Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 38–47)

Judul
Sambungan
1. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 10–19). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 20–28). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 29–37). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 38–47). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 48–57). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 58–70). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 71–82). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Rama, H. Buning, 1921, #435 (Pupuh 83–91). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

38. Pangkur

1. muntab akrodha Rawana | brakuthu marêngut winga mawêngis | jajanira kadi murub | kadi rah kang sarira | lir tinêpak bêngis pangandikanipun | hèh Wibisana minggata | nèng Ngalêngka apa kardi ||

2. tan mari angajap ala | dur niminta papa bae karêpi | mung Rama bae ginunggung | Dasamuka cinacad | mungsêktine Ramabadra kang dèn wuwus | sêkti ngong ginawe ora | gêgêdhêgi anèng bumi ||

3. Si Rama bae mênanga | Dasamuka kalaha ing ajurit | tuhu dhusthamu amuput | godhong aking kêlêma | anèngbanyu lawan watu itêm timbul | iku manawa sun kalah | aprang lan Si Dasarati ||

4. lah iki têtelaningwang [tête...]

--- 317 ---

[...laningwang] | alanira kalingan wus katitik | duk ing nguni ana mungsuh | iya tan pisan-pisan | milu mangsah nyanaku saking bêg wiku | marmane lumuh apranga | naraka dhik kokarêpi ||

5. apa karyamu nèng Nglêngka | nalutuhi êndhog pamanirèki | pêputih kabèh sanakmu | sira dhewe sumêlap | kêkuninging êndhog gawe nora patut | sapa arsa ngawulakna | anggung mêmirang ing mami ||

6. patimu dhustha naraka | tuhu-tuhu asih ing mungsuh mami | pira sukane uripmu | kudu asih ing mêngsah | wus maringa nunggalawanara lumut | dhuk kobong kadhatun ingwang | singra[1] tan duwe prihatin ||

7. tandhamu cêmêr kewala | wusnya mojar Dasamuka sira glis | saking palăngka tumurun | nudingi sigra dhupak | wadanane Wibisana kang kapagut | gonjit palungguhanira | nora rêbah maksih linggih ||

8. Dasamuka wangsul lênggah | nguman-uman sraweyan manudingi | Sang Arya Wibisanèku [Wi...]

--- 318 ---

[...bisanèku] | mèsêm tyase tan owah | pêputuse kasujanan kang winêngku | suka bungah yèn dèn ina | ginitika angowahi ||

9. tuhu kang tyas pinasthika | Wibisana ulatmisih mêmanis | sagêd angunjara nêpsu | yèn iku ngladènana | nora asor kaprawiraning prang pupuh | nora kalah băndawala | apan tuhuning ajurit ||

10. marêngut kucêm pan nora | tuhu kang tyas apindha jalanidhi | êninge rêmbêsing tutuk | santi kang kinêkêsan | nora kèndêl maksih ngrêrêpa umatur | dhuh nata sampun mangkana | sudanên tyas anggung runtik ||

11. saèstunipun kawula | yèn tumuta ature pra dipati | ngajap dadining prang pupuh | punapaa tan trêsna | lêbur luluh kadang makatên pan tumut | yèn sampun lêrêsing lampah | pra dipati darma jurit ||

12. luput lêrêsa punika | pra dipati awis purun ngaturi | manawiamanggih bêndu | yêkti badan kawula [ka...]

--- 319 ---

[...wula] | awon pênêd măngsa ajriha pukulun | yèn paduka anggung duka | lah inggih ta kadipundi ||

13. tan wontên kadi paduka | botên bobot ujar kang ala bêcik | laku bênêr laku luput | sayogya tinitenan | lir wong sakit arang kang purun anginum | ing jêjampi tămba-tămba | aras-arasên pan sakit ||

14. tur iku yèn dèn inuma | nadyan pait sayêkti amarasi | wong sakit wêtêng puniku | suka mêmangan rujak | nadyan rusak wêkasane nora ketung | jamu kang karya kapenak | nora-nora dèn karêpi ||

15. botên ta saking duryasa | kadi kang wong dolanan ula mandi | sapele pakenakipun | upami cinokota | langkung dene datanpa damêl puniku | kadya wong mêng-amêng macan | pinrih sukane akêdhik ||

16. upama yèn kinêraha | nora mantuk suka lan dukanèki | makatên lire pukulun | paduka [pa...]

--- 320 ---

[...duka] mèt Sang Sinta | kêdhik têmên pinrih ing pakantukipun | kasusahane anggawa | nagara lan wong sabumi ||

17. sagung punggawa punika | samya darbe pikir makatên ugi | nanging ta ajrih umatur | Dasamuka lingira | nora ana wong kang bisa cêcalathu | pan namung Si Wibisana | ambêkuh sarwi nudingi ||

18. Wibisana matur nêmbah | dhuh pukulun yèn jênênging narpati | atilar kramaning ratu | tan wande karusakan | arêp wruha ingong ing wêkasanipun | wus katon sajroning cêtha | rusake Ngalêngka benjing ||

19. Wibisana amit nêmbah | lèngsèr saking ngarsèng raka narpati | prapta sajawining pintu | panggih lan balanira | winartanan kalamun tan arsa kondur | tinundhung marang kang raka | sagung wadyanira sami ||

20. samya sih tumut sadaya | saparaning gusti tan nêdya kari | Arya Wibisana sampun | anapak jumantara | saha bala gumuruh saengga mêndhung | wus tilar nagri Ngalêngka | lampahe [la...]

--- 321 ---

[...mpahe] mêdal wiyati ||

21. lan sagung punggawanira | sawadyane punggawa datan kari | kunêng gantya kang winuwus | Prabu Ramawijaya | nèng Maendra lawan sagung wadyanipun | kang gung onêng mangunêngan | katongton putri Mantili ||

22. anggung wuyung kawuyungan | ingkang rayi Lêksmana mangundhati | dadya emut priyanipun | madêg tyas kasatriyan | antuk sare Prabu Sugriwa atunggu | lan sagung punggawanira | ya ta kawuwusa enjing ||

23. narpatiputra pan lagya | pagunêman Sugriwa munggèng ngarsi | miwah ri Lêksmana sadu | pra dipati wanara | aglar mungging ngarsa kanan keringipun | miwah wre sadaya sumyar | asaos ngarsaning gusti ||

24. Rajaputranggada lawan | Bayuputra Anila munggèng ngarsi | Kapi Jêmbawan tan kantun | kapat samya kaparak | ing wurine Satabali Indrajanu | Susena miwah Winata | Wisangkatha lan Putaksi [Pu...]

--- 322 ---

[...taksi] ||

25. Anala Găndamadana | Bimamuka Kardana Lawayèksi | Darimuka Lawayèku | Wrêksaba lan Druwenda | lagya eca gunêm wong agung katêlu | bala wre ingkang ajaga | munggèng têpining jaladri ||

26. tumingal ing awang-awang | kadya mêndhung danawa ing wiyati | wanara gègèr gumuruh | narka yèn Dasamuka | samya mêre wurahan umèb kumêbul | sami lumajêng tur priksa | mring wre kang para dipati ||

27. katur lamun Dasamuka | ngirit bala dhêdhêt munggèng wiyati | wre punggawa nêmbah mundur | gumrêgut samya kirap | Dasamuka alah linurugan rawuh | gurnita bala wanara | umung lir manêngkêr langit ||

28. wong agung katiga samya | amiranti tan obah dènnya linggih | Sugriwa Lêksama sadu | Risang Ramawijaya | Radèn Bayutênaya sigra umabur | mêmariksayêktinira | mungsuh Rawana kang prapti ||

29. praptèng gêgana umiyat [umiya...]

--- 323 ---

[...t] | rêksasa gung pinandêng kang dèn iring | punggawane kang kadulu | mèngêt-èngêt Anoman | lamun Wibisana kang ngirit ditya gung | nungsuh guyu-guyu samya | Anoman suka tan sipi ||

30. ing nguni wus kauningan | lamun Wibisana matur nangisi | duk nalikarsa tinunu | marma suka kalintang | Wibisana nutur solah mulanipun | milane tilar Ngalêngka | miwiti malah mêkasi ||

31. Anoman suka kalintang | pinalaku kature sang siniwi | myang ing sêtya bêktinipun | Anoman pan tumanggah | sigra niyup ingirit sabalanipun | sagunge bala wanara | kang arsa umangsah jurit ||

32. kabèh samya sinapihan | mring Anoman dadya kèndêl prasami | kumrutug samya dêdulu | mring danawa kang prapta | dhêdhêg munggèng satêpining samodra gung | Anoman praptèng ngajêngan | umatur saha wotsari ||

33. pukulun atur uninga | ditya ingkang burêng anèng wiyati | kang

--- 324 ---

tinarka mungsuh rawuh | dede pun Dasamuka | Wibisana kang prapta sawadyanipun | gunawan mahardikang rat | ambêg santa sadu budi ||

34. budiman ta tyas pasthika | manikan ta mila tilar nagari | tan kangge ing aturipun | dhatêng pun Dasamuka | samudana winastanan aturipun | gêgendholi sêdyanira | sampun angabêni jurit ||

35. Dèwi Sinta aturêna | mila datan kangge ingaturnèki | tinundhung mring kadangipun | inggih pun Dasamuka | kudu-kudu angabêni ing prang pupuh | mila Arya Wibisana | ngungsi paduka mrih yêkti ||

36. Wong Agung Ramawijaya | duk miyarsa Anoman turirèki | mêmawa suka kalangkung | miyarsa yèn Gunawan | Wibisana budiman tanira putus | kawicaksanan sarjana | ambêg santa martèng budi ||

37. dhasar Sri Ramawijaya | wus pakartinira budya marta sih | apanggih samyambêgipun | nadyan misih mungsuha | yèn lumaku srah jiwa pasthi kinukup [kinu...]

--- 325 ---

[...kup] | pantês yèn dèn êla-êla | mangkana kinèn nimbali ||

38. Marutasuta umêsat | praptèng ênggon Sang Wibisana nganti | dhinawuhan kerit sampun | praptanirèng ngajêngan | gya ingawe umangsah nungkêmi suku | ature katur sadaya | sukambêg Sri Dasarati ||

39. kapracaya praptanira | pinarcayan dènirambêg basuki | wus kinèn anunggil lungguh | lawan Prabu Sugriwa | miwah Radèn Taruna Lêksmana sadu | nalika parêng ubaya | ombak lawan angin-angin ||

40. têdhuh jaladri tan ombak | miwah angin manuk tan ana muni | samya kèndêl lampahipun | marahkên nêmu suka | yayah kadya nêksèni patêmonipun | Sang Ragusuta Wijaya | lan Wibisana mantêsi ||

41. dènnyantuk kondhang utama | nunggal budi dènira sadu budi | abipraya sabiyantu | moring manik pasthika | Wibisana lir tinetesan tyasipun | ing tirta marta utama | lir manggih rêtna sawukir ||

--- 326 ---

42. myang Ragusuta Wijaya | trêsnanira tanpae lan ri kalih | Sugriwa Lêksmana sadu | katri sinama-sama | wus mangkana kunêng kang wus mitra kukuh | lan prawira Wibisana | nglêkaskên upaya sami ||

43. mangangên-angên ta sira | Ragutama mèpu tyasira wingit | ngêndi baya marganipun | mêntas maring Ngalêngka | iya aja kongsi kari wadyaningsun | wre dibya bisa ngambara | wre dama sri nata kari ||

39. Sinom

1. Wong Agung Ramawijaya | mangunêng tyas tan pinanggih | tan ana wênganing driya | dene kalangan jaladri | èngêt pandhita nguni | SutiksnaYugi turipun | besuk pan kalampahan | angadoni jayèng jurit | mring Ngalêngka sêdhih kalangan samodra ||

2. ingikêt-ikêt tan ana | binudi-budi tan budi | langkung amêrdi wardaya | mêksa tan ana pinanggih | mêtêg tyas angranuhi | dènnyonêng mring garwanipun | margine datan ana | kang liya saka jaladri [jala...]

--- 327 ---

[...dri] | tyasira ge praptaa nagri Ngalêngka ||

3. dadya tyas andiwangkara | manaput praptaning runtik | têmahan wêdharing duka | tan lyan maring jalanidhi | tan ana margi malih | samodra tibaning bêndu | angadêgakên langkap | pinasang kêndhêngeaglis | gyan pinênthang wau kang gandhewa dibya ||

4. pan agung ingayat-ayat | kang waja tansah ginigit | nolih ngering nolih nganan | ringas pasuryane kalih | gênjot padoning lathi | soring jăngga latu-latu | bau kêtuk cancala | purnama mênthangirèki | linêpaskên bramastra tibèng sagara ||

5. murub sanjata dahana | amblêse muntab mawardi | kumêtêre prakampita | bumi wukir moyag gonjing | jaladri molak-malik | pinapuyêngan sumawur | gugup amêgap-mêgap | saya sru panasing warih | kasangsaya kabèh isining samodra ||

6. kaburu dening kang panas |

--- 328 ---

balisah pating balêsih | tambuh paraning ngungsia | nusup-nusup amrih atis | tan ana antukatis | saparan-paran pratunu | gègère apuyêngan | wuyungan kang mina alit | mawur-mawur katawur sumyur nèng parang ||

7. sumirat bang sumamburat | karang lir dèn busanani | mina lumbalumba-lumba | lumba yarsa mamrih atis | mina tuli tan tuli | mina bang tulus tan tulus | mina mêsut kasrakat | ubêknya nèng tutuk mijil | lir rinêngga karang bang kaplatuk pêthak ||

8. urang kasurang karangkang | mêsut mêsat kapalêsit | pisêk sangsara sasaran | rêmak-rêmpu cacal picil | gêbêng cacal kacuri | cicir muncrat ajur mumur | pênyu trênyuh marênyah | munyur kang blanak kablênik | minaputêk nèng latêk kapêtêk pêjah ||

9. rumohan arêruhunan | nèng karang kang urang aking | dhuyung dhayang dhêdhayungan | gêtêm-mêgêtêm mrih matis | dhiwas kawawas mati | layar awor uwur-uwur | mapulung lung-ulungan | julung-julung [julung-ju...]

--- 329 ---

[...lung] ajêjiling | kêthèn yutan mina sajroning samodra ||

10. panah putus anêratas | tumêtês dhasaring warih | naga gêng basuki singsal | kontal katampyaling agni | murub amblês ing bumi | lir ginodhog samodra gung | jwalanira gumêbyar | kadya surya satus manjing | anuluhi ing sagara aru-ara ||

11. ambalasah kasusahan | rusak jroning kang jêladri | kombak kang alun lumembak | mung nagaraja basuki | kesis kasampar dening | bramastra muntap tumunu | obah pucuking arga | kadya rug kagiri-giri | mega mulêk ulêkan mêlêg gêgana ||

12. barang gon katon walikan | maliwêr kang kilat thathit | gumuruh naga malajar | anjujur pêgat kang pêthit | gurnitèng jalanidi | gambira gora gumuruh | warnanên Sang Baruna | munggèng singangsana manik | lagya têtêp gonjit palayuning naga ||

13. kagyatira Sang Baruna | gègère puranirèki [purani...]

--- 330 ---

[...rèki] | mungging madyaning samodra | sandeya Baruna mijil | sarêng mulat ing jawi | kadi surya tibèng ranu | aru-arane kang rat | kumêtêr ciptanirèki | ana paran samodra iki wurahan ||

14. mêdal jawining samodra | Baruna ika ningali | agêbèl bala wanara | ayutan makêthi-kêthi | prasamya nêningali | nèng têpining samodra gung | bêntêt matitip atap | dangu-dangu aningali | mring Wong Agung Ramawijaya alênggah ||

15. Lêksmana lawan Sugriwa | Wibisana munggèng ngarsi | miwah wre kang pra dipatya | jibêg ngayap munggèng wuri | Ramawijaya maksih | angasta gandhewanipun | garjita Sang Baruna | iki kang krodhèng jaladri | sigra mangsah mring ngarsane Ramabadra ||

16. makidhupuh dènnya lênggah | munggèng saluhuring warih | nêmbah matur angrêrêpa | hèh prabu paran marmèki | dêduka mring jaladri | punapa lire pukulun | langkunga sapunika | kadi yèn botên kuwawi | miwah lamun samodra [samo...]

--- 331 ---

[...dra] kongsia asat ||

17. apan saisining jagad | saking paduka mong kawit | yogya paduka rumêksa | mrih ayu amituturi | punapa tuwan lali | kalamun janma pinunjul | liring kang rat sadaya | tuwan tinitah narpati | satingkahing bawana tuwan kang molah ||

18. samodra lamun asata | tan kenging dadosa margi | pan angèlipun kalintang | kathah jurang kathah wukir | rêrêgêd parang curi | wana gêng lan lesus-lesus | inggih wontên pêpanas | kadi dharatan manasi | sampun dalih asrêp salêbêting toya ||

19. sawarnine kang tumitah | sadaya tumut prihatin | Jêng Paduka Narayana | mila manjanma ing bumi | kinèn rumêksa yêkti | isining jagad sawêgung | wênang angilangêna | kang doracara ing bumi | lah punapa gunane toya satêna ||

20. sagung wre yêkti kasrakat | marganana ing jaladri | măngsa sagêda umêntas | saking angèle tan sipi | tuwas [tuwa...]

--- 332 ---

[...s] mati makêthi | mayuta-yuta pukulun | mina tanpa wilangan | risake isining warih | sintên ingkang kecalan inggih paduka ||

21. wontên ardi sa-Malyawan | inggih lêbêting jaladri | kathah ulam kadi liman | ingkang minăngka karikil | lah sampun-sampun gusti | sampun katongton pukulun | ing rèh molahkên ing rat | ing tri bawana sayêkti | sakayun ta inggih ta măngsa sandeya ||

22. atagên wanara bala | sadaya mundhuta wukir | uruna satunggal-tunggal | sagung wre sayêkti dadi | tambakên kang jaladri | ing watu lan gunung-gunung | dadi sakarsa tuwan | sadaya punika sêkti | datan wangwang dadi sètu bandat buta ||

23. yèn ing pituduh paduka | punapa kinarsan dadi | sêktining balawanara | pintên wiyaring jaladri | apan upama kali | mung sakilan wiyaripun | lan sida sakarsanta | angadoni jayèng jurit | wignyaning prang brastha satru kalamurka ||

--- 333 ---

24. jêmparing tuwan sajuga | pinăngka dahana dadi | murubi bala wanara | bajra pine ngangin-angin | ing Ngalêngka sayêkti | suh brastha basmi katunu | sirnane murka dama | ing têmbe jaya-jayanti | èstu jaya Wisnubrata Narayana ||

25. kunêng ture Hyang Baruna | jawatane kang jaladri | trustha Sri Ramawijaya | sinêmbah pinintan urip | wlasa isining warih | lir sinapon dukanipun | mênthang sanjata toya | bramastra kang dèn sampuni | wus lumêpas tibèng jaladri we astra ||

26. sirêp wau kang bramastra | katiban sanjata warih | mulya isining samodra | sukambêg sang naga bumi | saisining jaladri | kang kênèng bramastra wau | mangkya mulya sadaya | tan ana kalong sawiji | kabèh suka muwah-muwuh lêbda jiwa ||

27. sawusnya urip sadaya | mina wutuh mulya nuli | Hyang Baruna amit nêmbah | mundur ngêlêm ing jaladri | suka satriya katri | Sugriwa Lêksmana sadu | myang Arya

--- 334 ---

Wibisana | mulat Baruna wotsari | ngandika lon Wong Agung Ramawijaya ||

28. yayi Sugriwa dèn enggal | atagên wre ngambil wukir | miwah watu sela tala | Sugriwa gya marentahi | sigra wre pra dipati | mêsat saha balanipun | mibêr ana kang dharat | angupaya watu wukir | kadya guntur swarane bala wanara ||

29. ana ngulon ana ngetan | ana lor kang dèn parani | kadya samodra ru-ara | sapraptanira ing wukir | amrih suka mêmilih | watu-watu gunung-gunung | krura sadaya mangkrak | tanpae lan magut jurit | krodhaning wre kang samya nêpak prabata ||

30. ana kang nusuk kanaka | ana kang dhupaki sikil | arga rug bêntar kasingsal | gumuruh gurnitèng ardi | wre singanabdanjrihi | isining wana katawur | anon solah myang swara | lir gora manêngkêr langit | wre pralêbda ngêdalakên kasudiran ||

31. wurahan sato busêkan | kumêrab [kumêra...]

--- 335 ---

[...b] amrih angungsi | jurang-jurang guwa-guwa | kênas lumayu sarimbit | anake kèh dèn indhit | cinangking ana pinanggul | nusup-nusup mring arga | Manikmaya kang dèn ungsi | giris mulat solahe bala wanara ||

32. liman lumalu sasaran | limang puluh rêbut dhisik | nêdya dus ngungsi talaga | talagane dèn parani | dening wre kang ngulati | ing watu lan gunung-gunung | liman akarya gêlar | eca dènnya ngasah gadhing | dyan kinêpung dening wre nêdyambêbeda ||

33. dyan nunut lumayu samya | mring sato kang alit-alit | tuhu tan ana budinya | lumayu lan sato alit | saparane katawis | nora bisa nusup-nusup | suka wre kang tumingal | ana kaprêgok kêsupit | gajah nambuh angêlêm sajroning toya ||

34. munggèng sasêlaning sela | sela itêm kang angapit | ana wit pandhan ngrêmpayak | godhonge ngêbyuki warih | mênêng angampêt uni |

--- 336 ---

măngsa wruha ciptanipun | dening amoring sela | măngsa konangana mami | gadhingipun ingakênsuluring pandhan ||

35. wremèsêm ing solahira | prayoga solahe wingit | satêngah ana dipăngga | ing wana rêgêd ingungsi | tur iku wus prayogi | angungsi ngêdohi gunung | tyase maras tan eca | manawa sinasak mangkin | palayune narajang obong-obongan ||

36. kêbarongot ginjal-ginjal | anggêbras susah kaswasih | nunut anglumpuk ing lêbak | sato alit kèh katindhih | akèh patingkarêmpis | budi kang mangkono iku | lara angajak-ajak | iku budi luwih nisthip | lah ta tuhu datan ana budinira ||

37. ing lara kalawan arja | saking budine pribadi | wau ta bala wanara | kèh solahe ngambil wukir | ana kang dèn karoni | ana sinăngga têtêlu | ana kang kinapatan | gumuruh awira-wiri [a...]

--- 337 ---

[...wira-wiri] | praptèng pinggir samodra sèlèh sarkara ||

40. Dhandhanggula

1. ana wukir agung dèn kapati | swarane lagya pambêdholira | lir gêlap sarêng jumêbrèt | parêng-parêng tri atus | suwarane gêronging bumi | luwênga luwung nglawang | kanginan ngrêruwung | angênguwêng kêmlawongan | kênèng angin kadya surak ing wiyati | lir tangising samodra ||

2. kaluwunge praptèng dhasar bumi | katon culane Sang Ăntaboga | ana kang kadi guwa grèng | sasolah-solahipun | kang wanara ngebat-ebati | tuhu jaya sri têka | ing pratandhanipun | sato-sato kang acêlak | amiyarsa wanara ambêdhol wukir | kèh kapilêng kantaka ||

3. ana tatal-tatal tibèng siti | tambaning tatal pan sèwu dhêpa | binalangakên tibane | winangsulakên muluk | sadangune kinarya undhi | miwah kang awang-awang | ngusung-usung gunung | dhêdhêt soroting baskara | katawêngan wanara [wa...]

--- 338 ---

[...nara] angungsi wukir | miwah kang sami dharat ||

4. kadya rayap sêmut angusungi | pêpanganan dalêdêg tan pêgat | miwah ing tawang swarane | dadya ing ngandhap luhur | swaranira ngêbêki bumi | kadya anggêmpur wiyat | kang prapta atimbun | lunga têka samya nêmbah | marang Prabu Ramawijaya mulat ing | langkung tyasnya marwata ||

5. ana ngibêrakên wukir siwi | ala nganggur cinuthik jêmpolan | kur-ukur jinawil bae | ana watu sagunung | anak agung samargi-margi | ginawe cêcanthengan | anggung sêbrang-sêbrung | wênèh watu kumalasa | sèwu dhêpa cinangking kadya suwiwi | sinawatakên wiyat ||

6. mumbul anggung sinăngga ing gigir | tinundha ring sirah watu parah | cinangking asta kalihe | ana gunung dinamu | kombul tiba cinandhak malih | ingumbulakên asta | swarga mèh kasundhul | Bathara Purusotama | myat solahe wanara mêng-amêng wukir | tuhu datan karasa ||

--- 339 ---

7. ana ingkang wanara satunggil | gêng kagiri-giri gramagalak | angaluwihi ambêke | tan arsa minta tulung | gunung langkung agêng tur inggil | ijèn sigra tinêpak | mêsatkabarubuh | gêmpur pokah bêlah bêntar | sela tala watu kumalasa sêbit | sol putêr ponang arga ||

8. dyan pinondhong wutuh ponang ardi | kadya anawung ing rara kênya | sru kalembak talagane | minăngka tangkisipun | talaga lir waspanirèki | manuk muni barungan | kang kagyat katawur | kadya swaraning karuna | rara kênya winasesèng pinrih rêsmi | cangak muni anyêngak ||

9. lir jêlihi kakênan ing gati | bramara rum maru mêngèng tawang | kadya sambat pangrintihe | angin-angin drês umyus | lir ambêkan duk mêmpis-mêmpis | pinêngkul ing wanara | mega kang manglimput | piyak lingkap kasêrakat | lir cingcinge sinjanging rara kênya di | nalikane kawudan ||

10. manikmabra kumêpyur

--- 340 ---

tibaring | siti kadya kêndhit kasêrakat | parênging lukar sinjange | wrêksa sara gurda gung | bulu jati miwah kêsambi | obah-obah kanginan | lir rusaking gêlung | binêktèng mumbul ngawiyat | kadya wukir gilang-gilang anglanglangi | kang jagad pramusesa ||

11. tan kawarna kang boyongi wukir | sakathahe kang bala wanara | datan petungan antuke | sungsun-sungsun matimbun | munggèng têpi kang jalanidi | dhêndhêng awarna-warna | gung aliting gunung | kadya gunturing ngawiyat | nora kèndêl ing wuri maksih bêdholi | ampuhane sajagad ||

12. wre punggawa Anala undhagi | kang tinuduh WisaKarmatmaja | Anala umangsah age | gunung kang agung-agung | kang ginawe adhêdhasari | gunung anak tumumpang | sinêlan ing watu | linapis lan sela tala | tinatatap linapis rapêt apipit | nulya tinibanlêmah ||

13. wre juru Anala mobat-mabit | sarikutan ngalor ngidul

--- 341 ---

nglalar | saèstu undhagi gêdhe | Anala sudibya nung | sagung kang wre samya amuji | sêktine Sang Anala | sètu băndalayu | puput ambênêr sipatnya | tan sangsaya angganthêng lêmpêng mathinthing | kang sètu bandatbuta ||

14. satus pandêlêng panjange nênggih | iya sapandêlênge dipăngga | sailange pandulune | têpunge lor lan kidul | anadene jêmbare yêkti | sapuluh pandulunya | gajah ilangipun | yèn marine katingalan | wus pinikir sujana kang nguni-uni | panjang jêmbaring tambak ||

15. pitulikur dina panjangnèki | wiyaring tambak pan tigang dina | kang pitulikur panjange | datan sangsaya tulus | samodrèku pamêngkang nênggih | darung mangilèn pisan | apan ngujung-ujung | wênang tinambak wanara | langkung trusthanira Ramawijayèki | matag marang Sugriwa ||

16. Wibisana Lêksmana ngastuti | budhal pangarsa bala wanara | kumrutug atap lakune | jêjêl tundhung-tumundhung |

--- 342 ---

kumrêtêg lir jawah jaladri | sadaya singa nabda | mahyang gora umung | kadi sabdane ampuhan | kang pangarsa wus prapta Suwelagiri | pasisir lor sumêngka ||

17. umèb kumreyab minggah ing wukir | ana kang wil mulat kabarasat | wre prapta yutan akêthèn | mring Dasamuka katur | yèn katambak ingkang jaladri | bala wanara nabrang | wus kathah kang rawuh | ana ing wukir Suwela | Dasamuka miyarsa langkung prihatin | dening jroning samodra ||

18. lan jêmbare kêna dèn tambaki | langkung susahing batin sang nata | mangkana wau lampahe | Narpati Rama rawuh | ing Suwela sumêngkèng wukir | nanging bala wanara | tan pêgat ing pungkur | dèrèng têlas kang anyabrang | pan sadina-dina myang sawêngi-wêngi | tan pêgat kang lumampah ||

19. wus kèbêkan ing Suwelagiri | sètubăndalayu dèrèng pêgat | dalêdêg wanara angrèb | ingkang maksih lêlaku | jêjêl [jêjê...]

--- 343 ---

[...l] atap susun atitip | kang maksih nèng Maendra | wre tan kênèng iku | ngêntèni tèke kang ngarsa | maksih dhêdhêg ajibêg ingkang lumaris | wau ta Sang Rêgawa ||

20. langkung suka mulat ingkang wukir | tanpae lan wukir ing Maendra | Suwelagiri asrine | purna kang kumala rum | pala-pala adi andadi | sêsotya warna-warna | ngarikil sumawur | myang talaga talagendah | saisine sawarga Suwelagiri | lawan Maendra ana ||

21. têgêse wukir kêkalih sami | ing Suwela miwah ing Maendra | timbang sawarga asrine | lan woh saisinipun | adi-adi tan towang siji | sato-sato akathah | ing Suwela gunung | agêng wukir ing Suwela | lan Maendra nanging luhure ngungkuli | luhur wukir Maendra ||

22. wukir Maendra angalangkungi | asrine kang tumimbang ing swarga | măngka pamêng-amêngane | Dasamuka ing dangu | datan liyan Suwelagiri [Suwe...]

--- 344 ---

[...lagiri] | kalawan ing Maendra | apan ukur-ukur | pan ugêr Suwelacala | pacangkraman awarna-warna martani | tan wun inguncatêna ||

23. kawuwusa Rawana Narpati | langkung sungkawa cipta duhkita | Risang Rama panabrange | Girisuwela rawuh | kang bala wre ngêbêki wukir | ing wuri dèrèng têlas | kang maksih lêlaku | dalêdêg tanpa linggara | Dasamuka kasusu kêdah sarêsmi | kalawan Dèwi Sinta ||

24. wontên putra boyongan kêkalih | kakang adhi samya warnanira | abagus-bagus kalihe | tinigas kalihipun | Dasamuka karsanirèki | pinindha sirahira | Rama ingkang sêpuh | kang anom ingkang pinindha | sirahira Lêksmana binêkta maring | ing taman argasoka ||

25. winêruhkên ing putri Mantili | pamrihira sang putri mantuna | ngangên-angên ing kakunge | yèn wus miyarsa lampus | yêkti mari onênging laki | nolih maring wak ingwang | sarasa [sara...]

--- 345 ---

[...sa] sêkayun | dadi kêna awor jiwa | sigra dandan Sang Dasamuka Narpati | busanane kawarna ||

26. saking tan antuk dhahar lan guling | amung putri Mantili kacipta | wruha sajiwa kadya ge | marma maès sarwa rum | busana kang rinatus sami | sêsupe nawarêtna | myang makutha murub | samir kêkace ginănda | pinalêtuk ing mantên nila basuki | asri ginanjar ing mas ||

27. praptèng taman soka sri bupati | lawan sirahing wadya prawira | wararodra sru warnane | praptane gupuh-gupuh | pêngrasane wus antuk kardi | bêkta karo mastaka | miyarsaa iku | yèn kêna Rama Lêksmana | mêsthi kêna sajiwa jêr sêkti mami | tutug kinanthi wirya ||

41. Kinanthi

1. Dasamuka ngandika rum | hèh yayi putri Mantili | babo tingalana ingwang | tuhu ratu jayèng bumi | Si Rama Lêksmana pêjah | sun tigas murdane kalih ||

2. akas lumbu lan lêmbayung | nalikanira dèn arit | bubur pêpadhane [pêpa...]

--- 346 ---

[...dhane] samya | tanpa malês ing ajurit | dene pinuji ing jagad | sêktine Si Dasarati ||

3. marêpêki dènnya muwus | lawan gèn sang rajaputri | dhuh mirahasiha ringwang | sapa ta kang sira anti | dene Si Ramawijaya | mring Ngalêngka asrah pati ||

4. nyanaku prawira têguh | dene kudu anglurugi | sura santikèng ranangga | mundur têka asrahpati | wus dilalah bêgjaningwang | tuhu ratu nyakrawati ||

5. anggadhuhi ing sirèku | sinêmbah ing wong sabumi | tuwin ambêgku gunawan | asih paramartèng dasih | misesa ing pramudita | muktia lan sira yayi ||

6. aja na kang nyandhing nyandhung | gon ingsun mukti ing bumi | ngamungna bae lan sira | aywa na kang ngrêregoni | mung sira goning tyas ingwang | nora anon malih-malih ||

7. kabèh garwa-garwaningsun | nadyan Si Tari apsari | anyèthia marang sira | mung sira pêpujan mami | angrèha [a...]

--- 347 ---

[...ngrèha] isining jagad | sakarsanira pan dadi ||

8. Hyang Endra nungkul maringsun | ratu kang asêkti-sêkti | padha dadi regol ingwang | lah iku putri Mantili | kabèh kasraha ing sira | sun darma madêg narpati ||

9. rèhên ta saanak ingsun | kabèh kang ingsun ratoni | nadyan yayi jiwaningwang | lamun ta mari sumiwi | yêkti andhêku ring sira | matimpuh ingsun maskwari ||

10. langên-langên sadayèku | isining Ngalêngka gusti | ana wastra di sing swarga | sru gandanira mênuhi | sato saisining wana | myang mina jroning jaladri ||

11. atagên barunanipun | anggiring mina jaladri | pasthi tan ana malanga | ginawa maring Mantili | sun nitih wimana rêtna | karongron lan sira yayi ||

12. kang dadi sukanirèku | badhère padha pinêncil | sandhingên anèng wimana | ing pangaronta maskwari | lan mimi bae lan urang | sandhingên gonira linggih ||

13. lan kêmbang trijathèng wakul [wa...]

--- 348 ---

[...kul] | wakul mas sinuji manik | mênur gambir malathia | tunggalna sawakul gusti | manawa kurang gêgawan | olèh-olèh mring Mantili ||

14. ngundhuha marang swarga gung | wowohan kang adi-adi | wastra ingkang pelag-pelag | payo ngundhuh mring swarga di | nora ana kasangsara | sakarsanira pan dadi ||

15. gusti tulunga maringsun | laraningsun agung wingit | mung sira bae kang ketang | ing siyang pantara ratri | dhuh gustiningsun dèn enggal | payo maring jinêmwangi ||

16. tan wruh Dasamukaningsun | tan wruh yèn Rawana mami | anggaku tan katon awak | saking kabyataning kingkin | Dasamuka wuwusira | sirah pinêrakkên kalih ||

17. lah ari dulunên iku | cêngêle Si Dasarati | lawan cêngêle Lêksmana | apês tan duwèni sêkti | nora padha lawan ingwang | payo yayi nuli guling ||

18. Dasamuka wusnya muwus | sang putri pêdhês dènnya ngling | Dasamuka [Dasa...]

--- 349 ---

[...muka] mara-mara | payo tuwêkmu dèn aglis | tamakêna guluningwang | yèn mangkono tyasirèki ||

19. yèn sira narendra punjul | pagene nora matèni | iya maring raganingwang | dudu tuhuning narpati | durjana bae during rat | gawemu dhustha ing bumi ||

20. alah mêdhun agnitèngsun | angur tuwêkên tumuli | yèn sitan matèni ringwang | dora ratu jayèng bumi | yèn sira ge matènana | yêkti utamèng narpati ||

21. tan nêdya tumingal ingsun | mati urip sun labuhi | mung narendra putra Rama | yèn mati mèlu ngêmasi | payo enggal patènana | ilokna pangeran mami ||

22. Dasamukèpêk kalangkung | myarsa wuwuse sang putri | lingsêm sahasa kabangan | mawinga-winga mawêngis | hèh Si Sinta nora kêna | ginawe pinrihabêcik ||

23. ngajap pati tanpa dunung | yèn sira nurut ing mami | mati anêmu kamulyan | tanpa mati dadi wrêjit [wrêji...]

--- 350 ---

[...t] | apan patining danawa | anêmu kamulyan luwih ||

24. sakarsa-karsa ngong antuk | jêr prabu misesèng bumi | atamèng rat paribawa | manusa sira karêmi | patine pati kanisthan | naraka bae pinanggih ||

25. iya ta sapuluh-puluh | Si Sinta kudu tutwuri | ambêging manusa dama | nistha bae dèn karêpi | ayu-ayune rèh ingwang | angeman praptaèng pati ||

26. besuk ta ing têmah ngungun | dadi gêguyon kang pasthi | apan patining manusa | kaoyak-oyak ing benjing | măngsa padhaa lan ingwang | rêksasa patine luwih ||

27. Dasamuka mundur wuyung | nora tinanggap dera mrih | sarêsmi lan Dèwi Sinta | praptane kadhaton nuli | angiling-ilingi cêtha | ênggone guna lan dhêsthi ||

28. lan amrih apêsing satru | nujum kabèh dèn timbali | kunêng malih kawuwusa | Sang Rêtna Putri Mantili | saungkure Dasamuka | mojar ing Trijatha pamit ||

29. ingsun [ing...]

--- 351 ---

[...sun] iki turun apyuh | pra tulangngong mamrih pati | anjêlèh Rêtna Trijatha | sampun-sampun age mati | kadurus datan prayoga | yèn sampun prayoga benjing ||

30. kawula tan arsa kantun | ngandika putri Mantili | dhuh nini ta sira aja | sira nora kaya mami | kênèng sungkawa durmala | sinarik ing dewa Widhi ||

31. dhuh lae juwataningsun | Ramawijaya tan sipi | lalu tan asih maringwang | nora tulung ing kaswasih | èstuatêmah antaka | dene ta nora sayêkti ||

32. apa pandhitane gêmblung | ing nguni kang mituturi | kalamun rêksakaning rat | wênang nampêk satru sêkti | mangrurah ing kalamurka | kabèh rêrêgêding bumi ||

33. kang dur sesa-sesa gêmpur | ngêngudang pandhita nguni | sirna kalamurkèng jagad | dene ingsun wus nitèni | duk nagri Mantilidirja | sayêmbara rama aji ||

34. pira-pira para ratu | tan kongang iya anarik | marang ing gandhewaningwang [gandhe...]

--- 352 ---

[...waningwang] | mung dhèwèke kêlar narik | duk pinèt karya nèng wana | ya mring Wiku Jamadagni ||

35. nora sor ing aprang unggul | ditya Dhandhaka ing nguni | pira-pira tanpa sesa | saking wiyat tumpês tapis | mangkya puwara apêsa | dhuh dewaningong wod mami ||

36. cacak sang pêksi Janthayu | ana bobote nulungi | kongsi manuk mring Rawana | saking wiyat tibèng siti | Pangeranku kang misesa | marang ing sarira mami ||

37. yèn apêsa tanpa kiwul | pangupayèng tri buwani | pan tuhu pinandhitèng prang | têka tanpadoning jurit | lalu tanpaduganingwang | dhuh dewa panutan mami ||

38. panah ta pangrurah satru | lah tan ana anèng ngêndi | panggêmpuring kalamurka | tri pura-pura kabêsmi | mangêbang mayuta-yuta | brastha kang dosa ring bumi ||

39. dhuh Ramawijayaningsun | pulungên jiwèngong aglis | mulih mring Ngendrabawana | pagene nora ngantèni | apa tan asih

--- 353 ---

maringwang | ubayane duk ing nguni ||

40. nèng Janaloka tan kantun | nèng Ngendraloka tut wuri | dhuh aywa sah saparanta | manjanma manjanmèng pundi | kewala mangèstupada | dhuh bathara nata mami ||

41. mami merang moring tuwuh | aywa winêngkang ingkang sih | nadyan lampua lalita | mulêta mung padèng gusti | ah ari Sumitraputra | luluting kakasayêkti ||

42. kadrawas wus sira muwus | mangkana putri Mantili | mangsah nungkuli mastaka | patrême sampun pinusthi | tanpanon rat idhêpira | dènnyarsa belani laki ||

43. wus sirna rat idhêpipun | ngumpah-umpah mring dewa sih | o dewa bathara mulya | apa tan asih ing dasih | nora dhustha nora murka | pagene tan dèn jurungi ||

44. Rawana bae jinurung | pangeranku gung sêmadi | parikrama silotama | mahardikèng rat marta sih | apa dadi tanpa guna | nir tama wong ulah yêkti ||

45. tanpa karya sihing wiku [wi...]

--- 354 ---

[...ku] | bonggan gawe gung sêmadi | dene ta narendra putra | gustiku kuwat sêmadi | têka ginawe tan bisa | apês papa ing ajurit ||

46. hèh suryaasêksi tèngsun | hèh wulan pan ingsun sêksi | hèh jaladri sêksènana | ingsun belani mring laki | hèh keblat lor kidul wetan | kulon lawan bumi langit ||

47. padha sêksènana ingsun | lintang kilat angin-angin | gêlap thathit miwah teja | mega sêksènana mami | kagyat Sang Rêtna Trijatha | mulat sang putri nêkani ||

48. sru anjrit sarwi angrangkul | padane putri Mantili | dhuh paran sampun kagehan | kawula miyarsa warti | Wong Agung Ramawijaya | saha bala sampun prapti ||

49. pun bapa pan sampun tumut | sabalanira wus balik | mring Prabu Ramawijaya | mêmungsuhan lan wa aji | bala wre warti wus nyabrang | kèh praptèng Suwelagiri ||

50. mangun sètu băndalayu | samodra [sa...]

--- 355 ---

[...modra] tinambak kêni | sêktining bala wanara | prabawa Sri Dasarati | mokal apêsa ing yuda | Ramawijaya prajurit ||

51. dorangkara uwa prabu | manawi botên sayêkti | agawe-gawe kewala | kula mêmariksa dhingin | dhatêng ing wukir Suwela | Dèwi Sinta duk miyarsi ||

52. Rêtna Trijatha turipun | sumêdhot tyasira kadi | ginarit Bathara Kama | mundur dènira nungkuli | mring mastaka kang pinindha | sangêt pangunguning brangti ||

42. Asmaradana

1. Rêtna Mantili lingnya ris | yèn mangkono karsanira | payo nini dipun age | maringa gunung Suwela | Rêtna Trijatha nêmbah | lèngsèr sing ngarsa sang ayu | wus anapak jumantara ||

2. tan adangu ibêrnèki | Rêtna Trijatha wus prapta | ing Suwela niyup age | mangu dènira tumingal | dene wukir Suwela | tan katon sipating gunung | gêbèl kang bala wanara ||

3. ajibêg bêntêt atitip [atiti...]

--- 356 ---

[...p] | gumuruh umung wurahan | sănggarunggi ing driyane | wau Kusuma Trijatha | mulat ana katingal | kinubêng ing wanara gung | jêjêl atap kang angayap ||

4. Trijatha niyup tumuli | măngsa dudua kang ika | Ramawijaya ênggone | wau sang nardendra putra | duk lagya pagunêman | wong agung katri nèng ngayun | măngka manggala diraja ||

5. sang taruna Sumitra ri | miwah Narendra Sugriwa | myang Arya Wibisanane | sira Sang Ramawijaya | munggèng palăngka rêtna | nèng siti katri wong agung | cakêt sangandhap palăngka ||

6. Trijatha mulat mrêpêki | waskitha ênggoning bapa | dumrojog anjujug bae | anèng wurine kang rama | sarwi sru dènnya ngucap | rama liwat dhusthanipun | uwa Prabu Dasamuka ||

7. anigas murda kêkalih | ginawa mring taman soka | ingakokakên sirahe | Wong Agung Ramawijaya | lan prawira Lêksmana | Wibisana

--- 357 ---

mèsêm muwus | lah iku ta gustinira ||

8. wakira wong dhusthèng bumi | gawe dora tanpa guna | lah iku toge budine | Trijatha malih lingira | si uwa Dèwi Sinta | kudu-kudu turun apyuh | yèn seda Wong Agung Rama ||

9. pan anggung patrêm pinusthi | aku bae kang anyêgah | aja amrih pati age | ingsun lagi mêmariksa | maring gunung Suwela | Wong Agung Rama andulu | ngandika yayi ku sapa ||

10. Wibisana awotsari | abdi tuwan nak kawula | Nikèn Trijatha namane | kang têngga rayi paduka | putri Mantilidirja | mêmariksa ing pukulun | milane puniku prapta ||

11. pun kakang Rawana kardi | upaya ring Dèwi Sinta | wontên kêkalih abdine | kakang adhi pan manungsa | inggih sami bagusnya | pan tinigas kalihipun | binêkta mring taman soka ||

12. inguncalkên mring sang putri | lah iku murdane padha | Si Rama Lêksmana karo | rayi paduka [padu...]

--- 358 ---

[...ka] pan arsa | sêdhèt asuduk jiwa | ambelani nyananipun | abdi paduka kang nyêgah ||

13. pun Trijatha anggendholi | sagah punika mariksa | mila sande panganyute | wau kalane miyarsa | Risang Ramawijaya | ngandika sarwi rawat luh | babo sutèngong Trijatha ||

14. matura ibunirèki | lamun ingsun maksih ana | miwah pamanira kuwe | iya Lêksmana Widagda | kabèh pan maksih wêtah | Sugriwa ramanta iku | lan sagung bala wanara ||

15. Trijatha sigra wotsari | sarwi mojar maring bapa | hèh ya bapa kapindhone | yèn sidaa Dèwi Sinta | mati sumuduk jiwa | ingsun bapa mèlu lampus | marmane tutur ring sira ||

16. kang rama mèsêm dènnya ngling | lah nini age muliha | aja kasuwèn nèng kene | manawa dèn arsa-arsa | babo mring gustinira | Trijatha manguswa suku | nêmbah ring Ramawijaya ||

17. maring bapa sampun amit | mêsat napak jumantara | pan kadya [ka...]

--- 359 ---

[...dya] kilat ibêre | wus prapta ing taman soka | anjog saking awiyat | nêmbah matur sru gumuyu | Kusuma Rêtna Trijatha ||

18. dhuh dhustha têmên wa aji | Rawana duskartaning rat | amocok êndhas wong loro | dene iya tan palastra | Prabu Ramawijaya | wutuh sapunggawanipun | miwah bala wre sadaya ||

19. wukir Suwela ing mangkin | agêbèl isi wanara | kagiri-giri solahe | samya mêdalkên sudira | ambêdholi prabata | myang amupak gunung watu | pan kinarya kaba-kaba ||

20. datan karasèng astèki | sêktine bala wanara | tan kênèng ngitung kêthène | yutan awêndran abaran | gunging bala wanara | gulman kirnan kênèng ngetung | wanara tanpa wilangan ||

21. nalika kawula prapti | pun uwa narendra putra | siniwèng pasanggrahane | lênggah nèng palăngka rêtna | pun bapa Wibisana | lan Sugriwa jajaripun | katiga paman Lêksmana [Lê...]

--- 360 ---

[...ksmana] ||

22. samya andhêku nèng siti | de punggawa ingkang kathah | aglar munggèng ing wurine | rumiyin ingkang dinuta | kang ngamuk jroning pura | pun kêthèk pêthak pukulun | sêmune dadi manggala ||

23. kaarsa mring pra dipati | wontên wre sêdhêng taruna | kadya baskara netrane | anunggil lan pun Anoman | maloto kang dinuta | kang angrusak taman lêbur | kang ambakar jroning pura ||

24. wontên ngajêngan maringis | ningali dhatêng kawula | uwa prabu pitungkase | Narpati Ramawijaya | nini sira matura | mring uwakira dèn tutug | yayi Mantilidirêja ||

25. aja anggung brăngta kingkin | aja-aja nganyut pêjah | pan ingsun wus praptèng kene | lan sagung bala wanara | durung têmpuh ing aprang | lagya mrih upaya ayu | angadoni jayèng yuda ||

26. milane inggih suwawi | nuntên adus mring talaga | Trijatha akêrah-kêrèh | pan sarwi [sar...]

--- 361 ---

[...wi] anyêndhal-nyêndhal | pêpadone kang sinjang | dawêg adus dawêg adus | luwarên prihatin dahat ||

27. punapa karya wiyadi | kabèh lêlaraning driya | buwangên ing gêni gêdhe | wa Prabu Ramawijaya | apan sampun kantênan | lan wontên pitungkasipun | luwarên anandhang brăngta ||

28. mèsêm Kusumèng Mantili | iya nini aywa sigra | saosa padupan age | payo padha amêmuja | sêmadi maring dewa | salamête ingkang nglurug | wakira narendra putra ||

29. Rêtna Trijatha nuruti | sampun asaos padupan | pêpêk sasarat-sarate | murub dahanèng padupan | putri Mantili mangsah | Rêtna Trijatha tan kantun | marêpêki raras driya ||

43. Mijil

1. rajah-rajah rinajah prasami | sarat kang dèn obong | rajaputri matimpuh linggihe | wêntis kanan numpang wêntis kering | asta kanan aglis | tinumpangkên jêngku ||

2. driji sakawan tinêkêm sami [sa...]

--- 362 ---

[...mi] | mung kari jêjêmpol | ingadêgkên winawas bênêre | lawan pucaking grana matitis | angêningkên galih | matak pujanipun ||

3. ah o o Bathara Otipati | pamungkas Hyang Manon | dewawara Widhi gêgêdhene | Otipati wara dhara Widhi | wèh martaèng dasih | pan mêminta ulun ||

4. dewastha Murti nayakèng swargi | jurungana ingong | dharakèng giri-giri dewa kèh | Basudhara dharaning jaladri | jawata ngin-angin | tulungên ta ulun ||

5. Bathara Oma Siwagni luwih | jurungana ingong | batharastha dibya-dibyangêne | guna gitya kalanityasari | ulun mangastuti | anuwun jinurung ||

6. paringa mêndha laraning bumi | jagad gung kawuron | gunung-gunung mangkya saisine | wiku-wiku tan antuk sêmadi | bumi langit agring | kabêktèng sinipun ||

7. sintên ingkang pinintanan ing sih | kanggêngning wirangrong | apa ilangêna panêbute | myang makêrta wêweka kang kongsi | kang sêtya [sê...]

--- 363 ---

[...tya] sêmadi | kêna arubiru ||

8. karunanggung prasêtya sêmadi | gung dèn oyog-oyog | apan sang hyang ing nguni-uni wèh | warta sêtya mujama sêmadi | tar lali ing Widhi | kinon sarjana gung ||

9. mangkya wontên kang ngalang-alangi | ing karsa hyang andon | mamrih ayu tanpandon dadine | Ramawijaya nuluskên amrih | ing pakon ta yêkti | gung kinathung-kathung ||

10. pun Rawana mêmalani bumi | andawakkên rusoh | datan arsa tumolih maring rèh | padukanta gung linali-lali | mungkuring rèh yêkti | sukanya rubiru ||

11. dhuh dewastri dhuh sang bathrarèstri | dhuh jawata wadon | pitulunga marang ing dasihe | ingkang anggung kakênan ing kingkin | wêlasana ugi | kabèh dèn jumurung ||

12. lêstarèkna ulun apêpanggih | Rama dewaningong | sampurnaa karahayon kabèh | wèha suka magêng maring bumi | sirêp ponang agni | prapta riris arum ||

13. sigra dhêku Sang Putri Mantili [Ma...]

--- 364 ---

[...ntili] | tumunjêm mabukoh | dangu-dangu linuwar pujane | Nikèn Trijatha wus dèn kêjèpi | sêsajèn binukti | rinampêt tan kantun ||

14. ana sukane tyasira dèwi | sirêping wirangrong | mamêng-amêng Trijatha wagêde | cèthi-cèthi kinèn ngidung sami | sabarang sukaning | sang putri tumurun ||

15. parêkane Trijatha prasami | kinèn agêguyon | amrih tulus sang putri lêjare | kèh solahe ingkang para cèthi | ana nganggit-anggit | sêkar sarwi ngidung ||

16. ana muni malih swaranya sri | tan mèmpêr swara wong | miwah ditya tininggal swarane | kadi swaraning pêksi cumêngkling | ana swara kadi | sato ingkang arum ||

17. ana cèthine Trijatha Dèwi | wêtênge sagênthong | kuru aking mung samaja dhase | sikile karo amung sadriji | myang tangane kalih | sajênthik gêngipun ||

18. ngèsèr-èsèr rubêt lampahnèki | gung dadi gêguyon | kuwayane kumucur wêtune | miwah bèsère [bè...]

--- 365 ---

[...sère] ngêbêsi siti | kang aparêk sami | kabèh tutup irung ||

19. kancane kêkêl samya bênturi | dèn prih lumakwadoh | Rêtna Mantili dudu karsane | awlas mulat sigra dènnya linggih | kathah solahnèki | ingkang amrih guyu ||

20. ana putri boyongan kêkalih | sih mring sang lir sinom | ngeka parêng ing lara patine | gung kinathik mring sang rajaputri | siyang pantara tri | tansah atut pungkur ||

44. Pangkur

1. kunêng malih kawuwusa | Dasamuka sampun amarentahi | mring sagung punggawanipun | kinèn manjêr daludag | saênggène lawang-lawang lurung-lurung | kabèh samya pinanjêran | daludag wus maratani ||

2. abra panjêran daludag | sanagara sabên wismèng bupati | miwah kagêngan sang prabu | kabèh wus samya mêdal | pacak baris adhêdhêg ing siyang dalu | gumuruh swaraning ditya | wau ta sri narapati ||

3. animbali pra dipatya | sampun kerit marang

--- 366 ---

rêkyana patih | aglar ngarsanirèng prabu | ana siji punggawa | nênggih andêling Ngalêngka buta pêthut | anama Sokasarana | digdaya ing laku sandi ||

4. sura sêkti Sukasrana | tate dadi sarananing piranti | puniku ingkang tinuduh | mring Prabu Dasamuka | mring Suwela anacahna gunging mungsuh | namane kang pra dipatya | wanara sawiji-wiji ||

5. lawan anggêpe Sugriwa | sabalane marang Sang Dasarati | tuhu lawan ukur-ukur | iku dèn waspadakna | Sokasrana sigra nêmbah lèngsèr mabur | nêdya mring gunung Suwela | ing marga datan winarni ||

6. prapta ing gunung Suwela | Sokasrana sampun amalih warni | rupa wanara wus laju | niyup maring dharatan | sampun amor lan wanara agung-agung | ing wurine ênggonira | tan ana kang graitani ||

7. dèn nyana kancane samya | kawarnaa wau wong agung katri | Sugriwa Lêksmana sadu | lan Arya Wibisana | sarêng mijil [mi...]

--- 367 ---

[...jil] saking ngajêngan andulu | sira Arya Wibisana | hèh Si Sokasrana iki ||

8. maling julig ing Ngalêngka | apa karya sira prapta ing ngriki | pantês wre nora na wêruh | sira gawe durjana | punggawa wre kang miyarsa ting palinguk | ing wuwuse Wibisana | tumuduh Wibisana glis ||

9. wanara samya tumandang | angêmbuli mring Sokasrana aglis | binănda samya dinulu | rinubung dyan binêkta | mring ngajêngan wangsul wong agung tiga wus | lawan wre kang pra dipatya | praptèng ngajêngan kaèksi ||

10. ngandika narendra putra | hèh wre apa binănda kawlasasih | Wibisana nêmbah matur | dene wre pan punika | Sokasrana utusanipun pukulun | gih pun kakang Dasamuka | punika andêling wèsthi ||

11. praptane warni wanara | dipun utus luwangipun ing nguni | mêmancana arubiru | adat kang kalampahan | maling julig anggung dur mêmala rusuh | pantês yèn pinatènana [pi...]

--- 368 ---

[...natènana] | murka gêgêdhêging bumi ||

12. Ramawijaya ngandika | lah ta sira paran karyanirèki | Sokasrana aturipun | ingutus anacahna | mring sagunge kang punggawa wre pukulun | narendra putra ngandika | iku nora sun patèni ||

13. sapa tutur ing gustinya | lamun uwis iku dimène mulih | Sokasrana sinung ucul | langkung sukaning driya | nêmbah-nêmbah Sokasrana amit mundur | sapraptane jawi mêsat | mibêr tan adangu prapti ||

14. jro kutha ing ngarsanira | Dasamuka Sokasrana wotsari | pukulun kawula sampun | praptèng wukir Suwela | mêmilangi bala wre sadayanipun | miwah wanara sadaya | ngêbêki Suwelagiri ||

15. lumrah sêktine prasamnya | mupak gunung tan karasèng astèki | dadya sètu băndalayu | kagiri-giri gêngnya | punggawa wre kadya gêlap yèn asêgu | kèh ulat pindha baskara | sasolahe gêgirisi [gêgiri...]

--- 369 ---

[...si] ||

16. pangarsane kang punggawa | pun Anoman Anggada Nila sêkti | Kapi Jêmbawan pan sêpuh | Sêmpati Darimuka | pun Kesari Satabali Endrajanu | Gawaya lawan Gawaksa | Wisakatha lan Putaksi ||

17. Susena lan pun Winata | Bimamuka Druwenda Kêrdanèki | lawan pun Subadhorèku | Panasa Dumragawa | Druwasada Arimenda Găndadanu | Mêdana miwah Anala | Kumuda Danurdarèki ||

18. pukulun bala wanara | anggêpipun gusti sapati urip | Ramawijaya pukulun | pan ingangkah jawata | sungkêmipun tan kumêdhèp siyang dalu | prasamya matièng pada | ing karya Sang Dasarati ||

19. gung alit bala wanara | pun Anggada tanpanon idhêpnèki | dènira ingakên sunu | mring Sang Ramawijaya | mung Sri Rama bae pati uripipun | tuwin Sang Bayutênaya | lawan sagung pra dipati ||

20. mung Ragusuta Wijaya | kang ingarsa-arsa

--- 370 ---

karyaning jurit | samya suka matyèng suku- | nira Sang Ragutama | dhuh pukulun patikbra langkung gêgêtun | mèh thithik kawula pêjah | nalika kawula prapti ||

21. rayi paduka Sang Arya | Wibisana matur akèn mêjahi | Ramawijaya tanpa yun | amatèni caraka | mila gêsang adhuh gustiku sang prabu | salami tuwan mêngsahan | tan manggih kadi puniki ||

22. karantênipun sang nata | tur kawula inggih kalih prakawis | sampun amungsuh puniku | kadi tan kêna kalah | pan katawis ing sasolah bawanipun | lêhêng prabuku pênêda | sampun anglawani jurit ||

23. darapon tulus paduka | mamuktia mêngku Ngalêngka gusti | botên si anggunggung mungsuh | saking trêsna kawula | dhatêng gusti Ramawijaya pinunjul | Dèwi Mantili turêna | kadi datan praptèng runtik ||

24. patut kalah maharaja | yêkti têtêp karaton paduka ji | sakeca mêmangan nginum | mangkana sawusira |

--- 371 ---

Sokasrana umatur mung pamrih ayu | Dasamuka langkung duka | muntap palangkanya gonjit ||

25. hèh dik ditya tanpa cara | tuhu-tuhu cêmêr ngaran tan yukti | kudu-kudu sihing mungsuh | akon nêmbah ing mêngsah | nora wirang wêdi prang kalawan munyuk | dudu dewa dudu yaksa | duryasanira tan sipi ||

26. enggal sira sumusula | mring si nistha dama Wibisanèki | angungsia dèn agupuh | jêr si wêdi palastra | Sokasrana gumêtêr manêmbah takut | prabuku datan uninga | pun patik ing têmbung sisip ||

27. mung bêkti trêsna kewala | benjing lamun ing prang têmpuh nèng pati | mêmalês sih sang aprabu | nanging dipun prayitna | dipun agêng pangupayan ta pukulun | pun patik saking gêng maras | wawrating mêngsah katawis ||

28. dede-dede binobota | kalih mêngsah inggih ing nguni-uni | sumăngga karsa prabuku | yèn sampun tur kawula | pêjah gêsang sok katura trêsnèng [trê...]

--- 372 ---

[...snèng] ulun | mangkana kèndêl sakala | Ngalêngka sri natanèki ||

45. Sinom

1. wuwusên narendra putra | kang anèng Suwelagiri | lan sagung bala wanara | kang lagya mêmangun budi | lan sagung pra dipati | wanara prasamya kumpul | agunêm mrih raharja | Lêksmana Sugriwèng ngarsi | katigane Sang Gunawan Wibisana ||

2. kang dadi purwa upaya | dènira amrih basuki | maring kautamaning rat | angantêp Dasamuka Ji | paran karsa kang pasthi | apa aprang apa patut | yèn patut ulihêna | Kusuma Putri Mantili | yèn kudu prang ambêcikana dandanan ||

3. ingkang tinari sadaya | sumanggèng karsa turnèki | Narpati Ramawijaya | mangên-angên kang tinuding | wusnya ngandika aris | hèh sira ari katêlu | sutèngong Si Anggada | iku kang bakal sun tuding | angantêpamring pasthine Dasamuka ||

4. sadaya mangayubagya | têgêse anêmbadani | ing karsa [kar...]

--- 373 ---

[...sa] sang binathara | pangandikanira aris | Anggada kang tinuding | wus kawot pitungkasipun | nêmbah Radèn Anggada | mêsat sing Suwelagiri | langkung suka Anggada kinoning karya ||

5. saking gêng bêkti sih trêsna | suka pêjahing karya ji | sampun anapak gêgana | umyus mêsês angin-angin | adrês kang bajra midit | gurnita rèh guntur kêtug | lesus Ngalêngkapura | sangsaya drês angin-angin | gêtêr-patêr ulêkan praja Ngalêngka ||

6. sagung panjêran daludag | tikêl kumupak asêbit | gurnita Ngalêngkapura | balêdug ngampak-ampaki | dhêdhêt pêtêng nglimputi | otêr rêksasa gumuruh | praptane Sang Anggada | lêbu kabêrêg ing angin | wus sumilak padhang nagari Ngalêngka ||

7. aniyup Radèn Anggada | praptaning dharat sang aji | Rawana maksih sineba | ambêg masuk Anggada glis | ing ngarsane narpati | sigra-sigra angsahipun | nir baya nir wikara | tan ana

--- 374 ---

tinahèng galih | kadya singa krura solahe Anggada ||

8. sagung bupati kang seba | andhêku ngarsèng narpati | sirah mèh samya kapidak | mung Rawana dèn tingali | pinandêng sampun prapti | ing ngarsane punggawa gung | cingak prapta Anggada | cakêting palongka linggih | solah gagas ulat galak lon têmbungnya ||

9. hèh Bumiraja Rawana | wruhanira ingsun iki | ranku ring rat Baliputra | prawira taruna sêkti | Anggada pilih tandhing | piyarsakna wuwus ingsun | Bathara Raguputra | iku ratuning sabumi | murdaning rat ing jagad pramuditaya ||

10. ambêg sadu parikrama | sudibya putusing wèsthi | sampeka sura marata | pambasmèng murka sabumi | Si Baliputra iki | saèstu ngêmbani wuwus | risang narpatining rat | kang pinudya jayèng bumi | gustiningsun Bathara Ramawijaya ||

11. hèh Dasamuka wruhanta | apa karêpmu kang pasthi | prakara kang dadi karya | praptane gustiku iki [i...]

--- [0] ---

[Grafik]

R. Kumbakarna. Patih Prahastha. R. Anggada. Pabu Dasamuka.

--- 375 ---

[...ki] | yèn sira nêdya bêcik | têtêp karatonirèku | mukti bumi Ngalêngka | nêmbaha narendra mami | lan gawanên sawadya punggawanira ||

12. ngaturêna Dèwi Sinta | dunyanira pèni-pèni | lan sagung sêsotya rêtna | barênga putri Mantili | lah yèn mangkono pasthi | tutug têtêp sirandulu | sasăngka lan baskara | yèn datan mangkono yêkti | mung rong dina sira mulat surya căndra ||

13. hèh pelingku Dasamuka | aja sira nora bêkti | mring gustiku nataning rat | yèn sira nora nglakoni | apa sira karêpi | tanpa sesa ing patimu | sirna praja Ngalêngka | prabuningsun jayèng bumi | tama parikrama ing jagad wiryawan ||

14. sakèhe kasukanira | kamuktènira nèng bumi | kilat padhanya lumarab | miwah kamuktènirèstri | emanên maring rêsmi | lan èstri sajro puramu | panahe ratuningwang | siji kras landhêp tan sipi | pangruwating gora-godha

--- 376 ---

kalamurka ||

15. kabèh saisining jagad | dursila durmala basmi | besuk amangan gulunta | yèn sira nora marèni | lan wangkot tan ngabêkti | iya maring prabuningsun | wau duk amiyarsa | Sang Dasamuka Narpati | ing wuwuse Radèn Baliputranggada ||

16. krodha muntap lir tinêpak | kumrut lêlatha netrandik | dadyarah sarandunira | ngapurancang idêp alis | palangkanira gonjing | mêngkap baune rong puluh | mêkar muka sadasa | sru mawinga-winga wêngis | hèh kadurus si palwaga papa dahat ||

17. de kaliwat nrang kanisthan | tan wirang ing bumi langit | tan eling aduwe bapa | mring Bali kang dèn patèni | maring Si Dasarati | anyênyêdhis maring satru | dene saemu gêsang | mring kadang warga tan isin | si rêrêgêd si lêlêthêk si wanara ||

18. angajap gawemu papa | rowak-rawèk pakarya sri | mêmutuh panggawe ala | ratu-ratuning panyakit | ratuning jêjênêsi [jêjê...]

--- 377 ---

[...nêsi] | ratu-ratuning asêbut | ratuning bêkakrakan | ratuning si kêthip-kêthip | ngêsud mêsum naruthuk kurang pasaban ||

19. sumawitèng satru kala | nora ngampêlu si anjing | mêmalês patining bapa | druhaka bae nèng bumi | gada mangrêrêgêdi | si jisjis wanara lumut | pati dus kang naraka | nora măntra angulati | ngupaya ring satru kang matèni bapa ||

20. si mêngkonok ngucap-ucap | bathara bae anggêping | mring Si Ragusuta nistha | si murka murkèng wanadri | gawene mati-mati | rêksasa tanpa dosa gung | kulina mrih sikara | lah papa muliha aglis | umatura mring kalulutmu si nistha ||

21. yèn ingsun mapag ing aprang | tan sothah amriha bêcik | mêmitra si saba alas | konên age magut jurit | mêmaribawa amrih | magêlar mayuta satru | apa gawe mirisa | mungsuh wre tanpasanèki | tuwaburu esuk sore umangsaha ||

--- 378 ---

22. wusnya mojar Dasamuka | Anggada madêg malangkrik | tan taha mojar candhala | mêmpêng kasudiran amrih | Rawana mangundhati | Anggadambêg wuwus gangsul | malêlêng netranira | hèh Rawana salah kapti | salah ucap pati opèn wong ngawula ||

23. măngsa ngawulaèng sira | manawa rubuh kang langit | patimu nistha kawangwang | sirna dening gusti mami | eling-eling dèn eling | bêcikana dandanamu | sigra mêsat Anggada | sumêbut saengga thathit | tan kawarna ing marga praptèng Suwela ||

24. saungkurira Anggada | Dasamuka angundhangi | ing bala yêksa sadaya | siyaga kaprabon jurit | gănda wastra gung mijil | mring sagung punggawanipun | gumuruh mawurahan | minum-minum pra dipati | ya ta wau praptane Sang Baliputra ||

25. Bathara Ramawijaya | nèng pasanggrahan siniwi | wong agung katiga ngarsa | dene sagung pra dipati | wanara munggèng jawi | pasanggrahan pan supênuh | praptane [prapta...]

--- 379 ---

[...ne] Sang Anggada | kagyat kang wre pra dipati | samya ngiring lêbune Radèn Anggada ||

26. kumêrab saos ngajêngan | nora nganti dèn timbali | Anoman Nila Jêmbawan | Anala lan Satabali | Druwenda lan Puthaksi | Wisangkatha Endrajanu | Winata lan Susena | Darimuka lan Sêmpati | Subodhara Wrêksaba lan Danurdara ||

27. Anggada praptèng ngajêngan | tur sêmbah aturirèki | sawuwuse Dasamuka | miwiti malah mêkasi | ya ta ngandika aris | marang wong agung katêlu | wus pasthi sida karya | Rawana tan arsa bêcik | ngundhangana sagunge bala wanara ||

28. padha muktièng wowohan | pan êmèh paguting jurit | wau kang bala wanara | suka dènira miyarsi | ing karya sampun pasthi | mêmangan-mangan anutug | kadya ge magut ing prang | kunêng kang anggung sêmadi | nèng Suwela Bathara Ramawijaya ||

29. wuwusên nagri Ngalêngka | kang sampun umadêg baris [bari...]

--- 380 ---

[...s] | wus kinon Patih Prahastha | amatah kang pra dipati | pangiriding prajurit | têtindhih bupati agung | kirab jawining kitha | kang angrèh para dipati | Wirupaksa Dumrêksa Wiluhitaksa ||

30. Ruyupaksa Gathodara | Supwarsa kanêm gêngnèki | angrèh samaning punggawa | wontên bupati gêng malih | bala makêthi-kêthi | Mintragna jêjulukipun | rêksasa măndraguna | pilih tandhing ing ajurit | wontên malih Pajăngga lawan Pragănggsa ||

31. Jambumangli Anipraba | Kampana lan Bajramusthi | punika ingkang pinatah | angirabakên tumuli | sawadyanira sami | mring jawi kitha kumêbul | bêgor gurnitèng tawang | ewon kêndhang-kêndhang suling | lir jaladri mirut mrabaning daludag ||

32. kang budhal pêmbarêping prang | kanêm dasapunggawa di | myang bala-balaning wadya | mayuta makêthi-kêthi | wus tumitiping margi | gora rèh guntur-gumuntur | dening swaraning ditya | prakatha manêngkêr langit | gubar bèri

--- 381 ---

èwu-èwu mawurahan ||

33. wahana rata dipăngga | sagung rêksasa bupati | ingayap parasu gada | badhama manggala piling | limpung angapit-apit | swaraning ditya kadya rug | burbuwah bumi molah | sabawa kagiri-giri | kandhah-kandhah balabar dhandhang wurahan ||

46. Dhandhanggula

1. pan gumuruh ing samargi-margi | kêndhang gonge bêgor maguraya | mangrik kang tunggangan akèh | ingkang budhal rumuhun | buta wadonira prasami | suka mêngatêrêna | marang lakinipun | anèng marga girang-girang | merang marang rowangira ngiring-iring | ngatêr lakine samya ||

2. kang anyundhang ing lakinirèki | ana ingkang pêpegangan pundhak | sarwi kumitir ulate | maras masênggruk-sênggruk | kang sawênèh marêbês mili | anucup-nucup karna | myang nênucup irung | lakine asih tumingal | nolih-nolih pan sarwi ngiling-ilingi | nungkul rewang lumampah ||

3. ana kari anututi [a...]

--- 382 ---

[...nututi] laki | amrêpêki ing laki katunjang | kajêjêl ing gaman gêdhe | prasamya makidhupuh | saking gêngning maras sarta sih | dadya kakunge nêngah | maring barisipun | èstrine apan binêkta | pan tinuntun sarwi anindhihi baris | kèhing bala rêksasa ||

4. ana gendhol kêdah mèlu jurit | mangsaning sih-sinihan angidham | lumuh pisah ing lakine | maras mèlu anglurug | mênèk lakinira ngêmasi | kakunge aris mojar | ngêndi ana mungsuh | ngasorakên ing Ngalêngka | cacak dewa kasoran amangun jurit | wre malih yèn nănggaa ||

5. ana wênèh anaking kang alit | pasusone binêkta ingêmban | sarwi nindhihi barise | wus têbih lampahipun | sinungakên maring kang èstri | ywa marasing tyasira | bok mati lan mungsuh | dene ta kang ora-ora | mungsuh kêthèk kasorana ratu mami | lan dewa tan kasoran ||

6. èstrinira ananggapi siwi [si...]

--- 383 ---

[...wi] | sarwi karuna pinênging mêksa | atutur ana impène | dadya rangkul-rinangkul | tanpakèring ing wadyanèki | aras-ingaras samya | lathi cup-cinucup | binisikkên impènira | ing Ngalêngka kasoran amangun jurit | lawan Bathara Rama ||

7. kakungira angling wanti-wanti | aja kajarwa iku maring lyan | tanbuh kang dèn rungokake | akèh nujum sang prabu | kabèh mêca yèn mênang jurit | impènmu iku sungsang | tan patut rinungu | nora bêcik wong ngawula | impèn-impèn têmahan nyiliki budi | gugu kang ora-ora ||

8. apa gawe kudu wêdi jurit | lan wanara datanpa gêgaman | apa si buta kêkere | wêdiaprang lan munyuk | kèh solahe rêksasa èstri | mangkana jawi kitha | lampahe wus rawuh | nulya Sang Patih Prahastha | saha bala mayutamakêthi-kêthi | lawan ngirid punggawa ||

9. asri tinon kang kaprabon jurit | limpung parasu nanggala

--- 384 ---

gada | kunta candrasa wusdene | badhama karta lawung | kêndhang gonge makêthi-kêthi | salomprète atusan | miwah èwu-èwu | umung swarane danawa | kadya gonjing Ngalêngka rug ingkang wukir | rok solahing rêksasa ||

10. andalêdêg daludag ing ngarsi | awurahan sapraja Ngalêngka | rêksasa sora swarane | tanpae kadya wau | solahe kang danawa èstri | mangatêrakên priya- | nira kang umagut | ing jawi kitha wus prapta | budhal malih ing wuri Radèn Indrajit | ngirid wadya mawadya ||

11. pra dipati rêksasa pangirid | balakuswa myang kang para putra | tanpa wilangan balane | dipăngga èwu-èwu | miwah ingkang para dipati | gumuruh swaranira | kêndhang-kêndhang barung | gong bèri-bèri wurahan | salomprète mawor mangêmprèting èsthi | myang suraking rêksasa ||

12. punggawa lumrah suka tan sipi | ingkang munggèng dipăngga gupwarsa [gupwar...]

--- 385 ---

[...sa] | anggung pinanthêng langkape | limang dhêpa pinuput | solahe lir amisesani | satru sayuta brastha | sesa-sesa gêmpur | kadya bêlah bumi bêngkah | kambah dening budhale sagung bupati | kang sami ngirid bala ||

13. anglir surêm sang hyang bagaspati | karoban dening busanèng wadya | kadi wana gêng kobare | lêbu dhêdhêt matêdhuh | gêbyaring kang makutha kadi | andaru katawuran | wor candrasa limpung | kantar-kantaring sinotyan | angkên riris lintang sumawur ring bumi | mancorot ting pancurat ||

14. gora-gadha lumrah gêgêtêri | swaraning ditya masinga nabda | sukambêg age mrawasèng | satru tapis kapupus | krura karèngkarang rasêksi | surak-surak goraya | magênturan atur | tarunaning jaladian | tanpa rungyan panganjur kajêjêl wuri | pangkate pra dipatya ||

15. ditya para nujum anèng wuri | rata kinurung titihanira | praptèng jawi kitha kabèh | ditya rêksasa [rêksa...]

--- 386 ---

[...sa] diyu | kyana patih sigra mêmatih | mêmatah dening tingkah | Prahastha kang sêpuh | munggèng wetan kutha aglar | kilèn kitha pinatah Radèn Indrajit | kang munggèng kidul kitha ||

16. Mahapyarsa lan Gathodarèki | Wirupaksa lan Iluhitaksa | kinèn bali sabalane | atêngga pura prabu | loring kutha sagung bupati | gêgêdhug Gardhowara | waraning ditya gung | nênggih Mintrakna Dumrêksa | lan Prajăngga Pragăngsa lan Bajramusthi | Puthadaksi Kampana ||

17. pira-pira ingkang dèn tindhihi | pra dipati myang wadyaning wadya | rêksasa mantri akêthèn | bêkta sawadyanipun | mila kadya wahing jaladri | wus pajêg kidul wetan | kulon baris tugur | tuwin lor mukyaning bala | kunêng gunung Suwela ingkang winarni | Bathara Raguputra ||

18. sarèhing karsa pan sampun dadi | wong agung katri Lêksmana lawan | Sugriwa Wibisanane | sêmbada sabiyantu | miwah kang

--- 387 ---

wre para dipati | ingatag mangarcana | mamit Sang Hyang Guru | Bathara Ramawijaya | mamit nêkung mêminta lananging jurit | panjang yuning kang yuswa ||

19. manêgêsing waluyaning dadi | molahakên kridhaning buwana | sinêksèkkên rahayune | mring sagung kang tumuwuh | kang sinungan atma ing nguni | mêminta mrih ayunya | mring nayaka wolu | sawarga kang mangku brata | tuwin marang maha bathara kang êning | wara Widhi bathara ||

20. surya căndra langit lawan bumi | mega banyu angin sadayanya | pinamitan samuane | saèstua tumulus | waluya ring ayu lêstari | prayitna saking mula | mula purwanipun | anunggal karsaning titah | ala ayu wus tinitah bathara di | liring yuda kanaka ||

47. Pangkur

1. wusnya mawungu narendra | putra rama saking pamit sêmadi | matag marang Sugriwa wus | parentah wre dipatya | pamugari sêktining wre ingkang tinut | Radèn Baliputranggada | miwah Anoman angirid [a...]

--- 388 ---

[...ngirid] ||

2. Nila Anala Jêmbawan | Danurdara Susena Satabali | Găndamêdanendrajanu | Gawaya lan Gawaksa | Subodhara Lêmbodhara lan Puthaksu | Wraksaba lan Darimuka | Bimamuka lan Kesari ||

3. Satabali lan Winata | Wisangkatha Rimenda Mudabawi | Sêmpati Prabamastèku | mukyaning kang wanara | sarêng madêg garjita sawadyanipun | gurnita wre singanabda | lir gora manêngkêr langit ||

4. kumrutug mangsah mapupak | ing prabata myang watu-watu sami | tuwin ingkang kayu-kayu | dinaut tanpa sesa | sela tala wanara lit-alit sampun | sagung wanara dipatya | kang samya ambêdhol wukir ||

5. myang wrêksa gung-agung samya | wrat sagajah saandaka tan kari | saoyod panggodhongipun | gêmpur wukir Suwela | kadya gêrah bumi molah wukir wagyut | prakampita aru-ara | kumocak ing jalanidi ||

6. wus kumpul pangarsanira | aglar [a...]

--- 389 ---

[...glar] munggèng ngarsa para dipati | Bathara Rama andulu | suka mamit tumênga | sigra budhal saking Suwela gumuruh | gênjot giri bumi molah | riris rudira wor angin ||

7. kidang-kidang kabarasat | sakiwaning baris kadya tut wuri | manuk muni amanungsung | andaru tibèng ngarsa | obar-abir teja kèh makuwung-kuwung | asu angsang asrang-srangan | mèngêti yèn mênang jurit ||

8. ing wuri maksih wurahan | lir ampuhan wanara mangkrak sami | kang angrampas kayu-kayu | Sang Arya Wibisana | wicaksana trusing cipta nêmbah matur | pukulun batharaningwang | tan wontên sangsayèng jurit ||

9. têtela soring mungsuhta | wênang mapas durmala murkèng bumi | sagung wre kang samya ngrungu | ature Wibisana | samya suka maratani ambêg umung | pinuji ing jayèng yuda | wre mangkrak amanêngkêri ||

10. wijah-wijah anut marga | tanpa rungyan lir guntur kang wiyati | panganjuring wre prapta wus [wu...]

--- 390 ---

[...s] | jawi kitha Ngalêngka | tan antara ing budhalira wong agung | Bathara Ramawijaya | tan pisah wong agung katri ||

11. Radèn Taruna Widagda | myang Sugriwa Arya Wibisanèki | lan wre wira sêpuh-sêpuh | ngayap narendra putra | wre punggawa yekang taruna nung-anung | prasamya angirid bala | ingkang bêbarêpi baris ||

12. sri tinon kadya wanarga | alêlampah kang samya bopong wukir | kang samya mandhi wrêksa gung | ingkang pindha daludag | ingkang pindha dipăngga maèwu-èwu | makêthi mayuta-yuta | myang swara ngêbêki bumi ||

13. wre gambira singanabda | agya ngalap jiwanira rasêksi | Rajaputranggada sampun | mêmatah pêparentah | pra dipati wanara sabalanipun | dinum kang ngubêngi kitha | wetan kidul kulon sami ||

14. dalêdêg bala lumampah | jêjêl timbun angetan ngilèn sami | kidul kitha wus kalimput | gêbèl isi wanara | wetan kilèn praptane

--- 391 ---

wrekadi jawuh | dene ta salèring kitha | bubuhan kang anèng wuri ||

15. kalimput kitha Ngalêngka | ngêsuk kang koswala wre angêbêki | tan ana lêbak pêpundhung | kabèh isi wanara | kang ing wuri nabrang sètu băndalayu | salaminira narendra | putra nèng Suwelagiri ||

16. dèrèng têlas kang anabrang | miwah ingkang anèng Suwela wukir | samya minggah pucak dulu | lêganing marga-marga | misih jêjêl atitip atap atutup | buntêt buntu tan amêndha | bala wre ingkang lumaris ||

17. ana anganti angiwa | amrih lêga tan antuk anyêlani | kasuwèn têmahan ngantuk | miwah kang anèng tambak | akèh kèndêl satêpining sètu-sètu | saking kèh wanara dahat | miwah kang maksih nèng wukir ||

18. Maendra kang dèrèng nabrang | pira-pira yuta makêthi-kêthi | kadya wah gora gumuntur | Ngalêngka wus kèbêkan | têgal-têgal alas-alas wus kalimput | nanging dèrèng wontên mangsah |

--- 392 ---

anganti parentah sami ||

19. sumyur kumaliling ambyar | kumarêsêk umèb angrèb ngêbêki | goranya wukir lir pagut | kambah pratala molah | mawurahan mawalikan kadi guntur | umèb umadhang parentah | ngajap ge têmpuh ing jurit ||

20. rumêbut bala rêksasa | kadya wiyat têdhuh dhêdhêt manganti | saengga mêndhung gumandhul | mêmbut-mêmbut mèh tiba | pra dipati anduga-duga pakewuh | angigêl ana ngujiwat | cikrak-cikrak mangênjali ||

21. garjita saengga mulat | rara ayu pangidhêpira sami | nir baya magupuh-gupuh | ajrih wus ingundhangan | aywa ana kang dhingini amrih satru | amriha utamaning prang | pamalêse wusnya kêni ||

22. lamun dhinginana ing prang | apan èstu nistha damèng prajurit | Narpati Sugriwa sampun | pinaringan parentah | amanuta ing prang kautamanipun | aywa ngambah nisthaning prang | lawan kinèn marentahi ||

23. têtindhih lor

--- 393 ---

kidul wetan | miwah kulon sajuru-jurunèki | tan ana sabawanipun | umèb tata prayitna | tur wanara ngêlus sadaya pakewuh | pinrih prayoga sêmbada | prabawa Sang Dasarati ||

24. wênangna misesèng jagad | tan ana kang lênggana ing rèh titi | Sugriwa suka kalangkung | kèdhêp dhêdhêp sadaya | pan anganti rêksasa pamagutipun | kudu-kudu ta age prang | ambêge wre surèng pati ||

25. Dasamuka kawarnaa | ingaturan wanara kabèh prapti | angêpung kitha angêmput | angrèb umèb kumêrab | tanpetungan kutha Ngalêngka akêmput | sêdhih prihatin kalintang | sêdhih tanpa swara wingit ||

26. mijil arsa mariksaa | ingkang mêngsah nêdya wruha pribadi | praptèng jawi kitha sampun | mulat mungsuh wanara | loring kutha wetan kulon miwah kidul | gunung têgal alas-alas | lêbak pèrèng iring-iring ||

27. datan ana kasêlanan | gêbèl bêntêt isi wanara [wana...]

--- 394 ---

[...ra] sami | kadya wah gora gumuntur | wre swara magênturan | kêsaputan wanara purna supênuh | kèbêkan isi wanara | ngênês ing tyas narapati ||

28. mangangên-angên angkara | sajatining prabu kang dèn ugêmi | umadêg kasuranipun | sigra akèn umangsah | marang bala rêksasa pramukanipun | sigra têngara sauran | kêndhang gong makêthi-kêthi ||

29. têtêgewon parêng munya | pirang-pirang lêksa kang bèri-bèri | salomprèt maèwu-èwu | ditya ngrik parêng surak | kadya guntur gumuntur kang prabata rug | gurnita manêngkêr wiyat | mangsah tan nêdya ngunduri ||

 


sira. (kembali)