Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 24–44)

Judul
Sambungan
1. Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 01–23). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 24–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 45–69). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 20-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

24. Pangkur

1. wangsul malbèng dhatulaya | Arya Dwara myang Danurwedha Patih | amatah pra punggawa gung | kang badhe umiringa | dhatêng wukir Maendra kang iring kidul | pinilihan kang prakoswa | widagda kridhaning jurit ||

--- 1: 71 ---

2. sarta matah wadyabala | ingkang kantun têngga praja ing wuri | wus waradin prentahipun | kadwi nayaka waktra | lajêng bibar sowang-sowangan umantuk | samaptanya tan kacrita | duk antuk samadya sasi ||

3. Prabu Yudayana bidhal | sawadyanya gumuruh swaranya tri | tan winursita ing ênu | wus ngancik sukunira | graning wukir Maendra kang iring kidul | lah ing ngriku wananira | andhêndhêng pêtêng nglangkungi ||

4. mandira gung-agung kathah | tambining wit pulêtan ting pênthalit | sri bupati sigra dhawuh | ambêsmia kang wana | pra punggawa sigra tumandang gumrêgut | duk wana wus kabasmaran | sarpa katon tanpa wilis ||

5. sigra bala ing Ngastina | ngêbyuk purun marwasèng sarpa mandi | puwara sami lumayu | sar-saran ngungsi papan | ngalèr ngetan mangilèn miwah mangidul | sapuruging kang taksaka | tan pêgat tansah ingusir ||

6. kinêpung kinalang-kalang | duk samana Sri Yudayana Aji | tumandang pribadi tumut | marwasa kang taksaka | têmah pisah lawan wadyabalanipun | miwah kang para punggawa | dènira bêbujung sami ||

7. pisah-pisah sêsowangan | datan kumpul siji lan sijinèki | ya ta mangkana winuwus | wontên cobaning dewa | Prabu Yudayana samana andulu | kanang taksaka kancana | kalangkung endah kang warni ||

8. tan patyagêng mung samadya | sri narendra kacaryan duk ningali | ciptaning galih sang prabu | de kang naga [na...]

--- 1: 72 ---

[...ga] kancana | yèn kacêpêng gêsang sêdyarsa ingingu | kenging kinarya klangênan | wontên ing Ngastina puri ||

9. mila sapuruging sarpa | tinut wingking lampahnya ngantos têbih | kanang sarpa solahipun | lir pakartining dewa | lamun parêk arikat palajêngipun | de manawi kinèndêlan | ngêntosi sarwi murugi ||

10. sasolahe ragan-ragan | lah ing ngriku Yudayana Sang Aji | sansaya dènnya ngêlangut | tut wingking sarpa rukma | ya ta wau sami sakala sang prabu | byar santun cipta anulya | umiyak kadhaton adi ||

11. sadaya sarwa kancana | langkung asri araras dèn tingali | wau Yudayana Prabu | langkung kagyating driya | umiyat ing pura kancana di luhung | sri narendra wus anyipta | tampi cobaning dewa di ||

12. dangu-dangu sri pamasa | aningali sarpa kang tinut wingking | awarni wanudya ayu | duk samana sang nata | sanalika dahat kasmaraning kalbu | têmah supe kalimputan | rêncana kang andhatêngi ||

13. tan taha tumamèng pura | atut wingking wanudya wau sarwi | priyêmbada angêngidung | mrih lunturing sihira | dhuh dhuh adhuh jênang sela warna pingul | apuranên dasihira | kang nandhang wiyoga sêdhih ||

14. kêbo bang kagok singatnya | ancur kaca we saking angga mijil | pindha gêbyaring sitèngsu | rasaning tyas kèngêtan | carpa[1] wrêksa nalikaningsun andulu | bajing bang kang buntut rêkta | marang sira maskuari ||

15. gêgêlang munggèng [mung...]

--- 1: 73 ---

[...gèng] sutagnya | paribasan yayi bangsaning wêngi | linali saya kadulu | wadung jambe bêndara | ricikaning pradăngga kang saron pêncu | kang kacipta amung sira | dhuh mas mirah sêkar langking ||

16. raning siluman wanodya | têlênging tyas mung sira maskuari | kêmangi gagangnya wulu | sapanên dasihira | ingkang taksih tut wuri sira wong ayu | kang dadya woding tyas ingwang | mangkana sang rajaputri ||

17. duk myarsa sabdaning nata | sanalika rêmêk bêbalungnèki | lir linolosan kang bayu | nanging wau sang rêtna | taksih kênya dèrèng winisik ing kakung | milanya sangsaya rikat | lumajêng tumamèng puri ||

18. sang nata tansah tut wuntat | tan darana sapraptanya ing puri | Sang Sri Yudayana Prabu | kèndêl anèng wiwara | rangu-rangu tansah kasmaraning kalbu | arsa tumamèng pungkuran | ewuh-aya bokmanawi ||

19. akarya salah panyipta- | nira ingkang jumênêng narapati | yèn dadya runtiking kalbu | marma Sri Yudayana | lajêng kèndêl nèng wiwara lênguk-lênguk | sarwi ngidung manuhara | ngrêrêpi swaranya manis ||

25. Dhandhanggula

1. burbuwahing driya angrêrêpi | mawi sêkar taksaka kusuma | kang kinarya ukarane | măngka rêngganing kidung | duk Sang Prabu Salya ing nguni | mangimur garwanira | kusumaning ayu | Sêtyawati Sang kusuma | duk praptanya utusan Pandhawa nguni | Dyan Nangkula Sadewa ||

2. pan mangkana sabdanya sang aji | punapa ta babo mirah ingwang | prihatin [prih...]

--- 1: 74 ---

[...atin] mijil waspane | tanpa karya satuhu | sêngkangira rinêmêk gusti | gêlung rusak sêkarnya | mêlathi sumawur | upama tyase kasmaran | mulat marang sira kumaraning puri | yêkti milu mangarang ||

3. satêlasing riris kang gumanti | ima piyak taranggana sumyar | rêmêk dening salah dalèh | marma mangrurah gêlung | taranggana merang ningali | mring langêning keswanta | arina lumayu | merang myarsa swaranira | sumawana kombang-kombang asêsingit | miyarsa swaranira ||

4. merangira myat liring ta yayi | pan mangkana susahe si kombang | malah tyasira sumèlèh | pupusing purang wurung | wurung dènnya arsa mêmingkis | mulat mring wêntisira | kumilat sumunu | saingga thathit liwêran | pradapaning soka alum anglêlêntrih | mulat lambung ta nimas ||

5. kang lung gadhung mungkrê têmah muntir | dene mulat gonira siduwa | kang cêngkir dênta sumèlèh | dhêrakalan lumayu | sêsingidan ing jurang trêbis | karana merang mulat | srêntêging prêmbayun | mendah mulata sadaya | amung mula[2] têpine ingkang kapidih | kèngsrê dening kasmêkan ||

6. pan dinalih ingkang minta rêsmi | sininjangan marang sira nimas | dene kumênyar liringe | pindha gêbyaring santun | ewuh nimas apa kang kardi | drêsananirèng duka | sotyaning rat tuhu | babo wêlasa maringwang | sruning ewa miyat ing dasih kaswasih | agung anikêl imba ||

7. tan anêdya mêmêtyakkên manis | sotya

--- 1: 75 ---

gora ingkang linuronan | dhinêndha paran wadine | pijêr akarya gandrung | lah ing pundi gènira manggih | kang dadya sira nimas | nadyan ing swarga gung | garwane Bathara Brama | kang wus kondhang aran Dèwi Rarasati | maksih kasor lan sira ||

8. paran dosèngong sinawêr ing ling | sotaning tyas babo kadya curna | tuwasana sumiwine | atur kula sang ayu | siyang ratri rumêksèng pati | mêmêrdi wèting raras | tumamèng satuduh | nadyan tinuduh upama | amilanga trênggana kang anèng langit | karyanên pasrènira ||

9. panyangganing gêlungira gusti | nanging lamun pinarcayèng karya | parêkna anggèngong bae | pinaringana ingsun | marang rarasirèng kamuktin | lan tibanana ingwang | rêsmining manis du | kang supaya dasihira | kuwawaa angungrum mring sira yayi | dhuh gusti lêganana ||

10. lungsuring sinjang ing nguni-uni | mèh sagati ing pangêrèhira | tan gumingsir sakarsane | katon sukaning kayun | dene rêsêp ngêtohkên pati | lêbura ing paprêman | tumpês ing malat kung | yèn owah rêngganing raras | wiwal dening kurang kakawinirèki | yêkti tan mirib ingwang ||

11. lawan Natèng Maèspati nguni | Sang Minulya Sri Arjunasasra | marang pangungrum widagdèng | lah iku cacad ingsun | Yudayana Ngastina Aji | kurang ingkang kawyanan | nis pralambangipun | babo yayi apuranta | paranbaya yayi pamrêdining dasih | pamurunging [pamu...]

--- 1: 76 ---

[...runging] pantaka ||

12. mubêng-mubênga ing pasir wukir | sumawana manginte kalangyan | sang carik gawa karase | kasangsaya tan antuk | wingwrin tan na kang manggih kardi | dhuh mirah jiwaningwang | nir pustakanipun | karasing carik binuwang | datan antuk kalangyanira maskwari | yèn mangkone dèn enggal ||

13. linarunga madyaning jêladri | sangonana rêsminira mirah | lan lurubana puspane | sadpada ngungsir gupuh | kang minăngka tangising lalis | kombang mibêr ngumbara | ngêdohi kang layu | ngungsir mrih rêsmining sêkar | mêmuliha marang pamrihira gusti | nadyan praptaning laya ||

14. anjanmaa ping sapta ywa gingsir | mêmadune pathining wanodya | kunêng sri nata têmbunge | kandhêg dènirandulu | wontên janma priya umijil | saking sajroning pura | ingayap pra wadu | busanane neka warna | amurugi dhatêng sang anahên brangti | ing ngriku sri narendra ||

15. sakalangkung kagyat lan andugi | bilih punika kang darbe pura | mila andêkung lênggahe | dheprok amarikêlu | sang mancala duk aningali | yèn tamunira lênggah | enggal dènnya nyambut | nulya cinandhak kang asta | sarwyamojar dhuh-dhuh anggèr sri bupati | măngga tuwan lênggaha ||

16. laju tumamèng kadhaton rukmi | sri bupati kêkanthenan asta | praptèng pura lênggah age | anèng dhampar mas murub | kang pinatik ing sêsotya di | wau Sri Yudayana | eca tyasirantuk [tyasi...]

--- 1: 77 ---

[...rantuk] | dènnya agung kinurmatan | sasampunnya sinambrama ing pambagi | nata seluman tanya ||

17. nama miwah pinăngka myang kapti | kang kalêbwèng rêncana balaka | walèh Ngastina pamase | Sri Yudayana Prabu | nyariyoskên karsanirèki | purwa madya wasana | sang tanya gumuyu | suka sarwi wuwusira | dhuh-dhuh anggèr kalinganeya puniki | kang dadya brangtanira ||

26. Asmaradana

1. neka-neka dènirangling | Sang Prabu Naga Sarana | nambrama marang sang katong | dhuh anggèr nataning jagad | mugi ywa salah tămpa | sajatosipun pukulun | pawèstri ingkang paduka ||

2. bujung ngantos praptèng ngriki | punika atmaja amba | bilih paduka sang rajèng | sarju angagêm sangsangan | kanang sêkar kandhurak | kang tanpa gănda satuhu | tur kiwa panggenanira ||

3. miwah kuciwa ing warni | pun bapa anyaosêna | sumanggèng asta kalihe | sanadyan sêkar punika | kiwa kuciwèng warna | nanging sari taksih wutuh | ing ngriku Sri Yudayana ||

4. saking dahat sruning brangti | kataman asmara tăntra | dadya tan gêntos têtakèn | asma myang namaning praja | myang kang madêg narendra | dadya dènira sumaur | namung sumăngga ing karsa ||

5. tan lêngganèng karsanèki | enggaling kanang carita | pan sampun kadhaupake | lan sang rajaputri naga | nutug dènnya sinihan | andina tansah salulut | ya ta datan kawursita ||

--- 1: 78 ---

6. antawis salaminèki | pangraosipun sang nata | dènnya wontên ing kadhaton | seluman wus tigang căndra | nanging sajatosira | sawêg tri jam dangunipun | margi manggèn sanès alam ||

7. alaming seluman nênggih | lah punika kadibyannya | băngsa lêlêmbat sagêde | malik pangraosing janma | sami ing sanalika | ya ta wau sang aprabu | rèh rumaos sanpun[3] lama ||

8. dadya ngraos onêng maring | wadyabala kang tinilar | kang sami bujung sarpane | mila Prabu Dipayana | pamit mring martuwendra | wangsul mring unggyaning wadu | sandeya rèh tan uninga ||

9. têdhakira sri bupati | yèn ngantosa lama-lama | sayêkti yèn datan wande | dènnya ngupaya sar-saran | de yèn wus praptèng praja | sang prabu sagah awangsul | sabdanya marsêpuh nata ||

10. dhuh-dhuh anggèr sri bupati | bilih makatên karsendra | pun bapa jumurung anggèr | kalihan malih paduka | tan susah malih prapta | saking pundi marginipun | sayêkti yèn datan wignya ||

11. wangsul praptèng ngriki malih | dene bab garwa paduka | anggèr ywa sandeya bae | ing benjang bilih rayinta | onêng dhatêng paduka | saèstu kalamun ulun | angaturi jêng paduka ||

12. anjawi ingkang kadyèki | paduka yêkti tan wikan | kawontênan tuwan anggèr | mila samangkya pun bapa | nêdya pojar balaka | sajatosira nak prabu | angambah [a...]

--- 1: 79 ---

[...ngambah] jaman walikan ||

13. milanya prapta ing ngriki | satuhu lamun pun bapa | kang ngatura padukanggèr | sartanya kapasang yogya | dadya mantu kawula | sayêkti tan wigih tuhu | gyan kula sung parimarma ||

14. dadia pangeling-eling | rèhne paduka punika | ratu binathara kaot | nyakrawati mêngku jagad | têka nglanturkên karsa | kang datan prayogi tuhu | mila kula dahat mirma ||

15. liripun kanang pêpeling | makatên atur kawula | punapa wontên pamase | binathara darbe karsa | ngrisak jajahanira | pribadi măngka ing tutur | para nata duk ing kina ||

16. bêbasane anguripi | mring tiyang kang dosa pêjah | lawan malih bingahake | mring kang nandhang kasisahan | aparing têkên marang | tiyang kalunyon lumaku | sung boga janma kalawan ||

17. miwah amaringi warih | dhatêng tiyang kang kasatan | makatên kang wus kalakon | ing nguni praptèng samangkya | dhuh anggèr sri narendra | punapa tan myarsa tutur | ruwiyanira ing kina ||

18. Ngastina Sri Kurupati | misuwur gêlahing jagad | mandar kabèh sakadange | prasamya ambêk angkara | murka tur puwa-puwa | parandene maksih emut | mring pakêming mêngku praja ||

19. myang wajibing narapati | mèngêdana dasa dhêndha | wus kasêbut bêbasane | narendra netra bathara | kang makatên punika | saèstunipun kang sampun | tan samar sakèhe tingkah ||

--- 1: 80 ---

20. kang awon lan kang prayogi | măngka paduka punika | kawula waspaosake | tan pisan anglabêtana | pambêkan kang kadyèka | kados ta paduka sarju | numpês sakèhing taksaka ||

21. yèn saking pangraos mami | dahat dènnya tan prayoga | sabab sining jagad kabèh | amêsthi durta sadaya | saèstune kawarna | wontên ingkang ambêknya dur | wontên kang ambêk sri nata ||

27. Sinom

1. yowana sae ing cipta | mêminta arjaning bumi | makatên ugi manungsa | sayêkti yèn warni-warni | kados ta băngsa kami | taksaka ingkang lampah dur | myang darbe kalêpatan | mring paduka mung satunggil | gih punika sang prabu taksaka raja ||

2. ing praja taksaka Sila | kang dadya jalaran nguni | muksane rama paduka | punapaa sri bupati | ngawag ngawur numpêsi | sakèhing sarpa sadarum | kang botên darbe dosa | dhuh-dhuh ingkang saupami | wontên băngsa manungsa kang nandhang dosa ||

3. pêjah pan amung satunggal | ingukum sadayanèki | manawi botên mangkana | dadya aran pilih kasih | lêrêsipun sang aji | sanadyan tumut ingukum | mungna taksaka Sila | sêdhêng makatêna inggih | traping adil satuhu datan prayoga ||

4. awit tan wontên pidana | arêrambatan lirnèki | yèn tan kang dosa priyăngga | utawi kang anglampahi | dados sarananèki | kang supami [su...]

--- 1: 81 ---

[...pami] wontên ratu- | ning sarpa măndraguna | sarjana kalangkung sêkti | sumawana botên andarbèni dosa ||

5. punapa sagêd paduka | numpês wadyabalanèki | jatose kula punika | inggih taksaka narpati | kasaktèn kula inggih | saengga jawata tuhu | milanira kawasa | ngadhaton ing sunyaruri | gih punika kang aran jaman walikan ||

6. de putri garwa paduka | gih sarpa sayêktinèki | Naga Sarani ranira | saking karsaning dewa di | arupa naga rukmi | suwawi anggèr sang prabu | pun bapa cinobaa | mangkana sang naga aji | wusnya nabda gya mêdal mring palataran ||

7. tan dangu gya tiwikrama | jlêg dadya sarpa sajati | tanpa pindha agêngira | tutuk mangap angajrihi | siyung ngisis kaèksi | wisa sing tutuk kumêlun | kang karsa nama ngakak | triloka saisinèki | sampun wontên ing sariranya sadaya ||

8. mastaka ing suralaya | angsaran dhasar pratiwi | swaranya ngèbêki jagad | nguwuh-uwuh mring sang aji | hèh Ngastina Narpati | kêmbarana kadibyanku | sira numpêsi sarpa | kang tanpa dosa sayêkti | lah ta payo iki pramodaning sarpa ||

9. sun Naga Raja Sarana | kang sira sêdya ing nguni | saka prajanta Ngastina | dupi Sri Yudayana wrin | kadibyannya sang aji | sakalangkung dènnya ngungun | ajrih dhrodhog wel-welan | pangungunira sang aji | dene têka cumbana kalawan sarpa ||

--- 1: 82 ---

10. ajrihira mbokmanawa | marsêpuh supe sayêkti | tan wande nêmahi sirna | milanira sri bupati | lon nabda ngasih-asih | dhuh-dhuh pramodaning kewuh | amba minta aksama | botên nêdya malih-malih | karya dudu dhatêng sakèhing taksaka ||

11. racutên tiwikramanta | samana sang taksaka ji | Sang Prabu Naga Sarana | duk myarsa sabdanira ji | langkung wêlas tan sipi | saksana nulya rinacut | mantuk warni manusa | gya satata lan sang aji | ya ta wau Sang Aprabu Yudayana ||

12. saking sruning ajrihira | milanya sigra nungkêmi | padaning marsêpuh nata | sarwya karuna mlasasih | sêsambat minta urip | Sang Naga Sarana Prabu | saya wêlas kalintang | saksana cinandhak aglis | ingaturan lênggah kadya waunira ||

13. wus lênggah Sri Yudayana | sang marsêpuh muwus aris | dhuh anggèr sampun sumêlang | pun bapa datan angèsthi | nêdya ngayah pakarti | sadhengah ingkang tumuwuh | tan pantês pinidana | yèn dèrèng trang lêpatnèki | marmanira dèn eca galih paduka ||

14. dene tiwikrama kula | wau kang tuwan tingali | mung dadosa kauningan | mila mantunana mugi | gyan paduka numpêsi | mring sarpa sadayanipun | sampun kalajêngêna | tan prayogi kang pinanggih | atur mugi kula anggèr wuningana ||

15. sadaya kridhaning praja | ujaring wasita nguni | bilih narendra jatmika | prajanya gêmah sayêkti | jênjêm tyasing

--- 1: 83 ---

wadya ji | yèn narendranya ambêk dur | murka angkara cipta | sayêkti antuk bilai | karisakan wêwêngkon myang prajanira ||

16. kadwi anggèr kuningana | manawi narendranèki | darbe ambêk samaita | ngudi wêwahirèng asil | nanging kêdah sang aji | tabêri gêganjar wadu | watak tan karya cêla | tyasirèng wadya gung alit | de narendra manawi kêkêd ing arta ||

17. mahambêka darmaita | lire nata kêdah bangkit | akarya sabda wiluta | pakantukira wadya ji | tan kacuwan ing lyali | kalihan malih sang prabu | pun bapa tur pusaka | musthika kumara adi | gih punika kasêktène băngsa sarpa ||

18. kagêma supe prayoga | wataknya mring wisa kalis | ujêr tan kalimpèkêna | ewadene bokmanawi | wontên wisandhatêngi | anglimpe dhatêng sang prabu | kang musthika kumara | ical kasêktènirèki | gya tinampèn mring Sang Prabu Yudayana ||

19. kinandhut ing paningsêtnya | gya sang nata nyuwun pamit | samana sampun linilan | duk mêdal wiwara jawi | sirna tingaling puri | mung wana gung kang kadulu | milanira sang nata | enggal dènira lumaris | daya-daya anganthia pra wadyendra ||

28. Kinanthi

1. tinon puri tan kadulu | dupi sawatawis têbih | katingal para punggawa | ingkang sami angulati | duk murcanira sang nata | marma nulya dèn tingali ||

2. para wadya duk andulu | mring nata suka tan sipi [si...]

--- 1: 84 ---

[...pi] | myang kadwi nayaka waktra | gupuh dènira murugi | prapta ngarsanya sang nata | sigra dènira nungkêmi ||

3. ing padanira sang prabu | sarwi karuna wotsari | sêsambat kadi wanodya | de tan nyana yèn kapanggih | sri nata kalangkung wêlas | miyat pamularing dasih ||

4. dupi tan antawis dangu | sang nata gya amartani | laksana ingkang pinanggya | para wadya kang miyarsi | ngungun apuwara suka | sokur mring jawata luwih ||

5. ya ta mangkana sang prabu | dhawuh samêktaa nuli | arsa kondur dhatêng praja | kadwi sang anindyamantri | tur sandika gya samêkta | enggaling carita nuli ||

6. budhal kang bala gumuruh | tan winursita ing margi | sapraptanira ing praja | nata gya tumamèng puri | sumawana punggawendra | mantuk mring wisma pribadi ||

7. tan rinuwi laminipun | duk samana tanggap warsi | salêbêting warsa Nala | suryasangkala lumaris | angkaning warsa kaetang | sapta tus lan sapta dèsi ||

8. pănca nênggih langkungipun | duk lumaksana dwi sasi | dene kang căndrasangkala | angkaning warsa winilis | pitung atus sangang dasa | sasanga langkungirèki ||

9. lagya tumindak tri tèngsu | marêngi măngsa manggasri | nênggih nalika punika | sinigêg Ngastina nagri | gantya ingkang cinarita | Natèng Mandura winarni ||

10. nênggih Sri Wiraka Prabu | ing mangkya nuju marêngi | lagya anandhang rogarda | madal sakyèhning usadi | sakathahing japa măntra | sadaya

--- 1: 85 ---

tan migunani ||

11. puwara Wiraka Prabu | puput ing yuswanirèki | sang pramèswari Mandura | miwah putranya sang pêkik | Radèn Arya Wirajaya | sami karuna tan sipi ||

12. yayah bela turun apyu | wadyendra kang tugur jawi | samya gugup malbèng pura | kairid dening ki patih | sira Sang Arya Prabăngsa | sartanya sampun miranti ||

13. pirantining nata layu | sapraptanira ing puri | marpêki sang rajaputra | sarya angêngimur mamrih | lipuring kanang sungkawa | dupi sirêping kang tangis ||

14. sang rajaputra adhawuh | kinèn sami angrêsiki | layone Prabu Wiraka | pra wadya kang dèn dhawuhi | tur sandika gya tumandang | dupi palastha anuli ||

15. linêbêtkên panti layu | siniraman wangi-wangi | jêbad kasturi angambar | kang sawa pinarnah nuli | wontên ing sanggar langgatan | samana murup kang rawi ||

16. ing dalu prasamya tugur | duk enjingira anuli | atmajendrarya Wirastha | dhawuh mring Prabăngsa Patih | sakancanya pra nayaka | kinèn samapta miranti ||

17. kyèhning upacaranipun | miwah pakurmatannèki | dènnyarsa nglabuh kang sawa | Patih Prabăngsa wotsari | sasampunira samapta | nulya binudhalkên aglis ||

18. samarga kaurung-urung | upacara tinon asri | sadaya para wadyendra | miwah risang rajasiwi | samya umiring kang sawa | enggaling carita prapti ||

19. unggyan dènirarsa nglabuh | samya rarywan kang umiring [u...]

--- 1: 86 ---

[...miring] | kang sawa nulya pinarnah | ing rakit kang badhe kentir | para wiku miwah ajar | tan pêgat samya sêsanti ||

29. Mêgatruh

1. yangyang surêm sumorotira hyang tèngsu | ing nalika rakit kentir | tiningalan lir wulangun | ngunguning hyang bagaspati | trêsăndha urmat mring layon ||

2. dupi sampun tan katingal kang linabuh | Sang Arya Wirastha tuwin | wadyendra prasamya kondur | mring praja sawusnya prapti | nulya tumamèng kadhaton ||

3. lah ing ngriku anulya sami rinêmbug | dènirarsa tur udani | mring Ngastina alêlayu | Patih Prabăngsa turnèki | mrayogèkkên yèn sang anom ||

4. sowan pribadi mring Ngastina lêlayu | ingkang supados sang aji | tumuntên luntur sihipun | Arya Wirastha duk myarsi | panujwèng karsa gya dhawoh ||

5. kinèn sami tata-tata kang pakantuk | tinamtokkên kang umiring | marang sang narendra sunu | Sang Prabăngsa nindyamantri | matur sandika mirantos ||

6. tan rinuwi ing antawis laminipun | dènira samya miranti | duk wus samapta sadarum | gya budhal kèh kang umiring | ing marga tan kacariyos ||

7. sapraptaning praja Ngastina anjujug | wismanya Sang Dwara Patih | amarêngi surya surup | Sang Dwara kagyat ing galih | gya sinambrama tinakon ||

8. ingkang dados wigatinya praptanipun | tanayèng Mandura angling | salwiring rèh sampun katur | miwiti malah mêkasi | Sang Dwara ngungun kapatos [kapato...]

--- 1: 87 ---

[...s] ||

9. malah mijil kang waspa saengga turuh | kang miyarsa bela nangis | dangu-dangu gya pinupus | rèh wus pêpasthèning Widhi | Sang Arya Dwara tan pêdhot ||

10. tansah ngimur ing sungkawa mamrih lipur- | ing sungkawa narpasiwi | tan winursita ing dalu | ya ta kawuwusa enjing | Prabu Yudayana miyos ||

11. arsa sinewaka mungging sitiluhur | pêpak andhèr ingkang nangkil | ing pagêlaran supênuh | tan ewah ing sabênnèki | Patih Dwara gya wotsinom ||

12. tur uninga bab sedanira Sang Prabu | Wiraka Mandura nagri | myang sowannya rajasunu | miwiti malah mêkasi | sang nata duk myarsa gawok ||

13. langkung ngungun ing nala èsmu gêgêtun | puwara waspanya mijil | mèngêt kang tumêkèng layu | sang mantrimuka kêkalih | tumungkul waspa drês miyos ||

14. duk wus sarèh ing nala wau sang prabu | anglairkên sabda manis | angrapu mring sang wulangun | Sang Arya Wirastha pêkik | supadya lipur sang anom ||

15. pinupusa atas karsaning Hyang Agung | sedanya Sang Wiraka Ji | sang arya nêmbah tumungkul | waspanya drês dèn usapi | ya ta mangkana sang katong ||

16. nulya dhawuh dhumatêng dwi mantri ngayun | bilih samangkya karsa ji | Arya Wirastha jinunjung | gêntosi sudarmanèki | amêngku Mandura kaot ||

17. pinaringan nama Sang Wirastha Prabu | myang Sang Arya Wanasari | atmajanira Sang Prabu | Sri Prawata Gilingwêsi |

--- 1: 88 ---

pinisudha madêg katong ||

18. pinaringan ing Mamênang prajanipun | asma Prabu Wanasari | Arya Dwara mantri ngayun | andhawuhkên kang waradin | mring wadyendra ingkang caos ||

19. dupi sampun waradin nulya sang prabu | dhawuh mring kadwi narpati | sami kalilan umantuk | mring prajanira pribadi | sandika kang tampi dhawoh ||

20. kadwi nata Mamênang myang Mandurèku | kang mêntas winisudhèng sih | samya ngaras pada prabu | mangkana narpati kalih | sinung sabda kaluwak nom ||

30. Pocung

1. jaja dhêku dwi nata kang tampi dhawuh | sabda palimarma | măngka pacuwanirèki | mangku praja mangkana sabdaning nata ||

2. sira iku samangkya wus dadi ratu | amêngku nagara | mêsthi kudu angênggoni | ambêk astha prakara sira anggoa ||

3. kang rumuhun ambêking pratala iku | dwi ambêking tirta | kaping tri ambêking agni | kaping catur pambêkaning samirana ||

4. ping limèku ambêking surya dèn wêruh | de kaping nêmira | ambêking rêmbulan yêkti | kaping sapta wêruha ambêking lintang ||

5. kaping wolu wêruha ambêking mêndhung | mangkene lirira | kaya ta ambêking bumi | tansah dana karêm ambêbungah janma ||

6. dananipun de têtuwuhan kang cukul | ing luhur pratala | suka lila dèn ambili | marang janma aywa ingkang têtuwuhan ||

7. sanadyana badane dhewe dhinudhuk | miwah pinaculan | lênggana lila tan sêrik [sê...]

--- 1: 89 ---

[...rik] | mala-malah[4] yèn bênêri kabênêran ||

8. ngatonake pêpêndhêman barana gung | salaka kancana | pêpadhane băngsa pêlik | ingkang dadi kabungahane sujanma ||

9. kapindhène[5] ingaram[6] ambêking ranu | gêlar pangapura | paramarta sih ing dasih | bisa angenaki ati nora rêngat ||

10. cinidhukan pulih tan na labêtipun | de kaping trinira | nganggoa ambêking agni | pakaryane amisesa ing kalesa ||

11. bisa nglêbur rêgêding bumi sadarum | kang runggut binabad | madhangi pêpêtêng bakit[7] | yèn kelongan atinira datan suda ||

12. bisa sarèh bisa sêrêng tan kadulu | dene kang kaping pat | nganggoa ambêking angin | liring angin tan pêgat titi pariksa ||

13. dene agung nginjên-injên solah laku | bawaning sujanma | bisa nuksmèng agal rêmit | miwah bisa amiguna ing aguna ||

14. lakunipun datanpa wangênan tuhu | miwah pamrihira | tanpa têngêran sayêkti | sumawana nora êsak yèn katulak ||

15. yèn katarik nora sêrik atinipun | de kang kaping lima | ambêking surya lirnèki | karsa sarèh rèrèh ing pangarahira ||

16. nora daya-daya ing pakantukipun | miwah samubarang | kang pine ing bagaspati | nora age-age yèn dèn garingêna ||

17. barang laku ngarah-arah patrapipun | dene pamrihira | sabarang rèh lamun ririh [ri...]

--- 1: 90 ---

[...rih] | tan rêkasa dènirarsa amisesa ||

18. ping nêmipun ambêking rêmbulan iku | bisa anoraga | mamèt prana mêrak-ati | netya sumèh alus ing budi kawangwang ||

19. atêtawur sari-sarining rum-arum | sumrah sumarambah | marang sasèsining bumi | dene kaping sapta ambêking kartika ||

20. kukuh bakuh santosa pan nora keguh | gagah ing ubaya | datan lèmèrên ing kapti | pitayane datan nganggo samudana ||

21. kaping wolu ambêking mêndhung puniku | angêmpakke dana | wêsiasat tansah adil | nora nganggo baukapine dananya ||

22. yèn kabênêr awèh ganjaran satuhu | nurunake udan | dèn èsi sayatirèki[8] | lamun ana ingkang luput pinidana ||

23. dening guntur datanpa sesa satuhu | dene adilira | karana gung angawruh ing | sakabèhe ala ayuning manusa ||

24. gêbyaripun kilat kang minăngka suluh | aniti pariksa | kang ala ingukum yêkti | ingkang ayu sayêkti antuk ganjaran ||

25. poma-poma èstokêna tutur ingsun | kang sinungan sabda | umatur nuwun kapundhi | pajampua widadaa angèstokna ||

26. datan dangu sewaka bibaran sampun | Prabu Yudayana | kondur tumamèng ing puri | Patih Dwara miwah Patih Danurwedha ||

27. pra wadyendra punggawa mantri sadarum | umantuk sewangan | ya ta Prabu Wanasari | miwah Prabu

--- 1: 91 ---

Wirastha Natèng Mandura ||

28. dupi pêndhak arinya budhal gumuruh | saking ing Ngastina | mantuk mring praja pribadi | kunêng ingkang sami mantuk anyarkara ||

31. Dhandhanggula

1. winuwusa taksih jroning warsi | Nala jroning manggasri kang măngsa | wau Ngastina Pamase | Sri Yudayana Prabu | ing ri Soma miyos tinangkil | pratisthèng sitibêntar | kang sumiwèng ngayun | kadwi sang nayaka waktra | punggawendra sadaya samya sumiwi | mangkana karsa nata ||

2. dhawuh arsa cangkrama ing wukir | Manikmaya martuwi kang paman | Sang Rêsi Sidhikarane | rèh têdhaknya sang prabu | ragi lami milanirèki | kadwi nayaka waktra | dhinawuhan kantun | têngga praja mrih rumêksa | jroning pura sumawana kinèn sami | among putra narendra ||

3. Radèn Gêndrayana maksih alit | dene ingkang umiring sang nata | mungna wadyabala bae | sawatawis kèhipun | Arya Dwara miwah Sang Patih | Danurwedha ngarcana | sandika turipun | sewaka nulya bubaran | Prabu Yudayana kondur ngênyapuri | kadwi sang warangkendra ||

4. sakancanya pra punggawa mantri | sampun sami mantuk sêsowangan | ya ta winarna enjinge | sang mantrimuka gupuh | matah wadya ingkang umiring | mring wukir Manikmaya | tan winarnèng ênu | samaptaning wadyabala | antawis tri ari sang sri narapati | budhal sawadyanira ||

5. kang umiring têdhaknya sang aji | mêdal saking praja [pra...]

--- 1: 92 ---

[...ja] gung Ngastina | pindha jaladhiyan robe | kathah ingkang dêdulu | jalu èstri agêng myang alit | mudha tanapi wrêda | nèng têpi marga gung | duk têdhaknya sri pamasa | hyang aruna kăntra mungup sawatawis | nèng luhuring aldaka ||

6. angalela lampahnya aririh | pangarahe derarsa amendra | kadya kêlayu isthane | yun umiring sang prabu | mangke gantya ingkang rinuwi | sakathahing pra janma | kang atembak timbun | anèng satêpining marga | dupi miyat têdhaknya sang sri bupati | ribut arêbat ngarsa ||

7. suk-êsukan apèpèt pinipit | tanpa èngêt kapipit angganya | agung anggrêgut sêdyane | bisaa praptèng ngayun | iyêg uyêg yèn piniyarsi | dene kang para kênya | kang kumênyar lurus | liringe mêksa linaras | sanadyana anggane tan bisa budi | nèng têngah tan bisobah ||

8. parandene uthi gone budi | kêthetheran busanane udhar | nganti mrucut kêkêmbêne | dupi dhingkluk kadulu | sarwi kagyat cinandhak nuli | ingêtap dimèn rata | nutupi prêmbayun | sawênèh ngêlus gêlungnya | wênèh ana bênêrke wirone jarik | warna-warna solahnya ||

9. ciptanira para kênya sami | kang supadya tiningalan marang | priya kang dadya driyane | mrih rantasa kang jantung | tan linajur rêroncènnèki | samarga-marga dadya | tontonan tyang dhusun | enggaling carita prapta | wukir Manikmaya unggyannya [unggya...]

--- 1: 93 ---

[...nnya] sang rêsi | sang tapa gurawalan ||

10. mêthuk dhatêng jawining asrami | ingiring pra wasi myang jêjanggan | cantrik tanapi cêcèkèl | indhung myang uluguntung | abêt-abêt miwah mêmêntrik | abon-abon obatan | tanpantara dangu | tundhuk lajêng ingaturan | laju manjing pamidikan lajêng sami | tata dènira lênggah ||

11. ya ta wau risang maha yêkti | mijilakên sabda panêmbrama | basukining wisatane | Sri Yudayana Prabu | amangsuli sami basuki | wau sang nata arsa | ngabêkti sang wiku | sang tapa dupi umiyat | kipa-kipa dahat dènira tan apti | dene wau kang putra ||

12. nata binathara nyakrawati | wusnya mangkana nulya wêwarta | salwiring lêlampahane | sang rêsi myarsa ngungun | dangu-dangu pinupus dening | wus karsaning jawata | puwara asukur | Sang Sri Yudayana nulya | sinung wulang salwiring rèh kang wigati | dera jumênêng nata ||

13. binathara nyakrawatyèng bumi | tan antara lama wus widagda | ya ta mangkana putrane | Sang Sidhikara Wiku | Sang Dyah Sadu namanirèki | ngladosakên sugata | pawohan nèng sangku | mangkana Sri Yudayana | duk umiyat mring citranya Sadu Dèwi | langkung dènnya kasmaran ||

14. nulya matur sang amaha yêkti | dhuh jêng paman Rêsi Sidhikara | yèn sêmbadèng wardayane | Dyah Sadu ulun suwun | dadya garwa sang maha yogi | matur sumanggèng karsa | manawi sang prabu | sotah ngukup tiyang papa |

--- 1: 94 ---

lare wukir kidhung sabarang pakarti | enggaling kang carita ||

15. dhinaupkên lawan sri bupati | langkung rame pamiwahanira | panggihe sang pinangantèn | nanging datan winuwus | nulya atut kang palakrami | tan pêgat mong asmara | kalih atut runtut | tan na tinaha ing karsa | kunêng ingkang anèng wukir akaron-sih | ing wuri winarnaa ||

32. Pangkur

1. ingkang kantun têngga praja | Ngastina myang rumêksa jroning puri | kala samana winuwus | kang kalilan angambah | jroning puri mung Sang Dwara mantri ngayun | wênang ngambah jroning pura | mangkana Sang Dwara Patih ||

2. nuju nganglang jroning pura | kapiandhêk myarsa swaraning tangis | ngiyêng angrêrujit kalbu | lir swaraning wanita | wancinipun ngajêngakên bangun esuk | Patih Dwara langkung kagyat | dinalih pawèstri cèthi ||

3. duk cêlak swarèng udrasa | prênahira anèng sanggar panêpi | nulya ingupaya gupuh | pinanggih kang karuna | de kang rêca pêpundhènira sang prabu | kadadosanirèng tosan | si kandi pusaka aji ||

4. sang mantri wisesa mulat | langkung gawok dènira amiyarsi | dene ta elok satuhu | anulya pinarpêkan | dupi cêlak taksih karuna satuhu | ngiyêng dènira udrasa | gya dinangu karananing ||

5. pamularing kang gupala | lah ing kana karsaning jawata di | ponang rêca sagêd muwus | mangkana sabdanira | dhuh-dhuh Sang Patih Dwara wruhanirèku | kang dadi panangis [pana...]

--- 1: 95 ---

[...ngis] ingwang | sasuwene kang kapyarsi ||

6. dene iki bakal ana | bêbaya gung kang tuhu bêbayani | sumurupa mantri ngayun | mungsuhe sri narendra | kumarane Dhahyang Suwela ing ênu | arupa rewănda seta | samêngko si kêthèk putih ||

7. nêdya malês ukum marang | ratunira Sri Yudayana Aji | dene kang kuthila pingul | mangko pan uwis prapta | jujug anèng pasewakan marmanipun | anjujug nèng sitibêntar | dinalih yèn benjing-enjing ||

8. nata miyos sinewaka | mêngko ponang wanara manggon nèng wit | angsana ing sitiluhur | Patih Dwara duk myarsa | langkung ngungun sarta dahat nrimèng kahyun | dènnyantuk wangsiting arca | wuwuse Sang Dwara Patih ||

9. yèn mangkono benjang-enjang | apa bêcik wanara sun ayoni | sang arca wangsulanipun | lah inggih kasinggahan[9] | namung kêdah angati-ati satuhu | karana Dhahyang Suwela | wiku dibya langkung sêkti ||

10. Sang Arya Dwara wacana | lah ta iya mung pangèstunirèki | gya mêdal saking kadhatun | mundur èsmu sungkawa | langkung ngungun dera rêca wignya muwus | sung wangsit kadya jawata | pangintênira sang patih ||

11. punika pandamêlira | Sang Hyang Girinata dènira apti | sung wangsit mring sriranipun | ing ratri tan winarna | enjingipun Patih Dwara karsa mantuk | mring kapatihan duk prapta | pasewakan gya ningali ||

12. rewănda seta malumpat | cumalorot [cu...]

--- 1: 96 ---

[...malorot] saking mandera arsi | naut mring sang mantri ngayun | karana sang apatya | pangrasanya rewănda seta puniku | Maha Prabu Yudayana | kang arsa miyos tinangkil ||

13. sang arya sampun prayitna | nulya narik curiganira aglis | dupi wanara manaut | tinadhahan curiga | jajanira tumêngkèng walikat têrus | rewănda wus kapisanan | gya kinêthok jangganèki ||

14. binêkta mring kapatihan | praptèng wisma murda wanara putih | winadhahan pêthi sampun | dinekekan kintaka | titimăngsa miwah duk nganglang ing dalu | nampi sasmitaning arca | dumugi pêjahirèki ||

15. rewănda seta punika | gêmbungira tinanêm dèn kitiri | roning tal duk pêjahipun | kadya kitiring murda | ing antawis dintên ing dalu panuju | ngajêngakên bangun enjang | Sang Dwara anganglang malih ||

16. praptèng sanggar palanggatan | myarsa malih swaraning kanang tangis | nulya pinrêpêkan gupuh | kapanggih kanang rêca | ingkang mular saya sru panangisipun | sarta mawi asêsambat | makatên dènira angling ||

17. dhuh-dhuh sang mantri wasesa | tan kayaa dene têka ngliwati | sangsaya abot satuhu | kang sira lakonana | Patih Dwara ing driya dahat kumêpyur | gita dènira têtanya | karanane mêlasasih ||

18. sang arca lon saurira | hèh ta Patih Dwara wruhanirèki | iya dina besuk-esuk | ana cobaning dewa | kumarane Dhahyang [Dhah...]

--- 1: 97 ---

[...yang] Suwela rumuhun | anyalamur lir wanita | arane Endhang Upadi ||

19. sêdyane Dhahyang Suwela | namur laku amêmindha pawèstri | kang tumurun saka gunung | sêngadi amawongan | angunggah-unggahi mring ratunirèku | Maha Prabu Yudayana | nging mung kinarya sêngadi ||

20. karana têmêning sêdya | arsa namakakên wisa kang mandi | yèn ta tinampana iku | ing pasuwitanira | sayêkti yèn ratunira têmah lêbur | luluh datanpa kukupan | kataman ing wisa mandi ||

21. kunêng linge sang gupala | Patih Dwara langkung narimèng lyali | nulya pamit mêdal sampun | minta pangèstunira | kanang rêca sang rêca wangsulanipun | lah ta iya Arya Dwara | nanging kang angati-ati ||

22. karana pakaryanira | măngka dadi panggugahirèng budi- | nira kang santosa tuhu | ing kana sang apatya | nulya mundur kanthi sungkawaning kalbu | duk byar enjing Arya Dwara | umantuk lampahirèki ||

23. mangu-mangu ngungak-ungak | nganti praptèng bacira aningali | wanita sajuga langkung | endah suwarnanira | dêdêgira pidêksa akarya gandrung | sêmbêda gênging sarira | ruruh sarèh solahnèki ||

24. sêmune tajêm jatmika | netranira aliyêp-liyêp lindri | imbane jait malêngkung | saya cêlak katingal | wimbuh listya ngalungit wingit ngênguwung | mrak-atine karya rimang | panganggenira winarni ||

25. nglêmah têlês rasukannya | sinjang lurik wana badra mantêsi | kêmbên [kêmbê...]

--- 1: 98 ---

[...n] modang têngah pingul | udan riris slendhangnya | gêlung gondhèl nanging nora pati gandhul | sinome ngrompyoh mangarsa | kasilir maruta ngidid ||

26. wimbuh manis karya rimang | lathinira mêngês-mêngês kaèksi | waja kêsikan apatut | gumêbyar lir barleyan | saratane gigit lathi karya gandrung | asêsêngkang sêling mirah | murub mèntèr-mèntèr kadi ||

27. kang trênggana karainan | runtuh manggon gêgodhohe sang putri | laksitanya rangu-rangu | menga-mengo ngujiwat | adhuh babo sapa bae kang andulu | sayêkti yèn karungrungan | duk cêlak lawan sang patih ||

28. dupi parêk tinakenan | kok sampuna mèngêt ujaring wangsit | kadya sinambuta gupuh | rèh èngêt kang wasita | gya tinanya rèrèh sabdanira arum | katêmbèn ingsun umiyat | mring sira kang ngraras ati ||

33. Mijil

1. kang warnendah anèng ngarsa mami | matura kang yêktos | namanira kalawan wijile | rèhne ingsun katêmbèn umèksi | marang sira yayi | baya sura wadu ||

2. kang tumurun mring Ngastina nagri | sang dyah sumaur lon | sarwi mèsêm ambuwang liringe | kula wijil saking Gora wukir | sutaning maharsi | dene nama ulun ||

3. dipun wastani Endhang Upadi | praptamba wigatos | nêdya amawongan mring sang rajèng | ing Ngastina Sri Yudayana Ji | wangsiting dewa di | kang kawula rungu ||

4. Arya Dwara èngêt kanang [ka...]

--- 1: 99 ---

[...nang] wangsit | milanira gupoh | angakêni bilih sarirane | Prabu Yudayana kang ngrênggani | ing Ngastina nagri | lon andikanipun ||

5. Endhang Upadi yèn sira yêkti | arsa marang ingong | lah ta mara ngabêktia age | risang mara sandi sukèng gapti[10] | ciptanya sang dèwi | kamayangan tuhu ||

6. antuk kaladesa dènirapti | tan taha gya lunggoh | mangarcanèng pada sang pamase | sang nalamur trangginas gya narik | curiganirèki | tinamakkên gupuh ||

7. jajanira têmbus praptèng gigir | ni endhang wus layon | gilang-gilang endhang kunarpane | pinariksa mring Sang Dwara Patih | kandhutanirèki | brênjul mèsi cupu ||

8. jroning cupu wisa isinèki | milanira gupoh | dèn rimati ni endhang sirahe | tinigas dinèkèk jroning pêthi | sarta dèn kitiri | titimangsanipun ||

9. miwah sasmita ingkang kapyarsi | ya ta kacariyos | Arya Dwara ing sajuga rine | wancinira nuju madya ratri | anganglang mring puri | lir kang wus kapungkur ||

10. dupi prapta ing sanggar panêpi | unggyan rêca kaot | nulya kèndêl amiyarsakake | swaraning janma karuna sarwi | sêsambat akardi | ruditaning kalbu ||

11. ngaru-ara nangis lantik-lantik | pinarpêkan gupoh | ingkang agung karuna datan lèn | punang arca pusakaning aji | Risang Dwara Patih | gugup têtanya rum ||

12. dhuh-dhuh sang arca kêkasihnèki | jawata kinaot [kinao...]

--- 1: 100 ---

[...t] | paran marmanira sira dene | dalu-dalu pan manggung anangis | apa ingkang dadi | sungkawanirèku ||

13. payo sajarwaa kang sayogi | wêcakna maringong | ingkang dadya wangsitira kabèh | sun pituhu sarèh ta sayêkti | sang arca mangsuli | dhuh-dhuh swamba sunu ||

14. kang satuhu êmbananing aji | binathara kaot | marma ingsun manggung udrasane | wruhanira iya ratri iki | kumarane Rêsi | Suwela ing dalu ||

15. warna naga lumêbu ing puri | samangke wus manggon | ya pan anèng jroning paprêmane | pramèswari Dèwi Gêndrawati | arsa nyidra maring | ratunira tuhu ||

16. ya mulane manggon nèng jro puri | dinuga sang katong | Prabu Yudayana maksih anèng | jroning pura iku gonku nangis | malah-malah dadi | gunge rudatinku ||

17. iya lêlakon sawêngi iki | tumrap sira mangko | sisip-têmbir[11] tuk bilai gêdhe | anggêgawa kang sira lakoni | ardaning tyas yêkti | wruhanta yaiku ||

18. dêdukaning jawata linuwih | marma wêkas ingong | wiwekaa aywa nganti supe | măngka pangikising cipta wêning | mangkana sang patih | nalikanya ngrungu ||

19. wangsiting arca langkung prihatin | karana wus wêroh | badhe kadadosane ing têmbe | cipta sasmita ingkang kapyarsi | dangu-dangu nuli | pinupus ing kalbu ||

20. dening pêpasthèning dewa luwih | tan kenging ginayoh | wahyuning dumadi kadadène | dadya muntu

--- 1: 101 ---

pêpuntonirèki | sarira pribadi | yèn kawula namung ||

21. darma lumaku karsaning Widhi | sasampune bontos | santosèng tyas Sang Arya Dwarane | gadgada mêdal saking panêpin | gupuh dènnya manjing | pasarean prabu ||

22. korining kamar taksih kumunci | gya ingusap alon | dening Patih Dwara widagdane | ponang wiwara mênga pribadi | Dèwi Gêndrawati | dènnya sare mujung ||

23. tanpa rowang mung lan putranèki | Dyan Gêndrayana nom | lagya ngumur catur warsa luwèh | Patih Dwara laju mlêbêt gipih | sarwi mindhik-mindhik | balingah-balinguh ||

24. angulati kiwa têngênnèki | duk tumênga anon | naga langkung agêng sampun munggèng | ulon-ulonira pramèswari | Dèwi Gêndrawati | wau kang naga gung ||

25. tutuking taksaka mangap kadi | duk arsa ambadhog | katingalan kumêbul wisane | dupi arsa naut mring sang dèwi | trangginas sang patih | gya cinandhak gupuh ||

26. kanang naga sarosa tinarik | rukêt atêmah kol | luk-pinêluk ngêtog karosane | sêndhal-sinêndhal babit-binabit | Risang Dwara Patih | tuhu jayèng kewuh ||

27. dangu-dangu taksaka kalindhih | sirahipun pêdhot | pinrang ing kris gumêbrug wangkene | dhumawahnya sandhing pramèswari | Dèwi Gêndrawati | langkung kagyatipun ||

28. karana sampeyannya kang kering | karaos kasenggol | tan [ta...]

--- 1: 102 ---

[...n] wrin lamun kadhawahan wangke-] | ning taksaka kang pinrang sang patih | margi dilahnèki | wus pêjah duk wau ||

29. nalikanya naga pinrang ing kris | ya ta sang lir sinom | nulya mlajêng ingêmban putrane | sarwi alok babo ana maling | saking santêrnèki | dènira lumayu ||

30. wawratannya Dèwi Gêndrawati | satêmah kaluron | kacariyos sang pramèswarine | lajêng kantrak datan bobot malih | kawuwusa Patih | Danurwedha mundur ||

34. Durma

1. maring driya kagyat amiyarsa swara | panjriting pramèswari | myang lok duratmaka | sigra manjing ing pura | lan catur ari narpati | sawadyanira | para punggawa mantri ||

2. ingkang botên umiring Sri Yudayana | wah anglêrêsi kêmit | duk praptaning pura | gya manjing ing paprêman | anyêpêng dhatêng Sang Patih | Dwara tan lawan | nutut tan nyuwalani ||

3. marmanira tan kesah saking paprêman | amargi anêtêpi | kautamanira | dènnya ngandêl rumêksa | jawi myang lêbêting puri | Sang Arya Dwara | astanya dèn cêpêngi ||

4. dening Nindyamantri Arya Danurwedha | ananging tan udani | yèn ingkang ingasta | wau Sang Arya Dwara | sadaya angintên pasthi | pandung aguna | kang arsa nyidra rêsmi ||

5. dupi praptèng ngarsa pramèswari nata | waspada yèn Sang Patih | Dwara ingkang dadya | pandung malbèng paprêman | ya ta Danurwedha patih | myang ari nata | miwah punggawa sami ||

6. langkung [lang...]

--- 1: 103 ---

[...kung] ngungun dene dahat botên nyana | ingkang tumamèng puri | Nindyamantri Dwara | dhawuhnya pramèswara | mring Sang Danurwedha Patih | yèn Arya Dwara | kinèn ngunjara nuli ||

7. sarta dhawuh utusan atur uninga | mring jêng sri narapati | kang lagya cangkrama | nèng wukir Manikmaya | bilih Dwara Nindyamantri | cidrèng laksana | ngrusak rêsmining puri ||

8. kang anampi dhawuh umatur sandika | sigra dènira mijil | dhatêng pagêlaran | Patih Dwara binêkta | catur arindra tan kari | prasamya mêdal | duk praptèng păncaniti ||

9. Patih Danurwedha alon aturira | dhatêng Sang Dwara Patih | dhuh-adhuh kakang mas | kadiparan karsanta | dene dahat kumawani | manjing paprêman | Sang Dwara tan nauri ||

10. namung matur dhatêng Radèn Ramayana | myang arinira katri | prasami wangsula | manjing jro pasarean | punapa ingkang kaèksi | dadya pratăndha | juti myang botênnèki ||

11. Radèn Ramayana myang ari têtiga | gupuh malêbwèng puri | manjing pasarean | kagyat dènira mulat | wangkèning taksaka munggwing | jroning paprêman | sigra binêkta mijil ||

12. dhawuh dhatêng abdinya kinèn ambucal | Dyan Ramayana aglis | umarêk mring Sang Dyah | Gêndrawati Sang Rêtna | tur wikan yèn lêbêtnèki | Sang Arya Dwara | tan nêdya nyidrèng rêsmi ||

13. sêdyanira ambujêng kanang taksaka | de wontên tandhanèki | wangkèning taksaka | kang pêdhot [pêdho...]

--- 1: 104 ---

[...t] murdanira | tilas kataman ing kêris | duk amiyarsa | Sang Rêtna Gêndrawati ||

14. langkung duka dhatêng Radèn Ramayana | pan sarwi anudingi | hèh-hèh Ramayana | tan pantês aturira | sêdyamu arsa ngiloni | martuwanira | kang wus alaku juti ||

15. malbèng pura arsa nyidra marang ingwang | sira awatkên jurit | kalawan taksaka | lah êndi ana sarpa | ingkang lumêbu ing puri | de mau ingwang | tan wikan kêdhah-kêdhih ||

16. ya ta wau Radèn Arya Ramayana | duk miyat pramèswari | dahat namung duka | dadya ajrih kalintang | anulya tur sêmbah mijil | saking jro pura | ya ta sapêngkêrnèki ||

17. Rajaputra Radèn Arya Ramayana | Sang Dwara Nindyamantri | anulya mangatag | mring Arya Danurwedha | kinèn angêthoka nuli | asta kalihnya | watês paglangannèki ||

18. Arya Danurwedha sakalangkung kagyat | lênggana datan apti | pan sarwi karuna | nungkêmi padanira | sarwi alon turirèki | adhuh kakang mas | kadang kula sayêkti ||

19. kadiparan kang dadya karsa paduka | rinta nuwun kajatin | Risang Arya Dwara | minggu datan ngandika | amung waspanira mijil | tantara nulya | nolih mring putranèki ||

20. punggawendra anama Arya Supadma | mangkana wuwusnèki | Supadma mrenea | sirèku putraningwang | tur ingkang wrêda pribadi | sira dèn bisa | tumanggap anampani ||

21. marang cipta sasmitaning sudarmanta | miwah

--- 1: 105 ---

sira dèn eling | yèn dadya punggawa | winisudha mring nata | dèn bisambuwang sak sêrik | yèn tan bisaa | sayêkti tanpa kardi ||

22. kang mangkono iku yêkti atêmahan | mêtêngi netyanèki | miwah anyênyuda | pangêkêting kwajiban | lah payo kulup dèn aglis | tigasên enggal | tangan ingsun kêkalih ||

23. watês ugêl-ugêl ingwang kadwi pisan | ywa taha-taha nuli | age lakonana | ya ta Arya Supadma | lir ingunggar kanang lyali | matur sandika | kanara[12] angèngêti ||

24. dhatêng kasujanan miwah nuhonana | ambêking nayaka ji | gya majêng mangarsa | sarwi narik curiga | astanya kang rama nuli | gupuh cinandhak | kinêthok kalihnèki ||

25. ing nalika punika Arya Supadma | tan kawistara yêkti | ing rudatinira | malah kadyèsmu suka | mung sunaring netya kalih | tinon marbabak | saksana waspa mijil ||

26. awujud rah saking gêngingrèng sungkawa | Sang Danurwedha Patih | myang para nayaka | dupi sami tumingal | tugêling paglangan kalih | anjrit karuna | ciptanira prasami ||

27. dadya têtika dalajating nagara | rêtu atêmah sami | kapasuk ing tikbra | miwah sungkawa dahat | tan dangu praptanirèki | Dyan Ramayana | miwah tri arinèki ||

28. saking pura dupi prasamya uninga | kuthunging astanèki | Risang Arya Dwara | anglut samya karuna | Sang Arya Dwara gya angling | mring radyan putra | supados astanèki ||

--- 1: 106 ---

29. kinêmpalna kalawan sirahing naga | kalêbêtna ing pêthi | ingkang mèsi sirah | ing rewănda lan endhang | tuwin cupu darubêgsi | kang kinitiran | ron tal pèngêtannèki ||

30. titimăngsa nalika kadadènira | sarta kinèn tur uning | marang garwanira | Suyati sang lir rêtna | sadaya lampahannèki | kinèn narima | mupus pasthèning Widhi ||

31. sampun ngantos kapasuk sungkawa dahat | dèn eca kanang lyali | miwah atulusa | momong putra wayahnya | karana ing wuri maksih | kathah rubeda | lir mas timbul ing warih ||

35. Maskumambang

1. suta mantu Dyan Ramayana duk myarsi | dhawuhing martuwa | tan lênggana gya lumaris | karuna samarga-marga ||

2. sapêngkêrnya radyan putra Dwara Patih | angandika marang | Arya Danurwedha Patih | dhuh-dhuh adhine pun kakang ||

3. rèhning mangkya pun kakang iki pan dadi | golongan wong dosa | marang ing jêng pramèswari | mulane yayi dèn enggal ||

4. lêbokêna marang ing warangkan nuli | Patih Danurwedha | tansah nangis anungkêmi | pada pan sarwi maluya ||

5. dhuh kakang mas kadangku wrêdha sayêkti | yèn kalajêngêna | karsanta prakawis niki | kadospundi tingkah kula ||

6. wus rumaos botên sagêd anglampahi | rumêksa mring praja | sotaning tyas kula malih | yèn kaowêla sang nata ||

7. kang paduka makatên kadadyannèki | milane

--- 1: 107 ---

kawula | lumuh yèn kantun pribadi | Sang Arya Dwara ngandika ||

8. iku luput yèn kaya karsanta yayi | kêna ingaranan | ratuning cacad sayêkti | iya mangkene lirira ||

9. sapa ingkang ngluputake mring sirèki | mung ingsun priyangga | kang lagya manggih bilai | miwah kang lagya cinacad ||

10. marmanira ywa wangkot dhawuhing gusti | sang pramèswarindra | dhasar wus bênêrirèki | yèn pun kakang winarăngka ||

11. karanane kalêbu wong dosa yêkti | Arya Danurwedha | minggu datansah nungkêmi | padane Sang Arya Dwara ||

12. sruning karsa pinêksa dadya nglampahi | laju lumaksana | mring panjara lan Sang Patih | Dwara linêbêtkên nulya ||

13. tan adangu Arya Danurwedha nuli | tinimbalan marang | sorindra tumamèng puri | dinangu dènnya utusan ||

14. dhatêng wukir Manikmaya tur udani | mring Sri Yudayana | aturira sang apatih | ngakên yèn sampun utusan ||

15. milanira makatên aturirèki | rèhne dosanira | Patih Arya Dwara maksih | ngêmu raos milanira ||

16. Arya Danurwedha pakèwêd kang galih | ewadene benjang | manawi jêng sri bopati | kondur saking Manikmaya ||

17. anglêpatkên Risang Danurwedha Patih | dènnya tan utusan | tur wikan jêng sri bupati | dora mring pramèswarindra ||

18. ciptanira Patih Danurwedha tuwin | para ari nata | myang pra punggawa gung alit [ali...]

--- 1: 108 ---

[...t] | sadaya sumêdya arsa ||

19. soroh amuk anglabuhi Dwara Patih | saking pangintênnya | tan nganti ambêbayani | sinigêg praja Ngastina ||

20. gantya kawuwusa kang wontên ing wukir | ardi Manikmaya | garwendra Sang Sadu Dèwi | wus garbini catur căndra ||

21. duk samana Sang Sri Yudayana Aji | kraos onêng marang | pramèswari myang kang siwi | kang tinilar anèng praja ||

22. lah ing kana Sang Sri Yudayana pamit | dhatêng ingkang paman | Rêsi Sidhikara tuwin | Dyah Sadu garwa sri nata ||

36. Sinom

1. dinuga mring sang pandhita | yèn Sri Yudayana Aji | onêng mring garwa putranya | kang tinilar ing praja di | Dyah Sadu duk miyarsi | sabdèng raka arsa kondur | dahat dènnya sungkawa | datansah ingarih-arih | sinêmayan tan lama anulya prapta ||

2. karana sang sri narendra | tan sakeca kang panggalih | mila kadêrêng dènnyarsa | kondur mring Ngastina nagri | sumêlang bokmanawi | wontên pakèwêd ing pungkur | Sang Rêsi Sidhikara | myang putra Sang Sadu Dèwi | nyumanggakkên ing karsa jêng sri narendra ||

3. sasampunira samapta | sri nata budhal sing wukir | ing marga tan rinuwiya | sapraptanira ing nagri | rawuhnya sri bupati | mung sadintên êlêtipun | lawan pangunjarannya | Arya Dwara Nindyamantri | dupi sampun sami rêrêm samantara ||

4. Dèwi Gêndrawati nulya | umatur mring sri bopati | bilih Patih Arya Dwara | awon kalakuhannèki [kalakuh...]

--- 1: 109 ---

[...annèki] | dene wantun nglampahi | paracidra tingkah dudu | sêdyanira anyidra | rêsmi wus tumamèng puri | mandar mangkya sampun katrap nèng kunjara ||

5. ya ta Prabu Yudayana | duk myarsa aturing sori | tan mawi titi pariksa | dukanya yayah sinipi | saksana animbali | Danurwedha mantri ngayun | miwah para punggawa | myang ari nata tan kari | tan adangu sadaya samya sumewa ||

6. duk praptèng byantara nata | katingal sang sri bopati | kawistara nawung duka | jaja bang lir wora-wari | ringas pasuryannèki | asru pangandikanipun | hèh kakang Danurwedha | ing sarèhne Dwara Patih | wani mlêbu marang sajroning paprêman ||

7. sumêdya alaku cidra | mring garwèngwang Gêndrawati | mulane ge lunasana | măngka pidananirèki | dera alaku juti | poma-poma dhawuh ingsun | Sang Arya Danurwedha | myang sagung punggawa mantri | pra nayaka tur sandika nulya mêdal ||

8. sapraptaning pawarangkan | gya dhinawuhakên nuli | mring Sang Nindyamantri Dwara | sadhawuhira sang aji | kang liningan nauri | sumăngga karsa sang prabu | pun Dwara tan lênggana | ing siyang pantara ratri | namung wontên sakêdhik panuwun amba ||

9. pêthi ingkang kula rimat | anèng ulon-ulon guling | punika dèn aturêna | marang ing jêng sri bopati | yèn wus katur kang pêthi | sumăngga karsa sang prabu | Sang Arya Danurwedha | gupuh dènnya mundhut pêthi | sigra-sigra

--- 1: 110 ---

ingaturkên sri narendra ||

10. Sang Aprabu Yudayana | dhawuh kinèn buka pêthi | isinira kawêdalna | pan wontên gangsal prakawis | kang rumiyin kaèksi | sirahing wanara pingul | kadwi sirah wanădya | tri cêcupu darubêsi | caturira awarni sirah taksaka ||

11. kang pănca asta kalihnya | sadayane wau sami | kinitiran roning êtal | sinêrat pèngêtannèki | nalika dèn pêjahi | miwah lêlampahanipun | saking kadibyanira | sadaya isining pêthi | botên mambêt lir sawêg enggal kewala ||

12. Sri Yudayana duk miyat | sadaya isining pêthi | langkung kagyat kagawokan | nanging taksih cuwa dening | dèrèng wikan purwaning | sawiji-wijinirèku | milanira anulya | dhawuh kinèn animbali | Arya Dwara tantara dangu wus prapta ||

13. kerid Arya Danurwedha | sapraptanirèng ngarsa ji | ngandika Sri Yudayana | hèh kakang Dwara dèn aglis | paran pradikannèki | isining pêthi sadarum | paran dadi karsanta | Sang Arya Dwara turnèki | dhuh sang prabu mugi-mugi kuningana ||

14. duk amba nganglang ing pura | prapta ing sanggar panêpi | myarsa swaraning karuna | tumuntên amba padosi | wasananya pinanggih | ingkang karuna pukulun | arca pêpundhèn tuwan | kadadyan tosan sikandi | amba tanya karananira karuna ||

15. saking karsaning jawata | pun arca sagêd mangsuli | makatên wangsulanira | dhuh-adhuh Sang Dwara

--- 1: 111 ---

Patih | wruhanira kang dadi | pamular ingwang duk wau | karana bakal ana | bêbaya kang bêbayani | sapatine Dhahyang Suwela ing kuna ||

16. anuli warna wanara | seta ing mêngko wus prapti | sumêdya anyirnakêna | ya marang ratunirèki | karana sri bupati | iku dadya mungsuhipun | wiwit Sri Dipayana | nganti tumêka samangkin | si kuthila praptanjujug pasewakan ||

17. marmane jujug ing kana | dinalih ing benjing-enjing | nata miyos sinewaka | kawula ngungun tan sipi | sarêng enjingirèki | kawula sumêdya mantuk | dhatêng ing kapatihan | duk prapta ing păncaniti | saking witing angsana wanara seta ||

18. anaut dhatêng kawula | kawula săngga ing kêris | kapi pêjah kaparjaya | mustaka kawula ambil | amba simpên ing pêthi | sarta titimangsanipun | miwah sangkalanira | duk antawis dintên malih | lingsir dalu ngajêngkên bangun raina ||

19. amba tumama ing pura | kadya saban-sabannèki | duk prapta sanggar langgatan | panggenane arca nguni | sang arca ngiyêng nangis | gya amba cêlaki gupuh | takèn karananira | sang arca wangsulannèki | kanthi nabda saya sru panangisira ||

37. Kinanthi

1. dhatêng amba yèn dhêdhawuh | dhuh-adhuh Sang Dwara Patih | tan kayaa raganira | dene têka luwih-luwih | liwat abot sangganira | lakon kang sira lakoni ||

2. kawula dahat kumêpyur | gita amba tanya nuli |

--- 1: 112 ---

kang dadya witing karuna | ngrontog manah amlasasih | gupala wangsulanira | sumurupa benjing-enjing ||

3. bakal ana coba agung | tur mawa ambêbayani | ana sawijining endhang | arane Endhang Umadi[13] | endhange Dhahyang Suwela | namur laku mindha èstri ||

4. sêngadine endhang mau | pan arsa ngunggah-unggahi | iya marang ratunira | ananging datan sayêkti | lugune mung dènirarsa | namakakên darubêksi ||

5. yèn ta tinampana iku | ing pasuwitanirèki | sayêkti yèn ratunira | nuli lêbur tanpa dadi | kataman ing wisanira | purnèng wangsit amba mijil ||

6. duk prapta ing alun-alun | kawula miyat pawèstri | sajuga endah ing warna | tan taha amba parpêki | ulun tanya namanira | ngakên endhang saking wukir ||

7. pun Umadi namanipun | dene praptaning nagari | sumêdyarsa amawongan | dhatêng jêng sri narapati | samana amba kèngêtan | sang arca dènnya wawêling ||

8. gya amba akêni gupuh | mêmindha jêng sri bupati | ulun purih sumêmbaha | duk endhang arsa ngabêkti | amba sarêngi curiga | ing jaja trus praptèng gigir ||

9. Endhang Umadi wus lampus | nalikanya amba titi | kandhutannya mèsi wisa | inggih kang katur puniki | murdèng endhang ulun tigas | winor sirah wre nèng pêthi ||

10. antawis sapta ri nuju | wancinira madya ratri | kawula nganglang ing pura | dupi prapta [pra...]

--- 1: 113 ---

[...pta] ing panêpin | dununging kanang gupala | pun arca ngiyêng anangis ||

11. mring amba anguwuh-uwuh | makatên wahyaning kang ling | dhuh-dhuh adhuh Patih Dwara | kang satuhu êmbananing | nata binatharèng jagad | marmanira ingsun nangis ||

12. andadèkna wruhanamu | manawa ing ratri iki | ana kumaraning Dhahyang | Suwela umanjing puri | amindha warna taksaka | arsa nyidra sri bopati ||

13. samêngko taksaka iku | wus ana sajroning puri | dumunung anèng paprêman- | nira Dèwi Gêndrawati | sêdyane Dhahyang Suwela | nêdya măngsa mring sang aji ||

14. dene ta panangis ingsun | kang dadya gunging rudatin | tarlèn mung lêlakonira | kang tinêmu ratri iki | manawa tan kabênêran | sira anêmu bilai ||

15. sumurupa iya iku | dêdukaning dewa luwih | marmane ingkang waspada | enggaling ruwiya nuli | amba tumama ing pura | munah ripu satru sêkti ||

16. sadaya ngaturkên sampun | lêlampahan kang pinanggih | ing purwa praptèng wasana | wau ta sri narapati | duk myarsa ture kang uwa | kamantyan ngungun tan sipi ||

17. lajêng lilih dukanipun | malah waspanira mijil | raosing tyas lir sinêndhal | saking sruning wêlasnèki | ing ngriku Sri Yudayana | jog mêdhak sing dhampar rukmi ||

18. mrêpêki mring sang wulangun | arsa ngrangkul mintaksami | lah ing kana Patih Dwara | wusnya matur nulya ngrakit | ngracut kaananing angga | sarta [sar...]

--- 1: 114 ---

[...ta] nyipta pulihnèki ||

19. dwi asta ingkang kinuthung | puwara Sang Dwara Patih | amuksa tanpa karana | kacariyos muksanèki | sumêngka pangawak braja | dadya jawata linêwih ||

20. Bathara Dwara ranipun | mangkana jêng sri bopati | langkung gêgêtuning driya | saya drês waspanya mijil | rudatining tyas tan beda | kadya duk muksanirèki ||

21. Sri Dipayana ing ênu | lah ing kana pra wadya ji | Patih Arya Danurwedha | myang pra ari nata tuwin | para punggawa sadaya | samya nangis lir pawèstri ||

22. supe yèn nèng ngarsa prabu | namung Arya Dwara siwi | kang nama Arya Supadma | ingkang botên tumut nangis | saking dènnya matrapêna | mêngku kasujanan manis ||

38. Dhandhanggula

1. têngga dhawuhira sri bopati | datan ebah panggah taksih lênggah | mung ing dalêm batin bae | Arya Supadma wau | sasat tanpa jiwa sayêkti | dahat kuwuring nala | nanging tan kadulu | tan kewran traping pamatrap | namung netra marbabak waspanya mijil | saking mêgêng sungkawa ||

2. ya ta Prabu Yudayana dupi | kaoncatan Nindyamantri Dwara | nulya amarpêki age | mring sang nahan wulangun | ngrangkul sarwi angasih-asih | dhuh kadang ingsun kakang | Supadma sirèku | ywa dadi rudatinira | samuksane ramanira uwa Patih | Dwara kang wus amuksa ||

3. yèn ta ingsun kawruhana nguni | nalikane purwane lêlakyan | kaya tan nganti mangkene [mangke...]

--- 1: 115 ---

[...ne] | kadyan kang pinangguh |[14] marang uwa Dwara linuwih | baya ing muksanira | wus pinasthi tuhu | marang Hyang Suksma Kawêkas | yèn samono jangjine ênggonirèki | amomong marang ingwang ||

4. marmanira ywa agung pinikir | kakang amung sira tingalana | marang raganingsun kiye | wit rasaning tyas ingsun | sapungkure sudarmanèki | sasat wus tanpa daya | sêmpal bauningsun | kiwa têngên sarta cipta | kaoncatan guru kang waskithèng wangsit | puwara kasangsaya ||

5. mangkana Arya Supadma dupi | amiyarsa pangandika nata | angêngimur mrih arsayèng | langkung agung tyasipun | nanging datan kewran ing kapti | patraping kasujanan | tinon tan tumpang-suh | samudananing wicara | nulya nêmbah umatur mring sri bopati | dhuh-dhuh gusti kawula ||

6. kang minăngka suhunaning bumi | kang pinasthi măngka dadya pandam | pangauban kawulane | ing salami-laminipun |[15] tan katênta manawi patik | adarbea panyipta | kang sak tan saarju | kalihan tan pisan-pisan | yèn kawula darbea manah rudatin | sisah tinilar muksa ||

7. mring sudarma kang sampun pinasthi | dera sampun datan kakirangan | sih palimarmèng pamase | dhumatêng jasad ulun | lir ilining tirta bênawi | lumintu sanityasa | makatên pukulun | mênggah kamuksaning bapa | Patih Dwara dhasar wus tumêkèng wanci | sêdhênging muksanira ||

8. malah sokur kawula tan sipi [si...]

--- 1: 116 ---

[...pi] | dene angsal margining kamuksan | saking pidanèng pamase | punika bagya tuhu | yèn pun bapa tan anglampahi | makatên têtêp nistha | sayêkti sinêbut | tan ajêng mring karaharjan | mênggah muksaning bapa kawula ugi | anglampahi ayahan- ||

9. ira gusti jêng sri narapati | kinèn dadya bêbantêning praja | Ngastina saanterone | sampatnya dènnya matur | Sang Supadma andhêku nangis | nanging tan măntra-măntra | kawistarèng sêmu | mung netranira marbabak | Prabu Yudayana dupi aningali | angrês kanang wardaya ||

10. wêwah sihnya mring Sang Dwara siwi | nulya rindra Radèn Ramayana | lêlayu mring kadipatèn | duk Dyah Suyati ngrungu | yèn kakungnya wus muksa yêkti | sangêt dènnya sungkawa | panjritira asru | sruning tangis lajêng seda | duk samana Dyèn Ramayana umèksi | langkung guguping driya ||

11. nulya mlajêng tumama ing puri | tur uninga marang raka nata | yèn Dèwi Suyati mangke | sing agênging wulangun | têmah seda sang prabu dupi | myarsa ture ri nata | saklangkung margiyuh | gya têdhak mring kapatihan | sarta dahat angêmu gunging prihatin | Sang Arya Danurwedha ||

12. sakancanya sadaya umiring | dupi praptèng dalêm kapatihan | nata uninga wangkene | Dèwi Suyati wau | langkung putêk susahing lyali | têmah mijil kang waspa | kya patih tan kantun | sakănca bela karuna | samangkana Sang Arya Supadma [Supa...]

--- 1: 117 ---

[...dma] dupi | miyat sedaning rena ||

13. sangsaya sru kataman prihatin | lir tinuju ing bingung tan pêgat | saking gunging sungkawane | ngantos tan wignya muwus | kang kaèsthi sajroning galih | mung pasrah ing satitah | karsaning Hyang Agung | sumendhe pêpêsthèning hyang | sarta nglindhung karsaning dewa linuwih | puwara Sang Supadma ||

14. anêtêpi kasujanannèki | madhêp tumungkul dènira lênggah | ya ta wau sri pamase | myang para punggawa gung | saya wêlas dènnya ningali | mring Sang Arya Supadma | dera gung winantu | ing tikbra sungkawa dahat | ya ta wau Sri Yudayana Narpati | dhawuh dhatêng Sang Arya ||

15. Danurwedha samia angrukti | marang sagung pirantining sawa | sarta dhinawuhan kinèn | utusana lêlayu | tur uninga dhatêng Sang Rêsi | Sidhikara angsrama | Manikmaya gunung | kang liningan tur sandika | nulya sami tata-tata amiranti | upakartining sawa ||

16. miwah sampun utusan mring wukir | Manikmaya ya ta tan winarna | lampahing duta kang kinèn | dhatêng wukir lêlayu | enggalira wau Sang Rêsi | Sidhikara wus prapta | Ngastina gya laju | umarêk Sri Yudayana | taksih wontên ing kapatihan sang aji | sri nata langkung dènnya ||

17. angurmati sarwi apawarti | saliring rèh kang dadya purwanya | urut praptèng wasanane | sang rêsi myarsa ngungun | saking dahat tikbraning galih | têmah karuna dahat | karantan ing kalbu | sedanya Suyati Sang

--- 1: 118 ---

Dyah | dene kadang sêpuh mung kantun satunggil | muksa sarêng lan raka ||

18. kathah-kathah sêsambatirèki | Rêsi Sidhikara dahat karya | rudita kang myarsakake | ya ta wau Sang Prabu | Yudayana dhawuh mring Patih | Sang Arya Danurwedha | myang sawadyanipun | kinèn sami mangruktia | pirantine ambêsmi layoning patih | kang kinèn tur sandika ||

19. sawadyanya puwara gya sami | tata-tata kajêng miwah lisah | wus rumanti sadayane | layon binasmi sampun | nèng bacira Ngastina nagri | samana wus sampurna | ing kamuksanipun | tan rinuwi watawisnya | nihan sarêng ing antawis dintên malih | Risang Arya Supadma ||

20. winisudha dinadèkkên patih | anggêntosi lênggahing sudarma | misesa jroning purane | măngka sisihanipun | Arya Danurwedha Kya Patih | aran Patih Supadma | kang sinung sih dhêku | manêmbah matur sandika | duk samana Rêsi Sidhikara pamit | mantuk mring Manikmaya ||

21. wus linilan gya budhal tumuli | tan rinuwi praptanirèng arga | ya ta kang winarna mangke | taksih sajroning taun | Nala măngsa srawana nênggih | Sang Prabu Yudayana | miyos sitiluhur | pêpak para punggawendra | kang anangkil kadya saban-sabannèki | kang parêk ngarsa nata ||

22. sira sang mantri wisesa kalih | Patih Danurwedha myang Supadma | para ari nata andhèr | sami nèng wurinipun | sang nayaka waktra kêkalih | mangkana sri narendra |

--- 1: 119 ---

siniwèng wadya gung | dangu datan angandika | kang sumewa dhêdhêp dhêku langkung ajrih | miyat wuri narendra ||

39. Pangkur

1. cakrabawanya pra wadya | sri narendra karantan ing panggalih | dene èngêt muksanipun | Sang Nindyamantri Dwara | datan dangu lon manabda sang amulku | hèh patih kawruhanira | marma jro sewaka iki ||

2. suwe nora wawan sabda | hèh rêngên ta awit dene tyas mami | bangêt ênggon sun piduhung | tansah gagas lêlakyan | samuksane uwa Dwara jênêng ingsun | dahak[16] tikbraning tyas ingwang | de datan nyana sayêkti ||

3. saratbut[17] nora graita | yèn wa Dwara muksa mring têpêt suci | sang nata dènira muwus | netra dwi ngêmbêng waspa | Arya Danurwedha matur angêngimur | dhuh gusti sang binathara | lêrês sabda paduka ji ||

4. ing nala dahat rudita | dene kaicalan guru sajati | kang lêbda paramèng tuduh | nanging ta kadyaparan | yèn paduka ing driya agung wulangun | punapa supe yèn titah | sadaya darmi nglampahi ||

5. suka miwah duka cipta | pêjah gêsang gumantung karsèng Widhi | datan kêni dipun suwun | tan kêni tinampika | sri narendra duk myarsa patih turipun | lêjaring netya katingal | puwara lon dènira ngling ||

6. hèh kakang bênêr turira | de samêngko pamupusing tyas mami | narima marang ing pandum | pandonirèng jawata | marma mêngko karsèngwang nêdya nglêlipur | mring asrama Manikmaya [Ma...]

--- 1: 120 ---

[...nikmaya] | mula samêktaa nuli ||

7. miwah mataha punggawa | ingkang kari miwah ingkang umiring | lawan catur ariningsun | kabèh padha dhèrèka | dwi nayaka waktra sandika turipun | sang siniwi gya bibaran | sri nata angênyapuri ||

8. dwi patih myang ari nata | miwah sagung para punggawa mantri | sowang-sowangan umantuk | ya ta tan rinuwiya | tingkahira kang badhe dhèrèk sang prabu | watarantuk sapta rinya | sawusnya samya miranti ||

9. samaptaning wadya bidhal | kadwi patih myang catur ri narpati | sadaya umiring sampun | kang kantun têngga praja | sapratigan rumêksa anèng kadhatun | miwah sajawining praja | mangkana laksitanèki ||

10. sri nata tan kacarita | sapraptanya ing Manikmaya wukir | wus panggih lawan sang wiku | Maharsi Sidhikara | miwah garwa nata Rêtna Dèwi Sadu | pra punggawa myang arindra | ngabêkti marang sang rêsi ||

11. samana Sri Yudayana | sawadyanya salamine nèng wukir | tansah cangkrama nênumpu | misaya buron wana | myang lêlangên graning Manikmaya gunung | karana ardi punika | kathah puspa kang di-adi ||

12. myang sagunging palakirna | amêpêki pêlêm durèn kuwèni | jambu rambutan kêpundhung | jêruk jirak kokosan | cêngkir lêgi manggis kokosan myang dhuku | kathah kalamun winarna | mangkana sri narapati ||

13. dènira cangkramèng arga | sawadyanya dupyantuk madya tèngsi | Sri Yudayana yun [yu...]

--- 1: 121 ---

[...n] kondur | dhatêng praja Ngastina | nanging garwa Sang Rêtna Yu Dèwi Sadu | tan binêkta maring praja | taksih tinilar nèng wukir ||

14. sapraptanira ing praja | pra wadyendra sowang-sowangan mulih | mangkana jroning kadhatun | pramèswari narendra | Sang Rêtna Yu Gêndrawati myarsa catur | bilih raka sri narendra | dènira têdhak mring wukir ||

15. Manikmaya palakrama | tuk putrinya Sang Sidhikara Rêsi | kang panêngran Dèwi Sadu | malah jaring pawarta | Dèwi Sadu samangkya wus bobot sêpuh | mangkana narpadayita | langkung runtiking panggalih ||

16. cipta yèn tinungkulêna | dupi lênggah lawan raka sang aji | gupuh têtanya sang ayu | dhuh gusti sri narendra | kula myarsa pawarta ingkang satuhu | bilih jêng paduka krama | anèng Manikmaya wukir ||

17. putrèng Rêsi Sidhikara | yèn makatên têka jêng sri bopati | kapati-pati gya kondur | dhatêng ing dhatulaya | bok inggiha amukti sari nèng gunung | sarimbit lan Sadu Sang Dyah | wanodya sutaning rêsi ||

18. tur maksih kadang priyăngga | warna endah ngungkuli pra apsari | kula makatên wus sêpuh | kiwa kuciwèng warna | tan sêmbada dadya garwa jêng pukulun | milamba nuli antukna | dhatêng Gandara nagari ||

19. Sri Yudayana maluya | dhuh yayi ywa age gugu pawarti | kang lalawora puniku | manira marang arga | mung cangkrama nglêlipur ruwêding kalbu | têka andadak dinakwa | nambut silaning akrami [akra...]

--- 1: 122 ---

[...mi] ||

20. iku nora pisan-pisan | sabdèng nata sarwi mangarih-arih | mrih datan rêngat sang ayu | nadyan walèha benjang | yèn wus sarèh datan kabranang ing napsu | Dyah Gêndrawati duk myarsa | sabdèng nata kang kadyèki ||

21. tan mêndha malah andadra | mêksa-mêksa mrih walèha sang aji | puwara wau sang prabu | walèh yèn èstu krama | atmajanya kang paman ran Dèwi Sadu | marmanya botên wêwarah | dene ta karsaning aji ||

22. tan nêdya ingangkah garwa | dêstun namung dadya garwa paminggir | ya ta mangkana sang ayu | duk myarsa sabdèng raka | nora mêndha malah sansaya gung bêndu | wêngis dènira micara | anguman-uman sang aji ||

23. ngungkak krama tan rêringa | Prabu Yudayana tan anglanggati | tansah sarèh ing pamuwus | èsmu mêmalad driya- | nirèng garwa supadya aywa kadurus | ing dêduka nanging sang dyah | tan kêndhat dening mêmanis ||

24. mandar sansaya sru duka | nguwus-uwus sarta minta lumaris | mring prajèng Gêndara mantuk | tan rêna nèng Ngastina | lah ing kana sawusnya anguwus-uwus | Dyah Gêndrawati mring nata | gya ngaturkên putranèki ||

25. kang nama Dyan Gêndrayana | lah ing kana sri nata duk umèksi | yèn putra rahadèn sunu | ingaturkên sang nata | langkung kagyat têmah mijil dukanipun | cipta wus tan darbe marma | mring garwa Dyah Gêndrawati ||

26. sigra anuduh pawongan | animbali marang Supadma Patih | Sang Danurwedha [Danurwe...]

--- 1: 123 ---

[...dha] tan kantun | myang catur ari nata | dhinawuhan enggala manjing kadhatun | kang dinuta sigra mentar | tan dangu samya sumiwi ||

27. sang nata gupuh maluya | marmanira padha ingsun timbali | ing samangko karsaningsun | sira padha mataha | pra punggawaningwang kang kinira patut | sun duta marang Gêndara | ngiringna Si Gêndrawati ||

28. pasrahna mring paman nata | dene ingkang dadya karananèki | wani marang jênêng ingsun | prakara gon sun krama | anèng wukir antuk yayi Dèwi Sadu | marang sun angungkak krama | lan minta ingatêr mulih ||

29. mring prajane ing Gêndara | ujarira wus tan rêna nèng ngriki | dwi patih myang ari prabu | ngungun arawat waspa | dene dahat datan anyana satuhu | yèn makatên karsa nata | puwara samya wotsari ||

30. matur ngêngimur sang nata | mrih sandeya ingkang dadya karsa ji | nging nata drêng karsanipun | tan kêni pinambêngan | dwi nayaka waktra kalangkung jrihipun | puwara matur sandika | anulya kalilan mijil ||

40. Mijil

1. ri saksana sapraptaning jawi | lajêng amirantos | kang jêmpana măngka titihane | sori nata Rêtna Gêndrawati | dene kang umiring | kondurnya sang ayu ||

2. dwi punggawa santananing aji | tur punggawa tos-tos | sira Arya Warsaya kanthine | Arya Sarămba sami linuwih | sapanêkarnèki | duk sasampunipun ||

3. samapta pirantining lumaris | gya malbèng kadhaton [kadhato...]

--- 1: 124 ---

[...n] | sapraptaning byantarèng pamase | arya kalih binêktanan tulis | mring Gêndara Aji | Sri Gandaprawanu ||

4. myang winêling salwir wigati |[18] gya kalilan bodhol | Dèwi Gêndrawati saabdine | nitih jêmpana ingapit-apit | wadya durapati | tur sami gêgêdhug ||

5. dhadhag tanggon nging tan gêdhag-gêdhig | widagda ing kewoh | sapêngkêrnya pramèswari rajèng | otêr tangise wong jroning puri | gumuruh kapyarsi | tan kêni sinayut ||

6. nihan têdhaknya sang pramèswari | lan pra wadya katong | datan winurcita laksitane | sapraptanya ing Gêndara nagri | sang arya kêkalih | ngrumiyinkên ngutus ||

7. wadya panêkar kinèn sung uning | dhumatêng Sang Katong | Gandaprawa rawuhe putrine | pramèswari Ngastina nagari | mangkana sang aji | ing tyas langkung gugup ||

8. sigra mêthuk sawadyanirèki | jawining karaton | dupi tundhuk lan utusan rajèng | senapati dwi arya kêkalih | jawab asta nuli | ingaturan laju ||

9. tumamèng pura sawusnya prapti | laju tata lunggoh | Dèwi Gêndrawati laju kinèn | lumêbêt ing puri lan pra abdi | Sri Gandaprawa Ji | anambrama gupuh ||

10. marang sang duta arya kêkalih | dhuh sang wira karo | kaaturan pambagya rawuhe | anèng praja Gêndara de gati | punapa kang dadi | wigatosing laku ||

11. Arya Warsaya lon turirèki | dhuh-dhuh yayi katong | prapta [pra...]

--- 1: 125 ---

[...pta] kula ngêmban timbalane | sri narendra umiring sang dèwi | dene dahat apti | mring Gêndara kondur ||

12. karantêne gusti sri bupati | amundhut garwa nom | putrèng Rêsi Sidhikara rane | Dèwi Sadu Manikmaya wukir | putranta sang dèwi | wani mring sang prabu ||

13. nguwus-uwus amêwês tanpa wis | myang wayah sang anom | Radyan Gêndrayana dèn srahake | mring sang aji saha nyuwun mulih | mariki puniki | dadya sang aprabu ||

14. ngarih-arih putranta tan lilih | malah saya dhoso | ngungkak krama dhumatêng sang rajèng | engga nata dukanya mawêrdi | saksana nimbali | mring dwi mantri ngayun ||

15. myang arindra catur datan kari | praptaning kadhaton | nata dhawuh mantrimuka kinèn | amiliha wadya punggawa ji | kautus mariki | umiring sang ayu ||

16. wusnya matur sang arya kêkalih | gya ngaturkên gupoh | kintakendra anulya tinampèn | gya binuka sinukmèng tyas nuli | satamatirèki | anjêlèh sang prabu ||

17. mèsmu gêtun dahat tan andugi | karsanya sang katong | yèn mangkana witing dêdukane | arya kalih tansah amaripih | mrih lipuring kingkin | ya ta Sang Aprabu ||

18. Gandaprawa wuwusira ririh | dhuh tênayaningong | Gêndrawati sira iku gawe | sangsayane yayah rena yêkti | dene tan udani | trah kawula tuhu ||

19. têka ngugung tyase kang tan yuti | murkane rinojong | wêkasane [wêkasa...]

--- 1: 126 ---

[...ne] mangkene dadine | yêkti nora wurung ingsun iki | tuk bênduning aji | katut siwayèngsun ||

20. dhuh-adhuh sang mukyaning duta di | wêlasa maringong | mugi sunga rêmbag prayogine | wêwênganing manah kula yêkti | kang kalimput dening | sungkawa kadurus ||

21. kadipundi pamunahirèki | dêdukaning katong | kang supadyantuk pangaksamane | gusti kula Sri Yudayana Ji | yèn nganton[19] tan lilih | dukanya sang prabu ||

22. botên wande ing Gêndara nagri | têmah risak yêktos | awit sintên sèsining rat kabèh | kang kuwawa wani anahêni | bêbênduning aji | kang tan pae tuhu ||

23. lawan bêbênduning dewa luwih | lêbur tanpa dados | milanipun sangêt-sangêt anggèr | anggèn kula gugup gêgêtêri | bêbasanirèki | manah kula carub ||

24. lawan maras sotaning tyas kadi | murcatma saking don | ing samangke sarirèngsun kiye | datan nyipta yèn darbea urip | sabab dening siwi | kang amurang laku ||

25. kêsangêtên têmên Gêndrawati | dera karya lamong | mring sudarma paran wasanane | têka datan pisan angèngêti | yèn darahing abdi | dumadakan purun ||

26. tumimbanga dêdukaning gusti | jêng sri narakatong | lah ing kana sang arya kadwine | langkung wêlas dènira miyarsi | wuwusing narpati | Gêndaprawa Prabu ||

27. Arya Sarămba alon mangsuli | dhuh-dhuh yayi katong | saking pamrayogi kula mangke | luhung dhèrèk [dhè...]

--- 1: 127 ---

[...rèk] karsanya sang aji | ywa enggal mangudi | aksama rumuhun ||

28. bokmanawi anambahi dadi | dêduka kang ngradon | puwara tan katarima têmbe | lambangipun yayi saupami | narmada kang lagi | nêdhênging banjir gung ||

29. nadyan kasètu linapis-lapis | lan wande yèn ambrol | sisip-sisip wignya nglarutake | sakathahing lêlajêrirèki | punika manawi | kula yayi prabu ||

30. luhung kèndêl kewala rumiyin | sinambi angayom | analăngsa maring jawatane | bara-bara ing têmbe amanggih | kamulyan linuwih | de manawi sampun ||

31. sawatawis dintên amarêngi | abêr duka katong | yayi prabu sowana sang rajèng | mring Ngastina nyrahna pati urip | myang sang pramèswari | brăngta mring dyan sunu ||

41. Asmaradana

1. tangise Dyah Gêndrawati | turna Sang Sri Yudayana | bokmanawi tuwuh sihe | putranta jêng sri pamasa | dadya tan mindho karya | nadyan sri narendra gupuh | tan marma dhatêng kang garwa ||

2. bokmanawi kogêl saking | panalăngsa yayi nata | sayêkti lajêng adarbe | pangaksama mring sang rêtna | dene saantuk kula | saking ngriki ambiyantu | atur catur analăngsa ||

3. mring jêng sang sri narapati | supadya luntur sihira | marma mring rayi sang rajèng | mangkana Sri Gandaprawa | duk myarsa wuwusira | Sang Arya Sarămba turut | runtut karya yêming driya ||

4. sungkawa mung sawatawis [sa...]

--- 1: 128 ---

[...watawis] | nulya nabda angrêrêpa | mring sang arya sakalihe | amborongakên dènira | nambung rapêting kata | arya dwi mangsuli saguh | ngaturkên Sri Yudayana ||

5. tan rinuwi tingkahnèki | duta nèng praja Gêndara | antuk samadya candrane | pinundhi sinuba-suba | mring Sang Sri Găndaprawa | puwara nêdya umantuk | sampun binêktan pustaka ||

6. sul-angsul katur sang aji | têmbunging srat dahat nlăngsa | sarta nyuwun aksamane | puwara anyuwun gêsang | nihan lampahing duta | tan winursita ing ênu | praptaning praja Ngastina ||

7. sang arya kêkalih nuli | malêbêt marêk ing pura | Patih Supadma kanthine | duk praptèng byantara nata | Arya Sarămba miwah | Sang Arya Warsaya matur | sasolahirèng dinuta ||

8. ing purwa wasana titi | titis tatas traping kata | puwara angaturake | kintaka Sri Gandaprawa | tinampèn gya binuka | sinuksmèng driyèsmu ngungun | satamating pamaosnya ||

9. langkung suka sri bopati | duta dwi nulya ginanjar | sawadya kawratan kabèh | myang sampun kalilan mêdal | mantuk sowang-sowangan | nihan Ngastina praja gung | kawarnaa ing Gêndara ||

10. Sri Gandaprawa nimbali | putra Gêndrawati Sang Dyah | duk sumiwi lon sabdane | adhuh nini putraningwang | kayaparan karsanta | dene sira dahat darung | kadurus ing nala murka ||

11. wruhanira wong pawèstri | ywa sêrik yèn [yè...]

--- 1: 129 ---

[...n] tinampika | ywa suka yèn pinilalèng | luwange ing kuna-kuna | yèn sêrik tinampika | ing ati dadi ngêlayung | lamun suka pinilala ||

12. ambêbawur silastuti | ngilangakên kaelingan | wêkasan lena atine | siya-siya badanira | tan bathi malah tuna | bathine wanita iku | kasinungan dêrman putra ||

13. sugih anak putu yêkti | dadine aran kabrayan | oyoding ron upamine | măngka santosaning gêsang | utamane yèn awas | sarèh sarănta lan emut | akarya swarganing priya ||

14. mungguh wajibing pawèstri | iku ana têlung pangkat | dene sapangkat-pangkate | tri pakarti dadinira | dadya nawa prakara | gêmi nastiti ping têlu | ngati-ati ping caturnya ||

15. têgên ping limanirèki | rigên de kaping nêmira | mugên ing mubarang gawe | titi ingkang kaping sapta | rukti kang kaping astha | rumanti ping nawanipun | dene ta panduking karya ||

16. kudu-kudu anêtêpi | limang prakara lirira | rikat cukat lan cakute | prigêl trampil kanthènira | dene lêlabuhannya | idhêp madhêp srêgêp tuhu | sarta kudu wêkêl miwah ||

17. pêthêl mungkul atul yêkti | kabèh iku bisa wigar | yèn kadunungan ambêke | tamban tambêng tambuh miwah | lumuh sabarang tingkah | de wijangira sadarum | lire gêmi têgêsira ||

18. tar pisan ambêborosi | dèn [dè...]

--- 1: 130 ---

[...n] nastiti têgêsira | tan nyêdhakkên pakewuhe | ngati-ati têgêsira | tan nyêdhakkên klêpatan | dene têgês-têgêsipun | tar pisan akarya gêla ||

19. rigên dumadi pakolih | mugên iku bisa karya | amuwuhi piyandêle | titi nora kêna weya | rukti kudu prayoga | rumanti têgêse cukup | dene ta êmpan mapannya ||

20. manawa dipun pasrahi | kudu gêmi aywa ngantya | boros sinêbut ing ngakèh | yèn pinitaya ywa weya | dene yèn dèn pracaya | ywa andaluya sirèku | nanging kudu kang prayitna ||

21. manawa dipun tambuhi | aja pisan angrêsula | mung kudu nalăngsa bae | de yèn dèn èringi sira | aja nganti andaga | nanging kang graita tuhu | dene yèn dèn ajènana ||

22. ywa angkuh ananging mêsthi | kudu-kudu kang rumasa | yèn dèn wêlasi ing têmbe | sira ywa nganti lêlewa | nanging kudu susila | yèn dèn sihi aywa langguk | nanging kudu kang waskitha ||

23. wis mung iku wulang mami | yèn sira wignya matrapna | sayêkti dadi pakolèh | duk Dyah Gêndrawati myarsa | dhawuhira kang rama | wus lilih nulya mituhu | wêwulangira kang rama ||

24. miwah rumaos ing galih | yèn sangêt dènnya klêpatan | ing raka jêng sri pamase | puwara dahat onêngnya | dhumatêng ingkang putra | Dyan Gêndrayana kang kantun | dadya sang dyah ayu tansah ||

25. tilar tadhah lawan [lawa...]

--- 1: 131 ---

[...n] guling | ingkang kaèsthi ing driya | amung putranira bae | ciptanya sang pramèswara | yèn tan wigya kapanggya | tumuntên lan putranipun | sang rêtna sasuduk jiwa ||

26. de tan kawawa nahêni | gunging kang sungkawa dahat | dènira onêng putrane | mangkana Sri Gandaprawa | langkung wêlas duk miyat | putra anandhang wulangun | milanya Sri Gandaprawa ||

27. dumadya nêmpuh byat apti | angêdhok anopèng sowan | mring Ngastina nyaosake | panalangsanya kang putra | duk antuk tigang căndra | enggaling ruwiya Prabu | Gandaprawa myang putranya ||

28. Rêtna Dèwi Gêndrawati | budhal mring praja Ngastina | mung sawatawis kang dhèrèk | datan winarna ing marga | praptanya ing Ngastina | têrus tumamèng kadhatun | marêk ing Sri Yudayana ||

29. sarta tawan-tawan tangis | nungkêmi pada narendra | ngaturkên panalangsane | Sri Yudayana duk miyat | langkung wêlasing driya | dadya lilih dukanipun | kala samana sang rêtna ||

30. wus ingaksama kang sisip | Sang Sri Gandaprawa dahat | suka sukur ing dewane | tan rinuwi laminira | marêngi santun warsa | suryasangkalaning taun | pitung atus pitung dasa ||

31. pêpitu langkungirèki | duk lumaksana nêm wulan | căndrasangkala petunge | astha tus langkung satunggal | lumaksa sapta căndra | Pilawangga raning taun | marêngi măngsa palguna ||

42. Gambuh

1. jamannya kang ginambuh | ginagapan [gina...]

--- 1: 132 ---

[...gapan] nging ywa nganti gugup | parandene gulagêpan sănggarunggi | nihan kang rinênggèng kidung | duk samana kacariyos ||

2. Sang Sidhikara Wiku | sowan dhatêng Ngastina praja gung | tur uninga yèn wawratannya Sang Dèwi | Sadu babar bijil jalu | kalangkung pêkik yèn tinon ||

3. Sri Yudayana Prabu | duk miyarsa dahat sukèng kalbu | de Dyah Sadu babar jalu warna pêkik | gya sinung nami sang bagus | Bambang Sudarsana kaot ||

4. sang rêsi langkung nuwun | duk samana Gandaprawa Prabu | nuju sowan mring Ngastina atêtuwi | mila kadwi lan sang wiku | sinugata nèng kadhaton ||

5. bibar bukti sang wiku | bawa raos lan Gandara Prabu | dupi wanci titi sănya amiyarsi | swaraning karuna guguk | ngiyêng lir tangising wadon ||

6. katri kagyat ing kalbu | gya ingulatan nulya kapangguh | kang karuna arca pêpundhèn narpati | nulya pinarpêkan gupuh | katri sakalangkung gawok ||

7. Sang Sidhikara Wiku | miwah Sang Sri Gandaprawa Parbu | Sang Sri Yudayana ngungunnya tan sipi | punang arca gya dinangu | karananya brăngta nglamong ||

8. arca lon dènnya matur | dhuh sang prabu kadwi myang sang wiku | mila kula dahat tawan-tawan tangis | dene sajroning kadhatun | kalêbêtan ripu yêgtos ||

9. kuningana pukulun | naga ingkang pinatèn rumuhun | dening Patih Dwara nèng sajroning puri | punika kumaranipun | dadya têluh braja mandos [ma...]

--- 1: 133 ---

[...ndos] ||

10. sêktinira kalangkung | ing samangkya wus tumama tuhu | anèng pasareanira sri bopati | sêdyanira arsa nêluh | mring Sri Yudayana katong ||

11. awit kang dadya têluh | braja punika kumaranipun | Dhahyang Suwela nguni mêngsahing aji | kèndêl arca dènnya muwus | kang miyarsa samya gawok ||

12. dene tan nyana tuhu | punang arca têka wignya muwus | lir manusa dadya samya dèn wastani | yèn dewa ingkang sumusup | sung sasmita mring sang katong ||

13. katri lumêbêt gupuh | mring paprêman jungut langên santun | yun ngyêktoskên sang arca dènnya sung wangsit | dupi prapta punang têluh | braja katingal cumlorot ||

14. arsa manduk sang prabu | kauningan Sidhikara Wiku | gati nrajang prang rukêt lawan sang rêsi | ing wêkasan ponang têluh | bajra kasoran gya morod ||

15. sirna datan kadulu | Sang Sri Yudayana sukèng kalbu | tansah ngalêmbana kasêktènirèki | kang paman sang maha wiku | katri nulya mijil gupoh ||

16. sarêng ing enjingipun | dintên Soma Manis sang aprabu | miyos siniwaka munggwing păncaniti | wadya kang nangkil supênuh | kang munggwing ngarsa sang katong ||

17. Sang Sidhikara Wiku | Prabu Gandaprawa datan kantun | sri narendra samana nulya wêwarti | mring Supadma mantri ngayun | ing dalu kang wus kalakon ||

18. purwa wasananipun | kang miyarsa sadaya angungun | Arya Danurwedha myang catur [ca...]

--- 1: 134 ---

[...tur] ri aji | mangkana wau sang prabu | nulya dhawuh yèn samangko ||

19. samangkya karsa prabu | ingkang paman Sidhikara Wiku | winisudha măngka dadya senapati | gul-agul andêling kewuh | ngiras dadya wiku kaot ||

20. paranpara ranipun | saha taksih kalilan lêstantun | adêdalêm anèng Manikmaya wukir | mung manawi wontên ripu | pinapagna ing prang popor ||

21. dwi patih nêmbah matur | sandika gya dhinawuhkên sampun | kang sinung sih nuwun sumăngga karsa ji | ngandika malih sang prabu | ngalêmbana lir kluwak nom ||

43. Pocung

1. wijilipun pangalêmbana sang prabu | mring Sang Patih Dwara | mangkana wijiling kang ling | sumurupa uwa Patih Danurwedha ||

2. yèn mangkana si uwa Dwara ing ênu | têtêp bêcikira | karana gone wêwarti | pêrang lawan yitmanya Dhahyang Suwela ||

3. têmên ana kaanane rupa têluh | braja malbèng pura | panuju si paman Rêsi | Sidhikara ana nulya sinirnakna ||

4. lawan dènnya rumêksa karaton ingsun | wani praptèng laya | marmane ingkang kadyèki | uwa Dwara têtêp unusaning janma ||

5. yèn sujanma ingandêl ulah praja gung | dèn kaya wa Dwara | lire iku anêtêpi | paribasan kang aran catur utama ||

6. dhingin wani amikalah ingkang têmbung | dwi wani kalongan | ing bojakramanirèki | marang ingkang winêngkon kaping trinira ||

7. wani mati angrungkêbi [angrungkê...]

--- 1: 135 ---

[...bi] prajanipun | dadine samangkya | sapungkure uwa patih | ingsun iki rumăngsa yèn kapitunan ||

8. sapa baya kang bisa mirib lir iku | uwa Patih Dwara | Sang Danurwedha wotsari | dhuh pukulun kang satuhu binathara ||

9. kaluhuran sabda paduka sadarum | dhasare tan ana | lir pun kakang Dwara Patih | èngêt-èngêt wayahnya Bathara Krêsna ||

10. marmanipun widigda waskithèng kewuh | ing nguni pun kakang | Dwara bilih amêmardi | mring punggawa sadaya tan măntra-măntra ||

11. amêmulang mring liyan pamardinipun | lir kulit priyangga | yèn saking paningal patik | ing samangkya tan wontên ingkang miriba ||

12. anèmpèli dhatêng kalêpasanipun | kajawi anak mas | Supadma ing sawatawis | angèmpêri lir sudarmanya ing kina ||

13. duk samana Sang Patih Supadma minggu | tan ebah lênggahnya | tan lirip laraping liring | polatannya èngêt dhatêng kasujanan ||

14. sang aprabu amèsêm sajroning kalbu | puwara ngandika | uwa Danurwedha Patih | têka bênêr kabèh kang dadi turira ||

15. mung sawiji ingkang dadi cacadipun | wa Dwara ing kuna | bijaksa santosanèki | kawoworan wêwadi tan kawadaka ||

16. dadi nora nana kang bisa anggayuh | yèn durung kanyatan | kayadene ingkang dadi | marginirèng patinira iku dadak ||

17. amilalah angrusak raga rumuhun | tan arsa sajarwa | ing

--- 1: 136 ---

sadurunge kawingkis | wusananya rada ewuh bêbudènnya ||

18. Nindyamantri Danurwedha kèndêl dhêku | mangkana Sang Arya | Supadma sumambung angling | dhuh pukulun kaluhuran sabda tuwan ||

19. dhasaripun rama Patih Dwara ngênu | makèwêd kang manah | datan kenging ginagampil | margi saking kathahnya wêwadosira ||

20. ingkang datan mawi kagêlar rumuhun | dhatêng ing ngakathah | samukawis tingkahnèki | sêdyanira dèn piyambaki puwara ||

21. dadya cacad tumrap ing pribadinipun | mangkana sang nata | kalangkung suka ing galih | saya agung sihira mring Sang Supadma ||

22. sawusira mangkana bibaran gupuh | Prabu Gandaprawa | myang nayaka waktra kadwi | samya mantuk mring wisma sowang-sowangan ||

23. ya ta wau Sang Sri Gandaprawa Prabu | nalika umiyat | mring putranira Sang Rêsi | Sidhikara kang nama Wasi Sadhana ||

24. langkung sarju dening myat jatmikanipun | Sang Natèng Gêndara | amitêmbung mring Sang Rêsi | Sidhikara kaajak abêbesanan ||

25. Mahawiku Sidhikara ugi sarju | sumăngga sakarsa | manawi sang nata sudi | ngukup rare wukir tur kawêlasarsa ||

26. lah ing ngriku kauningan mring Sang Prabu | Yudayana dahat | mangayubagya dènnyapti | martuwendra myang sang wiku bêbesanan ||

27. ing antawis dintên samya klilan kondur | enggaling carita | Sang Wasi Sadhana nuli | dhinaupkên antuk putri ing Gêndara [Gê...]

--- 1: 137 ---

[...ndara] ||

28. arinipun Dyah Gêndrawati ranipun | Madrawati Sang Dyah | winiwaha gêng nglangkungi | anèng praja Gêndara duk sapêkênnya ||

29. gya binêkta mring Ngastina ngantos dangu | dènnya ăndrawina | ya ta mangkana marêngi | santun warsa anyêgat warsa Umiya ||

44. Mêgatruh

1. sinangkalan nêmbah muluk ngèsthi luhur |[20] suryasangkala winilis | astha tus dwi langkungipun | ing măngsa pusa marêngi | duk samana kacariyos ||

2. sang pangantyan sarimbit binêkta mantuk | dhatêng Manikmaya wukir | Sang Sri Gandaprawa Prabu | kondur mring Gêndara nagri | sawadyanira wus bodhol ||

3. sêsarêngan angkatnya saking praja gung | tan rinuwi anèng margi | gantya kang winarnèng kidung | sapêngkêrirèng pangantin | ing Ngastina kacariyos ||

4. kadhatêngan parangmuka narendra gung | ing sabrang Madhêndha nagri | Sri Waradhaya kasêbut | ing nguni siswanirèki | Dhahyang Suwela kinaot ||

5. marmanira Sri Waradhaya anglurug | dhatêng Ngastina nagari | karana miyarsa tutur | pêjahnya gurunirèki | saking Sri Ngastina katong ||

6. mila dadya murina sirnaning guru | duk praptèng Ngastina nagri | wadyanya pinatah gupuh | baris sajawining nagri | mêpêti margi tan anggop ||

7. gung ngrêrisak yèn wontên pawèstri langkung | cinêpêng jinamah nuli | yèn kang langkung tiyang jalu | tanpa tanya gya pinatin | karya susah sakyèhning [sa...]

--- 1: 138 ---

[...kyèhning] wong ||

8. dadya pêjah margining dhusun-ngadhusun | tan wontên ingkang lumaris | giris mulat tingkahipun | wadyèng Madhêndha ri-ari | anjêjarah angrêrampog ||

9. malah kathah padhusunan ingkang suwung | prasamya angungsi têbih | wênèh mlêbêt ing praja gung | ya ta mangkana Sang Patih | Danurwedha Supadma nom ||

10. miwah para punggawa kalangkung gugup | anêmbang têngara aglis | undhang samapta ing kewuh | Sang Sri Yudayana Aji | sigra-sigra dènnya miyos ||

11. pra punggawa myang ari nata sadarum | anjirap samya anangkil | kerid dening mantri ngayun | sarta wus samaptèng jurit | langkêp sikêping prang popor ||

12. amung kantun ngêntosi dhawuh sang prabu | ya ta Sri Yudayana ngling | uwa Danurwedha gupuh | myang kakang Supadma Patih | marêka ing ngarsaningong ||

13. saka ngêndi pinangkaning mungsuh iku | lan sapa ratunirèki | dene têka murang laku | Patih Supadma wotsari | saking sabrang kang wêwartos ||

14. ing Madhêndha pukulun nagarinipun | Waradhaya raning aji | mila mring Ngastina nêmpuh | karana amurinani | pêjahing guru kacriyos ||

15. ingkang nami Dhahyang Suwela ing ênu | Sri Yudayana duk myarsi | sakalangkung dukanipun | gya dhawuh mêthukna nuli | kang dhinawuhan gya bodhol ||

16. Prabu Yudayana kondur angêdhatun | ya ta pra punggawa aji | sapraptaning alun-alun [a...]

--- 1: 139 ---

[...lun-alun] | têrus sajawining nagri | ngungkurkên praja gya campoh ||

 


sarpa. (kembali)
mulat. (kembali)
sampun. (kembali)
malah-malah. (kembali)
kapindhone. (kembali)
ingaran. (kembali)
bangkit (dan di tempat lain). (kembali)
sayaktirèki. (kembali)
kasinggihan. (kembali)
10 kapti. (kembali)
11 sisip-sêmbir. (kembali)
12 karana. (kembali)
13 Upadi (dan ditempat lain). (kembali)
14 Kurang satu suku kata: kadadyan kang pinangguh. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: salami-laminipun. (kembali)
16 dahat. (kembali)
17 sarambut. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: myang winêling salwiring wigati. (kembali)
19 ngantos. (kembali)
20 Tanggal: nêmbah muluk ngèsthi luhur (S 802). Tahun Masehi: 880–1. (kembali)