Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 45–69)

Judul
Sambungan
1. Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 01–23). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 24–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Darmasarana, Sastra Utama, 1912, #1631 (Pupuh 45–69). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 20-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

45. Pangkur

1. nata wadya ingkang dadya | panganjuring aprang minăngka tindhih | dupi pêthuk nulya campuh | prang rame ngadu bala | ramening prang pamasanging gêlar kuwur | kabujung dening suranya | dangu paguting ajurit ||

2. tan wontên ingkang kasoran | sami ngêtog kasuranira kalih | dupi sawatawis dangu | wadyabala Ngastina | ingêbyukan wadya sabrang surèng kewuh | dadya kalindhih ing yuda | kathah kang tumêkèng lalis ||

3. sisane ingkang palastra | ngisis ngungsi sisihira sang patih | kadwi risang mantri ngayun | Danurwedha Supadma | langkung duka sigra ngêrig punggawa gung | sarêng mangsah ing ayuda | nirbaya asoroh pati ||

4. nirkara sura tan taha | sarêng ngamuk prasamya ambêk pati | singa katarajang mawut | kang kacandhak linunas | nanging wadya ing sabrang lir samodra gung | kadya amêrangi tirta | sirna satus sèwu prapti ||

5. karya giris kang umiyat | wadyabala Ngastina èsmu miris | karepotan tandangipun | ingêbyukan pêpêjah | ingkang mundur prasamya anadhang tatu | awis ingkang mantuk wêtah | tumpêsan madyaning jurit ||

6. têmah kèlês madyaning prang | pra punggawa Ngastina ingkang kari |

--- 1: 140 ---

tan wontên kang nêdya mundur | samya ambêk pralaya | samangkana gunging wadyabala wau | Ngastina ingkang kabranan | ingantukkên mring nagari ||

7. elur sêlur tanpa kêndhat | ya ta kauningan ing sri bupati | sakalangkung dukanipun | sigra miyos ing rana | ingiringkên pra punggawa ingkang tugur | wontên salêbêting pura | karsanya jêng sri bupati ||

8. sumêdya napung ing yuda | anglabuhi wadyanira kang lalis | kasambut madyaning pupuh | samana rinuwiya | nalikanya lumaksana sang aprabu | anulya wontên sujanma | misuwur juragan sugih ||

9. awasta Nangkoda Sarwa | duk samana Nangkoda Sarwa myarsi | sri narendra arsa magut | nyarirani ngayuda | wit kèh wadyabalanira kang kasambut | lena samadyaning rana | Nangkoda wêlas tan sipi ||

10. sigra anututi nêdya | umiringa têdhakira sang aji | Nangkoda lon dènnya matur | dhuh gusti sri pamasa | kaparênga sinuhun kèndêl sapangu | Sang Sri Yudayana kagyat | gya kèndêl lon dènira ngling ||

11. lah ta sira iku sapa | têka wani angandhêg laku mami | juragan nêmbah umatur | dhuh pêpundhèn kawula | kang satuhu binatharèng rat sawêgung | amba punika juragan | abdi paduka pribadi ||

12. wasta pun Nangkoda Sarwa | wiwit alit [a...]

--- 1: 141 ---

[...lit] amba dènira ngabdi | mila amba kamipurun | umatur jêng paduka | rèhne ratu ing sabrang ingkang jêjuluk | Sri Waradhaya Madhêndha | kalangkung sudibya sêkti ||

13. dadya kawula sandeya | jêng paduka arsa magut pribadi | cipta kawula pukulun | upami sri narendra | praptèng tiwas kasambut madyaning pupuh | kawula măngsa kantuna | nêdya labuh sirnèng jurit ||

14. amila saking punika | amba darbe panulaking kasaktin | warni sêsotya pukulun | awasta agniyara | yèn kapusus wontên samadyaning pupuh | saèstu mêdal pawaka | kang agêng apindha ardi ||

15. sagêd anyirnakkên mêngsah | padukendra kang ambêg pêksa wani | dene pawaka puniku | manawi dhatêng rowang | tan tumama Sri Yudayana duk ngrungu | langkung sukaning wardaya | sêsotya gya dèn tampèni ||

16. puwara anulya bidhal | pun Nangkoda Sarwa kinèn umiring | kinèn cakêt lan sang prabu | sapraptaning paprangan | sri narendra sawadyanya sigra nrambul | dupi narendra umiyat | wadyendra mundur ing jurit ||

46. Durma

1. umyung gumrah sambating wadya kabranan | nata sigra amusthi | sotya agniyara | pinusthi munggwing asta | tan dangu pawaka mijil | angalad-alad | yayah maendra [ma...]

--- 1: 142 ---

[...endra] wukir ||

2. angèbêki saindêngirèng paprangan | tan dangu sirna gusis | wadya ing Madhêndha | wus sirna kabasmaran | tan ana kang mănggapulih | Sri Yudayana | langkung suka tan sipi ||

3. sarta dahat agung panarimanira | mring Nangkoda Sarwa ki | sasirnaning mêngsah | Sang Prabu Yudayana | dhawuh dhatêng patih kalih | kinèn nglêmpakna | wadya sisaning lalis ||

4. wusnya nglêmpak Sang Sri Yudayana nulya | kondur tumamèng nagri | ingiring pra wadya | sapraptanya ing pura | sang nata lênggah siniwi | pra punggawendra | sadaya samya nangkil ||

5. sang aprabu miwah patih sêkalihan | yêktos warti-winarti | solahing ayuda | puwara parêng suka | sokur mring jawata luwih | wusnya mangkana | mijil ganjaran aji ||

6. amawantu-wantu datanpa etungan | Arya Supadma Patih | ingkang kadhawuhan | ambagi marang wadya | pinerang têtikêlan | wadya kang taksih basuki | tampi saduman | dene wadya kang lalis ||[1]

7. nèng paprangan warisnya tampi dwi duman | sagunging wadya aji | suka nuhun dahat | anulya kang sêsotya | agniyara sinungkên mring | Nangkoda Sarwa | sarta dipun paringi ||

8. gêganjaran măngka tandhaning katrima | wau ingkang sinung sih | Sang Nangkoda Sarwa | matur sarwi manêmbah | dhuh gusti [gu...]

--- 1: 143 ---

[...sti] jêng sri bupati | sotya punika | amba aturkên yêkti ||

9. lêstantuna dadya kagungan narendra | karana samukawis | kang elok myang lăngka | pantês manawi dadya | kagunganing narapati | salaminira | sang nata duk miyarsi ||

10. sansaya gung suka panarimanira | Nangkoda Sarwa mangkin | langkung kinasihan | kalilan sumiwia | kadya pra punggawa aji | Nangkoda Sarwa | sandika turirèki ||

11. sarta kathah tur-aturnya mring sang nata | barang kang pèni-pèni | angsal-angsalira | gêgramèn saking sabrang | sabibarira tinangkil | Sri Yudayana | kondur tumamèng puri ||

12. pra wadyendra umantuk sowang-sowangan | ya ta ing lami-lami | Prabu Yudayana | karsa myos siniwaka | nujwèng ari Soma Manis | wadyabalendra | pêpak sami anangkil ||

13. warangkendra Supadma myang Danurwedha | mabukuh nèng ngarsa ji | mangkana karsendra | dhawuh mring Sang Supadma | he kakang Supadma Patih | wa Danurwedha | myang kyèhning wadya mami ||

14. ingsun mangkya arsa ajêjuluk nama | Sri Baswara samangkin | karana manira | samangkya wus kagungan | kasêktèn kang rupa agni | sing kuwasanya | agniyara sotya di ||

15. tur-ature saka Si Nangkoda Sarwa | dwi patih mangênjali | matur ngayubagya | ing karsa [kar...]

--- 1: 144 ---

[...sa] sri pamasa | sri nata gya dhawuh malih | yèn wadya nata | kang sami lèn nèng jurit ||

16. duk campuh prang lan wadya saking Madhêndha | mangkya warisirèki | kinèn gêntosana | miwah Nangkoda Sarwa | winisudha anglurahi | para juragan | kang samya ngusap wèni ||

47. Sinom

1. nyêpêng sakathahing pasar | ing lêbêt jawining nagri | miwah kalilan nganggea | kaprabon anggening mantri | lêstantun dènnya nangkil | dwi patih sandika matur | nulya dhinawuhêna | dhatêng kang samya sinung sih | sri pamasa dhawuh mring Arya Supadma ||

2. hèh kakang Arya Supadma | sira taria dèn aglis | juragan Nangkoda Sarwa | apa arsa sun paringi | putri minăngka rabi | arinira garwaningsun | atmajanira paman | Gandaprawa Gêndara Ji | kang waruju Dyah Gandoroyi ranira ||

3. kang dhinawuhan anulya | andhawuhkên kang sinung sih | aturnya nuwun sandika | sumăngga karsa sang aji | sang nata dhawuh malih | mring patih supados ngutus | wadya dhatêng Gêndara | myang mring Manikmaya wukir | tur uninga salwiring tingkah punika ||

4. miwah samya ingaturan | rawuh mring Ngastina nagri | sarênga kalawan duta | kang dhinawuhan wotsari | sri nata ngênyapuri | Sang Arya Supadma gupuh | myang Arya Danurwedha | sapanêkarira [sapa...]

--- 1: 145 ---

[...nêkarira] sami | mantuk dhatêng wismanya sowang-sowangan ||

5. dupi prapta enjingira | kadi warangkendra nuli | amatah kadwi punggawa | kang dinuta dhatêng wukir | myang mring Gêndara nagri | wus winêling liring laku | gya budhal sawadyanya | tan rinuwi tingkahnèki | tan watawis lama wus praptèng Ngastina ||

6. Sang Aprabu Gandaprawa | miwah Sidhikara Rêsi | sakalihan manjing pura | marêk ing putra narpati | gya ingancaran nuli | satata lawan sang prabu | sawusnya sinambrama | ing pambagya nulya mijil | pasugata sadaya gya kêmbul dhahar ||

7. sawusnya dènnya bujana | Prabu Yudayana nuli | wêwarti salwiring tingkah | dera mêngsah andhatêngi | myang sasolahing jurit | dumugi sirnaning ripu | ngungun kang amiyarsa | dahat datan nyana yêkti | kadhatêngan parangmuka măndraguna ||

8. puwara sami narima | sokur mring dewa linuwih | dera jêng sri naranata | taksih pinanggih basuki | kang paman myang sang aji | Gandaprawa gya umatur | dene tan tinimbalan | nalika ramening jurit | Sang Aprabu Yudayana wangsulannya ||

9. sarèhne sangêt kasêsa | ing mêngsah pinrêp ing jurit | dadya sadaya mung pasrah | dhatêng jawata linuwih | dhêku ingkang sinung ling | rumaos kluhuran dhawuh | sawusira mangkana | enggaling [eng...]

--- 1: 146 ---

[...galing] carita mangkin | Dèwi Gandaroyi putri ing Gêndara ||

10. wus dhinaupkên kalawan | Sang Nangkoda Sarwa mawi | binayangkarya gung dahat | agêng pamiwahannèki | Arya Supadma Patih | amangku pangantèn jalu | de pangantèn wanodya | mêdal saking jroning puri | sapêkênnya pangantèn ingundhuh marang ||

11. Patih Arya Danurwedha | samya kasok sukanèki | tan rinuwi antawisnya | wau pangantèn sarimbit | rukun dènira krami | karya sukanya sang prabu | gantya kang cinarita | taksih anunggil kang warsi | amarêngi duk ing măngsa padrawana ||

12. nagari gung ing Ngastina | kadhatêngan ripu malih | saking sabrang pinangkanya | ratu praja ing Madhili | bisikira sang aji | Sang Madyumanasa Prabu | kalêrês atmajanya | Sri Waradhaya ing nguni | kang sirnèng prang narendra gung ing Madhêndha ||

13. mila Sri Madyumanasa | nglurug mring Ngastina nagri | murina sedaning rama | Prabu Waradhaya nguni | kacarita kang prapti | agung wadyabalanipun | tur samya măndraguna | sudibya widigdèng jurit | sapraptaning Ngastina angêpang kitha ||

14. ambêbahak padhusunan | kathah kang samya angili | ngungsi mring sajroning praja | ya ta duk kapyarsa dening | sakèhing punggawa ji | mangkana dwi mantri ngayun | Arya Supadma miwah | Sang Danurwedha [Danurwe...]

--- 1: 147 ---

[...dha] Apatih | sigra dhawuh kanthi samaptèng ayuda ||

48. Kinanthi

1. karsanya sang mantri ngayun | tur uninga mring sang aji | bilih wontên ripu prapta | ya ta mangkana Sang Aji | Yudayana sigra mêdal | tinangkil ing păncaniti ||

2. pêpak sakèhing wadya gung | kang têngga dhawuhing aji | sangkêp sikêping ayuda | sri nata têtanya aglis | nama myang pinangkanira | mêngsah kang ngrabasèng jurit ||

3. Sang Patih Supadma gupuh | matur saking sabrang nagri | Natèng Madhili sutanya | Prabu Waradhaya nguni | ran Prabu Madyumanasa | praptanyarsa ambelani ||

4. ing sirnane ramanipun | Sri Yudayana duk myarsi | tanpa ingan dukanira | sigra dhawuh yèn karsa ji | nêdya amêthuk priyangga | ngawaki madyaning jurit ||

5. budhal kang wadya gumuruh | umiring jêng sri bupati | duk prapta ing jawi praja | laju campuh ing ajurit | prasamya sudira ing prang | sami suranira kalih ||

6. wadya sabrang kang lumurug | kèh kasambut ing ajurit | rinya Sri Madyumanasa | catur kang tumêkèng lalis | wasta Arya Dyumanadha | Arya Wiranadha tuwin ||

7. Wirasmena tiganipun | Wirabadra caturnèki | dene punggawa Ngastina | tiga kang tumêkèng lalis | punggawa Arya Subata | wadya [wa...]

--- 1: 148 ---

[...dya] panêkar kêkalih ||

8. de wadya lit tanpa etung | kang sirna madyaning jurit | wau Sri Madyumanasa | duk uninga yèn kang rayi | catur kasambut ing rana | myang wadyanya kèh kang lalis ||

9. sigra mêdal ngamuk punggung | sura tan taha pêpulih | pra wadya sisaning pêjah | mangêmbuli ambêk pati | singa katarajang bubar | kang kacandhak angêmasi ||

10. wadya ing Ngastina mirut | miris kathah ngungsi wuri | mangkana Patih Supadma | miwah Danurwedha Patih | myang para punggawanira | samya mangsah ambêk pati ||

11. angantêp prang sêdya mêthuk | pamuknya Natèng Madhili | dupyarsa magut katungka | Sang Sri Yudayana Aji | musus sotya agniyara | tan dangu pawaka mijil ||

12. kantar-kantar urubipun | saya gung ngebat-ebati | kadya angèbêki jagad | duk sinabdan nêmpuh nuli | mring mêngsah têmahan sirna | satunggal tan wontên kari ||

13. sasirnanira kang mungsuh | Sang Sri Yudayana Aji | kamatyan sukaning driya | sêsotya linarut nuli | têmah sirêp kang pawaka | ya ta warangkendra kalih ||

14. dhinawuhan mring sang prabu | kinèn angumpulna nuli | pra punggawa myang wadyendra | dupi sampun kêmpal lagi | kawistara yèn Sang Arya | Subata lena ing jurit ||

15. gya katur dhatêng Sang Prabu [Pra...]

--- 1: 149 ---

[...bu] | Sri Yudayana duk myarsi | langkung sungkawaning driya | de Arya Subata lalis | puwara pinupus ing tyas | pêpasthèning dewa luwih ||

16. wusnya mangkana gya kondur | ingiring kyèhning wadya ji | sapraptaning praja nulya | laju tumama ing puri | dwi patih sawadyanira | sowang-sowangan amulih ||

17. duk enjingira sang prabu | dhawuh angganjar wadya ji | kinèn ambage warata | lir adat sabannirèki | mung Sang Rêsi Sidhikara | myang Sri Gandaprawa Aji ||

18. anunggil pakuwonipun | wontên salêbêting puri | tan rinuwi antawisnya | dupi para wadya aji | sampun lêrêm sawatara | sarkaranya kang gumanti ||

49. Dhandhanggula

1. Radyèng Ngastina ri Soma langking | wanci enjing Prabu Yudayana | miyos siniwi karsane | munggwing ing sitiluhur | pêpak wadya ingkang anangkil | Sang Prabu Yudayana | saksana adhawuh | mring kadwi nayaka waktra | yèn putranya Arya Subata kang lalis | kang ran Radyan Sanjata ||

2. mangkya karsanya sri narapati | winisudha anggêntosi rama | Arya Sanjata arane | myang kyèhning wadya prabu | ingkang sirna madyaning jurit | warisnya kinarsakna | gêntosi kang lungguh | dwi patih matur sandika | dhinawuhkên kang anggêntosi sudarmi | sira Arya Sanjata ||

3. wusnya [wu...]

--- 1: 150 ---

[...snya] mangkana Supadma Patih | sakalihan Arya Danurwedha | dhinawuhan mring sang rajèng | samya kinèn ambangun | karya kitha jawining nagri | ran kitha bêbitingan | catur kathahipun | warata maju sakawan | sartanira rinekaa kang prayogi | miwah sagêda dadya ||

4. tumuntên sang mantrimuka kalih | tur sandika anulya bibaran | sang prabu kondur tumamèng | pura mangkya winuwus | risang mantrimuka kêkalih | miwah para punggawa | ing ri enjingipun | samya nyêngkal badhe kitha | bêbitingan maju catur jawi nagri | ginêlak pakaryanya ||

5. tan rinuwi laminira kardi | enggaling carita duk samana | wus palastha pakaryane | kantun rarêngganipun | pra wadyendra kang nambutkardi | dina-dina tan kêndhat | mrih enggala rampung | taksih salêbêting warsa | kacariyos duk ing ari Soma Manis | Sang Prabu Yudayana ||

6. miyos siniwakèng păncaniti | pêpak wadyabala kang sumewa | tan ewah kadya sabêne | sri pamasa gya dhawuh | mring dwi patih miwah Sang Rêsi | Sidhikara kalihan | marasêpuh Prabu | Gandaprawa ing Gêndara | yèn ing mangke ari nata catur sami | sadaya winisudha ||

7. sinêbut ran arya prabu sami | sarta pinaringan wêwah wadya | pinangkat-pangkat tatane [tata...]

--- 1: 151 ---

[...ne] | miwah sinungan dhawuh | catur sami kinèn ngênggèni | kitha ing bêbitingan | ingkang maju catur | ingkang wontên wetan kitha | ari nata Dyan Ramayana samangkin | karsendra sinung nama ||

8. Arya Prabu Ramayana dening | ingkang wontên sakiduling kitha | arinira sri pamase | Dyan Ramayana luhung | pinaringan nama samangkin | Sang Arya Prabu Rama- | prawa wus kasêbut | de kang wontên kilèn praja | ari nata Dyan Prawasata samangkin | wus pinaringan nama ||

9. Arya Prabu Prawasata nênggih | ingkang wontên saêlèring praja | Dyan Warabasata rane | mangkya sinung jêjuluk | Arya Prabu asmanirèki | sartanya dhinawuhan | angaliha gupuh | kadwi sang nayaka waktra | tur sandika gya dhinawuhakên nuli | mring catur ari nata ||

10. tur sandika kang samya sinung sih | Maha Rêsi Sidhikara miwah | Sri Gandaprawa kalihe | dahat dènnya jumurung | mring karsendra ingkang utami | nulya pra ari nata | ngaras pada prabu | myang ngabêkti mring kang paman | kalih pisan sang rêsi miwah sang aji | Gandaprawa Gêndara ||

11. gya winulang saliring patraping | pangawula supadya tulusa | sihira jêng sri pamase | sang arya prabu catur | matur nuhun sêdya ngastuti | Sang Prabu Yudayana | dahat sukèng kalbu | sasampunira [sasampuni...]

--- 1: 152 ---

[...ra] mangkana | gya bibaran nata kondur ngênyapuri | kadwi nayaka waktra ||

12. sawadyana sêsowangan mulih | duk antawis dintên sang pandhita | myang Prabu Gandaprawane | samya pamit umantuk | wus kalilan gya budhal sami | enjingnya pra arindra | samya bidhal nuju | kithanya sowang-sowangan | tan rinuwi maksih salêbêting warsi | duk watawis sawulan ||

13. Prabu Yudayana mangkya apti | ayasa prajurit sêsêliran | sadhomas yèku kathahe | dene ta wastanipun | wirasena raning prajurit | ingkang dadya pangarsa | ipenya sang prabu | kang aran Arya Karsula | mangkya dadya senapatining prajurit | sêliran wirasena ||

14. Arya Prabu Ramayana ugi | pinaringan prajurit saêmas | wirayodhèku namane | dene prajuritipun | Arya Prabu Ramaprawa Ji | ugi jangkêp saêmas | dane[2] namanipun | ran prajurit wirotama | dene Arya Prabu Prawasata nênggih | samas ran sarotama ||

15. dene ari nata kang wuragil | Sang Arya Prabu Warabasata | ugi samas prajurite | durgamastra ranipun | duk samana ingkang sinung sih | dahat panuhunira | pasihan sang prabu | duk samana santun warsa | Saumiya suryasangkala winilis | sapta tus sapta dasa ||

16. astha măngsa srawana

--- 1: 153 ---

marêngi | duk samana Prabu Yudayana | ing ri Rêspati Manise | miyos ing sitiluhur | pêpak wadya ingkang anangkil | catur ari narendra | sawadya tan kantun | balabar praptèng bacira | ingkang marêk ing ngarsanya sri bupati | kadwi nayaka waktra ||

17. jajar lawan catur ari aji | sinambêtan para senapatya | mangkya karsa jêng pamase | sakyèhning wadya prabu | myang wadyanya ari narpati | prasami dhinawuhan | ajar-ajar pupuh | anèng madyaning bacira | prang tandhingan mrih kiwul kawaling jurit | samya ywa tolèh wuntat ||

50. Pangkur

1. kêncênging karsa narendra | ingkang kinèn sandika turirèki | Sang Arya Karsula gupuh | sêdya mangatag wadya | panêkarnya prajurit wirasena nung | gya samya mangrakit gêlar | parêng têmpuhing ajurit ||

2. sakalangkung ramenira | datan wontên ingkang kuciwèng jurit | kathah kang widagdèng kewuh | Sang Prabu Yudayana | langkung suka ing galih anulya dhawuh | amaringana ganjaran | anulya bibaran nuli ||

3. wadya mantuk sêsowangan | duk samana ing Ngastina nagari | dina-dina ajar pupuh | saengga praptèng măngsa | padrawana têrkadhang wau sang prabu | karsa ngawaki priyăngga | duk samana santun warsi ||

4. sajroning warsa Rudraksa [Rudra...]

--- 1: 154 ---

[...ksa] | angkanira surya sangkalanèki | sapta tus lan wolung puluh | sasanga langkungira | dene căndrasangkala angkaning taun | astha tus langkung sakawan | ing măngsa kartika nênggih ||

5. Sang Aprabu Yudayana | ri Rêspati Krêsna miyos tinangkil | pêpak pra wadya supênuh | catur ari narendra | sawadyanya sumiwi lir sabanipun | miwah dwi nayaka waktra | sri nata adhawuh nuli ||

6. mring wadyendra kinèn ajar | ing bacira tandhing tangkêping jurit | wadyanira sang aprabu | prajurit wirasena | lumawana amêngsah prajuritipun | arya prabu catur pisan | kang samya pratamèng jurit ||

7. rame dènnya păncakara | karya sukanira sang sri bupati | mangkana nulya winuwus | kinèn samya bibaran | myang nampèni ganjaranira sang prabu | mangkana Sri Yudayana | dhawuh mring patih kêkalih ||

8. ing bacira dhinawuhan | pinaringan grogol saubêngnèki | salêbêting alun-alun | ingisèn buron wana | ingkang galak singa tanapi andhanu | warak tanapi andaka | karsendra ingabên jurit ||

9. lan prajurit wirasena | wirayodha wirotama prajurit | kang samya pratamèng kewuh | apan kinarya nyoba | kaprawiranirèng wadya kang satuhu | dwi patih matur sandika | sewaka bibaran [bibar...]

--- 1: 155 ---

[...an] nuli ||

10. nata kondur ngênyapura | duk enjingnya Risang Supadma Patih | myang para punggawa agung | mêmatah panêkarnya | kinèn karya grogolan ing alun-alun | wontên wadya kang pinatah | misaya sato wanadri ||

11. tan winursita tingkahnya | pra wadyendra kang samya nambutkardi | miwah kang majing wana gung | misaya sato wana | enggalirèng ruwiya grogol wus rampung | rinêngga-rêngga sinungan | sakèthèng catur waradin ||

12. korinya maju sakawan | sabên kori jinagenan prajurit | luhuring sakèthèng sinung | pêpanggungan maju pat | palênggahan narendra yèn arsandulu | kang yuda lan buron wana | miwah panggenanirèki ||

13. para punggawa sadaya | kang anangkil miwah pra senapati | langkung ngrêsêpkên pandulu | sarwa sri tiningalan | wignyanira Sang Supadma mantri ngayun | sajawining pagrogolan | panggenan barisirèki ||

14. wara wrahatbala kriya | parlu anjagèni grogol manawi | wontên bowolnya tinêmpuh | mring sato wana ingkang | ingabên prang kalawan wadya sang prabu | ing jro grogol pan sinungan | têtuwuhan warni-warni ||

15. kang lêgi kang sêgêr wimah[3] | sinung toya nèng wadhah turut pinggir | pamrihe sang mantri ngayun | yèn wontên pra wadyendra | kang katoran [ka...]

--- 1: 156 ---

[...toran] suda kakiyatanipun | têmah tiwas dènira prang | myang kyèhning sato wanadri ||

16. milanya sinungan tirta | myang wowohan dadya kêni kinardi | pangayêm-ayêming kalbu | dadya kamayarannya | duk samana kyèhning sato wana sampun | mêpêki sadayanira | sarta nêdhêng rosanèki ||

17. gya katur jêng sri pamasa | karya sukanira jêng sri bopati | saksana gya miyos gupuh | lênggah ing pêpanggungan | patih kalih myang para punggawa agung | myang senapati anunggal | lawan jêng sri narapati ||

18. Sri Yudayana duk miyat | pagrogolan miwah rarênggannèki | dahat arsayaning kalbu | dumadya nata tansah | ngalêmbana mring Supadma mantri ngayun | dhêku kang ingalêmbana | anulya para prajurit ||

19. wirasena wirotama | sarotama durgamastra prajurit | myang wirayodha sadarum | dhinawuhan tumama | jroning grogol samya kinèn aprang pupuh | mêngsah sato ingkang galak | kang kinèn datan ngunduri ||

51. Durma

1. sêdya manjing malêbêt ing pagrogolan | wau para prajurit | tan wontên sarănta | sigra sami ngrabasa | mring kyèhning buron wanadri | wontên ingkang prang | amêngsah lawan bothi ||

2. wênèh wontên ingkang prang kalihan sima | langkung ramening jurit |

--- 1: 157 ---

kathah ingkang mênang | sakêdhik ingkang tiwas | duk têlas sato wanadri | nulya bibaran | sang nata mêdhak saking ||

3. pêpanggungan nulya lênggah siniwaka | sakèhing pra prajurit | sumiwèng ngarsendra | nulya mijil ganjaran | saking salêbêting puri | binage rata | Sri Yudayana nuli ||

4. dhawuh kinèn ambibrah kang pagrogolan | sandika kang sinung ling | anulya bibaran | nata tumamèng pura | pra wadya sowangan mulih | ya ta samana | marêngi santun warsi ||

5. warsa Pusa suryasangkala angkanya | sapta tus astha dèsi | căndrasangkalanya | wolung atus sakawan | pudraksa măngsa marêngi | kang cinarita | Sri Yudayana Aji ||

6. ri Rêspati enjing miyos siniwaka | pêpak wadya kang nangkil | kadya sabanira | Sang Prabu Yudayana | dhawuh mring Supadma Patih | kinèn akarya | kanang tambak udadi ||

7. wontên sawetaning bale pra sadarga | karsendra yun kinardi | gyaning among suka | Sang Arya Danurwedha | miwah Sang Supadma Patih | matur sandika | nata gya ngênyapuri ||

8. duk enjingnya kadwi sang nayaka waktra | myang para punggawa ji | samya lumaksana | mring wetan pra sadarga | cinêngkal rinakit-rakit | badhe unggyannya | tekang tambak udadi ||

--- 1: 158 ---

9. kyèhning wadyabala kinèn nambutkarya | kang tinurut rèhnèki | Sang Arya Supadma | tan rinuwi karyanya | tambak udadi wus dadi | satêpinira | rinêngga-rêngga adi ||

10. tinanêman sawarnining sêsêkaran | langkung raras sarwa sri | pinarsada miwah | siniku jêjidharan | paripurna pinarigi | ilèning toya | saking tambak udadi ||

11. dèn jogakên mring bênawi Wilogangga | pinggir pinancak suji | tinurut ing sêkar | winarna sêkarira | samya pinatut ing gêndhing | namaning sêkar | sêkar jabung ing jurit ||

12. miwah sêkar mandhêg anolih ranira | sêkar panggugah mantri | sêkar kang kabănda | miwah sêkar wiraga | myang sêkar paninda radin | sêkar gung liwat | sêkar ngisoring alis ||

13. lawan wontên malih kang sêkar kapita | myang sêkar pondhoh cêngkir | myang sêkar angkatan | myang sêkar waja krêsna | sêkar panambanging pêksi | sêkar sêntana | sêkar bonang kapêncil ||

14. miwah sêkar parawan mati abela | lan sêkar janma mantri | sêkar palinyokan | sêkar panambang janma | lawan sêkar netra arip | myang cacad awak | myang sêkar gănda wangi ||

15. sêkar janma sungsun sêkar mangan ujar | lan sêkar soring wêntis | lan sêkar kasumpah | cêlak sêkar sridênta | myang sêkar boboting kawis | myang janma wrêda | sêkar

--- 1: 159 ---

kang tanpa angling ||

16. miwah sêkar ingkang kapisah ing tirta | sêkar tan patut gêndhing | sêkar jêjamahan | sêkar aprang tandhingan | sêkar kêncana rinujit | myang mêngku praja | sêkar kang asung warti ||

17. miwah sêkar anututi mandhi angkah | sêkar bapakne kaki | sêkar jaga mêngsah | lan sêkar nitih swara | sêkar sungsung guyu dening | jawabing sêkar | anèng timbuling warih ||

52. Maskumambang

1. karya netah mrih lêbda anawung gêndhing | marma kyèhning sêkar | dhinapur wangsalannèki | mrih rênanya kang miyarsa ||

2. sêkar jlamprang kang aran jabung ing jurit | giyanti kang karan | puspita mandhêk anolih | sêkar kalak kang kabănda ||

3. sêkar wungu kang ran panggugahing mantri | de sêkar wiraga | sêkar puwak têgêsnèki | kapurănta ninda rata ||

4. agung liwat yèku sêkar wora-wari | sêkar soring imba | Prabu Sèt namanirèki | kêmuning sêkar kapita ||

5. sêkar sempol kang sinêbut pondhoh cêngkir | mênur pêksi tambang | waja krêsna sêkar mlathi | tanjung kang sêkar angkatan ||

6. wong araga kang sinêbut janma mantri | prawan mati bela | rara ngêndhat têgêsnèki | sêkar dangan kasêntana ||

7. sêkar têlêng kang sinêbut aningali | gambir atêtigar | kênanga bonang kapêncil | puspanyidra [puspa...]

--- 1: 160 ---

[...nyidra] palinyokan ||

8. tambang janma yèku sêkar wong atali | tuririping netra | raga ina cacad dhiri | widasari ruming gănda ||

9. janma sungun wong arumpuk têgêsnèki | puspa mangan ujar | orok-orok soring wêntis | sêkar êmpol aranira ||

10. de sridênta yèku puspita srigading | kasumpah ran sungsang | wratsari boboting kawis | măndhakaki janma wrêda ||

11. sêkar mangunêng ingkang ran tanpa angling | kapisah ing tirta | yèku puspa pacar warih | têlutur puspa sung warta ||

12. tan patut ing gêndhing yèku sêkar sruni | rujiting kêncana | yèku puspa mas kanikir | nitih swara sêkar klurak ||

13. mêngku praja ran sêkar purba nagari | puspa jaga mêngsah | jaga satru têgêsnèki | nututi kêlayu puspa ||

14. margi-margi salêbêting sriwadari | anjog kilèn pura | dinulu dahat sarwa sri | duk palastha pakaryanya ||

15. nulya katur mring Sri Yudayana Aji | yèn tambak samodra | wus palastha dènnya kardi | sri nata duk amiyarsa ||

16. langkung trustha nulya têdhak aningali | kang tambak samodran | catur arindra tan kari | myang kadwi nayaka waktra ||

17. dupi nata rawuh ing tambak udadi | langkung trusthaning tyas | rêsêp miyat de sarwa sri |

--- 1: 161 ---

mungguh kinarya klangênan ||

18. karsa nata pinaringan nama nuli | kang tambak sagaran | karan tambak Arudadi | wusnya sawatara lama ||

19. nata kondur laju tumama ing puri | para ari nata | myang sakyèhing wadya aji | umantuk sowang-sowangan ||

20. tan rinuwi antawising laminèki | nulya santun warsa | Sambrama têngraning warsi | angkaning suryasangkala ||

21. pitung atus wolung dasa langkung kalih | lumaksa sawulan | de căndrasangkalanèki | wolung atus nêm angkanya ||

22. amarêngi măngsa pusa kang lumaris | Sang Sri Yudayana | nujwèng ari Soma Kasih | enjing miyos siniwaka ||

23. pêpak sagung wadyabala ingkang nangkil | lir sabên tan ewah | dwi patih sumiwèng ngarsi | miwah arindra sakawan ||

24. sri pamasa dhawuh mring patih kêkalih | kinèn iyasaa | giyota ingkang prayogi | arsa kinarya cangkrama ||

25. gênging palwa kinintêna anyêkapi | winotan pra wadya | sandika ture dwi patih | sewaka nulya bibaran ||

26. Prabu Yudayana wus tumamèng puri | para wadyabala | sowang-sowangan umulih | tan rinuwi watawisnya ||

27. dera karya giyota pan sampun dadi | sakalangkung pelag | canthik rinêngga sarwa sri | rineka lir sirah naga ||

--- 1: 162 ---

28. rinarêngga sinung jamang miwah sumping | tutukira mênga | wajane pating crêngingih | kadya satuhune naga ||

29. wignyanira sang mantrimuka kêkalih | wau kang giyota | tinêngran mring sri bupati | ran Kyai Limanaparwa ||

30. duk ing măngsa wisaka anunggil warsi | karsanya sang nata | arine Sang Dyah Sukèsti | garwanira sang nararya ||

31. Arya Prabu Warabasata ri aji | Radyan Prahasrawa | winisudha mring sang aji | dadya punggawa narendra ||

32. sinung têngran Arya Prahasrawa mangkin | duk santuning warsa | raning warsa Kalayudi | nuju măngsa padrawana ||

33. Prabu Yudayana karsa karya undhi | măngka sayêmbara | sintên kang wignya nadhahi | dhawahing undhi punika ||

34. kang ingunbulakên[4] winisudha dadi | punggawa narendra | sarta ginanjar mas picis | andina-dina mangkana ||

35. ingkang dadya kasukannya sri bopati | ngantos praptèng măngsa | asuji gya santun warsi | Nalayudi măngsa sitra ||

36. candrasangkala angkanira winilis | astha tus lan sapta | ing ari Rêspati Manis | Sang Aprabu Yudayana ||

37. miyos siniwaka munggwing păncaniti | pêpak gunging wadya | tan ewah lir sabannèki | dwi patih gya dhinawuhan ||

38. yèn sutanya Sang Arya Sarata nguni | kang sirnèng paprangan | duk mêngsah

--- 1: 163 ---

Natèng Madhili | kang nama Radèn Sadrasta ||

39. mangkya winisudha kinèn anggêntosi | lênggahing sudarma | dinadoskên punggawa ji | sinung ran Arya Sadrasta ||

40. miwah para wadya panêkar kang lalis | kinèn gêntosana | sandika ingkang sinung ling | pinêgat antawisira ||

53. Mêgatruh

1. mangastuti kang sinung sih mring sang prabu | amarêngi santun warsi | Kalakandha raning taun | măngsa srawana marêngi | sri nata kang cinariyos ||

2. arsa têdhak cangkrama ngiras nênumpu | dhatêng tambak Ngèrudadi | sarwi nitih giyota gung | pun Timanaparwa[5] Kyai | kèh wadya dhèrèk sang katong ||

3. dwi nayaka waktra ingkang kinèn kantun | miwah wadya sawatawis | kang kantun têngga kadhatun | ya ta Sri Yudayana Ji | saking karsaning Hyang Manon ||

4. dènnya têdhak cangkrama kalantur-lantur | ngantos dumugi bênawi | Wilogangga mêksa têrus | prapta sawangan jêladri | nglêrêsi kang samodra rob ||

5. milirira Limanaparwa ambêrung | lir dede sawantahnèki | têrus madyèng samodra gung | kadya wontên kang anarik | wau sang sri narakatong ||

6. langkung ajrih dene palwa lampahipun | ingandhêgkên datan kêni | ya ta tan antara dangu | wontên buaya kaèksi | agêng panjang karya gawok [gawo...]

--- 1: 164 ---

[...k] ||

7. ponang palwa sinăngga ing gigiripun | saksana asru ginonjing | tirta larut lir kinêbur | gègèr kang mina lit-alit | ya ta Yudayana Katong ||

8. sawadyanya kalangkung sungkawanipun | acipta manggih bilai | sri nata anulya dhawuh | wadya juru silêm purih | gagapi dhasaring kang jong ||

9. kalih wêlas juru silêm kathahipun | buaya seta duk uning | juru silêm gya sinaut | sadaya wus angêmasi | wangke kambang-kambang katon ||

10. Prabu Yudayana saha wadyanipun | saya gung dènnya prihatin | ya ta tan antara dangu | giyota ginonjing malih | karya gègère ponang wong ||

11. saking srune gonjinge kanang pêrau | ngantos tirtaning jêladri | angêbaki kang pêrau | têmah kèrêm nèng jêladri | kèhing wadyabala katong ||

12. samya pêjah wangke kumambang ing ranu | tan wontên gêsang sasiki | amung Yudayana Prabu | pribadi maksih basuki | ananging lajêng cinaplok ||

13. mring buaya seta saksana winasuh | lir wastra winanting-wanting | sakalangkung kawlasayun | mangkana marmèng dewa di | wontên mina gêng kang katon ||

14. mina wau winastan ulam kaluyu | warnanya pêthak dumêling | gya nrajang buaya pingul | arame dènira jurit | ponang buaya [bu...]

--- 1: 165 ---

[...aya] wus kasor ||

15. nulya sirna buaya datan kadulu | wau Sri Yudayana Ji | binêkta ulan[6] kaluyu | duk èngêt sang sri bopati | langkung kacaryaning batos ||

16. dera mangkya Sri Yudayana dumunung | nèng madyaning pura rukmi | sakalangkung sri dinulu | sarta mina waudadi | Sang Patih Dwara katongton ||

17. kang wus muksa sri nata dupi andulu | yèn kang uwa Dwara Patih | sigra gupuh dènnya ngrangkul | sarwi sru dènira nangis | hèk sambatnya kang kawiyos ||

18. Sang Bathara Dwara tansah gujêng guguk | sarya gupuh ngacarani | tumamèng pura mas tatur | tan lênggana sri bopati | sawusira tata lunggoh ||

19. Prabu Yudayana atêtanya gupuh | karantêne andarbèni | pura kancana linuhung | saha karantêne dening | ngantya mangke dèrèng layon ||

20. kang tinanya lon dènnya mangsuli wuwus | dhuh susuhunaning bumi | wruhanta sajatosipun | kang badhe ambilaèni | buaya kasmaran yêktos ||

54. Asmaradana

1. cacak pun buaya putih | punika kumaranira | Dhahyang Suwela yêktose | dene kang tulung paduka | punika inggih kula | awarni mina kaluyu | de samangkya pun buaya ||

2. wus sirna saking jêladri | de wadyabala paduka | sadaya tumêkèng layon [la...]

--- 1: 166 ---

[...yon] | mangkana Sri Yudayana | duk myarsa yèn wadyanya | tumêkèng laya sadarum | dahat sungkawaning driya ||

3. saya sru dènnya prihatin | èngêt kèhing wadyanira | sadaya tumêkèng layon | ya ta Sang Bathara Dwara | miwah Suyati Sang Dyah | langkung wêlas mring sang prabu | nulya matur manuhara ||

4. amrih lipuring rudatin | dhuh-dhuh anggèr sri narendra | mugi ywa sandeyèng batos | mênggah sirnaning pra wadya | inggih pun uwa sagah | mulyakakên lir ing ênu | nanging panyuwun kawula ||

5. mring anggèr jêng sri bopati | mugi-mugi jêng paduka | kagungana manah sarèh | ywa sring mahambêk sarosa | ruksa têmahanira | sumawana tur pukulun | pajampua jêng paduka ||

6. ywa dahat karêm cangkrami | ngadat lupiya ing kina | tan sae kadadosane | punikanggèr mantunana | sayêktyantuk widada | miwah èngêta pukulun | punapa ta saenira ||

7. angulah kang tanpa kardi | sayêkti langkung prayoga | ngulah kang wontên damêle | lirira atur kawula | pakantuknya punapa | lêlangên mring samodra gung | langkung sae ngulah praja ||

8. tur mindhak raharjanèki | wadèntên wontên bêbasan | mungguh jêng sri narakatong | aywa tinggal kalangênan | mrih sukaning wadyendra | bêbasan punika tuhu | nanging

--- 1: 167 ---

yèn sampun santosa ||

9. waskitha ing pamatawis | mring kridhanirèng kanang rat | yêkti wêwah wibawane | sinarêng dèrèng santosa | lajêng nêdya sarosa | sawastu kadadyanipun | tan prayogi puwaranya ||

10. Bathara Dwara dènnya ngling | sarwi gumujêng mrih datan | dadya runtiknya sang katong | mangkana Sri Yudayana | duk myarsa turing uwa | kèksi dahat suka sukur | narima ing parimarma ||

11. dahat nalăngsa sêdyapti | ngèstokkên wêlinging uwa | Bathara Dwara turnya lon | dhuh anggèr kauningana | sayêktose paduka | nèng jaman sajroning ranu | miwah pun uwa punika ||

12. satuhu datan ngêmasi | gih punika paripurna | mantuk mring kaanan ingong | karantênipun kawula | trahing Sang Hyang Kesawa | mila karsèng jawata gung | dadya jawataning tirta ||

13. saha pinaringan nami | kasêbut Bathara Dwara | myang kuningana yêktose | manungsa punika dahat | pêjah satuhunira | wondene ingkang sinêbut | pêjah punika datan lyan ||

14. pan namung ingkang kaèksi | kalawan netra kawala[7] | awit punika labête | ing napsu kalawan hawa | kalawan napsu dhahga | punapa anggèr tan emut | suraosing Darmasunya ||

15. sawastu wus datanpa ngling | dhatêng laraping panyipta | tumamèng don kang

--- 1: 168 ---

kinaot | mangkana Sri Yudayana | duk myarsa sabdèng uwa | sung wasita kang linuhung | andhêku sangêt nalăngsa ||

16. wusnya mangkana sang aji | ingaturan kondur nulya | mring Ngastina karantêne | pra wadya kang têngga praja | dahat dènnya sandeya | sarta binêktanan mancung | mèsi urang langkung kathah ||

17. miwah ngaturan wêwêling | ywa andangu saniskara | kinèn bidhala kemawon | sang nata datan lênggana | gya pamit jinurungan | wisata anyangking mancung | kacarita duk samana ||

18. sawêg mêngkêr sampun prapti | sajroning praja Ngastina | punang mancung wau dados | palwa pun Limanaparwa | urang punika dadya | wadya pandhèrèk sang prabu | nunggil sajroning baita ||

19. sadaya prasamya guling | lajêng ginugah sadaya | nata kondur angadhaton | pra wadya mantuk sowangan | nata nulya wêwarta | salwiring lampahanipun | dhatêng pramèswari nata ||

20. Rêtna Dèwi Gêndrawati | dahat ngunguning wardaya | puwara sokur ing Manon | kacarita duk samana | Patih Arya Supadma | myang Danurwedha panuju | datan dhèrèk mring sang nata ||

21. sarêng ing antawis ari | lan têdhaknya sri narendra | nulya wontên kang wêwartos | bilih jêng sri naranata | anêmahi sangsara | ing sawangan samodra

--- 1: 169 ---

gung | sirna saha wadyanira ||

22. miwiti malah mêkasi | dwi patih gumujêng sarya | wêwarti bilih sang katong | lan palwa Limanaparwa | saha wadya samoa | wus kondur taksih rahayu | akarya gambuh ing driya ||

55. Gambuh

1. patih dwi dahat sokur | tan rinuwi ing antawisipun | duk samana amarêngi santun warsi | Rautri têngraning taun | suryasangkala winiyos ||

2. sapta tus wolung puluh | pănca căndrasangkala kaetung | wolung atus sasanga langkungirèki | măngsa manggasri lumaku | anênggih kang cinariyos ||

3. Sri Yudayana Prabu | ri Rêspati Paing wanci esuk | miyos sinewaka munggwing păncaniti | wadyendra nangkil supênuh | tan ewah lir kang wus klakon ||

4. kêkalih mantri ngayun | dhinawuhan mring jêng sang aprabu | matah wadya kang dhèrèk têdhakira ji | mangkya karsanya sang prabu | arsa têdhak pêparandon ||

5. cangkrama anênumpu | dhatêng Wagiswara wulusan gung | miwah kinèn ananggênahna wadya ji | kan kantun têngga kadhatun | sandika kang tampi dhawoh ||

6. Sri Yudayana kondur | malbèng pura kadwi mantri ngayun | sawadyanya sowang-sowangan umulih | enjingnya kang tampi dhawuh | amatah kinèn mirantos ||

7. kang umiring [u...]

--- 1: 170 ---

[...miring] sang prabu | miwah ingkang kantun ing praja gung | samaptaa sakèhe kanang piranti | dènira arsa nênumpu | samana kang têngga kraton ||

8. Supadma mantri ngayun | dene ingkang umiring sang prabu | Patih Danurwedha sapanêkarnèki | duk wus samêkta sadarum | Sri Yudayana gya bodhol ||

9. saha wadya gumuruh | têpi marga kathah kang dêdulu | rêroncène ing marga datan ginupit | duk prapta ing wulusan gung | ing Wagiswara sang katong ||

10. laju prasamyambujung | sato wana gegeran lumayu | kacarita Sang Sri Yudayana Aji | kapisah lan wadyanipun | kalunta-lunta dènnyandon ||

11. wau jêng sang aprabu | ngasta panah sagandhewanipun | datan pisah ingasta tansah pinusthi | ya ta mangkana sang prabu | sariranira karaos ||

12. lêsah sing sayahipun | sarta katoran kapengin ngunjuk | măngka wana Wagiswara awis warih | kyèhning jurang myang lêlubuk | lêbak sumbêre tan katon ||

13. samya asat sadarum | sadangunya Yudayana Prabu | ngupados we tan dangu umiyat warih | kètèsing êpanging kayu | labête katoran yêktos ||

14. supe wiwekanipun | gya nadhahi we kang kètès wau | dene ingkang kinarya nadhahi warih | kaliyang plasa pinincuk |

--- 1: 171 ---

gya tinadhahkên lon-alon ||

15. dupi kêbêking pincuk | nulya angangkat arsa dèn unjuk | nulya sinambêr ing ayan[8] wana putih | punang tirta mawut-mawut | karya ngungune sang katong ||

16. pincuk nulya pinundhut | dupi angsal satêngahing pincuk | gya sinambêr dhatêng ayam wana malih | tirta wutah mawut-mawut | ngêbêsi asta sang katong ||

17. ngantos rambah ping têlu | anadhahi tansah binabedhung | sri narendra dahat dukanya tan sipi | gya mênthang jêmparingipun | laraping wastra cumlorot ||

18. sang ayam wana pingul | kapanduk sorirèng têlihipun | sanalika wus sirna datan kaèksi | ya ta tan antawis dangu | Bathara Dwara kang rawoh ||

19. jlêg nèng ngarsa sang prabu | tanpa sangkan nênggih praptanipun | sarwi matur angrêrêpa ngasih-asih | dhuh-dhuh anggèr sang sinuhun | pêpundhèning rat sayêktos ||

20. kuningana pukulun | yêktinya kang warna ayam pingul | nyambêr tirta ingkang paduka jêmparing | inggih kawula satuhu | mrih mijilkên karahayon ||

56. Mijil

1. kinarya warana asung peling | dhuh jêng sang akatong | kuningana yêktine kanang we | dede toya marta kang sayêkti | punika wisaning | naga kang mrih lampus ||

2. kadadosan kumaranirèki [kumarani...]

--- 1: 172 ---

[...rèki] | mêngsah jêng sang katong | Dhahyang Suwela ngantya samangke | punang naga kang angarah pati | taksih wontên yêkti | nèng pang mandira gung ||

3. nêdya măngsa mring paduka gusti | priksanana gupoh | gèn kawula warni ayam kate | anambêri tirta sêdya patik | gyan kawula apti | rumêksa sang prabu ||

4. bilih kenging nanging wus tan kêni | karsaning Hyang Manon | yèn samangkya paduka wus kênèng | wisanira naga langkung mandi | yêkti wus tan kêni | tinulak pukulun ||

5. sabab wisa ingkang langkung mandi | wus rumasuk yêktos | dhatêng angga tuwan saindênge | punapa tan èngêt duk rumiyin | wontên ing jêladri | pun uwa wus matur ||

6. aywa karêm cangkrama wanadri | tan prayogi yêktos | mangkya tuwan taksih darung bae | jro cangkrama badhe anglampahi | nistha lir wong cilik | kados ta sang prabu ||

7. nata binathara nyakrawati | katoran ing êndon | têka arsa angunjuk kanang we | panggenannya saru dèn tingali | tan pantês trapnèki | ing pamatrapipun ||

8. ila-ila ing kina kawarti | datan wande dados | sangsayaning sarira sang rajèng | karantên tan wontên narapati | ingkang anglampahi | nistha sababipun ||

9. nata punika musthikèng bumi | wusnya tur wêwartos | Sang Hyang Dwara muksa

--- 1: 173 ---

sing ngarsane | ya ta Sang Sri Yudayana dupi | samuksanirèki | dahat amiduwung ||

10. dera cangkrama dhatêng wanadri | ciptaninèng batos | lamun badhe manggih wisayane | ananging pinupun[9] yèn wus pasthi | pêpasthèning Widhi | kang sampun dhumawuh ||

11. rèhne kraos badhe anêmahi | tumêka ing layon | mila Prabu Yudayana mangke | gya angèsthi kasampurnannèki | tan lirip laraping | panyipta pinuntu ||

12. pêpuntoning tyas santosa yêkti | tan samar praptèng don | sanalika èngêt wêwêlinge | ingkang uwa Sang Hyang Dwara bilih | wontên ingkang mawi | wisaning naga gung ||

13. Dhahyang Suwela kumaranirèki |[10] Yudayana Katong | gya tumênga arsa nyatakake | katingal taksaka gêng nglangkungi | sumaladhang munggwing | panging mandira gung ||

14. punang naga nulya jinêmparing | blas sirna tan katon | sasirnaning naga sang pamase | pinanggih lan para punggawa ji | kang samya ngulati | wau sang aprabu ||

15. gya wêwarti lêlampahannèki | kang miyarsa gawok | Arya Danurwedha sawadyane | samya ngungun tan anyana yêkti | yèn jêng sri bopati | kataman ing ripu ||

16. wusnya wawêca Yudayana Ji | gya ambruk ing ênggon | Patih Danurwadhe[11] sakancane | duk umiyat mring sri narapati | wadananirèki [wa...]

--- 1: 174 ---

[...dananirèki] | lir terong kinulub ||

17. angganya sakojur abuh sami | pra wadyendra gupoh | ingangkat mring jêmpana sang rajèng | binêkta kondur dhatêng nagari | sapraptaning puri | sri nata gya surud ||

57. Sinom

1. Narpadayita Ngastina | Sang Rêtna Yu Gêndrawati | miwah catur ari nata | myang para punggawa aji | sadaya arudatin | sanggèn-gèn tangis gumrumung | samya wayang-wuyungan | sawusnya miyarsa warti | ingkang dadya bêbukaning gêrah nata ||

2. pra ari nata sakawan | miwah para punggawa ji | anulya sami sudhiya | ngrukti pirantining lalis | sawusnya dèn sucèni | siniram ing arum-arum | gănda wida myang jêbat | kasturi angambar amrik | gya winot ing salêbêting pantisawa ||

3. gya pinarnah anèng sanggar | tinuguran para rêsi | ajar pandhita sogata | miwah para punggawa ji | Arya Supadma Patih | wus utusan alêlayu | mring wukir Manikmaya | miwah mring Gêndara nagri | datan kacariyos Prabu Gandaprawa ||

4. myang Sang Rêsi Sidhikara | sêsarêngan praptanèki | kadwi samyanglut sungkawa | myang para pandhèrèknèki | kasbut bêbasan muni | sasat sinambêr ing ulung | yêkti yèn datan nyana | mênawi Jêng Sri Bupati | Yudayana mangkya anêmahi seda ||

--- 1: 175 ---

5. marma têtiyang Ngastina | warata gung alit sami | kasoking sungkawa dahat | dupi sirêp ingkang tangis | layon sigra binasmi | nèng madyaning alun-alun | enggaling kang carita | dupi antuk pêndhak ari | putra nata kang nama Dyan Gêndrayana ||

6. ingangkat jumênêng nata | jêjulukira narpati | Maha Prabu Gêndrayana | kala samana wus sami | enggar tyasing wadya lit | kayoman ing prabanipun | sang narendra taruna | salêbêting gangsal warsi | ayêm têntrêm tan wontên kang rinuwiya ||

7. dupi andungkap nêm warsa | sajroning Damuha warsi | suryasangkala angkanya | sapta tus lan sangang dèsi | satunggal langkungnèki | căndrasangkala ingetung | astha tus gangsal wêlas | măngsa kartika marêngi | rinuwiya Sang Aprabu Gêndrayana ||

8. ing mangkya anandhang roga | madal salwiring usadi | kyèhning măntra tan tumama | ibundra Dyah Gêndrawati | dahat sungkawanèki | sari ratri gung amuwun | dene gêrahing putra | sangsaya dènnya ngranuhi | Sang Dyah Gêndrawati supe dhahar nendra ||

9. kang cinipta ing wardaya | amung waluyanirèki | kang putra Sri Gêndrayana | tan pêgat waspa umijil | awit gêrahira ji | sampun sawatawis dangu | ngantos sawang kunarpa | dwi patih sawadyanèki [sawa...]

--- 1: 166[12] ---

[...dyanèki] | samya tugur wontên salêbêting pura ||

10. sumawana paman nata | tansah dènnya kontrang-kantring | dènira pados usada | nanging mêksa tanpa kardi | mangkana eyang aji | Sri Gandaprawa panuju | wontên praja Ngastina | dahat sungkawaning galih | angraoskên gêrahipun ingkang wayah ||

11. Maha Prabu Gandaprawa | nulya nglêmpakakên kyèhning | ajar rêsi myang pandhita | kinèn sami amêmuji | mring dewa kang linuwih | supadya wayah sang prabu | tuk aksamaning dewa | sinungan waluya jati | sarta lulus dadya pandam pangauban ||

12. jagat raya nuswa Jawa | pêpak pra wiku kang prapti | amêmuja mring jawata | mrih mulya gêrahira ji | parmaning dewa luwih | tinarima pujanipun | sang nata wus waluya | kang ibu Dyah Gêndrawati | myang kang eyang Sri Gandaprawa Gêndara ||

13. myang sakèhing wadyabala | gêng alit rumaos sami | dahat suka sokurira | mring dewa ingkang linuwih | dera sri narapati | nirmala waluya tuhu | mila wahyaning suka | Prabu Gêndrayana nuli | anggêganjar lumintu sadina-dina ||

14. mring sagung para pandhita | pra wiku wadya gung alit | warata datan kliwatan | mila sadayanya sami | suka nuhun turnèki | pra pandhita miwah wiku | kang

--- 1: 167[13] ---

sumiwi nèng praja | dèrèng kalilan umulih | sabên dalu kinarsakkên bawarasa ||

15. myang kinèn mêdharkên jăngka- | ning nata ing nuswa Jawi | ingkang dèrèng kalampahan | kacarita pangajênging | wiku anama Rêsi | Gandheya lon dènnya matur | bêbisik mring Sang Nata | Gandaprawa turirèki | yèn Sang Prabu Gêndrayana têmbe dadya ||

16. sudarmanya Hyang Kesawa | kang satuhu Wisnumurti | anyakrawati ing jagad | Sri Gandaprawa duk myarsi | dahat sukuring galih | dene wayahira sampun | winêca kang kadyèka | sagunging kang para rêsi | para wiku para pandhita sadaya ||

17. pinisuka sinakarsa | wontên Ngastina nagari | sarta tansah ginaganjar | datan pêgat sari-ari | taksih anunggil warsi | ing măngsa sitra lumaku | ginupit tilarannya | atmaja Wiraka Aji | ing Madura kang patutan saking garwa ||

18. Dèwi Tamioyi nama | ingkang pambajêng pawèstri | Dyah Nariti namanira | ing warna ayu linuwih | karsa nata samangkin | pinikramakakên antuk | putra Patih Supadma | Arya Sutiksna rannèki | rayinira Dyah Nariti ingkang nama ||

19. Dyah Naruki karsa nata | tinarimakakên maring | wadyendra Arya Sunjaya | kaprênah arinirèki | Arya Sutiksna sami [sa...]

--- 1: 178 ---

[...mi] | atmaja sang mantri ngayun | kala samana dènnya | amiwaha gêng nglangkungi | sawêdalnya kadwi pangantyan wanodya ||

20. saking pura tinampenan | dhatêng Sang Supadma Patih | panggih wontên kapatihan | samya among suka ngênting | roncène tan rinuwi | dupi ing sapêkênipun | pangantèn manjing pura | binawahan gêng nglangkungi | ananging tan rinuwyakkên ramenira ||

21. taksih salêbêting warsa | Sadamuha amarêngi | tumindak măngsa palguna | Sang Sri Gêndrayana Aji | karsa puruhita mring | Bagawan Gandheya laju | winulang salwirira | kadibyan miwah kasaktin | kanthi kawijayan wus tumplêk sadaya ||

58. Kinanthi

1. ya ta mangkana Sang Prabu | Gêndrayana wus winasis | nuntên Bagawan Gandheya | winisudha mring sang aji | dinadosakên brahmana | wontên Ngastina nagari ||

2. taksih salêbêting taun | Sadamuha sri bupati | krama antuk atmajanya | Supadma Patih taruni | ran Padmawati Sang Rêtna | kalêrês arinirèki ||

3. Arya Sunjaya puniku | sarêng lan atmajanèki | Arya Prabu Ramayana | Dyan Padmayana wêwangi | dhinaupakên kalihan | wayah Danurwedha Patih ||

4. anênggih atmajanipun | Arya Danurja rannèki | Sang Dyah Madani punika | dhaup nèng sajroning [sajro...]

--- 1: 179 ---

[...ning] puri | langkung gêng pamiwahanya | andhatêngkên suka ngênting ||

5. ngantos sawatawis dangu | Sri Gêndrayana gyannèki | among suka andrawina | lan sagung para narpati | miwah punggawa sadaya | dènnya karêm nginum bukti ||

6. sari-ari tansah wuru | punapa malih samangkin | mawi wêwah kalangênan | ing sabibaripun bukti | lajêng karsa ajar yuda | lir tataning prang sayêkti ||

7. para wadyabala prabu | wontên kang anandhang kanin | miwah wontên ingkang tiwas | duk samana Sri Bopati | Gandaprawa ing Gêndara | miwah Sidhikara Rêsi ||

8. taksih wontên ing praja gung | wau kang eyang kêkalih | miwah para pinituwa | tan pêgat atur pêpeling | mrih ywa ngantya kalajêngna | karsendra ingkang kadyèki ||

9. karana lêpiyanipun | ing kina-kina kawarti | para natata ingkang karsa |[14] lêlangên ingkang kadyèki | puwara badhe sungkawa | wontên cap-ucapannèki ||

10. sadhengah ingkang angugung | dhatêng ardaning panggalih | saèstu manggih ardaya | makatên ugi sang aji | yèn tan ngeman dhatêng wadya | saèstu wadyanirèki ||

11. suda kasantosanipun | nanging Sri Gêndrayana Ji | tan pisan yèn maèlua | mring atur ingkang kadyèki | malah netya mèsmu rêngat | ya ta mangkana Sang Aji ||

12. Gêndara

--- 1: 180 ---

miwah sang wiku | miwah para wrêda sami | duk aturnya tan pinyarsa | samya mantuk tanpa pamit | Sang Aprabu Gêndrayana | nglaju karsa kang tan yuti ||

13. dera mangkana sang prabu | ngantos dumugi ing warsi | Sujarêha duk ing măngsa | wisaka mangkya rinuwi | Maha Prabu Gêndrayana | ing ri Rêspati Pon enjing ||

14. miyos sinewèng wadya gung | pêpak sadaya kang nangkil | tan ewah lir saban-saban | dupi lênggah sawatawis | Prabu Gêndrayana têdhak | mring alun-alun pan apti ||

15. ajar-ajar pêrang pupuh | gêlaring prang salin-salin | langkung rame tiningalan | wadyendra kathah kang kanin | wênèh wontên ingkang pêjah | dupi sayah ing ajurit ||

16. Prabu Gêndrayana wangsul | pinarak ing păncaniti | para punggawa sadaya | pan sampun sumiwi malih | lajêng amboga drawina | kêmbul lan pra punggawa ji ||

17. lah ing kana Sang Aprabu | Gêndrayana mangkya tampi | cobaning Suksma kawêkas | sagung dhaharan tan kenging | pinêndhêt saking wadhahnya | ulam tan kenging cinuwil ||

18. sêkul tan kenging pinuluk | sadaya kang warni daging | samya mancolot lir gêsang | badhèg waragang lan awis | botên kenging kaunjuka | lèngkèt lan wadhahirèki ||

19. mangkya Gêndrayana Prabu | kalangkung meranging galih | ciptantuk sikuning dewa |

--- 1: 181 ---

lajêng kondur ngênyapuri | para punggawa bibaran | sowang-sowangan umulih ||

20. ing driya dahat wulangun | kawuwusa duk ing ratri | sang nata sangsaya dènnya | kagagas-gagas ing galih | gya lolos anis sing pura | ngikis ratri tanpa kanthi ||

21. sêdyanira sang aprabu | anglampus sariranèki | dhatêng samadyaning wana | mangkana sang pramèswari | Dyah Padmawati uninga | mêngkêre sri narapati ||

59. Pangkur

1. tan darana sang lir rêtna | de uninga wêwadosing raka ji | ingkang dadya lolosipun | Padmawati Sang Rêtna | sruning asih mring raka sigra anusul | sêdyaning tyas tumuntura | sapurugira narpati ||

2. wijilira sang lir rêtna | saking pura tan ana kang udani | saking karsaning Hyang Agung | katlisiban lampahnya | karsaning dewa kinarya sanès purug | sarêng enjing ibu nata | Sang Rêtna Yu Gêndrawati ||

3. miwah parêkan ing pura | tan anyana manawi sri bopati | myang Padmawati Sang Ayu | wus lolos saking pura | pan dinalih saking sangêtirèng wuru | kalantur sare lan garwa | mila tyang sajroning puri ||

4. tan ana opyak kecalan | dhatêng gusti nata myang pramèswari | kunêng kang lolos ing dalu | miwah ingkang tinilar | mangkya gênti anênggih ingkang winuwus | nagari ing tanah sabrang [sa...]

--- 1: 182 ---

[...brang] | Nungsakambana rannèki ||

5. duk ing nalika punika | sarêng-sarêng ing lêlampahannèki | nanging gêntos patrapipun | èwêd yèn sinarêngna | kang jumênêng nata rasêksa jêjuluk | Maha Prabu Drawilaka | digdaya prawirèng jurit ||

6. sura sêkti măndraguna | pilih tandhing bobote ing ajurit | wadya rasêksa tanpetung | tur samya santanendra | darbe kadang sajuga warni naga gung | sakalangkung saktinira | wignya manjing agal rêmit ||

7. ran Naga Ardhawalika | Prabu Drawilaka pêputra kalih | kang sêpuh jalu kasêbut | nama Arya Drawaya | arinira rasêksi de namanipun | Dyah Drawiyani kadwinya | widigda putus ing jurit ||

8. pangulahing endrajala | amumpuni salwirirèng kasêktin | wigya manjing ajèr ajur | kacarita sanèsnya | têdhakirèng jawata Bathara Wisnu | tan ana ingkang kawawa | tumandhinga ing ajurit ||

9. dhatêng kadwi rajaputra | putrinira Sri Nungsakambana Ji | ya ta nalika puniku | ditya Arya Drawaya | umarêk ing rama Drawilaka Prabu | amêmothah minta lilah | lêlana mring tanah Jawi ||

10. karana Arya Drawaya | myarsa warti bilih garwanirèki | Natèng Ngastina kang kasbut | Sang Prabu Gêndrayana | garwanira Dyah Padmawati Sang Ayu | warnendah [warne...]

--- 1: 183 ---

[...ndah] datanpa timbang | ngasorkên para apsari ||

11. karsanya Arya Drawaya | arsa dhatêng Ngastina lampah juti | andhustha dhatêng sang ayu | garwa Sri Gêndrayana | karana tan bakit anahên wulangun | Prabu Drawilaka nabda | adhuh putraningsun kaki ||

12. aywa sira nglaju karsa | kang mangkono sayêkti tan prayogi | wruhanira iku kulup | Sang Prabu Gêndrayana | yèku trahing jawata Bathara Wisnu | ratu agung binathara | anyakrawati ing bumi ||

13. sugih bala para raja | suhunaning nata satanah Jawi | marma gung sandeyaningsun | yèn nganti kawadaka | sêdyanira iku yêkti nora wurung | kalêbu ing paribasan | sulung kang alêbu gêni ||

14. kriwikan dadi grojogan | tur ta măngsa mênanga ing ajurit | wong Nungsakambana mungsuh | lawan Nata Ngastina | yèn misuwuring pawarta garwanipun | Maha Prabu Gêndrayana | kang nama Dyah Padmawati ||

15. dhasar luwih ayu endah | warnanira ananging ingkang nami | Prabu Gêndrayana mau | iya luwih bagusnya | jaring warta lir Hyang Asmara tumurun | dadine wus têtimbangan | bagus lan ayu linuwih ||

16. apa manèh sun watara | kang sirapti Sang Dèwi Padmawati | măngsa rêmêna sirèku | sayêkti yèn pilalah | lakinira priyăngga warnane bagus |

--- 1: 184 ---

tur padha băngsa manungsa | marma wurungêna kaki ||

17. sêdyanta ingkang mangkana | angur sira ngupayaa liyaning | putri atmajaning ratu | kaya-kaya tan kurang | ingkang ayu ngungkuli kang sira ayun | ing ngêndi dadi karsanta | ingsun lumaku pribadi ||

18. kang andhodhog korinira | kang nglungguhi salunira sayêkti | mêngkono bêbasanipun | yèn ana pêpanggilnya | tiba sampir pun bapa karyanên kulup | patukonirèng kramanta | pun bapa datan gumingsir ||

19. kunêng sabdanirèng rama | Rajaputra Drawaya duk miyarsi | tan gugu mêksa andarung | tan kêni pinambêngan | yèn ngantosa tan widada karsanipun | mondhong Padmawati Sang Dyah | aluwung tumêkèng lalis ||

20. nèng ngarsaning rama nata | sarwi nangis aturnya rajasiwi | ya ta Drawilaka Prabu | langkung wêlas umulat | tangisira ingkang putra gya jinurung | alon pangandikanira | adhuh putraningsun kaki ||

21. yèn mangkana karsanira | ingsun iya mung jumurung basuki | sun rewang-rewangi kulup | acêgah dhahar nendra | kalakona kang dadi sêdyanirèku | ananging wêwêkas ingwang | marang sira dèn aeling ||

22. yèn ing têmbe sira bisa | dhustha marang Sang Dèwi Padmawati | dèn arêmit dèn asamun | ywa kawruhan ing liyan | yèn wus kêna dèn age muliha [muli...]

--- 1: 185 ---

[...ha] kulup | ingsun dahat ngarsa-arsa | laksitanta glisa prapti ||

23. ing nagri Nungsakambana | ywa kasuwèn ana ing marga kaki | Arya Drawaya umatur | sandika nulya bidhal | ya ta sarêng ing dalu punika wau | arining Arya Drawaya | kang nama Dyah Drawiyani ||

24. wus lami dènnya mangarang | rangu-rangu kandhuhan brăngta kingkin | kapencut ujaring tutur | yèn nata ing Ngastina | Prapu[15] Gêndrayana warnanira bagus | lir Hyang Asmara tumêdhak | dadya Rêtna Drawiyani ||

25. kapencut dadya garwanya | saking sruning kasmaran dahat kingkin | kakênaning tyas malad kung | cêgah dhahar lan nendra | kang cinipta ing siyang pantara dalu | mung kalampahana dadya | pramèswarining mêmanis ||

60. Dhandhanggula

1. dhanganing tyas Rêtna Drawiyani | duk samana ing rudatinira | datan kawistara ing lèn | mung pinêsu ing kalbu | sarêng mangkya Dyah Drawiyani | miyarsa yèn kang raka | kesah angêlangut | mring Ngastina arsandhustha | pramèswari kang nama Dyah Padmawati | sang dyah kêlangkung suka ||

2. cipta antuk pitulunging Widhi | sinêmbadan kang dadya karsanya | sigra umijil ciptane | arsa lolos sang ayu | saking Nungsakambana puri | sêdyanya sumusula | mring raka ngêlangut | mring Ngastina bokmanawa | dadi lintunira Rêtna Padmawati | kang dhinustha ing

--- 1: 186 ---

raka ||

3. nanging karsaning Hyang Sidhajati | laksitanya Sang Arya Drawaya | tan tunggil lawan arine | kasanès marginipun | sigêg lampahira sang kalih | rasêksi lan rasêksa | mangkya kang winuwus | nagari Nungsakambana | duk enjingnya Prabu Drawilaka uning | sirnane putrinira ||

4. dupi tita pangupayanèki | tan kapanggya nata wus acipta | manawi nusul kadange | dinalih nunggil kayun | mila dahat dènnya prihatin | ginubêl ingkang garwa | dene tindakipun | kadwi putra tanpa rowang | ingkang garwa matur kinèn anusuli | wadyendra kang pinata ||

5. mring Ngastina angawat-awati | Prabu Drawilaka duk miyarsa | lir ingosikkên galihe | sigra nimbali gupuh | wadya rota dênawa kalih | satunggal ran Sabata | Bahana dwinipun | taksih santana yaksendra | praptanira sinung wikan yèn putra dwi | samya nis saking praja ||

6. alêlana saking tanah Jawi | sêdya dhustha pramèswarinira | Natèng Ngastina arane | Dyah Padmawati iku | mila para punggawa kalih | dhinawuhan nusula | sapanêkaripun | amêmanuki putranya | sarta lajêng kinèn apacaka baris | saking ing katêbihan ||

7. lan winêling kinèn ngisêp warti- | nira putra nata sakalihan | yèn tiwas punggawa kinèn [kinè...]

--- 1: 187 ---

[...n] | laju angêbyuk ngamuk | mèt pêpulih saantuknèki | dene yèn angsal warta | dwi putra rahayu | kinèn lajêng mring Ngastina | yèn wus têrang unggyanira putra kalih | sarta taksih raharja ||

8. pinuriha enggala umulih | dhatêng praja ing Nungsakambana | tur sandika ingkang kinèn | sigra budhalan sampun | sawadyanya mèstuti wêling | lêpas laksitanira | tan winarnèng ênu | wus prapta ing tanah Jawa | kyèhing ditya sami kèndêl gunêm kawis | măngka dhawuhing nata ||

9. lamun sami datan antuk kardi | sami pinocok utamangganya | kunêng caraka lampahe | mangkya gantya winuwus | lampahira sang putra kalih | rasêksi lan rasêksa | ing sapraptanipun | tanah Jawi lampahira | numpal kèli arsa mring Ngastina nagri | ananging lampahira ||

10. Arya Drawaya Dyah Drawiyani | karsaning dewa tan tunggil marga | sowang-sowangan lampahe | sarta sami datan wruh | margi ingkang anjog mring nagri | lir kinuncang ing dewa | samya kabalasuk | dhatêng samadyaning wana | laksitanya dahat dènnya kawlasasih | ing nalika punika ||

11. karsaning jawata dènnya paring | jêjalaran dhatêng sang rasêksa | miwah rasêksi kang anèm | rinuwiya ing dalu | Sang Arya Drawaya kapanggih |

--- 1: 188 ---

Sang Prabu Gêndrayana | anulya andangu | margi kang dhatêng Ngastina | Prabu Gêndrayana dèrèng amangsuli | lajêng gêntos têtanya ||

12. karantêne atêtakèn margi | ingkang anjog dhatêng ing Ngastina | sang arya èwêd driyane | dadya datansah manggu | tinititi datan mangsuli | Sang Prabu Gêndrayana | wus andugi lamun | kèndêlira sang rasêksa | katawising pakèwêd angêmu wadi | nata arum ngandika ||

13. mamèt prana amêmalat galih | mrih puruna rasêksa sajarwa | ingkang sinêdya badhene | mangkana sabdanipun | dhuh yogèngsun rasêksa pêkik | apa sira sandeya | marang jênêng ingsun | wruhanira ingsun dewa | nganglang jagad yèn sira sajarwa maring | dewa kang kaya ingwang ||

14. ingkang dadya wêwadinirèki | miwah sêdyanira jarwakêna | aywa sira kumbi anggèr | sayêkti jênêng ingsun | nêmbadani kalakonnèki | ingkang dadi sêdyanta | de yèn sira lamun | maksih kumbi tan prasaja | yêkti sira anêmu pangupadrawi | lêbur têmahanira ||

15. têlas sabdanira sri bopati | Arya Drawaya dupi miyarsa | sang nata pangandikane | kalangkung ajrihipun | nulya gupuh amangênjali | sumêmbah pada sarya | sumungkêm ing suku | dahat dènira nalăngsa | mintaksama

--- 1: 189 ---

ing sarèhne tan udani | yèn pinanggih jawata ||

16. nganglang jagad karsa mitulungi | maring titah ingkang darbe sêdya | dinalih manungsa bae | sang mindha sukèng kalbu | lon ngandika hèh yoga mami | yêkti tan dadi dosa | janma kang tan ayun | amidosa mring sasama | Sang Arya Drawaya lêga tyasirèki | sigra umatur nêmbah ||

17. dhuh dhuh adhuh risang maha yêkti | amba kamipurun minta lilah | mugi tinurutan mangke | sêdya kawula ayun | dhustha garwanira Sang Aji | Gêndrayana Ngastina | nênggih kang kasêbut | Dyah Padmawati Sang Rêtna | awit sampun lami gyan kawula kingkin | dèrèng sagêd klampahan ||

18. rèhne ngantos amisuwur saking | tanah sabrang ing Nungsakambana | yèn pramèswari sang rajèng | Ngastina yu pinunjul | ngasorakên para apsari | mila panuwun amba | mugi sang pukulun | paringa sih kawêlasan | rèhne têbih sampun kawula lampahi | praptèng ngriki punika ||

19. numpal kèli kalihan anangis | saking drênging tyas datan angetang | sakit tumêkèng pêjahe | mila yèn ngantos luput | ing pangèsthi amba puniki | saèstune kawula | merang yèn umantuk | mring nagri Nungsakambana | bilih botên kasêmbadan sêdya patik | suka kasirnakêna ||

--- 1: 190 ---

20. wontên ngarsanya sang maha yêkti | lah ing kana Prabu Gêndrayana | duk amiyarsa ature | sang ditya dahat ewuh | cipta radi miduhung dening | ngakên jawata nganglang | anulya andangu | nami lan pinangkanira | kang dinangu umatur kawula nami | Drawaya putra raja ||

21. ditya tanah sabrang ing nagari | Nungsakambana de sudarmamba | Drawilaka jêjuluke | sang namur lon amuwus | mrih tan kawistara kang wadi | dera amindha dewa | hèh-hèh yoganingsun | sang rasêksa rajaputra | sira iku dadi mung kasmaran warti | têmah darung nrang baya ||

22. wruhanira kulup putra mami | pramèswari Ngastina kang aran | Dèwi Padmawati kuwe | nyata ayu pinunjul | nanging ingsun tanya sayêkti | apa mantêp karsanta | gonirarsa mandung | mring pramèswari Ngastina | marga saking rasaning tyas ingsun kaki | pan maksih ewuh-aya ||

23. pakèwuhe ingkang dadi margi | awit sira arupa danawa | yêkti tan dadya sukane | Padmawati Sang Ayu | lawan sira yèn tuk bilai | anèng praja Ngastina | kayaparan tuhu | susahe wong tuwanira | sapa ingkang kinudang bakal gêntèni | kaprabone ramanta ||

24. yêktinira amung sira kaki | marmanira karsanta mangkana | bêcik wurungêna bae | tan prayoga tinêmu | Sang Drawaya [Dra...]

--- 1: 191 ---

[...waya] umatur malih | sarwi nungkêmi pada | dhuh-adhuh pukulun | kang tuhu sih ing kawula | sampun pisan anggalih sudarma patik | awit brăngta kawula ||

61. Asmaradana

1. ninging cipta têbih-têbih | sanadyan nêmahi tiwas | tan garantês sayêktine | dene wus amba têmaha | dene mênawi datan | kasêmbadan sêdya ulun | suka sirnaa samangkya ||

2. upami amba nêmahi | tiwas nèng praja Ngastina | kawula pan maksih darbe | ari jalu kang anama | pun Arya Drawiyana | nanging mangkya maksih timur | ari amba kang panênggak ||

3. èstri ran pun Drawiyani | sadaya tunggil kawula | apan sakawan kathahe | nging kalih maksih taruna | mila upami amba | nêmahi pêjah ing purug | yêkti tan dadya sungkawa- ||

4. ning rama Drawilaka Ji | kuningana sotaning tyas | sarêng kawula samangke | pinanggih lawan paduka | raosing tyas sakeca | rumaos antuk pitulung | tuk nugrahaning jawata ||

5. dene sagêd wawan angling | lawan sang maha bathara | sayêkti manawi badhe | nêmbadani sêdya amba | ya ta Sri Gêndrayana | ing sanalika puniku | antuk marmaning jawata ||

6. binuka ing tingal gaib | uninga yèn ingkang garwa | Dyah Padmawati samangke | anusul sariranira [sa...]

--- 1: 192 ---

[...riranira] | samangkya wus nèng marga | pan inggih lagya kapêthuk | lan rasêksi aranira ||

7. Arya Drawaya kang apti | andhustha ing garwanira | sasolah-bawane kabèh | piniyarsa mring sang nata | dadya Sri Gêndrayana | asrêp ing wardayanipun | mila langkung sokur ing Hyang ||

8. ical sandeyaning galih | nulya lon dènira nabda | hèh kaki Drawaya kowe | ywa sandeya driyanira | yèn dhasar sira nyata | kataman turida gandrung | mring pramèswari Ngastina ||

9. lah iya ingsun idèni | sayêkti bakal katêkan | kang dadya sêdyanta kabèh | ananging manawa sira | maksih rupa rasêksa | sayêkti yèn luwih ewuh | tan kalakon carêm lawan ||

10. Kusuma Yu Padmawati | Arya Drawaya manêmbah | anyumanggakkên ature | supados kalampahana | Sang Prabu Gêndrayana | gya mêcat sêsumpingipun | inganggèkkên mring sang arya ||

11. dupi angangge kang sumping | Sang Arya Drawaya nulya | malih warna lir sang rajèng | tan siwah Sri Gêndrayana | miwah ing swaranira | sadaya pan sampun jumbuh | kalangkung sukaning driya ||

12. gya sujud konjêm ing siti | sanalika gya ingatag | anêruskên laksanane | kinèn anjujug jro pura | ywa kauningan ing lyan | malah jumênênga ratu | gêntosi [gê...]

--- 1: 193 ---

[...ntosi] Sri Gêndrayana ||

13. wruhanira putra mami | marma mangkana karsèngwang | wit Nata Ngastina mangke | kang aran Sri Gêndrayana | samangkya nis sing pura | tan kawruhan wadyanipun | lagya kinuncang ing dewa ||

14. durung mêsthi praptanèki | sanalika Sang Drawaya | tinuduhakên margane | kang anjog dhatêng Ngastina | kang kinèn tur sandika | sukèng tyas anulya sujud | ing pada anulya mangkat ||

15. saking kadibyanirèng wil | datan dangu sampun prapta | laju jujug pura bae | lumêbêt ing pasarean | tan wontên kang uninga | ya ta ing sapêngkêripun | rasêksa Arya Drawaya ||

16. kang mindha dewa lumaris | sêdyaning wardaya arsa | amêthukakên garwane | ya ta gantya kawuwusa | laksitanira Sang Dyah | Padmawati ingkang nusul | ing raka Sri Gêndrayana ||

17. ing ratri punika ugi | sang rêtna panggih kalihan | Dyah Drawiyane lampahe | anulya atakèn marga | kang anjog ing Ngastina | Dyah Padmawati andangu | karantêne tanya marga ||

18. kang anjog Ngastina nagri | Dyah Drawiyani kèwêdan | dènnyarsa sajarwa walèh | dadya mung kèndêl kewala | wau sang pramèswara | uninga sasmitèng kalbu | sanalika lon sabdanya ||

19. dhuh yoganingsun rasêksi | aywa [a...]

--- 1: 194 ---

[...ywa] sira taha-taha | nglairkên sêdyanta kabèh | wruhanira jênêng ingwang | apsari nganglang jagad | dinutèng Bathara Guru | kinèn amitulungana ||

20. kang sami susah ing ati | Dyah Drawiyani duk myarsa | langkung suka nulya walèh | bilih arsa amawongan | mring nata ing Ngastina | kang misuwur ajêjuluk | Maha Prabu Gêndrayana ||

21. awit dening sampun lami | dera kasmaran ing warta | Sri Gêndrayana citrane | yayah Bathara Asmara | sang rêtna duk miyarsa | mèsêm puwara andangu | ing nama miwah pinăngka ||

22. miwah ingkang asêsiwi | Dyah Drawiyani turira | pukulun amba yêktine | rasêksi atmajèng nata | Sang Prabu Drawilaka | Nungsakambana praja gung | lah paduka sang apsara ||

23. sintên sinambating ing sih | Dyah Padmawati maluya | wruhanta manira kiye | Dèwi Sri kêkasih ingwang | dewataning apsara | rasêksi gya makidhupuh | sumêmbah anganoraga ||

24. sarta nuwun idi mugi | anyêmbadani sêdyanya | sang mindha alon sabdane | yèn sira maksih awarna | rasêksi lir samangkya | măngsa klakona sêdyamu | Dyah Drawiyani ngrarêpa ||

25. nyumanggakkên sang sudèwi | mrih kalampahan mawongan | mring Sri Gêndrayana katong | Dyah Padmawati langkung wlas | gya mêcat [mê...]

--- 1: 195 ---

[...cat] sêsumpingnya | minantran pinaring sampun | anulya kinèn nganggea ||

26. dhatêng Dèwi Drawiyani | tinampèn ingangge nulya | anulya malih warnane | ical sipating dênawa | dadya manungsa endah | tan wingwang lan sang rêtna yu | dalah swaranya wus samya ||

27. ngêplêki Dyah Padmawati | nuntên kinèn asiyaga | sartane tinuduh kinèn | anjujug pura Ngastina | ywa kauningan ing lyan | tuwin angakêna tuhu | nama Padmawati Sang Dyah ||

28. mila mangkana wit dening | Dyah Padmawati samangkya | sawêg kinuncang ing Manon | murca saking ing paprêman | tan kantênan prantanya | makatên malih Sang Prabu | Gêndrayana mangkya lagya ||

29. cangkrama dhatêng wanadri | manawi rawuh ing pura | dinalih pramèswarine | mila mangkana karsanya | kang cinipta ing driya | yèn datan panggih sang prabu | mung nêdya nglampus sarira ||

30. mangkana Dyah Padmawati | kadadyan ditya wanita | nulya sumêmbah padane | laju mangkat gêgancangan | saking dibyaning ditya | tan dangu anulya rawuh | anjujug jroning paprêman ||

31. tan wontên ingkang udani | sang mindha waspadèng tingal | yèn salêbêting lêlangse | wontên priya kang anendra | abagus warnanira | gya dinugi yèn puniku | Maha Prabu Gêndrayana ||

32. tanpa taha-taha [taha-...]

--- 1: 196 ---

[...taha] nuli | gupuh dènnya ngaras pada | Prabu Gêndrayana tiron | tan andugi yèn punika | arinira priyăngga | pinondhong sinambut gupuh | binêkta dhatêng paprêman ||

33. nutug dènira karonsih | sari ratri datan pêgat | tan ngangge rêringa malèh | kunêng kang pulang-asmara | ing jro pura Ngastina | mangkya gantya kang winuwus | undurnya Sri Gêndrayana ||

62. Durma

1. paranira Sang Aprabu Gêndrayana | mangkya sampun kapanggih | lawan garwanira | Sang Padmawati Sang Dyah | sruning sami onêngnèki | gya rêrangkulan | sang dyah sarwi anangis ||

2. Dèwi Padmawati matur dhatêng raka | sarya sambat mlasasih | nuwun jinatenan | kang dadya karsanira | dera mendra saking puri | Sri Gêndrayana | sajarwa kalanèki ||

3. ăndrawina lan sagung para punggawa | kenging cobaning Widhi | bêbênduning dewa | rumaos kawirangan | de kaèksi tiwasnèki | milanya kesah | anis saking ing puri ||

4. Dèwi Padmawati matur angrêrêpa | dhuh-dhuh jêng sri bopati | amba kalilana | andhèrèk têdhak tuwan | kang raka wêlas tan sipi | sampun kalilan | lajêng samya lumaris ||

5. sarta sami warah-winarah nalika | pinanggih lan rasêksi | sakalihan samya | dahat pangungunira [pa...]

--- 1: 197 ---

[...ngungunira] | têrus laksitanirèki | dupi byar enjang | têdhakira sang kalih ||

6. praptèng padhusunan satêpining wana | mangkana sri bopati | langkung ngungun miyat | padhusunan kèh sunya | tan dangu sang nata myarsi | swaraning janma | nangis pating jalêrit ||

7. pinurugan ingkang udrasa punika | tyang Narakuswa dèsi | dinangu saksana | karantêne udrasa | kang dinangu turirèki | dhuh sang têtanya | amba manggih bilai ||

8. padhusunan kawula sami rinisak | mring dênawa kang prapti | saking tanah sabrang | nagri Nungsakambana | ambêkta praboting jurit | dwi pangagêngnya | Sabata namanèki ||

9. kang sajuga anama ditya Batana | têtiyang kang anangis | nulya gêntos tanya | nama miwah pinăngka | sang lumaris lon dènnya ngling | ingsun santana | Natèng Ngastina nagri ||

10. dene namaningwang Radèn Erawana | de ariningsun iki | Erawati rannya | kang tanya langkung suka | nulya sami anyuwun sih | kasangsarannya | sang namur anyagahi ||

11. nulya kinèn nêdahkên unggyaning ditya | dupi sampun kaèksi | Radèn Erawana | dhawuh kèn nyumbarana | dupi sampun dèn sumbari | para dênawa | myarsa krodha tan sipi ||

12. samya krura anggro gora magênturan | katur mring wil pangarsi | Sabata Batana [Bata...]

--- 1: 198 ---

[...na] | madêg suraning driya | anggro sigra amurugi | duk jêng-ajêngan | lawan sri narapati ||

13. tandya tanya-tinanya nama pinăngka | miwah sêdyanirèki | puwara dadya prang | sang namur pinarbutan | ananging datan gumingsir | para danawa | kewran tingkahirèki ||

14. dènnya yuda kadya prang lan wêwayangan | kèh danawa ngêmasi | Sabata Batana | kaprajayèng curiga | kêkalih sampun ngêmasi | sesaning pêjah | dhadhal tan mănggapulih ||

15. samya larut kukut lumajêng sar-saran | samya angungsi urip | wênèh mantuk marang | prajèng Nungsakambana | sang namur suka ing galih | sirnaning ditya | janma kang sami ngili ||

16. samya wangsul mring wismanya sowang-sowang | Sri Gêndrayana nuli | ngajêngkên laksita | kadwi lan garwanira | janma kathah wau sami | langkung narima | badhe lajêng umiring ||

17. sapurugnya sang namur nging tan linilan | mangkana lampahnèki | ing samarga-marga | tan pêgat kapêthukan | têtiyang sami angili | karana samya | ajrih solahirèng wil ||

18. gya winarah mring Sang Prabu Gêndrayana | yèn wadya ditya sami | sirna pinêjahan | dening priyangganira | anèng Narakuswa dèsi | kang amiyarsa | samya suka tan sipi ||

19. Prabu Gêndrayana miwah ingkang garwa | têrus laksitanèki [laksitanè...]

--- 1: 199 ---

[...ki] | kang sinêdyèng driya | arsa mring Saptaarga | sêdyanya arsa ngabêkti | candhining eyang | ngiras muja sêmèdi ||

20. anênuwun pangaksamaning jawata | gantya ingkang rinuwi | taksih tunggil warsa | Sadhamuha ing măngsa | srawana mangkya winarni | prajèng Ngastina | nata tiron ing nguni ||

21. kadadyaning rasêksarya Drawiyana | sadangunya nèng nagri | tiyang jroning pura | miwah para pungga |[16] sadaya datan udani | bilih punika | dede gustinirèki ||

22. dipun nyana yèn satuhune sang nata | karana duk ing nguni | sang mindha winêkas | dhatêng sang mindha dewa | prênahing bêbasannèki | mring punggawendra | miwah Dyah Padmawati ||

23. tiron inggih sampun winêling mangkana | mring sang mindha apsari | mila tan kanyanan | manawi mêmalihan | ya ta mangkana winarni | Dyah Padmawatya | ngidham kaworan apti ||

24. aminta gêcok mêntah arsa dhinahar | lawaran tanpa kanthi | dupi sinaosan | tan darana anulya | kang gêcok sigra binukti | puwara dadya | sajatining rasêksi ||

25. lah ing ngriku nata tiron langkung kagyat | tan samar yèn kang rayi | Drawiyani Sang Dyah | marma ing sanalika | nata tiron ngrumaosi | yèn katiwasan | sanalika nulya ngrik ||

26. dadya ditya panggih [pang...]

--- 1: 200 ---

[...gih] lawan arinira | rangkulan sami nangis | langkung kawlasarsa | amiduwung ing tingkah | puwara pinupus bilih | pêpasthèning Hyang | tan kêni dèn singgahi ||

27. lah ing kana tiyang salêbêting pura | kagèt gegeran dening | kalêbêtan ditya | dinugi yèn sang nata | saha garwa sampun sami | minangsèng ditya | wau Dyah Gêndrawati ||

28. miwah para pawongan sajroning pura | gupuh dènira mijil | dhatêng kapatihan | wêwarti yèn jro pura | wotên rasêksa rasêksi | măngsa sang nata | miwah sang pramèsawi ||

29. kadwi Patih Supadma myang Danurwedha | langkung gugupirèki | sigra dènnya undhang | mring para punggawendra | sarta catur paman aji | wus ingaturan | samya tan tolih wuri ||

63. Pangkur

1. mar sumêlanging tyasira | pra wadyendra nulya tumamèng puri | anêdya amunah ripu | danawa kala murka | pra wadyendra duk miyat warnaning diyu | prasamya sura tan taha | ditya tinarajang wani ||

64. Durma

1. ditya Arya Drawaya miwah rinira | rasêksi Drawiyani | ngamuk ambêk patya | langkung rame prangira | jro pura abosah-basih | kadwi danawa | wus tan anyipta urip ||

2. karana wus rumaos wirang kawêntar | ing kathah milanèki | riwut pêrangira | mung mrih marganing

--- 1: 201 ---

laya | puwara Sang Drawiyani | pêjah tinêpak | mring Danurwedha Patih ||

65. Pangkur

1. i ladalah dene salah | nêmbang Pangkur bali mring Durma malih | kang nulis sêmbari ngantuk | mak lêr lagi kemutan | yèn pinatèn pating clorèk nora urut | eman-eman dènnya ngarang | riwe kumyus angêbêsi ||

2. sakojuring angganira | paribasan rasaning we jaladri | kang mangripta isin mundur | têmbung kapadhan ing tyas | sanadyana ginuyu mring kang tan sarju | araning gambar bawana | datan akarya prihatin ||

3. araning kang êdom jala | coban-coban sinau anggêgurit | mrih panglipuring wulangun | nèng sabrang manggung sisah | sari ratri nênuwun dhatêng Hyang Agung | kasêmbadana sêdyanya | mantuk angajawi malih ||

4. sinigêg panglocitamba | anglajêngkên wau kang samya jurit | Sang Arya Drawaya ngamuk | nirbaya nirwikara | pra punggawa ingkang cêlak ambalêdug | puwara kathah kang pêjah | dalah Sang Supadma Patih ||

5. myang arya prabu sakawan | katri arya kasambut ing ajurit | Arya Karsula dwinipun | Risang Arya Sanjata | myang Sang Arya Sadrasta sami kapupu | sirna kasambut ing rana | mila Danurwedha Patih ||

66. Durma

1. kapitêmên pangamuknya ambêk pêjah | rame ngabên kasêktin | tan wontên kuciwa | dwi sami prawiranya [prawi...]

--- 1: 202 ---

[...ranya] | dangu-dangu sang apatih | rèh wus awrêdha | repot tandangirèki ||

2. sinawat ing tomara datan tumama | nanging sampun udani | yèn punika dadya | marganirèng kamuksan | mila Danurwedha Patih | lajêng anyipta | ing kasampurnannèki ||

67. Pangkur

1. dhuh-dhuh pra kang sudi maca | ngapuntêna dhatêng kawula dening | tansah lêpat dènnya ngidung | Mangkur pijêr Andurma | bokmanawi yeka gara-garanipun | muksane Sang Danurwedha | kang angracut rahsanèki ||

2. pangukuding jagadira | kinumpulkên mrih sampurna sayêkti | tanpantara sirna sampun | ing ngriku para wadya | ing Ngastina sasesane ingkang layu | samya lumajêng sar-saran | rêbut ngarsa ngungsi urip ||

3. ditya Sang Arya Drawaya | tan ambujung taksih wontên jro puri | tansah ngrêrisak mêmupuh | wêwangunaning pura | ya ta sagung atmajaning punggawa gung | miwah para wadyabala | sakantune ingkang lalis ||

4. sadaya arsambêk patya | mèt pêpulih murih sirnaning kang wil | nanging wontên wadya sêpuh | kang nyêgah mung muriha | ngungsèkêna ibunira sang aprabu | kang nama Dyah Gêndrawatya | bokmanawi têmbe wuri ||

5. wontên pituduhing dewa | ingkang pantês madêg dadya narpati | ing Ngastina rèh sang prabu | sawadyanya wus sirna | para putra sadaya

--- 1: 203 ---

samya mituhu | puwara sami umarak | mring Sang Dèwi Gêndrawati ||

6. kang wontên ing kapatihan | duk samana kang minăngka pangarsi- | nira para putra wau | sutèng Patih Supadma | namanira Arya Sutiksna kang sêpuh | kang mudha Arya Sunjaya | mangkana Dyah Gêndrawati ||

7. ingaturan lumaksana | ingungsèkkên nanging sang dyah tan apti | saking sangêting wulangun | sang dyah atêmah gêrah | kadwi pisan sukunira dadya lumpuh | pra putra ajrih amêksa | dadya mung sami jinagi ||

8. rinêksa nèng kapatihan | kunêng ingkang samnya nandhang prihatin | mangkya ganti kang winuwus | têdhakira sang nata | Prabu Gêndrayana lawan garwanipun | sapraptanya ing Saptarga | kadwi lajêng angabêkti ||

9. mring candhine ingkang eyang | sari ratri agung muja sêmèdi | minta sihing jawata gung | nênuhun pangaksama | lah ing kana ing sawiji ratri nuju | malêm Anggara Kasihnya | ing wanci sirêping janmi ||

10. Prabu Gêndrayana saha | garwanira mangsah muja sêmèdi | angêningkên ciptanipun | kang pininta jro pudyas- | tawanira amung marganirèng layu | tan antawis dangunira | wontên jawata kang prapti ||

11. Sang Hyang Naradha tumêdhak | awêwarah risaking puranèki | awit ing bêbukanipun | dumugining wêkasan |

--- 1: 204 ---

myang sirnane kadwi nindyamantri ngayun | Supadma myang Danurwedha | Arya Prabu caturnèki ||

12. mangkana Sri Gêndrayana | saha garwa Sang Rêtna Padmawati | duk miyarsa kanang dhawuh- | ira Sang Hyang Naradha | langkung kagyat têmah karuna kapiluh | karănta-rănta ing driya | mèngêt santana kang lalis ||

13. miwah para kulawarga | sumawana sang nindyamantri kalih | mih èngêt ingkang ibu |[17] dahat kawêlasarsa | samantara Sang Hyang Naradha gya dhawuh | babo kulup Gêndrayana | myang sira Ni Padmawati ||

14. êrêmna dwi netranira | sakalihan mituhu mêrêm nuli | ya ta tan antara dangu | kinèn ambuka netra | duk binuka langkung arsayaning kayun | de mangkya wus nèng Ngastina | tur Sang Hyang Naradha taksih ||

15. kaèksi ing ngarsanira | langkung ngungun èsmu suka kang lyali | dene ta namung sapangu | saking ing Saptaarga | tan lumakya mangkya wus anèng praja gung | saking kadibyaning dewa | Sang Hyang Naradha gya paring ||

16. jêmparing măngka pamunah- | irèng satru angkara murka juti | sigra dhinawuhan jujug | wismèng Patih Supadma | awit ingkang ibu manggèn wontên ngriku | sang nata matur sandika | Sang Rêsi Kanekasiwi ||

17. sigra muksa tan katingal | Prabu Gêndrayana lan pramèswari | sakalihan laju njujug [nju...]

--- 1: 205 ---

[...jug] | dhatêng ing kapatihan | duk samana wus panggih lawan sang ibu | miwah ingkang para uwa | tuwin ingkang bibi-bibi ||

18. sarta putraning punggawa | sadayanya rame sami nangisi | awit tan nyana satuhu | yèn Prabu Gêndrayana | taksih sugêng dinugi minangsèng diyu | sotaning tyas kang umiyat | kadyangganing tiyang ngimpi ||

19. puwara samangkya prapta | saha garwa sami taksih basuki | dadya samya suka sokur | mring Suksmana Kawêkas | nulya sami winartan lampahanipun | ing purwa praptèng wasana | myang duk pinaring jêmparing ||

68. Mêgatruh

1. suka ngungun kang myarsa sabda sang prabu | mangkana sri narapati | myang putraning punggawa gung | miwah para sêntana ji | sigra tumamèng kadhaton ||

2. karsanira sang natarsa munah diyu | kang wontên sajroning puri | sapraptaning pura gupuh | anjujug unggyanirèki | dênawa kang karya rusoh ||

3. dupi panggih lan Arya Drawaya diyu | saksana anulya jurit | dwi samya prawiranipun | sami angabên kasêktin | gantya unggul gantya kasor ||

4. dangu-dangu ditya sor prabawanipun | kadibyannya tanpa kardi | sirna kasantikanipun | pêjah kataman jêmparing | karya sukane sang katong ||

5. lah ing ngriku putraning pra punggawa gung | gumuruh surakirèki [surakirè...]

--- 1: 206 ---

[...ki] | saking arsayaning kayun | nata gya dhawuh supadi | kang ibu malbèng kadhaton ||

6. tuwin ingkang uwa ingkang bibi sampun | sadaya tumamèng puri | duk miyat wangkening diyu | dahat gawoknya tan sipi | sokur de wus têkèng layon ||

7. kuwandaning dênawa agung aluhur | yayah kang prabata siwi | wusnya mangkana sang prabu | dhawuh dhatêng wadya aji | kuwandaning ditya kinon ||

8. anglarunga dhumatêng ing narmada gung | sandika ingkang tinuding | kang wangke linarak gupuh | mring Silugăngga bênawi | wusnya mangkana sang katong ||

9. gya utusan mring Gêndara alêlayu | miwah mring Madura nagri | myang mring Manikmaya gunung | ingkang piniji ing kardi | katri punggawa nom-anom ||

10. kang lêlayu dhatêng Manikmaya gunung | Arya Subala rannèki | kang mring Gêndara lêlayu | Dyan Arya Supadma siwi | kang mring Madura sang anom ||

11. Sang Arya Sunjaya prênah arinipun | Arya Sutiksna pan sami | Sang Arya Supadma sunu | katri pan sampun winêling | sêsarêngan dènnya bodhol ||

12. praptèng jawi praja sowangan lumaku | tan winursita ing margi | Arya Sutiksna wus rawuh | ing Gêndara sampun panggih | lawan Gandaprawa katong ||

13. sigra matur salwiring piwêlingipun | Sang Sri Gêndrayana Aji | sadaya [sada...]

--- 1: 207 ---

[...ya] pan sampun katur | miwiti malah mêkasi | sang nata miyarsa gawok ||

14. èngêt muksanira kadwi mantri ngayun | têmah waspanira mijil | puwara anulya dhawuh | arsa têdhaka tumuli | mring Ngastina atêtinjo ||

15. mangkya gantya kawuwusa lampahipun | Sang Arya Sunjaya dupi | prapta ing Madura laju | tumama ing păncaniti | sang nata pinuju miyos ||

16. Prabu Wirastha kagyat dupi andulu | duta Ngastina kang prapti | mangarsa sarwi wotsantun | sinambrama ing pambagi | wusnya mangkana gya criyos ||

17. ywan dinuta mring Sri Gêndrayana Prabu | purwanya dinutèng aji | sadaya pan sampun katur | miwiti malah mêkasi | kang myarsa ngungun kapatos ||

18. milanira Sri Wirastha nulya dhawuh | tata-tata amiranti | sasampatnya budhal gupuh | dhatêng Ngastina nagari | ing marga tan cinariyos ||

19. mangkya ganti kawuwusa lampahipun | kang mring Manikmaya wukir | Arya Subala wus rawuh | laju tumamèng asrami | panggih sang wiku kinaot ||

20. Sang Subala matur ywan dinutèng Prabu | Gêndrayana tur upêksi | liring karya sampun katur | sang rêsi duk amiyarsi | ngungun puwara nabda lon ||

21. dhuh sang duta aturna dhatêng sang prabu | ingsun tan wignya umiring | karana kataman rapuh | Sang Subala sigra amit | mantuk anyarkara bodhol ||

69. Dhandhanggula

1. dina-dina dènira lumaris | dupi praptèng [pra...]

--- 1: 208 ---

[...ptèng] talatah Ngastina | gya kapêthuk laksitane | Sri Gandaprawa Prabu | miwah Natèng Madura nagri | Maha Prabu Wirastha | gya lumaris kumpul | tan winursita ing marga | mangkya sampun prapta ing Ngastina nagri | laju tumamèng pura ||

2. panggih lawan Gêndrayana Aji | nata katri gya bagya-binagya | anuturkên laksitane | Natèng Ngastina laju | awêwarti solah-tingkahing | dènnya mendra sing pura | myang sumusulipun | Dyah Padmawati kang garwa | kang miyarsa dahat pangunguning galih | puwara sokur ing Hyang ||

3. dene nata miwah pramèswari | taksih kapanggih sami raharja | datan watawis lamine | Sri Gêndrayana Prabu | karsa amisudha pra dasih | anggêntosi kang samya | kasambut ing pupuh | duk aprang lawan danawa | anggêntosi Patih Supadma samangkin | atmajanya kang wrêda ||

4. Arya Sutiksna wastanirèki | dene atmaja Sang Danurwedha | kêkalih dinadèkake | măngka sor-soranipun | Risang Arya Sutiksna Patih | nama Arya Danurja | dadya punggawa gung | madanani pra punggawa | arinira Arya Sindurja wêwangi | măngka sisihanira ||

5. dadya mangkya patih mung sawiji | putra Arya Prabu Ramayana | Dyan Padmayana namane | gêntosi ramanipun | pangkat arya de putranèki | Sang Arya Ramaprawa | kang sêpuh jêjuluk | Arya Suwedha kang mudha | dinadyakkên punggawa miji wêwangi | Sang Arya Praharana ||

6. Arya [Ar...]

--- 1: 209 ---

[...ya] Prabu Prawasata siwi | ingkang wrêda ran Arya Sambawa | Arya Sambada kang anèm | gêntosi lênggahipun | Risang Arya Karsula nguni | dene Arya Sambada | dadya mantunipun | Sang Arya Karsulèng kina | antuk Dèwi Susalya ingkang wêwangi | wondene atmajanya ||

7. Arya Karsula jalu gêntosi | lênggahira Sang Wara Basana | Arya Karnaba juluke | wondene arinipun | dinadyakkên punggawa aji | punggawa pasêliran | pinaring jêjuluk | nama Sang Arya Karsana | dene Arya Subata kang anggêntosi | nama Arya Subala ||

8. atmajanya Sang Subata nguni | dene Arya Subala ginantyan | atmajanira namane | Sang Jayasuharja nung | pangkat arya madana maring | Risang Arya Danurja | dene arinipun | Patih Sutiksna kang nama | Radyan Arya Sunjaya mangkya karsa ji | dinadyakkên punggawa ||

9. kasêpuhan namanya lêstari | sanèsira para wadya nata | wiwit pangkat dipatine | mantri kalawan umbul | pandêlêgan sadaya sami | ginantyan warisira | mangkana winuwus | ingkang samya winisudha | samya mangsah angaras padanira ji | maju tri gantya-gantya ||

10. sadayanya sinungan pêpali | myang wêwulang mring Sri Gandaprawa | kinèn sêtya mring wajibe | ywa na mardayèng kayun | atulada sudarmanèki | dènira sêtyèng nata | kang sinungan wuwus | prasamya saur kukila | tur sandika mugi sagêda nglampahi [ngla...]

--- 1: 210 ---

[...mpahi] | salwiring sabda nata ||

11. datan dangu gêganjaran mijil | sadayanya warata ginanjar | warastra myang busanane | sadaya matur nuwun | sarta nêdya sumungkêm maring | Sang Prabu Gêndrayana | ing sasampunipun | waradin dènnya gêganjar | gya bubaran nata kondur ngênyapuri | Natèng Gêndara miwah ||

12. Natèng Madura tumuntur manjing | dhatêng pura de Patih Sutiksna | sawadyanya sadayane | sowang-sowangan mantuk | rinuwiya mangkya nagari | Ngastina têntrêm arja | suka pra wadya gung | kumaraning praja muncar | sumawana winahyu wahyèng narpati | krêtarta tan sangsaya ||

Katrangan

Sêrat Darmasarana punika miturut Sêrat Pustaka Rajapurwa jilid 1 namung dumugi muksanipun Prabu Parikêsit, lajêng kasambêtan Sêrat Yudayana, mila wiwit Darma Sarana cithak 14 kaca 52 punika sampun nami Sêrat Yudayana, mênggah Sêrat Yudayana punika dados kalih jilid, jilid 1 inggih punika cariyos lêlampahanipun Prabu Yudayana, dumugi muksanipun, jilid 2 cariyos lêlampahanipun Prabu Gêndrayana, dumugi pindhahipun dhatêng Mamênang, dados têrusipun punika nami Sêrat Yudayana jilid 2.

 


Lebih satu gatra: ke-5. (kembali)
dene. (kembali)
miwah. (kembali)
ingumbulakên. (kembali)
limanaparwa. (kembali)
ulam. (kembali)
kewala. (kembali)
ayam. (kembali)
pinupus. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: Dhahyang Suwela kumaranèki. (kembali)
11 Dhanurwedha. (kembali)
12 Seharusnya halaman 176. (kembali)
13 Seharusnya halaman 177. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: para nata ingkang karsa. (kembali)
15 Prabu. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: miwah para punggawa. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: miwah èngêt ingkang ibu. (kembali)