Lampahan Bagawan Senarodra, Suwandi, 1923, #1611 (Pupuh 01–10)
1. | Lampahan Bagawan Senarodra, Suwandi, 1923, #1611 (Pupuh 01–10). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
2. | Lampahan Bagawan Senarodra, Suwandi, 1923, #1611 (Pupuh 11–22). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
BAGAWAN SENORODRO
Sêrat Purwa, lampahan Bagawan Senarodra.
Jarwa sêkar macapat, kaikêt sarta kasêkarakên dening Radèn Mas Suwandi ing Surakarta.
Citakan pertama.
1923.
Kawêdalakên sarta kasade dening:
Toko buku [...], ing [...]
--- [2] ---
[...]
--- 3 ---
1. Dhandhanggula
1. rarasing rèh rinênggèng mêmanis | dènnya paksa mardi martotama | mastuti maring Allahe | sumawana mawantu | wantu-wantu dera mêmuji | dimèn tuk barkahing Hyang | suraning tyas amung | rasaning gita minăngka | karya pèngêt carita sinawung Kawi | tangèh kalamun wignya[1] ||
2. nulat marang pujăngga linuwih | dêstun amung karya nglipur driya | dera kataman wirage | katunan silarju[2] | yayah kadya anganyut dhiri | sing dahad tan kawawa | nandhang kawlasayun | sêkunging tyas paripaksa | kumawignya rekane ipil anganggit | carita jaman purwa ||
3. darunane saking nanggap ringgit | lêlampahanipun Senarodra | ingkang dhapuk caritane | Wrêksadiningrat kasub | Dyan Mas Mênggung Kalang palinggih | arsitèg Surakarta | tinêngran witipun | pangikêt nujwari Budha | Kliwon tanggal nawa likur candramèki | Dulkijah Je kang warsa ||
4. sinangkalan etange kang warsi | rasa catur kasarirèng tunggal |[3] windu sangara akire | nênggih bêbukanipun | kang carita kinarya dhihin | nagari Dwrawatya | nagri panjang-panjung[4] | pasir wukir loh jinawya | tan patyagêng nagari ing Dwarawati | nanging mêgah raharja ||
5. lire panjang doh kuncaranèki | punjung luhur tan ana kang madha | pasir cêlak bandarane | bandaran samodra gung | praja adi ngungkurkên wukir | amangku
--- 4 ---
kang narmada | kiwa têngênipun | kyèh narmada sasudhetan | karya ayêm têntrêm sagunging wadya lit | murah sandhang lan pangan ||
6. sabarang kang tinandur andadi | durjana druhaka datan ana | apan dadya pangungsène | para nangkoda agung | ambêbêkta dagangan sami | bêbakal guru-dadya | pèni-pèni sagung | kêkêling wastra myang sutra | esuk sore praptaning nangkoda gili | andulur sasêluran ||
7. kèh pajêngan kathah samya bathi | sakalangkung gêmahing nagara | sarwa na tinakokake | suka bungah wadya gung | praptèng dhusun sukuning wukir | tan kirang sandhang pangan | blabur muwah-muwuh | antuk supangat narendra | kang jumênêng Nata Prabu Harimurti | Aprabu Padmanaba ||
8. Danardana ya Kesawa Aji | Wisnumurti Sri Bathara Krêsna | mila Rimurti parabe | madhangi bawana gung | dera Danardana sêsilih | lumintu dananira | de sêsilih Prabu | Padmanaba mulanira | sri narendra ngingsêp kawruh ing Maharsi | Bagawan Padmanaba ||
9. wusing tumplak kawruhing maharsi | karsanira pami nginum toya | yun inginum sawadhahe | pamrihira sang prabu | ing jagad aywana nyami[5] | kadibyan kanuragan- | ira sang aprabu | Sang Bagawan Padmanaba | tan sawala ing karsèng sri narapati | sêmana tinêlasan ||
10. gumling kisma kunarpèng sang rêsi | yun sinêmbah [si...]
--- 5 ---
[...nêmbah] padèng kang kunarpa | muksa atilar swarane | mênawi sang awiku | wus anunggal kaanan jati | sukèng tyas sri narendra | de sariranipun | wus anunggal ing kaanan | lawan Risang Padmanaba Maha Rêsi | lir sato nèng rimbagan ||
11. mila parab Sri Kesawa Aji | apranyata sang sri sugih rema | iku dadi pratandhane | titisirèng Hyang Wisnu | mila parab Sri Wisnumurti | Hyang Wisnu ngejawantah | anunggal sawujud | malih sêsilih arannya | Sri Bathara Krêsna pranyata sang aji | irêng ing jêro jaba ||
12. praptèng balung sungsum lawan gêtih | sami irêng pratăndha Sri Krêsna | mulus lulus sakarsane | ambêkira mrih mardu | martotama ngumala manik | tyas maring kapandhitan | makêtêr rat sagung | saisining jagas[6] traya | para nata ambêke samya anggusti | mêmundhi ambathara ||
13. akèh nungkul tan pinukul jurit | asok bulubêkti sabên warsa | saking jrih ing kotamane | pinênang jawata gung | mangrêksèng rat ayuning bumi | duk samana sri nata | ri Rêspati nuju | amiyos ing sitibêntar | ginarêbêg manggung kêtanggung sarimpi | angampil upacara ||
14. banyak dhalang lawan sawunggaling | gêndhaga mas tatur ardawlika | lar badhak kanan keringe | mênggêp lênggahnya prabu | nèng bale mas ingkang pinatik | hèr laut lan hèr kêmbang | tinon [ti...]
--- 6 ---
[...non] ting palancur | muwuhi prabawanira | kadyangganing Hyang Endra siniwèng dasih | anèng Ngendrabawana ||
15. ambalabar ambèr kang sumiwi | angèbêki jroning panangkilan | abra sinang busanane | lir prabata katunu | kang kaparêk ngarsèng sang aji | putra ji Radyan Sămba | kadipatèn sinung | lêlancuring Dwarawatya | dadya têmbang rarasaning para putri | kayungyun mring rahadyan ||
16. non sarira kang lir mas sinangling | awiraga nanging tan lêlewa | wigya traping busanane | baranyak kaduk cucut | bagus anom dèrèng akrami | kèh putri putrèng nata | ginadhang mrih dhaup | nanging sira Radyan Sămba | dèrèng wontên putri kang pinujwèng galih | taksih karêm nyatriya ||
17. anggêgulang prawiraning jurit | kanuragan soring satru murka | dene kang anèng keringe | Arya Satyaki punjul | ipe dadya manggalèng jurit | bêbanthèng Dwarawatya | kinarya gul-agul | tate anguwisi karya | praptèng benjang brăntayuda Dyan Satyaki | dadya bantên ing yuda ||
18. warangkendra Sang Udawa Patih | animpuna olah nitipraja | nyêpêng bang-bang lum-alume | wignya mèt tyasing wadu | pra wadya gung sumuyut asih | wignyane kyana patya | milanya sang prabu | mring patih langkung pracaya | dhêdhasare timur mila akêkinthil | kinathik mong narendra [nare...]
--- 7 ---
[...ndra] ||
19. pagêdhonganira kyana patih | maksih kadange sri naranata | mila limpat wêwekane | sudira ing apupuh | pilih ingkang tumangguh jurit | mumpuni gêlar ing prang | wau ta sang prabu | nalika lênggah sewaka | datan ana sabawèng walang ngalisik | tidhêm ing panangkilan ||
20. mung swaraning kukila angêlik | galik-galik kapiyarsèng wadya | lir tangising dyah wirage | karya angrêsing kalbu | samangkana sri narapati | manggut paring sasmita | kang dinuk ing dulu | katêlu parêng mangarsa | cakêt dhampar palênggahan narapati | ngêlus pada sri nata ||
2. Sinom
1. gatining kang ginupita | dera sang sri narapati | amiyos siniwèng wadya | tan lyan ari sang siniwi | Wêrkudara kang lagi | nêdhênge anggêlar kawruh | saking bang kulonira | kang sarta salin sêsilih | apêparab Sang Bagawan Senarodra ||
2. mangkana aris ngandika | mring Udawa Kyana Patih | hèh Udawa kayaparan | prajèng sun ing Dwarawati | tur sêmbah sang apatih | dhuh gusti pêpundhèn ulun | angsal pangèstu tuwan | tan wontên sawiji-wiji | pra kawula sami manggih suka wirya ||
3. punapi sajroning praja | arga wana kali-kali | tan wontên sakara-kara | gêmah raharja nglangkungi | yèn tinimbanga nguni | tikêl lan samangke langkung | pra nata măncapraja |
--- 8 ---
tan wontên ingkang ngewahi | pisowane pajêg anglir saban-saban ||
4. mandar kathah wêwahira | praja ji ing kanan kering | kang sami sumuyut trêsna | sumêmbah padèng narpati | sumungkêm lair batin | tan wontên nata barênjul | sukèng tyas sri narendra | wusana ngandika malih | maring putra anênggih Rahadyan Sămba ||
5. hèh kulup Sămba kaya pa | wartane pamanirèki | yayi mas Unggulpamênang | gone gêlar wasita di | kawruhira kang saking | bang kulon paran wartèku | Radyan Sămba tur sêmbah | dhuh pukulun jêng dewaji | pamirênge putranta jêng paman mangkya ||
6. gyannya gêlar kawruh tama | saking bang kilèn rama ji | kadidene sawadinya | pakêmpalanipun dadi | janma kèh agêng alit | mangke samya kapiluyu | yayah dhêsêk sêk-sêkan | tumpuk tumpa tumpang tindhih | ingkang samya nglêluri dhawuh jêng paman ||
7. lir tinumplak nungswa Jawa | kathah kang samya mèstuti | ing kawruh agami mulya | paran ruarane benjing | dene ngantya wèh gonjing | otêr bilulungan sagung | gêng alit lêng-ulêngan | kèrêm pakêmpalan luwih | ing sanungswa Jawi mèh kewala wrata ||
8. mangunêng sri naranata | wusana ngandika aris | baya bênêr wartanira | wèh gonjing ing nungswa Jawi | dhasar pamanirèki | wong kang ambêk kumawiku | waskithèng kasunyatan |
--- 9 ---
kawuwuhan kawruh saking | ing bang kulon ngambar ngèbêki bawana ||
9. lir wrêksa candhana kobar | sumrik-sumrik amranani | ngênani wong tanah Jawa | kapiluyu yun sumiwi | dalasan rinirèki | Satyaka têkan wus dangu | lungan saking nagara | pamite ayun mèstuti | mring paman ta anyuwun piwulang tama ||
10. kongsi mangke tan aprapta | baya kapiluyu yêkti | mring kawruhe Senarodra | satuhu lamun utami | kinèdhêpan sasami | pakumpulane aguyup | sayuk saeka praya | kaya tan kêni sinapih | kang mangkono agawe sêmanging driya ||
11. awit sagunge jawata | rumăngsa dipun padhani | sinêngguh yun ngampuh jingga | wani mring dewa linuwih | măngka jatine kaki | pamanmu ingkang kinayun | mung amrih lêbda jiwa | manungsa sadonya iki | aywa sami nandhang papa siya-siya ||
12. bisa antuk kamayaran | gonira tinitah urip | ywa anggung nandhang wigêna | tămpa parentah tan adil | ecane wong aurip | tămpa pangadilan luhur | sigra Rahadyan Sămba | tur sêmbah dhuh jêng dewaji | yèn makatên punapi ta kangjêng paman ||
13. tan badhe tampi dêduka | ing jawata kang linuwih | wit karsane kangjêng paman | nyatak wawênang sakêdhik | dene ta kumawani | nyênyami kuwasanipun | jawata ngendraloka |
--- 10 ---
dhuh dewaji kadipundi | tundonipun dene paman Senarodra ||
14. ngandika sri naranata | bênêr aturira kaki | yêktine para jawata | kang angrèh manungsèng bumi | nanging priye ta kaki | kabèh sakathahing manus | kang ginugu wong donya | padilan ingkang adil[7] | nora trima tămpa paprentahan jomplang ||
15. mula sun arsa tinjoa | mring brata Pandhawa kaki | lawan sira yayi Arya | Satyaki mamrih prayogi | nusula ingkang siwi | maring Jodhipati patut | nyuwuna kang pitêdah | kawruhe kakangirèki | Senarodra kaya pantês siranggoa ||
16. wit sotaning tyas rakanta | gone aminihi wiji | lair batine kacêkap | kasampurnaning aurip | uga ginêlar yayi | dene kawruh lairipun | yogyane anèng donya | ngaurip tinitah iki | luwih parlu amba dimrih sama rata ||
17. pangkata saka paseban | aywa kèh anggawa dasih | mung kanthimu saka praja | putranta Sămba lan patih | prayogane ta yayi | nguntapna lakunirèku | dadi datan kuciwa | tan tilar tatèng praja di | nora ngusut lakunta nèng jroning praja ||
18. kongsi praptèng jaban praja | tinon ing kèh tan nglingsêmi | sandika kang sinung sabda | têlas dhawuhing narpati | karsa jêngkar sang aji | ebah sagunging wadya gung | kadi
--- [11] ---
angurmatana | jêngkare sri narapati | sru mabukuh sadaya konjêm ing kisma ||
19. sasmita nolih parêkan | gupuh dènira nanggapi | nyandhak sagunging ampilan | bêdhol jêngkar sri bupati | lir Sang Hyang Surèngpati | kondur ginarbêg para rum | ingkang nêdhêng diwasa | racak kang angampil-ampil | papilihan pingitan sajroning pura ||
20. prapta ing kori gapura | kandhêg lampahe sang aji | non rêngganing gapurendra | ing kanan kering kaèksi | gupala pelak saking | sela gêng rineka diyu | plataran sinêbaran | akik abang kuning putih | yèn sinampar pra biyada ting galêbyar ||
21. yun tinon saking mandrawa | ting pancurat ting parêlik | inêbing kori gapura | rinêngga gambaran kalih | dewata lan dewati | kalamun mênga kadulu | kadi mantyan rudita | ywan minêp kalih kaèksi | kadya mantyan anyar nêmbe pêpasihan ||
22. tan wus lamun winuwusa | rêngganing gapurèng puri | dene ing sajroning pura | rêspati amilangêni | wêwangunane wingit | lir puraning dewa luhung | tangèh lamun winarna | rêngganing gapura adi | winarnaa parêkan kang dhèrèk nata ||
23. kêkalih sigra lumajar | ngriyini têdhakira ji | tur uning sri natèng pura | kang lênggah nèng kênyapuri | katêlu garwa aji | prasamya ayu linuhung | kang sêpuh sing Kumbina | pêparab Dèwi [Dè...]
--- 12 ---
[...wi] Rugmini | kang sarira rurus lir prada binabar ||
24. rarase lir putran dênta | pamidhangan nraju rugmi | gêmuh ingkang payudara | lathi cabik-cabik manis | luwês sasolahnèki | yèn lumampah sang rêtna yu | rêmêne ngêmbat madya | alon yèn amanduk liring | kaduk manis pindha madu pinêsthika ||
25. bisa mèt driyaning priya | ngunthêt guyu sawatawis | awis wijiling wacana | gusinya ingkang piningit | eman lamun kaèksi | awit kalamun kadulu | marang sagunging priya | sayêkti lamun kagingsir | tan kawawa mulat gêbyaring kang waja ||
26. gantya candrane sang rêtna | Kusuma Yu Jêmbawati | sutèng wre Kapi Jêmbawan | ing Gadamadana wukir | tuhu hyang-hyanging bumi | lindri manis ngundhung-undhung | nunjung biru lawênya | kang sarira lir ingukir | ngancana di bisa molah awiraga ||
27. lêlewane mawèh brăngta | singa kang pinanduk liring | rantas rarasaning wardaya[8] | kuciwane sang rêtna di | tan kèrêm busana di | ngusut bae mawèh wuyung | lir murca kinêdhèpna | rêspati otote wilis | ting karêncang muwuhi prabèng sarira ||
28. gantya risang pramèswara | Satyaboma Sang Suputri | tuhu putri yu utama | lir gambaran ing swarga di | ambêke jêtmikani | pasaja sêmune ruruh | sasolah mawèh brăngta | mêmanise rêbut ngarsi | pamuluning sarira ngêmbang cêpaka ||
29. kang mêkar
--- 13 ---
ambabar gănda | pantês kêkêmbanging puri | jêr nora kuciwèng warna | tangèh ana angèmpêri | sagunging para putri | pêpilihan yu linuhung | kang sami marêk ngarsa | lir sudama nawung sasi | ting pancorong kasor sunar sênênira ||
30. tan wus lamun winuwusa | candraning kang para putri | yêkti lamun kurang căndra | kèbêgan warna yu luwih | nahên ingkang winarni | lampahing parêkan prabu | prapta ngarsèng dayinta | tur sêmbah atur udani | ywan sri nata arsa kondur ngênyapura ||
31. sigra jumênêng sarêngan | sang sri pramèswari katri | tundhuk kori prabayasa | mêndhak nêmbah sang rêtna di | ing pada ganti-ganti | tinarik asta sang ayu | samya garêbêg wuntat | sapraptaning dalêm puri | asatata lênggah lan garwa têtiga ||
32. garwa tri parêng turira | paran kang dadya wigati | siniwakèng pangurakan | beda lan sabênirèki | punapi wontên kardi | ngandika aris sang prabu | yayi ratu wruhanta | tan lyan kang sun gunêm pikir | Senarodra gone gêlar kawruh tama ||
33. akarya orêging jana | sabawana suyud asih | mèstuti ing yayi Sena | dalah arinta Satyaki | ing mêngko ingsun pardi | manjinga siswa lumêbu | mring yayi Senarodra | anusul putranirèki | Si Sêtyaka wus lami nèng Jodhipatya ||
34. Dèwi Rugmini tur sêmbah | pukulun jêng sang siniwi | lêrês [lê...]
--- 14 ---
[...rês] karsa padukendra | susule yayi Satyaki | pan kalih-kalih kardi | puruhita tuwin nusul | kang kesah sampun lama | têmah karya sănggarunggi | kalihdene raosing tyas tan sakeca ||
35. dene yayi Senarodra | ngimpu wong sanungswa Jawi | punapi botên akarya | sêmang sumêlanging galih | wau ta sri bupati | pangandikanira arum | bênêr yayi turira | sajatining tyas ngong yayi | bangêt samar kaananing arinira ||
36. mula mêngko karsaningwang | wak ingsun arsa martuwi | tinjo mring nagri Ngamarta | kaya kèh pakewuh wuri | dipun samêkta yayi | ing sanggar langgatanipun | pirantining pamujan | sandika ingkang sinung ngling | tan antara purna pangruktèng pamujan ||
37. sigra têdhak sri narendra | mring sanggar langgatannèki | tan kongsi puja wiwaha | praptaning sanggar panêpi | maladi sêmadining | ngêningkên ingkang pandulu | amung sakêdhèp netra | wus nunggal kaanan jati | wit sanyata wijiling jawata mulya ||
3. Mijil
1. tangèh kêni tinelad sasami | kaluwihan katong | duk sêmana sri nata nulya ge | nurut umbuling kukus dupyagni | anggayuh wiyati | tinon nyamut-nyamut ||
2. praptèng mega malang miling maling | jroning tyas tumonton | sèsining rat wus kawêngku kabèh | anarawang kawangwang liniling | tan winarnèng margi | lampahnya sang prabu [pra...]
--- 15 ---
[...bu] ||
3. sigêg gantya ing paseban jawi | parêng mundur bodhol | ing ngarsendra satata barise | kyana patih asuwarèng dasih | wadya Dwarawati | agêng alit sagung ||
4. tuwa anom nora sun arani | karsendra samêngko | ingandikakkên ngiring lampahe | Arya Satyaki mring Jodhipati | sapraptaning jawi | kitha kinèn wangsul ||
5. tur sandika wadya Dwarawati | pradandan sumaos | abusêkan solahing wadya kèh | ting bilulung prasamya miranti | kumropyak kumrincing | kumrêbêt kumrêbut ||
6. aliwêran liru wira-wiri | pra prawirèng kewoh | asiyaga tata titihane | nitih turăngga agêming jurit | tan antara sami | tata barisipun ||
7. apêpanthan wadya Dwarawati | tan na kang carup wor | pra prawira kang dadya tindhihe | abusana kapraboning jurit | anitih turanggi | ngasta sangêt mungguh ||
8. wusnya tata rakiting wadya lit | tinêngêran gupoh | gong maguru găngsa tabuhane | gurnang lawan puksur lan thongthonggrit | barungan mêlingi | bodhol kang panganjur ||
9. sumrêk lampahing wadya lumaris | manggalaning kewoh | Sang Apatih Udawa wiyose | nitih kuda songsong kartas kuning | rêspati nèng wajik | amandhi salukun ||
10. sinambungan Rahadyan Sêtyaki | nitih kuda kaot | anindhihi [a...]
--- 16 ---
[...nindhihi] lampahing wadyane | kawot sagung kapraboning jurit | rêspati amandhi | gadanira agung ||
11. Radyan Sămba ginarbêg ing wuri | nitih kuda barong | binusanan sarwa sri rarase | ting galêbyar tinon anyênêni | baranyak nèng wajik | sarwi ngêmbat lawung ||
12. alon-lonan lampahing wadya lit | eca tan rêkaos | abra sinang wadya busanane | lêbu balêdug kasilir angin | limut manaputi | tan winarnèng ênu ||
13. lêpas lampahing wadya lumaris | gantya winiraos | pasanggrahan Tunggulmalayane | Hyang Bathari Durga kang winarni | nuju sajuga ri | siniwèng pra wadu ||
14. bajobarat lawan pra dhadhêmit | drèngès lan thongthongsot | ilu-ilu gladhrah apadene | wewe wêdhon janggitan maringis | mênthèk banaspati | bêlêk anèng ngayun ||
15. sagung lêlêmbat sanungswa Jawi | sumêmbah ngragèng nor | mring Bathari Durga pangidhêpe | ing sanungswa Jawa ambawani | ngrèh sakèh dhêdhêmit | sumungku sumuyut ||
16. kang parêk ngarsèng Hyang Bathari[9] | Dewasrani Katong | bagus anom sêmbada sigite | prawirèng prang ing jagad mumpuni | guna sura sêkti | prawirane kasub ||
17. yèn ing sabrang tan ana madhani | tumangguh ing popor | tan wus lamun winuwus dibyane | nênggih Risang Dewasrani Aji | wingkinge sang aji [a...]
--- 17 ---
[...ji] | bajobarat tunggul ||
18. Jaramaya Rinumaya tuwin | Siyapapa munggoh | Papasiya kapat gul-agule | para wadya bajobarat sami | angrèh misesani | pra wadya lalêmbut ||
19. samangkana wau Hyang Bathari | angandika alon | mring kang putra Sri Dewasranine | babo putraningsun paran gati | marêk ngarsa mami | pasêmonmu suntrut ||
20. lah matura anèng ngarsa mami | jarwa anak ingong | mêmintaa mring ibunta anggèr | ingkang ana tambuhana kaki | aywa walangati | matura wak ingsun ||
21. atur sêmbah Risang Dewasrani | pukulun ragèngong | botên lamun makatên wiyose | dêstun amung putêk awit saking | amirêng pawarti | otêring rat sagung ||
22. titah ngarcapada nungswa Jawi | samangke salah ton | samya ngidhêp mring Senarodrane | darunane kalayu winisik | kawruh ingkang saking | bang kilèn wèh giyuh ||
23. wuyung ing tyasira wong sabumi | sumêdya rumojong | ing sabaya pati panganggêpe | dènnya sami sumungkêm tan sipi | wèh otêring bumi | lir wong kenging cinthung ||
24. gunging janma nir wêweka sami | prasamya salah ton | dene sami sirna pangidhêpe | mring jawata sami angowahi | tilar silastuti | mring dewa tumambuh ||
25. yèn kongsia kalajêng mênawi | pra dewa sayêktos [sayê...]
--- 18 ---
[...ktos] | badhe sirna nênggih darajade | awit kèlu mring sang pindha rêsi | wau Sri Bathari | angandika arum ||
26. kang mangkono iku kulup mami | kudu wruha yêktos | apa baya mangkono wartane | yèn satuhu gawe walangati | măngka ingsun kaki | kinarsan dewa gung ||
27. nanging apa paedahirèki | kalamun kalakon | bisa sirna Pandhawa sakèhe | ingkang putra umatur wotsari | botên makèwêdi | gyan ngong sinung luhur ||
28. lêlananging jagad ambawani | nir was lan kuwatos | wit tan wontên kang karya marase | lamun sirnanèku sami[10] | mung amba kaèksi | ngalela linuhung ||
29. Hyang Bathari Durga ngandika ris | yèn kaya mangkono | baya patut ingsun nyatakake | yèn kapara nyata turirèki | tan wus karya wèsthi | sagunging lalêmbut ||
30. marga nora bakal anampani | sêsajining katong | rajawedha ing tanggap warsane | kèh kaluwèn sagunging dhadhêmit | yèn pra nata Jawi | ngungkurkên rèhipun ||4. Pangkur
1. sagunging para jawata | apa baya winalik idhêpnèki | ngidhêp mring Senarodrèku | kênèng daya prabawa | pakumpulan sabaya pati aguyup | kênèng gêlar lalimunan | kawruh ing bang kulon kaki ||
2. padha mêngko karsaningwang | mring Pandhawa ingsun pariksa [pa...]
--- 19 ---
[...riksa] titi | apa anane ing ngriku | yèn nyata wartanira | kabèh bajobarat ingsun kinèn ngridhu | sakèhing wong kang pruwita | mring Sena dimène miris ||
3. saking pakartining para | bajobarat kaya tan mindho kardi | sirèku eca atunggu | anèng Tunggulmalaya | kasukana lan wadyabala sawêgung | aywa sumêlang tyasira | sirnaning Pandhawa pasthi ||
4. hèh sirèku Jaramaya | Rinumaya Papasiyèku tuwin | Siyapapa aywa kantun | sami dipun siyaga | andhèrèkna laku ngong mring Pandhawèku | padha samêngko budhalan | sandika siyaga sami ||
5. duk samana sigra budhal | lampahira anggayuh ngawiyati | silêm anèng langit biru | mawa lesus prabawa | enggaling carita lampahira wus[11] | nênggih Sang Bathari Durga | nèng antariksa kêpanggih ||
6. lawan Prabu Padmanaba | kalihira onêng-onêngan sami | bagya-binagya ing laku | wusana Sri Bathara | Krêsna aris awacana manis arum | yayi paran lakunira | sun dulu kaya wigati ||
7. turira Bathari Durga | jarwa lamun arsa mring Jodhipati | yun mariksa ananipun | nênggih Sang Senarodra | unggyanira gêlarakên kawruhipun | ingkang saking bang kulonnya | têka wèh otêr ing bumi ||
8. wartane kang puruhita | marang Sena atilar silastuti |
--- 20 ---
mukir maring jawata gung | kang mangkono iku kakang[12] | wajib lamun wak ingsun angsung pêpemut | ywa kongsi kadawa-dawa | gone tilar silastuti ||
9. ngandika malih Sri Krêsna | têka bênêr saujarira yayi | lamun nyata lir wuwusmu | jatine Senarodra | nora mukir pangidhêpe mring dewa gung | panggêlaring kawruhira | nora nyampah mêmaoni ||
10. marang sagunging jawata | yèn tukara sayêkti sun udani | jêr ingsun lawan sirèku | ing jawata winênang | baurêksa mungguh kaananing manus | titahing para jawata | bêcik balia bathari ||
11. pracayaa ujar ingwang | matur malih Bathari Durga aglis | dhuh kakang prayogènipun | ingsun bêcik lajua | yun uninga iya sapratingkahipun | gone misik Senarodra | mring sagunging wong sabumi ||
12. nadyan bênêr andikanta | kaya-kaya sayêkti nora sisip | rèh ingsun tinitah luhung | uga ambaurêksa | pasthi luput yèn ingsun wangsul ing ênu | jêr wong bumi kèh kang molah | marêngkang rèh kang utami ||
13. sudra bae paksa mampang | tangèh lamun ajrih mring jawata di | iku sapa kang amuruk | tan lyan mung Senarodra | mêmarahi tindak-tanduk nora patut | wau ta Sri Padmanaba | wacananira amanis ||
14. dhuh yayi ywa bela tămpa | panggrendanta yêktine [yêkti...]
--- 21 ---
[...ne] bangêt sisip | jêr uwus ubayanipun | pêpasthène ing jagad | kaya mandar yogya kaananing manus | jêr padha wêruh ing tata | tata caraning aurip ||
15. kudu wruh parluning gêsang | de ngaurip mênangi jaman rungsid | yèn wruh liring pakewuh[13] | nèng jaman ewuh aya | yêkti mindho papa wuwuh kawlasayun | saking pambêktaning jaman | tan na wong narimèng ati ||
16. narima tan ngăngsa-ăngsa | wit mèh sirna tapa bratanirèki | kang ginayuh mubra-mubru | panganggo murub mubyar | wit kalamun tanpantuk upayanipun | sirna ajining manungsa | lir rondhoning jati aking ||
17. jêr uwis wiwit kabuka | budayane ngaurip jaman mangkin | saking kagêngên bêbêntus | yèn ingukur agêngnya | bêbêntusing kawula ngarcapadèku | kadi wus ana uwohnya | dahuru abanjir gêtih ||
18. nging yêktine nora bisa | kalakone dahuru banjir gêtih | marga kalamun inginguk | jêbul ing kene kana | wus kinalang-kalang wisesa winangun | wangune nora prasaja | kinurung pangwasa luwih ||
19. pinagêran asantosa | kanan kering tanapi ngandhap nginggil | binathithit abarukut | tanpantuk kaomberan | yèn pinikir tuhu kari mingak-minguk | sirna ihtiyaring manah | wit sarwa pêpêt kaèksi ||
20. pêpuntoning tyas tan liya | angalokro [angalo...]
--- 22 ---
[...kro] pêpês bayuning ragi | kalamun kongsi kabanjur | kari woh panalăngsa | nanging lamun panalangsanira jêdhug | sayêkti malah prayoga | de gayut Hyang Maha Luwih ||
21. awit panalăngsa ika | sêsumuke kawawa narik batin | ngebahkên Pangeran Luhur | ebah ingkang Pangeran | têmah kagyat awit rumăngsa kalamun | manjêr wêwakil nèng donya | têka kawulanirèki ||
22. sadaya sami nalăngsa | kang mangkono wêwakilira pasthi | kathah ingkang numbuk-numbuk | pêpacuh tinarajang | pêpacuhing Pangeran Kang Maha Luhur | parlune mung nyukup bêtah | butuh anu ika iki ||
23. tan pisan darbèni têpa | pêpuntoning karsa ardanirèki | kinarya gada amunggul | kêkudhung panguwasa | yêkti lêbur tumpur sanggyaning pra manus | milane kalamun ngrêbda | tan wurung dahuru yayi ||
24. ananging dahurunira | nora sami dahuru rêbut pati | dêstun mung pawêlèhipun | marang wêwakil donya | kang kuwasa anindakkên tindak-tanduk | dene lamun tindakira | sru malindêr tan pakering ||
25. marang sagunging kawula | awak ingsun yayi nora nyondhongi | utawane nora tanggung | lamun ing ngarcapada | nora rusak tataning manuswa idhup | jêr mêngko wus bilulungan | tanpantuk upayanèki ||
26. ngalor ngidul garubyugan | wit kawêkèn gènnya
--- 23 ---
tinitah urip | mula kêbênêran iku | iya Si Senarodra | gêlar kawruh saka ing bang kulonipun | ana kang tinuwa-tuwa | têtuwak cagaking bumi ||
27. dhasar budine ngumala | wruh ing têpa têpa samèng dumadi | pun kakang wani atanggung | lamun Si Senarodra | anduwèni tindak ingkang nora jujur | mula pikirên kang dawa | karsamu mring Jodhipati ||
28. wêwangunmu tan prasaja | gonmu arsa ngêntèkkên warta iki | dènira anggawa diyu | bajobarat kogawa | pasthi sira arsa nindakkên tan ayu | mring sagung brata Pandhawa | măngka Pandhawèku sami ||
29. wak ingsun kang baurêksa | momong marang brata Pandhawa sami | marma prayoganing laku | gêlêm nora gêlêma | abalia ing kene kewala cukup | jêr nyata Si Senarodra | nora wèh rêtuning bumi ||
30. janggirat Bathari Durga | awit saking jroning tyas salah dalih | katgadèng tyas wuwusipun | kakang Bathara Krêsna | karsa sira wak ingsun sira kon wangsul | anèng ing kene kewala | kang pasthi sun tan kadugi ||
31. jêr ingsun uga winênang | baurêksa mungguh isining bumi | dangu dènnya aprang catur | rame diya-diniya | kalihira katgadèng tyas parêng rêngu | dadya prang sêndhal-sinêndhal | kalihe asilih-ungkih ||
32. dêdrêk udrêk liru papan | dêr-idêran sami prawirèng jurit | wasis [wasi...]
--- 24 ---
[...s] waskitha ing pupuh | pupuh-pinupuh gantya | dangu dènnya adêdêr pêluk-pinêluk | Hyang Bathari karepotan | kabuncang tibane têbih ||
33. kasingsal dhawah kalumah | wungu saking dhawah Sang Hyang Bathari | krodha mingis ingkang siyung | kumilat mawèh maras | awas mulat Prabu Padmanaba gupuh | tiwikrama sanalika | jlêg angga saarga dadi ||
34. netra anglir surya kêmbar | rema gêmbal[14] sabongkot tal kaèksi | tinon sacarat kang siyung | mingis-mingis wèh maras | swara gora gumlêgêr lir gludhug barung | wau Sri Bathari Durga | rikalanira umèksi ||
35. lamun Sri Bathara Krêsna | tiwikrama sarira gêng sawukir | miris kamarasan mirut | larut bayuning angga | andharodhog makêtêr sru makidhupuh | lumpuh tan bisa gulawat | sru tobat wacananèki ||
36. dhuh kakang Bathara Krêsna | lah èngêta ruwatên ingkang runtik | sapa ta ingkang tumangguh | marang wikramanira | sèsining rat sayêktine lêbur tumpur | dhuh kakang age èngêta | sun tobat srah pati urip ||
37. nora pisan-pisan kakang | ngong lajua maring ing Jodhipati | jêr kakang satuhunipun | titisirèng Hyang Suman | sun pracaya kakang mring sira sawastu | samêngko ingsun narima | mituhu sarèhirèki ||
38. ruwatên wikramanira | ingsun nora sumêdya ika iki | Sri Krêsna nalikanipun | uning
--- 25 ---
lamun Sang Durga | makidhupuh tobat tan lumawan pupuh | racut dukane Sri Krêsna | sanalika sri bupati ||
39. ruwat gènnya salah rupa | wus wujud Sri Prabu Harimurti[15] | lawan angandika arum | apa ta têmên baya | tobatira tan nêdya angarubiru | marang yayi Senarodra | yèn nyata pamucungnèki ||
5. Pocung
1. dipun emut mring titah kang salah surup | aywa age sira | nandukkên tindak tan yukti | yèn kabanjur têmah sasar dadinira ||
2. wit sirèku pinarcaya jawata gung | lamun patrapira | tumpang so salah pandalih | dadi sira wèh rêtuning Ngendraloka ||
3. milu bingung pra jawata ting bilulung | kèlu mring karsanta | kang murang silarja niti | dadi sira ngajap rusaking Kaendran ||
4. Durga matur dhêku tăndha urmatipun | dhuh kakang wak ingwang | aywa anêmu basuki | lamun paksa nindakkên tyas kang tan arja ||
5. marang sagung para brata Pandhawèku | gènnya paguyuban | anggêlar kawruh kajatin | mung mandhêga nèng kene tyasku kang arda ||
6. marmanipun wak ingsun klilana wangsul | bali marang praja | măngsa borong kakang aji | gonmu ngrêksa kawidadaning parasdya ||
7. Sang Hyang Wisnu aris pangandikanipun | yayi dèn pracaya | ananing Pandhawa sami | yèn kongsia mikarèng tyas kang tan arja ||
8. wus sun wêngku
--- 26 ---
kabèh ing kaananipun | prabata Pandhawa | kaya nora madal sumbi | lah têmpuhna pun kakang ingkang nanggunga ||
9. jatinipun Sri Krêsna uningèng sêmu | sêmune Sri Durga | tan lêga rasaning ati | lamun durung anggodha brata Pandhawa ||
10. nging sinamun api-api nora wêruh | kalêthêking murka | jêr Sri Krêsna wruh ing wadi | wus dilalah mangkono karêp kang murka ||
11. milanipun Sri Krêsna ngenaki wuwus | pamrihe supaya | lêga si angkarèng kapti | nora arsa bukak talêkêming nala ||
12. enggalipun palêstha kang gunêm catur | pamite linilan | dadya kur-ungkuran kalih | Sri Bathari kanggêg dènnya angrêncana ||
13. nanging wantu wataking murka tartamtu | karsane mung arda | tan èngêt mring silastuti | kang ginusthi ambêg tyas angkara murka ||
14. nadyan uwus supata mawantu-wantu | jroning tyas tan mêndha | gènnya paksa wèh bilai | maring Sena dera mêdhar kawruh tama ||
15. milasa wus sira têbah lampahipun | Sri Bathara Krêsna | tan katon tinon bathari | Sri Bathari sigra nganthuki pra wadya ||
16. baratbaju kapat kanthinirèng kewuh | marêk ngabyantara | Sri Bathari ngandika ris | kayaparan bajobarat karêpira ||
17. de lakuku kapalang ana pakewuh | kakang Prabu Krêsna | bisa gawe sănggarunggi | yèn ngong laju kaya-kaya
--- 27 ---
tan prayoga ||
18. mung sirèku laju bae sarowangmu | nanging lakunira | poma dipun ngati-ati | aywa kongsi kadêngangan kakang Krêsna ||
19. aywa limut panggodhamu dèn asamun | kabèh mung bingungna | dimène padha sru tistis | maras uwas tan kèlu mring Senarodra ||
20. dene ingsun yogya mring suralayèku | matur salirira | Senarodra gone mukir | mring jawata têmah wèh rêtuning donya ||
21. amêmuruk mêmarah kang nora patut | sagunging manungsa | saisining nungswa Jawi | jêr awakku winênang dadi cundaka ||
22. pantês tinut marang jawata linuhung | kaya tan bêbakal | sirnaning Pandhawa pasthi | lamun uwus atas karsaning jawata ||
23. milanipun aywa sumêlang ing kalbu | tumuli pangkata | jujuga ing Jodhipati | lah ing kono tuking pakumpulan Jawa ||
24. baratbaju kapat sami aturipun | sandika gya mêsat | lampahe saengga thathit | kêthap-kêthap sakêdhap datan katingal ||
25. ywan dinulu lampahe awor lan lesus | prahara goraya | datan kawarna ing margi | kang winarna lampahe Bathari Durga ||
26. mêsad sampun napak wiyat nyamut-nyamut | kang tinujwèng karsa | tan lyan maring suranadi | gènnya arsa madulkên Sang Senarodra ||
27. putih mulus winastanan biru [bi...]
--- 28 ---
[...ru] laut | tan winarnèng marga | lampahe kang nêdya silip | kang winarna Jodhipati Senarodra ||
28. sampun dangu dènnya datansah rinubung | ingkang para putra | winisikan gênti-gênti | margi badhe dadya gêgununganira ||
29. para manus sanungswa Jawa sawêgung | kang sumêdya minta | kawruhe sang maha yêkti | ingkang saking bang kilèn akarya brăngta ||
30. datanpa wus driyarda paksa gumulung | gumulung gêlêngan | ri ratri datanpa sêpi | solahe wong kang nêdya mèt kawruh tama ||
31. ting garumung gumrênggêng anggung gumrunggung | kang sami srasehan | kawruh kang lagya tinampi | tinaliti titik kawruh kasampurnan ||
32. ting karanthuk kang sami anggunêm kawruh | kang wus manjing siswa | siswane sang maha yêkti | datan ana kang singlar mring rèh utama ||
33. nadyan pêthut tanapi bêbotoh pandung | wong kang murang sarak | calunthangan urut margi | kang wus mashur wong karêm ngrong pasanakan ||
34. sami antuk piwulang utamèng laku | nir labêting durta | têmah tyas ngumala manik | sirna gêmpang labêting angkara murka ||
35. mandar sampun samyantuk utamèng idhup | têntrêm awawisma | lumrah pakarangannèki | sami sinung langgar ing ngandhap padasan ||
36. datanpa wus lamun rinêngga ing kidung | kautamanira | sagung siswa Jodhipati | kang winarna
--- 29 ---
nênggih Kyai Urah[16] Sêmar ||
37. thênguk-thênguk ingadhêp pranakanipun | eca arêrasan | rosing rèh kang mrih utami | milya gunêm nênggih masalahing gêsang ||
38. Sêmar muwus pitutur mring para sunu | thole kayaparan | bêndaramu padha brangti | maring kawruh gêgarane wong agêsang ||
39. de sirèku karo tan na prihatinmu | anggung calunthangan | esuk sore mung mênyanyi | loap-laop kaya wong jawal kranjingan ||
40. sabên esuk pêng-pêngamu nyăngga pincuk | tinumpuk pitulas | bebas tan kari sawiji | sabên bêdhug mring pawon adhêradhasan ||
41. musra-musru yèn tan akèh ulamipun | nging pêksa pinangan | sabodhag sira ijèni | tanpa duga wêtêngmu kongsi balêndhang ||
42. pêng-pêngamu yèn mêntas ngangsur pamêtu | lunga mring Pacinan | tuku blèg-blegan bêskuwit | iwak sardhèn martega têlung gotongan ||
43. angêthêkul nunggu wong kang olah sêkul | sarwi mangsak-mangsak | sêngak gandane mranani | icip-icip ratêngan mung pitung panjang ||
44. langkung sêngkut pamanganmu lir bêburuh | kwarêgên ngalekar | ngorok turumu kêpati | nora pisan anggambuh mring kautaman ||
6. Gambuh
1. măngka samêngko kulup | samubarang awise kalangkung | pêpanganan dagangan awis kapati | priye
--- 30 ---
gonmu bisa untung | pra juragan amalongo ||
2. malongo lingak-linguk | ngungak-ungak kauntungan suwung | suwe-suwe nyorok pawitane ênting | awit saking kalah êsuk | kabutuh wragate wuwoh ||
3. wêtuning beyanipun | tikêl lawan ingkang wus kalakun | dhêdhasare sirèku dhasar mangani | kudu milih enak-enuk | tan wruh kacêmplung ing kewoh ||
4. mênangi jaman ewuh | apa nambutkarya apa nganggur | lamun nganggur apa ta ingkang binukti | apa mangan kayu watu | kang tan susah ngrogoh kanthong ||
5. măngka ta karêmamu | kaya mangkono apa ta patut | kayu watu manèh doyana sirèki | mula yèn dagang sirèku | untungmu padha malancong ||
6. êndi pilihanipun | lamun sira paksa kumapurun | manggaota pawitan nêkuk nikêli | tan wus têlas tanpa untung | praptaning don nêmu ewoh ||
7. lah kapriye rêmbugmu | ana uga pra juragan agung | bisa dadi gone manggaota awit | tan kèh bècèr bèrètipun | malah ngiwa nêngên mupoh ||
8. antuk eretan petung | petungane amrih untungipun | kadhang ana pra juragan padha dadi | saking kaculikanipun | pêpacak sarak tinêmpoh ||
9. êndi prayoganipun | beda lawan para bêndaramu | sari ratri
--- 31 ---
tansah olah kramaniti | kongsi lali dhahar nginum | saking agênging pakewoh ||
10. ewuhe dadi manus | amênangi jaman nora patut | mula padha linabuhan mati ragi | pruwita sabaya kumpul | ngangsu kawruh ing bang kulon ||
11. supayanira antuk | kamayaran titahing Hyang Agung | aywa kongsi tan amor samèng dumadi | beda lawan sira iku | mung mangan lan loap-laop ||
12. Garèng bêkis sru wuwus | kayaparan babo rama aku | yèn gayuha kaya bêndaraku sami | winulang silarja ayu | juwêt tur kongsi anotog ||
13. Petruk age sumambung | adhuh rama puluh ping sapuluh | panakawan asor pamêtune kêdhik | anggêre uwis malênthu | nora parlu sru wirangrong ||
14. beda lan bêndaraku | manggayuhe sayêkti ngalangut | kawruh gaip lawan ingkang dakik-dakik | jêr bakal gadhangan luhung | măngsa dadia thongthongsot ||
15. mung mêngko pangungunku | sagunging wong têka lir sêsulung | lêng-ulêngan gènnyarsa lumêbèng murid | lir dudu sawadinipun | pratingkahe sagunging wong ||
16. sujud susêtya tuhu | iyêg sabaya pati gumulung | gèk apa ta ingkang winêjangkên wangsit | dene katon sabiyantu | tulung-tinulung ing kewoh ||
17. laire ingsun dulu | ting jarêngking têtêp limang wêktu | kang mangkono [mang...]
--- 32 ---
[...kono] apa ta nora kuwatir | ingaranan murang laku | tilar talêsing lêlakon ||
18. watone ing aidhup | kudu manut sarèh jawata gung | Lurah Sêmar aris dènira mangsuli | baya ta bênêr ujarmu | paran dadine lêlakon ||
19. ananging pamawasku | pra bêndara dene isih nêbut | mring jawata nora dadak angowahi | lan malih isih anggilut | kaluwihane katongton ||
20. nging gawe samar iku | mênawa ta dinalih kalamun | para ingkang pakumpulan barêng mati | winastan mukir dewa gung | yêkti bakal nêmu ewoh ||
21. sagung ingkang pakumpul | kaya priye hèh thole rêmbugmu | iya rama mungguh ing panêmu mami | kaya nora was ing kalbu | jêr tatacara linakon ||
22. tumindak bênêr iku | mung tekade iku kang winangun | saking dahat rêkasane wong nèng bumi | tanpa guna bangêt cubluk | lir kêbo kêna kinêloh ||
23. miturut dhingkul-dhingkul | nora guna nora tiyasèku | marma mêngko ana kang gêlar wêwadi | wadi-wadine tumuwuh | tan lyan sing waskithèng kewoh ||
24. barêngan gumarubyug | wis rumăngsa bakal tuk pitulung | lêlungsène tinitah urip nèng bumi | ing pangangkah supayantuk | marga gènira dumados ||
25. kang mangkono puniku | yèn winastan luput yêkti luput | jêr wong donya [do...]
--- 33 ---
[...nya] ana ingkang misesani | iyèku jawata luhung | wênang wèh ayu wèh awon ||
26. Sêmar wacana arum | baya bênêr hèh Petruk rêmbugmu | aku kowe kapriye tingkahirèki | dene padha tan wruh pêrlu | wêruhe padha tumonton ||
27. solahe bêndaramu | gone gayuh kautamèng idhup | iya rama yèn aku amung nyondhongi | jêr kadibal ala aku | luput lamun sumalonong ||
28. takon tiron bab iku | kaya yogya mung anut garubyug | nadyan nora wêruha wosing wigati | iya paribasanipun | rubuh-rubuh gêdhang munggoh ||
29. mênawa dangu-dangu | pra bêndara ana ingkang sarju | paring tuduh kawruhe ingkang piningit | dene aku sira untung | tan susah naruthuk takon ||
30. Petruk bênêr rêmbugmu | nanging jroning tyasku rangu-rangu | nora enak lêgêtane bab puniki | sumêlangku tan lyan amung | ing wuri bok nêmu ewoh ||
31. ing karsèng jawata gung | nanging yèn sun pikir kang saèstu | bêja lara pati sapa kang darbèni | bêcike sira lan aku | enake pasrah Hyang Manon ||
32. sigêg kang gunêm catur | kang winarna Sang Senarodraku | karsa miyos lênggah nèng madyèng pandhapi | andhèr pra putra nèng ngayun | sumiwèng ngarsa mabukoh ||
33. Dyan Irawan Bimanyu | Ăntasena [Ă...]
--- 34 ---
[...ntasena] Gathutkaca Prabu | Păncawala Satyaki sumiwèng ngarsi | tan lyan kang ginunêm dangu | tan wus dadine lêlakon ||
34. lakune wong aidhup | amênangi jaman luwih ewuh | kèh wahyuning drubiksa ingkang andadi | rusak tataning aidhup | tan pantês tinelad ing wong ||
35. măngka wasitanipun | Senarodra mring putra sadarum | aywa kongsi antuk wahyuning dhadhêmit | jinurunga ing Hyang Agung | aywa na ingkang salah ton ||
36. awit sang maha wiku | uwus pasa ing sajroning kalbu | wus kabuka wahyaning kang wahyu jali | dhêdhasar ing tyas rahayu | kayumananing Hyang Manon ||
37. jinurung jawata gung | dènnya gêlar ambêk silarja yu | sapa cidra sayêkti manggih bilai | sapa kang ambêk rahayu | sayêkti tan manggih ewoh ||
38. milane sagungipun | para murid ajrih asih lulut | sari ratri gulang rahayuning budi | budiman mring silarja yu | eca gènnya gunêm raos ||
39. kasaru praptanipun | dumarojog Dyan Satyaki laju | atur sêmbah ingawe Radyan Satyaki | marêk ngabyanataranipun | satata dènira lunggoh ||
40. bagya-binagya sampun | Senarodra angandika arum | yayi arya praptanta baya wigati | sajarwaa ywa pakewuh | Dyan Satyaki turira lon ||
41. lampah amba pukulun | inggih lamun panuju ing kayun | ulun minta barkah paduka [pa...]
--- 35 ---
[...duka] nyênyantrik | nyuwun wêjangan basa yu | kawruh kang saking bang kulon ||
42. Sang Sena ngandika rum | adhuh yayi baya tan pakewuh | jêr pun kakang tuhune anggêlar wiji | wiji wijanganing kawruh | pangangson saking bang kulon ||
43. têlas andikanipun | Sang Sri Sena nyat jumênêng laju | asasmita mring rayi Arya Satyaki | Dyan Satyaki atut pungkur | kinanthi manjing karongron ||
7. Kinanthi
1. maring pracabakanipun | ngriku gyan sênêdan sukci | kalamun arsa mêmêjang | kawruh kasampurnan jati | sampêt sapalakatrinya | sang bagawan ngandika ris ||
2. yogya yayi dipun emut | bêbasan kawan prakawis | sarengat lawan tarekat | kakekat makripat yayi | têgêse basa sarengat | lakuning badanirèki ||
3. sasolah bawa lumaku | tatacara muna-muni | kabèh ingaran sarengat | bakune sarengat yayi | kang kanggo sagunging janma | rukuning Islam ywa lali ||
4. êndi ta ingaran rukun | sadat salat puasèki | jakat kaji jangkêpira | lire solah bawa yayi | aywa ngêgung-gungkên tingkah | ngandêlkên trah narapati ||
5. gawe tindak nora patut | sawênang-wênang trapnèki | marang sagunging wong papa | iku yayi nora kêni | sanadyan bangsaning sudra | kulit daging ta pribadi ||
6. êndi ta
--- 36 ---
ingaran luhur | yèn ora ana wong cilik | lah kang nêbut luhur sapa | yèn ora sagunging nisthip | upama sri naranata | sapa nêbut sang siniwi ||
7. yèn ora kawulanipun | kosok baline upami | yèn kang krama nora arsa | anêbut sri narapati | măngsa dadak kalakona | sinêbut sri narapati ||
8. măngka pantêse sang prabu | ingkang wajib dèn bêktèni | lawan kang sinêmbah-sêmbah | pinundhi-pundhi ing bumi | tan lyan mung sri naranata | tanapi jawata luwih ||
9. tan gampang jumênêng ratu | tuwin jawata linuwih | kudu wruh kawulanira | wajib angenaki ati | wèh payung wong kapanasan | wèh boga wong dama miskin ||
10. tan kadi pratingkahipun | para jawata samangkin | kalamun angejawantah | jêbulane minta bukti | minta prabot murub mubyar | maring sagunge wong cilik ||
11. puniku patrapku wangsul | bagya dene ta wong cilik | tan ana ingkang marêngkang | miturut nadyan gundhili | mula mung sêsambatira | angaru-ara ri ratri ||
12. panjriting ciptane sagung | janma ing sanungswa Jawi | wèh rêngkaning jagat traya | poma dipun èngêt yayi | ywa sira sawênang-wênang | yogya kang prasaja yayi ||
13. tan karya êsaking kalbu | kaduk noraga utami | de lumaku iku tindak | tindak ala lawan bêcik | bêcik tumindak utama [uta...]
--- 37 ---
[...ma] | singgahana kang tan yukti ||
14. tatacara têgêsipun | pranatan anggêring nagri | kaya pun kakang tan susah | anggêlar sawiji-wiji | jêr sira satriyèng praja | pêsthi wruh tataning nagri ||
15. amung ta prayoganipun | ywa tinggal dugi prayogi | wignya amèt tyasing wadya | têgêse mèt tyasing dasih | angenaki atinira | gunturên sagung mêmanis ||
16. mulane kalamun mêmuwus[17] | bêcik pikirên kariyin | aywa daya-daya wêca | yèn durung sirèku pikir | dadi nora wèh sangsaya | sagunging wêca pratitis ||
17. rukuning Islam puniku | kawruh ingkang uwus ramping | wus rinaras pra sarjana | dumunung pangrêksa yayi | ngrêksa marang uripira | ywa pisan manggih bilai ||
18. lamun jinèrènga nglangut | wijange sawiji-wiji | kaya datanpa wusana | wose wèh ayuning bumi | yogya amarnèng tarekat | tarekat lakuning ati ||
19. irêng abang kuningipun | lawan ingkang warna putih | pawakane aluamah | amarah supiyahnèki | jangkêpe sang mutmainah | ri ratri anggung pradondi ||
20. luamah karêmanipun | anggung ngajak enak bukti | murka angkara datansah | amarah mung mêmarahi | muring murang rèh utama | supiyah anggung kapengin ||
21. barang ingkang adi luhung | pèni-pèni rajapèni | karêm wêwarnan [wê...]
--- 38 ---
[...warnan] sarwendah | beda mutmainah yayi | tan karêm mring tri prakara | kudu ngajak kurang bukti ||
22. narimèng titah sapandum | nora darbe ika-iki | mulane dipun waspada | mring napsu kawan prakawis | yèn tan bisa nyabilana | gampang tumêkèng bilai ||
23. tri kakekat têgêsipun | ngawruhi marang Hyang Widhi | sak sêsipat kalih dasa | kakekate mring utami | wong anggayuh kawruh tama | nora kêna minggrang-minggring ||
24. lire wong anggayuh ngèlmu | yèn nora dipun tekati | măngsa dadak tumêkaa | nadyan wruh wijanging wiji | pasthi mogol kawruhira | mogol tan enak binukti ||
25. măngka sakabèhing kawruh | lamun mogol malarati | aluwung kang nora bisa | tan sumêdya kêdhak-kêdhik | barêng sire kumawignya | praptaning don balenjani ||
26. têmah karya cula-culu | wose amung nglalingsêmi | gantya amarnèng makripat | liring kang makripat yayi | uning roroning atunggal | kumpuling kawula Gusti ||
27. mênganing rasa tumlawung | kèksi ingkang agal rêmpit | kawêngku nèng wong makripat | tur sêmbah Radyan Satyaki | kadipundi arinira | wignyane gayuh kadadin ||
28. sagêde makripat ulun | măngka langkung mudha pingging | tar wruh dêdalaning gêsang | kang amrih marang kadadin | dhuh kakang mas nyuwun wêjang [wê...]
--- 39 ---
[...jang] | wijange sawiji-wiji ||
29. sang bagawan ngandika rum | tan susah sira mas yayi | kapati masuh sarira | andêrpati mati ragi | yogya anggayuha madya | suwe-suwe dadi bêcik ||
30. rèh sira satriya luhung | kudu wruh ing kramaniti | ing lair nêtêpi tata | tataning satriya luwih | gènnya sami olah praja | ing batin sira ywa lali ||
31. ana masa kalanipun | gonira amêsu budi | ngudi dadining parasdya | dêdalane dèn kawruhi | amêpêra păncadriya | liyêp layaping pangèksi ||
32. talining uripirèku | dèn sarèh wêtuning angin | rinarasa aringira | rosing rèh dipun pratitis | sumusup ing atmanira | ywa mundur panggodhèng eblis ||
8. Durma
1. tan wus lamun winuwus wosing surasa | gantya ingkang winarni | lampahing pra ditya | bajobarat samana | wus prapta ing Jodhipati | uning pra putra | prasami ginêm pikir ||
2. dhasar samya berag birai agama | sagone ting kalêsik | wau Jaramaya | kalawan Rinumaya | Si Papa Papasiyèki | sigra tumandang | masang kamayan sandi ||
3. wus tumanduk ngênani kang para putra | sanalika kuwalik | sapaningalira | Rahadèn Gathutkaca | ningali raka kaèksi | Dyan Ăntasena | dinalih ditya yêkti ||
4. Ăntasena ningali Dyan Gathutkaca [Ga...]
--- 40 ---
[...thutkaca] | ugi ditya kaèksi | wau kalihira | katgada parêng tandang | pêluk-mapêluk makangsi | udrêg-udrêgan | liru rok silih-ungkih ||
5. anarajang tinarajang katadhahan | caruk rok rukêt kalih | akakah-kinakah | sami prakosanira | awas tiyasane sami | pan kalihira | uwal arukêt malih ||
6. rusak ingkang pot-potan pating gulasah | dêdêr-dinêdêr sami | adugang-dinugang | parêng sami gumlimpang | gulungan gantya gumuling | nyakra gilingan | rame tan ana kasilip[18] ||
7. Radyan Ăngkawijaya lawan Irawan | ugi santun pangèksi | rame dènnya yuda | ing tyas samya kabranang | wit rumăngsa mungsuhnya wil | tan wruh yèn kadang | otêr sa-Jodhipati ||
8. sagon-ênggon rame samya păncakara | Radyan Satyaka tuwin | Radyan Păncawala | kasilip ing gon pisah | têbih lan pra kadang sami | santun paningal | wruh ditya ngiwi-iwi ||
9. mangsah krodha wau Rahadyan Satyaka | angamuk mobat-mabit | lir dirada mêta | nanging pangamukira | yêktine datan ngundhili | mungsuh seluman | anglir marwasa angin ||
10. kang upama anggadani wêwayangan | rusak pagêr capuri | banon ting balengkrah | kênèng pamupuhira | Satyaka Păncawalèki | datan panon rat | waringutên kêkalih ||
11. saya krodha
--- 41 ---
kalihe lir singa rodra | lir marwasa dityèki | sagone ingoyak- | oyak nora kacandhak | dangu dènnya salah dalih | sigra tumandang | ditya ing Găndamayi ||
12. anamakkên pusaka ran manikara | ingusapkên dyan kalih | wau kalihira | kênèng daya prabawa | prabawaning setan gondhil | asalah warna | warna rêca dyan kalih ||
13. kawarnaa wau Kyai Lurah Sêmar | nalikanya udani | Garèng Petruk uga | uninga para putra | salah ton anglir wong baring | anggung marwasa | kang kaparêk ing ngarsi ||
14. bêkah-bêkuh abêkik lir magut yuda | anggadani capuri | lir wong jawal enggal | ana kang păncakara | samya kadang liru silih | datan panon rat | katri akontrang-kantring ||
15. bilulungan sêdyanya pêksa angampah | nging tan wignya mardêki | riwuting pra putra | tan kêni pinêdhakan | dangu dera kontrang-kantring | tanpantuk daya | gènira paksa nyapih ||
16. dangu-dangu Sêmar èngêt ing wentehan | sumêdya tur udani | maring Sang Bagawan | Senarodra kang lagya | nèng sanggar langgatannèki | sigra lumajar | praptane mêmpis-mêmpis ||
17. pêgat-pêgat umatur sarwi karuna | dhuh dara wontên kardi | ingkang para putra | sami apăncakara | tan wontên darunanèki | sami brawala | rok silih rêbut pati [pa...]
--- 42 ---
[...ti] ||
18. wontên ingkang marwasa sagung wiwitan | gada banon capuri | solahe lir jawal | amupuh kang katingal | risak tataning capuri | kang para putra | jawalipun andadi ||
19. sang bagawan mirêng turing Lurah Sêmar | nyipta bêbaya prapti | kang godha rêncana | aris dènnya ngandika | mênênga kakang ywa nangis | tan dadi apa | iku panggodhèng eblis ||
20. ingkang dèrèng sumurup dinalih padha | ingaranan wong baring | măngka sayêktinya | kênèng godha rêncana | panggodhane setan gondhil | kang bajobarat | ditya ing Găndamayi ||
21. ngeca-eca andikane sang bagawan | praptane rêncanèki | margi sang bagawan | wruh salire ing tingkah | kridhaning rèh agal rêmpit | kang samar-samar | kawêngku sang maharsi ||
22. ing wusana aris dènira ngandika | payo yayi Satyaki | amêthuk drubiksa | kang paksa puwa-puwa | ngraridhu wong olah niti | matur sandika | wau Radèn Satyaki ||
23. kalihira mêdal sing sanggar langgatan | tumindak lawan aris | sapraptaning jaba | uning kang para putra | taksih rame ing ajurit | riwut tandangnya | waringutên prasami ||
24. wêlas mulat wau Risang Senarodra | matêk kadibyan luwih | sanalika sirna | kamayaning drubiksa | sapih ingkang magud jurit | èngêt wentehan | marêk amangênjali ||
--- 43 ---
25. dene ingkang salah warna rupa rêca | ingusapan tumuli | kang lisah muksala | waluya jati samya | pulih kadya wingi uni | pra bajobarat | mirut ing tyas sru tistis ||
26. sru makêtêr saking kasoran prabawa | galadrah anèng siti | tan bisa gulawat | sadaya asrah tobat | sêsambate angrêrintih | mung minta gêsang | supatane dharindhil ||
27. nora pisan arsa mindhonana karya | ngêmungna mung puniki | wau sang bagawan | aris kang pangandika | yèn sira nêdya basuki | wak ingsun datan | sikara ing sirèki ||
28. waluyaa saka tobatmu priyăngga | sakala sagunging wil | ditya bajobarat | waluya paripurna | satata tur sêmbah sami | dinangu sigra | dera praptanirèki ||
29. anèng Unggulpamênang têka gagodha | sagung kang olah niti | paran pamrihira | kapat parêng tur sêmbah | lamun kautus ing gusti | Bathari Durga | ngraridhu para siwi ||
30. mung supadi wuka kang samya kêmpalan | kang wèh gêdêring bumi | têmah karya sêmang | bok sami mukir marang | pangrèhing jawata luwih | risang bagawan | andikanira aris ||
31. kaya bênêr bajobarat karêpira | nging yêktine ing ngriki | nora lir pangira- | nira Bathari Durga | dêstun mung nêdya utami | urip nèng donya | mênangi jaman rungsid ||
32. lah samêngko sirèku
--- 44 ---
uning priyăngga | kaanane ing ngriki | tan na kara-kara | andhêku bajobarat | wusana tur sêmbah pamit | nulya linilan | mêsat mring awiyati ||
33. tan winarna undure wadya rêksasa | ingkang winarna malih | sira sang bagawan | lawan kang para putra | kang mêntas salah pangèksi | wus sami purna | pulih lir wingi uni ||
34. Sang Bagawan Senarodra angandika | anak-anakku sami | dèn padha prayitna | kalamun kênèng coba | godha rêncananing urip | dipun waspada | wekanana ywa lali ||
35. iki durung sapira têkaning coba | luwih ing wuri-wuri | mêngko karsaningwang | rèh ingsun bakal tămpa | nampani cobèng dewa di | kaya prayoga | nglumpuk mring praja sami ||
36. ing Ngamarta kumpul pra kadang sadaya | nadyan manggih bilai | pirabara benjang | antuk apuraning Hyang | yèn kumpul tan walangati | payo budhalan | marang Ngamarta nagri ||
37. para putra saur-manuk tur sandika | wus siyaga prasami | sigra abudhalan | kêbut sami sakala | datan kawarna ing margi | salampahira | mêgat marganing nagri ||
9. Mêgatruh
1. kawarnaa ingkang rinêngga ing kidung | nênggih Sang Hyang Surèngpati | jêjuluk Bathara Guru | nèng Jonggringslaka siniwi | lênggah singangsana kaot ||
2. pinatik ing nawa rêtna abra mancur | tumejangkara mranani | tuhu ratuning rat sagung |
--- 45 ---
pinangeran wong sabumi | ngadhaton rêtna nawa byor ||
3. ting galêbyar ting pancurat ting palancur | surêm soroting hyang rawi | têmahan kucêm mawêlu | tangèh yèn rinênggèng kawi | ing Jonggringlaka kinaot ||
4. duk sêmana lênggah siniwèng pra wadu | pêpak pra dewa pangarsi | kang kaparêk lênggahipun | Sang Hyang Naradha ing ngarsi | pamong pra dewa kinaot ||
5. pan mangkana Hyang Guru andikanipun | marma kakang kula piji | ing ngarsa pêkênirèku | arsa sun jak ginêm kawis | ing pawarta kang wus mêlok ||
6. ênggèh kakang ing ngarcapadèstu umung | wartane akarya tintrim | brata Senarodranipun | anggêlar kawruh kajatin | pangangson saking bang kulon ||
7. titah ulun ing ngarcapada sadarum | kèlu kapiluyu sami | mring Senarodra gêguru | tan ngidhêp ing jênêng mami | sadaya sami salah ton ||
8. maring Senarodra sungkêm sêmbahipun | tan bêkti maring dewa di | agolong sajuru-juru | sayuk iyêg barêng mati | lah kakang dipun waspaos ||
9. mring idhêping titah ngong pan kongsi limut | kalingan kawruhirèki | Senarodra karya rêtu | otêr ing sanungswa Jawi | marma yèn panujwèng batos ||
10. Senarodra sun kukut wit dosanipun | gènnya paksa kumawani | ngèdhêpkên sagunging
--- 46 ---
manus | nyênyami kuwasa mami | têmahan akarya keron ||
11. keroning tyas titah ngong satêmah suyut | kumpul asabaya pati | Hyang Naradha nêmbah matur | pukulun yayi Pramèsthi | ywa kaduk salah pangawroh ||
12. Senarodra botên makatên witipun | sêdyanya mêmulang bêcik | mring sagung titah pukulun | botên sêdya ika-iki | boya sêdya wèh pakewoh ||
13. amung lugu amijèni mêjang kawruh | kawruh kang amrih utami | amargi titah pukulun | kathah kang kirang mangêrti | lair batinipun cogo ||
14. tan uninga maring kridhaning aidhup | saengga wong tuwa tuli | tuman kajorong ing sirung | kacêmplung jro jurang trêbis | nurut jarunthul kemawon ||
15. mila sarêng wontên tiyang gêlar kawruh | saking bang kilèn utami | wruh saliring bênêr luput | gumrubyug tan sănggarunggi | wit rumaos tuk pitudoh ||
16. yèn pamanah amba ingkang manggih untung | pan inggih paduka yayi | katimbang ngêrèh tyang bingung | gampil ngêrèh tyang mangêrti | wruh bênêr sisip gumathok ||
17. èmêng ing tyas wau Sri Bathara Guru | jroning tyas kadi jinaid | wit sotaning tyas tanpa wus | Sang Senarodra dinalih | akarya sumlanging batos ||
18. angrêridhu têmah karya arubiru | yêkti sagêd makèwêdi | de titah
--- 47 ---
mirong sadarum | kuwasaning dewa tipis | Sang Sena karya pakewoh ||
19. lagya eca angrêraras rèh rosipun | kasaru praptanirèki | Sang Bathari Durga laju | dumrojog ngarsèng tur bêkti | sarwi karuna rawat loh ||
20. pêgat-pêgat aturira pêksa wadul | amadulakên mênawi | Senarodra nora urus | ing patrap nganyar-anyari | mirong mring dewa kinaot ||
21. waranane nênggih gènnya mulang muruk | anggêlar kawruh kajatin | gunging janma samya kèlu | supe ywan titah dewa di | ing lair têrus ing batos ||
22. kang ingidhêp mung Senarodra satuhu | botên pisan yèn tumolih | mring sanggyaning jawata gung | tiniti-titi sayêkti | cêtha Senarodra mirong ||
23. Sang Hyang Guru lir winungu dukanipun | wignyane Risang Bathari | karya doracara patut | sambang rapête amathis | abên manise gumathok ||
24. bisa mathuk lawan gothak-gathukipun | wusana Sang Hyang Pramèsthi | aris pangandikanipun | dhuh kakang Kanekarêsi | pandakwèngsun boya lidok ||
25. saksi mursid nênggih saking aturipun | Bathari Durga puniki | jêr iku cundaka luhung | ngêmong wong sanungswa Jawi | pantês kalamun kinaot ||
26. Senarodra pinulung wit dosanipun | lêpate sampun kaèksi | gènnya sampun kumapurun [ku...]
--- 48 ---
[...mapurun] | nyênyami kuwasa mami | Hyang Naradha turira lon ||
27. inggih lêrês yèn dhahara aturipun | titah pukulun bathari | wit punika pamongipun | manungswa satanah Jawi | wangsul pamong kang sawiyos ||
28. titah tuwan nênggih Padmanaba Prabu | pamong lan pangrêksèng bumi | dhasar titisipun Wisnu | dèrèng wontên tur udani | malah nèng ngriku angêmong ||
29. angêmong mring pra brata Pandhawanipun | yêkti botên angrojongi | marang tindak ingkang dudu | mila kalamun wak mami | yêktine dèrèng pitados ||
30 maring atur ingkang lagi anggaluyur | dèrèng pasthi lamun yêkti | nanging yèn karsa pukulun | nandukkên wasesa awit | kuwasa wèh ayu awon ||
31. lawan saking dêrênging karsa pukulun | sayêkti yèn langkung gampil | mulung mring titah pukulun | wangsul Senarodra yêkti | papêsthène dèrèng layon ||
32. lamun bangkang sintên ingkang kumapurun | anglawana ing prang tandhing | jêr Pandhawa janjinipun | saeka sabaya pati | pêjah juga kabèh layon ||
33. angandika malih Sang Bathara Guru | kadi ta botên mênawi | bangkanga parentah ingsun | aywa sumêlang ing galih | yogya kumambang kemawon ||
10. Maskumambang
1. mung samangke kakang Kaneka dèn aglis | dika timbalana | nênggih pun Yamadipati |
--- 49 ---
dewa dadya sudarsana ||
2. Hyang Kaneka sandika suwarèng wuri | apa ora ana | sebane Yamadipati | tinimbalan ana karya ||
3. tan antara sowane Yamadipati | ing ngarsa tur sêmbah | satata trapsilanèki | ngandika Hyang Jagadnata ||
4. marma sira sun timbali ana kardi | sirèku mudhuna | mring ngarcapada dèn kêni | mulunga Si Senarodra ||
5. atur sêmbah wau Sang Yamadipati | kawula tan wignya | mulunga nyawanirèki | mring titah pun Senarodra ||
6. awit dèrèng pinasthi dumugèng pati | kadipundi baya | gèn amba badhe nglampahi | Hyang Jagadnata ngandika ||
7. ywa pêpeka lah iki warananèki | kang rêtna dumilah | isi gambaring swarga di | karyanên mêthuk Si Sena ||
8. kaya lamun nora bakal mitambuhi | pinapak suwargan | karya sarana prayogi | Hyang Yamadipati nêmbah ||
9. yèn makatên ing karsa Sang Hyang Pramèsthi | kawula sandika | sadarmi amba nglampahi | atas saking karsa tuwan ||
10. samangkana sigra lèngsèr saking ngarsi | jêngkar kang sewaka | pra jawata bibar sami | mring kahyangan sowang-sowang ||
11. kawarnaa wau Sang Yamadipati | gyanira lumampah | jroning tyas gung sănggarunggi | ajrih yèn tan antuk karya ||
12. kapirangu lampahe samargi-margi | tan winarnèng marga | gantya kang pinurwèng [pinur...]
--- 50 ---
[...wèng] kawi | nênggih nagari Ngamarta ||
13. kalokèng rat kang jumênêng narapati | Prabu Darmaputra | ênggih Puntadewa Aji | nujwari miyos sewaka ||
14. ginarbêg ing manggung katanggung sarimpi | ngampil upacara | nèng kanan keringira ji | lenggah nèng bale kancana ||
15. kang pinatik hèr laut lawan hèr gêni | pêpak kang sewaka | pra kadang kadeyan sami | sumiwèng ngarsa tan têbah ||
16. Senarodra lan ari Radèn Pamadi | Nangkula Sadewa | nèng kanan keringira ji | andhèr ngarsa para putra ||
17. nadyan alit nênggih ing Ngamarta puri | kèringan ing mêngsah | tan ana praja lyan wani | ngarubiru mring Ngamarta ||
18. awit saking ajrih kotamaning aji | tyas mulus raharja | lila lêgawa ing ati | susilambêg paramarta ||
19. lêgawèng tyas têrus sagêtihe putih | gènnya madêg nata | nora arsa ika iki | sadarma mêngkoni praja ||
20. pikukuhing radya para kadang sami | papat samya priya | panênggak Sang Bimasiwi | gih Bagawan Senarodra ||
21. satriya gung susilambêk kramaniti | putus ing wêweka | wruh mobah osiking bumi | lêgawèng driya raharja ||
22. lugu nora darbe karsa kang muthakil | sabarang prasaja | têguh wantala yèn jurit | tan ana braja tumama ||
23. panêngahing Pandhawa Radèn Pamadi | bagus widigdaya [widi...]
--- 51 ---
[...gdaya] | lêlananging wong sabumi | yudane tan ana năngga ||
24. agal rêmpit tan kadi Radèn Pamadi | kaonang ing jana | tur kêkasihing dewa di | dadya jagoning jawata ||
25. jawata gung kêrêp minta sraya awit | Rahadyan Pamadya | tuhu hyang-hyanging sabumi | la-êlaning pramudita ||
26. ari kalih Nangkula Sadewa dadi | kanthining narendra | ngladosi karsaning aji | datansah nèng jroning pura ||
27. dèrèng ngantya imbal wacana sang aji | kasaru praptanya | ing raka Sri Harimurti | tundhuk rêrangkulan madya ||
28. dangu dènnya onêng-onêngan kêkalih | kasok tyas sutrêsna | de dangu datanpa panggih | samantara ingaturan ||
29. palênggahan ing wijoan palowani | wusnya tata lênggah | bagya-binagya agênti | sasampating pudya arja ||
30. Sri Ngamarta sigra aturira aris | dhuh kakang bathara | lami tan rawuh mariki | punapi dadya wigêna ||
31. Hyang Sang Sri Krêsna arum dènira mangsuli[19] | dhuh yayi narendra | mila lami datan prapti | tan wontên sakara-kara ||
32. amung parlu anata bêtahing nagri | rèh tinitah nata | wajib kêdah nyumêrêpi | nênggih bot repoting praja ||
33. dèrèng dugi anata bêtahing nagri | kasêsêsa tyas kula[20] | kêdah tuwi yayi aji | driyamba gung mêlang-mêlang ||
34. rangu-rangu rinaras saya [sa...]
--- 52 ---
[...ya] ngranuhi | rinasa karasa | awit yayi Jodhipati | gènnya gêlar kawruh tama ||
35. damêl orêg ebahing sanungswa Jawi | kayungyun sadaya | suyut yayi Jodhipati | tan kêni yèn sinapiha ||
36. kang makatên punika punapa yayi | lêpat yayi Sena | gyannya gêlar kawruh jati | kadi botên yèn lêpata ||
37. nanging kados wontên ingkang salah kardi | mrih wurunging sêdya | panggayuh marang kadadin | tan lyan mung dipun prayitna ||
38. botên kenging ginagampil bab puniki | babagan punika | Sri Krêsna sarwi angliring | mring ari Sang Senarodra ||
39. ris ngandika ing ari sang mindha rêsi | dhuh yayi dèn bisa | pungguh panggaha tyasnèki | jêr kawruhira utama ||
40. tan nalingsir marang rèhing silastuti | tataning manungswa | kang sayogya dèn takoni | anèng jaman ewuh aya ||
41. Senarodra aris dènira mangsuli | iya kakang Krêsna | tèkadku ingsun andhêmi | praptèng pati tan suminggah ||
42. puluh-puluh lamun ingaranan sisip | nging sêdyaku ora | tilar rèhing jawata di | priye gon ingsun suminggah ||
43. eca gènnya ginêm sidaning kadadin | kasaru praptanya | nênggih Sang Yamadipati | dumrojog sing antariksa ||
44 nata kalih gurawalan angurmati | ingacaran lênggah | nèng wijoan palowani [pa...]
--- 53 ---
[...lowani] | kumrubut parêng anêmbah ||
45. mring jawata ingkang lagya nêmbe prapti | wusing paripurna | wangsul lênggahira sami | sinambrama rawuhira ||
46. ing pambagya maring wau nata kalih | wus ingkang pujyarja | Hyang Yama ngandika aris | hèh prabu prapta manira ||
47. anèng kene ingutus Sang Hyang Pramèsthi | maringkên pujyarja | pangèstune Hyang Pramèsthi | praptaa mring sira nata ||
48. kapindhone wak ingsun kinèn dhawuhi | marang arinira | Senarodra awit saking | arimu anandhang dosa ||
49. dêdukane anênggih Sang Hyang Pramèsthi | kaluputan marga | anggonira kumawani | nyênyami maring bathara ||
50. angidhêpkên sagung wong sanungswa Jawi | kang padha pruwita | mring arimu Jodhipati | tur sêmbah sri naranata ||
51. lah sumăngga dhawuhna saparlunèki | dhatêng yayi Sena- | rodra sampun wontên ngarsi | kadipundi aturira ||
52. Sang Hyang Yama ngandika mring Bayusiwi | kaki Senarodra | sun ngêmban timbalannèki | Hyang Guru kang marang sira ||
53. ing samêngko sirèku dipun timbali | mring Jonggringsalaka | kaluputanira awit | gonmu mirong ngampuh jingga ||
54. wanuh wani nyênyami kuwasanèki | Hyang Jagadpratingkah | paran aturira kaki | sandika apa mopoa ||
55. awak ingsun sadarma lumaku kaki | enggal [eng...]
--- 54 ---
[...gal] umatura | Senarodra turira ris | payo kaki lêkasana ||
56. gyanmu arsa mulung marang awak mami | aywa nganggo taha | Hyang Yama aris mangsuli | tan mangkono kaki Sena ||
57. karsaning Hyang sira pinapak kamuktin | kang rêtna dumilah | isi gambaran swarga di | lah mara age mlêbua ||
58. yèn wus manjing tan ngrasa warêg lan ngêlih | arip lêsu lupa | tan ngrasa sawiji-wiji | mung nikmat lawan manpangat ||
59. Senarodra jroning tyas kadi jinaid | panglocitaning tyas | mangkene karsèng Hyang Luwih | nora nganggo parikrama ||
60. amung manut dêrênging tyas kang tan yukti | anganggo wasesa | kuwasa kinarya bindi | dhuh jagad dewa bathara ||
61. kaya nora ulap lêlakon puniki | awakku sadarma | manut rèhing jawata di | ing benjang kadi punapa ||
62. dene ana dewa murang kramaniti | ngarubiru marang | tindak utamaning urip | sawusira anglocita ||
63. Senarodra sigra dènira umanjing | mring rêtna dumilah | kang isi gambar swarga di | sukèng tyas nèng jroning rêtna ||
64. kawarnaa wau Sri Ngamarta Aji | uning arinira | wus manjing rêtna di luwih | sigra dènnya atur sêmbah ||
65. dhuh pukulun amba kalilana inggih | tumut manjing rêtna | kang isi gambar swarga di | awit jangjining Pandhawa ||
66. pêjah juga sadaya milya ngêmasi |
--- 55 ---
wau Sang Hyang Yama- | dipati ngandika aris | mung rinta kang tinimbalan ||
67. ingsun ora kinon nimbali sirèki | prayogane aja | milu ingkang dosa kaki | lah prabu sira karia ||
68. Sri Ngamarta nêmbah sigra matur malih | kalamun paduka | tan arsa ulun tumuti | pun Sena amba tan suka ||
69. binêktaa mring Ngendrabawananèki | èmêng tyas Hyang Yama | binudi-budi tan dadi | wusana pêpuntoning tyas ||
70. tinurutan pamintanira sang aji | katimbang wangsula | ngalênthung tan antuk kardi | Hyang Yama aris ngandika ||
71. [...][21] | lah mara manjinga | mring rêtna dumilah luwih | sigra Prabu Puntadewa ||
72. manjing marang sajroning rêtna di luwih | wau Dyan Pamadya | lawan arinira kalih | Nangkula lawan Sadewa ||
73. ugi botên purun kantuna ri katri | dadya Sang Hyang Yama | nuruti pamintanèki | kasmaran manjing jro rêtna ||
1 | Pada bait pertama terdapat sandiasma: Radèn Mas Suwandi Surakarta. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: katunan ing silarju. (kembali) |
3 | Tanggal: Budha (Rêbo) Kliwon nawa likur (29) Dulkijah (Dulkangidah) Je: rasa catur kasarirèng tunggal (AJ 1846). Tanggal Masehi: Rabu 27 September 1916. (kembali) |
4 | panjang-punjung. (kembali) |
5 | Kurang Satu Suku Kata: ing jagad aywana anyami. (kembali) |
6 | jagad. (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata: pangadilan ingkang adil. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: rantas rarasing wardaya. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: ingkang parêk ngarsèng Hyang Bathari. (kembali) |
10 | Kurang dua suku kata: lamun sirnane iku pan sami. (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata: enggaling carita lampahira uwus. (kembali) |
12 | Lebih satu suku kata: ingkang mangkonèku kakang. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: yèn tan wruh liring pakewuh. (kembali) |
14 | gimbal (dan di tempat lain). (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: wus awujud Sri Prabu Harimurti. (kembali) |
16 | Lurah. (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata: mulane kalamun muwus. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata: rame tan na kasilip. (kembali) |
19 | Lebih satu suku kata: Sang Sri Krêsna arum dènira mangsuli. (kembali) |
20 | Lebih satu suku kata: kasêsa tyas kula. (kembali) |
21 | Kurang satu baris: 12i. (kembali) |