 164 ---

arsa mangsulana | Wrêkudara krodha dènira angling | hèh pambarêp kakang ingsun | aja mangsuli sira | ingsun ingkang mangsuli prakara iku | durung tutug wong Ngastina | gone ngajak nora bêcik ||

12. têkan Si Bule Mandura | wiwit milu-milu atining eblis | Si Jalithêng têka katut | parêng ora parênga | Si Janaka ingsun arak besuk esuk | sarta sun payungi gada | sun iring kaprabon jurit ||

13. cèlèng asu Burisrawa | ya Si Bule kang mayungana bindi | kurang Kurawa bok wuwuh | kang jajari gamêlan | mring pangantèn sun jonjange ganjuripun | singa tiwasa ngayuda | kang raka datan nauri ||

14. ngandika mring Radèn Sămba | iya kulup aturna sêmbah mami | mring ramanira sang prabu | ingsun darma kewala | angladèni iya satimbalanipun | muga ta ingsun antuka | pangèstune jêng kaka ji ||

15. Radèn Sămba matur nêmbah | kang timbalan pukulun jêng rama [ra...]

--- 165 ---

[...ma] ji | pan kawula kinèn tumut | mring utusan paduka | ingkang badhe paring uninga pukulun | mring jêng paman Madukara | undure karyanirèki ||

16. sang nata mèsêm ngandika | yèn mangkono kulup ta luwih bêcik | Wrêkudara sakalangkung | èbêk wardayanira | bêkuh morod wêdalira lajêng mantuk | maring pasanggrahanira | wau Sang Yudhisthira Ji ||

17. ngawe Radèn Gathutkaca | praptèng ngarsa sang nata ngandika ris | sira kulup ingsun tuduh | angupaya sasrahan | kêbo danu satus ingkang pancal panggung | lan mampira pasanggrahan | bapakmu ingsun bubuhi ||

18. ngupaya rata kancana | kang pangirit turăngga yêksa kaki | lamun takon prênahipun | gone rata kancana | tuturana ing kêncênging kalbunipun | yèn mopo nora lumampah | ingsun dhewe kang lumaris ||

19. ngupaya rata kancana | sun ulati satêlênging jaladri | yèn ora ing gêni murub | wusnya

--- 166 ---

ngandikèng putra | mring Nakula hèh yayi sira sun utus | dhawuhêna kakangira | Si Janaka sun bubuhi ||

20. ngupaya sarati dewa | lawan patah jawata ingkang pêkik | kêmbar mayang dewadaru | gamêlan munyèng tawang | lan pêngarih widadari ingkang ayu | sadina mêngko mangkata | yèn mopo sun upatani ||

21. Nakula lan Gathutkaca | Radèn Sămba sarêng tur sêmbah mijil | wau ta ingkang winuwus | Dyan Arya Wrêkudara | sapraptane pasanggrahan lagya lungguh | katungka kang putra prapta | ingawe marang ngarsa glis ||

22. sira Gathut ana apa | sing paseban kang putra awotsari | ingutus mring uwa prabu | dhawuhkên kang timbalan | mring paduka pan kinèn ngupaya gupuh | nênggih kang rata kancana | pangirit kuda rasêksi ||

23. pêrnahe rata kancana | nênggih wontên kakêncênging panggalih | kawula inggih ingutus | angupaya maesa | danu satus ingkang sami pancal panggung | jêng paman [pama...]

--- 167 ---

[...n] ing Madukara | wau inggih dèn bubuhi ||

24. ngupaya sarati dewa | lawan patah jawata ingkang luwih | sêkar mayang dewadaru | găngsa kang munyèng tawang | Wrêkudara ambêkuh dènnya sumaur | balia sira matura | marang wakamu dèn aglis ||

25. ingsun tan bisa ngupaya | rata rukmi dhasare ingsun suthik | mulane lunga wak ingsun | iya măngsa wurunga | yèn dinuta angur kinongkona ngamuk | marang Kurawa Ngastina | saiki ingsun saguhi ||

26. kang putra umatur nêmbah | yèn paduka mopo datan lumaris | sayêkti jêng uwa prabu | nyarirani ngupaya | ing rata mas salêbêting gêni murub | yèn tan wontên jro dahana | ngupaya têlêng jaladri ||

27. jêng paman ing Madukara | yèn mopoa wau dèn upatani | Wrêkudara sru gumuyu | jêlèh bosên wak ingwang | wus adate yèn pinopo prentahipun | nuli mrih pati kewala | lamun ora nyêpatani ||

28. sirèku [si...]

--- 168 ---

[...rèku] kinèn ngupaya | kêbo danu kang pancal gone ngêndi | takona mring uwakamu | iya kadangku tuwa | kêthèk putih ingkang tapa karêmipun | nèng gunung Kêndhalisada | Anoman namanirèki ||

29. satuduhe lakonana | ingsun arsa ngulati guru mami | manawa bisa katêmu | gone têlêng samodra | payo mangkat ingsun ngisor sira dhuwur | Radèn Arya Wrêkudara | sigra grêgêt tyas lumaris ||

30. bayuning ăngga wus mêdal | sindhung riwut awor dêrêsing angin | Arya Sena gya sumêbrung | malumpat kadya kilat | lampahira Arya Sena kadya mabur | wau ta ing lampahira | lir naga krura ngajrihi ||

31. ambênêr amurang marga | bayunira sadaya drês ngin midit | prahara gora gumuntur | orêg sêmpal kaprapal | prapal punggêl kapawasa dening lesus | sindhung riwut magênturan | gora rèh magiri-giri ||

32. wuri Arya

--- 169 ---

Gathutkaca | mangkat dêdêl marang ing awiyati | gêtêr-patêr rèh gumuntur | prawalita magora | lir kruraning kagendra kras ibêripun | wuwusên Arya Nakula | ing Madukara wus prapti ||

33. lan kang putra Radèn Sămba | tinimbalan laju mring tamansari | praptèng ngarsa kalihipun | samya mangraup pada | Radèn Sămba rinangkul lungayanipun | wus samya kinèn alênggah | anèng ngarsanira kalih ||

34. Radèn Nakula tur sêmbah | dhuh kakang mas lampah kula tinuding | ing rakanta kaka prabu | kinèn paring uninga | lamun karya paduka kinarya mundur | lampahe putra paduka | dinuta maniskên angling ||

23. Dhandhanggula

1. mangkya wontên pakewuh nusuli | raka paduka Prabu Mandura | ingkang rawuh sabalane | sakaprabon prang pupuh | rawuhipun ing Dwarawati | bêkta pun Burisrawa | bala Kurawa gung | karsane raka paduka | ing Mandura kakang bok Banoncinawi | karsa dhinaupêna [dhina...]

--- 170 ---

[...upêna] ||

2. lawan Burisrawa rakanta ji | tan miyarsa lamun wus ubaya | lawan paduka dhaupe | wulan ngarsa pukulun | raka tuwan ing Dwarawati | kêkah Mandura maksa | dènnya wus katrucut | sagahe mring wong Ngastina | têmahipun kaka Prabu Dwarawati | akarya sayêmbara ||

3. yèn kakang bok ing Banoncinawi | duk timure apan kinakudang | mring swargi wa Mandurane | kinudang yèn kramantuk | satriya nom ingkang apêkik | atampia sasrahan | kêbo danu satus | kang pancal panggung sukunya | lan pangantèn lanang pangarakirèki | sampun anitih kuda ||

4. anitiha rata kancana di | apangirid kang turăngga yaksa | kusir dewa myang patahe | jawata kang binagus | lan gamêlan munyèng wiyati | mawia kêmbar mayang | kajêng dewadaru | pangarih apsari swarga | ingkang endah sintên kang sagêd dhatêngi | sayêkti jatukrama ||

5. lan kusuma ing Banoncinawi [Ba...]

--- 171 ---

[...noncinawi] | kaka prabu ingkang sampun sagah | andhatêngi sadayane | kudanganipun wau | pan kakang mas dipun bêbahi | ngupaya kêmbar mayang | kajêng dewadaru | lan gamêlan munyèng tawang | kusir dewa patah dewa myang pangarih | dene raka paduka ||

6. ing Pamênang pan dipun bêbahi | angupaya kang rata kancana | turăngga wil pangiride | putra tuwan pukulun | Pringgadani dipun bêbahi | maesa danu ingkang | pancal panggung satus | satriya ing Madukara | duk miyarsa kèmêngan tyasira kadi | dhatêngkên runtikira ||

7. nanging sinamun datan katawis | winor gujêng dènira ngandika | yayi mas matura bae | sadukane ngong suwun | aja dadi galihirèki | ingsun ora kaduga | ngupaya riningsun | pamundhute Sri Narendra | Dwarawati patah dewa myang sêrati | gamêlan munyèng tawang ||

8. kêmbar mayang dewadaru swargi | sapa wonge kang bisa ngudhuna | lagia kusire bae |

--- 172 ---

dewa kinèn amêcut | iku yayi amung kinardi | samudana kewala | ing panampikipun | sri bupati ing Mandura | miwah iku sinuhun ing Dwarawati | kaduwung galihira ||

9. gone arsa ngabdèkkên ing mami | yèn tinimbang lan putra Măndraka | sayêkti dudu timbange | dadya tyas ingsun mupus | pan angrasa lamun wong cilik | sêdya rabi bêndara | dudu bobotipun | amung abdine kewala | Si Sulastri ingkang ingsun suwun bali | kalawan kêris ingwang ||

10. Radèn Sămba wau duk miyarsi | pangandikanira ingkang paman | sigra nungkêmi padane | ngrêrêpa aturipun | adhuh paman wong tuwa mami | sampun paduka nrêka | ing galih pukulun | mring rakanta kangjêng rama | yèn kagungan ing panggalih kalih-kalih | liya saking paduka ||

11. pan kawula purun ananggêni | awor lêbu dèn supatanana | mring kawula bêbisike | raka paduka prabu | sangêt-sangêt dènira [dèni...]

--- 173 ---

[...ra] mangsit | kulup yèn pamanira | dadi ing tyasipun | tan arsa anêkanana | mutung dene sayêmbara anusuli | warahên wus tan kêna ||

12. yèn suthika pan kudu nêkani | kabèh ingkang kocap kêkudangan | bibèkamu ing dhaupe | kalawan pamanamu | pan wus tita mangsane mangkin | norangèl pamanira | kêkudangan iku | nêkani sayêkti bisa | yèn mopoa sasat maido mring mami | dadi karsaning dewa ||

13. Dananjaya gumujêng sarya ngling | iya kulup wus ingsun tarima | sih palimirmanta anggèr | bangêt-bangêt maring sun | ngrasa nora bisa mangsuli | nanging sun lakonana | karsanira iku | kang pasthi măngsa antuka | mundhak dadi gêguyoning bocah cilik | ingaran tanpa ngrasa ||

14. dene cebol pêksa gayuh langit | karangsangan măngsa ta gaduga | gayuh dudu gadhuhane | tan wruh kanisthanipun | sudra papa anyipta putri | namung sira kewala | tutugna nak ingsun [ing...]

--- 174 ---

[...sun] | gonira angaku bapa | mring wong nistha Radèn Sămba duk miyarsi | asru dènnya karuna ||

15. lah wis ênggèr aja sira nangis | puluh-puluh pan awak priyăngga | maune tan ngrasakake | anyuwun putri ayu | kadang ratu agung kêkalih | kang masthi milih marang | Dyan Burisrawèku | putra nata ing Mandraka | kadang katri wus sami ngadêg narpati | mêngku nagara samya ||

16. Dyan Nakula matur sarwi nangis | dhuh kakang mas sampun tan lumampah | kakang prabu ing dhawuhe | sangêt pêpacuhipun | lamun mopo dèn supatani | miwah raka paduka | ing Pamênang wau | lamun mopo tan lumampah | kaka prabu pamit sêdya lêbu gêni | mila sangêt tur kula ||

17. lamun kangmas botên anglampahi | datan wande alêbu dahana | kaka prabu ing samangke | punapa tuwan kantun | myang kawula alêbu gêni | satriya Madukara | tyasira kumênyut [kumênyu...]

--- 175 ---

[...t] | myarsa ature Nakula | pan kadaut anglêsing tyasira ajrih | mring raka sih bêktinya ||

18. dadya sirna runtikirèng galih | marang Prabu Baladewa lawan | wong Ngastina sabalane | miwah ing runtikipun | mring kang raka Sri Harimurti | anggalih kang timbalan | ing raka sang prabu | alon dènira ngandika | iya yayi matura mring sri bupati | atur ingsun sandika ||

19. darma bae awak ingsun iki | ing timbalan kangjêng sri narendra | mung antuka pangèstune | miwah sira nak ingsun | umatura ramanira ji | yèn ingsun wus sandika | ing timbalanipun | iya kang rayi Ngamarta | ingkang mêsthi laku ngong masthi tan olih | saking wêdi kewala ||

20. yèn mopoa ing karsa sang aji | Radèn Sămba lan Radèn Nakula | langkung suka ing galihe | wus pamit kalihipun | mundur saking ngarsa wotsari | satriya Dananjaya | ing saungkuripun | Nakula lan Radèn [Radè...]

--- 176 ---

[...n] Sămba | animbali Sêmar Bagong kinèn sami | angobong dupa seta ||

21. Sêmar Bagong Garèng Petruk sami | suka arsa minggah suralaya | sigra angobar dupane | Sang Parta nurut kukus | punakawan tan ana kari | saparane gustinya | kunêng lampahipun | Radèn Nakula wus prapta | ngarsa nata sadaya wus katur sami | sasolahe dinuta ||

22. yèn kang rayi sampun nyandikani | ing timbalan lajêng lumaksana | mring suralaya lampahe | sang prabu sukèng kalbu | amiyarsa aturing rayi | wau ta kang winarna | nênggih lampahipun | satriya Paranggarudha | sampun prapta ing nagari Dwarawati | ngarsane ingkang rama ||

23. matur solah tingkahe tinuding | Radyan Sămba ing Paranggarudha | ingkang paman wangsulane | sadaya sampun katur | ingkang rama suka miyarsi | kunêng malih winarna | nênggih lampahipun | sri bupati ing Mandura | saundure saking nagri Dwarawati |

--- 177 ---

lan Kurawa Ngastina ||

24. anèng marga sasimpangan sami | Prabu Baladewa sawadyanya | lajêng kundur mring prajane | Kurawa lajêng mantuk | sapraptane Ngastina nagri | sadaya tinimbalan | manjing jro kadhatun | Durna sampun anèng ngarsa | Arya Burisrawa nangis anungkêmi | ing pada sri narendra ||

25. Arya Sangkuni matur miwiti | duk praptane nèng nagri Mandura | sêrat dalêm ing kature | lajêng ing budhalipun | dhatêng nagri ing Dwarawati | purwa madya wasana | sadaya wus katur | solah tingkahe dinuta | myang dadine sayêmbara katur sami | gumuyu Rêsi Durna ||

26. yèn mangkono ya adhi Sangkuni | atur ingsun ing nguni lan sira | paekan kalakon kabèh | nora ana kang luput | balinira iki pan saking | Sumbadra lan Janaka | iya wus katrucut | ubaya wulan ing ngarsa | ing dhaupe yèn aja mêngkono adhi | lakumu antuk karya ||

27. Prabu Duryudana ngandika riris [ri...]

--- 178 ---

[...ris][7] | hèh ta paman paran dayanira | amrih antuk ing banjure | nora bêtah wak ingsun | tinangisan sutanirèki | Rêsi Durna turira | pukulun sang prabu | kang kocap ing sayêmbara | pan sadaya langkung elokipun sami | ananging padukendra ||

28. sapakantuk kêdah angwontêni | ingkang sampun kocap sayêmbara | dene rata kancanane | inggih rata sang prabu | sinaput ing parada kuning | turangganira yaksa | dipăngga kang tutut | kusir dewa patah dewa | amundhuta wiku kang anom kang pêkik | satunggal ingkang tuwa ||

29. kajêngipun dewandaru kardi | mirah sotya intên lan barleyan | rineka woh lan sêkare | kancana godhongipun | winarnaa lan rajawêrdi | banthèng maesanira | găngsa munyèng luhur | inginggahakên jêmpana | lan kang nabuh yèn sampun samêkta sami | aturna mring Mandura ||

30. sri narendra angandika [anga...]

--- 179 ---

[...ndika] malih | inggih paman nuli samêktaa | kang dadya turira kabèh | Burisrawa riningsun | sarèhêna brangtanirèki | antinên sasi ngarsa | anèng tamansantun | poma-poma dèn samêkta | kudangane Kusuma Banoncinawi | kang kocap sayêmbara ||

31. tur sandika sang rêkyana patih | lawan Dhanghyang Durna sampun mêdal | saking jro pura kalihe | sang prabu angadhatun | Burisrawa pinêrnah malih | wontên ing patamanan | sangsaya kadlurung | ing siyang dalu karuna | sambat-sambat Kusuma Banoncinawi | mêgatruh tyase uyang ||

24. Mêgatruh

1. kunêng nagri Ngastina gênti winuwus | Wrêkudara lampahnèki | praptèng pinggir samodra gung | kèndêl maju jroning galih | ngadêg jêjêr tan miraos ||

2. asidhakêp astanira kalihipun | datan obah datan osik | sêmèdi sajroning kalbu | kang pinusthi jroning galih | gurunira kang katonton ||

3 tan antara Dewaruci [Dewa...]

--- 180 ---

[...ruci] pan kadulu | nèng pucuking alun linggih | minggir lumembak kang ranu | Wrêkudara duk umèksi | langkung sukanirèng batos ||

4. mudhar asta luwar dènira manêkung | gya sumêbut Dewaruci | mêsat lir kilat sumêbrung | Wrêkudara anadhahi | anèng èpèk-èpèk lunggoh ||

5. Wrêkudara anungkêmi gurunipun | Dewaruci alon angling | Wrêkudara pa karyamu | dene mrih ing prapta mami | Sena aturira alon ||

6. dhuh pukulun guru amba kang sawastu | uninga dèrèng winisik | punapa sasêdya ulun | paduka tamtu udani | sadèrèng ulun miraos ||

7. lampah kula pukulun sampun kadulu | ing paduka kang murwèng sih | Dewaruci sru gumuyu | samana ngandika aris | sêdyanta têmu lan ingong ||

8. sira iku tinuduh ing kadang sêpuh | Darmaputra angulati | kareta kancana murub | bakal tunggangane benjing | rinta Ki Parta sang anom ||

--- 181 ---

9. yèn dèn arak maring Dwarawati besuk | iya sasi ngarêp iki | lawan Si Sumbadra dhaup | aja maras tyasirèki | jênêng ingsun pan rumojong ||

10. iya lawan ing lakunira puniku | lor bênêr samodra iki | ana panjênêngan ratu | binathara nyakrawati | sinêmbah samaning katong ||

11. raning ratu Besawarna kang jêjuluk | Singgêla ingkang nagari | Besawarna têdhakipun | Ngalêngka ratu linuwih | kang darbe rata mas abyor ||

12. rata êmas pangirit turăngga diyu | titihanira ing nguni | Bathara Rama rumuhun | nalika mungkasi jurit | mring Ngalêngka yaksa katong ||

13. awit bala Sri Rama ayunan pupuh | lawan Dasamuka Aji | tanpa titihan puniku | Dasamuka iku nitih | ing rata rukmi binarong ||

14. Batharendra mulat sandeya tyasipun | tinurunan rata rukmi | kalawan jêmparingipun | guwawijaya pinusthi | Dasamuka jăngga pêdhot [pê...]

--- 182 ---

[...dhot] ||

15. dhas sapuluh apan barêng tibanipun | păncasona tanpa dadi | Sri Rama sasirnanipun | kang rata kancana maksih | gya ginadhuh mring sang katong ||

16. Besawarna wus pinasthi rata iku | iya kêna mring sirèki | ing salakunira iku | myang lakune Si Prêmadi | mring suralaya ing mêngko ||

17. angupaya sêrati dewa yêktyantuk | pêpatah lawan pangarih | kêmbar mayang dewandaru | gamêlan munyèng wiyati | kabèh tan ana kang towong ||

18. Gathutkaca ênggone lunga angrungu | kêbo danu satus iji | ingkang padha pancal panggung | amasthi kalamun olih | pundhutanira sang katong ||

19. Sri Bupati Padmanaba pasthi antuk | tan ana kang luput siji | sadaya pamundhutipun | sasrahanira sang dèwi | kudangane sang lir sinom ||

20. hèh ta payo sun atêr anyabrang laut | Wrêkudara turnya aris | paran ta gèn kula anut | lumampah

--- 183 ---

anèng jaladri | yêkti kasilêp wak ingong ||

21. ulun datan sagêt angambah ing ranu | kadyanggane kewan warih | marma paran mrih bisa nut | Dewaruci ngandika ris | yèn sira anut maring ngong ||

22. sayêktine kaya dharat ingkang ranu | Wrêkudara guguk myarsi | sumăngga kawula anut | salampah tuwan umiring | gya mangkat lampah wong roro ||

23. Dewa Ruci kadya kliat lampahipun | angambah toya jaladri | Wrêkudara datan kantun | tan antara sampun prapti | ing Singgêla dumarojog ||

24. Wrêkudara manjing panangkilan gupuh | umulat janma alinggih | Sena marak munggèng ngayun | angadêg datan pakèring | saksana manabda alon ||

25. wruhanira uwong tanah Jawa ingsun | kinongkon ing kadang mami | kang tuwa pribadi iku | anèng Ngamarta nagari | yaiku kang madêg katong ||

26. Darmaputra pan iku pêparabipun | Wrêkudara [Wrê...]

--- 184 ---

[...kudara] ingsun iki | kinongkon anyêlang ingsun | rata kancana pangirit | turăngga wil kang binarong ||

27. iya marang ing Singgêla Sang Aprabu | lah apa iya sirèki | Singgêla kang madêg ratu | Besawarna ingkang nami | kya patih sumaur alon ||

28. jênêng ingsun dudu kang jumênêng ratu | wruhanira sun pêpatih | misesani ing praja gung | prasasat sun kang dadya ji | sinêmbah punggawa katong ||

29. ranku ring rat Kartabăngsa kang sinêbut | Wrêkudara alon angling | yèn pêpatih sira iku | hèh nuli matura aglis | marang gustimu sang katong ||

30. jênêng ingsun pan iya arsa katêmu | dinuta ing kadang mami | kang tuwa umadêg ratu | anèng Ngamarta nagari | Kartabăngsa lingnya sêngol ||

31. abalia tan kêna seba sirèku | ya marang ing ratu mami | dene ta sira puniku | pan ambuwang tatakrami | mungguh tataning karaton ||

32. apa iya ing

--- [0] ---

[Grafik]

Arya Wrêkudara satriya ing Jodhipati. Prabu Bisawarna, ing praja Singgêla, Lrêkyana[8] Patih Kartabăngsa.

--- 185 ---

Ngamarta nagaramu | nora ana tatakrami | lan ora na tatanipun | iya janma ingkang linggih | Wrêkudara saurnya lon ||

33. iya amung raganingsun dhewe lumuh | nora bisa tatakrami | patih kalamun sirèku | nora gêlêm atur uning | marang ratumu sang katong ||

34. iya amung lilanana raganingsun | manira dhewe umanjing | maring sajêro kadhatun | katêmu lawan sang aji | kya patih myarsa wiraos ||

35. krura muntap sura saru wuwusipun | babo janma apa iki | ambêgmu bêrung dalarung | tan ana sira kèringi | apa sun tan katon uwong ||

36. apa katon pitik iwèn raganingsun | miwah sagung pra dipati | baya apa pandêlêngmu | bangêt murang tatakrami | tan mundur ing ujar ingong ||

25. Durma

1. lamun isih urip Patih Kartabăngsa | lan sagung pra dipati | kaya nora bisa | sira banjur mring pura | buh lamun ingsun wus mati | lan pra dipatya |

--- 186 ---

kabèh ajur wor siti ||

2. Wrêkudara nauri sanadyan ingwang | iya palaur mati | kalamun balia | anèng kene kewala | miyarsa krodha tan sipi | rêkyana patya | ngêjèpi pra dipati ||

3. wong sawiji paripêksa găndra pira | sarêng tandang ngêbyuki | mring Sang Wrêkudara | rumukêt amrih bănda | rêkyana patih jênêngi | ngadêg nèng ngarsa | sarwi angundha bindi ||

4. pan kalimput Sena dening pra dipatya | adêgira tan mosik | pinarbutan kathah | astanira Sang Sena | gatgada rok amrih budi | bayuning ăngga | prahara sarêng mijil ||

5. bayubajra kumrusuk saking sarira | sindhung-riwut gumêrit | sagung pra dipatya | kapadal singsal kontal | mlêsat tibane kabanting | rêkyana patya | sigra ngantêbi bindi ||

6. Wrêkudara tiniban ing gada tadhah | jajanira tan osik | Sena gya lumumpat | kyana patih cinandhak | gapyuk sarêng anadhahi

--- 187 ---

rêkyana patya | prakosa gêng ainggil ||

7. tanah sabrang kyana patih tanpa lawan | kuwate angliwati | lan Sang Arya Sena | mèh sami prakosanya | dêdêr-dinêdêr prasami | sêndhal-sinêndhal | sigra kang pra dipati ||

8. sarêng tandang têtulung mring kyana patya | ambyuk sarêng ngêmbuli | Sena pinarbutan | ginada binadhama | pinalu-palu piniling | dhêndha candrasa | bingung Arya Sena glis ||

9. nilar marang ki patih milar anyandhak | punggawarsa binanting | kyana patih gada | kagyat wal panyêkêlnya | nolih mring patih ginitik | musala dhêndha | mring sagung pra dipati ||

10. krodha Radèn Wrêkudara gya lumumpat | nyandhak rêkyana patih | sru sinêndhal-sêndhal | tibèng kongsêp jinambak | ginèrèt ingoncat-ancit | ngidak dhinupak | pra dipati nulungi ||

11. pinapag ing gitik patih kang kinarya | kabanting pra dipati | rêbah kasulayah | kambah dadya [da...]

--- 188 ---

[...dya] jarambah | patih kang kinarya gitik | karasèng asta | wor lawan pra dipati ||

12. Arya Sena tan arsa mrih patinira | nyandhak mring pra dipati | sinawatkên marang | jro pura tibanira | kumrutug gègèr jro puri | Sri Besawarna | gugup ing tyas gya mijil ||

13. praptèng jawi tumingal mring Arya Sena | pangamukira maksih | mobat-mabit babat | ki patih kang kinarya | anyabêti pra dipati | kang wus cinandhak | binuwang mring jro puri ||

14. Besawarna sigra angayati cakra | mèh lumêpas ningali | cahyane Sang Sena | sêrênge kang guwaya | padhang lir sunaring rawi | wadananira | dinulu balêrêngi ||

15. Prabu Besawarna ing tyas nora samar | lamun kusuma yêkti | trahing witaradya | wijiling maratapa | sèlèh cakra marêpêki | sarwi ngrêrêpa | dhuh sang krodha ing jurit ||

16. sampun-sampun kasêrêng darungkên duka | mring abdi tanpa kardi | lêbur ing sapraja | sirna wadya [wa...]

--- 189 ---

[...dya] paduka | nanging ta paduka gusti | sasat angrisak | ing kagungan pribadi ||

17. pan kawula sadrêmi têngga kewala | nagri Singgêla ngriki | kagungan paduka | saisining jro pura | punapa kang dèn karsani | ulun sumăngga | branarta busanèstri ||

18. nadyan silih ing pêjah gêsang kawula | sakarsa tuwan dadi | Radèn Wrêkudara | kèndêl pangamukira | ningali marang kang prapti | seje kang warna | mawa cahya tur pêkik ||

19. wruh yèn iku ratune nagri Singgêla | sinèlèhakên aglis | Patih Kartabăngsa | gumlinting anèng kisma | ngalumpruk sangêt tan eling | Sri Besawarna | ngrêrêpa matur aris ||

20. dhuh suwawi anggèr paduka pinarak | asowèng păncaniti | mangke dhêdhawuha | punapa kang kinarsan | dene kongsi anêmahi | dhawahkên duka | mring abdinta pun patih ||

21. Wrêkudara nuruti sigra lumampah | marang ing păncaniti | wusnya tata lênggah | Sang Prabu [Pra...]

--- 190 ---

[...bu] Besawarna | umatur angarih-arih | dhuh gustiningwang | kamipurun kang abdi ||

22. nuwun pirsa ing nama miwah pinăngka | inggih nagari pundi | rawuh nèng Singgêla | punapa ingkang karsa | dene ngantos anêmahi | apăncakara | lan abdinta ing ngriki ||

23. Radèn Arya Wrêkudara lon ngandika | tanah Jawa sun iki | panênggak Pandhawa | pêparab Arya Sena | satriya ing Judhipati | kang madêg nata | anèng Ngamarta nagri ||

24. kadang ingsun tuwa Prabu Yudhisthira | dene ta prapta mami | anèng prajanira | nora bêbarang pêrang | lan ora sikara budi | apan dinuta | kang dadi laku mami ||

25. kakang prabu nêdya ngambil pawongmitra | mring sira sri bupati | miwah raganingwang | nêdya bêcik mring sira | prapta ngong prajanirèki | pêpatihira | lan sagung pra dipati ||

26. angadhangi nora awèh sun banjura | katêmu lan sirèki | maring sun sikara | marmane dadya aprang | wadyanira amrih pati | Sri

--- 191 ---

Besawarna | miyarsa ing tyas kingkin ||

26. Asmaradana

1. saksana umatur aris | anggèr lamun makatêna | abdi ngriki gung lêpate | amung apuntên paduka | hèh patih marenea | ngabêktia mring gustimu | padha nyuwuna ngapura ||

2. ki patih lan pra dipati | èngêtnya saking kantaka | maksih rêngkêng-rêngkêng rêngkong | ngabêkti angaras pada | marang Sang Arya Sena | sawusira kinèn lungguh | tata aglar anèng ngarsa ||

3. Wrêkudara lingira ris | hèh Sang Prabu Besawarna | lakuningsun sayêktine | kinongkon kadang ngong tuwa | nyêlang rata kancana | bakal têtungganganipun | ariningsun kang pandhadha ||

4. rabi Putri Dwarawati | pangaraknya kinèn nunggang | rata mas jêjalukane | pangirit turăngga yêksa | kusir sarati dewa | timbalane kaka prabu | rata bisaa sun gawa ||

5. barênga ing laku mami | Besawarna tur sumăngga | mundhut kagungane dhewe | wartane [warta...]

--- 192 ---

[...ne] bapa kawula | inggih rata punika | ing nguni titihanipun | Bathara Ramawijaya ||

6. mila ta wontên ing ngriki | dhasar lêluhur kawula | kang darbe gadhuhan anggèr | mila ngong jrih nitihana | slamine mung rinêksa | pun bapa pitungkasipun | sirnane Bathara Rama ||

7. nuksmèng Ratu Dwarawati | kang rayi mangke pan arsa | mundhut rata kagungane | dhasare ingkang kagungan | inggih Bathara Krêsna | yêkti kawula tan kantun | asarêng lampahing rata ||

8. ulun dhèrèkkên pribadi | sampun lami niyat kula | sumêdya ngèstupadane | dhatêng Sri Bathara Krêsna | ing mangke kaparêngan | nanging ngantosa pukulun | ing wulan ngarsa punika ||

9. paduka kula aturi | ngadhaton sajroning pura | angayêmna sarirane | sêdhêng kawula samêkta | ing wadya myang baita | mring Ngamarta nabrangipun | Wrêkudara èngêt ing tyas ||

10. wêlingipun Dewaruci | kinèn nuruti kewala |

--- 193 ---

Besawarna saature | dadya ris dènnya ngandika | ingsun iya narima | sih marmanira maring sun | nanging ingsun ora bisa ||

11. yèn ngantia lami-lami | kuwatir atinggal praja | amung mring sira wêkas ngong | sasi ngarêp aja cidra | praptanira Ngamarta | karana ing karyanipun | rata iku sasi ngarsa ||

12. lamun cidra sun balèni | Sang Aprabu Besawarna | sarwi gumuyu ature | masa ta puruna cidra | anggèr dhatêng paduka | Wrêkudara lingnya arum | lah wis karia raharja ||

13. ingsun pamit ing saiki | gya sumêbut Arya Sena | saingga kilat lampahe | wuri Prabu Besawarna | marintah mring kya patya | samêkta ingkang wadya gung | baita kinarya nyabrang ||

14. sandika rêkyana patih | miwah sagung pra dipatya | ing Singgêla sadayane | siyaga wadya myang palwa | kunêng gantya winarna | Gathutkaca lampahipun | wus prapta Kêndhalisada ||

15. Gathutkaca angabêkti | mring Bagawan [Ba...]

--- 194 ---

[...gawan] Mayangkara | dangu nungkêmi padane | Anoman alon têtanya | lah sira iku sapa | dhuwur tênggak ingsun dulu | kaya na èmpêre uga ||

16. ngêngrêng jarotira ugi | iya lan Si Wrêkudara | lah ngakua sapa kowe | Gathutkaca matur nêmbah | pasaja yèn putranya | anulya rinangkul gapyuk | nora linyok ujar ingwang ||

17. bok aja kabèh ngêblêgi | jarot miwah swaranira | seje kulit lan bapakne | Si Wrêkudara balengah | kuning sirèku abang | prapta ing pratapan ingsun | he kulup kinongkon apa ||

18. mring wong tuwanira kaki | Gathutkaca matur nêmbah | pan inggih ulun kinèngkèn | mring uwa Prabu Ngamarta | angupaya maesa | danu satus pancal panggung | jêng paman ing Madukara ||

19. arsa krama angsal putri | ing Dwarawati nagara | wulan ngarsa ing dhaupe | wa prabu ing Dwarawatya | mundhut ingkang kudangan | maesa andanu satus [satu...]

--- 195 ---

[...s] | suku pancal panggung samya ||

20. nuwun têdah kang sayêkti | ênggène ingkang maesa | Mayangkara sru gujênge | sun arani wong gêlathak | Sang Prabu Padmanaba | anjaluk andanu satus | kang suku panggung pancalnya ||

21. ubrêsên sadonya iki | sawiji masa antuka | kang dadi ujarmu kuwe | kêbo mangkono rupanya | dhasare nora ana | kang duwe panjaluk iku | ngupaya masa bisaa ||

22. wis muliha bae kaki | matura mring uwakira | yayi Prabu Ngamartane | yèn mangkono wuwus ingwang | Gathutkaca manêmbah | yèn uwa tan paring tuduh | ênggènipun kang maesa ||

23. kula suka pêjah ngriki | merang mantuk mring nagara | mendah jêng uwa dukane | miwah rinta kangjêng rama | Anoman duk miyarsa | kang putra rinangkul gapyuk | bocah iki wus kababan ||

24. iya kulup sun tuturi | pan dudu ing marcapada | ênggone andanu kuwe | sayêktine ing kaendran [kaendra...]

--- 196 ---

[...n] | kagungan Bathara Endra[9] | Bathara Gana kang gadhuh | Dhadhungawuk pangonira ||

25. jujuga Sêmèru wukir | pucake ingkang lor wetan | pan ing kono pangonane | pasthi kêna dening sira | miwah Si Dananjaya | lakune lan bapakamu | iya padha olèh karya ||

26. tan ana luput sawiji | pundhutane sri narendra | Dwarawati olèh kabèh | ujêr wus pasthi jodhonya | Parta lawan Sumbadra | lah ta wis mangkata kulup | ingsun jurung pujamăntra ||

27. nanging dèn prayitna kaki | kêbo kaliwat bêbaya | satus galak-galak kabèh | suka Radyan Gathutkaca | dene wus antuk têdah | pamit nêmbah lajêng mundur | kapungkur Kêndhalisada ||

27. Pangkur

1. sinêru kras ibêrira | Gathutkaca sakêdhap wus ngungkuli | nênggih ing wukir Sêmèru | pucak ingkang lor wetan | tiningalan jirab kang maesa danu | satus pancal panggung samya | Gathutkaca marêpêki ||

--- 197 ---

2. maesa gana[10] miyarsa | marang Gathutkaca anandêr sami | ingkang saking ngarsa nubruk | cinandhak tan bisa wal | nulya ingkang wuri samana anubruk | cinandhak kang saking kanan | nubruk ingkang saking kering ||

3. bingung Radèn Gathutkaca | kontal-kontal mèh sayah dèn bijigi | kanan kering ngarsa nubruk | langkung èmêng tyasira | de maesa sawiji tan ana tutut | wontên maesa satunggal | bule gêngira saèsthi ||

4. pan iku kapalanira | langkung rikat panubrukira titis | panjang lungit sungunipun | anggung angundha-undha | kombul tiba tinadhahan sungunipun | kumêdut nanging tan pasah | nulya sadaya ngêbyuki ||

5. krodha Radèn Gathutkaca | mulat marang maesa bule siji | kuwate panubrukipun | karasa ing sarira | gya cinandhak jinotos dhase malêdug | muncrat polone daladag | ingkang kantun aningali ||

6. pêjahe kapalanira | pan [pa...]

--- 198 ---

[...n] gumrudug sadaya mlayu gêndring | mring kang angon Dhadhungawuk | sêsilih Sang Hyang Slewah | kang sasigar kering irêng awakipun | kang sasisih kanan pêthak | prakosa sudirèng jurit ||

7. apan wulucumbunira | mring Bathara Gana dipun pêjahi | pangoning maesa danu | Dhadhungawuk tumingal | langkung kagyat andanu palajêngipun | lawan kapalane pêjah | ana sujanma kaèksi ||

8. taruna dhapur sêmbada | wus anyata yèn iku kang matèni | marêpêki angrik nguwuh | hèh hèh wong ngêndi sira | wani-wani matèni rêrêksaningsun | nora wurung kukum sira | mati dening asta mami ||

9. Gathutkaca gya binalang | sela itêm gêngira tigang èsthi | tiba jajanya gumêbrug | pinindho tan wigata | Dhadhungawuk krodha mrêpak sigra nubruk | ngandêlakên krodhanira | kuwate ing nguni-uni ||

10. panubruke kaoncatan | pan karungkêp kongsêp tiba ing siti | tangine [tangi...]

--- 199 ---

[...ne] cinandhak gupuh | marang Sang Senaputra | pan cinandhak rambute sinêndhal gupuh | dèn idak-idak dhinupak | linarak ingoncat-ancit ||

11. wus dangu nulya binuwang | tibèng siti kongsêp krungkêp kabanting | andanu lumajêng mantuk | kagyat Bathara Gana | prapta sarwa ngundha gadanira agung | nguwuh asru asêsumbar | anjrit swaranya ngajrihi ||

12. hèh hèh wong ing ngêndi sira | dene têka wani-wani matèni | kapalane kêbo danu | kagungane Hyang Endra | nora wurung mêngko sira dadi bubuk | katiban ing gadaningwang | ngêndi pangungsènirèki ||

13. Gathutkaca duk tumingal | osiking tyas iki kang bêbayani | dene sirah dipăngga gung | prayitna sru lingira | mêngko aja ge-age gada sirèku | bêcik ngantia sadhela | rungokna wuwus ngong iki ||

14. ingsun iki Bimaputra | praptaningsun ing kene pan tinuding | marang kangjêng uwa prabu | Ngamarta angupaya | kêbo danu [da...]

--- 200 ---

[...nu] satus ingkang pancal panggung | bakal digawe sasrahan | marang Putri Dwarawati ||

15. kangjêng paman Madukara | ingkang bakal krama dèn jêjaluki | sasrahan maesa danu | mêngko kapasang yoga | dene sira kang duwe kêbo andanu | dèn suka lila tyasira | kêbo ingsun sêlang dhingin ||

16. ing besuk yèn wising karya | ingsun balèkakên marang sirèki | Bathara Gana amuwus | dene têka gumampang | pangucapmu lamun ingsun durung lampus | kaya lamun ora kêna | kêbo kagawa sirèki ||

17. masa ta sira luputa | ajur mumur katiban gada mami | amor lawan bangkenipun | kêbo bule kang lena | danu putih siji ingkang sira lampus | Gathutkaca duk miyarsa | krodha sru dènnya nauri ||

18. hèh dewa kang êndhas pêjah | nadyan ingsun yèn luput isin mulih | lamun kêbo danu satus | nora bisa kagawa | ing saiki yêkti ngong palaur lampus | wirang mulih mring

--- [0] ---

[Grafik]

Bathara Gana, maesa andanu, Radèn Gathutkaca, satriya ing Pringgadani.

--- 201 ---

Ngamarta | lah mara tibakna aglis ||

19. krodha Sang Bathara Gana | mangsah gada tibane dèn tadhahi | gya cinandhak gadanipun | rame sêndhal-sinêndhal | udrêg dêdrêg drêg-udrêgan dènnya pupuh | krodha Radèn Gathutkaca | panyêndhalira nguwati ||

20. wus karêbut gadanira | gya binuwang sumêbut tiba têbih | Bathara Gana gya nubruk | sarwi gro lir rasêksa | tinadhahan panubrukira kumêpruk | corok rok carak-cinarak | caruk samya silih-ukih ||

21. kakahan kakah-kinakah | rame cêngkah-cinêngkah kih-ingukih | kukuh bakuh tan apêluk | êkol ukêl-ukêlan | gantya dêdêr-dinêdêr bêkuk-binêkuk | kuwêl awor wêl-uwêlan | kagulung kadya kaguling ||

22. jugrug agranirèng arga | ing Samèru kambah ramening jurit | wrêksa rusak lir kabrubuh | bosah-basih balasah | Sang Bathara Gana sarira marlêsu | susah wus angrasa sayah | anggung katindhih kalindhih [ka...]

--- 202 ---

[...lindhih] ||

23. abundhas kabêntus wadhas | rêngkêng-rêngkêng rongkonge kênèng krikil | congor kajongor jêjrungup | ing curi-curi parang | kagulimpang kagulung-gulung gumulung | têlale kaplèthèt sela | kuping gobrah dlêdêg gêtih ||

24. mangèngêt-èngêt upaya | amrih uwal dènira angoncati | mèh kêna dening tinubruk | cêngêlira sru gronjal | sarwi mancal-mancal ing jajanirèku | wal singsal kalihe samya | Bathara Gana kabanting ||

25. kagulung kaglundhung jurang | rangkang-rangkang bêrangkang niba tangi | kasusu sêlak kabêntus | ing sela pan kalumah | tangi numbuk kêkayon rêbahe katut | kayu dhêl rêbah tinêrak | katatas asru katarik ||

26. malang-malang bêkta tunjang | palayune mêmêt asipat kuping | sarêng lan maesa danu | lumayu rêbut marga | ngungsi marang Bathara Endra gumrudug | samana Bathara Endra | lagya sêdhêngnya siniwi ||

27. dening

--- 203 ---

sagung pra jawata | lênggah munggwing singangsana pinatik | pra jawata aglar ngayun | gègèr samya kabuncang | palayune kang maesa danu satus | sarta lan Bathara Gana | palayune niba tangi ||

28. lajêng dheprok munggèng ngarsa | kêmpis-kêmpis napase mêtu kuping | dinangu tan sagêd matur | pan maksih mêgap-mêgap | ngangsur-angsur tlale babak angalumpruk | prapta Radèn Gathutkaca | Bathara Gana ningali ||

29. dharadhasan ngungsi wuntat | sangêt kawus Gathutkaca ningali | wus duga yèn dewa agung | siniwi para dewa | lênggah anèng singangsana abra murub | Gathutkaca matur nêmbah | Batharendra ngandika ris ||

30. saengga kadya ngrarêpa | hèh ta kulup paran purwane nguni | dene atêmah sirèku | kongsi prang lan Si Gana | hèh ta apa sêdyanira kang satuhu | praptanira ing kaendran | manungsa pan ora kêni ||

31. sumêngka pangawak braja | lamun ora sarana sun [su...]

--- 204 ---

[...n] timbali | Gathutkaca nêmbah matur | dhuh sang maha bathara | nuwun duka prapta kawula Sêmèru | botên pisan sumêdya prang | lan dewa kang sirah èsthi ||

32. wus ngaturakên purwanya | lan Bathara Gana dadosing jurit | miwah sasêdyaning laku | dènnya dinutèng uwa | ing Ngamarta ngupaya maesa danu | myang kang paman Madukara | dènira badhe akrami ||

33. sampun katur sadayanya | pamundhute Sang Prabu Harimurti | Batharendra ngandika rum | kulup maune sira | têka nora banjur jujug ngarsaningsun | kêbo danu wruhanira | pan wus gadhangane iki ||

34. lamun kaki Parta krama | sasrahane mring Putri Dwarawati | apa sak pamundhutipun | Sang Prabu Padmanaba | kabèh-kabèh ing mêngko mèh praptanipun | anèng nagara Ngamarta | pan ing sasi ngarêp iki ||

35. Si Bima lawan Arjuna | bisa barêng lan praptanira kaki | uwis ta muliha kulup | mênèke ri ing

--- 205 ---

karya | Radèn Arya Gathutkaca nêmbah matur | pukulun paran ing karsa | maesa sadaya kêsit ||

36. tan kadi limrah maesa | yèn kagiring gumrudug nut ing kapti | nanging pun maesa danu | kêlangkung kêsitira | mlajêngipun saengga pêsatirèng hru | paran gèn kawula bêkta | Batharendra ngandika ris ||

37. nora kêna binêrêga | myang liyane saking parentah mami | sayêktine kabèh tutut | payo nuli mangkata | kêbo dimèn atut wuri saparanmu | Gathutkaca matur nêmbah | amundur mesa kinanthi ||

28. Kinanthi

1. sapalih kinanthi pungkur | sapalih lumakyèng ngarsi | suka Radèn Gathutkaca | dene kêbo lir jajari | ngarsa rampak bayak-bayak | rêmpêg kang kinanthil ing wuri[11] ||

2. kunêng gantya kang winuwus | lampahe Radèn Pêrmadi | wus prapta ing Cakrakêmbang | Hyang Kumajaya marêngi | anèng taman Cakrakêmbang | lan kang garwa Dèwi Ratih ||

3. lêlangên anèng

--- 206 ---

kalangun | kêkanthèn astane kalih | angubêngi kêmbang-kêmbang | angalap kang sarwa sari | Sang Parta kèndêl lampahnya | Sêmar Bagong datan têbih ||

4. sadangunira nèng ngriku | waspada dènnya ningali | patamanan Cakrakêmbang | gănda rum kasilir angin | rumêsêp nanduki grana | samyayêm manahirèki ||

5. myat kang rèntèng runtung-runtung | saking têbih dèn dhèhèmi | kagyat nolih wurinira | Dèwi Ratih aningali | yèn Sang Parta ingkang prapta | gupuh dènnya malajêngi ||

6. Sang Parta rinangkul gapyuk | pungkurane dèn gablogi | bok aja agawe gita | dadak dhèhèm sêka buri | payo marêk kakangira | ginèndèng nuli lumaris ||

7. baune maksih rinangkul | praptèng ngarsa awotsari | mring Bathara Kumajaya | rinangkul jangganirèki | sawusnya tumungkul lênggah | Dèwi Ratih anêngahi ||

8. tumèmpèl dènira lungguh | nèng kanan wêntise kering | tumumpang pangkon Sang Parta [Par...]

--- 207 ---

[...ta] | Bathara Kumajaya ngling | hèh yayi bagea sira | praptanta ing ngarsa mami ||

9. Dananjaya matur nuwun | tumungkul sarwi wotsari | kang raka lon angandika | apa na karyanirèki | praptanira Cakrakêmbang | apa ta mung kangên yayi ||

10. marang ing sariraningsun | miwah mring bakyunirèki | Dananjaya matur nêmbah | pukulun sang maharêsi | praptamba ngarsa paduka | tinundhung saking nagari ||

11. mring arinta sang aprabu | Ngamarta datanpa kenging | ngambaha nagarinira | pangandikane tan sudi | angakên kadang wong tiwas | karya sangaring nagari ||

12. Kumajaya lingira rum | dunungêna ingsun yayi | panundhunge marang sira | apa ta luputirèki | pukulun lêpat kawula | purwanira pan tinuding ||

13. ngupados pundhutanipun | Sang Aprabu Harimurti | sêkar dewadaru swarga | lan patah dewa kang pêkik | myang kusir dewa kalawan | kang pangarih widadari ||

14. kêmbar mayang dewadaru | lan găngsa [găng...]

--- 208 ---

[...sa] munyèng wiyati | sapa ta kang arsa krama | Arjuna matur wotsari | pukulun kang arsa krama | Kusuma Banoncinawi ||

15. iya kang duwe panjaluk | Si Wara Sumbadra yayi | pangantène lanang sapa | apa mung pangantèn èstri | Arjuna tumungkul nêmbah | Dèwi Ratih duk miyarsi ||

16. Dananjaya gya rinangkul | ginablogan dèn jiwiti | kalingane yayi sira | marene ngulêm-ulêmi | iya-iya besuk apa | gon ingsun ngêdêgi kardi ||

17. bok aja nganggo gadêbus | marang ing kakangirèki | dinangu suwe tan jarwa | alingane dèn dukani | mring yayi Prabu Ngamarta | tinundhung tinggal nagari ||

18. kumênthus amor gêmagus | kakangane dèn apusi | nganggo tumungkul tan ngucap | dhuh adhuh mêngko tak jiwit | ingsun pithês irungira | lah tugêl irungirèki ||

19. kèwêse lamun amuwus | arêp rabi nganggo kikib | ingsun iki suka

--- 209 ---

bungah | yèn sira sidaa rabi | lan Dèwi Wara Sumbadra | rêtnèng Dyah Banoncinawi ||

20. mendah dene pantêsipun | bakal ipeku ing benjing | Kusuma Wara Sumbadra | lungguh nèng pangkonirèki | ingsun lawan kakangira | sayêkti lawas nunggoni ||

21. Kumajaya ngandika rum | lah yayi payo dèn aglis | seba mring Hyang Girinata | sayêkti dipun paringi | kabèh sapanuwunira | ujêr wus mangsane yayi ||

22. iki êmèh dhaupipun | lawan Dyah Banoncinawi | ingkang marang ing kaendran | Si Gathutkaca pan uwis | andanu satus ginawa | miwah ing lakunirèki ||

23. Si Wrêkudara wus antuk | rata saratune ngiring | saksana sarêng lumampah | katri lawan Dèwi Ratih | minggah maring Jonggringslaka | Sêmar Bagong datan kari ||

24. Ki Lurah Sêmar nabda sru | mring Bagong sarwi nudingi | hèh Bagong elinga sira | aja sira grimah-grimih | melik sabarang katingal |

--- 210 ---

wowohan kang adi-adi ||

25. isèn-isèning swarga gung | Bagong alon anauri | masa dadak nora kêna | tămba kasatan sathithik | sanajan têlung thithika | dadi tambaning kapengin ||

26. ing biyèn ingong kang nandur | bah guru sun prih nunggoni | iya salawasaneya | rama ngong lunga kumisi | iya marang ngarcapada | mêngko woh pasthi ngong ambil ||

27. kunêng lampahirèng ênu | Kumajaya miwah Ratih | Dananjaya lan parêpat | kêkalih ngiring ing wuri | gêguyon samarga-marga | duk samana sampun prapti ||

28. ing ngarsanira Hyang Guru | Narada kang munggèng ngarsi | cingak jawata kang seba | mulat ing praptanirèki | satuhu kalamun kêmbar | Kumajaya lan Prêmadi ||

29. mung kaot busananipun | jawata sanès lan janmi | Narada latah agiyak | dene padha nuli prapti | dhi Guru mêntas ngandika | sira ingkang dèn rasani ||

30. Dananjaya gya sumujut [su...]

--- 211 ---

[...mujut] | ing ngarsane Hyang Pramèsthi | lan Bathara Kumajaya | atanapi Dèwi Ratih | kinèn sami lênggah jajar | Dèwi Ratih anêngahi ||

31. Sêmar Bagong datan purun | kaprênah ing ngandhap linggih | majêng gène para dewa | ingkang prasami sumiwi | malang kadhak jaga-jaga | wong loro awira-wiri ||

32. dewa seba kagum-kagum | mring Sêmar dipun êmpoki | bubar-bubar mutah-mutah | sawênèh tiba gumlinting | Ki Sêmar asuka-suka | hèh rasakna dewa modir ||

33. wau ta Sang Parta sampun | dinangu lampahirèki | dènnya minggah suralaya | katur sasêdyanirèki | Hyang Guru aris ngandika | iya wus mangsane iki ||

34. mêgar kêmbang dewadaru | wus sêdhêng dhaupirèki | lawan Si Wara Sumbadra | ing nguni duk mêkar siji | rabine Si Baladewa | lawan Si Maerawati ||

35. mêngko kayu dewadaru | kêmbange wus mêgar kalih | sayêktine rabinira | hèh Kumajaya sirèki | iya kang dadia [da...]

--- 212 ---

[...dia] patah | pangarake Si Prêmadi ||

36. kakang Narada sirèku | iya kang dadi sêrati | gamêlan si lokanănta | munia anèng wiyati | apsari Si Gagarmayang | kêlawan Si Gagarwati ||

37. luwihêna lawan kang wus | dewa ingkang ngiring-iring | rabine Si Dananjaya | mangkata sadina iki | kaki Prabu Darmaputra | dhayohe wus akèh prapti ||

38. sadaya wus tampi dhawuh | sandika prasami mijil | samêkta lajêng angkatnya | widadara widadari | tuwin kang para jawata | nom-anom kang samya ngiring ||

29. Sinom

1. satriya Andananjaya | mudhun saking suranadi | lir pendah rinêngga-rêngga | lampahe anèng wiyati | Kusuma Dèwi Ratih | wolulas parêkanipun | kinèn lumakyèng ngarsa | sadaya ayu linuwih | pan jinajar kalih-kalih lampahira ||

2. angampil-ampil sadaya | upacara Dèwi Ratih | wênèh ngampil găndawida | lawêdan saking swarga di | munggèng [mung...]

--- 213 ---

[...gèng] bêrsihan rukmi | găndawida jêbat arum | ana ngampil busana | raja kaputrèn apsari | ingkang badhe agême Wara Sumbadra ||

3. wuri nulya kêmbar mayang | kang dewadaru sarakit | widadari kang ambêkta | Gagarmayang Gagarwati | samya ayu linuwih | rinêngga busananipun | wurinira Narada | samarga-marga sêsirig | jajar lawan Kyai Lurah Nayataka ||

4. Narada gung ginagonjak | mring Sêmar ana ing margi | tuwin marang sutanira | yeka Ki Bagong agênti | sami gonjak nèng margi | Narada agung binuru | sêdya arsa cinandhak | lumayu asirig-sirig | agung nolih-nolih marang wurinira ||

5. Dananjaya Kumajaya | tinêngahan Dèwi Ratih | katri akêkanthèn asta | Sêmar Bagong amênyanyi | tan pêgat urut margi | lêlucon karya gêguyu | gumyak samarga-marga | jawata kang sami ngiring | ngarsa pisan munya gong si lokanănta ||

--- 214 ---

6. kang nabuh para jawata | uninya ngraras angrangin | dewa kang lumakyèng ngarsa | samya ngigêl urut margi | tan wus lamun winarni | srining lampah udhunipun | kang saking suralaya | gênti winursitèng tulis | ing Ngastina Sang Aprabu Duryudana ||

7. sadaya sampun samêkta | pangrakitira ing nguni | kang kocap ing sayêmbara | kang rineka rata rukmi | dèn êbyur prada kuning | dipăngga pangiritipun | măngka turăngga yaksa | banthèng satus kang kinardi | kêbo danu satus pancal panggung samya ||

8. kusir dewa patah dewa | apan ta wiku kêkalih | kinarya kusir satunggal | patah ingkang ragi pêkik | kêmbar mayang sarakit | kang minăngka dewadaru | kinarya wit suwasa | sêsotya kang adi-adi | pan kinarya woh pêntil miwah sêkarnya ||

9. godhong pêrdapa kêncana | winarna ing rajawêrdi | pangarih endhang satunggal | langkung endah ingkang warni | Kurawa kang sapalih |

--- 215 ---

sakapraboning prang pupuh | pangarsa Dursasana | lan Patih Arya Sangkuni | gamêlan kang munyèng tawang nèng jêmpana ||

10. lan ingkang nabuh sadaya | sawusnya samêkta sami | budhal saking ing Ngastina | asri lampahirèng margi | Burisrawa anitih | rata pita pinrada byur | pangiride dipăngga | patah wiku lan pangarih | endhang siji nunggil salêbêting rata ||

11. srining rata tan winarna | miwah kèhe kang ningali | kang ngarak marang Mandura | wus lêpas lampahirèki | wau ta kang winarni | Gathutkaca lampahipun | ingkang bêkta maesa | andanu satus kêkinthil | alon-lonan kagyat dènira tumingal ||

12. gêgaman agêng lumampah | lir ngarak rakiting margi | kèndêl Radèn Gathutkaca | ngêntosi têbihing baris | andanu satus sami | dhêdhêg anèng wurinipun | Rahadèn Gathutkaca | dangu-dangu aningali | nora samar lamun Kurawa Ngastina ||

--- 216 ---

13. wus anduga ing wardaya | mênggahing lampahirèki | mangkana gêgaman ngarsa | alon kang samya ningali | bêbungasing wanadri | jirab kang maesa danu | pancal panggung sadaya | nulya Ki Arya Sangkuni | maring ngarsa waspada paningalira ||

14. lamun Radèn Gathutkaca | dhêdhêg maesa nèng wuri | andanu pancal sadaya | têbah jaja kyana patih | lah ta dêlêngên sami | Pandhawa kagunanipun | ika Si Gathutkaca | lakune dene ta olih | kêbo danu pancal panggung satus samya ||

15. sakèhe kang pra santana | sadaya lajêng winangsit | sartane rêkyana patya | Sangkuni sigra mrêpêki | dhuh babo putu mami | Gathutkaca wong abagus | sêmbada prakosanya | măndraguna sura sêkti | sining jagat putuningsun amung sira ||

16. wus prapta gèn Gathutkaca | Sangkuni angrangkul aglis | wuwuse sarwi ngêngudang | dhuh putuku wong apêkik | wong jarot nyêmbadani [nyêmbada...]

--- 217 ---

[...ni] | măndraguna sudibya nung | bisa antuk maesa | danu satus pancal putih | lah ing ngêndi kulup gonira ngupaya ||

17. pira ta kèhing Kurawa | kulup kang padha tinuding | mring wakamu ing Ngastina | apadene awak mami | pan ora olèh siji | danu ingkang pancal panggung | iku banthèng kewala | karsane wakira aji | kang kinarya pasumbang maring Ngamarta ||

18. mèsêm ing tyas Gathutkaca | miyarsa linge Sangkuni | wruh lamun dora lingira | alon dènira nauri | Gathutkaca turnya ris | eyang kang andanu satus | pêparinge Hyang Endra | Sangkuni angrangkul aglis | jêrku apa guna têmên putuningwang ||

19. bisa marang ing kaendran | sapa kang kaya sirèki | lah payo barêng kewala | kulup sira lawan mami | kêbo dimèn nèng ngarsi | awor lawan banthèng patut | kulup iki Kurawa | saparo ingkang tinuding | angêdêgi gawe marang ing Ngamarta ||

20. kinèn banjur

--- 218 ---

angiringna | besuk pangarakirèki | anak mas ing Madukara | maring nagri Dwarawati | akèh dènnya pêparing | pasumbang kang bakal katur | marang nagri Ngamarta | kagawa ing laku mami | isèn-isèn sajrone pura Ngastina ||

21. kang arupa rajabrana | pèni-pèni rajapèni | gurudadi gurubakal | myang kang rupa busana di | Gathutkaca nauri | eyang paduka rumuhun | kula wuri kewala | sêlot-sêlote lumaris | sampun pisah kalawan kêbo kawula ||

22. Sangkuni asru wuwusnya | aywa sugal lawan mami | sun amrih rakiting lampah | kêbo danu anèng ngarsi | amor lan banthèng bêcik | sira nunggal lawan ingsun | anèng têngah gêgaman | Sangkuni dènira angling | apan sarwi ngêjèpi mring Dursasana ||

23. tanggap Arya Dursanana | panubrukira dhingini | sigra Rahadyan Durmuka | Durmagati anututi | ing wuri angêbyuki | kanan kering ngarsa pungkur |

--- 219 ---

Rahadèn Gathutkaca | kalimput sampun tan kèksi | pinarbutan marang Kurawa Ngastina ||

24. ananging dèrèng kabănda | maksih dêdrêg udrêg sami | andanu satus garjita | radèn pinarbut ing jurit | kang munggèng kanan kering | wuri barêng dènnya nubruk | ingkang ngrubut wal singsal | ginudag dipun bijigi | Gathutkaca mêsat marang ing gêgana ||

25. andanu satus manêngah | tandangira ngowak-awik | gègèr kang bala Kurawa | kamuk ing maesa sami | akèh rêmuk binijig | Gathutkaca eca dulu | anjakung[12] nèng gêgana | suka dènira ningali | dene kêbo danu satus ngamuk sura ||

26. sadaya sami sudira | tan ana braja nêdhasi | sinosog ing ganjur watang | wulune tan ana busik | yèn bijig bêbayani | singa kang tinubruk rêmuk | kang tan pasah kalumah | kontal tibane kabanting | ana ingkang dèn undha muluk mring tawang ||

27. tibanira tinadhahan | tumancêp [tu...]

--- 220 ---

[...mancêp] nèng sungu kalih | kang têguh kumêdut tiba | lajêng kilês anèng siti | lêmês dèn uli-uli | danu satus saya liwung | pangamuke lir buta | banthèng satus dèn gudagi | ucul saking têtali ngamuk sadaya ||

28. mawut kang bala Kurawa | pati-pati bêbêntusi | sasaran angungsi wana | tan ana kang tolih gusti | giris dènnya ningali | pangamuke mesa danu | satus giyak sadaya | nubruk sami ngobrak-abrik | tuwin banthèng satus rampak ucul samya ||

29. sagung kang para santana | kang panggah-panggah kapontit | sikêp miwah wadyabala | tanapi Patih Sangkuni | solahe niba tangi | lumayu anumbuk-numbuk | Burisrawa dèn undha | tibane dipun bijigi | dipanggane sami angungsi sarkara ||

30. Dhandhanggula

1. Gathutkaca suka aningali | dene Kurawa larut sadaya | mung kamuk maesa bae | andanu satus kumpul | ngaup soring mandira [ma...]

--- 221 ---

[...ndira] sami | mung banthènge kewala | lumêbèng wana gung | Gathutkaca mudhun sigra | saking wiyat sapraptanira ing siti | andanu marêk samya ||

2. satus aglar nèng ngarsanirèki | Gathutkaca sigra namudana | angêlus sirahe kabèh | sungu myang gigiripun | sawusira radyan lumaris | andanu satus samya | kêkinthil nèng pungkur | kunêng kang lagya lumampah | mesa danu gantya kang winarnèng tulis | nênggih nagri Ngamarta ||

3. Prabu Darmaputra duk ing nguni | pan winisik ing eyang pandhita | ayya sumêlang galihe | katri ingkang ingutus | Sena Parta lan Bimasiwi | wus pasthi antuk karya | katri lampahipun | apan ta sarêng kewala | ing praptane satêngah wulan ing ngarsi | Sang Prabu Yudhisthira ||

4. lajêng dènnya angatur-aturi | mring kang rama Cêmpala kalawan | ingkang eyang Wirathane | wau ta kang winuwus | Wrêkudara kang prapta dhingin | lajêng tumamèng pura | panggih raka [ra...]

--- 222 ---

[...ka] prabu | katur solahe dinuta | angupaya rata kancana wus olih | pangirid kuda yaksa ||

5. nanging sagah sinusulkên wuri | Natèng Singgêla Sri Besawarna | ngiringkên lan sabalane | suka myarsa sang prabu | enjingipun malih kang prapti | Rahadèn Gathutkaca | lan andanu satus | Sang Aprabu Yudhisthira | angurmati praptane Sang Bimasiwi | miyos mring panangkilan ||

6. Gathutkaca tumundhuk ngabêkti | mring kang uwa anungkêmi pada | aris rinangkul janggane | sadaya sampun katur | solah tingkahira tinuding | kongsi minggah kaendran | dènnyantuk andanu | miwah kalanya binegal | mring Kurawa anèng madyaning wanadri | sampun katur sadaya ||

7. ingkang uwa suka amiyarsi | Gathutkaca wus kinèn ngasoa | ana ing pasanggrahane | kang putra nêmbah mundur | kêbo danu satus kêkinthil | sadaya wus anjilma | mring Sang Bimasunu | enjinge malih kang prapta | Sri

--- 223 ---

Bupati Cêmpala sagarwa siwi | Sang Prabu Yudhisthira ||

8. angurmati mêthuk păncaniti | ing rawuhe kang rama Cêmpala | lajêng manjing jro purane | saputra garwanipun | sawusira binojakrami | ingaturan ngasoa | pasanggrahanipun | wus mijil sangking jro pura | pasanggrahan Nakula ingkang nyaosi | kamot sawadyanira ||

9. enjingipun malih ingkang prapti | Natèng Wiratha sagarwa putra | Radèn Seta Utarane | lan Wirasangkanipun | Prabu Darmaputra ngurmati | miyos nèng panangkilan | ing sasampunipun | kang eyang binojakrama | ingaturan ngaso masanggrahan sami | lan putra garwanira ||

10. enjingipun malih ingkang prapti | Natèng Singgêla Sang Besawarna | lawan sawadyabalane | rata rukmi tan kantun | Prabu Yudhisthira ngurmati | mêthuk nèng panangkilan | tundhuk sarêng dhêku | mêndhak samya mêndhakira | Prabu Besawarna kêdah awotsari [a...]

--- 224 ---

[...wotsari] | marang Sang Darmaputra ||

11. nanging datan sinungan wotsari | kipa-kipa sarwi sru ngandika | yayi prabu mangke-mangke | andika ratu agung | binathara anyakrawati | nagari ing Ngamarta | pintên kadaripun | tinimbang lawan Singgêla | ing Ngamarta sasat padhukuhan alit | măngka paduka arsa ||

12. nêmbah marang ing sarira mami | yêkti kenging sikuning jawata | sanadyan sami alite | miwah agung samya gung | lamun ratu pan botên kêni | nêmbah samining raja | loking jana saru | kajawi lamun kabawah | milanipun sang prabu sampun ngabêkti | sami-sami kewala ||

13. Prabu Besawarna matur aris | inggih lêrês pangandika tuwan | Singgêla gêng karatone | dene ta jêng pukulun | mila-mila trah ratu adi | alit nagri Ngamarta | ing karatonipun | ananging paduka nata | mila-mila satuhu trah ratu adi | têdhak Bathara Brama ||

14. campur lawan trah Sang Wisnumurti | pan kawula trah

--- 225 ---

ratuning ditya | Hyang Brama nèmpèli bae | yêkti wajib wotsantun | trahing abdi lan trahing gusti | botên kenging selaka | paduka pukulun | nampèni sêmbah kawula | Prabu Yudhisthira kêdah angêkahi | tan arsa sinêmbaha ||

15. Natèng Singgêla sigra tinarik | astanira manginggil binêkta | lênggah dhampar saosane | nuruti sampun lungguh | pan tumungkul sangêt dènnya jrih | mring Prabu Yudhisthira | gusti anggêpipun | sawusnya sinamudana | ing pambage têlas ing pambojakrami | tinundhung masanggrahan ||

16. sigra mundur saking păncaniti | Natèng Singgêla wus sinaosan | pasanggrahan sabalane | rinênggèng tarub agung | kunêng dalunira winarni | sagung para jawata | sadaya wus rawuh | anjujug sajroning pura | Dèwi Ratih sawusnya panggih Drupadi | kinèn lajêng kewala ||

17. lampahira maring Dwarawati | rumêksaa mring Wara Sumbadra | wus [wu...]

--- 226 ---

[...s] mêsat sapawongane | mangkana jro kadhatun | pra jawata sukanya ngênting | dene sampun samêkta | uparêngganipun | sadaya tan kêkurangan | wêwangunan jaba jro sampun rumanti | tan ana kang kuciwa ||

18. Prabu Yudhisthira angaturi | ingkang rama Cêmpala lan eyang | ing Wiratha saputrane | lan Singgêla Sang Prabu | Wrêkudara wus manjing puri | lajêng apirêmbagan | sadaya samya nut | ing rèh Sang Rêsi Narada | pangarake maring nagri Dwarawati | enjing badhe budhalnya ||

19. ingkang ngreka-ngreka ing lumaris | Rêsi Narada ingkang mêmatah | ing lampah pangkat-pangkate | Gathutkaca panganjur | sawadyane ing Pringgadani | ngiringakên sasrahan | kang andanu satus | kang badhe sumambung wuntat | miwah ingkang badhe sumundhul ing wuri | tundha-tundhaning lampah ||

20. wus pinatah sagunging para ji | pra santana miwah para putra | mijil saking pura kabèh | prapta pakuwonipun [paku...]

--- 227 ---

[...wonipun] | angundhangi wadyanya sami | kapraboning ayuda | samêktaning laku | ing dalu datan winarna | enjingipun jaba jro samêkta sami | Rahadèn Gathutkaca ||

21. sawadyane ditya Pringgadani | wus têngara dhingini budhalnya | ditya pêpilihan kabèh | kapraboning prang pupuh | kalih èwu nom-anom sami | sasrahan munggèng ngarsa | kang andanu satus | tata rampak bayak-bayak | lampahira rêmpêg tan moncol sanyari | pangarsaning maesa ||

22. kawan dasa wil kêndhang saruni | bêndhe bèri swarane wurahan | gong gurnang puksur arame | ngigêl inggêg atêpung | kang ambêndhe angigêl sami | sêsirig turut marga | sênggaknya gumuruh | sawurine kang maesa | wolung atus ditya kang rinukmi-rukmi | sikêp kapraboning prang ||

23. ing wurine Ditya Pringgadani | Radèn Gathukaca munggèng rata | gothaka sri pangiride | rinêngga ing mas murub | pêpilhan wil [wi...]

--- 228 ---

[...l] Pringgadani | ingkang garêbêg rata | ditya kawan atus | prasami wahana kuda | kang busana rinêngga sêsotya adi | sadaya sikêp gada ||

24. ing wurine wil kuda prang sami | lan ing ngarsa wolung atus ditya | kang busana êmas kabèh | asri pating palancur | narawungi sunaring rawi | awor lan laraping kang | nênggala lan limpung | bandera tunggul daludag | sadayane aciri ditya krura ngrik | pinindha ngundha-undha ||

25. gêng karaton nagri Pringgadani | karatone Sang Prabu Arimba | Gathutkaca rikalane | siniwèng prajanipun | mungguh lungguh karatonèki | lênggah dhamparan rêtna | makutha bra murub | yèn sowan marang Ngamarta | datan arsa ngangge kaprabon nêrpati | gambuh dènira mutra ||

31. Gambuh

1. ingkang dèn angge namung | upacara ing kaputranipun | anêtêpi marang kasatriyanèki | nulya kang sumambung pungkur | Rajaputra Wiratha nom ||

2. Dyan Wirasăngka [Wirasăng...]

--- 229 ---

[...ka] ngayun | nitih rata jong pita binangun | ing sêsotya upacaranira asri | prajurit ingkang pinangku | dharat kalih atus golong ||

3. abra busananipun | tinon saking kadohan apatut | pindha sêkar palasa nêdhêng wanadri | kang garêbêg anèng pungkur | prajurit kuda nom-anom ||

4. satus busana murub | sikêp kaprabonira prang pupuh | myang bandera tunggul daludage kuning | pan sadaya cirinipun | mong krura mamrih măngsa wong ||

5. ing wuri kang sumambung | Arya Utara titihanipun | rata wangun rêkta rinênggèng sotya di | srining upacaranipun | lir panjrahing puspita byor ||

6. wadyanya kang pinangku | lampah dharat ngarsa kalih atus | pêpilihan sikêp kapraboning jurit | kang wahana kuda satus | samya andêling pakewoh ||

7. kang garêbêg nèng pungkur | sikêp kapraboning aprang pupuh | pan sadaya binusanan sarwa rukmi | tunggul bandera nèng

--- 230 ---

ngayun | prasamya bang asri tinon ||

8. sadaya cirinipun | taksaka krura mangap manaut | ing wurine Sang Arya Seta nambungi | gumrêdêg barise umyung | pindha mangsah ing palugon ||

9. kêndhang gonge gumuruh | prajurite kang dharat nêm atus | kang pinangku munggèng ngarsa busana sri | sikêp sagêgamanipun | tunggul daludagira byor ||

10. bandera samya wungu | cinirèn wre krura samya naut | mangap-mangap kantar kadrêsan ing angin | krêbête bandera tunggul | gêgêtêri lamun tinon ||

11. krêbêting bandera sru | lir mêrening wanara satuhu | Arya Seta munggwing rata jonggrang-jonggring | makutha buka sri murub | têguh prang prawira tanggon ||

12. srining pacaranipun | kadya panjrahing kang puspita rum | pan sinungsun sapasang-pasang rinukmi | wadya upacaranipun | pininta-pinta tan awor ||

13. lampah rikat acancut | atrangginas rakite ing laku |

--- 231 ---

nulya wadyanira kang rama nambungi | prajurit dharat nêm atus | kang pinangku ngarsa katong ||

14. sikêp sasikêpipun | ing ayuda prajurit nêm atus | asrining kang busana abra marnani | pacara karatonipun | rinakit ngarsa sri tinon ||

15. ing Wiratha Sang Prabu | nitih rata byur binangun biru | para mantri kang samya amagêrsari | miwah kang garêbêg pungkur | tigang atus busana byor ||

16. asri pating palancur | prajurit kuda kang tigang atus | pan sadaya sikêp kapraboning jurit | bandera daludagipun | ciri dipăngga binarong ||

17. satêlasing wadya gung | ing Wiratha wuri kang sumambung | wadyabala ing Cêmpala busana sri | pangarsa sang narpasunu | Dyan Drêsthadyumêna anom ||

18. asri pacaranipun | munggèng rata amarwata santun | Rajaputra Campala prawira pêkik | nitih rata bangun danu | winarna ing sêsotya byor ||

19. yeka kang grêbêg pungkur | wadya [wa...]

--- 232 ---

[...dya] wahana turăngga satus | anom-anom sikêp sakaprabon jurit | sinambungan wadyanipun | ingkang rama sang akatong ||

20. wadya dharat nêm atus | jangkêp sakapraboning prang pupuh | Sri Drupada nitih rata pulas wilis | daludag têtunggulipun | myang bandera sami ijo ||

21. sadaya cirinipun | lir dipăngga mêntas krura nubruk | upacara karaton ngarsanirèki | prajurit kuda rong atus | garêbêg wuri sang katong ||

22. prajurit kalih atus | jangkêp sakapraboning prang pupuh | miwah para mantri kang amagêrsari | ngapit kanan keringipun | busanane asri tinon ||

23. satêlasing wadya gung | ing Cêmpala wuri kang sumambung | wadyabala ing Ngamarta tinon asri | dharat kang pinangku ngayun | nêm atus lampahnya golong ||

24. Sri Yudhisthira Prabu | nitih rata jong pinulas wungu | lan kang rayi Nakula Sadewa sami | munggèng ngarsa kalihipun | ngampil [ngampi...]

--- 233 ---

[...l] gantèn lan paidon ||

25. ingkang garêbêg pungkur | prajurit turăngga kalih atus | kawan dasa mantri kang amagêrsari | ngapit kanan keringipun | upacaraning karaton ||

26. nèng ngarsa sri dinulu | prajurit kuda myang dharatipun | pan sadaya sikêp kapraboning jurit | sarwa mas busananipun | nawung sunaring surya byor ||

27. tunggul daludagipun | samya seta myang banderanipun | pan sadaya ciri puthut asêmèdi | Arya Sena kang sumambung | lawan sri nata tan adoh ||

32. Sinom

1. dharat lan sawadyanira | wong agung ing Judhipati | lumampah ing wurinira | kadya prabata lumaris | sawadyanira sami | mandhi gada ting rênggunuk | wadyabala Pamênang | nêm atus pamuking jurit | busanane prasami polèng sadaya ||

2. sarèhing lampah lon-lonan | tan rêkasambêkannya ring | wêtuning kang bayubajra | manut ing napasirèki | sumilir

--- 234 ---

gilir kadi | ngêpêti ingkang wadya gung | ingkang sami lêlampah | ilang sayahira sami | kênèng angin ing bayunira Sang Sena ||

3. miwah wadya ing Pamênang | nêm atus kang mandhi bindi | tan karasa sayahira | kasilir bayuning gusti | marma samargi-margi | samya onclang gadanipun | surak agiyak-giyak | gong kêndhangira tinitir | ayêm bae tan mêtu karingêtira ||

4. têtunggul banderanira | polèng bang bintulu sami | kentar drêsing kang maruta | angidid asru mawêrdi | gêtêre gêgêtêri | ngumandhang ngêndhung gumlundhung | têlase wadyabala | Pamênang ingkang nambungi | pacaranya pramèswari ing Wiratha ||

5. kadya panjrahing puspita | asrining upacarèstri | Narpadayita Wiratha | nitih jêmpana rinukmi | parêkan para cèthi | nèng wuri samya tinandhu | ulur sêlur lampahnya | prajurit ingkang jajari | kawan dasa sinami busananira ||

6. pramèswari ing Cêmpala [Cêmpa...]

--- 235 ---

[...la] | ing wuri ingkang nambungi | nitih jêmpana rinêngga | lan putra Wara Srikandhi | miwah Rêtna Drupadi | nunggil sajêmpananipun | lan kang ibu Cêmpala | ingiring upacarèstri | pan sapangkat-pangkat upacaranira ||

7. ing ngarsa pacaranira | Kusuma Wara Drupadi | nunggil upacaranira | Kusuma Wara Srikandhi | ingkang mungkasi wuri | upacarane kang ibu | lir panjrahing puspita | prajurit ingkang jajari | wolung dasa prajuritirèng Cêmpala ||

8. wolung dasa ing Ngamarta | langkêpe kaprabon jurit | binusanan sarwa rêtna | lir anjrah puspita sari | tandhu lumakyèng wuri | gèn cèthi parêkanipun | satêlasnya kang wadya | ing wuri ingkang nambungi | wadyanira satriya ing Madukara ||

9. kalih atus ingkang dharat | sikêp sakaprabon jurit | binusanan sarwa rêtna | lir sêkar sataman asri | wadya pilihan sami | anom-anom bagus-bagus | pacara kasatriyan [ka...]

--- 236 ---

[...satriyan] | asri tinata ing ngarsi | ingkang ngampil-ampil bagus-bagus samya ||

10. binusanan sarwa rêtna | myang mantri kang magêrsari | samya wahana turăngga | anom-anom pêkik-pêkik | samya trahing atapi | miwah kang garêbêg pungkur | prajurit pêpilihan | satus wahana turanggi | bagus-bagus sami angiwa gandhewa ||

11. endhong kêndhênge pinasang | sêdhênge ingabên jurit | sami trahing andon aprang | Patih Sucitra nindhihi | nitih turăngga putih | andhangah sarwi pinayung | munggwing wurining rata | kancana kang binuka sri | ing sêsotya pangirit turăngga yaksa ||

12. wolu sinungan makutha | nawarêtna binuka sri | bêbadhong-badhong tinundha | binintang-bintang hèr gêni | binèji manik-manik | saengga baskara runtuh | wolu tibèng bantala | murub prabanya nêlahi | buntut suri samya cinêmara renda ||

13. rinawis-rawis sêsotya [sêso...]

--- 237 ---

[...tya] | saengga lintang mariris | siyunge turăngga yêksa | cinathoking mas sinangling | lir pendah kilat thathit | nèng sêlaning cangkêmipun | nawung gilaping netra | muncar-muncar anêlahi | rêngganing kang mratani rata kêncana ||

14. singubing rata rinêngga | kinêmbang-kêmbang hèr gêni | rinumpakèng nawarêtna | rinawis-rawis sotya di | awor lawan tejaning | kêmbar mayang dewandaru | munggwing ngarsa Sang Parta | ingampil apsari kalih | kadya lintang sumêbar rêngganing rata ||

15. nawung sunaring baskara | rêngganing kang rata rukmi | linimput dening sotya bra | ting paluncar ting parêlik | saking mandrawa kèksi | mawangkawa angênguwung | lir surya ngêmu teja | linimput ing kilat thathit | Risang Parta lan Bathara Kumajaya ||

16. munggwing jroning rata rêtna | dènnya lênggah jajar kalih | saèstu kêmbar kang warna | lir jambe nom sigar palih | tambuh ingkang pinilih | ing baguse kalihipun [kalihipu...]

--- 238 ---

[...n] | samya wênêsing cahya | mawor ing tejanya kalih | kadya daru lêng-ulêngan jroning rata ||

17. Bathara Kanekaputra | nênggih ingkang angusiri | parêpat Bagong lan Sêmar | Garèng Petruk anèng ngarsi | lalewa urut margi | tan pêgat asung gêguyu | mênyanyi lincak-lincak | malêmbung nulya macicil | ting jalemprak ngigêl kadya pêksi mêrak ||

18. ngigêl sarwi lincak-lincak | pekohan dènnya lumaris | atanapi pêpincangan | betho singsot jêlah-jêlih | gabêr-gabêr sêsirig | dènira asung gêguyu | gamêlan lokanănta | munya nèng tawang ngêrangin | riyêm-riyêm ruruh sunaring baskara ||

19. saking kèhe para dewa | lawan kèhing widadari | waranggana ing kaendran | ingkang samya nêningali | ngudankên wangi-wangi | sumawur riris rum-arum | angine sawatara | sumilir mawangi-wangi | têdhuh gănda sugănda anurut marga ||

20. bigar tyase wadyabala [wadyaba...]

--- 239 ---

[...la] | wuwuh ayêming lumaris | kataman maruta gănda | tan ana sayahe sami | riris sêkar samargi | brêmara liwêran umyung | yayah mangrênggèng tawang | manungsung mamrih wêwangi | nganyutakên wadya gung ingkang lumampah ||

21. kombang-kombang mamrih sêkar | manawung sunaring rawi | muwuhi asrining marga | miwah ayêming lumaris | tuhu Radèn Pêrmadi | tanpa sama ing tumuwuh | anênggih kramanira | lawan Dyah Banoncinawi | ngobahakên kaendran myang suralaya ||

22. kabèh isining buwana | miwah saisining langit | sudama surya sasăngka | teja kilat miwah thathit | lêlidhah obar-abir | teja wangkawa kêkuwung | prasamya suka-suka | cahyane sadaya mijil | gunung-gunung miwah saisining wana ||

23. kêmbange sadaya sirna | katut kabuncang ing angin | tinibakakên ing marga | kang marang ing Dwarawati | saking Ngamarta nagri | kang kambah pangarakipun | satriya Dananjaya |

--- 240 ---

samarga riris mawangi | manuk-manuk liwêran anèng gêgana ||

24. sadaya munya wurahan | anèng sanginggiling baris | sênggani lan kaladênta | munya nèng tawang ngêrangin | manuk kadya nyênggaki | anèng têpining dêlanggung | kêkayone sadaya | kêbak kaencokan pêksi | samya muni saengga anamudana ||

25. wusnya wadya Madukara | ing wuri ingkang nambungi | wadyabala ing Singgêla | yayah kadya wukir agni | sagunging pra dipati | kang samya prakosèng pupuh | saupacaranira | tunggul banderanya ngrawit | pra dipati kang samya nindhihi bala ||

26. samya awahana kuda | sikêp sakaprabon jurit | Sang Aprabu Besawarna | ing lampah ingkang mungkasi | nitih rata rinukmi | makutha buka sri murub | kataman diwangkara | muncar-muncar anêlahi | asêmbada pêkik dêdêgnya pidêksa ||

27. gunging bala ing Singgêla | ing ngarsa miwah ing wuri | asrine busananira | sênggani lawan [lawa...]

--- 241 ---

[...n] laraping | nênggala palu piling | musala gada lan limpung | kunta cakra candrasa | kadya udan kilat thathit | wus kapungkur lampahe nagri Ngamarta ||

 


pêpocolan. (kembali)
miyarsa. (kembali)
Wilmuka. (kembali)
pagene. (kembali)
Lebih dari satu suku kata: samêngkone diwasa. (kembali)
Paranggarudha. (kembali)
Lebih satu suku kata: Prabu Duryudana ngandika ris. (kembali)
Rêkyana. (kembali)
Lebih satu suku kata: kagungan Batharendra. (kembali)
10 danu. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: rêmpêg kang kinanthil wuri. (kembali)
12 anjangkung. (kembali)