28. Mijil

1. praptèng ngayun inya awotsari | aturipun alon | rayi tuwan ing Pajang ing mangke | nèng jawi arsa marêk mariki | ing andika gusti | kapirsa arêngu ||

2. Kajêng Ratu Kalinyamat angling | turana riningong | lah warahan[1] yèn ingsun mangkene | pasthi ora kêna apêpanggih | mêngko sun manggihi | anèng jroning kubut ||

3. sigra mintar kang ingutus aglis | wus praptèng ing regol | sigra marêk utusan ature | jêngandika dipun andakani[2] | punika kang wêling | wau Kangjêng Ratu ||

4. jêngandika tan kenging pêpanggih | rakandika ngobong | ki adipati alon dêlinge |

--- 275 ---

sun wis wêruh kakang bok prihatin | sêdyaningsun prapti | arsa darbe atur ||

5. wus lumêbêt sira sang dipati | wong papat tan adoh | sampun prapta prênahe êmboke | punang utusan matur wotsari | rayindika gusti | sadaya wus rawuh ||

6. angandika Ratu Mas aririh | mring kang rayi alon | hèh yayi mas baya na karsane | atêtinjo maring awak mami | ya ta ki dipati | alon aturipun ||

7. mila kawula gêpah mariki | mirsa tuturing wong | dening andika sangêt brangtine | pan kapirsa yèn tilar nagari | tan ar atapih |[3] paran milanipun ||

8. yèn kenginga kawula ngaturi | ywa sangêt wirangrong | ing apêjah pan sampun pasthine | raka andika nêmahi lalis | wus karsa Hyang Widdhi | seda marga tatu ||

9. raka andika pan seda saksi | antuk swarga kaot | ngulari pêjah punapa malèh | Ratu Mas ing Kalinyamat angling | tarima mas yayi | dènira sung pemut ||

10. iya ingsun yayi nora kêni | pan wus ujar ingong | yèn ta durung kawalês patine | kakangira ingsun nora tapih | tumêka ing pati | pan wus takdir ingsun ||

11. sokur sira yayi praptèng ngriki | manira wong wadon | lah sira ingsun jaluk budine | kaya[4] papa gèn ingsun malêsi | mring Si Jipang iki | sira ingsun tantun ||

--- 276 ---

12. lamon ana ingkang amatèni | mring Si Jipang kang wong | ingsun iki ora adêduwe | ing Prawata Kalinyamat iki | ingsun tan darbèni | pan wus ujar ingsun ||

13. lawan ingsun ngèngèri ing benjing | yèn ingsun kalakon | Arya Jipang kapagas murdane | lah sira yayi ingsun tangisi | amalês ing pati | mung sira kang tulung ||

14. pan tan ana prayogane malih | kang tulung maringong | apan ingsun tan darbe sadhèrèk | lanang mung sira asih ing mami | kang yogya matèni | mring Si Jipang besuk ||

15. Adipati Pajang matur aris | dhatêng ingkang êmbok | pan kawula tan purun yudane | amungsuha wong Jipang ngajurit | wong punika sêkti | prakosa atêguh ||

16. Ratu Kalinyamat angling aris | tanpa gawe ingong | gèn ingsun darbe sanak dhèwèke | yèn tan kênaa ingsun tangisi | dadi tanpa kardi | atinjo maringsun ||

17. Ki Pamanahan jawil bêbisik | punika karsèngong | jêngandika apikir samangke | rakandika tuwan samadosi | pinikir sawêngi | enjing dawêg wangsul ||

18. Adipati Pajang anuruti | matur mring kang êmbok | kula pikire sawêngi mangke | benjing enjing kawula abali | yèn wus angsal pikir | kawula sumanggup ||

19. lah kang mbok sampun kawula amit |

--- 277 ---

mantuk mring pakuwon | Ratu Kalinyamat andikane | alah iya yayi yèn wus olih | dènira apikir | wangsula maringsun ||

20. sampun mantuk sira sang dipati | maring ing pakuwon | Kyai Pamanahan tan andhèrèk | karsanira ayun mituturi | lah kakang prayogi | lamun sira kantun ||

21. Kyai Pamanahan sigra bali | marêk ingkang êmbok | kang parêkan tur paksi gustine | rayi dalêm ing Sêsela bali | karsane akêmit | dhatêng sang dewayu ||

22. Ratu Kalinyamat suka angling | adhuh ariningong | baya sira ta ana gawene | Kyai Pamanahan turira ris | kawula tur peling | mring andika ratu ||

23. yèn rayi dika punika bali | inggih atur ingong | rayindika watêk dhêdhêmêne | lamun mulat dyah ayu kang lêwih | nadyan rada ajrih | adarbe pêpurun ||

24. pan kariyin kawula ningali | wontên èstri kaot | rakandika dhingin têtilare | pan punika andika paèsi | pasthi benjing enjing | rayi dalêm wangsul ||

25. kang pawèstri wontêna ing kering | punika tur ingong | rayindika mêdala sagupe[5] | gih punika yèn ningali èstri | pan kawula pasthi | yèn darbèni sanggup ||

26. lah ta iya adhi sun lakoni | yèn sira kang akon | Ki Pamanahan amit sira ge | tan [ta...]

--- 278 ---

[...n] adangu ing pondhoke prapti | kawarnaa enjing | ki dipati wungu ||

27. ingkang raka sigra dèn timbali | mapan sampun saos | Pamanahan seba lan arine | sampun prapta ngarsane dipati | ki dipati angling | sira ingsun tatun[6] ||

28. kadipundi karsanira mangkin | prakara kang êmbok | dening asangêt ika tangise | ingsun kinèn amatèni mangkin | mring Si Jipang iki | awêgah tiningsun ||

29. Kya Pamanahan aturira ris | suwawi sang katong | tinurutan punika karsane | dening mung paduka dèn tangisi | pan tan wontên malih | kang yogya atulung ||

30. apan sampeyan tan kirang budi | akathah ri kang wong | samya tinantun-tantun budine | môngsa botên wontêna kang wani | mring pun Jipang nênggih | mungsuh aprangipun ||

31. Dipati Pajang sapamirsèki | alêga tyas katong | mêngko bêngi payo wangsul malèh | aja dadi kawatiring ati | mindêla anangis | kakang bok puniku ||

32. sigra bubar sang dipati |[7] dèn iring punang wong | kawan dasa punika kathahe | Ki Pamanahan tan kêna têbih | tan kawarnèng margi | wus prapta ing gunung ||

33. sampun katur yèn kang rayi prapti | ing wau wus kinon | ingkang rayi tumantuka [8] age | kang pawongan nulya [nu...]

--- 279 ---

[...lya] animbali | dawêg sang dipati | ngandikan malêbu ||

34. wus malêbêt sira sang dipati | kang raka tan adoh | sampun prapta ngarsane rakane | kang parêkan ature aririh | yèn kang rayi prapti | punika nèng pukur[9] ||

35. ni mas ratu angandika aris | mring parêkan wadon | aturana ari ngong marene | parêkan sigra wangsul ngaturi | ya ta sang dipati | tan antara rawuh ||

36. anèng ngarsane kang raka linggih | sajawining kobong | kagyat Dipati Pajang tingale | umulat ing pawèstri alinggih | kèrining kobonging | kang raka warna yu ||

37. dening pawèstri punika nênggih | kandhane sayêktos | apan punika dede garwane | Sunan Prawata kang sampun lalis | ingkang darbe rabi | kajinêmanipun ||

38. kang darbe rabi pan maksih urip | nanging sang akatong | Dipati Pajang kenyut manahe | wus kagiwang kedanan jro ati | wau sang dipati | nolih rakanipun ||

39. Ki Pamanahan kang dipun tolih | saha muwus alon | lah kakang iku sapa kang duwe | bojo rupane dening abêcik | dening ingsun lami | mung mêngko wruh ingsun ||

40. Ki Pamanahan umatur aris | ing watawis ingong | kadi têtilare nahing anggèr | Kangjêng Susunan [Susuna...]

--- 280 ---

[...n] kang sampun lalis | sang dipati angling | kayapa puniku ||

41. ingsun jaluka puniku mangkin | apa kakang êmbok | awèha mring sun wong wadon kuwe | Ki Pamanahan umatur aris | apan duk rumiyin | wontên jangjinipun ||

42. sampun mênggah kang punika malih | nadyan ingkang ados | yèn sampeyan nanggupi karsane | yèn wong wadon kang punika pasthi | rakandika ugi | tan ngraos kagadhuh ||

43. nadyan liyana punika ugi | datan kenging lumoh | rakandika rumiyin sanggupe | Ratu Kalinyamat anapa ris | yayi sira prapti | sarawuhirèku ||

44. apa ana karasèng ing galih | ing panangis ingong | ki adipati aris ature | inggih kakang bok sampun kawatir | deningca[10] ing galih | kawula kang sanggup ||

45. amêjahana Si Jipang benjing | sampun sangêt watos | dipun eca kakang bok galihe | pintên banggi rayindika bakit | amalêsa ring Si | Jipang patinipun ||

46. nanging wontên ing panêdha mami | dhatêng kakang êmbok | yèn kakang êmbok suka galihe | èstri kêkalih punika mangkin | mung punika ugi | kang kawula suwun ||

47. Ratu Kalinyamat ngandika ris | adhuh ariningong | ingsun ora duwe

--- 281 ---

ujar kalèh | aja mungguh kang punika yayi | kang rupa wong èstri | nadyan lyana iku ||

47. kaya barana kang adi-adi | sun tan ngrasa gadhoh | apan kabèh sira kang aduwe | ujêr sira kang rumêksèng mami | ya ta èstri kalih | wus kinèn mring ngayun ||

48. apan sami tumungkul alinggih | nèng ngarsa sang katong | sami agalak manis liringe | pawèstri kalih punika nênggih | ya ta sang dipati | wau duk andulu ||

49. sangêt kagonjing galih dipati | umulat ing wadon | nanging dèn ampah wau galihe | sang adipati sirangling aris | kang bok kula inggih | arsa dandan mantuk ||

50. mugi kawula antuka ugi | barkat dika kang bok | kula amalês lara patine | mring Arya Jipang pangraos mami | kawula tan miris | apanggiha lawung ||

51. sokur panggiha sami satunggil | asuka tyas ingong | lan Si Arya Jipang sagêndhènge | inggih dhatêng kawula tanglêdi | pundi gèn kapanggih | pan wus tandhingipun ||

52. Ratu Kalinyamat mèsêm galih | angandika alon | iya sapa ta yogyane malèh | kang ingong andêlakên ing rêpit | têlas dènira ngling | tan kawarnèng pungkur ||

29. Pangkur

1. Dipati Pajang gya bubar | kang pawèstri kêkalih wus jinoli | dipati suka tyasipun | wus praptèng pamondhokan [pamondho...]

--- 282 ---

[...kan] | ngandika lon maring para mantrinipun | sarupane wadya Pajang | prasamya dipun timbali ||

2. hèh sakèhe mantriningwang | sapa sanggup mungsuh Si adipati | ing Jipang yèn kongsi lampus | gêdhe ganjaran ingwang | pan nagara ing Pathi kasraha besuk | kalawan desa Mataram | lamon Arya Jipang mati ||

3. pra mantri matur sadaya | botên wontên wadya kang ananggupi | sadaya tan wontên purun | dhatêng pun Arya Jipang | sampun uning yèn Arya sakti tur têguh | prawira aulah pêrang | kang ngraos botên ngudhili ||

4. ki adipati ngandika | undhangêna ing sakyèh wadya mami | manawa ana kang purun | ingsun tan milih janma | pan wus pasthi nagara ganjaranipun | sigra sang dipatya bubar | ya ta gumanti ing wêngi ||

5. ya ta wau kawarnaa | kajinêman ika kang darbe rabi | ingkang binêkta puniku | dhatêng Dipati Pajang | manah ing Kajinêman pan datan surud | sêmana apagunêman | lawan sakancanirèki ||

6. apan kancane sakawan | rencangipun apagunêman sami | asêdya akarya dudu | nyidra Dipati Pajang | sampun sami ajangji parênga lêbur | antigan sapatarangan | sarêng rêmak jana kari ||

7. ing têngah dalu wayahnya | punang kajinêman sarêng nglêbêti | ing pasanggrahanirèku [pasanggrah...]

--- 283 ---

[...anirèku] | Dipati Pajang ika | Adipati kapanggih eca aturu | wau ingkang kajinêman | sarêng sami narik kêris ||

8. kajinêman kapatira | sarêng manjing ing pasarean sami | sarêng marêpêki gupuh | dhatêng Dipati Pajang | kapat sarêng anarajang sami nuduk | wanti-wanti panuduknya | Dipati eca aguling ||

9. panuduking kajinêman | wanti-wanti pangrasane dipati | lwir lalêr mencok rasèku | kagyat kang para garwa | samya nangis gumrêrah munggwing suku |[11] narka dipati kabranan | kagyat dipati atangi ||

10. sawungunira anendra | para garwa sami nukêmi sikil | kajinêman papat wau | tan ana bisa lunga | sangking ênggon gumêtêr pan sami lupuh[12] | apan sampun ingapura | sakawan pan kinèn mulih ||

11. pan sampun sami ginanjar | pinangadêg wus sami kinèn mulih | kinon kesaha dèn gupuh | mênawa kawênangan | mring wong kathah satêmahe padha lampus | kapat wus samya tur sêmbah | kang kajinêman glis mulih ||

12. kapat tan nyana agêsang | apan sampun sami mantuk wismèki | wus samya suka tyasipun | icale rabinira | suka lila Dipati Pajang kang mundhut | ya ta ing wêngi punika | ingkang kawarnaa malih ||

13. kocapa Ki Pamanahan | gêgunêman kalawan [kala...]

--- 284 ---

[...wan] Ki Panjawi | katiga lan ipenipun | Ki Juru namanira | pan puniku saparane datan kantun | sakawan lawan kang putra | kang nama Radèn Ngabèi ||

14. samana Ki Juru tanya | pan manira mangke anungsung warti | Ki Pamanahan amuwus | wau sang adipatya | sayêmbara sapa sintên ingkang sanggup | amêngsah pun Arya Jipang | atawa kongsiya mati ||

15. apan ginanjar nagara | ing Mantaram lawan nagara Pathi | inggih tan wontên kang sanggup | Kyai Juru lingira | yèn mêngkotên mangke kula suka rêmbug | pakanira sanggupana | eman kaliya kang nagri ||

16. ing Pathi lan ing Mataram | eman têmên liyaa kang darbèni | Ki Pamanahan amuwus | iki pe dene gampang | wong atômpa ganjaran nagara agung | sapa wani amungsuha | Dipati Jipang prajurit ||

17. Ki Juru lingira ngucap | pan manira wus wruh watêke ugi | nyata yèn Ki Arya têguh | pêsthane ginêlaran | pan manira dèrèng ulap yèn amungsuh | gampange tiyang punika | watêke wong bèr kawanin ||

18. yêkti awrat tinadhahan | aprang papak agêng kalawan alit | pasthi pakanira rêmpu | ingsun milu mring sira | angrenani ing benjing aprang apupuh | amungsuh Ki Arya Jipang |

--- 285 ---

ana budiningsun ugi ||

19. wong punika tuhu kêras | yèn tinantang pêsthi ika nêkani | tan anganti rowangipun | lah yèn prapta priyôngga | ginagalak pêsthi ènthèng yèn minungsuh | arah ingsun kapêncila | nuli kinrubut ing jurit ||

20. yèn punika sampun sayah | pakanira karonana ngajurit | pasthi ika kalamon lampus |[13] lah nêdha benjang-enjang | yèn pakanira wus kadugi glaripun | amungsuh Arya Panangsang | katura sang adipati ||

21. sampun dènnya rêrêmbugan | tan kawarna polahira ing wêngi | enjing pan sampun awungu | samya dandan aseba | Pamanahan katiga lan putranipun | Kyai Juru atut wuntat | wus marêk sang adipati ||

22. pra mantri pêpêk sadaya | Sang Dipati Pajang ngandika aris | lah anata ingkang sanggup | amungsuh Arya Jipang | para mantri sadaya sami tumunggul | tan ana kang sumanggupa | amungsuh Ki Arya jurit ||

23. umatur Ki Pamanahan | inggih kawula kang sanggup anadhahi |[14] Dipati Jipang prangipun | sakulawarganingwang | sang dipati anjangkunga sangking pungkur | dadosa sêmang kewala | kawula ingkang ajurit ||

24. sampeyan sampun katingal | yèn katingal pasthi sampeyan dèn prih | yêkti wong punika purun | têguh lawan prakosa |

--- 286 ---

wong akathah pasthine botên kadulu | yèn tumingal ing sampeyan | pasthi sampeyan kang dèn prih ||

25. dipati suka tyasira | angandika aris sang adipati | alah kakang sokur sèwu | yèn pakanira dhawak | ananggupi Arya Jipang pêrangipun | kakang desa ing Mataram | aja liyan kang duwèni ||

26. ing mangke ta sira kakang | kadipundi gènira ambudèni | Kyai Pamanahan matur | singgih ing benjang enjang | wadya Pajang saosa gêgamanipun | nanging sampun katingalan | kawula ingkang rumiyin ||

27. wontên dene rena kula | kantênane nênggih ing benjing enjing | dipati suka amuwus | lah nêdha bubarêna | samya dandan sasikêping aprang pupuh | pan sampun bubar sadaya | sumurup kang sahyang[15] rawi ||

28. Ki Panjawi Pamanahan | lan Ki Juru samya gunêm sawêngi | Ki Juru alon amuwus | ing benjang karsaningwang | pangarite wong Jipang besuk rinuruh | sokur lamon kaparêngan | pangarite sang dipati ||

29. cinêkêl sinungan layang | lan kupinge pinêrung kang sasisih | kinèn matur gustinipun | pasthi yèn ika prapta | bangêt kagyat pasthi sang dipati bêndu | môngsa angantia bala | watêking wong bèr kawanin ||

30. sampun mufakat [mufa...]

--- 287 ---

[...kat] katiga | kulawarganira wus dèn undhangi | sakadang kadeyanipun | patut wadon lan lanang | sarêng prapta awêtara kathahipun | kalih atus sawarninya | punika kadange sami ||

31. sadalu tan ana nendra | wus raina gumuruh nata baris | Kyai Pamanahan sampun | mêdali wong têtiga | lampahira pan sami anamur laku | anjujug ing pangaritan | wong Jipang kang dèn ulati ||

32. wus amor lan wong akathah | nulya manggih pangarit siji mêncil | anuju pangaritipun | jaran si gagak rimang | pakathike ing wau sampun kinêpung | sigra aris tinakonan | lah rika iki wong êndi ||

33. kang tinanyan angling maras | gih kawula cawise sang dipati | kapal agême ngong tunggu | aran pun gagak rimang | Ki Panjawi tangginas nuli anubruk | ki pangarit datan obah | Pamanahan mèsêm angling ||

34. ki lurah nêdha sêrana | sun irise kupingira sadhidhik | iya kang sasisih iku | ki pangarit saurnya | dede padu kuping kang andika jaluk | angur mundhuta karanjang | kawula dhatêng ngaturi ||

35. yèn mênggah kuping punika | sakalangkung kula anggêgendholi | dening wasiyat lêluhur | lan dede jêjalukan | kuping roro saiji andika jaluk |

--- 288 ---

Ki Pamanahan angucap | pirajine sun ilèni ||

36. sanadyan dika tumbasa | dèrèng tau kawula adol kuping | tan wande adamêl butuh | Ki Pamanahan mojar | angur êndi sun tuwêk lan ingsun tuku | ki pangarit kalithihan | dika tumbas yèn sadhidhik ||

37. pakathik sigra cinandhak | kupingira sasisih wus dinawir | ya ta Kyai Juru gupuh | sampun akarya surat | kang pakathik sampun ta sinungan wau | kang ardana gangsal wêlas | nuli kinalungan tulis ||

38. pakathik pan kinèn lunga | lah ta poma wêkas ngong layang iki | dèn katur marang gustimu | nuli sira muliha | kang pakathik lumayu pondhoke rawuh | akathah kang wong uninga | yèn pangarit adus gêtih ||

39. narajang mantri aseba | sakyèhing kang nangkil kagyat ningali | lamun pêrung kupingipun | pan kinanthilan layang | Ki Mataun atanya ing baturipun | apa kang rame ing jaba | ingkang dinangu turnya ris ||

40. nênggih pakathik dipatya | dipun pêrung kupingipun sasisih | kinalungan sêratipun | karsanira matura | tur uninga ing gusti kacakrèng kalbu | Mataun aglis angucap | lah wus undurna dèn aglis ||

30. Durma

1. Ki dipatya ing Jipang lagya adhahar | pakathik [pakathi...]

--- 289 ---

[...k] dèn cêkêli | mapan maksih rosa | kêdah yun lumêbua | arame gègèr ing jawi | ki adipatya | kagyat dènnya mirsèki ||

2. ing utusan Mataun kang tinimbalan | prapta ngarsa dipati | sigra tinakonan | ing jaba gègèr apa | ki patih sampun andugi | yèn gusti duka | aturira mlasasih ||

3. dipun aris rumiyin tuwan adhahar | tan prayoga kang warti | ing mangke katura | yèn sampun lorod dhahar | ki adipati lon angling | têka matura | iya ingsun alimi ||

4. Ki Mataun anêmbah-nêmbah kewala | wêruh watêking gusti | wong kang cinêkêlan | abudi sampun uwal | lumayu ngayun ing gusti | sang adipatya | kagyat sira ningali ||

5. lah iku bapa iya wong kêna ngapa | awake kuthah gêtih | Mataun tur sêmbah | inggih gusti punika | kang dados gègèr ing jawi | pakathik tuwan | nênggih ingkang angarit ||

6. dipun pêrung kupinge kinakanthilan | layangipun puniki | sigra sang dipatya | mundhut punang nawala | asta têngên ikang maksih | angêpêl sêga | kang kiwa nyandhak tulis ||

7. gya winaos kang surat sinuksmèng driya | unine punang tulis | kang tunggul panantang | pèngêt Ki Arya Jipang | yèn sira tuhu prajurit | yèn nyata lanang | maguta sun antèni ||

8. ing bangawan Sore [So...]

--- 300[16] ---

[...re] lah sira nabranga | têmua padha siji | lan Dipati Pajang | aja ngandêlkên bala | sun tadhahi padha siji | Ki Adipatya | dukane tan sinipi ||

9. kêpêlira sigra binanting ing panjang | rêmuk dados kêkalih | sigra si dipatya | akèn kêkapa jaran | si gagak rimang dèn aglis | lah kambilana | sun arsa mangsah jurit ||

10. wus siyaga Sang Adipati ing Jipang | waosira cinangking | pan biring lanangan | dhangdhang mungsuh wastanya | turôngga sampun cumawis | pun gagak rimang | sigra dipun titihi ||

11. Ki Mataun wanti-wanti aturira | adhuh ki adipati | kèndêla sakêdhap | angantosana bala | paduka dipun gêlari | ki adipatya | mirsa pan wuwuh runtik ||

12. Pangeran Arya Jipang darbe sudara | nanging ta seos bibi | Ki Arya Mataram | iya kêkasihira | kapang-kapang anututi | sangêt turira | tuwan kèndêla dhingin ||

13. jêng paduka angantosana ing bala | angling sang adipati | lah sira mindêla | ingsun môngsa wêdia | wus pantêse wong ajurit | dèn byok ing kathah | pan nora sun gingsiri ||

14. wanti-wanti ingkang rayi aturira | kang raka sangêt runtik | iya ranmu uga | sadulur seje biyang | pan nora kadêrêng mami | ngajak ing sira | kang rayi sangêt runtik ||

--- 301 ---

15. inggih sampun tan kenging kawula eman | pasthi arêbut urip | Mataun abongklang |[17] anusul kapang-kapang | nanging tan nora nututi | pun gagak rimang | panandêre lwir mimis ||

16. Ki Mataun wus tuwa ing wayahira | pan duwe lara mêngi | ri sasaya[18] têbah | lawan Ki Arya Jipang | kocapa ingkang maranti | Ki Pamanahan | kulawôngsa rinakit ||

17. Kyai Juru Pamanahan lan kang putra | sakawan Ki Panjawi | wangsane sadaya | mapan sampun tinata | abaris pinggiring kali | gêgaman Pajang | anèng ing wuri têbih ||

18. saking kêbate panandêring turôngga | Arya Jipang wus prapti | sawetan bêngawan | Sore katon gumawang | wong Sêsela aningali | yèn Arya Jipang | andêr prapta pribadi ||

19. Adipati Jipang gandhêg[19] sabrang wetan | anèng pigiring kali | lèpèn sore ika | sampun adhêp-adhêpan | kocaping wêwalêr dhingin | sapa kang nabrang | pasthi apês kang jurit ||

20. wong Sêsela surak lir pendah ampuhan | ingkang nindhihi baris | têtiyang tantama | apan wong pêpilihan | angrampit pinggiring kali | ayun-ayunan | sami angati-ati ||

21. Adipati Jipang asru angandika | hèh sapa kang kardi |[20] sung layang maringwang | mara sira nabranga | ngong kêmbulana ngajurit | dhêdhêmên ingwang | yèn kinêmbulan jurit ||

--- 302 ---

22. wong tamtama wong Sêsela samya ngucap | lah iya gusti mami | sung surat mring sira | iya Dipati Pajang | nabranga ingsun kêmbari | dudu prawira | yèn kandhêga ing kali ||

23. lamun sira arya tuhuning prawira | yêkti sira nabrangi | ingsun tan suminggah | nadhahi yudanira | apan wus tandhinging ugi | padha prawira | nadhahi padha siji ||

24. Adipati Jipang kalangkung bramatya | kudane dèn camêthi | asangêt ginêbyag | Adipati ing Jipang | anuli gêbyur ring kali | pun gagak rimang | kêbat dènnya anglangi ||

25. anglwir palwa angsal angin dhinayungan | nora cêcêping gigir | surak wong Sêsela | apan sami prayitna | Pamanahan lan Panjawi | myang putranira | Ki Juru tan atêbih ||

26. sarêng prapta ing pinggir Ki Arya Jipang | ginarudug ing bêdhil | sinosog ing watang | linêmbing binakolang | sinurak awanti-wanti | Ki Arya Jipang | kudane dèn cêmêthi ||

27. gagak rimang glis lumumpat anglir kilat | tibèng têngahing baris | kinarya wot pisan | janma kathah katujang |[21] ambakot nepak ngidêki | wonge Sêsela | akathah ingkang kanin ||

28. tinumbakan Ki Arya Jipang tan pasah | apan nora tinolih | mung Dipati Pajang | pinusêng ingularan | kang dadya têlênging ati | ki arya mojar |

--- 303 ---

Si Pajang ana ngêndi ||

29. kang asanggup angêmbari yudaningwang | tandhing prang padha siji | mêngko angucira | têka ngandêlakên bala |[22] katêmua pasthi mati | de ngastaningwang | dene nora nangguhi ||

30. wong tantama lawan santana Sêsela | ika mêksih nadhahi | anosog sing wuntat | maring Ki Arya Jipang | sangking ngarsa kanan kering | singa katrajang | wong Sêsela kwèh mati ||

31. sing katrajang wong Sêsela bubar-bubar | wong Pajang surak sami | lwir karêngèng wiyat | swaraning wadyabala | dipati suka ing galih | pangrasaning tyas | lwir wong binayangkari ||

32. pangamuke lwir banthèng atawan brana | rinoban ing ajurit | sira Arya Jipang | watêk tiyang satunggal | wêkasan anandhang kanin | lambunge kanan | jêjaringane mijil ||

33. jêjaringan sinampirakên warôngka | apan maksih kawawi | tan kandhêg ki arya | pangamuke kotbuta | pan sampun awuru gêtih | sing katarajang | wong Sêsela kyèh mati ||

34. duk samana wong Sêsela ingkang pêjah | kadi babadan pacing | wangke anggulasah | ingamuk Arya Jipang | watêking wus nandang kanin | sira Ki Arya | datan anêdya urip ||

35. pangamuke Ki Arya pan tanpa lawan | sing kang katêmpuh gusis | wau kawarnaa | sira Ki Pamanahan | wruh yèn wong Sêsela ngisis [ngi...]

--- 304 ---

[...sis] | akathah pêjah | arsa tulung ajurit ||

36. lawan Ki Panjawi akarsa tumandang | wau Radèn Ngabèi | kang datan sarônta | sangking wantêring manah | ningali wong sakwèh mati | tan tari ngrama | sigra mangsah rumiyin ||

36. waos pun Palèrèd ingagêm ingêmbat | mangsah sira ngajurit | ya ta Arya Jipang | kang sampun nandhang brana | pangamuke wuru gêtih | sira rahadyan | kapale dèn titihi ||

37. mangsah ngrana rahadyan angêmbat watang | Ki Juru anututi | èstri kapalira | wau kang tinitihan | miwah sira Ki Panjawi | lan Pamanahan | kêbat samya nututi ||

38. apan sampun sami ngampingi kang putra | Ki Arya aningali | yèn pinagut ing prang | mring têtiyang nonoman | ya ta Ki Arya sira ngling | wong apa sira | wani ngadhangi mami ||

39. apan sira dudu mungsuh ingong aprang | Si Pajang ana ngêndi | kang nanggupi ringwang | wani aganti watang | lah mara konên mêtoni | [...][23] | mupung ngong iki kanin ||

40. sun tarima Si Pajang dudu wong lanang | yèn tan wani mêtoni | pan ngong wus kabranan | lah konên praptèng ngarsa | aja kang kaya sirèki | eman matia | rupamu nom apêkik ||

41. angur sira têka mundura lolonan | aja kongsi bêlahi [bêlah...]

--- 305 ---

[...i] | Radèn Loring Pasar | mirsa lingnya Ki Arya | rahadèn runtik ing ati | arsa numbaka | Ki Juru wus udani ||

42. yèn kang putra wau lintang runtikira | arsa nêkani wani | Ki Juru prayitna | wruh kudane kang putra | yèn mêksih bêlo kinoci | Ki Juru sigra | nguculkên kuda èstri ||

43. kudane Ki Arya ran pun gagak rimang | dupi wruh ing kudèstri | bêgar kuda ika | mobat-mabit kewala | miwah Rahadèn Ngabèi | kudane bêgar | tan kêna dèn titihi ||

44. watêking bêlo kudanira rahadyan | cêlêk lan kuda èstri | ngadêg ngulêr kilan | jinambak datan kêna | ambandhang nandêr lir mimis | sira rahadyan | ngrangkul gulu tumuli ||

45. nanging tan têbih watara sapambalang | kandhêg anuli bali | wus lilih manahnya | kudanira rahadyan | tumurun saking kuda glis | sira rahadyan | nuntun kuda abali ||

46. sarya nibakakên sêngara rahadyan | benjing nak putu mami | aja nugang[24] kuda | kêkocèn[25] yèn ayuda | pasthine angapirani | sira Ki Arya | asru dènira angling ||

47. hèh wong Pajang ayya sira angucira | lah payo padha bêcik | lah sira balia | radèn wus wangsul enggal | wus ayun-ayunan jurit | sira rahadyan | lan Arya Jipang mangkin ||

48. Arya Jipang kudane ran gagak rimang | dangu wruh kapal [kapa...]

--- 306 ---

[...l] èstri | tan kêna marêma | malah saya angrêbda | budine saya malahi | wruh kudanira | radèn tinuntun wingking ||

49. datan kaur Ki Arya ngingêr landhehan | turôngga mobat-mabit | wus rinampit ika | Ki Arya mring rahadyan | anulya dipun larihi | sangking ing dharat | panumbake ngênèni ||

50. saking ngarsa kaprajaya olih jaja | tatas ludira mijil | sangêting panumbak | jaja trusing walikat | ludiranira nututi | Ki Arya Jipang | amalês tan ngudhili ||

51. nulya niba wau sangking ing turôngga | Ki Arya angêmasi | têkan kudanira | kasambut anèng rana | jisime wus binabêcik | maring wong Pajang | asih pralinèng jurit ||

52. ya ta Radèn Angabèi Loring Pasar | waose dèn tingali | Ki Palèrèd ika | pucuk punggêl sabêras | gêgêtunira tan sipi | kang bangkat karya | pan Radèn Angabèi ||

53. tan antara Tumênggung Mataun prapta | sêdya bela ing gusti | angamuk paprangan | tinadhahan ngakathah | tumênggung wus angêmasi | murda tinigas | satêngahing ajurit ||

54. duk pinanjêr anèng pinggir lèpèn ika | ucapên ingkang kari | gêgamaning Jipang | muntab ngêbêki papan | duk sêmana kang winarni | pan sinêngkalan | iku sapta hèr nabi[26] ||

55. ambaranang kadi arga kawêlagar [kawê...]

--- 307 ---

[...lagar] | anggênggêng punang baris | kandhêg duk sêmana | anèng wetaning toya | miyarsa gustine mati | wadya ing Jipang | manahe brôngta kingkin ||

31. Asmarandana

1. mangkana Radèn Ngabèi | Loring Pasar angandika | astane sarwi angawe | lah wong Jipang tingalana | gustimu wus palastra | apa ingkang sira rêbut | kudu abela tulangan ||

2. gustinira wus ngêmasi | lawan pêpatihe pisan | udu ta iki sirahe | Tumênggung Mataun Jipang | sun panjêr anèng tawang | rêbutên yèn sira purun | sapa kang milu abela ||

3. apan ta sira wong cili | iya milu-milu apa | bulah iki pêpatihe | milu mukti awibawa | ya ta kawula Jipang | arêmbug sami abiluk | pan gustinira wus pêjah ||

4. sampun anabrang ing kali | sakèhe kawula Jipang | ngaturakên bongkokane | mring Ngabèi Loring Pasar | mangkana kawarnaa | apan kasaput ing dalu | kondur sami mangsanggrahan ||

5. ya ta agunêm sawêngi | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru alo[27] wuwuse | paran rêmbag pakanira | Kiyai Pamanahan | Ki Panjawi mangkya muwus | langkung karsa pakanira ||

6. manira têka umiring | môngsa borong pakanira | Ki Juru alon wuwuse | kang mêjahi Arya Jipang | pan anak [a...]

--- 308 ---

[...nak] pakanira lamon aturna satuhu | dhumatêng sang adipatya ||

7. pasthi ganjarane kêdhik | yèn katura putranira | ingkang angaèsi gawe | nora atômpa nêgara | tan liyana ginanjar | kang adi awarni kampuh | daragêm ingkang ganjaran ||

8. kalawan picis sakêthi | iku watara manira | yèn para aku wong roro | kang matèni Arya Jipang | katura sang dipatya | nagara ganjaranipun | ing Pathi lan ing Mataram ||

9. Ki Panjawi mangkya angling | kalawan Ki Pamanahan | inggih lêrês ki ipe |[28] pangandika jêngandika | katura sang dipatya | yèn sampun ubayanipun | yêkti tinagih ing prana ||

10. Ki Pamanahan mangkya ngling | yayi yèn mêkatên rêmbag | dawêg ingangkên wong roro | kang mêjahi Arya Jipang | ya ta sami arêmbag | Radèn Ngabèi arêmbug | ing karsane kang sudarma ||

11. enjing kêbating pawarti | wus katur Dipati Pajang | yèn kang mêjahi wong roro | pêjahe Ki Arya Jipang | lêlurah wong tamtama | wontên dene wastanipun | Ki Panjawi Pamanahan ||

12. wus enjing adandan sami | Ki Panjawi Pamanahan | asohan dhatêng gustine | arsa ngaturi uninga | yèn Arya Jipang pêjah | sarta

--- 309 ---

tur bandhanganipun | lan patêluke wong Jipang ||

13. sapraptane ngarsa sami | mangkana ing aturira | amba ngaturakên waos | agêmipun Arya Jipang | lan dhuwung sakêmbaran | ingkang dinamêl angamuk | katura ing sang dipatya ||

14. ngandika sang adipati | inggih ki raka anêndha |[29] lah pundi mangke rupane | wong Jipang kang milu seba | Pamanahan tur sêmbah | punika ta warninipun | ingkang waos binongkokan ||

15. dening mantrinipun nênggih | kang lênggah tarap punika | kang munggwing ing wingking adoh | sang andipati [30] ngandika | lah ki raka anêdha | timbalana kang sinêpuh | manira arsa têtanya ||

16. ya ta sampun dèn timbali | mantri kêkalih kang tuwa | sampun sami majêng karo | ki adipati ngandika | lah ingsun atêtanya | dhimin aduwe sadulur | Arya Jipang seje biyang ||

17. ing mêngko ana ing ngêndi | umatur kang pinariksa | wau wontên ing wingkinge | kang raka kala lumampah | pan wartine dinukan | kongsi dados runtikipun | kesahe datan pamitan ||

18. tilar bala tan tinolih | kala kesahe punika | kawula tan wrin puruge | Ki Adipati ngandika | dhatêng Ki Pamanahan | kakang dika kula tantun | lah kadipundi ing karsa ||

19. gon dika andum nagari | ing Pathi lan ing Mataram | kang pundi

--- 310 ---

kasrah kang anom | manira tan ngawruhana | môngsa bodho andika | pan pakanira kang sêpuh | kang yogya andum ganjaran ||

20. Pamanahan matur aris | inggih ing pandum kawula | rèh sêpuh kawula ngawon | pun adhi ingkang tampia | nagari Pathi ika | kawula kapanggih kantun | bêbakala ing Mataram ||

21. sang adipati lingnya ris | inggih Kakang Pamanahan | ecane ing manah ingong | yèn wus pratela panduman | manira darma pasrah | lah sampun tanggung ing laku | Kakang Panjawi tômpaa ||

22. dèn tampanana ing ngriki | nagara ing Pathi ika | Kakang Panjawi duwene | anuli dèn ulihana | nagara dèn tataa | kapanggih wingking kang sêpuh | tampia benjing ing Pajang ||

23. lan malih parentah mami | mring Ki Raka Pamanahan | sampun dika barêng mulèh | lawan ing lampah manira | pakanira kariya | marêka kakang bok ratu | angaturana uninga ||

24. yèn Arya Jipang wus mati | kang matèni pakanira | darapon eca manahe | aturana aluwaran | ayya wèt lara brôngta | dening ta wêwêkas ingsun | yèn dika wus tur uninga ||

25. anuli andika mulih | sampun kongsi lawas-lawas | ewuhaya ing lêlakon | anuli dika muliha | sumusula manira |

--- 311 ---

dening ing Mataram besuk | ngong srahakên anèng Pajang ||

26. lah uwis manira mulih | sakèh wêwêkas manira | kakang dèn padha kalakon | sigra atêngara bubar | sira Dipati Pajang | kang dhingin wadya asêlur | sang adipatya wus bubar ||

27. kawarnaa ingkang kari | ing wau Ki Pamanahan | minggah ing arga lampahe | apan wus ungkur-ungkuran | lawan Sang Adipatya | miwah wau lampahipun | Ki Panjawi sampun bubar ||

28. datan kawarna ing margi | Ki Panjawi lampahira | prapta Pathi nagarane | apan cacah wong salêksa | manggih nagara arja | Ki Panjawi wus jêjuluk | Ki Agêng Pathi sêmana ||

29. kalangkung dening amukti | Ki Agêng ing Pathi ika | kang kawarnaa lampahe | Ki Pamanahan wus prapta | ing gunung Danaraja | Kyai Juru kang tut pungkur | apan datan kêna têbah ||

30. sapraptanira ing ardi | wau Kyai Pamanahan | lawan Ki Juru kanthine | sampun katur ing ratu mas | anuli ingandikan | prapta ing ngarsa umatur | Pamanahan mring ratu mas ||

31. mangkana aturirèki | lampah kawula punika | ratu mas ngutus wiyose | dhatênge rayi paduka | Adipati ing Pajang | kinèn tur paksi sang ratu | yèn pun Arya Jipang pêjah ||

32. kawula kang amêjahi | pêjahipun lan apêrang | sarta lawan pêpatihe | kang tumut bela palastra |

--- 312 ---

wontên ing adilaga | wontên dene murdanipun | pêpatihipun katigas ||

33. miwah sakathah wong cili | wadya ing Jipang sadaya | sampun têluk sakathahe | agêng alit sumawita | mring rayi tuwan Pajang | kagyat miyarsa Sang Ratu | bungah amarwata suta ||

34. Ratu Lèpèn Nyamat angling | dhumatêng Ki Pamanahan | adhuh nyawa ariningong | sokur yèn Si Jipang pêjah | kang amêjahi sira | ingsun tan duwe sadulur | yayi amung jnêngira ||[31]

35. kang yogya ingsun ngèngèri | iya amung pakanira | lah ing mangko karsaningong | Kalinyamat iki uga | miwah ta ing Prawata | sakarsanira angangkuh | tan ngrasa dêduwe ingwang ||

36. Ki Pamanahan wotsari | inggih anuhun kawula | Ratu Mas ing pasihane | nanging ta badan kawula | inggih sampun ginanjar | nagari wasta Matarum | kang katampèn ing kawula ||

37. dening nagari ing Pathi | tunggil kang dados ganjaran | nanging kawula sungake | dhatêng pun adhi punika | kawula ngalualah | rèh kula ingangkah sêpuh | abêbakal ing Mataram ||

38. Ratu Kalinyamat angling | lah iku luwih prayoga | anadene sêranane | barana ing Kalinyamat | iku sira usunga | gawanên maring Matarum | sira gawea bêbakal ||

39. iya sarupane yayi | têtinggale kakangira |

--- 313 ---

ingsun wus pasrah dhèwèke | Ki Pamanahan wotsêkar | langkung panuhunira | lawan malih aturipun | Pamanahan mring kang raka ||

40. inggih kalangkung kapundhi | ing sih pitajêng sampeyan | kang dhawuh ing raganingong | nanging nênuhun kawula | kang kasuwun punika | pusaka ingkang rumuhun | kang awarni bêbarkatan ||

41. Ratu Kalinyamat angling | lah yayi ayya sumêlang | wus kalêbu ujar ingong | sira ingkang aduwea | ingkang warni pusaka | alah iki warnanipun | mirahku si manjangan bang ||

42. lawan iki ana malih | intên si uluk wastanya | lah yayi wus jangkêp roro | iki sira tampanana | karo wus tinampanan | Pamanahan matur nuwun | kang raka sarwi ngandika ||

43. iku ta wawêkas mami | yayi sira dèn abisa | mêpêt sakèhing wiraos | aja na kang wong miyarsa | pasthine iku uga | yèn kawarta gawe lampus | lah poma dèn bisa sira ||

44. miwah kang rupa pawèstri | iku padha tampanana | mapan iku pawongane | kakangira ing Prawata | miwah ing Kalinyamat | dene kang anom-anom iku |[32] ana ingkang sêsêngkêran ||

45. kang pawèstri iku ugi | iya yayi wruhanira | ana ingkang santanane | lah padha sira gawaa | môngsa bodhoa sira | ingsun tan kawasa gadhuh | kang padha rupa wanodya ||

--- 314 ---

46. nadyan anaa kang kari | amunga kang wus winayah | kang patut ngladèni ingong | rèh ingsun uwus apapa | môngsa bodhoa sira | ingsun pracaya sirèku | lah uwis dèn bêcik sira ||

47. ya ta rajabrana mijil | kang nampèni wong Sêsela | miwah kang rupa wong wadon | wus winêdalakên sadaya |[33] kabèh pan wus kawongan | Ki Pamanahan Ki Juru | anuhun pamit wotsêkar ||

48. kawula anuhun pamit | Ratu Kalinyamat mojar | iya dèn aris lakune | lan malih sira matura | maring yayi dipatya | yèn gêdhe tarimaningsun | tanbuh kang sun walêsêna ||

49. ri sampunira apamit | wong roro wus sami bubar | sangking ing gunung sira lon | tan kawarna lampahira | mampir praptèng Sêsela | anantun kang anak putu | miwah ingkang kulawôngsa ||

50. agêng alit pan tinari | kang trêsna sami binêkta | bandhu lawan sêntanane | kinêrig kang sami trêsna | tumut dhatêng Mataram | kulawôngsa kathahipun | watawis wong kalih bêlah ||

51. mangkana datan winarni | Ki Pamanahan wus bubar | sangking Sêsela lampahe | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Pajang | Kyai Pamanahan laju | marêk dhatêng sang dipatya [di...]

--- 315 ---

[...patya] ||

52. Kyai Juru datan kari | sapraptanira ing ngarsa | Ki Pamanahan ature | dhumatêng Dipati Pajang | sampun dhatêng kawula | rèhning kawula ingutus | marêk ing raka paduka ||

53. ngutus kawula tur paksi | dhatêng Ratu Lèpèn Nyamat | inggih sampun katur kabèh | yèn pêjah pun Arya Jipang | miwah salir prakara | têlas sadaya pan katur | dhatêng Ratu Lèpèn Nyamat ||

54. kalangkung suka ing galih | raka Tuwan Lèpèn Nyamat | sapunika andikane | datan rumaos sagêda | lamun amangsulana | sangking sih sampeyan agung | muhunga srah kang sarira ||

55. kalayan amba bêktani | raka Tuwan Lèpèn Nyamat | warni raja baranane | ing Lèpèn Nyamat sadaya | miwah warni wanodya | binêktakakên sadarum | têtilare raka tuwan ||

56. dene pawèstri kang kari | kang pinêndhêt raka tuwan | ingkang asêpuh kemawon | liya punika kabêkta | dhumatêng ing kawula | punika ing mangke katur | kawula darma ambêkta ||

57. môngsa borong sang dipati | inggih ing lampah kawula | apan adarma kemawon | anglampahi pangandika | punapa kang kabêkta | apan wajibipun katur | sang adipati ngandika ||

58. kakang atarima mami | sih pracaya pakanira | ingkang

--- 316 ---

marang jnêng ingong |[34] pan kayanira wus kathah | kang katampan maringwang | Arya Jipang patinipun | sarta nagarane pisan ||

59. milane puniku mangkin | santuk-antuk pakanira | kakang sakèh gêgawane | kakang êmbok Kalinyamat | pakanira duwea | manira tan milu-milu | iku waris pakanira ||

60. amung ngong arsa udani | ingkang arupa wanodya | manawa na prayogane | kang layak ngong karsakêna | ya ta wus tinimbalan | sakèh wanodyantukipun | ing Kalinyamat punika ||

61. wus sinaosakên sami | ing ngarsane sang dipatya | sampun pinariksa kabèh | sakathahe kang wadya |[35] nanging tan ana layak | amung satunggil kang timur | kang sinêngkêr sang dipatya ||

62. pan rare dèrèng birai | ingkang sinêngkêr punika | sang dipatya ngandika lon | dhumatêng Ki Pamanahan | lah kakang titip ingwang | maring rare wadon iku | dèn pênêd gène rumêksa ||

63. puniku yèn wus birai | manira lêbokkên pura | Ki Pamanahan ature | inggih dhumatêng sandika | punika kasantana | dhatêng rakandika ratu | sang dipatya angandika ||

64. lah uwis muliha dhimin | maring wisma pakanira | ki raka besuk ngong miyos | yèn wis aso pakanira | dening [de...]

--- 317 ---

[...ning] desa Mataram | têka dèn sabar karuhun | môngsa wandeya atômpa ||

65. Ki Pamanahan wus mijil | wau saking dalêm pura | sampun prapta ing wismane | datan kawarna laminya | pan wus langkung antara | wangsul-wangsul wiyosipun | dipatya tan angandika ||

66. pan nagari ing Matawis | kang badhe dados ganjaran | anging akêdhik cacahe | cinarita mêksih wana | nagara ing Mataram | kalangkung angayun-ayun | kang wasta Ki Pamanahan ||

67. Ki Juru amituturi | dipun asabar ing karsa | môngsa wandeya kalakon | ngêndi ana ratu cidra | nanging inganti uga | durung ungsum tibanipun | sampun para sakit driya ||

68. sangsangya alami-lami | pan sami kèndêl kewala | adipati tan miraos | sangsaya nora darana | wau Ki Pamanahan | sangsaya merang kalangkung | dening sunan mêdyèng ujar ||

69. adhêdhêkah ing Banglampir | Ki Pamanahan samana | saya gagas wirange |[36] wus lawas tan ana seba | maring Dipati Pajang | dèn palaur adhêdhukuh | ambantêni kang sarira ||

70. mangkana ingkang ginupit | Panêmbahan Kalijaga | pan nora samar tingale | pandhita angraga suksma | wikan dèrèng winarah | karsane wau têtulung | têtinjo Ki Pamanahan ||

71. sakêdhap prapta Banglampir | Susunan Kalijaga |[37] Ki Pamanahan ngêlosod | dening Panêmbahan [Panêmbah...]

--- 318 ---

[...an] prapta | wau Ki Pamanahan | sumungkêm padaning guru | sampun atata alênggah ||

72. ngandika sang mahayêkti | ya pagene kaki sira | têka dhêdhukuh ing kene | pagene nora tulusa | gènira asuwita | apan sira tunggal kawruh | kalawan Ki Jêbèng Pajang ||

73. Ki Pamanahan ngabêkti | kawula anuhun duka | putra paduka ing Paos | angowahi ing ubaya | milanipun kawula | inggih asangêt tan purun | sumawita ratu cidra ||

74. mèsêm Sinuhun ing Kali | arum wijiling wacana | aja ta sira wiraos | apan ingsun wus uninga | karsane manahira | alah payo mêngko ingsun | kang angatêr marang sira ||

75. apêpanggiha pribadi | kalawan ta arinira | apan wus tunggal paguron | kalawan Ki Jêbèng Pajang | singa ingkang dêduwa | yakti ingsun kang amatut | aja na wêganging karsa ||

76. lah payo sun atêr kaki | maring nagari ing Pajang | sira pêpanggiha dhewe | saksana sang apandhita | lumampah dhatêng Pajang | Ki Pamanahan tut pungkur | datan kawarna ing marga ||

77. anjujug ing dalêm puri | lumêbêt tanpa larapan | sarêng prapta ing kadhaton | kagyat denira tumingal | ya ta Dipati Pajang | agêpah dènnya tumurun | tur sarwi nungkêmi pada ||

78. sampun atata alinggih | panêmbahan angandika | Ki Jêbèng

--- 319 ---

apa karane | sira cidra ing ubaya | maring ing kakangira | apan sira wus asanggup | awèh nagara Mataram ||

79. pan timbangane ing Pathi | Mataram tan kalampahan | kakangira ingkang anom | kakangira ingkang tuwa | pan dèrèng kalampahan | atampi ganjaranipun | Dipati Pajang tur sêmbah ||

80. mila nagri ing Matawis | dèrèng kasungkên pun kakang | dening maksih cêkar[38] garèng | ping kalihe mêksih wana | wêwêngkon ing Mataram | akêdhik têtiyangipun | sêdyane manah kawula ||

81. pun kakang kawula sungi | nagari ingkang agêmah | dawêg ocal prayogine | panêmbahan wus uninga | jro tyase sang dipatya | lawan malih batinipun | kalawan Ki Pamanahan ||

82. ya ta angandika malih | Panêmbahan Kalijaga | pagene têka mêngkono | pan wus kalêbu ing ujar | bêcik nadyan alaa | aja angowahi sanggup | apan wus jangjine ana ||

83. Mataram lawan ing Pathi | iku kang dadi ganjaran | aja na ujar kapindho | lah uwis sira srahêna | maring ing kakangira | tulusa dadi sadulur | atuta lir guladrawa ||

32. Dhandhanggula

1. Sang dipati dangu tan kêna ngling | kèmêngan ing tyas apan akarsa | nora dèn aturna kabèh | sasuraning kalbu |[39] dados goroh mungguhing batin | sayêkti sang dipatya | sangêt jrih ing guru |

--- 320 ---

wasana matur anêmbah | dhatêng guru omba kamipurun ugi | umatur dhatêng tuwan ||

2. apan omba midhangêt rumiyin | wirayatipun Sinuhun Ngarga | punika benjing ing têmbe | wontên umadêg ratu | kadi ômba nagri Matawis | ya ta sang apandhita | angandika arum | hèh Ki Jêbèng Pajang gampang | yèn mêngkono iya kakangira mangkin | dimone aprasêtya ||

3. lah Jêbèng Pamanahan sirèki | prasêtyaa sun sêksèni sira | Ki Pamanahan nulya ge | atur sêmbah ing guru | inggih amba tuwan sêksèni | lamon omba darbea | kayun madêg ratu | sêdya jumênênga sunan |[40] nèng Mataram prasêtya kula puniki | awak kula priyôngga ||

4. yèn damêla piala wak mami | sêdya ngêndhiha karaton Pajang | ing awak kawula dhewe | sampun pênêd tinêmu | sapa sintên wikan benjing |[41] sawuri-wuri amba | gaibing Hyang Agung | langkung karsaning Pangeran | panêmbahan angandi iya uwis |[42] pan bênêr ujarira ||

5. iya jêbèng datan ana sisip | ujarira wau Sang Dipatya | ing Pajang lêga galihe | dènnya miyarsa wuwus | angèstokkên sapa wruh gaib | kêna ing ujar keras | panêmbahan muwus | lah uwis Ki Jêbèng Pajang | apasraha padêdesaning Matawis [Matawi...]

--- 321 ---

[...s] | sungêna kakangira ||

6. Adipati ing Pajang wotsari | dhatêng ing guru saaturira | sumôngga ing asta kalèh | kula langkung jumurung | alah kakang dika tampèni | inggih dhusun Mataram | taksih wana tuhu | Ki Pamanahan saksana | anampèni nênggih desa ing Matawis | ingkang dadi ganjaran ||

7. panêmbahan angandika aris | lah uwis jêbèng sira muliha | maring Mataram dèn age | aboyonga sirèku | lan saanak rabinirèki | ingsun amini sira | tulusa sadulur | iya lawan arinira | jêbèng Pajang alah iya kaki uwis | sira padha kariya ||

8. lah ingsun kaki apamit mulih | sigra atur sêmbah kalihira | mangkana ing sawingkinge | Jêng Panêmbahan wau | Pamanahan wus pamit mijil | mantuk ing wismanira | apan wus atêmu | lawan wau garwanira | miwah putra pêpêk sanak rayatnèki | sadalu pagunêman ||

9. rêrêmbugan lan Juru Martani | sampun arêmbag dènira akarsa |[43] boyong dhatêng Matarame | Ki Pamanahan wau | putranira pitu winarni | ingkang jalu lêlima | kalih èstrinipun | pan sampun sami akrama | wus pêputra kang jalu lawan kang èstri | nênggih pambayunira ||

10. kang anama Rahadèn Ngabèi | Loring Pasar apan tan ingetang | kang tuwa lawan anome | kêkasihe duk [du...]

--- 322 ---

[...k] timur | Radèn Jambu ingkang satunggil | Radèn Santri malihnya | lawan malihipun | Radèn Tompèng ingkang nama | gangsalipun Radèn Kadhawung anênggih | kêkalih kang wanodya ||

11. kalih pan sampun sami akrami | satunggal antuk Tumênggung Mayang | wontên dene satunggile | apan akrama antuk | ya Ki Arya ing Dhadhap Tulis | sami mantri ing Pajang | apan kalihipun | sami nutakên lakinya | putra èstri kêkalih karsanirèki | tan tumut mring Mataram ||

12. sêmana kawarnaa ing enjing | apan sampun dènira adandan | Ki Pamanahan karsane | saos ing gustinipun | pan akarsa ngaturi pamit | dhatêng Dipati Pajang | ingiring ing sunu | miwah putrane kang tuwa | Radèn Angabèi Loring Pasar ngiring | prapta ing panangkilan ||

13. Ki Pamanahan sampun apanggih | lawan Sang Adipati ing Pajang | anèng pasewakan andhèr | sadaya putranipun | Kyai Pamanahan aganti | ngujungi sang dipatya | miwah putra sêpuh | Radèn Ngabèi samana | rêrangkulan wau kalawan kang rayi | ya Pangeran Bênawa ||

14. rêrangkulan awaspa mijil |[44] kalihira kang rayi kang raka | Radèn Ngabèi dalinge|[45] dhuh yayi mas riningsun | lah pun kakang akarsa mulih | mring desa ing Mataram | kantun ariningsun | ngaturi

--- 323 ---

pamit pun kakang | aturira Pangran Banawa mlasasih | saha asêmu waspa ||

15. inggih ta kakang sampun alami | benjing nuntên paduka wangsula | atinjo ing ulun malèh | tan bêtah pisah ulun | lan paduka kadosa pundi | kakang polah kawula | lamia tan têmu | kakang kalawan paduka | ya ta Ki Pamanahan umatur aris | dhatêng Sang Adipatya ||

16. aturira angaturi pamit | sang dipatya ngandika lah kakang | sami-sami rahayune | salamêta kang kantun | salamêta ingkang lumaris | nulya auluk salam | ya ta Kyai Juru | atur pamit mring dipatya | apan sampun jawat tangan lan dipati | lèngsèr Ki Pamanahan ||

17. ingkang putra sadaya umiring | wêdalira sangking panangkilan | sang dipatya jêngkar age | apan ngadhaton sampun | kawarnaa kang sampun mijil | sangking pasowan prapta | wisma sami lungguh | wau Kyai Pamanahan | putranira èstri kalih sarêng prapti | nungkêmi padèng rama ||

18. putra èstri kalih sarêng nangis | ingkang ngantuki Tumênggung Mayang | wau ingkang pamêkase | ingkang akrama antuk | Kyai Arya ing Dhadhap Tulis | inggih kalih punika | apan sami mantu | nênggih sami Mantri Pajang | Ki Pamanahan angling nak isun iki | babo aja karuna ||

19. rara sira dèn abisa ugi [u...]

--- 324 ---

[...gi] | gonira nutakên lakinira | witning sun tan bêtah anggèr | apisah lan sirèku | nanging kaya ngapa ta nini | bot wong aduwe priya | tan etang ramèbu | wus jamak wong laki uga | amung donganingsun maring sira nini | tulusa palakrama ||

20. lah uwis padha kariya nini | ingsun boyong mulih mring Mataram | kang putra nangis kalihe | sarya tur bêktinipun | dhatêng rama kalawan bibi | dadya amêgat trêsna | kang lunga lan kantun | ingkang mantu kalih samya | atur sêmbah Ki Ariya Dhadhap Tulis | lawan Tumênggung Mayang ||

21. ya ta Ki Pamanahan sira ngling | alah ta payo uwis mangkata | pan mupung esuk mêngkene | santana para sunu | gya umangkat saanak rabi | asêlur kang rêmbatan | lan gotonganipun | sadandananing awisma | pan sadaya datan ana ingkang kari | gumêrah kala mangkat ||

22. apan sakulawôngsanya kêrig | dènnya boyong dhatêng ing Mataram | Ki Juru punapa malèh | kêrig sarayatipun | pan binêkta dhatêng Mêntawis | rêmbên ing lampahira | adhêndhên[46] ing ênu | wantu ngiringakên garwa | miwah ingkang para putra agêng alit | wanèh winot ing kuda ||

23. ana winot banthèng lan jêjawi | para garwa lawan sêlirira | anitih joli tandhune | mangkana lampahipun [la...]

--- 325 ---

[...mpahipun] | rêreyongan samargi-margi | rêmbên èstri lampahnya | rantaban dinulu | ana kang rare ingêmban | sakèhing bêbêktan rêmbatan anggili | tanapi kang gotongan ||

24. adulur kang kari lan kang dhingin | miwah ingkang awarni gotongan | kasur lawan gêgulinge | myang karang ulunipun | pan binêkta tan ana kari | aboyong mring Mataram | duk kararyan wau | lampahe Ki Pamanahan | sanak putu andhèr sor waringin taji | wau ingkang kocapa ||

25. Ki Gêdhe ing Karanglo anênggih | apan sampun cêcawis sêmana | ngaturi suguh karsane | dhatêng ingkang lumaku | kang arèrèn soring waringin | Kiyai Pamanahan | ingkang dèn sêsuguh | akathah pisêgahira | pangajênge jangan mênir pêcêl pitik | pawingkinge akathah ||

26. pirang-pirang gotongan kang prapti | Ki Gêdhe ing Karanglo agêpah | dènnya sêgah lan garwane | prapta luk salam sampun | nulya sami tata alinggih | dahat amrih sihira | Ki Karanglo matur | kawula ngaturi sêgah | sêkul satajung tanpa ulam puniki | yya kirang pangapura ||

27. Ki Pamanahan nauri aris | inggih nêdha Ki Bayi manira | nulya sami dhahar age | adhahar adunipun | pêcêl pitik lan jangan mênir | wau

--- 326 ---

Ki Pamanahan | adhahar sakantun | lan saanak rayatira | apan tuwuk sadaya dènnya abukti | ri sampuning dhadharan ||

28. Ki Pamanahan ya ta sira ngling | inggih Ki Bayi apan manira | kapiutangan agêdhe | pintên banggi ing besuk | pan manawi manira bakit | amangsuli sih para | kang dhawuh maring sun | ya ta ature mangrêpa | Kyai Gêdhe Karanglo inggih tan kenging | amba matur punika ||

29. Ki Pamanahan mangkat tumuli | Ki Gêdhe Karanglo atut wuntat | sêdya ngatêrkên lampahe | dhumatêng ing Matarum | langkung dènnya aminta kang sih | dhatêng Ki Pamanahan | Ki Karanglo wau | wontên karaosing manah | kang ing têmbe wontên ngarsa-arsa ugi | wau ingkang kocapa ||

30. nênggih Kajêng Susunan ing Kali | dawêg siram anèng lèpèn Umpak | Ki Pamanahan lampahe | kagyat sira andulu | dhatêng guru sang maha yakti | sigra pinalayonan | prapta nêmbah sampun | mring guru sang apandita | agya nyandhak suku ingkang têngên nênggih | wau kang winasuhan ||

31. Ki Gêdhe ing Karanglo sirèki | amasuhi padane kang kiwa | risang pandhita sukune | sampuning masuh suku | sang ayogi Kalijaga ngling | maring Ki Pamanahan |

--- 327 ---

myang kêkalihipun | Ki Gêdhe Karang ika |[47] lah Ki Jêbèng iya dèn patut sirèki | dènnya sami kêkadang ||

32. lawan saturunira ing benjing | Ki Gêdhe ing Karangêlo sira | lah milua mukti bae | nanging tan wênang besuk | anunggana jêmpana joli | iya saturunira | lan tan wênang sêbut | êmas lawan radèn ika | alah uwis lajua lampahirèki | Ki Jêbèng Pamanahan ||

33. ya ta lajêng mring nagri Matawis | Ki Pamanahan myang para putra | pan sami angiring kabèh | lan kulawangsanipun | tan kawarna lampahnya margi | sampun prapta Mataram | wau kang jinujug | pan sakilèning wiyara | dhinukuhan sakulawangsanya sami | tata-tata pemahan ||

34. rupa mantri winisayèng janmi | sangkalane duk katêruka |[48] Ki Agêng nèng Matarame | kathah pala gumantung | lawan murah kang bêras pari | tan ana kang tinumbas | miwah kang tinandur | ukur tumiba ing lêmah | apan dadi sarwa ana amêpêki | barang tinakokêna ||

35. palêmahan nagari Matawis | kalangkung loh ajênawinira | arata jêmbar pasitèn | tan ana cacatipun | pan apasir lawan awukir | pacangkraman akathah | ing dharat ing banyu | arêmbug pasitènira | tur awêdhi saparan-paranirèki | toya wêning sumbêran ||

36. apan sangsaya kathah

--- 328 ---

wong prapti | ingkang awisma anèng Mataram | miwah saanak putune | tan pêgat tiyang rawuh | ingkang sami ngaturi bêkti | miwah atur dhadharan | myang wowohanipun | lan akathah atur ulam | ulam êluh sami ngaturakên maring | Kyai Agêng Mataram ||

37. tulus suka awibawa mukti | ingkang adhêdhêkah ing Mataram | lawan sakulawangsane | miwah kang para sunu | datan ana winalang ati | tulus kamuktènira | sakarsanya tutug | Kyai Gêdhe ing Mataram | nutug dènnya amukti pinundhi-pundhi | dening wong sa-Mêtaram ||

38. nanging Kyai Agêng ing Matawis | kala sêmana kang mêksih ketang | Sunan Pajang andikane | kala matur ing guru | mrasêtyakên wirayat Giri | yèn benjing ing Mataram | wontên ratu agung | mila Ki Agêng Mataram | panyiptane nadyan wontêna nrêpati | ywa liyan satêdhaknya ||

39. marmi tanya Ki Agêng Matawis | têksih asangêt kasutapanya | rikala pênêd sasine | tansah ambantêr laku | angirangi ing dhahar guling | tan pêgat atirakat | dhatêng Gunung Kidul | miwah dhatêng Pamantingan | gènnya tapa sêmana Kyagêng Matawis | adarbe prasanakan ||

40. akêkasih Ki Agêng ing Giring | kang sêbut Ki Agêng Paderesan [Padere...]

--- 329 ---

[...san] | apan adèrès karyane | kalangkung rakêtipun | tan rumasa sanak mêmanggih | lwir sadhèrèk sayayah | anunggil saibu | tan ana taha tinaha | tunggil manah acarêm saeka kapti | sêmana kawarnaa ||

41. kala sêmana Ki Agêng Giring | wayah enjang ngugahi deresan | anèng ing pakarangane | nanging ana winuwus | pakarangan ana satunggil | tirisan tan amanggar | lamine tinandur | nanging kalane punika | dawêg wontên wohipun amung satunggil | wayah lagi dawêgan ||

42. prênahipun tirisan sumandhing | ajajar cêlêk ika kalawan | dèrèsane kyai gêdhe | ya ta deresanipun | duk samana dipun unggahi | Ki Gêdhe Paderesan | sapraptaning luhur | lagi atrap bungbungira | Kyai Gêdhe amirsa swara dumêling | lwir pangucaping janma ||

43. prênahing swara ingkang dumêling | anèng dawêgan satunggil ika | kang cêlêk lan deresane | mangkana swaranipun | hèh Ki Gêdhe wruhanirèki | sapa ingkang ngumbeya | marang toyaningsun | dèn êntèk babar sapisan | iku têmbe saturune dadi aji | amêngku tanah Jawa ||

44. kagyat ing tyas Ki Gêdhe ing Giring | mirsa swaraning dawêgan ika | nulya tumurun sira ge | sangking deresanipun | wus asèlèh bonjorirèki [bonjori...]

--- 330 ---

[...rèki] | tumulya ingunggahan | pinènèk agupuh | praptèng luhur wus ingalap | kang dawêgan cinangking mudhun aririh | sapraptane ing lêmah ||

45. sigra binêkta mantuk tumuli | deresane datan rinawatan | mung dèn pêlêng dawêgane | ingkang binêkta mantuk | praptèng wisma gya dèn parèsi | sawusing kaparesan | winagah ing kalbu | pangunjuking toya dwêgan | yèn ingunjuka mêksih enjing puniki | sinunggah datan têlas ||

46. nanging sadina punika ugi | Kyai Gêdhe tan anggodhog kilang | mung amêlêng dawêgane | mila kang pawon suwung | datan wontên tilasing gêni | tan kadi saban-saban | agung kutug-kutug | amung ing dintên punika | pawon suwung tan wontên tilasing gêni | wau Ki Gêdhe ika ||

47. wusing dawêgan dinugi-dugi | ingunjuk tan têlas babarpisan | anulya sininggahake | wau dawêganipun | nèng pêpaga gènnya ngrawati | saluhur pawon ika | Kyai Gêdhe gupuh | tumulya kesah mring wana | babad kajêng akarya kêsêling dhiri | sangêta kajêngira ||

48. karsanira Ki Agêng ing Giring | yèn sampun sangêt pangêlihira | arsa ngunjuk sarawuhe | wau sampun adangu | kesahira Ki Agêng Giring | ya ta Kyagêng Mataram | samana duk rawuh | ningali suwêng kang raka | Kyai Agêng Mataram tanya

--- 331 ---

sira ngling | mring Ki Giring garwanya ||

49. wontên pundi wakane puniki | dening sêpi Nyai Giring mojar | kesah wikana puruge | sangguping ambil kayu | dhatêng wana ambêkta kudhi | Ki Agêng ing Mataram | lampahira laju | dhatêng pawon karsanira | ngunjuk kilang aningali pawon sêpi | tumênga mring pêpaga ||

50. aningali dawêgan satunggil | nèng pêpaga sampun pinaresan | apan kantun ngunjuk bae | ya ta ingambil sampun | dêgan maring Kyagêng Mêntawis | binêkta dhatêng wisma | alinggih ing salu | sarya ambolong dawêgan | Kyai Agêng atanya mring Nyai Giring | puniki punapaa ||

51. têka botên kakang ngrêratêngi | godhog lêgèn pan kula punika | mampir ajêng jaluk lêgèn | Nyai Giring amuwus | inggih amung dintên puniki | karsane rakandika | aso kêsêlipun | Nyai Giring kagyat mulat | yèn dawêgan arsa ingunjuk kang rayi | apan sampun ingasta ||

52. agya ingampah mring Nyai Giring | Kyai Agêng Mataram amêksa | mangkana ing pangampahe | kiyai ariningsun | kang dawêgan puniku ugi | sampun andika têdha | inggih toyanipun | ing wau raka andika | wawêlinge dhatêng kula wanti-wanti | yèn wontên angunjuka ||

53. kula kinèn sangêt amalangi | yèn dawêgan siyos dèn unjuka | mandah

--- 332 ---

ta silih dukane | rakandika maringsun | yêkti ajrih dipun dukani | kula mring rakandika | Ki Agêng amuwus | inggih kakang sampun maras | manah dika mênawi dipun dukani | dika marang si kakang ||

54. têka dika abêbeja ugi | mring si kakang yèn kula kang mêksa | kang angunjuk dawêgane | dening yèn kakang bêndu | sakarsane bêndoni mami | sangking angêlak kula | saksana ingunjuk | toyane dawêgan ika | mring Ki Agêng Mataram langkung amanis | raosing toya dêgan ||

55. lan sangêt ngêlak Kyagêng Matawis | têlas toyaning dêgan satunggal | tan wontên kantun satètès | datan antara dangu | Kyai Agêng ing Giring prapti | wau sangking ing wana | wusing sèlèh kayu | anjujug ing pawon ika | sêsimpênan ing pêpaga dèn tingali | datan wontên katingal ||

56. mantuk manjing ing wisma tumuli | Kyai Giring Ki Agêng kapêdhak | alinggih anèng pantine | Kyagêng Giring alungguh | sarya angling takèn ing rabi | nyai mau sapa |[49] rawat dêgan ingsun | kang sun dokok ing pêpaga | paga pawon ingkang swarga[50] anauri | inggih rayi andika ||

57. rayindika Ki Agêng Mêntawis | apan botên kêni kula ampah | sêsambat sangêt ngêlake | kula sangêt tan asung | Kyai Agêng nambungi

--- 333 ---

angling | inggih kakang manira | wau kang angunjuk | sangking pangêlak manira | kumapurun manira andhêdhingini | sakarsa dika duka ||

58. gêgêtuning tyas Kyagêng ing Giring | adangu wau datan angucap | ya ta mupus ing jro tyase | watêking sampun luhung | gaibing Hyang ingkang kalingling | wruh yèn tan kêna owah | pasthining Hyang Agung | yèn Ki Gêdhe ing Mêntaram | kang sinungan takdiring Hyang mêngku Jawi | saturun-turunira ||

59. awêsana Ki Agêng ing Giring | aris mojar mring Kyagêng Mêntaram | lah adhi mêkètên bae | kadipundi gèn jaluk | darbèk kula kang wus binukti | mungguh dhatêng andika | rèhing asadulur | nanging panjaluk manira | rêmbag patut mring dika kang wuri-wuri | kênia gêgêntosan ||

60. Ki Agêng Mêntawis wruhing wadi | ri panjaluke Ki Giring ika | wus katampèn ing manahe | saosiking tyasipun | wus tan samar Kyagêng Mêtawis | ring Kyagêng Giring ika | sapanjalukipun | mangkana pangucapira | Kyagêng Giring lah kadipundi ki adhi | ing panêdha manira ||

61. manira têdha têdhak satunggil | têdhak pakanira kagêntenan | ing têdhak manira têmbe | Kyagêng Mantaram muwus | adhuh boya dèrèng kadugi | panjaluk pakanira | amapas sing tuwuh | manira pan maksih cuwa | Kyai Agêng ing Giring amuwus [a...]

--- 334 ---

[...muwus] malih | inggih lamon mêngkana ||

62. têdhak pindho adhi kadipundi | kagêntèna ing têdhak manira | Ki Gêdhe Mataram linge | puniku maksih tanggung | ing amukti dèrèng katawis | Ki Agêng Giring mojar | têdhak kaping têlu | puniku manira têdha | Kyai Agêng Matawis tan anglilani | nêdha têdhak kaping pat ||

63. datan suka Kyagêng ing Matawis | nêdha malih têdhak kaping lima | Kyagêng Mataram tan awèh | têdhak nêm kang jinaluk | datan suka Kyagêng Mêtawis | Ki Giring mêksa nêdha | têdhak kaping pitu | lingnya Ki Gêdhe Mataram | sapênêde sok sukaa ingkang kari | manira tan uninga ||

64. ri sampunya sami aprajangji | Kyai Agêng Mataram samana | anulya apamit mulèh | tan kawarna ing ênu | Kyai Agêng pan sampun prapti | ing padalêmanira | nagri ing Matarum | tan kawarna laminira | Kyai Agêng sêmana rêntêng kang galih | margi sangking kang putra ||

65. ingkang anama Radèn Ngabèi | ingkang karya susah galihira | sêmana ngiwa tingale | apan ta kumapurun | nyorok sêsêngkêran Dipati | Pajang warni wanodya | badhe sêlir panggung | kang kagadhuh ingkang rama | angsalipun wanodya punika nguni | sangking ing Kalinyamat ||

66. mila Ki Agêng manah kumitir | maras ajrih

--- 335 ---

mring Sang Adipatya | Pajang sangêt pêpacuhe | sangking watiring kalbu | kyai agêng karsanirèki | asowan dhatêng Pajang | atur sêtyanipun | sarya kang putra binêkta | karsa ingaturakên kang pati urip | dhatêng Dipati Pajang ||

67. sampuning dandan mangkat tumuli | Kyai Agêng sowan dhatêng Pajang | agêgancangan lampahe | kang putra datan kantun | kang anama Radèn Ngabèi | tan kawarna ing marga | sêmana wus rawuh | nênggih nagara ing Pajang | Kyai Agêng wus apamondhokan sami | enjing kang kawarnaa ||

68. sampun katur dhatêng sang dipati | yèn Ki Pamanahan ing Mataram | prapta kalawan putrane | kagyat tyas sang aulun | kadingarèn wakane prapti | baya ana karyanya | ingandikan sampun | umanjing sirèng jro pura | Ki Pamanahan cundhuk risang dipati | sampun auluk salam ||

69. sampuning uluk salam alinggih | Ki Pamanahan munggwing ing ngarsa | saha bukuh palungguhe | gya mangrêpa umatur | pan kawula sang adipati | ngunjukakên punika | pêjah gêsangipun | pun Ngabèi Loring Pasar | pan sumôngga ing karsa sang adipati | kawula suka lila ||

70. kagyat mirsa tyas sang adipati | ing aturira Ki Pamanahan | ya ta mangkana dikane | punapa dosanipun | sutaningwang Si Angabèi | pakanira apaksa |

--- 336 ---

tur patyaripipun | wruhan pakanira uga | Si Ngabèi iku suta ngong sayêkti | lan suta ngong kawitan ||

71. manira angkah gèn anênêkti | sutaningwang Si Ngabèi uga | manira eman dedene | têka mangkin agupuh | pakanira srahkên ing pati | manira tan anduga | punapi liripun | Ki Pamanahan turira | nuhun duka kawula sang adipati | sangking tiwas kawula ||

72. mila ing mangke pun Angabèi | kawula bêkta sowan punika | sumôngga pêjah gêsange | kalangkung kumapurun | anglangkungi karsa sang dipati |[51] inggih kang sêsêkrêran | punika ginanggu | ingkang sangking Lèpèn Nyamat | pan punika kang rinencang lambang sari | sangking tiwas kawula ||

73. punapa karsa sang adipati | apan kawula atadhah duka | sumôngga ing karsane |[52] ya ta lêga tyasipun | sang dipati aris dera ngling | lah ta lamon mangkana | manira jumurung | yèn Si Ngabèi arsaa | angrawati ing rare punika nguni | kang sangking Kalinyamat ||

74. lah pênêdipun puniku ugi | wakane nuli pinanggihêna | êngkèh benjing satêkane | nanging wawêkas ingsun | yèn tan wontên kanggone benjing | sampun dèn siya-siya | wakane sirèku | ingkang maksih rumaksaa | lan maninge

--- 337 ---

pakanira ngong waoni | amêngku bocah lanang ||

75. apan jamak yèn sampun birai | bocah lanang sinandhing wanodya | dadia arêm-arême | punapa malih iku | yèn rabia ingkang prayogi | ya ta Ki Pamanahan | mangrêpa andhêku | angraos kadukan ing tyas | ri sampuning têlas andika dipati | ya ta Ki Pamanahan ||

76. sampun atur pamit mring dipati | pamitira mantuk mring Mataram | gya mijil sangking purane | lajêng ing lampahipun | tan kawarna sira ing margi | wus prapta ing Mataram | manjing dalêmipun | sêmana datan winarna | polahira Radèn Ngabèi wus panggih | lan putri Kalinyamat ||

77. wus alama gènira apanggih | Radèn Ngabèi Saloring Pasar | lan putri Kalinyamate | apan sampun sumunu | apan jalêr putranirèki | anama Radèn Rôngga | warnane abagus | rama ibu langkung trêsna | lami-lami Kyai Agêng ing Matawis | asowan dhatêng Pajang ||

78. kocapa malih Sang Adipati | ing Pajang apan kala sêmana | arsa umunjuk jênênge | wau duk lampahipun | sang dipati seba mring Giri | arsa jumnêng sultan |[53] kêstrèna wong luhung | lampahe saglar sapapan | para mantrinira sadaya angiring | myang Ki Gêdhe Mataram ||

79. sêmana apan tumut umiring | ing lampahe Adipati Pajang | prapta ing Giri sira ge |

--- 338 ---

ya ta sarawuhipun | Adipati Pajang anangkil | Sunan Parapèn ika | pan sineba esuk | wontên ing Giri kadhatyan | pra niyaka Japan Wirasaba nangkil | pêpêk kabèh nèng ngarsa ||

80. Dipati Surabaya Kadhiri | Pasêdhahan wong agung wetan |[54] pêpêkan aseba kabèh | wong Madura tan katun |[55] Lasêm Tuban Sidayu Pathi | Dipati Pajang ika | ngandikan mring ngayun | kang minôngka palinggihan | binatur ing prangmadani pra dipati | samya linggih atata ||

81. kang para mantri tata alinggih | nèng wurining gusti sowang-sowang | lante lêlurah jajare | Ki Agêng ing Matarum | pan alinggih wontên ing wuri- | nira Dipati Pajang | ri sampune wau | Ki Adipati ing Pajang | ingèstrènan dhatêng Susunan ing Giri | jumnêng Sultan Pajang ||[56]

82. apan punika babade nguni | rêsi têtiga wisayèng janma | nênggih mangkana babade | gya pêpundhutan mêtu | sangking pura lumintu mijil | prasamya ing ngajêngan | sakathahe wau | para dipati sadaya | wus sumadya prasamya adana bukti | pra dipati sadaya ||

83. Sunan Parapèn ngandika aris | dhatêng sakathahing pra dipatya | anak putuningsun kabèh | lah dèn padha apatut | aja ana kang amimiti | dèn padha tyas raharja | lan dèn padha sukur | ing Allah

--- 339 ---

Kang Maha Mulya | ing sajnêng-jnênge pribadi benjing |[57] aywa na manah arda ||

84. ingsun têdha anak putu mami | padha salamêta dunya kherat | kang para dipati kabèh | sami asaur manuk | nuhun duka kawula sami | sih dalêm jêng susunan | kalangkung kasuhun | ya ta sagung pra dipatya | sakathahe sampun dènnya samya bukti | ambêng wus linorodan ||

85. lajêng pinatêdhakkên ing wingking | panakawan sampun cinarikan | sampun sami nêdha kabèh | ya ta sakathahipun | ri kang panakawan pan sami | tiningalan sadaya | mring Sunan ing Gunung | ya ta Ki Gêdhe Mataram | wau ingkang dèn tingali Sunan Giri | pandhita maharaja ||

86. apan anampani sêmu ghaib | nora samar mring Kyagêng Mataram | raja pandhita dêlinge | hèh Ki Pajang nak ingsun | alah sapa sintên puniki | wastaning panakawan | kang mangan angantun | Sultan Pajang aturira | abdi dalêm wastane punika nênggih | pun patinggi Mataram ||

87. cacah tiyang kawan atus nênggih | ingkang dipun rèhakên punika | raja pandhita dêlinge | sira kona mring ngayun | lawan ajajara alinggih | lan kang para dipatya | dyan Kyagêng Matarum | tur sêmbah linggih ajajar | lawan sakathahing kang para dipati | tansah pinandêng tingal ||

88. angandika Susunan ing Giri |

--- 340 ---

lah iya wruhanira sadaya | sakèh pra dipati kabèh | ya Ki Gêdhe Matarum | iku têmbe-têmbe ing benjing | anak putune uga | angrèh Jawa besuk | sakèhe wong nusa Jawa | iku besuk padha ngidhêp ing Matawis | Kyagêng Mataram mirsa ||

89. ing pangandikane Sunan Giri | dyan Ki Agêng Mataram mangrêpa | asujud anèng ngarsane | ngaras siti ing Gunung | sakalangkung anuhun ing sih | dhatêng sang apandhita | ya ta sang awiku | aris dènira ngandika | pasthining Hyang tan kêna ingowah gingsir | dadya Kyagêng Mataram ||

90. agya ngaturi dhuwung satunggil | dhatêng Susunan ing Giri ika | nulya tinampik[58] dhuwunge | samya kacaryandulu | sakèh ingkang para dipati | mring Ki Gêdhe Mataram | de cinêtha wau | amutêr rat bumi Jawa | sasampune mangkana Sinuhun Giri | nulya karya talaga ||

91. sakathahe kang para dipati | apan samya dhudhuk-dhudhuk sira | glising carita nulya ge | talaga dadi sampun | apan sampun dipun wastani | talaga winastanan | ing talaga Patut | ênggèning apêpatutan | apan sakathahe kang para dipati | pinatut nèng talaga ||

92. ri sampuning mangkana anênggih | sakathahe kang para dipatya | saksana umantuk kabèh | Sultan Pajang ing wau | nulya [nu...]

--- 341 ---

[...lya] pamit saha ngujungi | wus tinundhung mantuka | Ki Gêdhe Matarum | umiring ing Sultan Pajang | tan atêbih ngiring ing wurinirèki | tan kawarna ing marga ||

93. sampun prapta ing Pajang nagari | miwah Kyai Gêdhe ing Mataram | wus prapta wau lampahe | nagari ing Matarum | Sultan Pajang wau winarni | sêmana sinewaka | dening punggawa gung | miwah ingkang para putra | kabèh nangkil Sultan Pajang ngandika ris | tutur wirayat ika ||

94. hèh wong Pajang lah wruhanirèki | iya ing Mataram iku benjang | amutêr jaman sakèhe | ing nusa Jawa besuk | dadya sakwèhing para mantri | miwah kang para putra | kagyat mirsa tutur | kang wirayat Sunan Ngarga | ingkang putra Sultan Mas Bênawa nênggih | matur dhatêng kang rama ||

95. kawula nuhun duka nrêpati | manawi èstu benjing patikbra | Sunan Giri wirayate | upami ing Matarum | sinaengga wongwa sapêlik | yèn tan agya siniram | pêsthi têmahipun | tan wande angômbra-ômbra | yèn sawawi kawula kang anindaki | anggêcêk ing Mataram ||

96. para punggawa Pajang ngrêmbagi | saur paksi saaturing putra | Sultan Pajang andikane | Ki Banawa nak ingsun | iya bênêr têka sirèki | pira gênge Mataram | winatara iku | ginêcêk anggôndra pira | nanging

--- 342 ---

tan kêna ghaib karsa Hyang Widdhi | priye gon ngowahana ||

97. lamun wis takdire iku pasthi | lawan ta ingsun ajrih nêraka | Sunan Giri wêwalêre | sapa kang wiwit iku | yêkti nora anêmu bêcik | ya ta Pangran Banawa | mênggah manahipun | kadi srênggala cinancang | manahira sakathahing para mantri | sigêgên Sultan Pajang ||

98. kawarnaa Ki Agêng Matawis | sineba anak putu sadaya | pêpêk kang para putrane | miwah Kiyai Juru | amartani anèng ing ngarsi | lan kula kawaraga | Kyai Gêng Matarum | ing wau sira ngandika | wacana rum maring para putra sami | mangkana wawêlingnya ||

99. ing ya benjing ing sapungkur mami | wêwêkas ingsun marang ing sira | anak putuningsun kabèh | lamun nyata ing besuk | wirayate Susunan Giri | ing têmbe ing Mataram | pan cinêtha besuk | amêngku ing tanah Jawa | wêkas ingsun nganggea sira ing benjing | manah brôngta lêgawa ||

33. Asmaradana

1. Lawan malih wêkas mami | lamun benjang kalakona | Sunan Giri wirayate | yèn lunga anglurug sira | maring nagri bang wetan | anuta ing lakuningsun | lawan sultan mring Prawata ||

2. anuju Jumahat Pahing | kala ing sasi Mukharam | iku wêwurinên têmbe | lamon nagara

--- 343 ---

Mataram | linurugan wong wetan | ing benjing wawêkas ingsun | yèn sira mêtoni yuda ||

3. aja sira angliwati | ing gunung Kêndhêng ta sira | sayêkti apês yudane | lawan malih wêkas ingwang | yèn sira kalampahan | iya nagara Matarum | amêngku ing nusa Jawa ||

4. yèn sira karya bupati | aja liyan wong Mataram | ing besuk kang sira gawe | pan wong kawan atus isika |[59] rowang guna nastapa | lan malih wong kawan atus | yèn duwe dosa mring sira ||

5. apan dene dosa pati | kaki sira sapuraa | wong punika sadosane | yèn sira tan nyêpuraa | sadosane wong ika | anging silih gêtihipun | aja tiba ing Mataram ||

6. akathah lamun winarni | wawêkase ingkang rama | ya ta wau winiraos | padhêkahan ing Mataram | apan sampun agêmah | karta bandaripun agung | mirah sandhang lawan pangan ||

7. akathah têtiyang prapti | karasan wisma Mataram | dene tan ana winaon | nagari gêmah aripah | tan karangla ing manah | miwah pacangkraman agung | ing toya lan ing dharatan ||

8. samana nagri Matawis | lagi cacah tiyang dhomas | kalangkung dening muktine | Kyai Agêng ing Mataram | miwah kang kulawarga | sami eca manahipun | wus alama [a...]

--- 344 ---

[...lama] kawarnaa ||

9. Kyai Agêng ing Matawis | gêrah sangêt cinarita | pinasthi puput jênênge | pêpêk ingkang para putra | anungkuli kang rama | tanapi Kiyai Juru | Kyai Agêng angandika ||

10. mring Ki Juru Amartani | ki ipe para kantuna | dèn bisa dika amongmong | maring anak pakanira | ing sawuri manira | lawan yayi malihipun | kang gêntenana manira ||

11. putranira Ki Ngabèi | kang duwea ing Mataram | gih puniku prayogane | sasampunira mêmêkas | Ki Agêng nulya mafad | kang tangis apan gumuruh | sêmana wus siniraman ||

12. ya ta kinapan tumuli | nulya sira ingastana | kilèn masigit prênahe | ya ta wau sinangkalan | tata mantri wisaya- | ning janma[60] sangkalanipun | kulawarga kwèh karuna ||

13. sadaya sami prihatin | para putra kulawarga | ing wau sapatilare | Kyai Agêng ing Mataram | pêpêk kang para putra | angandika Kyai Juru | dhatêng kang putra sadaya ||

14. sakathahe putra mami | payo padha ingsun gawa | aseba maring ing Paos | atur uninga ing Sultan | yèn ramanira tilar | kaya priye karsanipun | sapa kang ginantosêna ||

15. kang putra sami umiring | ing wau sarêmbagira | ingkang para putra kabèh | satilare ingkang rama | ingkang sinêmbah-sêmbah |

--- 345 ---

suyud dhatêng Kyai Juru | minôngka gêntèning rama ||

16. ya ta kawarnaa enjing | apan ta sampun adandan | lan kang kulawarga kabèh | aseba dhatêng ing Pajang | ya ta anuli bubar | apan ta Kiyai Juru | ingkang angirid ing lampah ||

17. datan kawarna ing margi | wus prapta nagari Pajang | mangkana kang winiraos | sira Kangjêng Sultan Pajang | enjing miyos sineba | pêpêk sakwèh punggawa gung | miwah ingkang para putra ||

18. Kyai Juru Amartani | lawan kang putra lêlima | prasamya binêkta pepe | sandhaping waringin kêmbar | Sultan Pajang tumingal | sasoring waringin kurung | ana wong pepe akathah ||

19. Sultan Pajang ngandika ris | bocah sira pariksaa | sapa ta ingkang apepe | têtiyang gandhèk agêpah | dènira amariksa | tiningalan yèn Ki Juru | apepe lawan kang putra ||

20. tiyang gandhèk mangkya angling | inggih Ki Juru punapa | ingkang dipun pèpèkake | Kyai Juru wuwusira | dika matur ing sultan | atur uninga pun Juru | yèn ki patinggi Mataram ||

21. ing mangke yèn sampun lalis | atilar putra agangsal | inggih punika warnine | punapa ta ingkang karsa | ingkang ginêntosêna | tiyang gandhèk gya umangsul | sapraptanira ngajêngan ||

22. tiyang gandhèk awotsari | sampun kawula pariksa | ing

--- 346 ---

inggih punika kang pepe |[61] pun Jêbèng Juru Mataram | mèpèkakên kang putra | atur uninga sang prabu | yèn patinggi Mataram ||[62]

23. ing mangke yèn sampun lalis | atilar putra agangsal | sultan angungun driyane | dene ta nora kayaa | pawong sanak manira | dhuh Ki Jêbèng ing Matarum | lah iya singa dhingina ||

24. lah timbalana dèn agis |[63] Ki Juru mring ngarsaningwang | lan kaponakane kabèh | têtiyang gandhèk agêpah | ya ta kang ingandikan | Ki Juru lan putranipun | sampun dhatêng ing ngayunan ||

25. sami ganti atur bêkti | dhumatêng ing Sultan Pajang | sampun atata linggihe | munggwing ing ngarsa pangrêpa | Sultan Pajang ngandika | prayogane putraningsun | kang tuwa anggêntènana ||

26. iya Ki Radèn Ngabèi | kang mêngkua ing Mataram | kang ingsun jujung lungguhe | lan malih prayoganingwang | yoga sun lihkên aran | alah sira anak ingsun | iya sira jumnênga ||[64]

27. Senapati Ngalaga di | Sayidin Panatagama | lan malih wawêkas ingong | Ki Jêbèng Juru Martanya | pakanira kang yogya | amongmonga sutaningsun | Ki Senapati Ngalaga ||

28. nanging ta wêwêkas mami | aywa ge seba maringwang | yèn durung ing sataune | lah têka sira tulusa | muktia wibawaa | anèng nagaranirèku | ing Mataram gêmahêna [gêmahê...]

--- 347 ---

[...na] ||

29. yyan kita uwus sawarsi | agya kita asebaa | mring Pajang ayya talangke | Senapatya gya ngastutya | ngusap lêbu suku sang | ring sultan myang Kyai Juru | wus amit saha pra putra ||

30. jêngkar dènira tinangkil | sultan umantuk ing pura | mangkana kang winiraos | Senapati ing Ngalaga | saha kulawangsanya | myang kang paman Kyai Juru | mantuk dhatêng ring Mataram ||

31. sapraptanirèng Matawis | ri sampunira alama | wong cili suka manahe | apan wus dadya nêgara | padhusunan Mataram | tulus kang swarwa tinandur | murah kang swarwa tinumbas ||

32. rikang wwang saya kwèh prapti | tumanak wisma Mataram | dene tan ana winaon | pasir awukir ajêmbar | siti wêdhi arata | rikang kalangwan tulya gung | ing wana ring we akathah ||

33. praja ketang loh jinawi | rikang we wêning tumumpang | dahat mumpuni kamuktèn | Senapati ring Ngalaga | pan dèrèng sebèng Pajang | dènnya wus têkèng sataun | kinèn tumamèng ring Pajang ||

34. ri mangkya uwus sawarsi | lah agya kita sebaa | aywa lirwa ngubayane | ring ramanya Sultan Pajang | lah kita asebaa | ring Pajang mangkya amuwus | Senapati ring kang paman ||

35. lingira anamayani | yèn wontên dutane sultan | benjing yèn prapta marene | lah ulun seba mring Pajang | Ki Juru aris mojar [mo...]

--- 348 ---

[...jar] | tan mangkana sutèng ulun | kita apan angawula ||

36. kadya pa kita anganti | prapta dutanira sultan | pan wus ana parentahe | ewuh rikang kadya ingwang | rèh kinwan amwang-mwanga | kojat yyan tan apitutur | wong tuwa kalok ing ala ||

37. ewuh têmên ulun iki | rèh ulun kinon mongmonga | ring kita yêkti lih awon | kadya pa kita angatag | wong Mataram anyithak | lan malih kita angutus | karya bata putih abang ||

38. tan wandya kawartèng benjing | ring ramanira jêng sultan | pan wong Pajang ika akèh | kang dagang prajèng Mataram | dyan malih kawarnaa | Senapati ingkang sunu | apan kathahe sêsanga ||

39. kacatur maksih samya lit | suta panuwa Dyan Rôngga | apan atimur wayahe | ayusya sadasa warsa | dibya ring kaprakosan | bèr kawanèn saha têguh | andakaning guladrawa ||


warahên (kembali)
warahên
andikani (kembali)
andikani
Kurang satu suku kata: tan arsa atapih (kembali)
Kurang satu suku kata: tan arsa atapih
karya (kembali)
karya
sanggupe (kembali)
sanggupe
tantun (kembali)
tantun
Kurang dua suku kata: sigra bubar sira sang dipati (kembali)
Kurang dua suku kata: sigra bubar sira sang dipati
umantuka (kembali)
umantuka
pungkur (kembali)
pungkur
10 dèn eca (kembali)
dèn eca
11 Kurang satu suku kata: samya anangis gumrêrah munggwing suku (kembali)
Kurang satu suku kata: samya anangis gumrêrah munggwing suku
12 lumpuh (kembali)
lumpuh
13 Lebih satu suku kata: pasthi ika lamon lampus (kembali)
Lebih satu suku kata: pasthi ika lamon lampus
14 gih kawula kang sanggub anadhahi (kembali)
gih kawula kang sanggub anadhahi
15 sang hyang (kembali)
sang hyang
16 Seharusnya halaman 290 dan seterusnya (kembali)
Seharusnya halaman 290 dan seterusnya
17 anyongklang (kembali)
anyongklang
18 sangsaya (kembali)
sangsaya
19 kandhêg (kembali)
kandhêg
20 Kurang satu suku kata: hèh sapa kang akardi (kembali)
Kurang satu suku kata: hèh sapa kang akardi
21 katunjang (kembali)
katunjang
22 Lebih satu suku kata: têka ngandêlkên bala (kembali)
Lebih satu suku kata: têka ngandêlkên bala
23 Kurang satu baris ke-6: sira Si Pajang (kembali)
Kurang satu baris ke-6: sira Si Pajang
24 nunggang (kembali)
nunggang
25 kêkoncèn (kembali)
kêkoncèn
26 Sengkalan: iku sapta hèr nabi (1471 A.J.). (kembali)
Sengkalan: iku sapta hèr nabi (1471 A.J.).
27 alon (kembali)
alon
28 Kurang satu suku kata: inggih alêrês ki ipe (kembali)
Kurang satu suku kata: inggih alêrês ki ipe
29 anêdha (kembali)
anêdha
30 adpati (kembali)
adpati
31 Kurang satu suku kata: yayi amung jênêngira (kembali)
Kurang satu suku kata: yayi amung jênêngira
32 Lebih satu suku kata: dening kang nom-anom iku (kembali)
Lebih satu suku kata: dening kang nom-anom iku
33 Lebih satu suku kata: wus winêdalkên sadaya (kembali)
Lebih satu suku kata: wus winêdalkên sadaya
34 Kurang satu suku kata: ingkang marang jênêng ingong (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang marang jênêng ingong
35 Kurang satu suku kata: sakathahe kang wanodya (kembali)
Kurang satu suku kata: sakathahe kang wanodya
36 Kurang satu suku kata: saya anggagas wirange (kembali)
Kurang satu suku kata: saya anggagas wirange
37 Kurang satu suku kata: Susunan ing Kalijaga (kembali)
Kurang satu suku kata: Susunan ing Kalijaga
38 cêngkar (kembali)
cêngkar
39 Kurang satu suku kata: sasurasaning kalbu (kembali)
Kurang satu suku kata: sasurasaning kalbu
40  Kurang satu suku kata: sêdya jumênênga sunan (kembali)
Kurang satu suku kata: sêdya jumênênga sunan
41 Kurang satu suku kata: sapa sintên wikan ing benjing (kembali)
Kurang satu suku kata: sapa sintên wikan ing benjing
42 Kurang satu suku kata: Panêmbahan angandika iya uwis (kembali)
Kurang satu suku kata: Panêmbahan angandika iya uwis
43 Lebih satu suku kata: sampun rêmbag dènira akarsa (kembali)
Lebih satu suku kata: sampun rêmbag dènira akarsa
44 Kurang satu suku kata: rêrangkulan awaspa umijil (kembali)
Kurang satu suku kata: rêrangkulan awaspa umijil
45 dêlinge (kembali)
dêlinge
46 adhêndhêng (kembali)
adhêndhêng
47 Kurang satu suku kata: Ki Gêdhe Karanglo ika (kembali)
Kurang satu suku kata: Ki Gêdhe Karanglo ika
48 Kurang satu suku kata: sangkalane duk atêtêruka (kembali)
Kurang satu suku kata: sangkalane duk atêtêruka
49 Kurang satu suku kata: nyai dhèk mau sapa (kembali)
Kurang satu suku kata: nyai dhèk mau sapa
50 garwa (kembali)
garwa
51 Lebih satu suku kata: anglangkungi karsa dipati (kembali)
Lebih satu suku kata: anglangkungi karsa dipati
52 Kurang satu suku kata: sumôngga ing sakarsane (kembali)
Kurang satu suku kata: sumôngga ing sakarsane
53 Kurang satu suku kata: arsa jumênêng sultan (kembali)
Kurang satu suku kata: arsa jumênêng sultan
54 Kurang satu suku kata: Pasêdhahan wong agung bang wetan (kembali)
Kurang satu suku kata: Pasêdhahan wong agung bang wetan
55 kantun (kembali)
kantun
56 Kurang satu suku kata: jumênêng Sultan Pajang (kembali)
Kurang satu suku kata: jumênêng Sultan Pajang
57 Kurang dua suku kata: ing sajênêng-jênênge pribadi benjing (kembali)
Kurang dua suku kata: ing sajênêng-jênênge pribadi benjing
58 tinampi (kembali)
tinampi
59 Lebih satu suku kata: pan wong kawan atus ika (kembali)
Lebih satu suku kata: pan wong kawan atus ika
60  tata mantri wisayaning janma (1535 A.J.). (kembali)
tata mantri wisayaning janma (1535 A.J.).
61 Lebih satu suku kata: inggih punika kang pepe (kembali)
Lebih satu suku kata: inggih punika kang pepe
62 Kurang satu suku kata: yèn patinggi ing Mataram (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn patinggi ing Mataram
63 aglis (kembali)
aglis
64 Kurang satu suku kata: iya sira jumênênga (kembali)
Kurang satu suku kata: iya sira jumênênga