Panji Wulung, Suryadijaya, 1902, #1503 (Pupuh 14–27)

Judul
Sambungan
1. Panji Wulung, Suryadijaya, 1902, #1503 (Pupuh 01–13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Panji Wulung, Suryadijaya, 1902, #1503 (Pupuh 14–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 18-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

14. Dhandhanggula

1. sampun titi panitraning tulis | pinaringkên mring Dêmang Ngurawan | tuwin sagung babêktane | tinampèn sadaya wus | rinuktenan binaktèng jawi | ing wanci babang[1] wetan | duta bidhalipun | tan winarnèng lampahira | cinarita Patih Sokadana nagri | sakesahe kang putra ||

2. gung dènira manêdhèng Hyang Widi | rahayuning putra kang lêlana | sampun wontên sangsayane | tulusa ing sapurug | rinakêta

--- 190 ---

darajat jati | mangkana lama-lama | saya onêngipun | wontên marmaning Hyang Suksma | nyai patih garbini ambabar pêkik | sairib lan kang raka ||

3. langkung suka tyasira kya patih | ingkang putra pinaringan nama | Dyan Panji Pamêkas dene | wus kasèp mangsanipun | sigêg gantya sri narapati | tindak mring kapatihan | ing karsa sang prabu | mriksani pulunanira | dupi rawuh Panji Pamêkas kaèksi | sumiwèng ngabyantara ||

4. rêsêp mulat wau sri bupati | yayi patih yèn sira sambada | iya anakira kiye | iku ta ingsun pundhut [pu...]

--- 191 ---

[...ndhut] | rèhning tita wak ingsun iki | tulus tan darbe putra | anjabaning amung | amupu mring sutanira | patih datan suminggah karsa sang aji | têmah atur sumăngga ||

5. dupi kundur dyan putra kinanthi | praptèng pura gung dèn êla-êla | wus kadi putrane dhewe | ing sakarsa tinurut | kyana patih mêlang ing galih | sajuga ri sumewa | mring pura umatur | dhuh gusti sri naranata | sampun dahat angunggar karsaning siwi | manawi tanpa guna ||

6. pan wantuning amudha puniki | yèn winilêt ing pangêla-êla | lalu-limut budayane | tan wade têmbenipun [têmbe...]

--- 192 ---

[...nipun] | badhe ngangge karsa pribadi | tan titi tilar cara | carane tumuwuh | ugungan agung banakta[2] | tanpa krama rênaning pribadi pinrih | ngêmbangi tibèng nistha ||

7. mapan kathah têpaning palupi | lupiyaning duk ing kina-kina | nata kang ngugung putrane | awon wusananipun | sangking anggung ugungan galih | ngantos jumênêng raja | tansah kumalungkung | labête ala taruna | tan tinuman kautamaning dumadi | têmahan murangkrama ||

8. calon nata yèn datan pinardi | mardawaning basa susilarja | èstu sirna mêmanise | yèn [yè...]

--- 193 ---

[...n] nata tyasira punggung |[3] pra nayaka datanpa budi | mantri lit-alit samya | kathah kang lampah dur | sumrambah mring wadyabala | rêbat murka rêbat jail rêbat cêngil | sêkaring karisakan ||

9. sri narendra angandika aris | ingsun cocog marang aturira | paran ta prayogane |[4] sranane amrih tulus | kotamane atmaja mami | kya patih matur nêmbah | yèn sambadèng kayun | pinaringana punika | juru among kang waskithèng kramaniti | darapon amardia ||

10. myang sinunga suyasa pribadi | nata condhong nayogyani karsa | kyana

--- 194 ---

patih sukèng tyase | gya karya dalêm agung | cinawisan guru kang wêgig | ngêmbani rajaputra | samana wus antuk | mantri wrêda bijaksana | binêbahan mêmulang patraping adil | ukum anggêring praja ||

11. narpatmaja wus dalêm pribadi | sari-ari rinèh ing kawarja | pinrih kênyang kawignyane | samana sampun putus | kawasisan têtês patitis | karya santosèng driya | tandya para wiku | manjurung rèhing kamuksan | prastawane nunggal lan Hyang Utipati | kunêng ta kang winarna ||

12. kyana patih mangkya gung

--- 195 ---

prihatin | kaonêngan mring sang alêlana | dèn wus lami antarane | tan ana wartanipun | puara lon nabda mring rabi | dhuh yayi raganingwang | akangên kalangkung | mring putranta kang lêlana | paran warta dene lawas nora mulih | kang garwa matur nêmbah ||

13. kula wingi midhangêt pawarti | papêkênan yèn nata ing Cêmpa | amundhut mantu samangke | tiyang lêlana nglangut | bok punika pun kaki Panji | lagyaca[5] arêrasan | mangkana kasaru | dhatênge Kyai Janggala | lawan Dêmang Ngurawan kang anèng wuri | kya patih mangu mulat ||

14. Ki Janggala matur

--- 196 ---

sarwi nangis | dhuh jêng kyai ulun pun Janggala | baya pandung mring abdine | kyana patih kagyat wuwuh |[6] momongamu ana ing ngêndi | Janggala aturira | putranta pukulun | wontên nagari ing Cêmpa | mangke sampun jumênêng prabu taruni | inggih sowan kawula ||

15. pan dinuta ngaturkên tulis |[7] saha mawi kintunan barana | nagri Cêmpa di-adine | katur mring para ibu | srat tinampan mring kyana patih | binuka sinukmèng tyas | têmahan kapiluh | pra garwa anglut karuna | myang para ban tumuntur samya anangis | karănta kang lêlana ||

--- 197 ---

16. sira Dêmang Ngurawan tumuli | amasrahkên saliring babêktan | wus katampan gya binage | dhatêng kang para ibu | kyana patih kang mrayogini | wus wradin para garwa | sadaya pakintun | mangkana Bok Tunjungsêkar | langkung suka de putra mangkya wus mukti | wibawa anèng Cêmpa ||

17. duk samana wu[8] sore kang wanci | Ki Janggala lan Dêmang Ngurawan | gya pinarnah pondhokane | sowan mung sabên dalu | kang dinangu tan wontên malih | lyan saking radyan putra | lêlampahanipun | ing purwa praptèng wasana | Ki Janggala galurkên criyosing

--- 198 ---

siwi | kya patih langkung suka ||

18. nyai patih Kèn Tunjungsari |[9] sakalangkung karênan ing driya | mring Janggala cariyose | kunêng ta ki[10] cinatur | sira Dêmang Ngurawan nênggih | lamine anèng kana | antuk kalih santun | gya amit mring sang apatya | arsa wangsul dhatêng prajanira malih | rèhning ta sampun lama ||

19. antarenjang prasamya sumiwi | mring ngarsaning sang mantri wisesa | kyana patih andikane | srantèkna putraningsun | ingsun arsa mangsuli tulis | ya marang kakangira | prabu anom iku | tandya amundhut [amundhu...]

--- 199 ---

[...t] supatra | pandhanwangi kinarya papaning tulis | lukitaning pustaka ||

20. ing sawusing salam taklim mami | tumêkaa marang jênêngira | Sri Mudha Cêmpa prajane | ingkang sudibya kasub | ambêksanta maharjèng budi | srat sangking jênêng ingwang | kang onêng kalangkung | Mantrimuka Sokadana | awiyose manira gèr wus nampani | pustaka sangking sira ||

21. surasane wèh rêna ing ati | lawan kabèh para ibunira | sirna ruwat rudatine | sasat taru kang alum | karirisan kang mausadi | dumadi angrêmbaka | prasidaning tuwuh | tuwin [tuwi...]

--- 200 ---

[...n] ta gèr wêkas ingwang | de kasarwa sarèh sarekaning kapti | rèhning ta mêngku praja ||

22. pangolahing praja iku kaki | tanpa beda lan amardi putra | kudu sarèh saranane | ywa kêmba ing pamuruk | pan ingarah sangkaning ririh | sinarah drapon kalah | lamun wus anurut | wêlêgên wêwulangira | kalakone dèn trima saka sathithik | tan beda mèt kancana ||

23. pikantuke pan saka satugi | yèn tulatèn pangupayanira | lawas-lawas sayêktine | antuk sakajong munjung | dinol akèh uruping

--- 201 ---

picis | lan kaki dèn waspada | wijanging pangêjum | panduming kang jiwanggana | kudu iya yitnanana sabên ari | sêsêrêng sarèhêna ||

24. ing wusana sun angsung pawarti | mangke sira darbe ari priya | saungkurira wijile | saka ibumu sêpuh | Si Pamêkas arane kaki | samêngko arinira | karsane pinundhut | mring ramanta sang iswara | pan pinutra dinama-dama ing kapti | tan pêgat sinung wulang ||

15. Mêgatruh

1. kang pustaka tiniti tandya tinutup | katampèn mring Sang Bramani | sarwi pinaringan sangu |

--- 202 ---

myang ginanjar busana di | kalihe lèngsèr wotsinom ||

2. para garwa tuwin Nikèn Tunjungsantun | kapiluh ing tyas marujit | para êmban sênggruk-sênggruk | kagagas marang ing gusti | kang wus madêg prabu anom ||

3. kunêng para êmban tuwin para ibu | Prabu Nèm Cêmpa winarni | lênggah lawan garwanipun | sadangunira ngraosi | marang dutanira karo ||

4. dene kongsi kalih căndra malah langkung | ginalih sangsayèng margi | tan dangu sami kadulu | yèka kang duta kêkalih | sri mudha waspadèng anon ||

5. yèn Janggala ingkang prapta kusung-kusung [ku...]

--- 203 ---

[...sung-kusung] | prabu nèm suka tan sipi | tumrap ngabyantara sampun | binagèkkên sabda manis | padha raharja sakloron ||

6. dene lama baya ta bisa katêmu | lawan kyai sang dipati | Ngurawan alon umatur | pangèstu paduka gusti | inggih sagêd sapatêmon ||

7. lan ramanta tuwin ibu kalihipun | sarta ulun dèn bêktani | wilapa măngka wêwangsul | pinundhut binuka aglis | winao[11] sinuksmèng batos ||

8. wus kawaca pêcaning sêrat wêwangsul | prabu nèm kraos ing galih | kapiluh ing nala luluh | karănta

--- 204 ---

dadya prihatin | ramèbu têmah katonton ||

9. sruning onêng umênêng manahên ing kung | kongasing netya prihatin | sêrêt pangandikanipun | lah padha ngasoa sami | iya marang ing patunggon ||

10. Dyan Ngurawan lawan Janggala amundur | mring wismanira pribadi | prabu nèm lan garwanipun | agung dènira angliling | pustaka ingkang rinaos ||

11. surup surya gumanti căndra sumuluh | sumunar marang wiyati | Dyan Ngurawan sampun wangsul | lan Janggala anyarêngi | praptèng ngarsa makidhupoh ||

12. prabu anèm lênggah lawan garwanipun [garwanipu...]

--- 205 ---

[...n] | nèng natar amajang sasi | kalih sami kinèn maju | kang pêrak dènnya alinggih | Janggala pinrah acriyos ||

13. ing saparipolahira duk ingutus | mring Sokadana nêgari | purwa myang wusananipun | galur panguluring rawi | sukèng tyas sang prabu anom ||

14. sakala nir tyas mangu-mangu mangukung[12] | kagagas marang kang rayi | kaya pa ing warnanipun | Pamêkas dhuh ari mami | benjang apa gon sun anon ||

15. sun pêpuji rèningsun dimèn lêstantun | benjang bisaa gumanti | kapraboning rama prabu | sun lila ing lair batin | narima amung amomong ||

16. mung tulusa tiningalan [tini...]

--- 206 ---

[...ngalan] rama ibu | măngka pangimuring galih | pisahe lawan ragèngsun | manira tarima yêkti | ngêmbani mring kadang anom ||

17. puluh-puluh wus bêjaning raganingsun | kudu pisah yayah bibi | tan dêrman dèn mong wong sêpuh | baya wus karsaning Widi | pinasthi dadi pamomong ||

18. ingkang rayi balang liring nyablèk jêngku | tan kayaa siji iki | ithik-ithik dadi juru | buh-êmbuhane kang nyèthi | lumrahe iya wong wadon ||

19. mara ngêndi ana dyah amêngku kakung | êmbuh yèn mung kosokbali | dènira ngandika mau | ngelingkên yèn ingsun lali | gumêr gujênge pra sinom ||

--- 207 ---

20. sang sri mudha mèsêm sarwi ngandika rum | tampan têmên sira yayi | lah ta payo padha kundur | wus lungse mangsane iki | sigra tindak sakaloron ||

21. sarêng enjing sumewa marang kêdhatun | sarimbit lawan kang rayi | prabu nèm nèng sitiluhur | mangka jêng sri bupati |[13] dahat asih mring sang anom ||

22. dadya putra pinardi pinrih lêstantun | dènira apalakrami | sang nata ngandika arum | nini ugêring wong laki | cumondhong anut sapakon ||

23. nora kêna ngandêlkên sutaning ratu | kudu mantêp anêtêpi | ing sacara-caranipun | wong winêngku marang laki |

--- 208 ---

dèn awas marang tatêkon ||

24. liring wadon bênêre iku dhinaku | marang kang adarbe rabi | marma dèn rahab ing sêmu | sêmangsane ngêladèni | manise ngulat dèn katon ||

25. yèn sinêndhu ywa katon netyanta rêngu | balik walêsan mêmanis | robana wicara arum | yèku tanggulanging runtik | dimèn wurung apadudon ||

26. lan maninge wadon iku kudu bêsus | prêlu mêmaèsa dhiri | amrih rêsêping wong kakung | dhêmên bombrong nora bêcik | dudu anggoning wong wadon ||

27. yèn wanodya karêm bombrong amaruwun [amaru...]

--- 209 ---

[...wun] | kêna pocapaning batin | rêngu marang lakinipun | gêdhene pisan ta nini | tinarka sèdhèng ing batos ||

28. bêbasane karubyak kabotan pinjung | marma ywa lancang ing kapti | saliring rèh kudu tutur | nadyan kang rèmèh pribadi | parentah kudu linakon ||

29. sabên sowan kang rama agung winuruk | satataning rèh ngakrami | marmanta sang rêdnaning rum | gung bêktinira mring laki | datan sawalèng sapakon ||

30. lama-lama sira ta sang maha prabu | kataman roganing dhiri | sagunging kang para dhukun | cabar dèn ta ngusadani | marmanta sang prabu anom [ano...]

--- 210 ---

[...m] ||

31. tansah tugur nèng pura lan garwanipun | mêlang gêrahing rama ji | marma datan karsa kundur | marang puranta pribadi | kadi ta wontên karaos ||

32. myat gêrahe kang rama sangsaya nglayung | mangkana sajuga ari | sri narendra gya anuduh | nimbali para dipati | prapta ngabyantarèng katon ||

33. angandika sira ta sang maha prabu | hèh sagung pra sanak mami | sirèku yakti wus wêruh | mungguh laraningsun iki | kanthi sumendhe Hyang Manon ||

16. Kinanthi

1. marmanta yèn padha rêmbug | lawan pikirira sami | Ki

--- 211 ---

Putra Dewakusuma | samêngko ingsun pasrahi | amisesa ngrèh ing Cêmpa | umadêga narapati ||

2. gumatya kaprabon ingsun | ana ing Cêmpa nagari | rèhning ingsun datan darwa | atmaja priya pribadi | marmaning mung mantuningwang | ingkang wajib anggêntèni ||

3. wit saka panggalih ingsun | Ki Dewakusuma iki | kaya-kaya tan kuciwa | de maksih atmajèng aji | ing Sokadana utama | tinulat sagung narpati ||

4. para nayaka jumurung | rêmpêk samya nayogyani | suka sokur trusing driya | dene ta sang raja siwi | sampun sinuyudan [si...]

--- 212 ---

[...nuyudan] wadya | ing Cêmpa dhasar piniji ||

5. sang nata ngandika arum | mring sang dyah sêkaring puri | hèh nini sira dèn bisa | ngawula mring priya yêkti | wajibing dyah iku iya | kapurba marang ing laki ||

6. aywa ta sêrik ing kalbu | lamun winisesèng laki | mung kudu dèn êla-êla | lan ywa ngandêlkên sirèki | dumèh putraning narendra | lan rumăngsa darbe nagri ||

7. iku sèwu-sèwu luput | awit raganingsun iki | sajatine mung sadarma | gadhuh kagungane Widi | singa ingkang madêg raja | yaiku ingkang darbèni ||

8. sang putri alon [a...]

--- 213 ---

[...lon] umatur | nêmbah waspani mijil |[14] sêrêt lirih aturira | dhuh inggih kang mugi-mugi | sagêda nglêksananana | ing pitungkas jêng rama ji ||

9. narendra mêling mring mantu | sun titip arinta kaki | lawan nagara ing Cêmpa | kasraha sira nak mami | poma aja kongsi kêmba | ki prabu gonira mardi ||

10. kang putra nêmbah umatur | sampun sumêlang ing galih | dhatêng ing putra paduka | botên ulun anggêb rabi | mung măngka jimating praja | pinundhi sa-Cêpa[15] nagri ||

11. pangèstu tuwan kaêmbun | mugi sagêda nglampahi | among putra padukendra | ing cipta amung sadarmi [sa...]

--- 214 ---

[...darmi] | gadhuh nagari ing Cêmpa | kang kagungan yayi dèwi ||

12. ingapura pangwasanipun |[16] kasrah putranta sang putri | mung ruwêd rêntênging praja | kawula ingkang nanggulangi |[17] sarêmbag lan pra nayaka | pangêtraping kukum adil ||

13. lêga tyasira sang prabu | de putra mantu wus tampi | ing saciptaning wardaya | dadya tan malang ing galih | gya ngunus sisim[18] pusaka | kang ingagêm nèng jajênthik ||

14. sarwi angandika arum | tampanana iki kaki | karyanên wasiyatira | kalpika pundhèning nagri | sapa madêg narèswara | wênang ngagêm singsim iki [i...]

--- 215 ---

[...ki] ||

15. prabu nèm nampèni sampun | nyamlêng ingagêm jajênthik | sumyar prabaning sêsotya | sanalika rajasiwi | sêmuning surya ngujwala | wayuning[19] karaton ngalih ||

16. sang nata sasampunipun | maringkên singsiming siwi | gya mancal marang kamuksan | gumêr gumêrah kang tangis | agung wayang-wawuyungan | sagunging para pawèstri ||

17. kunêng saliring rèh wuyung | narpadayita myang siwi | layon sampun sinucenan | kinapanan myang rinukti | nèng tabut sinidhikara | dyan pinêtak ngastanardi ||

18. tandya gara-gara rawuh |

--- 216 ---

tayuhing narendra lalis | surêm soroting baskara | dene têdhuh mawi riris | kadya abela karuna | mring praja ingkang prihatin ||

19. para nayaka atugur | ing alun-alun miranti | kongsi kawandasa dina | ngrêksa pringganing nagari | prabu nèm munggwing jro pura | ki patih nèng sripanganti ||

20. praptaning ari tinamtu | derarsa madêgkên aji | wadyabala wus ngundhangan | jibêg ngalun-alun prapti | mawi lêlayu bandera | rêrênggan samargi-margi ||

21. para manggala wus kumpul | pamatahe kyana patih | satriya mantri punggawa | myang

--- 217 ---

prawira sawatawis | mapaga sang rajaputra | miyose sangking jro puri ||

22. samapta rakiting wadu | papagan sang siwiputri | kang para mantri taruna | pinatah angampil-ampil | wus budhal sangking paglaran | kèndêl anèng srimanganti ||

23. prabu nèm pan sampun ngrasuk | busana kaprabon aji | ngêngrêng praba amangkawa | sunaring kawaca rukmi | makutha bra markata |[20] pinatik ing sêsotya di ||

24. kang garwa kusumaningrum | mangagêm busana di |[21] sampêt sapacaranira | rakiting karaton èstri | ginarbyêk para biyada | warnendah

--- 218 ---

angasmarani ||

17. Asmaradana

1. sadaya sampun rinakit | nulya papagan kang prapta | gumêr gumêrah swarane | wahana joli kêncana | ingayap pra punggawa | panyutra kang munggèng ngayun | tindak sang narpati mudha ||

2. panganjurirèng lumaris | wus prapta ing sitibêntar | mrênah marang panggonane | prajurit urmat sadaya | tambur salomprèt munya | munggang kodhokngorèk barung | mungêl sakathahing găngsa ||

3. punggawa satriya mantri | kang ngayap joli kêncana | piyak kabèh samya mire | kang ngrêmbat kèndêl samana | nèng kiduling witana | nulya prabu [pra...]

--- 219 ---

[...bu] anom rawuh | nampèni udhuning garwa ||

4. sang rêtna sigra kinanthi | lumêbèng bangsal witana | nulya lênggah sakalihe | anèng ing dhampar kancana | kya patih madêg sigra | sawurining dhampar muwus | undhang sora kang suwara ||

5. hèh sagung para bupati | punggawa miwah satriya | padha miyarsakna kabèh | yèn mêngko sang lir kusuma | gumanti ingkang rama | kang iku para wadya gung | padha sira ngèstrènana ||

6. dènira jumênêng aji | sadaya kang sami myarsa | kyana patih ing undhange | saur-paksi ngayubagya | sigra mantri wisesa | sumiwèng [sumi...]

--- 220 ---

[...wèng] ngarsa sang prabu | marikêluk lênggahira ||

7. tan antara dangu nuli | narpa dyah jumênêng nabda | hèh pra wadyaningsun kabèh | saka karsèngwang samangkya | kakang mas prabu mudha | sun pasrahi prajaningsun | ing Cêmpa iki sadaya ||

8. sarta umadêga aji | misesa angrèh ing sira | anut mituruta kabèh | kang sapa nora narima | nyèlèhna lungguhira | mupung ana ngarsaningsun | aywa anganggo rêringa ||

9. pra wadya kang samya myarsi | ngastuti manadukara | sumăngga ing paturane | narpa dyah tumurun sigra |

--- 221 ---

mangraup padèng nata | nulya ki patih ingujung | tuwin kang para niyaka ||

10. sigra pakurmatan muni | sanjata mriyêm sauran | binarung munggang swarane | miwah kodhokngorèk găngsa | tambur salomprèt munya | ramening suwara umyung | lir guntur mawor prakêmpa ||

11. antara gunungan mijil | binagi sampun warata | para wadya saanane | sri nata kundur mring pura | sarimbit lawan garwa | tan ewah kadya ing wawu | lampahe wadya sadaya ||

12. sarawuhira jro puri | nata malbèng prabayasa | ampilan pacara kabèh |

--- 222 ---

wus tinampan wong jro pura | pra wadya kang sumewa | sadaya pan sampun kêbut | sowang-sowang antukira ||

13. cinarita Cêmpa nagri | wimbuh raharjaning praja | sri mudha sajumênênge | gêgramèn gung bathinira | janma kang ulah kisma | mulus kang sarwa tinandur | tan kirang kang sandhang têdha ||

14. nahên ta sajuga ari | sri narapati ing Cêmpa | utusan mawi surate | mring nagari Sokadana | dhatêng rêkyana patya | mantri kalih kang tinuduh | wus mangkat sangking ing Cêmpa ||

15. datan winarna ing margi | wus prapta ing

--- 223 ---

Sokadana | lajêng jujug mring dalême | kya patih lagya sineba | nèng madyane pandhapa | caraka kalih cumundhuk | ngaturkên nuwalanira ||

16. pustaka binuka aglis | lukitanira mardawa | dene ta ing surasane | kang putra atur uninga | kalamun ingkang rama | Narendra Cêmpa wus surud | ing mangke saliranira ||

17. gumantya umadêg aji | anèng nagari ing Cêmpa | pra nayaka sadayane | jumurung angayubagya | dhatêng sang rajaputra | kya patih suka ing kalbu | sasuraosing pustaka ||

18. gya malbèng dalêm nimbali |

--- 224 ---

mring garwa myang Tunjungsêkar | wus winartan sakalihe | yèn mangke sang rajaputra | sampun madêg narendra | gumanti ing marasêpuh | anèng ing nagari Cêmpa ||

19. kêkalih duk amiyarsi | sukèng tyas marwata suta | patih alon wêcanane | hèh Rubiyah yèn sêmbada | sira lan jênêng ingwang | ing benjang wulan ing ngayun | ayo tilik marang Cêmpa ||

20. wau sang nindyamantri |[22] wus karya sêrat wangsulan | kang pustaka ijêmane | lamun benjang wulan ngarsa | arsa tuwi mring Cêmpa | tuwin ta kang para ibu | lawan Nikèn Tunjungsêkar ||

21. ponang

--- 225 ---

caraka wus tampi | sêrat myang pasangon marga | wus katampèn pitungkase | ing karsa sang mantri wrêda | sandika duta sigra | amit wus kalilan mundur | sapraptaning prajanira ||

22. umarêk ing sri bupati | ngaturkên sêrat wangsulan | tuwin wau wêwêlinge | sang nata sukèng wardaya | kundur warta mring garwane |[23] lamun benjang wulan ngayun | ingkang rama badhe prapta ||

23. kunêng ing Cêmpa nagari | gantya wau kang winarna | amangsuli caritane | nagari ing Sokadana | Prabu Dewakiswara | arsa cangkrama mring gunung | lan sagung punggawanira [punggawa...]

--- 226 ---

[...nira] ||

24. rêkyana patih tan kèri | sampun samêptèng wisaya | tuwin punggawa sakèhe | rawuh prênahing cangkrama | binêrêg buron sonya | cuwa tyasira sang prabu | tuwin sagung pra punggawa ||

25. sang nata lan kyana patih | sami minggah pêpanggungan | wadya tan kalilan dhèrèk | mapan arsa rêraosan | wadining kawibawan | sangking rumaos wus sêpuh | sayah angasta karajan ||

26. kapengin martapèng wukir | mêndêng ing rèh mring kamuksan | sumuku[24] mring batharane | mêmuji arjaning praja | puara

--- 227 ---

angandika | sun iki patih gagêtun | dene ta datan pêputra ||

27. bêjane sutanta yayi | Si Panji Kudapamêkas | ingsun wis rumăngsa cape | mêngku praja Sokadana | kapingin apan iya | martapèng graning gêgunung | sêsambèn among ki putra ||

28. yèn saka pamawas mami | Si Pamêka[25] kaya-kaya | wus pramèng praja pangrèhe | myang sah saliring bongsarja | sarjana parikrama | kaya tan kuciwa sêmu | samangsane madêg raja ||

29. kya patih tan nyêmbadani | ing karsa risang pamasa | dene ta dèrèng mangsane | ngandika

--- 228 ---

sri naradipa | yèn sira tan sêmbada | ya besuk manèh rinêmbug | kang pasthi karsa manira ||

30. seje kang sun catur yayi | payo gunêm paprênesan | ana pitung dina kiye | ingsun tumingal wanodya | kaduk raga karana | saplak lan nguni ipemu | ya si jênat Tunjungsêkar ||

31. lăngka yèn uripa malih | wong mati măngsa balia | mêngkono bêbasane |[26] nanging ciptaningsun têka | manahên rèh ngasmara | marang dyah kang mêmalad kung | upayanên dèn kapanggya ||

32. jatine tyas ingsun yayi | samuksane

--- 229 ---

ipenira | Si Tunjungsari saprene | tansah kataman duhkita | tan măntra bisa mêndha | mundhak dina saya wimbuh | kambah i[27] turidasmara ||

33. mara upayanên yayi | kang dadi woding wardaya | patih nêmbah lon ature | adhuh sèwu aksamanta | èstunipun nika |[28] pan inggih pun Tunjungsantun | kang kèksi kala nèng marga ||

34. sri narendra ngandika ris | paran wurunge palastra | ya Si Tunjungsari kuwe | kyana patih matur nêmbah | milamba kumasura | nglirwakkên têdah sang prabu | sangking kabêbêt ing trêsna ||

35. dhumatêng paduka [pa...]

--- 230 ---

[...duka] aji | owêl lamun tibèng nistha | angukum dede lêrêse | măngka mung kenging paekan | sangking jêng rayi tuwan | mrih pêjahe Tunjungsantun | awit rumaos kasoran ||

36. dados angupaya sandi | ing rêmbag mung ngomandaka | sekapraya pra marune | sangking sangête ing karsa | têmahan matur dora | wadul ing nalar tan mulur | rinoban sêksi kewala ||

37. pirsamba punika gusti | botên mêlang wela-wela | ature juru panginte | kang ulun patah nèng pura | saèstu sêtyèng sabda | ing sarêmbag [sarêmba...]

--- 231 ---

[...g] sampun dangu | panduking karti-sampeka ||

38. malah giliging pambudi | ngupaya ajar minăngka | ing paekan pikêkahe | mawantua srana wêca | kewala mring sri nata | akathah rêrubanipun | dhatêng juru doracara ||

39. toh jăngga amba kêdugi | abdi ta pun Tunjungsêkar | èstu tan wontên sisipe | jêr jru panginte punika | sampun prasêtyèng driya | supaos inggih kalamun | kamipurun matur dora ||

40. kya patih rinangkul aglis | tan kayaa yayi sira | sun titèni salawase | tansah ngrêksa tyas manira [mani...]

--- 232 ---

[...ra] | myang sarwa parimarma | paran ta nguni kalamun | tan ana pratikêlira ||

41. yêkti raganingsun yayi | antuk sikuning bathara | kaya ngapa ta têmahe | nguni pama kalakona | sun ngisas tanpa dosa | iba bênduning Hyang Agung | kang tumêkèng Sokadana ||

42. jêr ujaring nguni-uni | natantuk dukaning Suksma | wong cilike kelut kabèh | eram sun mung si pandhita | dadak bela durcara | wiyahe wiku sawêgung | ngrêksa arjaning bawana ||

43. lah priye gonira bangkit | ngaturkên kuping samana | paran ta pangupayane [pangu...]

--- 233 ---

[...payane] | kyana patih matur nêmbah | kados marmaning Suksma | dumadak têka panuju | wontên kunjaran palastra ||

44. kalêrês tiyang kêkalih | priyèstri irib gêngira | punika măngka lintune | pêpundhutan padukendra | de pun Tunjungkusuma | kawula pingit gènipun | dupi praptèng mangsanira ||

45. babar jabang bayi pêkik | lajêng ulun upakara | lêstantun dugi samangke | longgor wit têbih kang roga | limpading panggrahita | têtêping tapa tinutug | pindha maharsi ngasrama ||

46. samangke putra gusti |[29] sampun jumênêng narendra |

--- 234 ---

wontên ing Cêmpa prajane | sinêmbah samining raja | kaloka măndraguna | binathara kratonipun | ambêk santa wirutama ||

47. sri nata dènnya miyarsi | aturing rêkyana patya | kadya sumpêna raose | sumêdhot wontên karasa | mring Sang Tunjungkusuma | èngêt kalanta mêmangun | raras rêsmining sarkara ||

18. Dhandhanggula

1. sri narendra lan rêkyana patih | sru karênan dènira rêrasan | enjang kongsi praptèng sore | surya mèh lalu surup | sirat-sirat sumirat [sumira...]

--- 235 ---

[...t] kèksi | saliring ima mimba | rumamyang asêmu | mawèh rêganing[30] gêgana | rêngrêng kadya mirêngkên kang mêdhar wadi | dumadining kusita ||

2. munggèng panggung madyaning wanadri | taru tarap tumruna kang patra | tumiyung ing ron kalane | kesisan sruning lesus | yayah kelut kapilut ingsih | mring nata niti karsa | lan pêpatihipun | lung gadhung manglung sung gănda | kongas ngêsuk sakala sri narapati | umèngêt mangun duka ||

3. angandika mring rêkyana patih | garwaningsun nuli patènana | yèka măngka pidanane | dènnya drustha [dru...]

--- 236 ---

[...stha] ing wuwus | olah cidra angkara budi | kya patih matur nêmbah | dhuh jêng sang sinuwun | patikbra tadhah dêduka | kamipurun umambêng karsa sang aji | madyanipun punika ||

4. kinêbona kewala prayogi | tuwin lajêng linungsur sakala | inggih sangking pangwasane | dene pun Tunjungsantun | kapundhuta lumêbêt malih | sri nata angandika | bênêr turirèku | ing panimbang kaya-kaya | nora bot sih samono bae nyukupi | kukume ipenira ||

5. ing pangrêmbag wus kinarya dadi | nata kundur saha wadyabala |

--- 237 ---

dupi wau sarawuhe | datan karsa jumujug | mring unggyaning sang pramèswari | wau sang patniswara | wus grahitèng kalbu | lamun manggih kalêpatan | dadya mamèt sarana myang guna dhêsthi | mrih sirna kang dêduka ||

6. wusirantuk sarananing dhêsthi | anging cabar tan măntra nyênyuda | sri narèswara runtike | dadya sang narpawadu | anglêsing tyas asêmu wiwrin[31] | katrêsan sru sungkawa | ing driya matrênyuh | kapiluh ngluluh jiwăngga | ênêngêna sira sang anandhang wingit | wau ta sri narendra ||

7. matah dhawuh mring sang nindyamantri [nindya...]

--- 238 ---

[...mantri] | amangrukti rakiting kurmatan | têtabuhan sêsamine | lêlayu myang palêngkung | umbul-umbul daludag tuwin | kêkăndha bandera |[32] ing ngarsa sang prabu | mêmangun langên derarsa | ambawahi marang Nikèn Tunjungsari | lêbêting dhatêng pura ||

8. kyana patih enjang angrêrakit | rarasing rèh tataning pahargyan | pinandarèng sri wangune | rontèk rantap ngênguwung | pinggir marga ngêngrêng kaèksi | bandera pira-pira | pinrênah gènipun | anèng marga parapatan | narpawadu wus kinêbonakên munggwing | ngudyanèng kapungkuran ||

9. mintaksama

--- 239 ---

mring raka tanpolih | cinarita Kèn Tunjungkusuma | enjang ngrasuk busanane | kang sarwa sri dinulu | upacara kaprabon èstri | kang ngampil pra wanodya | sumaos nèng ngayun | kinêmbar panganggenira | jamang kalung raja kaputrèn mêpêki | sampur cara badhaya ||

10. kêbut budhal ginarbêg pra cèthi | duta nata nayakèstri măngka | pangirid lampah sakèhe | jajaran anglajur |[33] pra prajurit ing kanan kering | jêjêl joli jêmpana | madulur asêlur | kang miyat ing pasamuan | tyas kacaryan ing rêrênggan dene kadi |

--- 240 ---

narendra nêmbe krama ||

11. praptèng pura pinapag sang aji | sinambrama sami lawan garwa | Nikèn Tunjungsari age | tandya manguswèng lêbu | ing suku sang narapati |[34] tuwuh onênging driya | kalih-kalihipun | gya cinandhak astanira | kinarsakkên lênggah nèng palăngka rukmi | lênggana nging pinêksa ||

12. sri narendra angandika aris | wadyaningsun kabèh sumurupa | ing karsaningsun samangke | lamun Si Tunjungsantun | ingsun karya narendra patni | misesa jroning pura | ing saisènipun | jênênga Ratu Kêncana | pra nayaka sadaya asaur-paksi | jumurung ngayubagya ||

13. tumularing [tu...]

--- 241 ---

[...mularing] mring wadya gung alit | ing sajroning praja Sokadana | kya patih kang ngundhangake | mangkana garwa sêpuh | kang linungsur sangking jroning puri |[35] manglah anutuh driya | solahe kaduwung | kadawan drawayèng waspa | arda merang murangkramanirèng ngèsthi | ing mangke nèng udyana ||

14. nêngna ingkang anglês ngluluh dhiri | cinarita Sri Dewakiswara | waluya pêpasihane | kadya nguni kang sampun | dahat sami onênging kalih[36] | lir mimi lan mintuna | kawilêb malad kung | pindha kênya lan jêjaka | sabê[37] ratri kang rinasan tan lyan aming | kang putra Prabu Cêmpa ||

--- 242 ---

15. marma tansah kagagas ing galih | sri narendra kapingin uninga | marang kang putra warnine | enjang miyos sang prabu | animbali rêkyana patih | prapta ing ngabyantara | nata ngandika rum | patih paran ingsun dahat | arsa wikan mring sutèngsun kaka aji | ing Cêmpa kaya ngapa ||

16. sira dhewe lumakua yayi | ingsun duta nimbali ki putra | pondhongana sagarwane | lan besan narpawadu | yèn kaparêng dhangan ing kapti | săngka ing karsaningwang | ingsun purih rawuh | prayoganing laku pisan | si ibune Pamêkas gawanên yayi |

--- 243 ---

kya patih tur sandika ||

17. sri narendra sukèng tyas gya paring | ingkang măngka sêsrananing marga | barana tuwin artane | busana sarwa luhung | patih tampi manêmbah amit | sampun anguswapada | lèngsèr sangking ngayun | praptèng dalêm awêwarta | mring kang garwa lamun dinutèng narpati | mondhongi Prabu Cêmpa ||

18. myang kalilan lumampah sarimbit | nyai patih sru sukaning driya | dene ta atêmah badhe | panggih lan putranipun | tan wiwarna rèhirèng ratri | antara enjang sigra | saha wadya kêbut | lon-lonan ing

--- 244 ---

lampahira | pra nayaka ngatêr jawining nêgari | saha sagarwanira ||

19. para mantri sami wangsul malih | kyana patih lajêng lampahira | praptèng pasisir kèndêle | anulya nitih jungkung | bêdhol jangkar ayar aglis |[38] lêpasing lampah kadya | lir kilat sumêmprung | marmenggal prapta ing Cêmpa | jujug mantri sêbandar dèn ancarani | sinuba sinunggata ||

20. ing bujana drawina mênuhi | sarwa sangkêp rèhing panêmbrama | sumrambah mring wadya kabèh | mantri sêbandar tuhu | sugun-sugun saha noragi | samana tur pariksa | mring pêpatihipun [pêpatih...]

--- 245 ---

[...ipun] | lajêng kunjuk sri narendra | praptanira Patih Sokadana mangkin | lêrêm nèng kabandaran ||

21. nata sigra tur uningèng swami | lamun mangke kang rama wus prapta | narpawadu sru sukane | kêdah badhe kilayu | mapag dhatêng kang wau prapti | pinambêng mring kang raka | têmah tyas mituhu | enjang bidhale sri nata | saha wadya kadya robing jalanidhi | asrining lumaksana ||

22. abra mubyar busananing dasih | nir baskara umijil ngancala | andipaningrat prabane | tan winarna ing ênu | sri narendra pan sampun prapti |

--- 246 ---

pakuwon kabandaran | mangkana sang prabu | duk miyat marang kang raka | myang kang ibu sigra dènnya malajêngi | cumundhuk sru karuna ||

23. kyana patih lan garwa sru anjrit | sarwi ngrangkul lungayaning putra | dhuh prabu sutèngong anggèr | bisa têmên sirèku | karya onêng ing yayah babi[39] | pisah sangkaning bocah | kongsi dadi ratu | lagi samêngko kêpanggya | sawusira onêng-ingonêngan sami | lênggahan sawêtara ||

24. ingkang rama ingaturan aglis | laju tindak mring sajroning kitha | sigra budhal sawadyane | ginêlak lampahipun [lampah...]

--- 247 ---

[...ipun] | jroning kitha samana prapti | kèksi kang pakurmatan | pinggiring marga gung | sinung dwaja bêbanjêngan | puput têkèng pura bandera mêrapit | longkanging pinandara ||

25. sari-sari binuntal sinuji | gănda arum mrih manadukara | mring kang mlampah sawadyane | samana sampun rawuh | jroning pura pinapag dening | ratu mantu nadpada | ing jêng kumrasêpuh | rampung gya jêng umi nata | manambrama ing besan têmbung mêmanis | ingancaran lênggaha ||

26. kang sunggata gya salin-sumalin | sumrambah mring pra wadya [wa...]

--- 248 ---

[...dya] sadaya | mangkana ing rama linge | dhuh anggèr kaki prabu | praptaningsun iki tinuding | ing ramanta sang nata | lamun sira sarju | tinimbalan swamitanta | myang ni besan pisan iya dèn aturi | dindak[40] mring Sokadana ||

27. Natèng Cêmpa dhêku turira ris | langkung sangking kasêdya ing driya | sumiwèng rakanta badhe | amung ta kangjêng ibu | mugi tuwan tantun pribadi | kya patih mèsêm nabda | ya bênêr ki prabu | anulya nolih mangiwa | yayi besan ingaturan kadospundi | dhumatêng Sokadana ||

28. narpa umi amangsuli

--- 249 ---

aris | lamun ngantos mangkata sadaya | sintên kang têngga purane | gampil inggih ing pungkur | kula nêdya sowan pribadi | lêlahan nyuwun barkah | ing rakanta prabu | kya patih gumujêng latah | langkung pedah karsa paduka ta yayi | amacung sowan pyambak ||

19. Pocung

1. gya kasaru aturing putra sang prabu | dhuh ibu kawula | nguni kala taksih alit | gung winêlêk wulang rèh mring karaharjan ||

2. ing rakanta jêng kyai patih puniku | pangèstu paduka | têka wagêd nyêmbadani | ing pamardi mardawaning susilarja [susi...]

--- 250 ---

[...larja] ||

3. nanging kadung sagung wulang maksih pandung | kasêsa ngumbara | suwita mring yayi dèwi | katujune amung ngawula wanodya ||

4. dados langkung gampil lêladosanipun | kenging binodhonan | anggêr sagêt marud krambil | lir sinêtak[41] gujênge kang sami myarsa ||

5. dhasar cucud ing wicara nora kêcut | Sri Narendra Cêmpa | sêmbranane amung sandi | sajatine ing tyas marang kasujanan ||

6. ratu ibu ngandika adhuh sang prabu | bisa têmên sira | nyênyambi anuju kapti | saranane karya nir

--- 251 ---

sayah ing marga ||

7. nyai patih gumujêng sarwi sumambung | kula bètên[42] nyana | ratu pratranta samangkin | wagêd gapyak-gapyuk wêgig ngayuh driya ||

8. kala timur akapara klumar-klumur | nglêmêr lêlingsêman | sarêng jumênêng narpati | têka lucu kapèngcut lagu ing Cêmpa ||

9. gêr gumuyu sadaya kang sami ngrungu | pra cèthi parêkan | kèh kang pijêt-pijêt ati | sadangune apan anggung gêgujêngan ||

10. gya kang rama ngaturan makuwon sampun | nèng pura kaneman | mangkana Rêkyana Patih | Sokadana nèng Cêmpa samadya [sama...]

--- 252 ---

[...dya] căndra ||

11. praptèng ari patêmbayan bidhalipun | wus samya siyaga | tandhu jêmpana lan joli | kuda rata rinakit kadi pêpara ||

12. paripurna pinrênah ing gèn kinumpul | kya patih lan garwa | mring besan sami minta mit | ratu umi atur basuki ing marga ||

13. gya sang prabu ing Cêmpa ngujung mring ibu | lawan ingkang garwa | sinabdan raharjèng margi | dyan sinidhikara ing rèh puja-mantra ||

14. tan antara têngara bêndhe tinabuh | rambah kaping tiga | gumêr gumêrah ing jawi | kabusêkan pangarsa wus lumaksana ||

15. wingking kêbut

--- 253 ---

sumahab wadya gumrêgut | ing ngajêng jajaran | ngurung-urung turut margi | para wira tantra sami lumaksana ||

16. kang lêlayu kapilayu lir kalayu | mring sang lumaksana | lon-lonan langên samargi | kang uninga sadaya samya ngasmara ||

20. Asmaradana

1. ingkang sumambung ing wuri | Rahadèn Dêmang Ngurawan | nitih kuda janjan jêne | angagêm kaprajuritan | dhe gus gagah sêmbada | pantês dadya agul-agul | kadi Arya Jayajatra ||

2. wurinira para mantri | kang sami nitih turăngga | tinata rêmpêk lampahe | Janggali lawan [la...]

--- 254 ---

[...wan] Janggala | kalihnya numpak kuda | nulya wau sang aprabu | sarimbit wahana rata ||

3. sumambung rêkyana patih | nitih rata lan kang garwa | ginarbêg para mantrine | kunêng lampahirèng marga | sampun praptèng muara | gênggêng kang pakuwon agung | rinakit pura pêpara ||

4. urmat munggang tambur muni | binarung drèl asauran | jumêgur mriyêm unine | kodhokngorèk munya ngangkang | pradăngga lamat-lamat | munggwing pakuwon sang prabu | nganyut arum ingkang swara ||

5. kèndêl sawadya sang aji | lumêbèng jro pasanggrahan | lêrês ing

--- 255 ---

latri karpane | praptèng jang bangun raina | gya budhal sri narendra | kinurmatan lir duk rawuh | umung gumêrah kang bala ||

6. wus prapta anèng pasisir | mulat palwane kawarna | jêjêl nèng palabuhan |[43] nata gya nitih giyota | sakoci lan kang garwa | sampat upacaranipun | kya patih iya mangkana ||

7. wadyabala kang umiring | wus pinrênah ênggènira | nèng palwane dhewe-dhewe | ing lampah sampun tinata | narendra munggèng ngarsa | wus budhal agalur-sêlur | mring kapal asowang-sowang ||

8. wus minggah samya miranti | para mantrus bêdhol [bê...]

--- 256 ---

[...dhol] jangkar | binabaran lêlayare | kumêlap banderanira | gêdhah seta myang rêkta | apanjang kadi kêkuwung | manawung toyèng samodra ||

9. kataman sunaring rawi | kadya thathit maliwêran | tumangkul nglayar isthane | anglir têdhuh jaladara | ngaubi kang baita | ayêm tan sayèng laku |[44] prabawa sang maiswara ||

10. lêpasing palwa lir thathit | siyang dalu gung lumampah | marmanta aglis praptane | muara ing Sokadana | gya labuh jangkarira | têngara mriyêm jumêgur | sangking dharat kapiyarsa ||

11. mantri gêbandaran nuli | nimbangi milu têngara | gumalêgêr kumandhange [ku...]

--- 257 ---

[...mandhange] | sigra Sang Narendra Cêmpa | ingatag mring kang rama | nitiha sakoci gupuh | tumêdhak sawadyanira ||

12. rawuh kabandaran nuli | lêrêm anèng pasanggrahan | kya patih gya nuduh age | mring mantri atur uninga | ing Sri Dewakiswara | yèn kang putra sampun rawuh | makuwon nèng kabandaran ||

13. rikating duta lumaris | kerit gya katur sang nata | narendra nimbali age | mring sagung para nayaka | angrêmbag praptanira | paran pakurmatanipun | ratu mudha binathara ||

14. apa sun papag pribadi | aturing para nayaka | pukulun dede [de...]

--- 258 ---

[...de] lêsêre | nadya[45] ratu binathara | dene punika putra | tan pantês paduka mêthuk | rawuhe nèng Sokadana ||

15. pami pinapaga mantri | sayêkti lamun kuciwa | mung kyana patih madyane | nanging sampun wontên ngrika | sang nata angandika | rèhning kasusu ing laku | yèn sira padha sambada ||

16. Si Pamêkas bae bêcik | jinunjung pangran dipatya | pantês mapaga kakange | sigra Rahadèn Pamêkas | kinèn ngrasuk busana | cara prabu anom mungguh | sasampunira ingangkat ||

17. jumênêng pangran dipati [dipa...]

--- 259 ---

[...ti] | tandya tinuduh mring rama | amakili salirane | mapag rawuhe kang raka | sandika bidhal sigra | saha sawadya gumuruh | utabe[46] sangking jro pura ||

18. lir wukir kusuma ngalih | busananing wadyabala | surêm hyang arka sunare | ngrêrakit samarga-marga | wus praptèng jawi kitha | tata amakuwon sampun | gênggêng lir pura pêpara ||

19. datan antara kaèksi | panganjuring wadya Cêmpa | kadya narmada iline | dalêdêg kang bakuswa |[47] kapraban diwangkara | mangkara-kara ngênguwung | tumeja anawung kisma ||

20. jêng pangran ngundhangi dasih | siyaga

--- 260 ---

tata bacira | binarung ngungkung bêndhene | gupuh ingkang wadyatăntra | marapit pinggir marga | ngurmati ing praptanipun | narendra kaka ing Cêmpa ||

21. sampun sampêt amiranti | kinarya glar arda căndra | jêng pangran têngah ênggène | mangkana Sri Nata Cêmpa | têdhak sangking wahana | pangran gurawalan mêthuk | sumêmbah anguswapada ||

22. tuwin mring sang narpasori | gya sumêmbah ngibu rama | kang raka ingaturan age |[48] pinaran[49] sagarwanira | nèng tabut sawatara | kang raka nuruti sampun | tandya sasami [sa...]

--- 261 ---

[...sami] lêlênggahan |[50]|

23. banjêng pra punggawa ngarsi | urmatan barung kapyarsa | saruni sora unine | sinarêng mariyêm munya | gumutur[51] magênturan | kèndêling pahargyan agung | saosan sunggata prapta ||

24. anggili salin-sumalin | dhaharan awarna-warna | sumrambah mring wadya kabèh | minuman sarwa surasa | jampine lumaksana | kapara turah tumurun | waradin mring wrahatbala ||

25. larih tan pêgat ngidêri | suka risang binujana | pra wadya Cêmpa sakèhe | samya ngalêmbanèng driya | mring Prabu Sokadana [So...]

--- 262 ---

[...kadana] | derambêk uningèng wadu | tuhu nata martotama ||

26. têlasing bujana aglis | kêbut budhal sri narendra | gumêrdêg gumêr swarane | wadyèng Cêmpa Sokadana | rinakit lampahira | lir alun golong gumulung | kadya trunaning udaya ||

27. sumyar lêbu kênèng angin | lir pendah kukusing dupa | sangking pahoman wijile | anglut nata sawadyanya | kadi ta manêmbrama | Prabu Cêmpa rawuhipun | nèng nagari Sokadana ||

28. kang rayi tan kêna têbih | tansah nèng keringing raka | gung tinanya sadangune [sada...]

--- 263 ---

[...ngune] | pranatan ing Sodana |[52] kang tumrap pra nayaka | pangrèhing praja sawêgung | sang mudha wantah sajarwa ||

29. kang raka suka ing galih | sapraptaning pangurakan | winantonan kurmatane | kodhokngorèk lawan munggang | mriyêm drèl sêsauran | tambur salomprèt abarung | busêkan wadya sapraja ||

30. anglir udan sinêmèni | ajirap kang rontèk dwaja | gumêrdêg wadya praptane | sagunging para punggawa | mudhun ing pangurakan | ngayap lampahe sang prabu | ing sapraptaning paglaran ||

31. têdhak sing rata sarimbit |

--- 264 ---

kanthèn minggah sitibêntar | kyana patih ing wurine | ingkang rayi anèng ngarsa | măngka pangiridira | Sri Sokadana duk dulu | mring atma Narendra Cêmpa ||

32. jumênêng amalajêngi | angrangkul lungayaning putra |[53] lan ratu mantu sêdene | myang sori ing Sokadana | angrangkul mring kang putra | karuna tyasnya matrênyuh | sambat dhuh jiwèngsun sira ||

33. bisa têmên sira kaki | gawe rudahing wardaya | wit pisah kalaning lare | sarana lêlana brata | ngumbara mati raga | têtêping tapa ginayuh | ngayati mring kawiryawan [ka...]

--- 265 ---

[...wiryawan] ||

34. sêsambate kawlas-asih | sira Jêng Ratu Kancana | sang nata kelut galihe | awêlas mring garwa putra | karănta kalanira | lara-lapa nging sinamun | dadya ngêrapih ing driya ||

35. samana wus samya lilih | nulya sami lêlênggahan | anèng bangsal witanane | Natèng Cêmpa jajar lawan | kang paman sang apatya | Pangrang[54] Pamêkas ing pungkur | kapering ing wuri gènira |[55]|

36. Sri Dewakiswara angling | patih sun bangêt tarima | lawan sira lan bok ipe | dene wèh sandi-upaya | nguni mring jênêng ingwang | gon ingsun anêrê[56] [a...]

--- 266 ---

[...nêrê] bêndu | misesa kurang pariksa ||

37. ing mêngko kayêktèn yayi | gonira aparimarma | sasat nugraha èstune | wit sangking pratikêlira | wurunge amidosa | dadya gung tarimaningsun | mring sira lan garwanira ||

38. mêngko ingsun darbe janji | muktèkakên turunira | tumêraha salawase | dimène dadya tuladha | mring kang jumênêng nata | patih asih marang ratu | rumêksa arjaning praja ||

39. yèka labuhane patih | kontabing tyas wicaksana | kang linuri lêlakone | apantês dadya tuladha | sagunging pra nayaka |

--- 267 ---

kang asih mring prajanipun | ngowêl marang ratunira ||

40. Natèng Cêmpa duk miyarsa |[57] tumanggap cipta sasmita | sumambung alon ature | wêdharing kang patêmbayan | jêng rama mring paduka | kula inggih tumut pakantuk |[58] nêdya nulad nglampahana ||

41. yèn kaparêng ing Hyang Widi | pun adhi Pangran Pamêkas | inggih ta lamun ing têmbe | asagêd jumênêng nata | nèng nagri Sokadana | kula ingkang sabiyantu | nadyan sangking katêbihan ||

42. lêrêsipun sangêt trêtib | yèn Cêmpa lan Sokadana | abipraya sakalihe | wimbuh [wi...]

--- 268 ---

[...mbuh] kasantosanira | kèringan parangmuka | myang sapintên arjanipun | ngriki tuwin nagri kula ||

43. sêdhêng benjang sri bupati | sampun kathah ingkang yuswa | amomong salirane |[59] mariksa yayi lan kula | paran pangrèhing praja | lêrês lêpat èstunipun | mupung rakanta uninga ||

44. tampi rêna ing panggalih | kapanujon karsanira | miyarsa putra ature | alon pangandikanira | dhuh kaki sun wus lama | kadrê[60] kapingin mawiku | dhêdhepok anèng asrama ||

45. marma bangêt nganti-anti | kulup marang praptanira [pra...]

--- 269 ---

[...ptanira] | prêlu sun tanya yêktine | mring sapa ta rilanira | darbèni Sokadana | awit jamake tumuwuh | tan wande praptèng antaka ||

46. ing mêngko ta jênêng mami | arsa wruh ing karsanira | bisaa marentahake | mring wadya ing Sokadana | sapa ta kang gumantya | iya marang jênêng ingsun | ingsun nyarah karsanira ||

47. mangkono ramanta patih | nunggal lawan sêdyaningwang | Prabu Cêmpa lon ature | sadaya karsa paduka | ingkang sampun dhumawah | tan wontên pakèwêtipun | ananging kapanggwèng wutat[61] ||

48. wus punggêl ingkang ginusthi |

--- 270 ---

kundur sangking sitibêntar | wau narendra kalihe | sami lumêbèng jro pura | sira Sang Prabu Cêmpa | kuwu nunggil nèng kêdhatun | pinrênah wismèng udyana ||

49. wus bubar ingkang anangkil | Dêmang Ngurawan pinrênah | nèng patihan pakuwone | dene kang para nayaka | pinatah pondhokira | nèng wismaning pra tumênggung | mung Janggali lan Janggala ||

50. klilan umiring mring gusti | ana ing sajroning pura | nglêladosi pakaryane | wau ing salaminira | putra nèng Sokadana | tan pêgad ing sabên dalu | lêlangên myang andrawina ||

51. antara [a...]

--- 271 ---

[...ntara] samadya sasi | anuju sawiji dina | Sri Natèng Cêmpa karsane | andumugèkakên rêmbag | umatur mring kang rama | lamun sarju tyas pukulun | gih pun yayi Pamêkas |[62]|

52. dèn lêlantiha samangkin | makili jêng padukendra | kang rama alon dêlinge | ya mangkono karsaningwang | bêcike babarpisan | banjur sun dêgakên ratu | anggêntèni jênêng ingwang ||

53. nanging karsaningsun kaki | saanane rajabrana | sajroning pura iki kabèh |[63] miwah kang para pusaka | pêpundhèn Sokadana | iku bêcik pinartêlu |

--- 272 ---

kang saduman arinira ||

54. kang rong duman sira kaki | wit kang darbe wajib sira | kang putra alon ature | kawula sumanggèng karsa | lila anrus ing driya | amung ta pangidhêpipun | yayi mas dhatênga Cêmpa ||

55. lawan sabên tanggal warsi | têtuwia dhatêng kula | ambêktaa kêprabone | miwah ta salajêngira | lamun wontên bêbaya | wagêda tulung-tinulung | kalihe praja sri nata ||

21. Sinom

1. wus pungkas ing rêmbagira | sang nata sigra anuding | nimbali rêkyana patya | kinèn lumêbèng jro puri | tan dangu sampun prapti [pra...]

--- [273 ---

[...pti] | ing ngabyantara sang prabu | dèn awe marêk sigra | ngandika sri narapati | hèh apatih ingsun aparing uninga ||

2. lamun dina benjang-enjang | putraningsun Ki Dipati | Pamêkas ingsun wisudha | gumanti ing jênêng mami | madêga narapati | dene ta jêjulukipun | Sang Prabu Dewabrata | Sokadana kang darbèni | ingsun pira[64] bêcik padha amandhita ||

3. ngêmungkên momong rumêksa | marang karaton kêkalih | dene kang gumanti sira | pulunanira pribadi | Si Pamitra prayogi | angêmbani kaki prabu | wit [wi...]

--- 274 ---

[...t] wus dadi nayaka | cakêp pangrèhing nagari | anjênêngana Adipati Jayabrata |[65]|

4. wus pinilih wong sapraja | kêlar dhêpani nagari | kyana patih matur sandika |[66] nêmbah lèngsèr sangking ngarsi | wus prapta păncaniti | tandya pêparentah sampun | rêngganing pamiwahan | kadya ngadad nguni-uni | lamun ana kang lagi jumênêng nata ||

5. nimbali para pandhita | sutata[67] para maharsi | manguyu puthut jêjanggan | badhe kinèn angèstrèni | lawan paring udani | măncapraja bawahipun | lamun [lamu...]

--- 275 ---

[...n] Sri Sokadana | sèlèh kaprabon mring siwi | kunêng ratri wanci enjing winursita ||

6. pangran dipati samana | wus ngrasuk kaprabon aji | pusaka ing Sokadana | makutha bra binuka sri | jêjamang sungsun katri | nawa rêtna angênguwung | bêbadhong gandhowara | kêlat bau naga rukmi | yèn sinawang kadya nata ing Kumbina ||

7. miwah Sang Arya Pamitra | wus ngrasuk busanèng patih | sampêt tan ana kuciwa | gagah kang dêdêg rêspati | pasêmonira kadi | sira Risang Bimasunu | pantês patih wisesa | kinèdhêpan sanagari [sa...]

--- 276 ---

[...nagari] | datan mangu duta ing jro pura prapta ||

8. nimbali kalih kang arsa | winisudha ing palinggih | samapta ngirad wahana | kuda rata rantap kèksi | wira turăngga ngarsi | kang adharat ngurung-urung | samya amandhi dwaja | banjêng nèng ngajêngan kèksi | tandya bidhal pangeran sawadyanira ||

9. anitih rata rinêngga | kancana ngujwala kèksi | songsong jênar ginanjang mas | dene sang ginadhang patih | anitih kuda putih | panganjur jujur ngêlajur | ing ngajêng bêbanjêngan | wuri wira para mantri | gumarêdêg kadya ladhu sangking arga ||

10. satataning [satata...]

--- 277 ---

[...ning] lumaksana | saanane angebati | kunêng lampahe samarga | mangkata ing sitinggil |[68] pêpêk kang samya nangkil | satriya punggawa ngayun | pra mantri wurinira | pandhita para maharsi | ingkang arsa sêsanti manadukara ||

11. Sang Prabu Dewakiswara | lênggah ing palăngka rukmi | jajar lan Narendra Cêmpa | ingkang paman kyana patih | sumewa anèng ngarsi | pra nayaka wurinipun | kang kanan para arya | kering kang para dipati | tuwin para manggala gul-agul praja ||

12. praptaning sang winiwaha | linênggahkên anèng wuri | tandya Sri Dewakiswara [Dewakiswa...]

--- 278 ---

[...ra] | angandika rum amanis | hèh sagung wadya mami | mêngko saka karsaningsun | sutèngong Ki Pamêkas | jumênênga narapati | kaarana Maharaja Dewabrata ||

13. umung amanadukara | wadya kang samya sumiwi | para maharsi sadaya | barung umung asêsanti | linud ing puji-puji | muja arjaning kêprabun | kontab rèh puja-măntra | tantara praptaning riris | riris aris puara atinggal gănda ||

14. amor lawan ratus dupa | mulêk mêlêk amrik minging | yayah amangayubagya | marang sang amadêg aji | sasirnaning kang riris | lawêning [la...]

--- 279 ---

[...wêning] surya kadulu | sumunar ngujwalèng rat | ing saisthanira kadi | suka mulad mring Sri Mudha Sokadana ||

15. purna para dwijawara | dènira sami mêmuji | gantya Sang Arya Pamitra | ngundhangkên minăngka patih | rampung dhawuh narpati | sigra kundur angêdhatun | luwaran kang sumewa | sagung kang para maharsi | wus kalilan ngaso marang ing asrama ||

16. ing dalu lajêng kasukan | boja andrawina ngênting | mantri bupati kalawan | pra satriya dèn timbali | lêlangên jroning puri | kalilan sasênêngipun | mangkana Natèng Cêmpa | madhak[69] maring

--- 280 ---

gèning ari | angandika kadya madu pinardawa ||

17. dhuh yayi prabu wruhanta | kabangkitan ingsun iki | tan lyan sangking ramanira | iya kyai kyana patih | bangêt goning nglêlantih | mring ingsun duk masih timur | marmane yayi sira | ywa kêmba ing sabên ratri | angusêta[70] wisata maharjèng praja ||

18. jêr ujaring layang weda | narendra iku upami | kênyaring hyang bagaskara | angkarane angênèni | kaananing dumadi | kang siluk-siluk kadulu | nyênêni sabawana | yèka pralambanging adil | yèn kinuswa upama wimbaning surya ||

19. bêbangun mring kasantosan [kasanto...]

--- 281 ---

[...san] | têtêping karatèn[71] panrih[72] | abot ubêding narendra | kantêb yèn tumibèng sisip | panggahana ta yayi | kogêl wêlas para maklum | kang rayi mung manêmbah | nanging kacathêt ing galih | wiyatarja kanthining wong mêngku praja ||

22. Kinanthi

1. nata wrêda ngandika rum | narpa mudha awak mami | kaki Prabu Dewabrata | tuture rakanta iki | anggon-anggon kang sanyata | pancadan marang utami ||

2. ungsêdên dèn kongsi cakup | yêktine kawruh linuwih | sajatine iku iya | ugêre wong mêngku nagri | Prabu

--- 282 ---

Dewabrata nêmbah | matur pukun kang mugi |[73]|

3. angsala ingkang pangèstu | mugi sagêda nglampahi | ing sabda kang wus winahya | kang amung amrih lêstari | kasaru kalungsèn măngsa | lajêng kundur nata katri ||

4. cinarita sabên dalu | kang rayi anggung winisik | wasitaning olah praja | patih mudha datan kèri | Natèng Cêmpa angandika | lah ta sira yayi patih ||

5. tan liya mung wêkas ingsun | poma ta dèn ngati-ati | gonira mong para wadya | patih sariraning aji | ugêre dèn rigên sira | ngulap karsaning narparti ||

6. titinên [titinê...]

--- 283 ---

[...n] yèn tămpa dhawuh | awasna wose ta yayi | ana marta têmah wisa | wisa asring amartani | iku yayi dèn waspada | rèhning kasalirèng aji ||

7. paman patih iku kudu | tuladên yêkti prayogi | rigêne ngêmbani sabda | sangking rumêksèng praja di | bêbasane kang mangkana | amit dadya arum bangkit ||

8. kya patih nêmbah umatur | dhuh anggèr sri bupati |[74] angsala pangèstu tuwan | wagêd lumaksanèng kapti | ing wulan lagya samana | punggêl kasaput ing ratri ||

9. mangkana mangsuli wuwus | ing Sokadana nagari | sarawuhe

--- 284 ---

Natèng Cêmpa | nangkoda ajar kèh prapti | nata wrêda patih lama | sami magawan nèng wukir ||

10. mamrih papan kang asamun | kinarya asrama dadi | agung ngêgungakên puja | mrih kasidaning dumadi | ing lair among rumêksa | marang putra nata kalih ||

11. nahên ta ingkang mawiku | Narendra Cêmpa winarni | ing antara sampun lama | amit kundur mring kang rayi | enjang budhal saha wadya | Sri Dewabrata umiring ||

12. lampahira sang aprabu | arsa mampir dhatêng wukir | sumiwèng ibu myang rama | saha garwa nêdya pamit | rikating lampah wus prapta [pra...]

--- 285 ---

[...pta] | ngasramèng wiku narpati ||

13. kagyat sang narendra wiku | tuwin Rêksi Jayèngpati | myat putra kalih sumewa | ingawe sarwi nabda ris | baya ana karyanira | ki prabu padha mring ardi ||

14. Sri Dewakusuma matur | sowan kawula rama ji | nyuwun lilahing paduka | mantuk mring Cêmpa nêgari | Ratu Kancana miyarsa | sakala sru dèniranjrit ||

15. sarwi kang putra rinangkul | sêrêt angandika ririh | dhuh nyawa antmajaningwang | paran polah ingsun kaki | dene durung marêm nyawang | mring sira lan nini padmi ||

16. sêlak apa de kasusu | wêlasa mring awak mami | dhuh

--- 286 ---

jiwa woting tyas ingwang | sarantèkna kaki dhingin | samadya căndra kewala | orane sapuluh wêngi ||

17. wiku raja ngandika rum | yayi mênênga yya nangis | mapan wis wiyahing janma | duk larene dèn lêlithing | diwasa pinardi bisa | tumangkar bawa pribadi ||

18. yèku swarganing wong sêpuh | anak nora dadi kardi | tur malah ngluwihi bapa | bêbasan sutanta iki | anak anung anindita | kang rayi lêjar ing galih ||

19. sang dwijendra ngandika rum | mring putra Sri Cêmpa Aji | kaki sun angayubagya | tarlèn mung andum [andu...]

--- 287 ---

[...m] basuki | sawadyanira sadaya | aywa na sangsayèng margi ||

20. gya ngèstupada sang prabu | mring rama lan ibu sori | wiku raja rawat waspa | sumawana rêksi padmi | mêmêla alon ngandika | dhuh lae gèr putra mami ||

21. elinga sira ki prabu | wêlinge ramanta nguni | mrih rukune jêjodhonan | ayya na salayèng kapti | loro-lorone dèn bisa | mong winăngsa barang kardi ||

22. mung iku gèr wêkas ingsun | Sri Natèng Cêmpa gya amit | nêmbah lèngsèr sangking ngarsa | kang rayi umiring wuri | tumurun sangking asrama | lumawat [lumawa...]

--- 288 ---

[...t] mring jalanindhi ||

23. samarga-marga andulu | duluring sêkar kaèksi | kesisan ing samirana | nênangi gănda mrik minging | ngambar lir atur raharja | mangkana isthaning sari ||

24. ing pasisir sampun rawuh | jirap palwa kèh kaèksi | tumêdhak sangking swandana | sakêloron lawan padmi | egal[75] Prabu Dewabrata | ngraup padaning raka ji ||

25. ngrêsing tyas èsmu rawat luh | awrat pisah lan raka ji | kang raka manênggak waspa | ngandika dhuh ari mami | ayya sumêlang tyasira | yya dumèh prajèngsun têbih ||

26. yêktine [yê...]

--- 289 ---

[...ktine] wong kaya ingsun | nora lawas nuli tilik | mung yayi pitutur ingwang | poma yya kăngsa[76] kalêmpit | ling-ilingên nganglangana | wosing wasita kang uwis ||

27. ing wusana wêkas ingsun | sira dèn abisa yayi | among mring sang wiku raja | lawan ramanta ki patih | nugraha tinunggu bapa | bêbasan jimat bisa ngling ||

28. Sri Sokadana umatur | prakawit[77] punika inggih | sampun sumêlang ing driya | saèstu kula lampahi | among mituhu sakarsa | ing yayah rena sayêkti ||

29. têlasing wêwêling [wê...]

--- 290 ---

[...wêling] Prabu | Dewakusuma nulyamit | sarimbit nitih giyota | kêbut sawadyane sami | wus mancal sangking dharatan | winêlahan kanan kering ||

30. ngurmatan mriyêm jumêgur | rambah-rambah gêgirisi | praptèng kapal bêdhol jangkar | babar layar gya lumaris | sasiliring samirana | lumawat saega[78] thathit ||

31. nglamad kawistarèng pungkur | abyoring bandera kadi | puspitanjrah nuksmèng tirta | kombak-kombul tinon asri | kêlap-kêlap sung sasmita | pisahe raka lan ari ||

32. narendra ri sampun kundur [ku...]

--- 300[79] ---

[...ndur] | sawadyanira gung kingkin | kakênan sihe kang raka | rawuh ing pura pan maksih | onanging tyas kaonêngan | solah-bawaning raka ji ||

33. mangkana gantya winuwus | nagari Cêmpa winarni | sira Ki Andakasura | sapungkurira sang aji | darbe ciptarsa balela | umarêk mring kyana patih ||

34. kèksi ulatipun suntrut | èsmu murina ing galih | nungkêmi padaning patya | umatur sarwi anangis | dhuh kyai kawula dahat | wêlas mring dasih ta ngriki ||

35. dene ingadêgan ratu | trahing Sokadana nagri |

--- 301 ---

têmbe tan wande punika | para priyantun ing ngriki | tinampikan turunira | bangsane dhewe dèn pilih ||

36. mila sangking atur ulun | paduka madêga aji | ngayomana kadang warga | sintên yogyane ingungsi | kyana patih alon ngandika |[80] iku dudu karsa mami ||

37. liwat sisip jênêng ingsun | lamun darbe salah kapti | karana swargi sri nata | wus lila trus lair batin | mring mantu pasrah nagara | sinêksenan wong sanagri ||

38. Andakasura umatur | sampun sumêlang ing galih | dhatêng kang sampun [sampu...]

--- 302 ---

[...n] suwarga | yèn paduka nyantosani | dhatêng prikănca sadaya | yêkti têbih tulah sarik ||

39. kya patih driyanta gupuh | tan keguh rinoban angling | dêduka sru angandika | cêmêr sirèku mêmêri | murih mêmarahi durta | ngungkurkên rèh kang utami ||

23. Pangkur

1. jêngêr Sang Andakasura | dene patih tyasira datan kogih | puguh saliring pambujuk | tan rujuh[81] malah duka | Sang Andakasura lèngsèr sangking ngayun | garunêngan urut marga | tan lêga raosing galih ||

2. praptaning wisma antara | lêt saari gya marêk nyai

--- 303 ---

patih | sarwi karuna umatur | dhuh nyai kula eram | raka tuwan kyai lurah têka cubluk | tan gêga atur prayoga | nrimah ngèngèr ing pêngarit ||

3. pun Panji Wulung punika | têdhak sudra dadak dipun sungkêmi | măngka mangke pantêsipun | umadêga narendra | amung rakanta kyai lurah saèstu | nyai lurah ngratonana | salêbêtirèng capuri ||

4. sinêmbah sagung para dyah | linadosan sakèhe para cèthi | manggung badhaya diluhung | kawula ingkang sagah | ambêrgagah tan wigih

--- 304 ---

ingabên pupuh | mring nata mupung lêlana | gampil linawan ing jurit ||

5. upaminipun buaya | sampun mêdal sangking kêkêdhung sungil | agampil paekanipun | makatên pra narendra | lamun sampun karsa tilar puranipun | yakti sirna kang prabawa | ènthèng boboting ajurit ||

6. angèl ngrênggut kalamênta | awit kirang kathahing kang prajurit | mêksih samêkta kang kantun | tur wontên ing dharatan | yêkti gampil nyithêsi kang munggèng ranu | dèn bandhêmana kewala | èstu tiwas tumpês [tumpê...]

--- 305 ---

[...s] tampis ||

7. nyi patih dahat tyas rêna | wantuning dyah miyarsa atur gampil | rinasa sangsaya wimbuh | kapengin awibawa | nèng jro pura pinarak rinatu-ratu | sinunggun sinungga-sungga | sagung pra parêkan cèthi ||

8. nyi patih alon ngandika | jaba ingsun tandhinge jêng kiyai | kêna ngapa nora nurut | marang pratikêlira | rêmbug enak dadak nora karsa nuthuk | apa tan mikir wêkasan | janma kang mangkono yêkti ||

9. matur Sang Andakasura | ingkang limrah kados paduka nyai | wontên melik gih pinuluk | botên [bo...]

--- 306 ---

[...tên] kados rakanta | nampik dhatêng pakarti ingkang linuhur | ngantêpi pakaryan andhap | jêng nyai madêg sru angling ||

10. luhung mati nganyut jiwa | lamun ora ginugu atur mami | sigra-sigra lampahipun | jumujug gyaning raka | sru turira paran paduka puniku | tan gêga Andakasura | punika atur prayogi ||

11. kya patih alon ngandika | sun gugua yêkti karya bilai | ngajak-ajak nora patut | gawe bekaning raga | tuwas-tiwas nora wurung amêmurung | marang kotamaning gêsang | tur măngsa mênanga yayi ||

--- 307 ---

12. iku wus klêbu prêsapa | patuture lêluhur nguni-uni | wajib wadya kaya ingsun | sih sêtya mring narendra | tan raharja kawula wani mring ratu | nyai adrêng karsanira | mular mothah muwus anjrit ||

13. yèn paduka botên dhahar | mring ature Andakasura yêkti | kula badhe amit lampus | gêsanga tanpa karya | lamun inggih makatên kewala manggung | wit satumang praptèng gêrang | tanpa indhaking kamuktin ||

14. yèn dika wêlas mring kula | mupung nata samangke tilar puri | parabot kathah kang kantun | para wira [wi...]

--- 308 ---

[...ra] tinilar | rajabrana taksih kêbak sakêdhatun | mantri bupati satriya | sadaya sami umiring ||

15. sang nata upami sarpa | mijil saking ing êrong sampun têbih | yêkti tan angèl pinukul | makatên para raja | lamun sampun tilar saking puranipun | èstu apês kang budaya | tur abêr walatirèki ||

16. patih mangu-manguning tyas | rangu-rangu wungu rèh kang tan yukti | nanging sandeyaning kayun | rumăngsa tan kuwawa | angêmbari kasantikanirèng prabu | yèn anon mularing garwa | madêg suraning panggalih ||

--- 309 ---

17. rinasa-rasa karasa | lamun asor apês dhasaring alit | kang garwa waskithèng sêmu | rangune ingkang raka | nabda sora sinarawung netya sirung | têtêp andika punika | kicah-kicih ajrih gêtih ||

18. kya patih bêkis ngandika | ngusap muka sarwi malintir rawis | dudu anake si biyung | wong lanang wêdi pêrang | rangkêp pitu kang kaya Si Panji Wulung | măngsa ingsun undurana | angrob băndawala-pati ||

19. mapan ingsun maksih rosa | satus mono sayêkti nora gingsir | ingkang kaya sang aprabu | yayi aja

--- 310 ---

sumêlang | ra-orane sira wurung dadi ratu | awit tyas ingsun wis krasa | gampange prakara iki ||

20. patih sigra mring paseban | animbali Andakasura prapti | nêmbah umarêk mring ngayun | ingawe kinèn pêrak | sang anindyamantri pangandikanipun | hèh kulup Andakasura | payo padha gunêm pikir ||

21. Sang Andakasura nêmbah | sêmu bingah sumringah majêng ririh | rumaos lamun pikantuk | dènira karya reka | kyana patih alon manis sabdanipun | paranta [para...]

--- 311 ---

[...nta] patraping sêdya | aturira duk ing wingi ||

22. supaya nora kuciwa | kira-kira yya kongsi pindho kardi | thithik wagêling tyas ingsun | manawa para kănca | padha nora sabiyantu karsanipun | matur Sang Andakasura | wagêdipun guyub gampil ||

23. nanging kêdah anggêganjar | pan dinamêl mèt manahing para lit | gêdhong-gêdhong maksih pênuh | mangsi dadak watosa | benjang lamun paduka jumênêng ratu | sami ginadhang-gadhang |[82] indhaking pangkat [pangka...]

--- 312 ---

[...t] kamuktin ||

24. darapon gêng manahira | agênging tyas punika amurwani | antêp praptèng pêjahipun | margi măngsa punika | kathah ingkang sami karêm barana gung | tumuntên katimbalana | wadya ing Cêmpa gêng alit ||

25. mangke lamun wontên ingkang | botên anut dhatêng paduka kyai | prayogi lajêng dèn ukum | kinaryaa tuladan | ing akathah yêkti têmah sami nurut | wit sampun pirsa lêpiyan | kang tan anut dèn pisakit ||

26. samana rêmbag wus dadya | gya nimbali sagunging para mantri | praptaning [prapta...]

--- 313 ---

[...ning] pêpêk nèng ngayun | kyana patih angandika |[83] hèh sakèhe punggawa mantri nung-anung | marma sun timbali sira | padha ana ngarsa mami ||

27. paran rasaning tyasira | apa padha narima lair batin | rinèh mring Si Panji Wulung | iku trah Sokadana | lawas-lawas sayêktine amilalu | marang bangsane priyăngga | sira pasthi dèn pocoti ||

28. ginantya wong Sokadana | ngêndi ana manungsa tanpa pamrih | gone mulih iku tuhu | ngundangi bangsanira | rêmbug ingsun lah

--- 314 ---

payo padha dèn mungsuh | mupung pirantine kurang | gampang pinêpês ing jurit ||

29. sadaya sancalèng driya | para mantri tyasira samya kosik | nir sêtyanira mring prabu | kelut karsèng apatya | sekapraya sagah golong praptèng lampus | amung satunggal punggawa | kang tan keguh ing rèh juti ||

30. nêdya murang mring ki patya | kaparewa myarsa karsane patih | Martadiguna ranipun | mantri wrêda sru tanya | dika paman umatura kang satuhu | sampun amênêng kewala | Martadiguna nabda ris ||

31. dhuh anggèr [ang...]

--- 315 ---

[...gèr] rêmbag punika | datan sae dadose dèn lampahi | kawularsa mêngsah ratu | tur nata martèng jana | ambêk santo-santosèng tyas sabar maklum | sasat sona mêngsah sima | amung sakrêsmêsan tampis ||

32. mênanga amung sakêdhap | nuntên ngêdhap labête andhap alit | tambah ing ngrika saèstu | kathah ingkang murina | myang kala prang Gilingwêsi rumuhun |[84] kawula pirsa priyăngga | kasêktènirèng narpati ||

33. têtêg têguh amiguna | sura mrata tajêming netya kèksi | punika wantawisipun [wantawi...]

--- 316 ---

[...sipun] | lamun prawira tama | tiyang ngriki samantên ing yuda kuwur | sampuna wontên sri nata | kados èstu pothar-pathir ||

34. nuntên sang aprabu sigra | anahêni ing yuda wontên ngarsi | mêngsah gêntos gêmpur tumpur | têmahan kawisesa | Gilingwêsi sintên kang ngreka rumuhun | inggih pun Andakasura | kang bêbujuk angêcêki ||

35. Andakasura sru nyêntak | wong wus tuwa têka juwèh cariwis | kisut rambutira mabluk | yèn datan wani sira | balakaa aja mangkono aturmu | sirèku wong

--- 317 ---

murangkara | apantês rinante wêsi ||

36. binêlok anèng kunjaran | jêr tekatmu sungkêm ing trah pangarit | nêmbah mring kya patih lumuh | kudu milih wong kămpra | kyana patih sêrêng wêngis sabdanipun | kunjaranên si mangkana | anake pisan yya kèri ||

37. ingkang aran Krêtibaya | kyana patih tandya dhêdhawah malih | mundhut brana ing kadhatun | arta tuwin busana | dinum para prawira mantri sawêgung | suka kang samya ginanjar | prasêtya datan ngunduri ||

24. Durma

1. para mantri kacupêt graitanira |

--- 318 ---

sukèng tyas tan sinipi | tampi gêganjaran | kalêbu paribasan | kamelikan gendhong lali | labête kêna | hawaning brana yêkti ||

2. ri samana sampun amêpêkên wadya | kêrigan golong pipit | nèng bacira tantra | antara bidhalira | dalêdêg wêdaling baris | sangking jro kitha | lir robing jalanidhi ||

3. lampahira wadya sinêru wus prapta | laladaning pasisir | bopati kang jaga | amulad baris prapta | kagyat ing driya umijil | wêkasanira | nut sakarsaning patih ||

4. kyana patih pan sampun [sa...]

--- 319 ---

[...mpun] jumênêng nata | jêjuluk Dewasêkti | Ki Andakasura | sampun jinujung lênggah | mêngku bawat senapati | kang măngka kapatya |[85] aran Sudirapati ||

5. ki tumênggung pabeyan umatur nêmbah | mring Prabu Dewasêkti | lamun tampi sêrat | inggah dintên punika | rawuhipun sri bupati | sarêng miyarsa | suka Sri Dewasêkti ||

6. gya parentah mêmatah wira pinrênah | nèng gisiking jêladri | maryêm myang sanjata | samakta ingêtêngan | para wira tantra tiris | munggèng têtirah |

--- 320 ---

wuri turăngga èsthi ||

7. Ki Andakasura măngka manggala |[86] rèhira gêgirisi | grusa-grusa[87] nyêntak | nudingi sarikutan | garagap gugup tan trampil | atata-tata | katara wira nisthip ||

8. mutêr brêngos malangkrik sarwi sêsumbar | ah cobak liyat nanti | guwa punya tingkah | adha dhilêm pêrang |[88] dhan lagi guwa marbrani | bunuh kapalnya | Raja Cêmpa nyang musti ||

9. tan antara Sang Prabu Dewakusuma | saha sawadya prapta |[89] labuh jangkarira | myang paring kang têngara | uluk-ulun[90] maryêm muni | lir ngadatira [ngadati...]

--- 321 ---

[...ra] | kapal praptèng pasisir ||

10. sinauran sangking dharat barondongan | binarung surak atri | gong bèri wurahan | kagèt ingkang katingal | ing mimis saingga riris | tumibèng kapal | kathah kang nandhang kanin ||

11. kapitèng tyas Sri Maha Dewakusuma | osik sajroning galih | iya sapa baya | darbe rèh kang mangkana | sigra babar layar malih | molah manêngah | mranata glaring jurit ||

12. saanane satriya mantri punggawa | ngampingi narapati | kanan kering ngarsa | mangkana wontên prapta [pra...]

--- 322 ---

[...pta] | mantri numpak baita lit | sangking dharatan | tan keguh drêsing mimis ||

13. wastanira Ngabèi Jayaprabăngsa | praptèng ngarsendra anjrit | sang prabu têtanya | marang Jayaprabăngsa | paran wartane rèh iki | sira jarwaa | Prabăngsa matur aglis ||

14. dhuh sinuwun inggih sapêngkrê paduka | ki lurah kyana patih | kenging bujuk durta | sangking Andakasura | têmah mangke kyai patih | nêdya balela | dhatêng paduka gusti ||

15. amung abdi dalêm Martadiguna |[91] sangêt atur papeling | dhatêng kyana patya | sampun ngantos kadawa | anggènipun [anggèni...]

--- 323 ---

[...pun] salah kapti | nanging ki lurah | maksa adrênging galih ||

16. malah mangke Martadiguna dinukan | siniksa pinisakit | wontên ing kunjaran | datan sinung pangan |[92] ing saanakipun inggih | pun Kêrtibaya | langkung kawêlas-asih ||

17. sapunika abdi paduka ki lurah | tugur nênggani baris | ngawaki ngayuda | miwah umadêg nata | ajêjuluk Dewasêkti | Andakasura | kinarya senapati ||

18. dene ingkang minăngka pêpatihira | Răngga Sudirapati | Sri Dewakusuma | myarsa turing Prabăngsa | gya prentah pambah aglis |[93] ngangsêg umangsah [umang...]

--- 324 ---

[...sah] | sarosa palwa gumrit ||

19. gya karu wontên kapal prapta sapta |[94] samaptèng rèh ngajurit | anyakêti palwa | titihanirèng nata | wus tan samar ing pangèksi | lamun nika |[95] Narendra Gilingwêsi ||

20. dupi cundhuk kalihe bagya-binagya | Sri Dewakusuma ngling | iki rekanira | si paman Patih Cêmpa | karya kuwuring sabumi | nêdya andaga | tan nèng Cêmpa nagari ||

21. Raja Gilingwêsi wau duk miyarsa | umatur dhuh dewa ji | milamba sumewa | pada sang binathara | sangking sampun myarsa warti | durtaning patya | marma sampun miranti ||

22. jêng paduka angèstrènana kewala [ke...]

--- 325 ---

[...wala] | mring wadya Gilingwêsi | kawula kang năngga | inggih karya punika | mapan ta sampun ubanggi | duk sangking wisma | badhe rêrêmpon jurit ||

23. Prabu Dewakusuma alon ngandika | bangêt panrima mami | marang jênêngira | dene adarbe cipta | murina mring awak mami | pratăndha sira | trêsna sih nunggal budi ||

24. wus ingidenan Raja Gilingwêsi nêmbah |[96] ngrapakên palwa gumrit | mariyêm pinasang | sinipat mring dharatan | babar kang layar sumilir | lir puspita bra | barung angêdrèl wani ||

25. wadya Gilingwêsi kang dadya pangarsa | samya

--- 326 ---

numpak sêkoci | jirap munggèng ngarsa | agêlar prit anêba | maryêm kapal tan ngêndhani | mimis lumêpas | saluhuring sêkoci ||

26. barondongan mungsuh rowang têtimbangan | lir guntur gêgêtêri | drêsing kang warastra | mimis mariris prapta | tantara Sri Gilingwêsi | paksa umangsah | sarosa anrang wèsthi ||

27. saha wadya wus mêntas sangking giyota | ing dharat sampun prapta |[97] mangamuk arampak | kadya mong ambêbahak | kang katrajang giris miris | kuwur kaworan | bingung binrondong mimis ||

28. sirna gêmpang wadya ing Cêmpa [Cê...]

--- 327 ---

[...mpa] sinêrang | repot rèh kapalipis | Sri Dewakusuma | abantu saha wadya | Dêmang Ngurawan nèng ngarsi | manangkêp mêngsah | sawadya golong pipit ||

29. mêngsah kèngsêr kasêsêr sami sasaran | sarana giris miris | kadrêsan warastra | bangke matumpa-tumpa | kathah ingkang nandhang kanin | lêsah balasah | abasah bosah-basih ||

30. Dewasêkti tuwin Sang Andakasura | katrêsan tyas matistis | netyamu[98] abiyas | nalimpêt wus umpêtan | namur amor lan pêkathik | lumayu nêdya | singidan wana sungil [sungi...]

--- 328 ---

[...l] ||

31. kapiwara angrês koncatan manggala | nir deya kadayan nis | manungkul arisan | sumarah soroh badan | srah jiwăngga minta urip | sinung aksama | dene sang bathara di ||

32. angandika mring Prabu Suraludira | hèh ki raka dèn aglis | padha tampanana | pra wadya kang anêdya | manut nungkul ngungsi urip | ayya siniya | rêsanên kang prayogi ||

33. wadya Cêmpa kang nungkul wus tinampan |[99] mring Rajèng Gilingwêsi | gya nêmbang têngara | luwaran ing ayuda | wau sri narendra kalih | amêsanggrahan | agunêm rèh

--- 329 ---

mêmanis ||

25. Dhandhanggula

1. Natèng Cêmpa lan Sri Gilingwêsi | lalênggahan anèng tarut wêwangunan |[100] upacanira andhèr |[101] nimbali pra tumênggung | ulubalang dêmang ngabèi | wadya ing Cêmpa ingkang | kapikut kinumpul | ngandika sang binathara | ingsun nora nyana yèn si paman patih | darbe cipta mangkana ||

2. hèh pra mantri ngularana nuli | sagung wangke padha priksanana | titinên nguni warnine | si paman patih iku | bokmanawa nêmahi pati | jupukên bêcikana | aturna maringsun | lawan Si Andakasura | yèn kapanggya

--- 330 ---

bathange morên si patih | ingsun arsa uninga ||

3. matur sandika ingkang tinuding | sri narendra gya wangsul mring palwa | mondhongi marang garwane | kang wau maksih kantun | wadya datan wontên umiring | mung lawan upacara | nata tindakipun | mangkana pramèswarindra | gung karuna sri nata marêk maripih | mangamrê ngimur sabda ||

4. dhuh ruwatên yayi kang prihatin | mungsuh apan wus kasor sasaran | sakèrine nukul[102] kabèh | amung ta pamanamu | si wa patih têka tan kèksi | lan Si Andakasura | buh urip buh lampus | mau padha ingupaya [ingu...]

--- 331 ---

[...paya] | ingkang garwa lêjaring tyas matur aris | dewa ji tan kadosa ||

5. paman patih tyas têka kagimir | dhatêng rêmbag kang botên prayoga | Andakasura karyane | rakendra ngandika rum | ingsun iya ngungun kêpati | dene ta pamanira | kongsi kênèng bujuk | măngka tuladaning driya | durung tau darbe rèh kang tan prayogi | lagi mêngko kewala ||

6. sigra kondur sang nata sarimbit | nitih palwa sakoci rinêngga | mur wungu binara jêne | sumunar anarawung | mracalita anuksmèng tasik | kaprabon diwangkara | amangkawa [amangka...]

--- 332 ---

[...wa] gumyur | lêpas lampahira prapta | ing dharatan laju lumêbèng sarimbit | ing tarub wêwangunan ||

7. sri narendra sigra animbali | para mantri pikutan wus prapta | sang prabu alon dêlinge | hèh para sanak ingsun | paraning rèh sira ing nguni | de kongsi kêlampahan | gonira kêlantur | lali marang prasêtyanta | nora ngeman kotamanira ing nguni | kèlu panggawe ala ||

8. para mantri matur sarwi nangis | dhuh dewa ji amung aksamanta | mring dasih kalêpatane | milamba kumamapurun |[103] andaga mring paduka gusti | awit sangking

--- 333 ---

katimpah | patih karsanipun | yèn tan manut têtêp dosa | kinunjara siniyasat pinisakit | marma têmah nrang baya ||

9. Raja Gilingwêsi nabda wêngis | si mangkono pantês disêsêmpal | wong tan wruh marang ratune | si pêngung andalurung | mantri apa kurang pamikir | Radèn Dêmang Ngurawan | anambungi wuwus | lêrês karsane kakendra | kalunasa punika sami prayogi | dinamêl tingalan |[104]|

10. kang sinabda tumungkul samyajrih | netya pucak asawang kunarpa | maras amiris driyane | rumaos sisipipun | Natèng

--- 334 ---

Cêmpa angandika aris |[105] yayi Dêmang Ngurawan | apa ta winuwus | paman lumrahing agêsang | yakti ana sambikalaning dumadi | marma kang para nata ||

11. sakuwasa ngaksamèng asisip | nadyan mungsuh kang wus asrah jiwa | tan kêna lamun pinatèn | yèn mung ngubungi napsu | yêkti cacad jênêngira ji | Radèn Dêmang Ngurawan | nêmbah saha matur | amba nuwun pangaksama | sangking sangêt apêgêl raosing galih | dhatêng pun punggung dadra ||

12. nêngna gunêm kasasat ing ratri | sami ngaso mring gyan sowang-sowang | enjing samêkta wadyane [wadya...]

--- 335 ---

[...ne] | sri nata arsa kundur | bidhalira sangking pasisir | jajaran jêjaranan | gumêr gumarudug | kadya umbaking narpada | sri narendra ing Gilingwêsi tan kari | sawadyabalanira ||

13. para mantri têlukan dèn iring | maksih anggung rinêksèng samarga | binongkokan gêgamane | ing tyas samya piduhung | langkung merang saurut margi | mangkana lampahira | jro pura wus rawuh | lajêng manjing dhatulaya | sri narendra kanthèn asta lan kang rayi | praptane prabayasa ||

14. sagung para parêkan myang cèthi | mapag sarwi ara karuna |[106] karana ing rikalane | kataman [katama...]

--- 336 ---

[...n] ing rêrusuh | branèng pura dèn jêjarahi | dening Andakasura | mèh tan wontên kantun | rinayah rinoyah-royah | katujune mas sotya sami siningit | ing papan pasamunan ||

15. nêngna wau waduling pra cèthi | cinarita Sri Suraludira | pinrênah ing pakuwone | pura kaneman mungguh | sawadyane mapan nyêkapi | dene para têlukan | linuwaran sampun | dèn luluskên pangkatira | tuwin Martadiguna wus dèn luwari | mring nata martotama ||

16. gantya wau mantri kang tinuding | angupaya kunarpaning patya |

--- 338[107] ---

Andakasura kilihe[108] | tita datan kapangguh | gya matur mring narapati |[109] sri nata alon ngandika |[110] yèn wus tan katêmu | ing nguni ginawe apa | Si Ngurawan bae sun karyane patih | misesa ngrèh nayaka ||

17. narapati sigra animbali | sagung para punggawa ing Cêmpa | enjang wus samapta andhèr | pênuh nèng sitiluhur | agul-agul manggalèng nagri | pararya tarab ngarsa | mantri anèng pungkur | banjêng paguting bacira | pêpêt têpung praptèng ujung anêpangi | patraping sawakendra ||

18. duk samana nuli animbali | ingkang raka Sri Suraludira |

--- 338 ---

datan antara praptane | ing ngabyantara prabu | Natèng Cêmpa ngandika aris | hèh kakang yèn sambada | sira ingsun utus | mêtua mring sitibêntar | Si Ngurawan samêngko angkatên patih | misesa angrèh wadya ||

19. sun lih aran Arya Surèngpati | sira Raja Gilingwêsi nêmbah | umatur alon dêlinge | punapa sampun rampung | timbalanta sri narapati | iswara angandika | kaya kang wis putus | amung samono kewala | kang liningan nêmbah lèngsèr ing ngarsi |[111] lajêng mring sitibêntar ||

20. rawuh lênggah nèng palăngka manik | orêg sagung kang samya

--- 339 ---

sewaka | mapankên ing trapsilane | sidhêm-prêmanêm amung | samirana prapta sumilir | Radèn Dêmang Ngurawan | wus sumiwèng ngayun | sawega busana patya | saha upacaranira amênuhi | pratisthèng ngabyantara ||

21. sri narendra gya ngandika aris | hèh sagunging pra wadya ing Cêmpa | kang awit sakarsane |[112] sang binathara luhung | aparing wruh mring sira sami | samêngko Si Ngurawan | jinunjung ing lungguh | kinarya patih misesa | kaarana Kyana Patih Surèngpati | iya padha ngèstokna ||

22. saur-pêksi kang

--- 340 ---

samya miyarsi | barung umung amadukara |[113] mring narendra byawarane | nêmbah kya patih laju | mêrak dhampar nguswèng pada ji | sumungkêm tur prasêtya | rèhira sang prabu | Sri Gilingwêsi ngandika | yayi patih tampanana sihing gusti | sira sinung misesa ||

23. nora gampang wong kinarya patih | wêkas ingsun sira dèn abisa | amulat têtuladane | lupiyan kang rahayu | angayomi ayêming bumi | mêmayu kayomanan | kèh pêpindhanipun | kaya ta Jêng Paman Patya | Sokadana kamulyane lir nêrpati | labête martotama ||

--- 341 ---

24. lair batin rumêksèng narpati | aja kaya paman Patih Cêmpa | linumuhan mring ratune | prandene mêksa darung | nora sêdya pisan malês sih | têmahan ing samakya[114] | papa angêlangut | pisah anak rabinira | ngayam-ayam tan ayêm ing siyang ratri | uripe nyato wana ||

25. kyana patih nêmbah turira ris | dhawah tuwan kapundhi mustaka | kajimat ing salamine | sadaya rèh linuhung | ing saèstu ulun lampahi | mugi-mugi wagêda | nampèni sih prabu | angsala pangèstu nata | sampun ngantos darbe cipta salah kapti | lulusa [lu...]

--- 342 ---

[...lusa] ambêk arja ||

26. gya sêsaji sangking pura mijil | wrata wadya kang samya sumewa | kongsi praptèng pakathike | amung para tumênggung | kêmbul dhahar lan kyana patih | sinambi andrawina | inuman mawantu | ing wuri gili kang prapta | dhêdhaharan wowohan kang adi-adi | sing pura tanpantara ||

27. sampêt-samput samaptèng abukti | Sri Narendra Gilingwêsi sigra | umanjing mring pura age | kya patih datan kantun | prapta samya amangênjali | sang maha binathara | angandika arum | padha dikaparèng ngarsa | Sri Narendra Gilingwêsi matur aris [ari...]

--- 343 ---

[...s] | sadaya rèh dinuta ||

28. ing wiwitan praptèng amungkasi | samana wus kalilan luwaran | wadya kang anangkil kabèh | wau ta kang winuwus | sri narendra ing Gilingwêsi | dènira anèng Cêmpa | pan sampun sêtèngsu | mangkana nulya sumewa | ngarsèng nata ngrapapa[115] anuwun pamit | mantuk mring prajanira ||

29. sri narendra ing Cêmpa nimbali | kangjêng narpadayita wus prapta | nata lon pangandikane | dhuh yayi Dayaningrum | kakangira ing Gilingwêsi | pamit mring jênêng para | nuli arsa kundur | wis lawas nèng prajèng Cêmpa | tinggal pura

--- 344 ---

sumêlang rasaning ati | mring sambikalanira ||

30. pramèswari mèsêm lingira ris | dèrèng marêm onênge arinta | sumawana pra kadange | têka kasêsa kundur | bok dèn sranti sawêntawis |[116] măngsa gèk sabên warsa | pun kakang tatêlu | lan para sadhèrèk Cêmpa | mupung mangke wontên jalarane ugi | prayogi radi lama ||

31. Natèng Gilingwêsi matur aris | kados datan kalêtan lama |[117] sowan kawula nak anggèr | ing raka jêng pukulun | sabên warsa yakti sumiwi | tan bêtah amba pisah | kongsi kalih taun | pramèswara angandika [anga...]

--- 345 ---

[...ndika] | yèn makatên pan inggih kula lilani | lan malih kula arsa ||

32. kintun dhatêng kangbok pramèswari | pratima mas tinrètès sêsotya | minăngka mêng-amêngane | sabên ngêngimur sunu | tuwin lancang linapis rukmi | Sri Naranatèng Cêmpa | amaringi dhuwung | wasiyat agêming raja | Sri Narendra Gilingwêsi nampèni |[118] sarwi matur ngrarêpa ||

33. adhuh jiwa jimating sabumi | dasihira tan kawawa năngga | lunturing sih sadangune | sor raosing kang madu | mandon jiwa jêjait budi | paran ta kang minăngka | wêwalês ing pungkur [pung...]

--- 346 ---

[...kur] | tarlèn mung èsthining driya | sapikantuk nêdya labêt lara pati | suka matyèng ayahan ||

34. Natèng Cêmpa ngandika mring patih | yayi patih sira parentaha | para wadyaningsun kabèh | răngga dêmang tumênggung | ulubalang myang ăndhamui | ngong purih angatêrna | mring ki raka prabu | kongsi prapta palabuhan | ngêntènana mancale si kakang aji | patih matur sandika ||

35. Sri Gilingwêsi anêmbah amit | nguswèng asta alon aturira | pangèstu paduka anggèr | dhatêng dasih pukulun | Natèng Cêmpa ngandika aris | padha puja-pinuja | rèh arjaning laku |

--- 347 ---

kalilan sigra wisata | langkung kasok tyasira Sri Gilingwêsi | tan kumbang ing driya |[119]|

26. Maskumambang

1. sampun mundur sira Raja Gilingwêsi | lêrêp ing pondhokan | sadalu praptaning enjing | bidhalan sawadyanira ||

2. gumarêdêg gumêrah kang samya ngiring | sigêg tan winarna | lampahira ing samargi | gantya ingkang ginupita ||

3. Ki Andakasura lan rêkyana patih | gung nèng wanapringga | langkung papa kawlas-asih | sampun kadya sato wana ||

4. busanane gomballan pating saluwir | langkung saking nistha | wănda busik kuru aking | kalangkèt kongsi [kong...]

--- 348 ---

[...si] galinggang ||

5. kyana patih ngrêsula ing tyas nabda ris | Si Andakasura | kang gawe lêlakon iki | pakolèhe amung papa ||

6. yèn aja nguni manut si mêmêri |[120] maksih têtêp patya | mukti nyandhing anak rabi | tan kongsi nêmu sangsara ||

7. wus têtela kang niyaya ingsun iki | Si Andakasura | cêmêr gêlahing sabumi | angajak-ajak cilaka ||

8. kyana patih wontên osiking panggalih | arsa asrah jiwa | mring praja sumiwèng aji | manawa antuk aksama ||

9. tan antara wontên jalma mring wanadri | arsa amèt [amè...]

--- 349 ---

[...t] wrêksa | dupi myat mring kyana patih | cangkelak bali sakala ||

10. praptanira padesan atur udani | mring patingginira | yèn patih wontên wanadri | tuwin Ki Andakasura ||

11. ki patinggi gya titir akèh kang prapti | para rowangira | samya kinèn amiranti | gêgaman sikêping yuda ||

12. tandya bidhal mring wana gène kya patih | samya mandhi canggah | tan dangu sampun pinanggih | patih myang Andakasura ||

13. arsa ngumpêt kapêpêtan kèh kang prapti | angrês kêmarasan | dadya api-api guling | ling-alinge alang-alang ||

--- 350 ---

14. Ki Andakasura sumêdya ngoncati | nging sampun kinêpang | mlayua yêkti binandhil | dadya amêgêk kewala ||

15. mung andhêpès kalihe nèng soring klampis | patinggi trangginas | nyakêti marang kang nilip | sarwi anying kêndharat |[121]|

16. kyana patih angandika mêlas-asih | patinggi ngong sapa | mêngko sun apasrah dhiri | amung aja sira bănda ||

17. ki patinggi tan keguh pungguh ing kapti | jrih ondhang narendra | rinangkus wus dèn talèni | patih nut datan suwala ||

18. kinêncêngan kyai patih pringas-pringis | Ki Andakasura [Andaka...]

--- 351 ---

[...sura] | darbe rika arsa budi | ginarêjêg sampun kêna ||

19. kalihira winayungyun dèn jagèni | datansah siniya | ingapin[122] canggah myang bêdhil | cinara kumpra kewala ||

20. urut marga bêbandan kalih anangis | tan kampir padesan | kalaju marang nêgari | badhe kaatur sri nata ||

27. Sinom

1. sapraptanirèng jro praja | dadya tontonan samargi | kyana patih langkung merang | sumingêb panon netya nis | kèh lare-lare ngèksi | sêsurak sarosa asru | sawênèh ana ngucap | wêlas anon [a...]

--- 352 ---

[...non] kyana patih | ana ingkang nabda samêngko kasara ||

2. wong wani mring ratunira | kadadeane pinanggih | mangkana Rêkyana Patya | Surèngpati duk miyarsi | surak sora tan sipi | mijil sangking dalêmipun | miyat patinggi desa | ambêkta bêbandan kalih | kang binănda patih lan Andakasura ||

3. dyan patih sigra utusan | nimbali para bupati | ingajak sowan mring pura | prapta matur mangênjali | pukulun sri bepati[123] | pun patih mangke kapikut | myang pun Andakasura | sakêlangkung kawlas-asih | kalih sami ulun tilar ing bacira ||

4. sri narendra [na...]

--- 353 ---

[...rendra] langkung suka | sarwi angandika aris | mara enggal parènèkna | sun sêlak arsa pêpanggih | lawan si paman patih | sang sinabda nêmbah mundur | prapta ngirid bêbandan | nata èsmu wlas ningali | gya nimbali mring garwa enggal sumewa ||

5. tandya alênggah satata | sira kangjêng pramèswari | kamiwêlasên mring driya | ningali rêkyana patih | dene ta têmah kongsi | nandhang papa sangsara gung | nata nir dukanira | emut mring rama suwargi | dahat nitipakên marang kyana patya ||

6. puara aris ngandika | yayi Patih Surèngpati |

--- 354 ---

kamiwêlasên manira | tumingal mring paman patih | uculana dèn aglis | bêbandaning patih iku | sigra ta inguculan | mung Andakasura maksih | pinusaran baunira kalih pisan ||

7. sri nata malih ngandika | paran marmanta ing nguni | dene têka kaya bocah | tan liling kukuming Widi | miala wong nêdya sih | myang paksa ngilês tyas mulus | apa ta nora wêlas | mring putranta ni bok swami | kyana patih umatur sarwi karuna ||

8. dhuh gusti susunan kula | kang sinêmbah ing sabumi | dahat sisipe pun bapa | kapêjahan anglampahi | sumarah [suma...]

--- 355 ---

[...rah] trusing batin | datan garantês sarambut | manggiha siksa kisas | sangking anggêring narpati | suka lila linajêngna pinidana ||

9. muhung panuwun kawula | ing pada paduka aji | mugi paringa aksama | sisiping dasih kaswasih | lamun kawula gusti | tan antuk ngapurèng prabu | sangking gunging druhaka | durtangkara inèng budi | amung titip kucumbi tuwin atmaja ||

10. sri nata manahên waspa | miyarsa aturing patih | puara aris ngandika | hèh paman dosanta yêkti | samêngko sun aksami | rèhning wus akèh labêtmu | mring ramendra kang swarga | nanging sun arsa

--- 356 ---

miyarsi | sapa ingkang murwani rèh kang mangkana ||

11. kyana patih matur nêmbah | dhuh gusti kangjêng dewa ji | langkung elok tur alăngka | têbih sangking rèh sêjati | abdi paduka nguni | prêsasat lare kang pêngung | kenging pangojok durta | mêmanising rêmbag gampil | ingkang murwa tan lyan pun Andakasura ||

12. bêbujuk mring rayat kula | duk samantên kula gusti | kèlu nut rekaning karsa | tan sumêlang anglampahi | ing rèh kang tan prayogi | ngantos makatên pukulun | sang maha awibawa | miyarsa aturing patih | mêngêng mangu mangungun ing lêlampahan ||

13. patih nulya pinaringan [pina...]

--- 357 ---

[...ringan] | pisalin busana adi | sri nata alon ngandika | wruhanira paman patih | kalungguhamu patih | samêngko manira pundhut | mardikaa kewala | ingsun kang pêparing panci | sri narendra nolih maring Surèngpatya ||

14. yayi patih dhawuhêna | Martadiguna Ngabèi | rèhning labête utama | nêtêpi sêtyaning mantri | samêngko sun wuwuhi | pangane sapuluh êjung | minăngkaa pratăndha | gonira labuh nêgari | lêstaria tumurun mring turunira ||

15. Patih Surèngpati nêmbah | sandika rèhing narpati | tandya ki patih mardika | atur prasêtya mring gusti |

--- 358 ---

yèn ngantos anglami |[124] inggih kados ingkang sampun | sampun manggih raharja | ing dunya prapta ing akir | myang kenginga sikuning maha bathara ||

16. sri nata aris ngandika | sêtyanta ingsun èstrèni | bangêt panarimaningwang | kang muga bisa lêstari | narendra gya ningali | Andakasura drêkukul | sang prabu èsmu duka | wacana sarwi nudingi | iki cêmêr-cêmêrining jagat raya ||

17. kaliwat gonmu duraka | ngajak ala wong kang bêcik | binujuk balela praja | tur praptaning dèn ngoncati | têtêp mung wèh bilai [bila...]

--- 359 ---

[...i] | mêngko sira kêna ngukum | pati nèng pangadilan | dadya tontonaning janmi | kang mangkono saka karsanta priyăngga ||

18. hèh sira patih prentaha | marang sagung wadya mami | tumênggung mantri punggawa | tanapi para prajurit | anyudukana maring | Si Andakasura iku | yèn mêngko wus palastra | tanjirên sirahe nuli | nèng prapatan supaya didi[125] tuladha ||

19. mring sagunging para wadya | mangkono ukume yakti | wong balela marang raja | gêmbunge kèlèkna kali | Kya Patih Surèngpati [Surèng...]

--- 360 ---

[...pati] | sandika gya nêmbah mundur | ngirid Andakasura | sapraptaning păncaniti | aparentah kadya timbalan narendra ||

20. tandya Ki Andakasura | binusanan sarwa putih | binaktèng wringin sêngkrêran | kinêpang para prajurit | sagung kang para mantri | miranti atap ing ngayun | kang arsa tinêlasan | têlas manahira atis | wus pinênthang pinanthêng akênthang-kênthang ||

21. ing bacira pênuh janma | kang sami arsa ningali | kyana patih angandika | Andakasura sirèki | tămpa patrapan nagri | kabênêr kaukum lampus [lampu...]

--- 361 ---

[...s] | tandya para punggawa | sinasmitan gya nyuduki | ajur mumur raganing Andakasura ||

22. gya kinêthok jangganira | gêmbung cinêmplungkên kali | tinanjir sêsirahira | prapatan pinggiring margi | sagung kang nêningali | têmahan dadya pêpemut | ing warta wus warata | kadyèka ukuming nagri | marang janma kang manrang rèh mring duskarta ||

23. kunêng kang antuk pidana | patinggi desa winarni | kang nyêpêng Andakasura | kalawan rêkyana patih | ginanjar mas lan picis | warata sarowangipun | klilan mantuk mring desa | mangkana [mangka...]

--- 362 ---

[...na] ing Cêmpa nagri | lama-lama wimbuh arjanirèng praja ||

24. ngêrda pra nangko prapta |[126] sangking liyan nagari |[127] aringing tya[128] têmah samya | mardi papan apêpanti | turut tirahing margi | praptèng jawi kitha kêmput | pêpêt kang nambut karya | mêmala maling sirnanting | kaprabawan wimbaning kang pangadilan ||

25. kuntab kotamaning nata | kêtartambêka silastuti |[129] titikaning pra punggawa | naracak samya bèrbudi | sabên sawiyah mantri | wikan ing wêweka putus | têtês saliring sapda | sêtya tuhu mring narpati | yèku măngka pratăndha arjaning praja ||

26. titi panurading [panura...]

--- 363 ---

[...ding] kata | Panji Wulung Ditya Manis | Sura kaping kalih dasa | Mrakèh Je sangkalèng warsi | ngrasa tan ngèsthi margi |[130] pamardawanirèng têmbung | nèng praja Surakarta | têlênge karaton Jawi | mung nglêluri băngsa Jawa kang sanyata ||

 


bang-bang. (kembali)
binakta. (kembali)
Lebih satu suku kata: yèn nata tyase punggung. (kembali)
Kurang satu suku kata: paran ta ing prayogane. (kembali)
lagyeca. (kembali)
Lebih satu suku kata: kya patih kagyat wuwuh. (kembali)
Kurang satu suku kata: pan dinuta ngaturakên tulis. (kembali)
wus. (kembali)
Kurang satu suku kata: nyai patih Nikèn Tunjungsari. (kembali)
10 kang. (kembali)
11 winaos. (kembali)
12 mangungkung. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: mangkana jêng sri bupati. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: nêmbah waspanira mijil. (kembali)
15 sa-Cêmpa. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: ingapura kwasanipun. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: kawula kang nanggulangi. (kembali)
18 singsim. (kembali)
19 wahyuning. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: makutha abra markata. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: mangagêm busana adi. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: wau sang anindyamantri. (kembali)
23 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: kundur warta mring garwa. (kembali)
24 sumungku. (kembali)
25 Pamêkas. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: mêngkono pan bêbasane. (kembali)
27 ing. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: èstunipun punika. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: samangke putra jêng gusti. (kembali)
30 rêngganing. (kembali)
31 wingwrin. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: kêkăndha lan bandera. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: jajaran apanglajur. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: ing suku sang sri narapati. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: kang linungsur sangking jro puri. (kembali)
36 galih. (kembali)
37 sabên. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: bêdhol jangkar alayar aglis. (kembali)
39 bibi. (kembali)
40 tindak. (kembali)
41 sinêntak. (kembali)
42 botên. (kembali)
43 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu e: jêjêl nèng palabuhane. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: ayêm tan sangsayèng laku. (kembali)
45 nadyan. (kembali)
46 untabe. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: dalêdêg kang balakuswa. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: kang raka ngaturan age. (kembali)
49 pinarak. (kembali)
50 Lebih satu suku kata: tandya sami lêlênggahan. (kembali)
51 gumuntur. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: pranatan ing Sokadana. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: ngrangkul lungayaning putra. (kembali)
54 Pangran. (kembali)
55 Lebih satu suku kata: kapering wuri gènira. (kembali)
56 anêrêng. (kembali)
57 Biasanya guru lagu i: miyarsi. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: kula gih tumut pakantuk. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: amomong ing salirane. (kembali)
60 kadrêng. (kembali)
61 wuntat. (kembali)
62 Kurang satu suku kata: inggih pun yayi Pamêkas. (kembali)
63 Lebih satu suku kata: sajroning pura ki kabèh. (kembali)
64 sira. (kembali)
65 Lebih satu suku kata: ajênênga Adipati Jayabrata. (kembali)
66 Lebih satu suku kata: kya patih matur sandika. (kembali)
67 sutapa. (kembali)
68 Kurang satu suku kata: umangkata ing sitinggil. (kembali)
69 mêdhak. (kembali)
70 angungsêda. (kembali)
71 karaton. (kembali)
72 pinrih. (kembali)
73 Kurang satu suku kata: matur pukulun kang mugi. (kembali)
74 Kurang satu suku kata: adhuh anggèr sri bupati. (kembali)
75 enggal. (kembali)
76 kongsi. (kembali)
77 prakawis. (kembali)
78 saengga. (kembali)
79 Seharusnya halaman 291 dan seterusnya. (kembali)
80 Lebih satu suku kata: kya patih alon ngandika. (kembali)
81 rujuk. (kembali)
82 Kurang satu suku kata: pan sami ginadhang-gadhang. (kembali)
83 Lebih satu suku kata: kya patih angandika. (kembali)
84 Kurang satu suku kata: myang kala prang Gilingwêsi duk rumuhun. (kembali)
85 Lebih satu suku kata: kang măngka patya. (kembali)
86 Kurang satu suku kata: Ki Andakasura minăngka manggala. (kembali)
87 grusa-grusu. (kembali)
88 Kurang satu suku kata: adha dhidhalêm pêrang. (kembali)
89 Biasanya guru lagu i: prapti. (kembali)
90 uluk-uluk. (kembali)
91 Kurang satu suku kata: amung abdi dalêm ran Martadiguna. (kembali)
92 Kurang satu suku kata: datan sinungan pangan. (kembali)
93 Kurang satu suku kata: gya parentah pambah aglis. (kembali)
94 Kurang satu suku kata: gya kasaru wontên kapal prapta sapta. (kembali)
95 Kurang satu suku kata: lamun punika. (kembali)
96 Lebih satu suku kata: wus ingidèn Raja Gilingwêsi nêmbah. (kembali)
97 Biasanya guru lagu i: prapti. (kembali)
98 netyasmu. (kembali)
99 Kurang satu suku kata: wadya Cêmpa kang nungkul wus tinampanan. (kembali)
100 Lebih dua suku kata: lalênggahan nèng tarub wangunan. (kembali)
101 Kurang satu suku kata: upacaranira andhèr. (kembali)
102 nungkul. (kembali)
103 Lebih satu suku kata: milamba kumapurun. (kembali)
104 Kurang satu suku kata: dinamêl têtingalan. (kembali)
105 Lebih satu suku kata: Natèng Cêmpa ngandika aris. (kembali)
106 Kurang satu suku kata: mapag sarwi alara karuna. (kembali)
107 Seharusnya hal 328 dan seterusnya. (kembali)
108 kalihe. (kembali)
109 Kurang satu suku kata: gya umatur mring narapati. (kembali)
110 Lebih satu suku kata: sri nata lon ngandika. (kembali)
111 Kurang satu suku kata: kang liningan anêmbah lèngsèr ing ngarsi. (kembali)
112 Kurang satu suku kata: ingkang awit sakarsane. (kembali)
113 Kurang satu suku kata: barung umung amanadukara. (kembali)
114 samangkya. (kembali)
115 ngrarêpa. (kembali)
116 Kurang satu suku kata: bok dèn sranti ing sawêntawis. (kembali)
117 Kurang satu suku kata: kados datan kalêtan tan lama. (kembali)
118 Kurang satu suku kata: Sri Narendra Gilingwêsi anampèni. (kembali)
119 Kurang satu suku kata: tan kumambang ing driya. (kembali)
120 Kurang satu suku kata: yèn ajaa nguni manut si mêmêri. (kembali)
121 Kurang satu suku kata: sarwi anyangking kêndharat. (kembali)
122 ingapit. (kembali)
123 bopati. (kembali)
124 Kurang satu suku kata: yèn ngantos anglampahi. (kembali)
125 dadi. (kembali)
126 Kurang satu suku kata: ngêrda pra nangkoda prapta. (kembali)
127 Kurang satu suku kata: sangking liyaning nagari. (kembali)
128 tyas. (kembali)
129 Lebih satu suku kata: kêtartambêk silastuti. (kembali)
130 Tanggal: Ditya Manis (Ngahad Lêgi) kalih dasa (20) Sura Je: ngrasa tan ngèsthi margi (AJ 1806). Tanggal Masehi: Minggu 4 Februari 1877. (kembali)