Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 09–11)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 01–08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 09–11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 12–18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 19–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 28–33). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
6. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 34–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
7. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 39–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
8. Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981 (Pupuh 45–46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 11-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

9. Durma

1. Radèn Sêsuruh têdhak sangking ing arga | lampahe tan anolih | lan sarencangira | têtiyang satus ana | anarajang wana [wa...]

--- 67 ---

[...na] giri | wêwêkasira | ki ajar kang kaèsthi ||

2. ngetan bênêr lampahira rajaputra | datan kawarnèng margi | rahadyan araryan | anèng ngandhaping maja | uwohe amung sawiji | radèn ngandika | ambilên woh puniki ||

3. wus ingambil ya ta anuli dhinahar | raosipun apait | rahadèn ngandika | sanak ingsun sadaya | ingsun dhêdhukuh ing ngriki | padha gawea | umah sadaya sami ||

4. sun arani ing Majapait kang desa | ya ta wong satus sami | tumut adhêdhêkah | sami agawe umah | anèng dhukuh Majapait | sira rahadyan | amaluku pribadi ||

5. pakartine sama agaga sêsawah | akèh têtiyang prapti | ngêtutakên wisma | apan sami karasan | awisma ing Majapait | sangsaya lama | têtiyang kathah prapti ||

6. pasaripun agêng lwir kadi nêgari |[1] pandhe kalawan gêndhing | myang sayang kêmasan | miwah para sudagar | awisma ing Majapait | sami karasan | miwah sandhang lan bukti ||

7. padhêkahan apan wus dadi nêgara | ingaran Majapait | apan wus kaloka | kathah kang janapriya | padhêkahan Majapait | jêmbar arata | salwir tinanêm dadi ||

8. anêngêna ingkang lagi têtaruka | kang winurcita malih | sira Arya Bangah | nagarinê pan risak | ing Galuh ingkang nagari | pan linurugan | dêning

--- 68 ---

sri narapati ||

9. ing Pajajaran lumampah saha bala | tan kawarna prangnèki | Galuh wus kabêdhah | ing Prabu Pajajaran | wong cilik dipun boyongi | pan jinarahan | wau sajroning puri ||

10. Arya Bangah apan lumayu angêtan | langkung kawêlasasih | wau ingkang kesah | saking nagarinira | anjujug ing Majapait | datan winarna | ing margi sampun prapti ||

11. ing Majapait wau Ki Arya Bangah | panggih lawan kang rayi | Ki Sêsuruh sira | sami arêrangkulan | adhuh kakang kadang mami | dumèh punapa | têka kesah pribadi ||

12. Arya Bangah saure asêmu waspa | yayi nagara mami | ing Galuh binêdhah | dening Siyung Wanara | sadaya dipun boyongi | yayi manira | kacandhak angêmasi ||

13. nanging wartane Sang Prabu Pajajaran | katiga besuk iki | apan yayi sira | akarsa linurugan | anggêcak ing Majapait | kalamun rêmbag | alah yayi sawawi[2] ||

14. ing Pajajaran lah nêdha linurugan | rinêbut ing ajurit | Rahadyan Sêsêdhah | langkung awlas ing raka | lah inggih kakang suwawi | mring Pajajaran | samya pulih ing jurit ||

15. paman Wiro paman Nambi paman Bandar | têtiyang Majapait | saanane paman | pakanira pêpêka | payo anglurug tumuli | mring Pajajaran | apan wus ungsume mangkin [mang...]

--- 69 ---

[...kin] |[3]|

16. tan kawarna rahaden sampun lumampah | saha bala ngajrihi | maring Pajajaran | ya ta datan kawarna | solahira dènnya jurit | ing Pajajaran | wus kabêdhah kabasmi ||

17. binoyongan têtiyang ing Pajajaran | maring ing Majapait | cacahing têtiyang | pan tigang èwu ana | mangke pan dados sakêthi | lan pitung lêksa | cacahing Majapait ||

18. Kyai Wiro Nambi Bandar aturira | punika yèn suwawi | paduka rahadyan | jumênênga narendra | wontên kitha Majapait | anggêntasana | rama paduka nguni ||

19. kala rumiyin kang kitha Pajajaran | aparentah sajawi | mangkya Pajajaran | apan ta uwus sirna | yakti kitha Majapait | kang gêntasana | aparentah sajawi ||

20. Radèn Sêsuruh angling lah karsanira | ingsun têka lumirig | wus jumênêng nata | Radèn Sêsuruh sira | akitha ing Majapait | suyud sadaya | tiyang sanusa Jawi ||

21. Arya Bangah ngalih ran Arya Panular | ya ta jinunjung linggih | Ki Wiro punika | anama Patih Wahan | Ki Bandar lawan Ki Nambi | jinunjung lênggah | sami kinarya mantri ||

22. lami-lami sri narendra apêputra | nenggih ingkang wewangi | Prabu Anom sira | awisma loring pasar | sêmana rêkyana patih | sampun pêputra | anênggih kang wêwangi ||

23. Iya kang anama Dipati Udara | tinanêm [ti...]

--- 70 ---

[...nanêm] ing Kadhiri | wusing lama-lama | sri narendra pralina | prabu anom manggantyani | marang ing rama | jumênêng Maospait ||

24. Patih Wahan apan tê[4] mêksih agêsang | maksih dados pêpatih | amongmong sang nata | kawarnaa sêmana | sang nata arsa cangkrami | marang ing wana | gêrit banthèng jêjawi ||

25. Patih Wahan umatur dhatêng sang nata | patikbra yèn suwawi | sampun acangkrama | dhatêng ing wanawasa | manah ulun pan kawatir | maring sang nata | pan tiyang Majapait ||

26. manahipun pan dèrèng suyud sadaya | dhatêng sri narapati | pae rama tuwan | tiyang suyud sadaya | miwah wong măncanêgari | dhatêng paduka | manahe dèrèng radin ||

27. benjang cangkramaa dhumatêng ing wana | yên wadya sampun radin | prabu anom sira | lintang dènira duka | wau dhatêng ki apatih | sêngêring duka | katawis jaja abrit ||

28. kumêdut padoning lathi sri narendra | wadana lwir sinêbit | kadya manuwêka | ri kang wong tatan dosa | gya kondur sri narapati | manjing jro pura | luwaran ingkang nangkil ||

29. yeka na wong kadipatèn ingkang lama | namanya ingkang dasih | pan Ujung Sabata | lurahing kajinêman | winênang sabèng jro puri | mawas yèn duka | sang sri

--- 71 ---

ing Maospait ||

30. ya ta manjing jro pura tan alarapan | gya matur ing nrêpati | ing atur patikbra | wau pun Patih Wahan | aturipun ing nrêpati | tampi patikbra | ature pun apatih ||

31. tiyang têdah angèwêd ing panjênêngan | paduka sri bupati | tiyang Majalêngka | tan wontên mangkatêna | anggêpipun mring sang aji | suyud sadaya | lair tumêkèng batin ||

32. rumiyin cuwa angabdi rama nata | sêpuh kasêlêk lalis | mangke kagêntosan | dhatêng sri naranata | suka tiyang Majapait | para punggawa | miwah para dipati ||

33. sami sakeca asuka bêbadhayan | wutah boga lan bukti | sajênêng paduka | mirah sandhang lan pangan | eca manahing wong cili | tiyang adagang | alayar sami bathi ||

34. sami angalêm mujijating narendra | nuwuki wadya alit | datan wontên aprang | tulus jênêng sang nata | eca manahing wong tani | pun Patih Wahan | rumiyin darbe jangji ||

35. kalih rumiyin rama andika |[5] sarêng mati saurip | rama dika tilar | pun patih tan abela | dumadi cidra ing jangji | pun Arya Wahan | dosane aming kalih ||

36. kang kariyin abăngga dhatêng sang nata | kalih cidra ing jangji | yèn suwawi karsa | pun patih abelaa | dhatêng rama sri bupati | angsala swarga | patine pun apatih ||

--- 72 ---

37. inggih marga paduka kang mêjahana | asuka sri bupati | dènnya amiyarsa | aturnya Jung Sabata | dhumatêng sri narapati | dyan pinaringan | dhuwung dening sang aji ||

38. ingkang awasta dhuwung Ki Jangkungpacar | iki wrangkakna aglis | maring kapatihan | ya ta Ujung Sabata | atur sêmbah nulya amit | mêdal ing jaba | wus sumurup hyang rawi ||

39. Ujung Sabata tumamèng kapatihan | wêtara têngah wêngi | Ki apatih Wahan | apan dèrèng anendra | akaliyan lan kang rabi | Ki Arya Wahan | angling marang kang rayi ||

40. dèn prayitna sira yayi ariningwang | ing mêngko ana maling | wus karsaning dewa | yayi pan umur ingwang | mung kari sawêngi mangkin | pinundhut dewa | sira yya brăngta kingkin ||

10. Asmarandana

1. Lamun ingsun nora mati | ing sawêngi mêngko iya | pasthi dawa umur ingong | ujar sang prabu taruna | agêguling tan yêktya | Ujung Sabata turipun | apan ika wong durjana ||

2. kudu ginugu sang aji | iya ta măngsa boronga | sang aprabu pandugine | nanging mêngko yayi ingwang | lah mêngko upêtêna |[6] ana ing lêlangit ingsun | sakèhe wong kapatihan ||

3. padhaa kêmitèng kami | ing sawêngi mêngko uga | lah padha mêlèka kabèh | mêngko ana maling guna | Ki Apatih gya nendra | ing lêlangit [lêlangi...]

--- 73 ---

[...t] prênahipun | anèng saluhuring kajang ||

4. Ujung Sabata angrampit | anjêjêp jawining lawang | amirsa gumrah swarane | kang akêmit nèng pasowan | dèrèng wontên anendra | ana mêmaca angidung | ana ingkang cêcarita ||

5. Ujung Sabata rudatin | kalangkung kewraning manah | ya ta amantêk ajine | ingkang aran beganănda | ping tiga jêjêk lêmah | sarya jungkir lampahipun | anaut lêmah ping tiga ||

6. gènira anaut siti | agya kinarya bêbalang | marang kang kêmit sakèhe | saksana sami anendra | kang kêmit ting gulasah | gènnya turu anglir lampus | sigra pun Ujung Sabata ||

7. malêbêt ing dalêm puri | anjujug ing pasarean | ki apatih tan kapanggoh | ya ta Ki Ujung Sabata | kewran sajroning nala | angèngêt-èngêt ing kalbu | yèn ki patih rêmên kuda ||

8. Ujung Sabata nulya glis | anuli dhatêng gêdhogan | nguculakên kuda age | kuda giro anèng latar | ambrêngingih swaranya | kagyat ki patih angrungu | sigra nyêluk cawisira ||

9. wong gamêl tangia aglis | iku ucul kudanira | lêbokêna gêdhogane | Ujung Sabata uninga | yên ki patih upêtan | luhuring kajang gènipun | anulya pinarêpêkan ||

10. kajang winiyak aririh | saksana Ki Jangkungpacar | anulya tinarik [ti...]

--- 74 ---

[...narik] age | dhatêng Ki Ujung Sabata | iku pan gêgadhuhan | yêkti tan ana wong têguh | ya ta ki rêkyana patya ||

11. sigra ginoco tumuli | satuwuk rêkyana patya | dèrèng uninga gêtihe | parandene mangke têdhas | ki patih wus pralina | anak rabine pinundhut | dinalêmakên sadaya ||

12. ri sampun pêjah ki patih | sêmana sri naranata | anutugakên karsane | acangkrama marang wana | saha mantri punggawa | anggrit banthèng sangsam agung | sang nata kalangkung suka ||

13. wus watêking acakrami[7] | yèn kasukan buron wana | sami nêkakkên sukanê | supe yèn rumêksèng nata | watêk nêkakkên suka | sang nata dènnya amburu | pisah lan mantri punggawa ||

14. sang nata kantun pribadi | amung lan kang para garwa | eca asuka sang katong | mangke ingkang kawarnaa | putranira ki patya | jalu sampun darbe lungguh | kang aran Radèn Udara ||

15. wibawa anèng Gadhiri | sampun amiyarsa warta | yèn kang rama wus pinatèn | ibu lan kulawangsanya | dinalêmkên sadaya | dhatêng sira sang aprabu | saksana Radèn Udara ||

16. sigra anitih turănggi | anandêr atilar bala | anjujug ing wana age | sang prabu anom kapêndhak | êca tyasing narendra | anggêrit lan garwanipun |

--- 75 ---

sêmana Radèn Udara ||

17. angêmbat lawung kumitir | prabu anom linarihan | aniba nuli sedane | gègèr wong sapagrogolan | gumuruh awurahan | ri sampuning mangkanèku | prabu anom putranira ||

18. Radèn Adaningkung nênggih | kêkasihing rajaputra | gumantya umadêg katong | Radèn Adaningkung ika | anulya apêputra | nama Radèn Ayam Wuruk | Ayam Wuruk apêputra ||

19. nama Lêmbu Amisani | apêpatih Dêmung Wular | kala jênêngira katong | Lêmbu Misani pêputra | namane putranira | anênggih Radèn Bratanjung | Radèn Bratanjung pêputra ||

20. akêkasih Radèn Alit | kang jumênêng Brawijaya | Gajahmada pêpatihe | wêkasan suka wibawa | iya Sang Brawijaya | jangkêping ing têdhak pitu | panjênêngan Majalêngka ||

21. sêmana sri narapati | kalanira asupêna | kacatur kala asare | Brawijaya Majalêngka | malêm Gara Kasihnya | supênanira sang prabu | apan katingal akrama ||

22. antuk putri ayu lêwih | putrine Sang Rajèng Cêmpa | sawungunira asare | dupi enjing sri narendra | miyos sinebèng bala | têdhak sangking sitiluhur | pinarêking pagêlaran ||

23. pêpêk sagung para mantri | tumênggung ngabèi dêmang | arya kalawan ranggane | ki apatih munggwing ngarsa | sang nata angandika | mring Patih Gajah Madèku | ki apatih [apa...]

--- 76 ---

[...tih] wruhanira ||

24. kala ngong sare angipi | katingal ingsun akrama | lan putri lêwih ayune | putrine raja ing Cêmpa | lah patih apa ana | praja aran Cêmpa iku | ki apatih atur sêmbah ||

25. kawula mirsa dewaji | nêgari Cêmpa punika | pamirsa kawula anggèr | prênahipun tanah sabrang | dene nagari Jawa | ngandika malih sang prabu | mring Ki Patih Gajahmada ||

26. yèn mêngkono sira patih | maringa nagari Cêmpa | sun kongkon sira wiyose | nglamara putri ing Cêmpa | iku patih dèn kêna | mêtua Grêsik sirèku | apatih matur sandika ||

27. sang nata jêngkar tinangkil | malêbêt ing dhatulaya | ginarêbêg para wadon | sêlir kalawan badhaya | para mantri wus bubar | sadaya sampun umantuk | kawarnaa ki apatya ||

28. sampun umangkat sira glis | praptèng Garêsik lampahnya | wus numpak ing palwa age | alayar ing dalu siyang | tan kawarna ing marga | praptèng Cêmpa lampahipun | wus marêk Sang Natèng Cêmpa ||

29. sang nata lagya tinangkil | pêpêk kang mantri punggawa | ya ta kagyat sang akatong | kalamun ana dhatêngan | sang nata angandika | hèh duta sira kang rawuh | sira lah dutane sapa ||

30. lan sapa namanirèki | ki apatih atur sêmbah | inggih kawula sang katong | kang putusan Prabu Jawa | putra tuwan [tuwa...]

--- 77 ---

[...n] Sang Nata | Majalêngka prajanipun | ingkang ngutus ing kawula ||

31. nama kawula dêwaji | anênggih pun Gajahmada | pêpatihe putra katong | dêning ing lampah kawula | ingutus ngaturêna | nawala dhatêng sang prabu | punika ingkang nawala ||

32. sigra tinampan kang tulis | winaos sinuksmèng driya | wus kadhadha saraose | ungêle punang nawala | yèn mungêl anglêlamar | wusnya maos sêrat tutug | nulya jêngkar sri narendra ||

33. umantuk malêbèng puri | ginirêbêg ing wanodya | kacatur putra sang katong | apan kathahe têtiga | kang pambajêng wanodya | samyèstri panggulunipun | wuragil jalu punika ||

34. kang èstri samyayu lêwih | kang jalu bagus anawang | sapraptaning jro kadhaton | sang nata wus panggih sira | kalawan grahanira | nalika winartan sampun | yèn linamar ingkang putra ||

35. apan ta sampun tinari | putranira ingkang tuwa | saking ajrih ing ramane | dadya tumurut ing rama | sigra kinèn adandan | sang putri samêkta sampun | kang ibu asmu karuna ||

36. gumrêrah tangis jro puri | ri sampunira adandan | anggêgawani sang katong | dhumatêng ing putranira | gong pun sêkar dalima | titihan Ki Bale Lumur | garêbong myang garitan |[8]|

37. awasta Ki Jêbat Bètri | Ki Bilawong katiganya | kang ginawakkên putrane | pawongan miwah

--- 78 ---

rajamal | lawan kang sêsandhangan | sang nata aris amuwus | ki apatih tinimbalan ||

38. prapta ngajêngan nêrpati | ki apatih ingandikan | lah uwis gawanên age | patih iku anak ingwang | sarta lan sêrat ingwang | katura ing sang aprabu | anak ingsun Majalêngka ||

39. Gajahmada awotsari | sigra tumulya umangkat | sang putri binêkta age | sang prabu ngatrêrakên putra |[9] tan kawarna ing marga | ing pasisir sampun rawuh | sigra numpak ing baita ||

40. sang nata wangsul pasisir | ya ta Patih Gajahmada | ngriyinakên utusane | kinèn ngaturi uninga | dhatêng Sang Brawijaya | yèn sang putri anèng ênu | tan kawarna polahira ||

41. sang nata ing Maospait | samana karsa amapag | dhatêng sang putri praptane | mring Garêsik karsanira | sigra mangkat sang nata | sawadya ngiring gumuruh | praptèng Garêsik sêksana ||

42. Patih Gajahmada prapti | ing Garêsik sampun mêntas | sangking muara êntase | saha sang putri kabêkta | Ki Patih Gajahmada | sampun panggih lan sang prabu | kang sêrat katur sang nata ||

43. winaos sinuksmèng ati | saungêle kang nawala | wus kadriya saraose | suka tyasirèng narendra | sigra sang nata mapag | ing praptanê sang rêtna yu | wus panggih sarêng tumingal ||

44. lwir surya kalawan [kala...]

--- 79 ---

[...wan] sasi | gènira sarêng tumingal | sang putri lawan sang katong | sang putri nulyanjum asta | gya ngaras padèng priya | rinangkul lajêng sinambut | sang putri dhatêng sang nata ||

45. sigra ingêmban tumuli | anulya binêkta minggah | dhatêng titihan garêbong | sang nata nitih kalihan | sigra umangkat sira | mantuk dhatêng Majalangu | kang wadyabala sumahab ||

46. têtabuhan anut margi | tan kawarna lampahira | rawuh ing Majapaite | lajêng malêbèng jro pura | tan winarna sêmana | siyang dalu sang aprabu | datansah apêpasihan ||

47. datatita linging nguni | kocapa malih ing Cêmpa | atamian sang akatong | ran Makdum Brahim Asmara | ika matur sang nata | tuwan Islama sang prabu | yèn tuwan nora Sêlama ||

48. sangêt dukaning Hyang Widi | mangkana sri naranata | ing Cêmpa anut kimawon | sang nata pan sampun Islam | sarta wong sanêgara | samya têtêp gamanipun | Makdum Brahim tinariman ||

49. atmajanira sang aji | kang tinarimakkên ika | putra ingkang panênggake | sampun akumpul sêmana | lan Makdum Brahim ika | wus lama datan winuwus | Raja Cêmpa sampun lina ||

50. sasedanira sang aji | kagêntyan putra pamêkas | jalu kang umadêg katong | wontên nagari ing Cêmpa | Makdum Brahim Asmara | dadya kaipe sang prabu | Makdum Ibrahim winarna [wi...]

--- 80 ---

[...narna] ||

51. sampun aputra kêkalih | samya jalu putranira | ênêngna tan winiraos | nusa Jawa kang kocapa | nagari Majalêngka | gêmah arja kalangkung |[10] murah kang sarya tinumbas ||

52. tulus tinandur wadya lit | murah sandhang lawan pangan | wadya lit kyèh suka sugèh | sajênênging Brawijaya | anèng ing Majalêngka | sigêgên datan winuwus | ing mangke kang kawarnaa ||

53. nênggih samêdyèng[11] wanadri | kacatur wontên rasêksa | lan rasêksi sadulure | apan iya roro sanak | ika sami pratapa | rasêksa lan rasêksiku | ni rasêksi ika ngucap ||

54. dhatêng ing kakangirèki | kakang arsa laki ingwang | mring Natèng Majapaite | kang kêkasih Brawijaya | kadya pa pêkênira | ki rasêksa lingnya muwus | dene tanpa ngrasa sira ||

55. andomapara[12] sang aji | yayi yèn arsa ing sira | rupamu kaya mêngkono | remanira jatha gimbal | lan siyungira uga | sacarak sisih dinulu | kudu arsa laki nata ||

56. kang amêngku nusya Jawi | kang ginugung[13] para nata | apan bupati sakèhe | padha atur putri endah | miwah nagari sabrang | samya atur putri luhung | kang sami ayu utama ||

57. kalamun angombe warih | apan katon lêr-êlêran | sangking edahê[14]

--- 81 ---

warnane | lah yayi kaya pa sira | yèn sira apanggiha | lawan Prabu Majalangu | dene mêmêdèni sira ||

58. rêng rasêksi sigra angling | kakang apan ingsun bisa | amaliha warna kaot | saksana amalih rupa | sang rasêksi warnanya | lwir widadari anurun | ki rasêksa suka-suka ||

59. umulat warnaning ari | gumuywa ambata rêbah | wus karasèng tyas têmahê | yèn umilwèng kawarisan | duwèni nusya Jawa | yyan tumêka ri kang sunu | sang rasêksa lon angucap ||

60. lah mara yayi dèn aglis | iya kita umanjinga | mring nagri Maospaite | age kita apanggiha | lan natèng Majalêngka | sêsutaa kita jalu | ingkang abagus warnanya ||

61. lah sun sêsinau yayi | mong-mong kaponakan ingwang | ngong têdha dewa kang kaot | muga têmbe sutaningwang | iya anglêwihana | ing sakyèh prajurit luhung | ing nusa Jawa sadaya ||

62. lan sakèhe tapa mami | kabèh ingkang kina-kina | sun wèhkên ing anak ingong | iku ta panêdhaningwang | lah wis yayi mangkata | lan sun ari sirèku |[15] Ni Endhang Sasmitapura ||

63. ni endhang nêmbah nulya mit | saksana umangkat sira | mring Majalêngka lampahe | wus prapta kandhêg ing pasar | kathah wong kang tumingal | pan lagi tumawonipun |

--- 82 ---

kang pasar ring Majalêngka ||

64. sadaya kerut ing warni | kang samya ningali sira | lanang wadon sêpuh anom | miwah buruh lawan dhayang |[16] kerut lali pikulan | myang sambewara bêbakul | sami tilar gêgendhongan ||

65. sakyèh rikang aningali | samya anarka lèn janma | apsari nurun nyanane | pan cahyane wong sapasar | samya kucêm sadaya | mung ni endhang yèn dinulu | cahyane mancur gumawang ||

66. lwir wulan purnamasidi | cahyanya Endhang Sasmita | sangking sangêt subrangtane | tinêkan sapanêdhanya | yyan mungguhing wong kopar | istijêrat wastanipun | yyan mukmin ngaran mangunah ||

67. karamat mungguhing wali | lamun nabi ran mujijat | kawarnaa ki apatèh | Gajahmada pan asowan | dhatêng sri naranata | miyos pasar lampahipun | ya ta aningali sira ||

68. endhang rinubung ing janmi | ki apatih arsa tanya | têdhak saking turanggane | marêpêki sarya ngucap | lah ta sira wong apa | kandhêg ing kene sirèku | ing ngêndi ta wismanira ||

69. lan sapa aranirèki | dene pae lan wong kathah | ni endhang umatur alon | inggih ta ulun punika | têtiyang sangking arga | wontên de wasta ulun |[17] Ni Endhang Sasmitèngpura ||

--- 83 ---

70. prapta ulun arsa ngabdi | dhumatêng Sang Brawijaya | tan antara glis praptane | timbalan sangking jro pura | pawongan kalih prapta | ki apatih kang dinunung | hèh rekyana patih ingwang ||

71. ingutus dening Sang Aji | Abathara Brawijaya | dene pasar gêng sêpine | sangking panggung katingalan | ulun kinèn mariksa | punapa prakaranipun | ing pêkên wontên punapa ||

72. dening pasar dalêm sêpi | matur Patih Gajahmada | mila sêpi pêkên katong | dene ta wontên têtiyang | prapta sangking ing arga | warnanipun lêwih ayu | ran Endhang Sasmitapura ||

73. sanggupipun sêdya ngabdi | dhatêng Sang Brawijaya |[18] lah nyai anêdha ingong | punika ingaturêna | dhumatêng ing sang nata | saksana binêkta sampun | wus prapta ing ngabyantara ||

74. rêna Sang Sri Maospait | mulat warnayu ni endhang | wus ngilokakên sira ge | iya ing parêkanira | wus alami kinarya | sêlir kêkasih sang prabu | nulya angandhêg ni endhang ||

75. kalawan Sri Maospait | angidham-idham kaworan | ngayang ngêlik panêdhane | ni endhang gêgêcok mêntah | bêbana ing sang nata | amothah siyang lan dalu | tan bêtah sri naranata ||

76. gènnya binabana mangkin | nulya sira tinutugan | saksana dhinahar age | nulya angêrik ni endhang | remane

--- 84 ---

jatha gimbal | sacrak sisih siyungipun | mantuk rêsêksi[19] ni endhang ||

77. gègèr jroning dalêm puri | sangêt duka Brawijaya | watange ingêmbat age | ni endhang karsa pinatyan | gya malayya ni endhang | mantuk mring kayanganipun | ya ta jangkêp sangang căndra ||

78. ambabar kang jabang bayi | miyos jalu putranira | lêwih abagus warnane | pae lawan ibunira | pan sampun winastanan | Ki Dilah kêkasihipun | ginumatèn dadah dulang ||

79. samana sampun alami | madhêp birai ki jaka | nulya atakèn yayahe | saurira ingkang uwa | iyèngsun ramanira | tan rêna sang rajasunu | kêdah takèn ramanira ||

80. ni rasaksi kewran galih | amicorèng jro ri kang tyas | dhuh Ki Dilah sutaning ngong | yèn ora ingsun waraha | bilih lunga nak ingwang | sapa kang kelangan sunu | ni rasêksi nulya ngucap ||

81. lah mênênga suta mami | mêngko ngong warah ing sira | ramanira sajatine | Brawijaya Majalêngka | kang ayoga ing sira | nanging poma anak ingsun | aywa babar kula sira ||

82. bok pinaido ing janmi | Ki Dilah umatur sira | ibu yèn mangkatên ingong | kawula ibu ngawula | dhatêng Sang Brawijaya | nawalani ibunipun | adhuh gusti sutaningwang [sutaning...]

--- 85 ---

[...wang] ||

83. aja ngawula sirèki | iya marang Brawijaya | manawa sira nak ingong | tan dèn aku ramanira | sapa kawogan wirang | Ki Dilah aris umatur | ibu suka tan sukaa ||

84. kawula amêksa ugi | tan kèndêl ulun ingampah | dahat kapengin wak ingong | angawula ing sang nata | Narendra Majalêngka | ri kang ibu pan kalangkung | gènnya arta driyanira ||

11. Dhandhanggula

1. Datatita lingira inguni | kocapa Jaka Dilah gya mêsat | sah sing ngarsane ibune | dahat wrin pitutur |[20] Jaka Dilah maksa lumaris | datan kêna ingampah | Ki Dilah wus laju | datan kawarna ing marga | lampahira praptèng nagri Maospait | cingak sakyèhing mulat ||

2. sapraptanirèng ing păncaniti | lampahira Ki Dilah tumama | adhedhe ing pasebane | ki apatih winuwus | Gajahmada ing Maospait | kalanira yun sêba | Ki Dilah kadulu | ngalosod anèng paseban | Ki Apatih Gajahmada nulya angling | rare ing ngêndi sira ||

3. Jaka Dilah matur ing ki patih | ulun raryalas tan wrin pinăngka | tan kantênan ing wijile | tan wruhing ing bapa babu |[21] ulun iki kang anusoni | pantês kidang manjangan | mrak ngêmuli ulun | kadya lêlayangan pêgat | sanggènipun [sanggènipu...]

--- 86 ---

[...n] tumiba sarira iki | sakarsaning Hyang Suksma ||

4. Ki Apatih Gajahmada angling | rare alas sapa aranira | lan apa karti mèrène | sira Dilah umatur | pan Ki Dilah ran ulun iki | karya ulun punika | dhatêng Maoslangu | arsa ngabdi Brawijaya | pênêd ulun sinangkêlangana arit | ulun dhatêng sandika ||

5. Kyai Patih Gajahmada angling | lah Ki Dilah payo mring paseban | lah sun aturakên mangke | mring natèng Majalangu | ki apatih lumampah aris | ingiring ring Dumilah | praptèng alun-alun | adhedhe waringin kalang | Brawijaya sineba ing păncaniti | pêpêk wadya punggawa ||

6. Brawijaya angandika aris | hèh wong gandhèk sira turunana | ing alun-alun dèn age | lah pariksanên iku | kang dhedhe soring waringin |[22] lah sira takonana | sang duta tumanduk | cundhuk Patih Gajahmada | nulya mojar matura duta ring gusti | pun Dilah angawula ||

7. risang duta sigra mangsah prapti | ing ngayunira Sang Brawijaya | sang duta atur sêmbahe | nênggih pun patih wau | ngaturakên ing pêcil alit | sakanipun ing wana | pun Dilah ranipun | arsa ngabdi ring paduka | sri narendra wau sira animbali | maring sira Ki Dilah ||

8. risang nata sigra angling |[23]

--- 87 ---

ya Ki Dilah alungguha sira | lan ponakawan alite | sira Dilah dinulu | sapolahe wus mambu ati | cahyanira Ki Dilah | lwir wulan mawêlu | ri sêdhêngira purnama | laku linggih solah mona lawan muni | sihna wijiling nata ||

9. tan warnanên laminira mangkin | sang nata apan karsa cangkrama | anggêrit sangsam lan banthèng | ambêbêrêg wana gung | sira Dilah umatur aris | maring Sang Brawijaya | lungaa tuwanku | kadohan dènnya cangkrama | ewuh aya asamar wana asingit | kita anggawa graha ||

10. lêng cangkrama ngalun-alun ngriki | anggêrit miwah ambêburua | sangsam kidang myang banthènge | ulun inggih pan sanggup | nêkakêna buron sakèhing | ing wana kaburonan | praptèng alun-alun | Sang Brawijaya ngandika | rare cili panakawan sanggup bangkit | iya sun antya sira ||

11. nahing yyan kita madyayèng ring ling | masthi ngong pisah jăngga murdanya | saha carmanya ngong sèsèt | tinona ngalun-alun | ring sakwèh wadya Maospait | lah ta Dilah kesaha | dèn agya praptèku | Ki Dilah amit manêmbah | nulya kesah tumama sirèng wanadri | prapta unggyaning yayah ||

12. ni rasêksi kagyat aningali | ri kang suta nulya tinangasan |[24] pinêkul suta janggane [jangga...]

--- 88 ---

[...ne] | ni rasêksi amuwus | hèh Ki Dilah baya tanpolih | sumiwi ring narendra | Natèng Majalangu | baya karuntikan sira | sutanira Ki Dilah nauri kang ling | kinongkon ulun biyang ||

13. anggiringa sato lan sakèhing | dhatênga ing alun-alun ika | iku sang nata karsane | ni raseksi amuwus | lah Ki Dilah muliha aglis | ingsun kang anggiringa | maring alun-alun | sakyèh ri kang sato alas | andêlêna biyangira anèng wuri | nuwuki karsèng nata ||

14. sutanira Ki Dilah nulya mit | sigra mêsat tumamèng nagara | praptèng ing alun-alune | Sang Natèng Majalangu | ri sêdhênging siniwi mantri | anèng ing pagêlaran | Ki Dilah kadulu | ingiring ing sato wana | sangsam kidang maesa banthèng lan kancil | samya munya sadaya ||

15. yèn janmaa padha sira angling | ngaturakên pêjah gêsangira | sumăngga ing sakarsane | mring Natèng Majalangu | sira Dilah umatur aris | dhuh sang sri naradipa | ngaturakên ulun | atur sakyèh sato alas | pan sumăngga ing sakarsaning Nrêpati | Brawijaya narima ||

16. nulya mangkat lawan para rabi | sami nitihi padhati sinang | Ki Jêbat Bètri arane | sangsam ginêrit sampun | Brawijaya sukaniranting [sukani...]

--- 89 ---

[...ranting] | salaminya anggangsang | tan kadya puniku | kasukanira nèng dunya | katingalan Ki Dilah kang dadi margi | suka Sang Brawijaya ||

17. pinakolih Ki Dilah pakarti | mapan sira kinulawisuda | jinunjung mantri lungguhê | jinênêngakên sampun | Arya Damar sinung nagari | tanah sabrang Palembang | apan dadi ratu | binaktan wadya salêksa | sangking Jawa ingakên putra nrêpati | dibya pan kinasihan ||

18. ri sampunya sasmita rumiyin | kang kocapa Risang Putri Cina | ingaturkên sang natane | dening Raja Cinèku | lêwih ayu citra sang putri | yèn ngumbe maya-maya | gêdhah isi madu | upama miwaha jênar | yèn adhahar katingal upan-upaning | lwir widadari kêndran ||

19. Brawijaya sukanira ênting | sinêngkakakên Sang Putri Cina | wus dadya grahanira nèm | ing tyas kamulènipun | pramèswari ing Darawati | grahanira kang tuwa | apan ing sih kantun | pramèswari sigra mular | nuhun pêgat ulihna ing yayah bibi | pan ingsun putri Cêmpa ||

20. Brawijaya sigra dènira ngling | ariningwang yèn sira tan arsa | mêmaru Putri Cina gèr | yêkti iku sun tundhung | sangking pura ing Maospait | Brawijaya nênurat | sangking sining kalbu | kawrat nawalanèng patra | wus sinungakên ing Gajahmada Patih | gya tinampanan nêmbah ||

21. pan [pa...]

--- 90 ---

[...n] widagda Gajahmada Patih | wus uninga ri cipta sang nata | adan lumampah sira ge | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalanirèki | tinundhung mantuk sira | sangking Majalangu | ing Garêsik pamondhokan | pan anganti wadine sri narapati | wadine kang kinarsan ||

22. sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lawan Arya | Damar sira nulya lèngsèr | sangking paluguhipun | Patih Gajahmada sira ngling | hèh Risang Arya Damar | ulun pan ingutus | dènira sang naradipa | maringakên graha dalêm risang aji | kang wijil sangking Cina ||

23. myang kang layang Prabu Majapait | kinèn matêdhakakên ing tuwan | nulya tinampan sira ge | mring Arya Damar sampun | ri kang surat binabar aglis | adan nulya winaca | pèngêt layang ingsun | Brawijaya Majalêngka | hèh Sang Arya Damar sira sun paringi | risang putri ing Cina ||

24. iku aja korowang sarêsmi | lah antinên ing titipan ingwang | yyan na wus mijil putrane | iku karsanirèku | risang putri ing Cina ugi | pan iku grahanira | yya ataèng ingsun | ri sèsthinê prayaningwang | apan kawrat anèng patra kang sun tulis | rampung tata titinya ||

25. Arya Damar sigra dènira ngling | hèh Kiyai Patih Gajahmada | matura ing sang nata ge | sêmbah ulun anuhun |

--- 91 ---

karan ulun kandhêg Garêsik | alami tan alayar | anganti ing ulun | karsane sri naradipa | rèhing mami ngawula sri narapati | eman ewuh ing lampah ||

26. Kyai Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah tumamèng nagara | praptèng ing Majapaite | risang nata kapangguh | Patih Gajahmada tur aris | hèh risang naradipa | ulun tuwan utus | dhatêng ing Sang Arya Damar | maringakên sêrat kalawan sang putri | anuhun Arya Damar ||

27. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | nulya binabar layare | anuju angin timur | dan lumampah palwanira glis | kadya jaran angêrap | ing Palembang rawuh | tumama ring ngabyantara | Arya Damar têtêp umadêk nêrpati | anèng nagri Palembang ||

28. ênêngakna kang madêk aji |[25] ing Pêlembang ing Cêmpa kocapa | Mandum[26] Brahim pêputrane | kêkalih samya jalu | kang asêpuh wastanirèki | kêkasih Radèn Rahmat | rikang anèm wau | Radèn Santri namanira | Raja Cêmpa putrane wau winarni | nama Radèn Burerah ||

29. Radèn Rahmat kang arsa apamit | mring kang paman Sang Raja ing Cêmpa | tansah kalawan arine | Radèn Rahmat gya matur | ri kang paman anuhun pamit | kawula arsa kesah | anuhun pangèstu | arsa dhatêng tanah Jawa | atêtuwi mring uwa ing Maospait | Raja Cêmpa ngandika ||

--- 92 ---

30. iya sun lilani sira kaki | anging arinira iku nyawa | sira gawaa karone | saparan aywa kantun | Ki Burerah lawan Ki Santri | iku wêwêkas ingwang | ywana salah dunung | ya ta sampun sinangonan | ri sang putra katiga wus angabêkti | wus umangkat katiga ||

31. wus anitih baita lumaris | alayar nêngah mring nusa Jawa | datan kawarna lampahe | prapta ing Majalangu | dyan cumundhuk risang nrêpati | prapta putra têtiga | sukèng tyas kalangkung | pan dahat binoja-boja | tan winarna lamine nèng Majapait | apan sampun sawarsa ||

32. kawarnaa apan uwus lami | Radèn Rahmat apalang krama |[27] punika antuk putrane | Wilatikta Tumênggung | pan kêkalih putrinirèki | Tumênggung Wilatikta | èstri kang pabayun | awasta Gêdhe Manila | apan sampun pinanggihakên ning nguni | kalawan Radèn Rahmat ||

33. kang taruna aran Jaka Sahid | jalu warnane bagus anawang | jangkêp kêkalih putrane | Rahadèn Rahmat wau | wus apamit dhatêng nrêpati | awisma Ngampèldênta | êgènnya[28] dhêdhukuh | wau ingkang kawarnaa | Radèn Santri lan Radèn Burerah nguni | wus sami palakrama ||

34. apan angsal atmajanirèki | Arya Teja kêkalih putranya | sami wanodya putrane | samya yu warnanipun |

--- 93 ---

ingkang sêpuh kalap Dyan Santri | dene ingkang taruna | pan kagraha sampun | dhatêng Radèn Burerah |[29] radyan kalih apan sami nuhun pamit | dhatêng Sang Brawijaya ||

35. apan karsa dhêdhêkah Garêsik | radèn kalih wus sami ngidenan | datan warnanên polahe | wus sami adhêdhukuh | radèn kalih anèng Garêsik | wau kang kawarnaa | molana nyar rawuh | maolana saking Juldah | apêparab Sèh Wali Lanang anênggih | jumujug Ngampèldênta ||

36. wus apanggih angraos ing ngèlmi | lawan Susunan ing Ngampèldênta | molana lajêng lampahe | angetan lampahipun | Sèh Molana sigra gya prapti | muara Balambangan | wastane kang dhusun | anênggih ing Purwasata | kalanira Prabu Balambangan mangkin | dawêg gêrah putranya ||

37. tatămba kathah kang andhatêngi | nanging tan ana kang marasêna | kala samana kandhane | Sèh Wali Lanang iku | ingkang marasakên sang putri | samulyane sang rêtna | kang rama kalangkung | sukane wêrdayanira | karsanira ing wau sri narapati | arsa pinanggihêna ||

38. kang putra lan Sèh Maolana di | lan antara apan wus kagraha | sang putri mring molanane | tan kocap laminipun | kawarnaa sang rajaputri | apan sampun awawrat | sêmana sang prabu | sinêlamakên tan arsa | mring kang putra mantu Ki Sèh Molana di | nanging dahat tan arsa ||

--- 94 ---

39. ri sampuning sang nata tan apti | sinêlamakên anut agama | Sèh Wali Lanang nulya ge | kesahira andarung | mring Mêlaka sinêdyèng ati | sang putri pan katilar | lagya bobot sêpuh | nagari ing Balambangan | satilare Molana dèn parag gêring | akathah kang wong pêjah ||

40. wawratane sang putri wus mijil | miyos lanang Prabu Balambangan | rare kinèn buwang agse | ing tabêla linabuh | ing samodra kang jabang bayi | kunêng kang kawarnaa | Samboja winuwus | lungsur pangawulanira | nulya ngawula mring natèng Majapait | antuk dènnya ngawula ||

41. pan ginanjar tinandur Garêsik | Ki Samboja kacatur wus pêjah | wau kang kantun rabine | kalangkung sugihipun | padagange kathah winarni | mangkana cinarita | pan sakadangipun | mring muhara Balambangan | ing samodra manggih tabêla ing nguni | tabêla dyan ingalap ||

42. tiningalan yèn isi bêbayi | langku[30] bungah manahing nakoda | anulya binêkta mulèh | anulya panggih sampun | lawan Nyai Samboja nguni | jabang bayi punika | nyai kang amundhut | ingambil pinutra putra | wus diwasa kinèn angaji mring nyai | mring Sunan Ngampèldênta ||

43. dening ingkang winardi angaji | rare kêkalih ingkang satunggal | kang putra Susunan Ngampèl | Santri Bonang ranipun [rani...]

--- 95 ---

[...pun] | gènnya mupu nyai winarni | Santri Giri wastanya | karo ngaji sampun | mring Susunan Ngampèldênta | Santri Bonang kalawan Ki Santri Giri | kadi sadulurira ||

44. tan winarna pan sampun alami | Santri Giri lawan Santri Bonang | angaji karo karsane | mring Mêkah karsanipun | dyan umangkat tiyang kêkalih | tan kawarna ing marga | kandhêg lampahipun | nèng nagari ing Malaka | pan angaji mring Sèh Wali Lanang singgih | kapanggih nèng Malaka ||

45. tan winarna laminya angaji | nèng Malaka pan sampun sawarsa | anulya tinundhung mulèh | ki sèh ingkang anundhung | aja laju mring Mêkah ngaji | uwis sira muliha | karo putuningsun | karo pisan pinaringan | jungkat sami lawan rasukan jubahi | miwah kaskule pisan ||

46. Santri Giri dipun kasihi |[31] ajêjuluk Sang Prabu Sètmata | Santri Bonang kêkasihe | wus sinungan jêjuluk | Prabu Nyakrakusuma adi | nulya mantuk mring Jawa | wangsul prênahipun | wus prapta ing Ngampèldênta | kawarnaa wontên druwis angaji |[32] Ngatasangin wijilnya ||

47. Sèh Saraidin ingkang kêkasih | angajawa dunung Ngampèldênta | wus cundhuk lan Sunan Ngampèl | aprakawising ngêlmu | ingkang winiraos sawêngi | lawan Kangjèng Susunan | Saraidin wau | ri sampun apêpamitan | tan kawarna Ki Sèh Saraidin [Sara...]

--- 96 ---

[...idin] lalis | sina tana pamalang ||

48. kunêng ingkang kawarnaa malih | Tumênggung Wilatikta putranya | Ki Jaka Said wastane | nênggih karêmênipun | ngabotohan miwah ajudhi | kècèk gimêr malandang | rêmên ngabên sawung | lêlana dhatêng Jêpara | lamun kalah bêbegal karyanirèki | Radèn Said sêmana ||

49. Radèn Said pan angadhang margi | wontên ing wana ran Jatisêkar | lor wetan Lasêm prênahe | Sunan Bonang winuwus | saking Malang lagya lumaris | liwat ing Jatisêkar | sigra dyan katêmu | lan Jaka Said samana | Sunan Bonang wau angandika aris | sira iki wong apa ||

50. wong liwat têka sira adhangi | Radèn Said asru dènnya ngucap | ingsun iki amèk gawe | bêbegal karyaningsun | Sunan Bonang ngandika aris | besuk sira begala | yèn ana lêlaku | anganggo wulung ing benjang | lan sêsumping kêmbang wora-wari abrit | iku sira begala ||

51. Jaka Said dhatêng anuruti | sapangandikanya Sunan Bonang | datatita ing lawase | antara tigang dalu | Radèn Said angadhang margi | wau Susunan Bonang | wus angagêm wulung | wora-wari bang sêkarnya | nulya langkung prênahe kang ngadhang margi | sigra nulya kapêdhak ||

52. Radèn Said sigra angadhangi | mring susunan wau ingkang liwat |

--- 97 ---

pinêgatan saparane | tabêlat papat iku | Sunan Bonang pan catur warni | radèn nulya tumingal | lor wetan lan kidul | kulon wontên Sunan Bonang | sigra dhêku Radèn Said atur bêkti | ngaturkên tobatira ||

53. Sunan Bonang angandika aris | yèn sira têmên anut maringwang | angguru ing satêmêne | turutên ujar ingsun | iya êcis ingsun puniki | alah sira tunggua | poma ujar ingsun | aja sira lunga-lunga | Radèn Said sandika sarwi tur bêkti | Sunan Bonang wus kesah ||

54. tinilar maksih nyêkêli êcis | tan winarna nênggih laminira | sampun sawarsi lawase | Sunan Bonang gya rawuh | anilika[33] mring Radèn Said | pan sampun dadi wana | Sunan Bonang muwus | sigra anguluki salam | punang alas mulya sirna tan kaèksi | radyan sampun katingal ||

55. radèn kantun kêkêtêg kaèksi | tinilar malih mring Sunan Bonang | nênggih sawarsi lamine | wus jangkêp kalih taun | dènnya tapa Rahadèn Said | kinon mring Sunan Bonang | lungaa sirèku | rahadèn sarwi winêjang | marang ngèlmu kalawan bêkti ing Widi | rahadèn nulya kesah ||

56. nulya ngaluwat radèn sawarsi | sasampunê ngaluwat rahadyan | kesah mangilèn parane | Carêbon kang jinujug | sapraptane Carêbon nuli | Radèn [Ra...]

--- 98 ---

[...dèn] Said dhadhêkah | ing alas asamun | winastanan Kalijaga | sabatipun rahadèn ika kêkalih | saya agêng kang tapa ||

57. lamun dalu ajaga mring kali | yèn angantuk kagêbyur ing toya | lajêng angèli lampahe | upêt bêbêktanipun | sampun lama gêntur kang tapi | upêt kèlêm tan pêjah | dènnya ngèli mantun | Rahadèn Said punika | wus sinêkti rahadèn ngalih kêkasih | Susunan Kalijaga ||

58. tinutur malih Susunan Kali | kalaning Carêbon namur lampah | dadya marbot panamare | pakartyanya angasu[34] | angisèni pabongan sêpi | sabên asat pabongan | gya ingisèn gupuh | mring Susunan Kalijaga | pan dinalih ing lyan yèn marêbot yêkti | kawarnaa sêmana ||

59. nênggih Susunan ing Gunungjati | ingkang angrèh nagri Carbon ika | wruh marêbot pangangsune | sabên-sabên angangsu | ki marêbot dipun tingali | ya ta angraos wêlas | tyasira sinuhun | umulat marêbotira | dupi dalu pabongan sinat kang warih | ya ta ingisèn êmas ||

60. bangun rintên gya Susunan Kali | mèh numpak ing wêktu subuh ika | Sunan Kali ngangsu age | sapraptanirèng ngasu | kang pabongan dipun ungkabi | pinariksa êmas |[35] jro pabongan wau | Susunan Lèpèn ngartika [ngarti...]

--- 99 ---

[...ka] | ri tyasira nulya nyipta êmas aglis | karya umpak pabongan ||

61. sarta pabongan wus kêbêk warih | Susunan Gunungjati sêmana | enjing wus tumêdhak age | arsa asalat subuh | mring pabongan arsa sêsuci | ningali kang pabongan | êmas umpakipun | Susunan ing Gunungjatya | wus tan samar yèn sira Susunan Kali | ki marêbot punika ||

62. tan winarna polahirèng nguni | Susunan Kalijaga sêmana | apan wus ingambil ipe | pinanggihakên sampun | lan sadhèrèk anèm pan èstri | wau datan winarna | solahirèng dangu | Susunan ing Kalijaga | pan kaipe mring Susunan Gunungjati | mangkana purwanira ||

63. tan kocapa kang tumêkèng wali | kawarnaa nagara Palembang | Arya Damar ing jênênge | tan ana walêripun | wong Palembang sadaya sami | suyud tan ana malang | samya sih alulut | tan ana rêngating nala | Arya Damar titipan putra wus mijil | êntya apêpasihan ||

64. risang putri patutan kêkalih | sami jalu pambayune ika | Radèn Patah jêjuluke | nênggih bêbêktanipun | sangking prabu ing Maospait | kala ngidham kaworan | pinisah karuhun | sira sang putri ing Cina | patutane lan Arya Damar satunggil | Radèn Usèn kang nama ||

65. putra kalih jalu samya pêkik | warnanira antya [a...]

--- 100 ---

[...ntya] lir wong kêmbar | apan samya ri baguse | awayah diwasa wus | Arya Damar mojar sira ris | maring ing grahanira | mirah grahaningsun | putranira wus diwasa | yèn sêmbada lawan karsanira yayi | sun jênêngakên nata ||

66. gumantia ri jênêng ngong aji | sutanira kang pabayun nyawa | Rahadèn Patah yogyane | dadia patihipun | Radèn Usèn arine ugi | ulun asrah nagara | ambagawan ingsun | mupung ulun mêksih gêsang | ngwang amomong Radèn Patah dadi aji | ing nagara Palembang ||

67. pramèswari ing Cina sira ris | sigra mojar kakang prabu iya | para yoga sasmitane | sandeyane tyas ingsun | maring putranira kêkalih | mêksih timur kang wayah | dèrèng ungsumipun | lamun jumênênga nata | putranira karo sira pan dèn sandhing | amiyarsa dêlingnya ||

68. Arya Damar sigra dènirangling | hèh sang pramèswari sutanira | iku anêngguh ing têmbe | pasthi jumênêng ratu | Radèn Patah ana ing Jawi | purwa raja kang Sêlam | sirnèng Majalangu | raja kapir kang ginantyan | mêngku Jawa sineba ing para aji | Jawa tan pasingsingan ||

69. lêhêng mangkin jumênênga aji | mungpung ulun mênangi agêsang | măngsa wandea ing têmbe | sutèng ulun puniku | dadi aji anyakrawati | Radèn Patah punika | trêsnèng [trê...]

--- 101 ---

[...snèng] ulun sunu | sun pudya dadia nata | gumantia ri jênêng ingsun nrêpati | amangkua byantara ||

70. pramèswari Putri Cina angling | sutèng ulun sira Radèn Patah | idhêpên rama ujare | sira dadia ratu | mupung ulun mênangi urip | arèrèn marang sira | yèn dadia ratu | aêca ingsun anendra | lan abukti yèn sira wus dadi aji | gumanti ramanira ||

71. Radèn Patah matur ing ramaji | ulun inggih lêngganèng ing karsa | yyan dadèkkên nèng natane | anggantyani ramèku | dening ulun mudhari ngati | dèrèng wruhing sasmita- | ning bala wadya gung | dadi asuka paguyyan | lamun ulun gumantia ing nrêpati | merang jênênging nata ||

72. pan jênênging ratu dibya lêwih | apan wikan wilanganing wadya | bala tan wruh sasmitane | maring jênênging ratu | punika ratu kang linêwih | yyan ratu tan mangkana | nistha jênêngipun | pan yakti wadya sadaya | ngayun-ayun panjênêngan ratu adil | Cina nagara karta ||

73. ulun iki dèrèng wruh ing wangsit | ing nagara yakti dadi nistha | dadi paguywaning ngakyèh | dening ngong mudha punggung | yêkti awèh surêm nêgari | adil pan dèrèng wikan | dadya ara-uru | sakyèhing wadya sadaya | pan wus wikan ing mudhane sang bupati | ngangge sakarsanira ||

74. Arya Damar mênêng tan nauri | ing wacananira Radèn Patah | abênêr

--- 102 ---

ika tarkane | myang pramèswarinipun | Putri Cina tan kêna angling | amirsa ing wacana- | nira ingkang sunu | Radèn Patah pan prayoga | lwir wong tuwa smune pan wus gumanti |[36] mring kang awèh titipan ||

75. nahên ujar arya dan sumilih | Radèn Patah masukêt ing manah | ya taman pasingkabane | sang hyang arka sumurup | ri mangsaning ri têngah wêngi | Radyan Patah kabwatan | dahat nirèng sêmu | nir tyas dutaning akathah | angkên-angkên sarira paran bedaning | dadia raja mudha ||

76. Radèn Patah glana sandeyaning | manahira anarka yèn prana | winrêk agati têmahe | manah lwir angsa muluk | lamun tinon salab wiyati | ing wêngi ciptanira | kaya satus taun | agring upama lwir wadya | Radèn Patah pan wus wikan sarasaning | kaksana janmotama ||

77. Radèn Patah lolos sangking puri | kang tinurut ngurung-urung toya | sampun miyos byantarane | andarung lampahipun | cipta suci kang dèn turuti | anawang bawaning lyan | nir deya tan ketung | tumama ing Wanantara | iring-iring jurang ajro dèn lampahi | tuban anêmpuh parang ||

78. mèh raina sêmu bang hyang rawi | ri kaywan saanane padha swang | sata wana anjêgigèr | mrêrak padha anguwuh | yèn janmaa kadyawèh margi | padha tinundha-tundha | aswang paksi ngênu [ngê...]

--- 103 ---

[...nu] | myang manuk sêtya wacana | yèn janmaa unine akadya ngaturi |[37] rahadyan arèrèna ||

79. awan sakulêm datan kêjêping | yaktya lêswa yogya araryana | jahning mahning talagane | kadya langit dinulu | kambang tangwas wulan upami | ri kasêdhêng purnama | kusuma sumawur | wintang tulya padha lumrang | sarineka lwir jalada gănda wangi | kongas maring rahadyan ||

80. tunjung kuncup pan kumumbu sami | padha manêdhêng rêbut mapunjyang | upama ika tangane | marêp nganjali iku | yyan janmaa padha sira ngling | lah ta mara dyan mulata |[38] kabèh mêkar ngulun | lung-lungan ngadhang ing marga | pan rumêbèng yèn janmaa upamaning | padha ngawe ring tangan ||

81. kyèh talmagêng ana ring têpining | ing talaga pan nêdhênging mêwah | kyèhnya runtuh lwir balange | laman alas pan agung | tita nguni madyusing jyahning | punika ya binalang | yyan janma amuwus | rahadyan manawi raryan | ing talaga madyusning jyahna mahning |[39] talmagêng yyan mojara ||

82. Radèn Patah rêmên aningali | ring talaga nulya sira raryyan | alinggih anèng têpine | kabèh manêdhêng sampun | wohan alas tinon tulya sri | wite sawiji kêmbang | matêng sawohipun | myang nyadham kamaropokan | wohnya ruru agêlar myang kêmbang wangi | adi anèng buntala ||

83. tyasnya siji catur dasa warni | kadya aywas[40] lir sang dyah kasmaran | rasaning tyasnya manise |

--- 104 ---

anênggih patwang puluh | yèn janmaa padha sira ngling | rahadyan adhahara | manise woh ulun | pangucaping kêmbang tunggal | padha madhêp muka kêdah dèn tingali | manglung mring Radèn Patah ||

84. kang mandira ramya dèn tingali | kêmbangira kadya sampun ahyas | apan manda ing angine | kapwa ya sira nêmpuh | panging adoh soka lwir nginggil | manda nulah panjuga | pan mangsêh manungsung | mandoni ning bramaranya | pan kaangkên wanodya punika angling | marêp maring rahadyan ||

85. kayu alas kabèh padha wangi | lwir kalêmbak myang wraksa candhana | masoyi adas cêngkèhe | kasturi kayu garu | nagasari lawan kamuning | widasari cêpaka | lawan pacar dadu | andong bang lan kanigara | argulonya gambir kalawan malathi | anjrah sêkar sridênta ||

86. patalanya lwir salaka putih | karikilnya lir manik pathika | candrakanta myang manike | yuryakanta[41] bra murup | mirah nila pakaja êning | intên myang nawa rêtna | ujwalanya murub | ing wêngi mulya raina | sang hyang surya kasoran ujwalèng manik | merang marèng ujwala ||

87. purwa ri gêng kayu kapur iki | kulitira tumitis gêtihnya | maputih ika warnane | ring suryakanta dhawuh | gêtihira arata êning | pan dadianing dupa | upama kumukus | marbuk winging[42] ganda kongas | yèn janmaa [ja...]

--- 105 ---

[...nmaa] kadya manungsunga inggih | gănda manub ing radyan ||

88. Radèn Patah lwah saking sayati | ciptanira lwir wrêksa candhana | dinina dinadar dumèh | pamangsule mrik arum | dening budi wahya wiyati | kèsisan wrahning ima | nirmala sumunuh | sanityasa tya susatya | silar saking gêlah-gêlah tata suci | byaktyas pasthika maya ||

89. sakathahing burwan alas sami | pan kampita kênasnya malaywa | amirsa marang radèn |[43] ing Wanantara rawuh | yyan janmaa padha sira ngling | padha-padha satwalas | ngatingal ing ulun | rumêksa ring sira radyan | padha rawuh yyan janmaa magêrsari | ngubêngi Radèn Patah ||

90. liman alas limang puluh dyusing | talaga tar lagèng samya burwan | ataha-taha ring tyase | gadhing inasah gupuh | ri kang watu ridang mrih lungid | ya ta milu malaywa | tan erang ing lêmu | gya mulat buron akathah | yyan rumêksa ring radyan wus mangubêngi | liman rumêksèng radyan ||

91. prapta liman mêndhêk manganjali | yyan janmaa matur ing rahadyan | mênawi tumanduk age | nitihèng gêgêr ulun | lawan singa jajare linggih | ing nguni pan nirbaya | lawan gajah atut | myang warak kalawan wagra | padha munya yyan wonga padha sira ngling | madhêp ing karsa radyan ||

92. Radèn Patah malandhêp ing ati | aningali wana gung kwèh kênas | munggwing ing wrêksa unggyane | ciptanira atrênyuh | wuwuh dadya subrangtèng ati | panging kayu [ka...]

--- 106 ---

[...yu] kawuryyan | alurus dinulu | tinampan apan mapanah | patranira aendah upama taji | amanah jajaning lyan ||

93. Radèn Patah tinêkan ing widi | yèn alawas ing sananira |[44] sampurnane sarirane | subratanira nglangut | nulya mujya marang Hyang Widi | hèh bathara kang mulya | tingalana ulun | baya lali duwe wadya | ing jangjinè jênênging kawula gusti | tan kenging pasahêna ||

94. datatita lingira ing nguni | kang kocapa nagri ing Palembang | Dipati Arya Damare | tatasing siyang wau | punang cèthi anjrit kapati | kang tunggu pasarean | Radèn Patah suwung | murca saking pagulingan | Radèn Usèn miyarsa panjriting èstri | tarkanira wus wikan ||

95. Radèn Usèn malayu kapati | lumancang ing kyèhni[45] wong Palembang | dènnya ngulati kakange | nulya manjing wana gung | Arya Damar kagyat ning ati | mirsa wong pasarean | tangise gumuruh | tumama ring Arya Damar | samya matur ing Arya Damar sira glis | putra paduka ical ||

96. Arya Damar saha pramèswari | dahat gupuh ngulari kang putra | têlas sadalêm purane | saèstu lamun suwung | putra kalih tan anèng puri | Radèn Usèn duk kesah | yayah dahat tan wruh | yyan anusula kang raka | tarkanira sang arya mring putra kalih | sarêng musnèng byantara ||

97. Arya Damar mijil sangking puri | saha bala miwah grahanira | anitih [ani...]

--- 107 ---

[...tih] èsthi kalihe | nulya sira tumanduk | Jawi kitha panèpis iring | padêdesan wus têlas | putra tan kapangguh | malah têka ing sadina | angulati putra tan măntra kapanggih | umênêng Arya Damar ||

98. Arywa Damar mojar ingkang swami | hèh sang putri ing Cina riningwang | tanayanira rahadèn | karo datan kapangguh | datan owah jangjining Widdhi | tan kêna ngrekadaya | pan wus jangjinipun | pinisah yayah lan suta | pira bara yèn sira sinungan panggih | ing benjang dening Suksma ||

99. pramèswari mênêng pan umiring | wus pinupus yèn karsaning Suksma | sang arya mantuk lampahe | tumama ring kadhatun | myang sakathahing bala mantri | mantuk sowang-sowangan | maring wismanipun | wong sanêgara Palembang | jalu èstri sadaya samya gêng kikin |[46] nata kecalan putra ||

100. ri sampunnya lingira inguning | kang kocapa Radèn Usèn ika | prapta ing Wanantarane | kandhêg ing lampahipun | Radèn Usèn nulya ningali | mangilèn ngalor ngetan | kang kidul kadulu | tan ana janma katingal | Radèn Usèn mêmènèk wraksa waringin | inggil tatanpa padha ||

101. Radèn Usèn tumulya ningali | ngetan bênêr saojana ika | umulat marang kadange | pinggir talaga lungguh | Radèn Usèn angling ing ati | nyata ika si kakang | ring panduluningsun | yèn [yè...]

--- 108 ---

[...n] ingsun amaranana | ring si kakang manawa ulun dinalih | ingutus dening rama ||

102. yêkti kagyat si kakang ing mangkin | manahira anarka maringwang | kino ing rama swèng mulèh | yêkti duka mring ulun | Radèn Usèn mudhun ing siti | nulya sira lumampah | pinaliwat sampun | kira-kira sapandulwan | têngahira Radèn Patah aningali | yyan ari nara lintang ||

103. pan kawuri Radèn Patah syèngi | Radèn Usèn ari merenea | pan ulun ana ring kene | Radèn Usèn awangsul | amiyarsa kakange angling | mangsêh manungsung agya | arinira cundhuk | manêmbah ring kakangira | Radèn Patah nulya sira dèn sungkêmi | manangis arinira ||

104. Radèn Patah sigra dènira ngling | ari Usèn mring ngêndi karsanya | atur sèmbah Radèn Usèn | kakang dinukan ingsun | dening rama dika sang aji | dene ulun lênggana | ing karsa sang prabu | kinarya patih tan miyang | ulun iki tinundhung dening rama ji | lunga sangking Palembang ||

105. mangkin iki tumamèng wanadri | tarkaningwang ulun yèn têkaa | anarka mring Jawa age | ngawulèng Majalangu | Brawijaya dibya ing Jawi | pratama ing ingrat sabrang |[47] pra nata kang mungsuh | ambêk sadu palamarta | sarya boga suta wisesa pan adil | Jawa tan Pasingan |[48]|

106. Radèn Patah sigra dènnya angling | ari Usèn mangkono karsanya | ulun milu sira [si...]

--- 109 ---

[...ra] radèn | karsanira sun êtut | ayya pisah ari lan mami | parastra rip parênga | kita lawan ulun | anulya parêng lumampah | sampun lêpas ana wong bêbegal kalih | angadhang nèng dêdalan ||

107. purwanira bêbotoh kalindhih | ngadu ayam dunyanira têlas | malah ing suta swamine | tinohakên pan sampun | anggurangsang manah tan bêcik | dadya begal langên tal | myang saduluripun | pun Supala kang atuwa | arinira apan awasta Supali | manahira lwir buta ||

108. pun Supala lawan pun Supali | angêmbat lawung anumbak lêmah | kurang mungsuh ing nityane | anandêr anglir nêmpuh | amrih nir tyasing kang lumaris | pun Supali gya mojar | maring kakangipun | kakang Supala ngong mulat | wong lumampah ring ngayun ika kêkalih | iku yogya maling wang ||

109. Radèn Usèn sigra dènira ngling | kakang Patah ana wong bêbegal | ing ngayun ika kêkalèh | angadhangi dalanggung | lah ta kakang dèn yitna ugi | mirea ingkang kiwa | ulun apan purun | wong roro angêmbarana | tan antara kang ambêbegal gya prapti | Supali lan Supala ||

110. nulya mêgati mring radèn kalih | hèh wong ngêndi roro liwat |[49] nèng Wanantara ing kene | lan ta sapa jênêngmu | Radèn Usèn nulya sira ngling | lah sira silih sapa | angadhang dalanggung | aja sira [si...]

--- 110 ---

[...ra] salah karya | lah mirea ingsun pan arsa lumaris | aja ngandhêg wong liwat ||

111. jênêng ingsun Supala Supali | kang duwèni alas Wanantara | sun gawe pangan sêdhênge | amêgati dalanggung | sing wong liwat ingsun dhèdhèli | ing sang panganggeneka | tumbak lawan dhuwung | iku pasthi duwèningwang | hèh wong roro aja kakêhan dera ngling | lah tilara busana ||

112. Radèn Usèn sigra dènira ngling | hèh Supala Supali tan suka | sira ingsun jaluk age | saha panganggèn ingsun | sun rewangi sabaya pati | mêngko pêksa dera lap | sangking angganingsun | yèn ingsun uwus palastra | karsanira agya Supala Supali | sigra kalih narajang ||

113. Radèn Usèn dèn cêkêl tan kêni | kinêmbulan wong roro aniba | kasaliring ing tindake | jongor untunya runtuh | tan ngrasa Supala Supali | tangi nulya narajang | anuduk pan luput | pama kadi wêwayangan | Radèn Usèn pangadêgira tan gingsir | tinêngên myang kiniwa ||

114. panuduke tuna tibèng siti | burangkangan pan kêna ing parat | lumpuh dumuh citrakane | sêsambatnya mlasayun | apuranên ulun dosèki | yyan ulun waluyaa | kadi ingkang dangu | punagi ulun ngawula | dhatêng kita sak ênggon kita tut wuri | tulus dadi abdinya ||

115. Radèn Usèn sigra dènnya angling | kakang Patah punapa rèhira | si begal iki ature | Radèn Patah

--- 111 ---

sumaur | ari Usèn lamon prayogi | Si Supali Supala | warasêna iku | muliha ing wismanira | ingkang dhingin mirsa Supala Supali | citrakanira sirna ||

116. Radèn Patah ciptanira ngati | aparêng lawan karsaning Suksma | andhatêngi barat gêdhe | mêsês anginya umyus | anub wraksa bayu bajraning | sêmpal pang kaparapal | rug kang kayu êpuh | sakyèhing wraksa tan ana | tan antara pun Supala lan Supali | katub dening maruta ||

117. mring gêgana Supala Supali | uwus têka anèng mêdya gantang | saalap-alap gêdhene | lamun sira dinulu | nulya sira salab wulati | tan antara Supala | Supali gya mudhun | tumiba ing wismanira | sarasane lwir munggwing kasur gêguling | agrah lir kinêpêtan ||

118. Radèn Usèn sigra denira ngling | kakang Patah yèn prayoga kita | lah kesah sangking ring kene | ing pasisir jinujug | nêdha ngadhang juragan sami | mênawa ana liwat | nêdha padha nunut | Radèn Patah kaprayoga | ing ature Radèn Usèn ingkang rayi | sigra nulya lumampah ||

119. radèn kalih sangang dinèng margi | Wanantara tan boga anendra | angungang gunung ujunge | pasisir pan kadulu | ri kang gunung ngungang jaladri | ujung pan kaunggahan | dening robing ranu | mapan asri katingalan | ri pantêse dadya unggyaning abrangti | radèn kalih kacaryan [ka...]

--- 112 ---

[...caryan] ||

120. tatkalayar prapta anèng giri | Rasyamuka tilasing patapan | ingagenan radèn kalèh | wraksa aking angaub | tigang căndra radèn tan gingsir | wraksa aking apatra | angaubi sampun | ana juragan alayar | ing samodra parau kandhêg tan gingsir | ki juragan kampita ||

121. ki juragan nulya aningali | pinggiring kang gunung Rahsyamuka | ana wong tapa kêkalèh | ki juragan amuwus | yèn kênaa lumampah aglis | palwaningsun alayar | sun marêk sang wiku | kang atapa Rahsyamuka | sun ngabêkti ngaturakên pati urip | nulya obah kang palwa ||

122. dan lumampah palwanira aris | yyan janmaa ciptane mangkana | angajak marêk rahadèn | ki juragan amuwus | kaya iki karsaning Widi | hèh sakèhing bandhega | nêdha sami biluk | dinunung ring Rahsyamuka | tarkaningwang payo marêk ing sang yati | kang tapa Rahsyamuka ||

123. ingkang palwa lumampah lwir angin | sigra dhatêng giri Rahsyamuka | nulya cinancang pinggire | juragan nulya mudhun | dan sumêngka sira ing ardi | mênggêp narka mahatma | sidyakêna iku | saciptanira mring radyan | nulya tinon Radèn Patah myang kang rayi | manusup Wanantara ||

124. nulya dhatêng bayu bajra angin | umyus mêsês manêmpuh ring wrêksa | manawa sêmpal pange |[50] pokah kayunya êpuh | kaparapal kabèh

--- 113 ---

rug sami | cihnane janma prapta | ampuhan angasut | sigra mangsah ki juragan | wang-wang cundhuk kalawan rahadèn kalih | ki juragan gya mojar ||

125. hèh sang sadu dibya sira kalih | dening wênang marêka ta sira | anggya ingkang durgamane | Rahsyamuka ing gunung | parayangan kalawan êjin | yèn ikang marikia | dahatira takut | punika anung prayoga | dene kita manucup ta wong kêkalih | ing giri Rahsyamuka ||

126. lir ning baya anung mêmadèni | ing karo duk anèng Rahsyamuka | lan isika ing guhwane | sadu raksasa agung | lan liyanya wisaca iki | myang mong sêdhêngnya galak | umungguhi gunung | lintang kagulung inêmbah | dening macan kagulung ana ing trêbis | marêngut rikang monya ||

127. Rêsyamuka igêng ingkang kali | malwa ing lwahnya malungka-lungka | malwa mêloki pêluke | molêk kakolêkaku | pan kaalêm saraning kali | nulya sira umêntas | katêbèng kang aduh | ingkang kali dadya bêna | dening ana gajah lan atita iki | madyusirèng walahar ||

128. akyèh singha sahasaning asri | kamalakèng pan dadya mungsuhnya | janma yyan munggah ing kene | selanya apan lunyu | yèn ingandêl lèngsèr karikil | yakti janma aniba | kabêntus ing watu | talanya padha anêla |

--- 114 ---

mèsi ula panêmburira amandi | matèni wisanira ||

129. sêsukêtaning gunung maranti | ingkang ngalap aniba kantaka | malah si têka patine | liyan sangking pukulun | tamanana têka ing giri | Rahsamuka puniku |[51] ing purwaning ulun | marangke munggah parbwata | pun juragan wisma ulun pan Garêsik | alayar ing samodra ||

130. sapraptane samodra ring giri | Rêsyamuka kêndhêg kang baita | dening dibya ing singite | dadia marking ulun | dhatêng kita ulun ngabêkti | ngaturkên pêjah gêsang | sakarsanira nut | dening kasalat samodra | ulun ika duwe ujar angabêkti | katura kita nyawa ||

131. sang pandhita ing pundi purwèki | sangkan kita minggah ing parbata | ing Rahsyamuka marangke | sigra mojar sang wiku | kyating sarat jênêng nrêpati | Arya Damar Palembang | sarwa boga agung | salwir suta kang wisesa | palamarta ambêk sadu mapan adil | akyèh kang anèng sira ||

132. akyèh sutanira dibya sêkti | pan ariku anging ulun dhawak | suta kang manda bêgjane | purwaningsun tinundhung | dening yayah ulun ing nguni | dening ulun lênggana | ing parentahipun | kinèn gumantia nata | ing Palembang nulya ngwang tilar nagari | tumanduk marangkea ||

133. ki juragan lamon sira mulih | marang Jawa sun nunut ing sira [si...]

--- 115 ---

[...ra] | samodra nunggang palwane | ki juragan umatur | sokur bagya sang maha yêkti | kita dhatêngèng Jawa | dadia panuntun | wadya Jawa iku mundha | damarana pêtênge manahirèki | kita dadia pandam ||

134. ki juragan lawan radèn kalih | sigra mudhun marang ing samodra | nunggang palwa dan layare | ing samodra lumaku | anglir kuda angrap sira glis | prapta ing Surabaya | radyan nyawuk banyu | ginănda toya mrik sumyar | Radèn Patah mojar ing juragan aglis | ulun mudhun mring dharat ||

135. pracinane ana ing wong adi | banyunira wangi ulun gănda | karanya rèrèn ing kene | anulya padha mudhun | Ngampèldênta dhusun wêwangi | Radèn Patah umulat | masigite ngunggul | ngungang bandar Surabaya | Radèn Patah kacaryan dera ningali | masub mring Ngampèldênta ||

136. Radèn Patah lawan ingkang rayi | kandhêg jaba anèng bale panjang | pacarabaaning ngakèh | paliwara ing wiku | aran Jagawasita nênggih | lagi mring bale panjang | têtamu kapangguh | alinggih ing bale panjang | mring wong kêmbar samya pêkikira kalih | lwir Bathara Asmara ||

137. Jagawasita malêbèng puri | atur sêmbah maring sang pandhita | hèh Jêng Susunan ing Ngampèl | jawi wontên têtamu | wong kêkalih warnine

--- 116 ---

sami | kadya hyang hyang kinêmbar | samya bagus bagus | Susunan Ngampèl kampita | mènggung rênggang palungguhira ing kathil | lèngsèr mungwing buntala ||

138. lwir katurunan lelatul kadri | samaneka ulun nadhêng tangan | gêlarana lêlinggihe | lan ta lêlamak babut | sampun anti dènnya miranti | amasang palinggihan | dupane kumukus | kinarya wrêksa kalêmbak | myang kêkuma mênyan madu lan kasturi | sang guru aswagata ||

139. Jagawasita nulya umijil | adan mêndhêk anèng bale panjang | mojar mring rahadèn kalèh | kita dan syèngi wiku | Ngampèldênta manjing ing puri | radèn kalih punika | anulya tumanduk | tumama ing ngabyantara | nulya cundhuk lan Susunan Ngampèlgadhing | hèh dhatêngan linggiha ||

140. Susuhunan Ngampèldênta angling | kaki putu ing pundi pinăngka | ulun kanyaran ing mangke | andulu kita putu | Radèn Patah umatur aris | hèh sang maha pandhita | tan wruh purwèng ulun | kadya lêlayangan pêgat | sanggèn tiba ngwang alas amrak ngêmuli | nusu kidang manjangan ||

141. Susuhunan Ngampèldênta angling | kae putu ulun datan samar | yèn kita dika mulane | pantês trahing wong agung | pangulataning nala mami | sun têngahing watara | katimbang ing tanduk | kapanggihing panalika | laku linggih solah mona lawan muni | minăngka [minăng...]

--- 117 ---

[...ka] panêngêran ||

142. Radèn Patah sigra dènnya angling | hèh sang wiku lah kadi punapa | ing janma di panêngrane | candhi purana gêmpur | pracinane tan ana kari | Pandhita Ngampèl mojar | Cinane pandulu | yakti kabayaning ujar | pangucape yakti kabayaning ati | tyas kabayaning Suksma ||

143. suksmaning sarira ya sarining | ring buwana swabawanya tekang | ing kalbu kalairane | kalairaning kalbu | nyatèng naya nitya nampani | sawadining wrêdaya | nitya wahyanipun | ing wêcana gènnya wêdhar | pasthi kono panêngrêraning janmi di | widêgdèng cipta maya ||

144. Radèn Patah nêmbah mring sang yêkti | pan kakênan saciptaning rasa | sang maha yakti dan linge | anêmbah radèn putu | maring ulun sira puniki | pira lwiring anêmbah | yyan tan wruhèng tuduh | lwir anêmbah tawang-tuwang | tan sampurna gènira manjing astuti | wacananira bakal ||

145. Radèn Patah malingsêm ing ati | amiyarsa panêbdèng pandhita | tan mantrèng wadi gatine | pan papakaning tanduk | lawan warah wara numungsi | karuhun ing agama | gumanti sinêkung | anggagap ing gita baya | dêmi tan mantrèng punika sipi dening | yèn dadia sujana ||

146. lwir katurunan lelatul kadri | samene kapustakèng wardaya | durung tumon salamine | kang têka jlêg anulus | kang tan lawan ataki-taki | lamon ta anging iya | bisa [bi...]

--- 118 ---

[...sa] tan winuruk | pan nanging nayakaningrat | satêrahe têrusing măngsa mangkyèki | tan ana mangkanaa ||

147. Radèn Patah matur ing sang yêkti | ulun iki byakta jarwanana | sêmbah ingkang sampurnane | sigra mojar sang wiku | kang sinêmbah ingkang rumiyin | bapa dening kang yoga | kaping kalih guru | karane guru sinêmbah | nampurnakkên ing ngèlmunira sajati | gusti kang kaping tiga ||

148. prakarane sinêmbah kang gusti | dening purba lawan amisesa | kaping pat ing mratuwane | karan sinêmbah putu | dening awèh rasa jati |[52] kaping lima sinêmbah | sanak tuwa iku | dening gêgantining yayah | iya iku padha unggwan pangabêkti | iku kang katarima ||

149. Radèn Patah micarènging ati | sang pandhita iki pan waspada | widêgdèng sawêcanane | dahat yyan janma luhung | sang pandhita nauri aris | karaningsun waspada | maring sira putu | tan beda lan raganingwang | ya lêlana atilar ing yayah bibi | subrata mati rêraga |[53]|

150. ulun iki dudu ing wong Jawi | putranira sang putri ing Cêmpa | bapaningsun sangking tulèn | trêrah nabi panutub | angajawa ingkang kêkasih | Makdum Brahim Asmara | apan kandhêg iku | ana ing nagara Cêmpa | rabi putri owah ping pitu kang warni | iku aputra ringwang ||

151. kang atuwa warnane sang putri | ing sadina pan owah [o...]

--- 119 ---

[...wah] ping lima | uwak ingsun ing bênêre | ingkang kalap sang prabu | tanah Jawa ing Majapait | purwaningsun ngajawa | kinon dening ibu | atinjo maring si uwa | kang sun tilar ing Cêmpa sampun kawatir | gêmpur de wong pratokal ||

152. nulya ingsun kinon dèn rama ji | Majalangu rabi lawan suta | Dipati Wilatiktane | wisma kinon ing ulun | Ngampèldênta dhêkah ing ngriki | kinon dadia iman | ing masigit agung | ingiring wong Surabaya | marmanira wong Jawa Sêlam rumiyin | sarta kinon sang nata ||

153. sakathahe kang Sêlam wong Jawi | nora winangênan de sang nata | sagêlême manjing dhewe | kan tan purun puniku | manjing Islam nora winardi | dene sri naranata | wong Jawa puniku | sakyèh kang milwa maringwang | ingkang Sêlam kabèh sakèhe wong Jawi | pan maksih padha kopar ||

154. ulun iki pandhita ngajawi | amêmocok dudu duweningwang | dening sih rama ji akèh | mulane kandhêg ingsun | anèng Jawa kaprêman bumi | beda lawan pakara | wong Jawa satuhu | saturune duwe Jawa | pakanira wus pinêsthi dening Widi | amurwèng Raja Sêlam ||

155. lawan sira sapa kang wêwangi | taksis ulun yyan tan jarwanana | ing sasmitanira dhewe | Radèn Patah umatur | wasta ulun pun Patah nênggih | pun Usèn ariningwang | singgih

--- 120 ---

jênêngipun | radèn kalih samya nêmbah | mring pandhita tumama angguru nênggih | agamanira Islam ||

156. Radèn Patah lami tan winarni | anèng Ngampèl Radèn Usèn mojar | kakang Patah nêdha age | ngawula Majalangu | nutugakên sasmitèng nguni | Radèn Patah gya mojar | bênêr ariningsun | sira mèlingakên ringwang | dening lami ulun angguru sang yogi | jênênging Ngampèldênta ||

157. ulun iki Islam pan wus manjing | ing agama bêcik kawêkasan | purwane jagad kang angrèh | eman Islamipun |[54] angawula ratu kang kapir | ari yyan sira arsa | ngawulaa iku | ing Majapait mangkata | sun amini sêdyanira dadi mantri | pracayèng praja wira ||

158. Radèn Usèn sigra angabêkti | mring kang raka sira Radèn Patah | lêlinggihan sigra lèngsèr | Radèn Usèn tumanduk | sigra mangsah mring Majapait | ri sêdhêng Brawijaya | miyos siti luhur | sineba sagunging wadya | asri tinon upama parwata sari | ramya ing pagêlaran ||

159. Radèn Usèn tumama wus prapti | madyanira ngalun-alun ika | sasor waringin kurunge | palungguhira bukuh | pan masila mangrêpa iki | muka konjêm pratala | anulya kadulu | dènira Sang Brawijaya | sigra mojar mudhuna sira apatih | wong dhedhe takonana ||

160. nulya mudhun Gajahmada Patih | prapta madya ngalun-alunira | cundhuk lawan Radèn Usèn | Gajahmada anguwus | wong ing

--- 121 ---

ngêndi sira puniki | adhedhe madyanira | rêke ngalun-alun | lawan sapa jênêngira | Radèn Usèn umatur dhatêng ki patih | pun Usèn namaningwang ||

161. wong idêran manira puniki | tan wruh sangkan lwir layangan pêgat | tiba saênggènnya rèrèn | tiba lêb ing kayun |[55] salêksana sor ana ragi | prapta ing madyanira | anèng alun-alun | ing mangke ulun punika | kyai patih andika matur nrêpati | angabdi ulun iya ||

162. sigrah[56] mêsat Gajahmada Patih | nulya mangsah cundhuk lan sang nata | manêmbah sarta ature | ulun paduka utus | anakèni wong dhedhe singgih | anênggih wong idrêran | tan wruh sakanipun | ing mangke nêrka ngawula | mring paduka ngaturakên pati urip | sarirane sumăngga ||

163. Brawijaya sigra dènira ngling | lah syèngana marangke dèn agya | kang ana ngalun-alune | dhedhe waringin kurung | Patih Gajahmada sira glis | mring alun-alunira | angêmbani wuwus | Majalangu Brawijaya | nulya cundhuk lan Radèn Usèn sira glis | ki patih sigra mojar ||

164. hèh Ki Usèn kita pan dèn sèngi | marang sitinggil dera sang nata | lah iringên ulun age | Gajahmada tumanduk | lawan Radèn Usèn umiring | prapta ing ngarsanira | natèng Majalangu | masila padha mangrêpa | sri narendra Majalêngka ngandika ris | Usèn milua magang ||

165. tan warnanên laminira mangkin | Radèn Usèn [U...]

--- 122 ---

[...sèn] dènira ngawula | antuk karya piningkalèh | sigra jinujung lungguh | wus kinula wisuda mangkin | Radèn Usèn punika | Adipati Trêrum | namane sangking sang nata | sinung bala salêksa myang lungguh lampit | liyangan kandhaga mas ||

166. datatita lingira inguni | kang kocapa sira Radèn Patah | anantri ing Sunan Ngampèl | widêgdinira punjul | lawas sakyèhing para santri | Susunan Ngampèl sigra | dènira muwus |[57] putuningwang Radèn Patah | sira iki wus lami dènira ngaji | sira dadi pandhita ||

167. lakwanana tataning nagari | Radèn Patah sira arabia | putuningsun yu rupane | Radèn Patah anuhun | tan lênggana dika sang yogi | ulun wacananira | inggih mapan anut | atakut yyan lêngganaa | sabda guru muranga andurakani | tutut mamancanaka ||

168. tan antara Radèn Patah kawin | lan ingkang wayah sang apandhita | Nyai Gêdhe Malokane | ingkang adarbe sunu | pambayune ingkang pinanggih- | akên lan Radèn Patah | dadi jodhonipun | alami datan winarna | Radèn Patah matur ing sang maha yakti | ulun pradikakêna ||

169. tinêdahna kawula puniki | unggwan ingwang jênêk dhêdhukuha | kang pundi Wanantarane | Susunan Ngampèl muwus | lah ngulana bênêr sirèki | yèn ana Wanantara | galagahe

--- 123 ---

arum | ywèku adi unggwanana | Wanantara anènggih benjing ing wuri | dadya nagara gêmah ||

170. Radèn Patah manêmbah nulya mit | anglampahi duduhing pandhita | tumanduk radèn angilèn | anêrak ing wana gung | madyanira nulya kapanggih | galagahnya kawiyak | gandanya mrik arum | rahadyan nulya araryyan | Wanantara anênggih wastanirèki | ya wana ing Bintara ||

171. Radèn Patah tataruka aglis | babad alas sampun dhinukuhan | anjênêngakên masjide | dadya Jumungah agung | têpis iring ingkang dhatêngi | dadya wisma Bintara | mapan manjing guru | sumuyud ing Radèn Patah | dadya gêmah wana ing Bintara mangkin | kasusra nagri liyan ||

172. datatita lingira ing nguni | dyan kocapa Risang Brawijaya | Majapait nagarane | siniwi lêmahdhuwur | singasana manik alinggih | pinatik nawa rêtna | alêlamak babut | pêpêk santana lan putra | Angabèi Tumênggung Arya Dipati | Răngga Dêma[58] lan tăndha ||

173. Brawijaya sigra dènnya angling | hèh sang juru tênung lan tabibah | lawan si juru ujume | benjang sapungkur ingsun | apa ana ingkang gêntèni | satêrah-têrah ingwang | ana Majalangu | jumênênga Brawijaya | kadya ingsun lah jawabên dèn sayêkti | juru tênung aturnya ||

174. hèh sang nata kantun tigang siki | titis mêdhak pasthi dadi nata | gumantya nata jênênge | pan dados ratu agung [a...]

--- 124 ---

[...gung] | lan ing têmbe ngalih nêgari | ing satêrah sang nata | ing Mataram nênggung | kèdhêp sakyèh ratu Jawa | padha seba anênggih dhatêng Mêntawis | prabu tan pasisingan |[59]|

175. sri narendra luwaran tinangkil | pan tumama sirèng ngabyantara | widêgdèng nata prabune | sigra sira macundhuk | lawan putri ing Darawati | tan kawarnaa sira | akaroron lulut | warnanên mangke sang nata | gêrah sangêt rajasinganên nêrpati | alama tan sineba ||

176. sakyèh usada tan anêdhasi | gêrahira sampun tigang căndra | tan ana ika sênggange | ing wayah tabuh têlu | amiyarsa swara tan kaksi | wau sri naranata | kang swara sabda rum | arsa ta sira waluya | hèh sang nata sakitira iku ugi | anganggea wong Wandhan ||

177. angulatana wong Wandhan kuning | samangsa rêke sira anggea | pinasthi waras sakite | kagyat tumulya wungu | sri narendra ing Maospait | ya kinèn ngulatana | wong Wandhan nulya nut | babêktan sangking ing Cêmpa | parêkane nimas Ratu Darawati | bêboyongan sing Wandhan ||

178. cinarita putri Wandhan Kuning | kamulane anèng nagri Cêmpa | duk kala Wandhan bêdhahe | ya sira sang prabu |[60] punang Wandhan dipun sarèni | sapisan nulya waras | gêrahe sang prabu | salaminira sang nata | anarèni ing kênya

--- 125 ---

tan kadi mangkin | ing mangke kang sarira ||

179. anulya wawrat Sang Wandhan Kuning | sampun lama jangkêping sêmaya | saksana babar putrane | jalu warnanya bagus | cahyanira amindha sasi | sêdhênge sasadara | wus katur sang prabu | yèn Ni Wandhan Kuning babar | miyos jalu warnanira pan apêkik | cahya anglwir sasăngka ||

180. sigra pinundhut kang jabang bayi | de sang nata anulya winangwang | tuhu yèn bagus rupane | angandika sang prabu | maring bala ing Maospait | lah sira timbalana | ri samitraningsun | sira Ki Buyut Masahar | juru sawahira mangke sang nrêpati | sigra prapta ngayunan ||

181. Brawijaya sigra dènnya angling | hèh sang buyut sira ing Masahar | ambilên jabang bayine | sira aweha sunu | apan sira nora nganaki | wêkas ingsun mring sira | yèn jangkêp sawindu | rare iku patènana | ayya sira lwirwa ing ubaya mami | sun supatani sira ||

182. karananya wêkas ingsun gati | maring sira ing sang rare jabang | si juru tênung tabibe | pinêca dadi ratu | lan angrusak ing jênêng mami | Ki Buyut ing Masahar | sigra amit mantuk | kang jabang bayi binêkta | praptèng wisma ni buyut egar kang ati | amanggih anak lanang ||

183. warnanira dinulu apêkik | mapan tusing subrata kusuma | nyai buyut langkung sihe | dènira darbe sunu | pan dinadah dinulang nênggih | esuk sore karêksa |

--- 126 ---

myang pangrêksanipun | ni buyut pinăncawara | olahira kadi bêbêle pribadi | ing dalu kinêmitan ||

184. anak putu ingkang sami kêmit | sarupane tiyang pasawahan | kang jalu kêmit dalune | kang èstri mara esuk | miwah sore sami nyênyangking | anggawa pon-êmpon |[61] lawan lisahipun | miwah ambêkta dhêdharan | pan akathah gumrêrah kang ngladèni |[62] ing dalu lawan siyang ||

185. gêdêring wong lwir adarbe kardi | kyai buyut langkung sukanira | amarwarta tyase |[63] ya ta pan sampun puput | jabang bayi dipun wastani | Radèn Bondhan Kajawan | dènira ki buyut | kang jabang bayi sêmana | lwir ginege glis agêng kathah kang warsi | aumur kawan warsa ||

186. laminira jangkêp pitung warsi | Radèn Bondhan Kajawan punika | ki buyut aswèng rabine | anakira ki buyut | pan andukap ing pitung warsi | wêwêkase sang nata | yèn jangkêp sawindu | umure atmajanira | ingsun kinèn matèni putranirèki | jrih ulun sinupatan ||

187. nyai buyut sigra dènnya angling | kaki buyut suta pakanira | Ki Bondhan Kajawan Radèn | wus dadi manah ingsun | lamun sira ngalapa pati | pan ingsun patènana | dènira karuhun | ki buyut narik curiga | tarkanira mring Radèn Bondhan sayêkti | nyai buyut aniba ||

188. nyai buyut [buyu...]

--- 127 ---

[...t] kantaka tan sipi | kyai buyut kandhêg karsanira | anon kalêmpêr rabine | angucap ing tyasipun | yèn sidaa ingsun pêjahi | anak ingsun Ki Bondhan | rabiningsun lampus | pindho papa awak ingwang | suta mati rabiningsun uga mati | lupèng rèh janma tama ||

189. kyai buyut agya amarani | ribinira anulya ingêmban | ki buyut aris wuwuse | rabinisun ni buyut | anglilira sira dèn aglis | sun idhêp sabdanira | anakira wurung | gèn ingsun sêdya piala | nyai buyut anulya sira anglilir | putranira kinuswa ||

190. kyai buyut ing Masahar angling | yèn mêngkono yayi karsanira | lah karia sira mangke | ingsun mring kitha iku | arsa matur marang sang aji | ayya katingal lwirwa | ing ubaya ingsun | sarèh ingsun ing ubayan | bok iyaa ingsun karsa manising ling | panulake nakira ||

191. sun aturêne yèn sampun mati | anakira Ki Bondhan Kajawan | dèn abêcik rumêksane | anulya lumastantun | Kyai Buyut Masahar aglis | malêbèng ing jro kitha | nênggih Majalangu | agya dènira lumampah | sigra prapta ing Majapait nagari | sang nata sinewaka ||

192. pêpêk sagung santana myang mantri | lan punggawa miwah para putra | atap ing pagêlarane | asri lamun dinulu | wadyanira ing Majapait | Ki Buyut ing Masahar | mangsêh ngalun-alun | asinggih

--- 128 ---

ing panangkilan | masilanya mangrêpa tumungkul nênggih | nêmbah cundhuk sang nata ||

193. jabang bayi apan sampun lalis | ulun tuhu sabdaning narendra | sampun tutug ing umure | jangkêping pitung taun | ri sang nata ing Maospait | sigra dènnya ngandika | tarima ngong Buyut | Masahar pracayanira | maring mami atma rêksa prasêtyaning | têmên-tên kang mucap |[64]|

194. uwus eca tyasing ulun iki | jabang bayi ing mangke pralina | hèh wong mantriningsun kabèh | sira padha angrungu | ing wartane wana anênggih | ing Bintara punika | ana wong dhêdhukuh | malah kasub ing nagara | dèn arani sadu dibya kusuma di | subrata mati ngraga ||

195. Adipati Têrung matur aris | hèh sang nata sadhèrèk kawula | Bintara padhêkahane | madyantara wana gung | risang nata anulya angling | Dipati Têrung sira | timbalana iku | marang kita kakangira | lah dèn agya ingsun arsa apêpanggih | lah mintara dèn agya ||

196. Adipati Têrung nêmbah amit | sigra mêsat agya lampahira | ingiring salêksa wonge | swara wadya lumaku | pan kumutug lir lisus angin | tumama Wanantara | ing Bintara rawuh | mangsah cundhuk kakangira | Radèn Patah alinggih anèng surambi | ingayab ing sahabat ||

197. Adipati ing Têrung ngabêkti | nulya nêmbah tumungkul [tumungku...]

--- 129 ---

[...l] mangrêpa | andhêku ing palungguhe | nulya sira umatur | kakang Patah ulun puniki | dinutakên sang nata | rêke Majalangu | kita kakang ingandikan | de sang nata pinarêk ing Majapait | sang natarsa pangguha ||

198. Adipati ing Têrung dera ngling | Radèn Patah angatag ing sabat | pan kumutug têka kabèh | umikêt mangsah cundhuk | Radèn Patah lumampah aris | tan warnanên ing marga | praptèng Majalangu | agya masuk ing byantara | Radèn Patah kandhêk anèng srimanganti | sang nata kapangguha ||

199. sigra mojar Prabu Maospait | maring cèthi mundhuta paesan | pawongan mundhut nulya ge | nulya prapta ing ngayun | tinanggapan dera sang aji | nulya sira kinaca | warnane dinulu | sarupa lan Radèn Patah | kadya lirang anom tan kêna pinalih | suka tyasnya sang nata ||

200. Radèn Patah dinuk ing prayogi | laku linggih solah lan pangucap | mênêng kalawan sêmune | sampun padha lan ratu | sri narendra ing Maospait | mojar ing Radèn Patah | sira pan sun aku | tanayaningsun dadia | Radèn Patah manêmbah maring sang aji | ngusap lêbu suku sang ||

201. Radèn Patah sampun antuk kardi | angawula kinulawisuda | apan jinunjung lungguhe | jinênêngakên sampun | Adipati Bintara nênggih | sinungan wong salêksa | jinajar alungguh | lan Dipati Têrung padha | arinira [arini...]

--- 130 ---

[...ra] anèng pagêlaran sami | liyangan kêndhaga mas ||

202. tan warnanên laminira mangkin | Adipati Bintara ngandikan | ing sang nata prapta age | ana ing lêmah dhuhur | sri narendra ing Maospait | mojar maring kang putra | Adipati iku | ing Bintara lah muliha | wismanira wana ing Bintara nênggih | gawanên wong salêksa ||

203. gêmahêna dènira wanadri | wirayate ing sapungkur ingwang | dadi nagara agêdhe | iku têmbe anêngguh | purwanira Sêlam nagari | iya iku ing Dêmak | nênggah[65] aranipun | lamun sira anèng wisma | sabên warsa sebaa mring Majapait | yèn ing pêndhak katiga ||

204. Adipati Bintara ngastuti | angusapi lêbu ing suku sang | rinangkul suta janggane | ingaras dera sang prabu |[66] Adipati Bintara amit | sigra ngatag ing wadya | dhatêng kêkarutug | marakit bala salêksa | gajah jaran garbong panggrêritan asri | agya dènnya lumampah ||

205. tan warnanên laminira margi | sigra prapta ing wana Bintara | tumama sirèng wismane | ri sampunya puniku | dadi gêmah kadya nêgari | dhingin sabda pandhita | kaping kalih ratu | punika kang linampahan | de bupati ing Bintara wus alami | tansah brăngta ing Suksma ||

 


Biasanya guru lagu a: nêgara. (kembali)
suwawi. (kembali)
Lebih satu suku kata: pan wus ungsume mangkin. (kembali)
ta. (kembali)
Kurang dua suku kata: kaping kalih rumiyin rama andika. (kembali)
umpêtêna (dan di tempat lain). (kembali)
acangkrami. (kembali)
Kurang satu suku kata: garêbong myang gêgaritan. (kembali)
Lebih satu suku kata: sang prabu ngatêrkên putra. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: gêmah arjane kalangkung. (kembali)
11 samadyèng. (kembali)
12 andumapara. (kembali)
13 ginunggung. (kembali)
14 endahe. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: lan sun arani sirèku. (kembali)
16 dhagang. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: wontên dene wasta ulun. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: dhumatêng Sang Brawijaya. (kembali)
19 rasêksi. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: dahat tan wrin pitutur. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: tan wruh ing bapa babu. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: kang adhedhe soring waringin. (kembali)
23 Kurang dua suku kata: risang nata sigra angling aris. (kembali)
24 tinangisan. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: ênêngakna kang umadêk aji. (kembali)
26 Makdum. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: Radèn Rahmat gya apalakrama. (kembali)
28 ênggènnya. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: dhumatêng Radèn Burerah. (kembali)
30 langkung. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: Santri Giri dipun kêkasihi. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: kawarnaa wontên druwis angajawi. (kembali)
33 aniliki. (kembali)
34 angangsu (dan di tempat lain). (kembali)
35 Kurang satu suku kata: pinariksa na êmas. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: lwir wong tuwa èsmune pan wus gumanti. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: yèn janmaa unine kadya ngaturi. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: lah mara dyan mulata. (kembali)
39 kurang satu suku kata: ing talaga madyusning jyahna mahêning. (kembali)
40 ahyas. (kembali)
41 suryakanta. (kembali)
42 minging. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: amirsa marang rahadèn. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: yèn alawas ing sasananira. (kembali)
45 kyèh ning. (kembali)
46 kingkin. (kembali)
47 Lebih satu suku kata: pratama ing rat sabrang. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: Jawa tan Pasingsingan. (kembali)
49 Kurang dua suku kata: hèh sira wong ngêndi roro liwat. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: manawa sêmpal êpange. (kembali)
51 Biasanya guru lagu a: punika. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: dening awèh rasa sajati. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: subrata mati raga. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: eman de Islamipun. (kembali)
55 Kurang satu suku kata: tiba tilêb ing kayun. (kembali)
56 sigra. (kembali)
57 Kurang satu suku kata: dènira amuwus. (kembali)
58 dêmang. (kembali)
59 pasingsingan. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: ya sira sang aprabu. (kembali)
61 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: anggawa pon-êmponan. (kembali)
62 Kurang satu suku kata: pan akathah gumêrah ingkang ngladèni. (kembali)
63 Kurang dua suku kata: amarwata suta tyase. (kembali)
64 Kurang satu suku kata: têmên-têmên kang mucap. (kembali)
65 nênggih. (kembali)
66 Lebih satu suku kata: ingaras de sang prabu. (kembali)