Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39)

Judul
Sambungan
1. Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39–80). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

f. 0.40

RAMA

INGKANG ANJARWAKAKÊN R.Ng. KARTAPRADJA

BALE PUSTAKA

BATAVIA-C.

--- [1] ---

Serie No. 1256.

RAMA

INGKANG ANJARWAKAKÊN R.Ng. KARTAPRADJA

BALE PUSTAKA

BATAVIA-CENTRUM. 1937

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut Anggêr ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600

--- [3] ---

BÊBUKA.

Ingkang sagêd mastani utawi ngraosakên manawi Sêrat: Rama punika sae, punika inggih namung tiyang ingkang sagêd maos sêrat wau, ngrêtos dhatêng basanipun utawi ngrêtos dhatêng sêkaripun.

Tumrap jaman samangke tiyang ingkang ngrêtos kados makatên wau nama langka, saya malih ngèngêti kirang sumêbaring cariyos wau. Mila inggih botên anggumunakên manawi dèrèng badhe ambikak Sêrat Rama punika kenging dipun wastani botên wontên.

Bale Pustaka ngêdalakên Sêrat Rama gancaran, têtilaranipun R.Ng. Kartapradja, guru basa Jawi ing pamulangan calon guru ing Surakarta jaman kina, ingkang lajêng kaêcapakên dhatêng tuwan C.F. Winter, punika inggih mêngku kajêng kêkalih:

1. nyumêrêpakên tiyang kathah dhatêng isinipun Sêrat Rama;

2. awit saking sumêrêp wau lajêng tuwuha kêpenginipun maos sêratipun ingkang baku. Ugi kawêdalakên Bale Pustaka, serie No. 696a saha 696b, rêgi f 2,20.

Mugi-mugi kajêngipun Bale Pustaka ingkang kados makatên wau angsala pambiyantunipun para sêpuh, karsaa mêmengin dhatêng para neneman ingkang sampun wanci, samangsa mrangguli lêlampahan utawi cêcriyosan ingkang wontênipun ing sêratipun baku kaandharakên ngantos sae, mangka wontênipun ing gancaran namung kacêkak, lajêng ngandikaa makatên:

"Wah lah kuwi ana ing layange baku critane bêcik bangêt, mangkene ..."

Sarana lampah makatên, para neneman botên namung badhe wêwah sêsêrêpanipun ing bab cariyos kemawon, nanging ugi badhe tuwuh dêrêngipun marsudi dhatêng basanipun piyambak.

Mugi kabula

BALE PUSTAKA.

--- [4] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 1 dari 16
Ing nagari Ngayodya wontên ingkang jumênêng ratu, ajêjuluk Dhasarata ...

--- [5] ---

1. LAIRIPUN RAMA SASÊDHÈRÈK.

Ing nagari Ngayodya wontên ingkang jumênêng ratu, ajêjuluk Dhasarata, sudibya saha mungkul dhatêng ing agami, putus dhatêng ing sastra, tuwin dhatêng sawarnining kawruh, asih dhatêng para abdinipun, ingkang tan pêgat asring kaganjar. Wondening ingkang kagalih amung isarat, ingkang kenging andadosakên karaharjaning nagarinipun.

Sang nata kagungan garwa têtiga, anama Dèwi Ragu utawi Sukasalya, kalih Dèwi Sumitra, tiga Dèwi Kekayi.

Prabu Dhasarata botên kagungan putra, saha sangêt kapenginipun apêputra kakung, ingkang katitisan ing Bathara Wisnu. Lajêng animbali pandhita satunggal, anama Bagawan Wasistha, kakarsakakên ambudi isarat kasêmbadaning puji sagêdipun apêputra kakung.

Pamrayoginipun Bagawan Wasistha sang nata asidhêkaha dhumatêng para dewa, inggih punika ingkang minangka isarat kadugèning karsanipun sang prabu. Pirêmbagipun Bagawan Wasistha makatên wau lajêng linampahan.

Lami-lami garwa têtiga wau sami ambobot. Ingkang ambabar rumiyin Dèwi Sukasalya, miyos kakung, kaparingan nama Rama. Anuntên Dèwi Kekayi ambabar kakung, kaparingan nama Brata. Lajêng Dèwi Sumitra apêputra kakung, kaparingan nama Laksmana. Botên antawis lami Dèwi Sumitra wau ambabar malih kakung, kaparingan nama Satrugna.

Rajaputra sakawan wau sasampuning diwasa, lajêng kapasrahakên dhumatêng Bagawan Wasistha, supados kawulanga ing sawarnining kawruh, saha kadigdayan tuwin lampah-lampahing pêrang. Sarêng sampun sami putus dhatêng ngèlmi ingkang winulangakên sadaya, lajêng kabêkta kondur dhumatêng kadhatonipun ingkang rama. Wontên ing ngriku putra sakawan wau komuk ing kawignyan saha kadigdayanipun.

2. RAMA KASARAYA ING PANDHITA, NGANTOS DHAUP KALIHAN DÈWI SINTA.

Kacariyos wontên êmpuning para pandhita, anama Bagawan Yogiswara, akalihan Bagawan Mitra. Sami sowan anyuwun pitulung [pi...]

--- [6] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 2 dari 16
Anuntên sakathahing danawa ingkang angrêsahi pratapan, sami tumpês dening Satriya Rama

--- 7 ---

[...tulung] dhumatêng Prabu Dhasarata, amargi pratapanipun karêsahan ing danawa, balanipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka. Panyuwunipun pandhita kêkalih wau, putranipun sang nata ingkang nama Rama kaparingna, supados anyirnakna sawarnining danawa ingkang angrêsahi wau.

Ing ngajêng sang nata botên parêng, awit putranipun kagalih taksih katimurên, dèrèng kuwawi amêngsah danawa. Ananging sarêng pandhita kêkalih wau anyêrêpakên ing wajibing ratu, amitulungi ing kasusahan, sang prabu lajêng parêng, putranipun ingkang nama Rama kabêktakakên dhatêng pandhita kêkalih wau; Radèn Laksmana tumut dhatêng ingkang raka.

Sadhatêngipun ing rêdi pratapanipun sang pandhita kêkalih wau, sakathahing pandhita ingkang adhêdhêpok wontên ing ngriku sami suka bingah, sarta amulang ing sawarnining ngèlmi dibya dhumatêng Rama akalihan Laksmana, punapadene sami anyaosi jêmparing. Anuntên sakathahing danawa ingkang angrêsahi pratapan, sami katumpês dening rajaputra kêkalih. Namung satunggil anama Marica ingkang botên pêjah, katut kabêkta ing jêmparing bajra, dhawah wontên pinggiring sagantên.

Ing samangke sampun sirna rêribêdipun para pandhita ingkang adhêdhepok wontên ing rêdi wau.

Sasirnanipun danawa ingkang sami angrêsahi pratapan, para pandhita amirêmbagi dhumatêng Rama, kapurih lumampaha dhumatêng nagari ing Mantili, ingkang dipun ratoni dhumatêng Prabu Janaka. Punika kagungan putra èstri satunggil, ayu tanpa sisihan, anama Dèwi Sinta. Sampun kathah para ratu tuwin para satriya ingkang sami nglamar, nanging Dèwi Sinta anampik. Ewadèntên sang dèwi karsa ugi akrama, manawi wontên ingkang kuwawi amênthang gandhewa wasiyat saking Sanghyang Girinata, ingkang dumunung wontên ing kadhatonipun ingkang rama. Inggih ugi sampun kathah para ratu tuwin para satriya, ingkang angayoni badhe amênthang gandhewa wau, ananging botên wontên ingkang kuwawi.

Mila Rama kapurih dhumatênga ing Mantili, awit kagalih kuwawi amênthang gandhewa wau, sarta badhe anggarwa Dèwi Sinta. Rama angèstokakên pitêdahipun para pandhita, lajêng lumampah dhatêng nagari Mantili akalihan ingkang rayi Radèn Laksmana.

--- [8] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 3 dari 16
Sasampunipun Prabu Janaka sumêrêp ...

--- 9 ---

Sadhatêngipun ing Mantili, tumuntên kauningan ing Sang Prabu Janaka, yèn wontên tiyang kêkalih dhatêng, badhe angayoni mênthang gandhewa dibya.

Sarêng satriya kêkalih sampun sami kasowanakên ing ngarsanipun Prabu Janaka, sang nata lajêng amaringakên gandhewa dibya dhumatêng Rama. Gandhewa pinênthang dhumatêng Rama lajêng tikêl, andadosakên gumunipun ingkang sami aningali sadaya.

Sasampuning Prabu Janaka sumêrêp, yèn Rama akalihan Laksmana sami putranipun Prabu Dhasarata ing Ngayodya, enggal anglampahakên utusan dhumatêng ing Ngayodya, angaturi Prabu Dhasarata, supados anjênêngana pikramènipun Rama angsal Dèwi Sinta.

Prabu Dhasarata lajêng bidhal dhatêng Mantili.

Sarêng Rama sampun kadhaupakên akalihan Dèwi Sinta, Prabu Dhasarata pamit dhumatêng Prabu Janaka, kondur dhumatêng ing Ngayodya. Putra sakalihan saha putra mantu sami andhèrèk.

3. WANGSUL DHATÊNG NGAYODYA NGANTOS KESAH MALIH DUMUGI ING RÊDI DHANDHAKA.

Anuntên wontên pandhita agêng inggil mêdal saking wana, anama Bagawan Jamadagni utawi Ramabargawa, ambêkta gandhewa satunggil, agêngipun sauwiting tal. Amurugi dhumatêng Rama, kapurih amênthanga gandhewanipun wau. Yèn Rama kuwawi amênthang, Bagawan Jamadagni narimah yèn kawastanan kawon dening Rama; bilih botên kuwawi amênthang, Rama narimaha kawastanan kasoran dening sang pandhita.

Gandhewa katampèn dhumatêng Rama, kapênthang lajêng tikêl, andadosakên kagèt saha eramipun sang pandhita. Anuntên Bagawan Jamadagni sumêngka pangawak braja, anunggil para dewa ing Suralaya.

Prabu Dhasarata andumugèkakên lampah, rawuh ing nagari Ngayodya.

Prabu Dhasarata lajêng kagungan karsa, badhe asèlèh kaprabon dhumatêng putranipun ingkang nama Rama. Kasupèn yèn ingkang wau sampun aprajangji dhumatêng Dèwi Kekayi, sadèrèngipun kagarwa. Prajangjinipun: manawi Dèwi Kekayi apêputra kakung [ka...]

--- [10] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 4 dari 16
... Bagawan Jamadagni utawi Ramabargawa ambêkta gandhewa satunggil, ...

--- 11 ---

[...kung] akalihan sang nata, punika ingkang badhe kagêntosakên dados ratu.

Sarêng Rama sampun kajumênêngakên ratu, Dèwi Kekayi angundhat-undhat saha anagih prajangji dhumatêng sang nata, anyuwun pangangkatipun Radèn Brata angasta kaprabon ing Ngayodya, saha nyuwun kesahipun Rama saking nagari.

Prabu Dhasarata sangêt prihatos ing galih, amidhangêtakên aturipun ingkang garwa wau; ewadèntên inggih anuruti panyuwunipun.

Radèn Brata kajumênêngakên ratu, Rama kadhawahan kesah saking nagari. Sang nata saking sêkêling galih, adalêm wontên patamananipun ing kadhaton.

Rama angèstokakên dhawahipun ingkang rama, lajêng kesah saking nagari akalihan ingkang garwa, Radèn Laksmana andhèrèk. Lampahipun anjujug ing wana agêng; para abdi ing Ngayodya kathah ingkang sami andhèrèk. Dumugi ing dalu sami lêrêb wontên ing wana. Sarêng lingsir dalu sarta para abdi ingkang andhèrèk wau sampun sami tilêm sadaya, Rama lolos saking wana akalihan Dèwi Sinta punapadene Radèn Laksmana.

Sarêng enjing para abdi sami angupadosi, ananging botên pinanggih. Lajêng sami wangsul dhatêng ing nagari.

Prabu Dhasarata ing sakesahipun ingkang putra, botên kuwawi anandhang prihatosing galih, lajêng seda.

Sasampuning layon karêsikan saha kabêsmi, Radèn Brata ngundhat-undhat dhumatêng ingkang ibu, awit dados jalaraning sedanipun ingkang rama.

Radèn Brata botên karsa jumênêng ratu, lajêng tindak dhumatêng wana sumêdya angupadosi ingkang raka, badhe kaaturan jumênêng ratu. Sarêng srêngenge sêrap, lampahipun dumugi ing pratapanipun pandhita satunggil. Wontên ing ngriku nyare sadalu, sarta amundhut pitêdah dhatêng sang pandhita, mênggah panggenanipun ingkang raka.

Atur wangsulanipun sang tapa: Yèn Rama wontên ing rêdi Kutharunggu, apuruhita dhatêng pandhita linuwih.

Enjing Radèn Brata mangkat saking pratapan, anjujug rêdi Kutharunggu, kapanggih kalihan ingkang raka. Sasampuning amratelakakên bab sedaning rama, ingkang raka lajêng kaaturan

--- [12] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 5 dari 16
... Radèn Laksmana, sami têdhak saking rêdi ing Kutharunggu ...

--- 13 ---

kondur, sarta jumênêng ratu wontên nagari ing Ngayodya. Nanging Rama anampik aturing rayi, malah ingkang rayi kapurih kondura, sarta angastaa kaprabon.

Radèn Brata ajrih mopo ing rèhipun sadhèrèk sêpuh. Sarêng sampun kawulang dhumatêng Rama pratikêlipun jumênêng ratu, Radèn Brata lajêng kondur dhumatêng nagari ing Ngayodya, saha angasta kaprabon.

Sakonduripun Radèn Brata, Rama akalihan ingkang garwa, tuwin Radèn Laksmana, sami têdhak saking rêdi ing Kutharunggu, sumêdya dhatêng rêdi Dhandhaka. Wontên ing margi kapêthuk akalihan danawa agêng, anama Wiradha, panunggilaning balanipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka. Damêlipun asring amêmêjahi, punapadene angaru biru dhumatêng para pandhita. Pun Wiradha wau lajêng dipun pêjahi dhumatêng Rama.

Rama andumugèkakên lampah, angampiri pratapaning pandhita satunggil, anama Bagawan Yoga. Sang Bagawan Yoga wau anggènipun tapa alit mila, ingkang tinêdha ing tapa, icala sakathahing lampah rêsah, ingkang saking pandamêlipun Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, ingkang adamêl kasusahanipun ing sabumi.

Bagawan Yoga wau amêthuk rawuhipun Rama, sarta agadhah pitêdah, Rama kapurih dhumatênga ing dhepokipun pandhita, ingkang anama Sutiksna. Sasampuning amituturi, Bagawan Yoga lajêng obong.

Rama sakalangkung ngungun aningali sang pandhita obong. Tumuntên andumugèkakên lampah. Kèndêl wontên ing dhepokipun Sang Pandhita Sutiksna. Wontên ing ngriku anggêguru ngèlmi ngantos lami. Sarêng sampun anyakêp sakathahipun ingkang winulangakên, Rama lajêng pamit dhatêng sang pandhita, alumampah malih. Anggêr wontên pratapan dipun kèndêli.

Sasampuning apuruita dhatêng para pandhita ingkang sami tapa, lajêng andumugèkakên lampah. Wusana rawuh ing rêdi Dhandhaka, andadosakên suka bingahipun para pandhita ingkang sami tapa wontên ing rêdi Dhandhaka wau, amargi pratapanipun asring dipun rêsahi ing danawa. Anamtokakên yèn rajaputra kêkalih sagêd anyirnakakên rêribêdipun.

--- [14] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 6 dari 16
Sarpakanaka kasmaran dhatêng ...

--- 15 ---

4. DÈWI SINTA KADHUSTHA ING PRABU DASAMUKA.

Kacariyos wontên danawa èstri, sadhèrèkipun ênèm Prabu Dasamuka ing Ngalêngka, awasta Sarpakanaka. Punika kautus dhumatêng ing rêdi wau, amariksani rêdi ing Dhandhaka. Sadumuginipun ing rêdi wau, aningali Rama akalihan ingkang garwa, punapadene Laksmana. Sarpakanaka kasmaran dhatêng Laksmana, lajêng amalih warni èstri ayu, supados karêmênana. Ananging Laksmana anampik. Sarpakanaka kapurih sowana dhumatêng Rama, inggih ugi linampahan. Nanging Rama inggih anampik. Sarpakanaka tumuntên wangsul dhatêng panggenanipun Laksmana, sarta anggêgodha, angangkah dipun rêmênana. Laksmana duka salêbêting galih, lajêng anyandhak irungipun Sarpakanaka, pinuntir, pêgat. Sarpakanaka ngêrik sarta nangis, lajêng mumbul asêsumbar, badhe pratela dhumatêng ingkang jalêr danawa kêkalih, awasta Trimurda akalihan Karadusana.

Danawa kêkalih wau sarêng dipun wartosi dhatêng Sarpakanaka, yèn sinikara dhatêng Laksmana, lajêng sami mangkat dhatêng rêdi Dhandhaka, angirid bala danawa kathahipun salêksa. Sadhatêngipun ing Dhandhaka, sakathahing danawa wau tumpês dening Rama akalihan Laksmana.

Sasirnanipun danawa wau sadaya, Sarpakanaka lumampah dhumatêng nagari ing Ngalêngka, badhe angunjuki uninga dhumatêng ingkang raka, ingkang ajêjuluk Dasamuka utawi Rawana.

Prabu Dasamuka wau putranipun Bagawan Wisrawa. Sadhèrèkipun têtiga, kakung kêkalih, èstri satunggil. Ingkang kakung anama Kumbakarna, akalihan Wibisana, ingkang èstri Sarpakanaka wau. Kumbakarna akalihan Sarpakanaka sami awarni danawa, Wibisana awarni manungsa.

Sarpakanaka sadhatênge ing ngarsanipun ingkang raka, lajêng apratela bab tumpêsing bala danawa dening Rama saha Laksmana, punapa dening anggènipun karisak sipatipun dening Laksmana. Sarta anyariyosi, yèn Rama kagungan garwa ayu tanpa timbang, pantês kagarwaa dhumatêng Prabu Dasamuka.

Prabu Dasamuka sakalangkung duka amidhangêtakên pratelanipun ingkang rayi. Sasampuning anyakecani manahipun ingkang rayi, lajêng tindak dhumatêng rêdi ing Dhandhaka, sumêdya

--- [16] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 7 dari 16
Marica ingkang mindha warni kidang ...

--- 17 ---

malês dhumatêng Rama. Wontên ing margi angampiri dhangkaning abdinipun danawa, ingkang nama Marica. Sarêng sampun anyêrêpakên ingkang dados karsanipun. Marica kadhawahan andhèrèk.

Marica sangêt mambêng ing karsanipun Prabu Dasamuka, sarta angaturakên cariyos bab kadigdayanipun Rama akalihan Laksmana.

Aturipun Marica botên kadhahar, malah andadosakên dukanipun. Marica badhe kapêjahan, enggal anyungkêmi padanipun sang nata, rumojong ing sakarsa, saha sagah amalih warni kidang ingkang awulu êmas; badhe anglêlèdhèk dhumatêng Rama akalihan Laksmana, kapurih kesah saking panggenanipun dêdunung, supados Dèwi Sinta kantuna piyambak, saha kenginga kadhustha dhumatêng sang nata.

Prabu Dasamuka mirêng aturipun Marica makatên wau, lajêng tindak dhumatêng ing Dhandhaka, Marica andhèrèk awarni kidang.

Sarawuhipun ing Dhandhaka Prabu Dasamuka ampingan kajêng agêng, Marica ingkang amindha warni kidang galibêdan cakêt ing dhepokipun Rama. Dèwi Sinta aningali, sangêt kayungyunipun dhatêng kidang wau. Ingkang raka lajêng dipun aturi nyêpêng.

Rama anuruti, Laksmana katilar wontên ing dhepok, arumêksa Dèwi Sinta. Kidang kaêtutakên lampahipun angantos têbih, tansah angoncati kemawon. Dangu-dangu andadosakên panasing galihipun Rama, lajêng dipun lêpasi jêmparing kenging.

Ungêling kidang kalanipun kenging ing jêmparing, pamirêngipun Dèwi Sinta kados Rama asêsambat nêdha tulung dhatêng Laksmana. Laksmana lajêng kapurih anulungana. Ananging botên purun, awit sumêrêp yèn ungêling kidang ingkang kenging ing jêmparing.

Pamoponipun Laksmana andadosakên rêngating galihipun Dèwi Sinta, ngantos kawiyos pangandikanipun gangsul dhumatêng Laksmana, dados kapêksa kesah anusul ingkang raka.

Sakesahipun Laksmana, Dasamuka amindha-mindha ajar, amurugi Dèwi Sinta, kacêpêng lajêng kabêkta mumbul.

--- [18] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 8 dari 16
Sasampuning têlas cariyosipun, Jathayu lajêng pêjah

--- 19 ---

Prabu Dhasarata kagungan sadhèrèkan ratuning pêksi, anama Jathayu. Punika mirêng pamuwun saha pasambatipun Dèwi Sinta wontên ing ngawang-awang, lajêng anututi sumêdya atêtulung. Kapanggih kalihan Dasamuka ngantos apancakara, ananging Jathayu kawon.

Dèwi Sinta siyos kabêkta dhatêng Prabu Dasamuka. Dumugi nagari Ngalêngka, kadumunungakên wontên ing patamanan salêbêting kadhaton, ananging Dèwi Sinta sangêt ewanipun dhumatêng Prabu Dasamuka.

Sawangsulipun Rama ambêkta kidang ingkang sampun pêjah kajêmparing wau, kapêthuk akalihan Laksmana, dipun dangu sababipun anusul.

Laksmana amangsuli ingkang dados pandangu. Anuntên Rama kondur dhatêng padhepokanipun. Dèwi Sinta pinanggih botên wontên. Sangêt andadosakên rêdatosing galihipun Rama, lajêng angupadosi, ananging botên pikantuk lari.

Sadangunipun analasah kalihan Laksmana, Rama aningali pêksi agêng kados rêdi, ngandhuruk wontên ing siti, suwiwinipun ical sasisih. Inggih punika Jathayu ingkang kawon pêrang kalihan Prabu Dasamuka.

Panggalihipun Rama, inggih pêksi punika ingkang andhustha Dèwi Sinta, lajêng badhe dipun lêpasi jêmparing. Jathayu sarêng sumêrêp yèn badhe dipun jêmparing, enggal matur dhumatêng Rama, analarakên sakathahing lampah, kalanipun tanglêd akalihan Dasamuka, saking anggènipun badhe angrêbat Dèwi Sinta. Sasampuning têlas cariyosipun, Jathayu lajêng pêjah.

Rama agêng panarimahing galih dhumatêng Jathayu, amargi saking mantêpipun amêmitran kalihan Prabu Dhasarata, ngantos awadal umuripun, saking anggènipun sumêdya angrêbat Dèwi Sinta. Bathanging pêksi lajêng saèni saha kabêsmi.

5. RAMA ANGSAL PAMBANTU RATUNING KÊTHÈK SUGRIWA.

Sasampuning ambêsmi bathanging pêksi wau, Rama akalihan Laksmana lumampah malih, aningali danawa tanganipun panjang, anama Dirgabau. Rajaputra kêkalih lajêng angunus curiga, tanganing danawa tinigas tugêl.

Danawa wau lajêng malih warni bagus, cahyanipun kados

--- [20] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 9 dari 16
Prabu Sugriwa angsal sasmitaning dewa ...

--- 21 ---

srêngenge. Acariyos dhatêng Rama, yèn waunipun dewa, anama Bathara Sri. Mila warni danawa, awit anglangkahi wêwayanganipun Bathara Guru.

Bathara Sri lajêng anyêrêpakên dhatêng Rama, yèn Dèwi Sinta kadhustha dhatêng Dasamuka ratu ing Ngalêngka, sarta ing têmbe Rama badhe kapanggih malih kalihan ingkang garwa. Kalih dening malih Rama kapurih atêtulunga dhumatêng ratuning kêthèk, anama Sugriwa, ingkang akadhaton ing Guwa Kiskêndha. Punika sawêg pêrangan kalihan sadhèrèkipun sêpuh, anama Subali, amargi bojonipun kapêndhêt dhatêng sadhèrèk sêpuh wau. Wondening Sugriwa ing têmbe badhe dados kondhangipun Rama, sarta badhe amalês sae.

Bathara Sri sasampuning ngandika makatên lajêng musna. Rama akalihan Laksmana andumugèkakên lampah, badhe angupadosi Dèwi Sinta. Amanggih pratapan satunggil, ingkang tapa wontên ing ngriku pêksi, anama Suwari Brangti.

Suwari Brangti wau sayêktosipun dewa, mila awarni pêksi, amargi kasiku ing Bathara Guru. Anuntên Rama angwaluyakakên warninipun ingkang sajati. Sasampuning waluya, Suwari Brangti apitutur dhumatêng Rama, kados pituturipun Bathara Sri, ingkang sampun kasêbut ing ngajêng wau, musna minggah dhumatêng Suralaya.

Anuntên Rama kalihah Laksmana lumampah malih, kèndêl wontên ing rêdi Rêksamuka.

Ratuning kêthèk anama Sugriwa, ingkang sampun kacariyos ing ngajêng wau, sarèhning kawon pêrangipun akalihan sadhèrèkipun sêpuh, jêngkar saking nagari, dêdunung wontên ing wana. Para bupati tuwin balanipun sami andhèrèk.

Mênggah namaning para bupati wau punika: Endrajanu, Balisata, Krêdana, Gandamadana, Susenawinata, Wisangkatha, Puthaksi, Anala, Gawaksa, Arimenda, Druwenda, Wrêksaba, Saraba, Danurdara, Darimuka, Sampati, Keswari, Drugama, Bimamuka.

Ingkang dados pinisêpuhing bupati anama Anila, Kapi Jêmbawan, saha kapenakanipun sang prabu awasta Anoman, inggih nama Ramadayapati utawi Bayusuta.

Anoman wau putranipun Dèwi Anjani, warninipun pêthak. Prabu Sugriwa angsal sasmitaning dewa, kapurih anêdhaa pitulung [pi...]

--- [22] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 10 dari 16
Subali amêdali, lajêng pancakara ...

--- 23 ---

[...tulung] dhumatêng Rama kalihan Laksmana, ingkang dêdunung wontên ing rêdi Rêksamuka, inggih punika ingkang sagêd nyirnakakên prihatosipun.

Prabu Sugriwa lajêng angutus kapenakanipun, ingkang anama Anoman, kapurih sowana saha angaturana Rama akalihan Laksmana dhumatêng pasanggrahanipun sang prabu.

Anoman lajêng lumampah, kapanggih akalihan rajaputra kêkalih, saha mratelakakên prêluning dhatêngipun. Rama parêng dipun aturi, lajêng tumut ing salampahipun Anoman. Kapanggih kalihan Prabu Sugriwa.

Prabu Sugriwa anuntên nyariyosi dhumatêng Rama, nalar anggènipun mêmêngsahan kalihan sadhèrèkipun sêpuh, ingkang nama Subali. Saha anyuwun pitulung dhumatêng Rama, amargi kawon pêrangipun. Rama sagah amitulungi, lajêng manjing mitra akalihan Prabu Sugriwa.

Anuntên Prabu Sugriwa akalihan Rama tuwin Laksmana bidhal dhatêng nagari Guwa Kiskêndha. Sakathahing bala kêthèk sami andhèrèk.

Sadhatêngipun ing Guwa Kiskêndha, Sugriwa lajêng anyumbari ingkang raka, kapurih mêdala, saha angabêna kadigdayan.

Subali amêdali, lajêng pancakara akalihan Sugriwa. Rama tansah aningali kemawon. Botên sagêd atêtulung, amargi saking jumbuhing warninipun ingkang sami tanglêd. Dados sangêt kawêkèning galih anggènippun badhe anglêpasi jêmparing, mbokmanawi kalintu kenging Sugriwa.

Dangu-dangu Sugriwa kasoran pêrangipun, lumajêng dhatêng panggenanipun Rama, saha pitakèn sabab dening punapa botên anulungi.

Rama anyêrêpakên ingkang dados sabab. Sugriwa kapurih anganggea têtêngêr gêgodhongan, supados sampun ngantos katawur, kados ingkang sampun kalampahan.

Sugriwa angèstokakên dhawahipun Rama. Sasampuning angangge têtêngêr gêgodhongan, lajêng pêrangan malih akalihan Subali. Tumuntên Rama anglêpasi jêmparing dhumatêng Subali, kenging dhadhanipun lajêng pêjah. Anuntên Sugriwa anggêntosi ingkang raka jumênêng ratu.

Prabu Subali atilar putra kakung, anama Anggada, kapêndhêt putra dhumatêng Rama. Anuntên Prabu Sugriwa sagah

--- [24] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 11 dari 16
... Anoman, kapurih lumampaha dhumatêng nagari ing Ngalêngka ...

--- 25 ---

andhèrèk Rama, badhe anglurug dhumatêng nagari ing Ngalêngka. Nanging sarèhning panuju mangsa rêndhêng, Prabu Sugriwa ubanggi panglurugipun benjing ing mangsa katiga. Rama amarêngi, lajêng pamit saha adêdunung wontên ing rêdi Maliawan akalihan ingkang rayi Radèn Laksmana.

6. ANOMAN KAUTUS RAMA NUWÈNI DÈWI SINTA DHATÊNG NGALÊNGKA.

Sarêng sampun numpak mangsa katiga, Prabu Sugriwa botên dhatêng ing rêdi Maliawan. Rama lajêng angutus Radèn Laksmana, kakarsakakên animbali Prabu Sugriwa.

Prabu Sugriwa enggal mangkat sabalanipun. Sadhatênge ing ngarsanipun Rama, lajêng anyuwun pangapuntên, awit kasupèn ing ubangginipun. Anuntên Rama anyarah sapamrayoginipun Prabu Sugriwa, bab badhe panglurugipun dhumatêng nagari ing Ngalêngka. Prabu Sugriwa lajêng andhawahakên parentah dhumatêng Anoman, kapurih lumampaha dhumatêng nagari ing Ngalêngka, anjêjêpa Dèwi Sinta, wontênipun ing Ngalêngka akalihan botênipun.

Rama ambêktani sêsupe dhumatêng Anoman, minangka pratandha, yèn saèstu utusanipun, sampun ngantos kapaibên dhumatêng Dèwi Sinta.

Anoman lajêng mangkat akanthi Anggada, Anila saha Kapi Jambawan. Sami ambêkta prajurit nyakêthi. Lampahipun sami mêdal ing ngawang-awang.

Sarêng Anoman sampun mangkat, Prabu Sugriwa lajêng andhawahakên parentah dhumatêng bupati kêthèk sakawan, kakarsakakên angupadosi Dèwi Sinta. Bupati sakawan wau enggal mangkat, ambêkta bala nyatus kêthi. Lampahipun sami pêpêrangan.

Lampahipun Anoman sakanca saha balanipun dumugi ing rêdi Warawindu. Wontên ing ngriku sami aningali guwa, lajêng dipun lêbêti.

Ingkang wontên salêbêting guwa wau tiyang èstri satunggil, ayu taksih prawan, anama Sayêmpraba. Punika apitakèn dhatêng bala kêthèk, mênggah ing damêlipun lumêbêt dhatêng ing guwa.

Ingkang tinakenan amangsuli, yèn kautus ing ratunipun dhumatêng nagari ing Ngalêngka, angupadosi Dèwi Sinta.

--- [26] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 12 dari 16
Dèwi Sayêmpraba sarêng sumêrêp saking pratelaning bala ...

--- 27 ---

Dèwi Sayêmpraba wau putranipun ratuning danawa, anama Wisakarma, patutan saking Dèwi Mèru. Wondening guwa ingkang dipun ênggèni ing Dèwi Sayêmpraba, kala waunipun kadhaton, yasanipun Prabu Wisakarma wau, anama kadhaton Uparêngga. Mila salin warni, awit Prabu Wisakarma kadukan dhumatêng Bathara Endra, sabab dening pasangrakit punapadene rêrêngganing kadhaton ing Uparêngga wau, anyamèni kadhaton ing swarga. Saking sangêting dukanipun Bathara Endra, kadhaton ing Uparêngga kalêpasan jêmparing barat, lajêng salin warni dados guwa.

Dèwi Sayêmpraba sarêng sumêrêp saking pratelaning bala kêthèk, yèn sami kautus dhumatêng ing Ngalêngka, lajêng sumêdya anyupêt lampahipun, sampun ngantos sagêd dumugi nagari ing Ngalêngka. Sawarnining kêthèk dipun paeka, kapurih sami mêdala saking guwa, badhe winulang isaratipun, supados enggala dumugi ing nagari ingkang sinêja.

Sakathahing kêthèk sami suka bingah sami mêdal saking guwa, lajêng kapurih mêrêma sadaya, inggih punika isaratipun sagêd enggal dumugi nagari ing Ngalêngka. Sarêng linampahan wulangipun, sawarnining kêthèk lajêng cadhok, andadosakên sangêt ing prihatosipun.

Botên antawis dangu lajêng wontên pêksi agêng dhatêng ing panggenanipun kêthèk ingkang sami cadhok wau, anama Sampati, sadhèrèkipun sêpuh Jathayu. Sarêng sumêrêp yèn Anoman sakancanipun utusanipun Rama, lajêng kasirnakakên mêmalanipun, dalasan balanipun inggih kawaluyakakên sadaya. Anuntên Sampati anyêrêpakên dhumatêng Anoman, margi ingkang dhumatêng nagari ing Ngalêngka. Anoman sabalanipun mangkat.

Lampahipun Anoman kèndêl wontên sapinggiring sagantên. Rêmbagipun Anggada, Anoman kapurih lajênga dhumatêng nagari ing Ngalêngka. Anggada sakancanipun badhe angêntosi wontên ing pinggiring sagantên.

Anoman amrayogèkakên, lajêng mangkat angambah awang-awang. Wontên ing margi kapêthuk kalihan danawa agêng, anama Kathakini, padamêlanipun gogo. Anoman lajêng kauntal. Ananging sarêng sampun wontên ing wadhuk, Anoman mêlar, anyuwèk wêtêngipun Kathakini. Anoman mêdal saking wêtêng, Kathakini pêjah dhawah ing sagantên.

--- 28 ---

Anoman andumugèkakên lampah. Aningali pulo wontên satêngahing sagantên, anama pulo ing Menaka. Akathah tanêmanipun wowohan warni-warni.

Pulo wau anyuwara saha angampirakên Anoman, kapurih kèndêla sakêdhap. Anoman anuruti. Sasampuning anêdha wowohan pasêgahipun Menaka, lajêng mangkat. Lajêng kapêthuk akalihan danawa satunggil, tanganipun panjang, anama Wikathaksini, padamêlanipun gogo dhumatêng sagantên. Sarêng aningali Anoman lajêng anyandêr. Anoman dipun cêpêng badhe kauntal, sampun kalêbêt ing gulu. Anoman enggal anyuwak gurungipun Wikathaksini, dados ing pêjahipun.

Lampahipun Anoman sampun anglangkungi sagantên. Dumugi ing rêdi Suwela, aningli danawa kathah sami alêledhang. Anoman lajêng anyalimpêt, angêntosi sêraping srêngenge anggènipun badhe lumêbêt dhatêng nagari ing Ngalêngka. Sarêng sampun pêtêng, Anoman lumêbêt dhatêng ing kadhaton. Dangu mubêng-mubêng angupadosi panggenanipun Dèwi Sinta, ananging botên pinanggih. Anuntên Anoman amalih warni danawa, supados sampun pakèwêd anggènipun anjajah salêbêting kadhaton, angupadosi Dèwi Sinta.

Sarêng sampun dangu anggènipun analasah, wusana dumugi ing gêdhong pasareyanipun Prabu Dasamuka. Sang nata sawêg sare. Ing ngriku Dèwi Sinta kaupadosan inggih botên wontên. Anoman lajêng mêdal, anjog dhatêng patamanan, anama Tamansoka.

Wontên ing Tamansoka Anoman singidan ing uwit agêng. Pangangkahipun yèn sampun dalu badhe lumêbêt malih dhumatêng kadhaton, andumugèkakên anggènipun angupadosi Dèwi Sinta.

Botên antawis dangu mirêng swaranipun tiyang èstri asêsambat Rama. Anoman malumpat dhatêng ing uwit Nagasari, aningali ing ngandhap wontên tiyang èstri ayu kêra, saha sawêg anangis. Ciptanipun inggih punika Dèwi Sinta.

Anuntên Prabu Dasamuka rawuh ing Tamansoka, angarih-arih Dèwi Sinta, supados dhangana anglampahi karsanipun. Ananging Dèwi Sinta botên keguh ing mêmanisipun sang nata, malah sangêt anggènipun anguwus-uwus, ngantos adamêl lingsêm saha dukanipun Prabu Dasamuka.

Sang nata angunus candrasa, angajrih-ajrihi dhumatêng

--- [29] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 13 dari 16
... Dèwi Sinta wontên ing Tamansoka

--- 30 ---

sang dèwi. Ananging Dèwi Sinta tatag. Anuntên sang nata kondur, sarta andhawahakên parentah dhumatêng danawa tigang atus kapurih anggêgirisa dhumatêng Dèwi Sinta.

Prabu Dasamuka kagungan kapenakan èstri, putranipun Wibisana, anama Dèwi Trijatha. Punika ingkang kakarsakakên arumêksa saha angladosi Dèwi Sinta wontên ing Tamansoka. Sarêng danawa tigang atus wau dhatêng ing Tamansoka, badhe anggêgila Dèwi Sinta, sami dipun dukani sarta kaundurakên dhumatêng Dèwi Trijatha. Danawa sadaya sami ajrih lajêng mundur.

Anuntên Dèwi Sinta anyariyosi dhumatêng Dèwi Trijatha, ingkang dados bêbuka mila Rama katundhung dhumatêng ing wana. Pangandikanipun Dèwi Sinta amilalah pêjah, yèn botên sagêd kapanggih malih akalihan Rama. Satêlasing cariyos, lajêng sami lumêbêt ing gêdhong asêmadi.

Anoman lajêng ngatingal ing ngarsanipun Dèwi Sinta, apratela yèn kautus dhumatêng Rama, angupadosi ingkang garwa, wontênipun ing nagari Ngalêngka akalihan botênipun. Anuntên Anoman angaturakên bêbêktanipun sêsupe dhumatêng ing Dèwi Sinta. Dèwi Sinta anampèni, saha lajêng pitajêng ing aturipun Anoman. Anoman nuntên nyariyosi dhumatêng Dèwi Sinta, bab lampahanipun Rama, kalanipun pêpanggihan saha lajêng manjing mitra akalihan ratuning kêthèk, ingkang ajêjuluk Sugriwa, saha bab prihatosipun anggène kaicalan garwa. Satêlasing cariyosipun, Dèwi Sinta lajêng angulungakên kancing ukêl saha sêrat dhumatêng Anoman, kapurih angaturna dhumatêng Rama, minangka pratandha yèn Dèwi Sinta taksih wilujêng.

Anoman sasampune anampèni kancing ukêl akalihan sêrat, lajêng pamitan dhumatêng Dèwi Sinta. Sakalangkung suka bingahing manah, awit lampahipun angsal damêl.

Sawêdalipun saking gêdhong panggenanipun Dèwi Sinta, Anoman sumêdya adamêl pêpucuking pêrang. Enggal lumêbêt ing Tamansoka, angrisak sawarnining têtanêman. Ngantos katur kauningan ing Sang Prabu Dasamuka. Sang nata enggal andhawahakên parentah dhumatêng abdi danawa sakêthi, andikakakên amêjahi kêthèk pêthak ingkang angrisak patamanan.

Danawa sakêthi wau sadhatêngipun ing patamanan, lajêng sami

--- [31] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 14 dari 16
Radèn Saksa enggal lumampah dhumatêng Tamansoka

--- 32 ---

angangkah nyêpêng dhumatêng Anoman. Ananging botên kenging malah danawa kathah ingkang pêjah dening Anoman.

Sarêng katur ing sang prabu, lajêng anglampahakên danawa malih, kathahipun angungkuli ingkang sampun, ananging inggih sami tumpês sadaya dening Anoman, andadosakên sangêt ing dukanipun sang prabu. Lajêng adhawah dhatêng putranipun kakung, ingkang anama Radèn Saksa, kapurih angirida danawa kathah, saha dhumatênga ing Tamansoka, amêjahana kêthèk pêthak, ingkang angrisak patamanan.

Radèn Saksa enggal lumampah dhumatêng ing Tamansoka, angirid prajurit danawa kathah. Sadhatêngipun ing patamanan, Radèn Saksa saha sakathahing prajurit danawa sami anglêpasi jêmparing dhumatêng Anoman, ananging botên wontên ingkang anêdhasi. Wusana Radèn Saksa sabalanipun sami pêjah dening Anoman.

Sarêng katur ing Sang Prabu Dasamuka bab pêjahing putra, saha tumpêsing prajurit danawa, sakalangkung andadosakên dukanipun. Lajêng andhawahakên parentah dhumatêng putranipun kakung, ingkang nama Radèn Indrajit utawi Megananda, kapurih amêjahana kêthèk pêthak, ingkang anggêmpur Tamansoka. Radèn Indrajit lajêng lumampah angirid bala danawa kathah. Sarêng sampun kathah anggènipun anglêpasi jêmparing, saha botên wontên ingkang tumama dhumatêng Anoman, punapadene bala danawa kathah ingkang pêjah, Radèn Indrajit lajêng anglêpasakên jêmparing linuwih. Kenging pupunipun Anoman butul. Tumuntên kasusulan jêmparing naga, anggubêd badanipun Anoman. Anoman dhawah ing siti, lajêng kabêkta dhumatêng ngarsanipun Prabu Dasamuka.

Sarêng Anoman kasowanakên ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, sang nata sangêt duka. Anoman badhe kapêjahan, ananging Wibisana botên amrayogèkakên, awit pamanahipun nistha yèn panjênênganing ratu amêjahana utusan.

Anoman ing batos angalêm dhumatêng Wibisana. Lajêng anguwus-uwus dhumatêng sang nata, bab nisthaning kalakuanipun, amargi andhustha dhumatêng Dèwi Sinta. Pamrayoginipun Anoman dhumatêng sang prabu, Dèwi Sinta kawangsulna dhumatêng Rama, supados sampun ngantos andadosakên risakipun nagari ing Ngalêngka.

--- 33 ---

Prabu Dasamuka sarêng amidhangêtakên panguwus-uwusipun Anoman, sakalangkung dukanipun, lajêng andhawahakên parentah, Anoman kapurih kabuntêla ing êduk sarta kambêngan, tumuntên kasirama ing lisah, lajêng kabêsmia.

Dhawahipun sang nata kalampahan. Anoman sarêng sampun kabuntêl ing êduk saha kambêngan, punapadene kasiram ing lisah, tuwin kabêsmi, lajêng mumbul dhatêng ngawang-awang, godhi kakirigakên rantas. Latu ngrêda ambêsmi kadhaton ing Ngalêngka, saha kathah danawa ingkang pêjah dening latu. Anoman wilujêng; lampahipun badhe mantuk angampiri Dèwi Sinta sakêdhap. Sasampuning nyariyosakên panganggêpipun Dasamuka, Anoman lajêng mumbul ing ngawang-awang, sumêdya mantuk saha sowan ing ngarsanipun Rama.

Kapanggih kalihan kancanipun ingkang angêntosi wontên pinggiring sagantên, lajêng anyariyosakên sakathahing lampah, salaminipun wontên kadhaton ing Ngalêngka. Satêlasing cariyosipun, Anoman sakanca balanipun lajêng bodhol dhumtêng rêdi Maliawan, sowan ing ngarsanipun Rama, saha angaturakên kancing ukêl, punapadene sêrat ingkang saking Dèwi Sinta. Sarêng bêbêktan kalih prakawis wau sampun katampèn dhumatêng Rama, Anoman amratelakakên sakathahing lampah, kalanipun wontên salêbêting kadhaton ing Ngalêngka.

Rama sakalangkung suka pirêna ing galih, amidhangêtakên pratelanipun Anoman. Lajêng andhawahakên parentah, andudut jêmparing ingkang tumancêb wontên ing pupunipun Anoman.

Anuntên Rama bidhal saking rêdi Maliawan, sumêdya badhe dhatêng nagari ing Ngalêngka. Prabu Sugriwa sabalanipun andhèrèk. Lampahipun dumugi ing rêdi Maendra. Wontên ing ngriku Rama amasanggrahan.

Rêdi ing Maendra wau inggilipun anglangkungi, amunjuli sawarnining rêdi ing ngalam donya. Saha kathah wowohanipun warni-warni, anuwuki sakathahing bala kêthèk.

Rama amêng-amêng dhatêng ing rêdi Maendra akalihan Anoman, ngantos dumugi ing pucak. Saking ngriku nagari ing Ngalêngka katingal, saha Anoman andêdahakên dhatêng Rama prênahipun Tamansoka, panggenanipun Dèwi Sinta.

--- 34 ---

7. ING NGALÊNGKA APIRÊMBAGAN BADHE MÊTHUKAKÊN RAMA.

Kacariyos Prabu Dasamuka, ingkang angratoni nagari ing Ngalêngka, sampun amidhangêt pawartos, yèn badhe kalurugan dhumatêng Rama, saha yèn Rama sampun masanggrahan wontên ing rêdi Maendra.

Prabu Dasamuka miyos, sineba ing para bupati saha para abdi danawa. Patihipun sang nata anama Prahastha. Punggawa tuwin bupatinipun anama Prajangga, Pragasa, Mintragna, Wilohitaksa, Dumraksa, Maundara, Gathodara, Kampana, Wirupaksa, Puthadaksi, Panaksi, Jambumangil,[1] Bajramusthi, Sokasarana.

Sadhèrèkipun kakung sang nata anama Kumbakarna, agêng saha inggil prasasat rêdi. Sajagat botên wontên ingkang animbangi kadigdayan sarta kasêktènipun. Sadhèrèkipun kakung malih anama Wibisana, ambêkipun amandhita.

Putranipun sang nata sami kakung, anama Indrajit, Trisirah, Trikaya, Narantaka, Dewatantaka.

Kumbakarna wau putranipun kêkalih sami kakung, anama Aswanikumba akalihan Kumbakumba. Sami agêng inggil kados rêdi.

Para santana saha para abdi sami sowan ing ngarsanipun sang nata, amung Wibisana ingkang dèrèng sowan, awit sawêg sêmadi.

Wibisana sasampuning sêmadi, lajêng sowan dhumatêng ingkang ibu, ingkang sawêg ngrêdatos, awit saking rêsahing kalakuanipun Prabu Dasamuka, amurang lêrês saha ambêk niaya. Karsaning ibu, Wibisana kapurih anggendholana tindakipun sang nata ingkang botên prayogi, saha amangsulna Dèwi Sinta dhumatêng Rama, supados sampun ngantos andadosakên risakipun nagari ing Ngalêngka; awit Rama titising dewa, botên kenging dipun suwawa, sampun saèstu Prabu Dasamuka badhe pêjah dening Rama.

Wibisana mundur saking ngarsaning ibu, lajêng sowan dhumatêng ingkang raka Prabu Dasamuka. Sasampuning lênggah, sang nata angandika dhumatêng para punggawa danawa, yèn nagari ing Ngalêngka badhe kalurugan dhumatêng Rama, saha Rama sampun masanggrahan wontên ing rêdi Maendra.

--- [35] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 15 dari 16
... Bagawan Sumali rawuh, apitutur dhumatêng ingkang wayah, ...

--- 36 ---

Para punggawa kadhawahan sami amirantos sadêdamêlipun ing pêrang.

Aturipun para punggawa danawa, mêngsah ingkang kados Rama botên pantês yèn kagaliha dhumatêng sang nata, awit sakalangkung saking ina saha apês. Kaupamèkakên angèl ambacuk pisang, tuwin amêcah sêmangka kalihan amêjahi Rama. Kathah solahipun para danawa sami angungasakên kawasisanipun angêmpakakên dêdamêl, sarta karosan tuwin kawantêranipun.

Wibisana anyambungi ngandika dhumatêng para punggawa danawa, anyêrêpakên ingkang dados karsanipun Prabu Dasamuka, yèn para punggawa botên katantun purunipun pêrang, sami kapundhutan pirêmbag prayoginipun ingkang linampahan.

Para punggawa danawa ingkang angapêsakên dhumatêng Rama wau sami kawêlèhakên. Kala nagari ing Ngalêngka kadhatêngan utusanipun Rama, angamuk wontên ing Tamansoka, dene kathah danawa ingkang sami pêjah. Utusanipun kemawon samantên kadigdayanipun, mandah ta kasêktènipun ingkang angutus.

Sakèndêlipun Wibisana angandika dhatêng para punggawa wau, Prabu Dasamuka amundhut pirêmbag, prayoginipun ingkang linampahan, bab dhatênging mêngsah ingkang sampun masanggrahan wontên ing rêdi Maendra.

Pirêmbagipun Wibisana, sang nata sowana dhumatêng Rama saha angaturna Dèwi Sinta. Pamanahipun Wibisana lampah makatên punika botên angêsorakên panjênênganipun sang nata. Malah yèn sang nata amêmitran kalihan Rama, badhe andadosakên wêwahing kaluhuranipun karaton ing Ngalêngka. Kathah-kathah aturipun Wibisana, ingkang murih karaharjaning raka saha nagari saabdinipun sadaya.

Prabu Dasamuka botên amangsuli pangandika, salêbêting galih duka dhumatêng ingkang rayi.

Anuntên eyangipun Prabu Dasamuka anama Bagawan Sumali rawuh, apitutur dhumatêng ingkang wayah, yèn Rama botên kening[2] dipun suwawa, awit titisipun Bathara Wisnu. Pamrayogining eyang, Prabu Dasamuka amituruta pirêmbagipun Wibisana.

Bagawan Sumali lajêng anyariyosakên bab kadigdayan saha kasêktènipun Bathara Wisnu; kalanipun Bathara Guru anitahakên [ani...]

--- 37 ---

[...tahakên] danawa, anama Wrêka, punika purun amêngsah Bathara Endra. Bathara Endra kasoran. Anuntên Bathara Wisnu ingkang angawonakên danawa wau.

Wontên malih titahipun Bathara Guru, awarni danawa anama Kasipu, pinunjul ing kadigdayanipun, ing jagat têtiga botên wontên ingkang nyamèni. Lami-lami danawa wau angrisak Suralaya, para dewa sami kawon sadaya. Anuntên Bathara Wisnu malih warni sima, ajêjuluk Bathara Narasinga, angawonakên danawa ingkang nama Kasipu wau.

Sakathahing pituturipun Bagawan Sumali botên angeguhakên galihipun Prabu Dasamuka, ingkang eyang mutung, lajêng mundur palarasan.

Sadangunipun Bagawan Sumali pitutur dhatêng ingkang wayah Prabu Dasamuka, Kumbakarna anilingakên. Sarêng Bagawan Sumali sampun kesah, Kumbakarna lajêng matur dhumatêng ingkang raka, kapurih amituruta ingkang dados pirêmbagipun Wibisana. Ananging Prabu Dasamuka botên andhahar aturipun. Malah duka, Kumbakarna mutung, lajêng mundur saking ngarsaning raka.

Anuntên Wibisana matur malih kathah-kathah dhumatêng Prabu Dasamuka, kapurih amangsulna Dèwi Sinta, saha amêmitraa kalihan Rama, awit Rama botên kenging dipun suwawa, saha botên sande adamêl risakipun nagari ing Ngalêngka.

Prabu Dasamuka sangêt duka amidhangêt aturipun Wibisana, lajêng jumênêng saking pinarakanipun, andhupak wadananipun Wibisana. Sarêng sampun kathah anggènipun anguwus-uwus dhumatêng ingkang rayi, lajêng kadhawahan kesah, anunggila kalihan Rama.

Wibisana botên pisan katingal gêrah galihipun amargi dipun dhupak saha dipun uwus-uwus dhumatêng ingkang raka, malah taksih sangêt ing panggendholipun, amurih karaharjaning raka sanagari santana saha têtiyangipun sadaya.

Prabu Dasamuka sangsaya sangêt dukanipun, ingkang rayi katundhung malih. Sarêng Wibisana aningali, yèn Prabu Dasamuka botên keguh dhatêng ing pawulang prayogi, lajêng pamit mundur saking pasowan. Dumugi ing jawi awêwartos dhatêng balanipun, yèn katundhung dhumatêng ingkang raka. Sasampuning [Sasam...]

--- [38] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01–39): Citra 16 dari 16
Wibisana anyariyosakên ...

--- 39 ---

[...puning] wêwartos, lajêng mumbul dhatêng ngawang-awang, balanipun sami andhèrèk sadaya. Lampahipun mangalèr, ingkang sinêdya rêdi ing Maendra.

 


Jambumangli. (kembali)
kenging. (kembali)