Witaradya, Rănggawarsita, 1924, #1220 (Pupuh 18–27)

Judul
Sambungan
1. Witaradya, Rănggawarsita, 1924, #1220 (Pupuh 01–07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Witaradya, Rănggawarsita, 1924, #1220 (Pupuh 08–17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Witaradya, Rănggawarsita, 1924, #1220 (Pupuh 18–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 04-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

18. Pangkur

1. wau ta pramukèng ditya | Sang Gowindra Baradhana Sapwani | myang Nanda samya ngungun |[1] mulat apêsing rowang | kamitênggêng mangangên-angên tyas emut | mêmatêk aji sanjaya | mrih kêkêsing mungsuh kèsthi ||

2. Kralkralata duk kataman [ka...]

--- 1: 100 ---

[...taman] | sru kasrêpan tyas sanityasa tistis | anglês lêsah bayu larut | gumêtêr kang sarira | ucul dènnya musthi sanjata salukun | saksat murcatma sakala | galasahan anèng siti ||

3. ginosongan mundur sigra | mangsah Sang Wil Suba Manggala kèksi | sikêp musala sinawung | anèng madyaning rana | tansah asru sêsumbar anguwuh-uwuh | minta lawan kang tumimbang | kasantikaning ajurit ||

4. lagya mangkana kawuryan | gumêtêring ăngga murcitèng siti | nulya ginosongan mundur | Raja Martiki mulat | yèn punggawa kang mangsah samya ngalumpruk | wus anduga yèn kataman | kamayan wisaya wèsthi ||

5. tinulak sami sakala | kawistara sirêping marasandi | wil Mityakardha tinuduh | mangsah ing rananggana | wotsari wus asikêp bajra linuhung | sêsumbar aminta lawan | kang atimbang sura sêkti ||

6. rinoban pangaribawa | prabawaning aji sanjaya kalis | winantu-wantu tanpantuk | sinèp mêksa lêksana | kaku ing tyas kapat pramukaning diyu | wêkasan rêmbug tumandang | mangsah sarêng asêsiring ||

7. wus sami ayun-ayunan | lawan ditya Mityakardha liniring | kapat sami angun-angun | sikêp dhêndha prawara | tinakonan sowang-sowang namanipun | sumaur parêng sajarwa | mukaning danawèng Pêngging ||

8. kang sawiji Sang Gowindra | lawan Baradhana katri Sapwani | Sang Nandana kapatipun | padha wil pêpilihan | trahing yaksa Kartiyasa duk rumuhun | punggawèng

--- 1: 101 ---

dityarsi Raja | Kalasuwidha palinggih ||

9. ing Malawa wukir Oya | padha tau ginulang jayèng jurit | myang guna kasaktèn putus | marma kabèh sinungan | pêparaban amèt labêting kasêbut | lire aran Sang Gowindra | kyating rat prawira sakti ||

10. Sang Baradhana prakosa | Sang Sapwani sura pragolèng jurit | Sang Nandana wijaya nung | wil Mityakardha myarsa | sru gumuyu lah dene pating cakênuk | kaya patraning gopala | ririb kararaban riris ||

11. nganggo aran apêparab | karya umpak aranira wêwangi | ukarane nora urut | kalêbu gêgêmblungan | lah ta kapat aja pijêr umbak umuk | padha barênga andhêndha | sun tadhahane pribadi ||

12. saksana catur pramuka | parêng dènnya samya dhêndha tan pilih | saking ngarsa saking pungkur | myang saking kering kanan | tinangkisan ing bajra têmpuhira sru | kapyarsa pating kalêmprang | kang swara katyub ing angin ||

13. ing antara karepotan | tandangira kapat têmah katitih | têmpuhing bajra tumanduk | maring dhêndha prawara | katalampik uwaling panyêkêlipun | kang bajra tumamèng angga | kapat parêng angêmasi ||

14. wil Mityakardha sêsumbar | dene ingki[2] wong gêmblung kênèng pati | dadak nganggo adol sêngung | padha lamun padhaa | untap-untapana tan bara lan ingsun | lah manawa maksih ana | prawira sesaning pati ||

15. kabèh barênga umangsah | măngsa ingsun [ing...]

--- 1: 102 ---

[...sun] singgahana sayêkti | katadhahan dhadha bau | padha sura marata | ing bênêre tatag tanggon tan amingkuh | mara nuli kêmbulana | aja pijêr iyon sami ||

16. ya ta dining kang saraya | ditya saking kahyangan Găndamayi | amiyarsa swara saru | sumbaring Mityakardha | sanalika bramantya sru sumung-sumung | mangsah sudira tan taha | sira Sang Ditya Marani ||

17. muntap triwikrama dadya | Kalarupa Rudra anggêgilani | wimbuh wandanya sagunung | mêngkap kang muka papat | tutuk mêtu wisaya wiswa sumawur | wil Mityakardha tumingal | èsmu katrêsan tyas miris ||

18. tinahanakên têtanya | swara gêtêr hèh apa katon iki | baya ratu carattaun | tansah anêmbur wisa | sinauran swara gora gra gumuruh | wruhanira hèh raksasa | ingsun yaksèng Găndamayi ||

19. punggawa gêdhig manggala | têngran ingsun Risang Ditya Marani | hèh dhik ah sapa sirèku | sumaur Mityakardha | sarywa nyawat kang bajra kêna sinaut | winalêsakên saksana | wil Mityakardha ngêmasi ||

20. mangsah ditya Sambartaka | trah yaksendra Raja Wrêkamaruki | marma kuwasa manamur | momor ing samirana | anrang wisa sirêp dening maruta rum | sang mitya[3] marani kagyat | bangun tyas kabangan kèksi ||

21. anguwuh nulya têtanya | hèh ta sapa sikara mor ing angin | sinauran wruhanamu | ingsun wil Sambartaka | mantri prajèng Manimantaka linuhung | trah Sri Wrêka Bayusuta | yaksendra sudira sakti ||

--- 1: 103 ---

22. wil Marani asru mojar | kalingane sira trahing duskarti | marma mangkana ulahmu | lah iya rasakêna | wikramane Si Marani mangkya tan wun | tumamèng sira minăngka | pamunahing tyas durniti ||

23. Sambartaka sru bramantya | musus lesus rok păncawora tarik | Marani kabuncang kombul | katub ing aliwawar | mangsah ditya Midusa nanggulang bayu | triwikrama Rudrarupa | gora gra kagiri-giri ||

24. tan pantara wisa bajra | saking grana parêng ambêkan mijil | mêsês wor ing bayu riwut | sira wil Sambartaka | katampêkan kang wisa bajra tumanduk | dadakan luluh sakala | kuwănda datan kaèksi ||

25. mangsah ditya Waprakridha | krodha mangkrak praptèng rana ngêmasi | kataman ring wisa bayu | pêpulih wil Wrêcita | mati luluh yaksa Surasthra kêkiwul | syuh sirna kuwandanira | kênèng wisa bajra mandi ||

26. sigra ditya Subodhara | pêpatih jro Manimantaka nagri | bramantyambêk sumung-sumung | mangsah sura tan taha | madêk triwikrama Rupa Kalamêrtyu | kang babahan hawa sanga | mijil dahana mawêrdi ||

27. pinêthukakên saksana | Sang Silapa triwikrama nimbangi | babahan badan sadarum | samya mijil bun wisa | sumamburat sirêp kang dahana murub | pangrêbdaning Windosara | Sang Subodhara ngêmasi ||

28. mangsah Kya Patih Dumrapta | pangiriding Manimantaka nagri | madêg tiwikrama wimbuh | sor Kalamrêtyu Rupa | sariragni angèbêki rat kalimput [kali...]

--- 1: 104 ---

[...mput] | sirna dening Sang Silapa | Patih Drumapta[4] tan kèksi ||

29. Raja Bahlika saksana | apêpulih mèt silibing ajurit | sang maraja kang amêthuk | samya ngadu kamayan | danguning prang Raja Bahlika kapikut | mulat sang raksasa raja | krodha mangsah ambêk pati ||

30. madêg triwikrama dadya | Rudra Rupa Kalamêrtyu Wisagni | abra marakata wimbuh | angèbêki buwana | mulat ing tyas gandarwo Raja Karawu | matur ing nata bathara | punika gusti matosi ||

31. manawi botên enggala | cundhamani sinidhikara yêkti | sèsining rat dados awu | gadgada sri narendra | musthi cundhamani saksana sinungku | pamursitèng cipta maya | mijil Martyu Siwandagni ||

32. mawa praba purbangkara | anglimputi dahana wisa mandi | sirêp rêrêp sirna luyut | tanpa tilas samana | Sang Yaksendra Martiki pamuksanipun | parêng linarut kang praba | prabawaning cundhamani ||

33. samantara mangkya prapta | gara-gara gora rèh graning giri | gumuruh kang guntur kêtug | cancalèng pracalita | gêtêr-patêr dhèdhèt erawati têdhuh | limut-limut alimêngan | sèsining jagad tan kèksi ||

34. tăndha trahing Witaradya | katarima bratèng yaksendra nguni | mangkana Raja Karawu | matur ing sri bathara | sapunika yèn sêmbada tyas sang prabu | ambirat warana samya | mariksèng Parswasta giri ||

35. nata manggut kaparêngan | tan antara mari limunan sami | tumêkèng Parswasta

--- 1: 105 ---

mèru | limêngan ing rat sirna | katon kabèh purèng Sri Parswasta tuhu | sarwa raras rum kawuryan | yayah sasatdhana kèksi ||

36. samana dahat kacaryan | sri narendra mulat rêngganing puri | midêr-midêr andêdulu | lawan gandarwo raja | miwah Natèng Bojanagara Mataun | amanggih raksasa bajang | wangun pikun kaki-kaki ||

37. dinangu matur sajarwa | amba ulucumbuning Sri Martiki | wasta Dyaparastha ulun | minăngka tuwanggana | kuwasa ngrèh kang wil kalawija satus | mangkya sami jaga pura | ing Manimantaka nagri ||

38. amung kawula priyăngga | kang piniji ing rèh kinèn tut wuri | dhatêng pundi purugipun | amba tan kenging pisah | awit saking widagda nindaki tanduk | karya mardawèng lukita | mênggêp manuhara manis ||

19. Dhandhanggula

1. Dyaparastha nêmbah matur malih | kajawining anurut saagnya | amba punika wiyose | ngiras lêlangênipun | Sang Raksasa Raja Martiki | asring kinèn nênulat | swarèng rat sadarum | kang dumadi myang tumitah | kadi gêtêr-patêr dhèdhèt erawati | gutur kêtug katulad ||

2. sato paksi myang swaraning janmi | jalu èstri amba sagêd nulad | narendra sapamyarsane | ngungun têmah kayungyun | arsa wikan yêktining dadi | nulya wil Dyaparastha | wotsari anurut | tuladaning bawa swara | sarwa saplak tan siwah sasiki-siki | prabu sukèng wardaya ||

3. wus mangkana karsa nata mangkin | animpuna sagung ditya tawan | jalwèstri kinumpulake [ki...]

--- 1: 106 ---

[...numpulake] | myang gandarwo lit agung | ingkang anèng Parswasta giri | Dèwi Parwati prapta | lawan êmbanipun | rasêksi kalih panêngran | Nyai Êmbam[5] Balwiki Maridhi tuwin | wil Drêstha kang tut wuntat ||

4. Banaspati Brakuthu tan kari | Wrahaspati sutane Bahlika | gandarwo Baidhi mangke | ingkang angirid laku | wadya barat myang ditya kuthip | saking Manimantaka | kabèh tambak tembun | samya sumiwèng ngarsendra | Dyah Parwati dinangu sapa kang kardi | purèng wukir Parswasta ||

5. Dyah Parwati umatur sajati | dadosipun pura di punika | pun kakang Parwata darbe | pusakaning lêluhur | yaksa raja nirbita nguni | warni Manimantaka | paringing Hyang Guru | kuwasanipun punika | yèn pinêtêk ing pundi kewala yêkti | kawuryan purotama ||

6. sarwa sangkêp sèsinya mawarni | lir kahyangan ing sura buwana | jawining pura tan pae | gumlar rakit praja gung | wêwangunan samya miranti | partinipun ing kina | punika tumurun | dhatêng putra kang gumantya | Prabu Niladati Kawaca wêwangi | Rajèng Manimantaka ||

7. lami-lami tumurun ing siwi | Raksasendra Niradha Kawaca | laju tumrah ing putrane | Drawakawata Prabu | kang kasêbut nama ing nguni | Raja Ardawalika | punika sêsunu | têtiga èstri pamadya | kang asêpuh ditya Drawaya wêwangi | Drawiyani arinya ||

8. kang taruna Drawayana nguni | katri pisan samya saktimanta | wignya manjing ajur-ajèr |

--- 1: 107 ---

makatên wartinipun | Sang Drawaya lan Drawiyani | samya kadarpèng karsa | tan kêni sinayut | Sang Drawaya kayungyun tyas | amêngkua dhatêng Dèwi Padmawati | măngka purwakèng garwa ||

9. kang anama Dèwi Padmawati | garwanipun Prabu Gêndrayana | Natèng Ngastina wartine | Sang Drawaya ing dangu | rêmbag lawan Dyah Drawiyani | têmah saeka praya | sami kajêngipun | Dèwi Drawiyani mangkya | sru kapencut kagarwèng Gêndrayana ji | dados sori pamungkas ||

10. Sang Drawaya lan Dyah Drawiyani | sêkunging tyas samya nis wisata | matyèng paran wêkasane | marma pamuksanipun | Sri Drawakawata ing nguni | putra nèm kang gumantya | Drawayana Prabu | anggadhuh Manimantaka | lajêngipun tumrahing suta wêwangi | Yaksendra Sarsihawa ||

11. dyan tumurun ing suta pangarsi | apanêngran Raja Mèrupadma | kang ambêk susila sarèh | punika siswanipun | Prabu Jayabaya ing nguni | punang Manimantaka | inggih lajêngipun | kadarbe dhatêng pun rama | Sang Yaksendra Martiki antawis lami | sinungkên ing atmaja ||

12. kakang Raja Parwata samangkin | punang Manimantaka pinêtak | kawuryan pura têmahe | têlas aturanipun | Dyah Parwati konjêm wotsari | Prabu Aji Pamasa | angandika arum | paran mangkya karêpira | nêmbah matur ananggakkên pati urip | kumambang sakarsendra ||

13. anggêripun inggih dèn luwari | laki amba Sang Raja Bahlika | kang kandhap prang wêkasane [wêka...]

--- 1: 108 ---

[...sane] | kapikut winiyuyung | dening yaksa ing Găndamayi | rèhning tan tumut dosa | amung ubyang-ubyung | mugi dipun aksamaa | pun Bahlika lawan suta mantu mami | drês misih nat saraya ||

14. prabu mèsêm sampun dèn timbali | Sa[6] Bahlika praptèng ngabyantara | dinangu ing kamulane | dadya sarayèng pupuh | nêmbah matur sajarwa jati | wiwitan lan wêkasan | ing sasolahipun | narendra suka miyarsa | angandika hèh Bahlika paran kapti | matur sumanggèng karsa ||

15. prabu kèndêl samantara myarsi | tangising wil karya ngrêsing driya | tinimbalan tan asuwe | praptèng ngarsa kadulu | kang karuna ditya kêkalih | dinangu paran marma | dadya tangisipun | sawiji matur sajarwa | dhuh pukulun amba punika wil kuthip | saking Krêndhawahana ||

16. sang maraja kang adarbe dasih | amba wasta pun ditya Rênduma | tangis kawula katêmbèn | kapanggih lawan sunu | kang aical kalaning alit | sawêg mangke katingal | tumut ing wil ripu | dupi bibaring ayuda | kinumpulkên sagunging ditya sasami | sumiwèng ngarsa nata ||

17. Sang Bahlika kang kapikut mangkin | tinimbalan kerid sang maraja | amba sakănca andhèrèk | praptaning ngarsa prabu | amba mulat wontên wil kuthip | kadi anak kawula | kang ical rumuhun | amba marpêki têtanya | winangsulan pun Rêmdumeya wêwangi | saking Manimantaka ||

18. tan darana amba mêngkul sarwi | karuna sru karêrantan ing tyas | pun Rêndumeya [Rêndume...]

--- 1: 109 ---

[...ya] tan pae | tumut amularke luh | amba dèrèng ngantos aniti | têtakèn ing karana | sêlak tampi dhawuh | sinengan praptèng ngarsendra | kalilana kawula anaru krami | nilas wartining suta ||

19. sri narendra parêng nayogyani | wil Rênduma wotsari saksana | têtanya marang sutane | kamulaning umulun | ring raksasa Raja Martiki | wuwusing Rêmdumeya | maksih sênggruk-sênggruk | tutur duk rare samana | mêng-amêngan lan para wilaja cilik | anurut wanantara ||

20. ana lampor swara sri sênggani | sagung para wilaja katrajang | laju karad saparane | tan ana kang rahayu | marga tibanira sarênti | padha sowang-sowangan | ana tibèng banyu | watu wukir myang jêjurang | ing wêkasan mung aku dhewe kang urip | kasangsang wit mandira ||

21. anèng kono nuli dèn têmoni | wewe putih têmbung amèt suta | kinèn anglagani gawe | barang rèhing praja gung | gugur gunung krigan karya ji | dadi wakil tumindak | manira anurut | wêkasan sinung sarana | rupa kanthong kaya susuh manuk kèksi | mawa praba prabawa ||

22. kanthong iku kuwasa kinardi | wêwadhahing sarwa saniskara | yèn ginawa ènthèng bae | nadyan angusung gunung | saisine kamot sayêkti | nora nganggo rêkasa | tur kêna kinandhut | babare tan kêna owah | pirang taun kewala ingong nglakoni | karyaning wewe seta ||

23. dupi ing antara [a...]

--- 1: 110 ---

[...ntara] măngsa mangkin | ana undhang dhawuhing nagara | angrig wadya barat kabèh | si biyung wewe pingul | wus kalilan atur sêsulih | manira kang tumindak | sinung măngka sadu | awarna rêtna dumilah | yèn kinuswa tan karasa arip anglih | luput ing lêsu lupa ||

24. wuwusira Rêmdumeya sarwi | amèt kanthong lan rêtna dumilah | lah iki rama rupane | yèn kaparênga mungguh | aturêna ing sri bupati | apa sakira bisa | nanggunga uripku | Rênduma kasêmbadan tyas | awotsari sumăngga punika gusti | aturipun sutamba ||

25. prabu mèsêm angandika aris | mangkya ingsun durung darbe karsa | sarampunging karya bae | sayêkti ana dhawuh | dene kanthong lawan rêtna di | dimèn maksih kagawa | ing sutanirèku | andhêku Sang Wil Rênduma | wus mangkana narendra mèt pamrayogi | pasanging rèh utama ||

26. angandika mardawa maladsih | yayi Dèwi Parwati samangkya | manawa padha parênge | Manimantaka iku | lêstaria kang andarbèni | muhung sira priyăngga | nanging yogyanipun | yayi dèwi anuruta | sun srahakên ring Dèwi Kalayuwati | sumurup dadi tawan ||

27. sun watara prayoga ing wuri | Sang Bahlika iku tumutura | dene wrahaspati dimèn | lulusa ngrèh amêngku | ing Kandhaka amadanani | Banaspati kang padha | nèng kana sadarum | Brakuthu ingkang minăngka | sosoraning Wrahaspati amumpuni | barang rèh pangawasa [panga...]

--- 1: 111 ---

[...wasa] ||

28. Si Baidhi mangkya dimèn bali | manggon anèng kahyangane lawas | angrèh sabawahe dhewe | si ditya Drêstha iku | prayogane muliha mangkin | marang Manimantaka | anurutna sagung | ditya kang kari ing kana | sukur bagya manawa ana kang wajib | mumpuni măngka muka ||

29. nanging kabèh iku karsa mami | kabawaha ing sang gandarwendra | ya kakang Karawu kiye | padha nganggêpa ratu | kang amurba misesa yêkti | kakang gandarwa raja | sun pasrahi iku | barang rèh cara satata | tan na pae labêting karya utami | mèt pamrih raharjèng rat ||

30. Dyaparastha Rêmdumeya iki | ingsun pundhut miji karo pisan | traping karya ana dhewe | Dyah Parwati andhêku | nêmbah matur anayogyani | kang dhinawuhan samya | sandika sadarum | prabu malih angandika | lah ta kakang Karawu sira ing mangkin | kang minăngka nayaka ||

31. angrèh wadya bacingah sayêkti | kukum patrap satata sacara | nganggo êmpan papan dhewe | apa satatanipun | myang carane sowangan sami | lulusêna kewala | anggêre mituhu | marang rèh parentahira | lan maninge kabèh padha sun lilani | tumamèng pasamuan ||

32. tan lyan sira kang măngka pangirit | barang karya tindaking prakara | apa kang dadi adate | lêstaria lumaku | ayya pisan angêngowahi | risang gandarwa raja | wotsari andhêku | matur mugi pakantuka | ing pangèstu paduka kang kulèsthi [kulè...]

--- 1: 112 ---

[...sthi] |[7] sagêda kalampahan ||

33. ya ta Dèwi Parwati wotsari | aturira wontên sastra wedha | anggêr-anggêring barang rèh | myang kagunan sadarum | kang angikêt punika nguni | Yaksendra Mèrupadma | saking wulangipun | Sri Bathara Jayabaya | tumrah dhatêng pun kakang Parwata mangkin | sumanggèng karsa nata ||

34. Prabu Manggut wus kinèn angambil | sastra wedha prapta tinupiksa | karya kacaryaning ngakèh | karas kanaka luhung | guritaning sastra rêspati | kawuryan mawa praba | narendra kayungyun | yayah miyat langên jiwa | ngunandika lah iki prayoga dadi | kanthining nata dibya ||

20. Kinanthi

1. kapirênan tyas sang prabu | dadya gung liniling-liling | surasane sastra wedha | kabèh saplak lan karsa ji | tan ana kang winaonan | wêkasan angandika ris ||

2. lah yayi dèwi satuhu | kang sastra wedha mumpuni | mangkya pamrayoganingwang | amung lakinira wajib | anggadhuha sastra wedha | karana wus saksat waris ||

3. lan Raja Bahlika iku | pinèt saraya ing nguni | anglakoni barang karya | dadi wus tan madal sumbi | anggadhuh Manimantaka | miwah sastra wedha iki ||

4. gampang ing wuri yèn nuju | ana karya kang wigati | ingsun timbali dèn prapta | andikaning nata sarwi | maringakên sastra wedha | tinampènan Dyah Parwati ||

5. wotsari matur anuhun | sandika mituhu yêkti | ing karsa sri naranata | prabu angandika malih | lah

--- 1: 113 ---

kakang gandarwa raja | mangkya wus palasthèng kardi ||

6. ingsun iki karsa kondur | nanging pamrayoga mami | sagung kang para gandarwa | raksasa myang banaspati | kabèh padha tumutura | marang Pêngging Dwarawati ||

7. apadene para ratu | sabrang Jawa kang abaris | ingsun arsa ambiseka | saananing kadar mami | măngka tăndha katarima | dènira ngawat-awati ||

8. padha nêdya mèlu pupuh | wêkasan maksih basuki | lawan karsaningsun mangkya | ko wahana turanggi |[8] sira kakang kang prayoga | lumakua andhingini ||

9. dhawuh maring para ratu | lan warahên kakang patih | ingsun amundhut turăngga | sarta konên amiranti | satataning pakurmatan | ayya kongsi nguciwani ||

10. têlas pangandika prabu | gandarwa raja wotsari | mêsat praptèng pabarisan | panggih lan para narpati | andhawuhakên parentah | kabèh wus sandika sami ||

11. rêmbag andum karya sampun | anata pangkating margi | dènnya mêthuk sowang-sowang | Sri Karawu mêsat malih | praptèng Pêngging awêwarah | marang Tambakbaya Patih ||

12. ing kondurira sang prabu | karsa wahana turanggi | mundhut pêthuk dèn samapta | satataning rèh piranti | patih sampun amêmatah | sampating sapalakarti ||

13. mêsat malih Sri Karawu | praptaning Parswasta giri | matur solahing dinuta | sukèng tyas sri narapati | ngandika manadukara | kakang mukyaning duta di ||

14. tuhu santika ing laku | sabarang [sa...]

--- 1: 114 ---

[...barang] rèh rampung ramping | andhêku gandarwa raja | ngandika malih sang aji | lah kakang Sampati suka | ing sakondur ingsun iki ||

15. arsa tinggal tilas pemut | wukir Parswasta samangkin | bêcik aran ing Parswasta | tăndha mêntas dèn ênggèni | purèng Yaksendra Parwata | misuwura ing sawuri ||

16. wotsari Raja Karawu | nayogyani ing karsa ji | Natèng Mataun sumêla | wakane kula anêmpil | sampun dados rêngating tyas | kalilana amarabi ||

17. inggih ing wukir Karawu | tăndha kang ngêntasi kardi | pun kakang gandarwa raja | tumanggap dènnya mangsuli | punika langkung prayoga | dadosa pemut ing wuri ||

18. Sri Mataun manthuk-manthuk | lah loma wakane iki | ngong têmpili têka gampang | benjang gêntosan anêmpil | gumêr kang samya miyarsa | prabu mèsêm sukèng galih ||

19. ya ta ing antara sampun | prapta kang amêthuk sami | Dyah Parwati dhinawuhan | mèt Manimantaka nuli | arsa katupiksèng nata | saksana pinèt pribadi ||

20. dupi wus kêna sinambut | kawuryan warnaning wukir | mari katon dhatulaya | angungun sri narapati | katur kang Manimantaka | tiningalan ana kèksi ||

21. gambar kaswargan linuhung | angartikèng tyas sang aji | lah iya layak kewala | kang Manimantaka iki | darbea guna prabawa | ana gambaring swarga di ||

22. nulya pinaringkên wangsul | Dyah Parwati anampani [anampa...]

--- 1: 115 ---

[...ni] | wotsari anyadhong dhawah | angandika sri bupati | asungna ing priyanira | Si Bahlika kang ngrumati ||

23. sandika sinungkên sampun | mangkana sri narapati | mulat langêning wanarga | kang lêngkèh lorah gêgili | mindha sastra rinumpaka | dahat kacaryan ing galih ||

24. enjangira kang winuwus | undhang samapta miranti | dhawuh timbalaning nata | sagung raksasa rasêksi | wadya barat brêkasakan | gandarwa myang banaspati ||

25. kinèn mangkata rumuhun | Sri Karawu kang angirid | minăngka suka manggala | kalilan mêsat wor angin | nanging amung sawatara | datan kêna angungkuli ||

26. samantara budhal kêbut | lêlêmbut kabèh kaèksi | kadi satataning janma | samya lon-lonan lumaris | wil bajang Sang Dyaparastha | măngka têngran tansah muni ||

27. anulad swaraning manuk | mawarna mawa sênggani | sabawaning sato wana | sinalah swarèng sundari | yayah pradăngga surendra | wimbuh rarasing lumaris ||

28. dyan tumêdhak sang aprabu | nitih kudastra tulya sri | Natèng Mataun ing wuntat | lan Rajèng Bojanagari | samya wahana turăngga | kaparêngan ingkang prapti ||

29. Sri Ngawantipura laju | anggarêbêg mungging wuri | samarga-marga rêrasan | sirnaning didya[9] Martiki | Natèng Mataun pawarta | purwa puwaraning jurit ||

30. wus mangkana kang kadulu | narendra ing Nungsarukmi | lawan para ratu sabrang | kang mêthuk laju umiring | rêrêb ing ratri samana | anèng [a...]

--- 1: 116 ---

[...nèng] desa Jatimurti ||

31. pinatah pakuwonipun | jroning desa wadya janmi | para gandarwa raksasa | kinèn rumêksa ing jawi | anèng têgal sêsawahan | sugata manekawarni ||

32. enjang budhal sang aprabu | tinata pangkatira sri | samarga-marga pêthukan | lawan para nata sami | mawa tabuhan pradăngga | sowangan laguning gêndhing ||

33. Sang Wil Dyaparastha gupuh | tinuduh ing sri bupati | kinèn sêndhon bawa swara | kang awilêt milangêni | nurut unining pradăngga | angraras swara sundari ||

34. lumaksanèng karsa prabu | kang miyarsa ngungun sami | kayungyun yayah kasmaran | ing nalika iku dadi | rukuning janma raksasa | tan ana kang sănggarunggi ||

35. brakasakan lan lêlêmbut | mari angrêridhu jalmi | malah sami pawongmitran | gênti minta kang kinapti | tan ana rasa-rumasa | wus sasat wăngsa pribadi ||

36. wruh mêmêdi kang kadulu | mari kagilanên sami | saking tan darbe prabawa | sagung siluman sakalir | kungkulan pangaribawa | wibawèng nata utami ||

37. apanjang lamun winuwus | rêrênggan uruting margi | lampahira sri narendra | limang dina mangkya prapti | ampeyaning jaban praja | pakurmatan warni-warni ||

38. pradăngga urut marga gung | sabên saonjotan kèksi | pakuwoning para nata | myang sagung punggawa mantri | sarwa raras rum kawuryan | yayah srining puspanjali ||

39. ing antara rawuhipun | anèng

--- 1: 117 ---

bale păncaniti | tumêdhak sri naranata | lênggah siniwèng para ji | sowang-sowang tinatata | pangkating pasilan sami ||

40. putra santana sadarum | angayap ing kanan kering | Kyana Patih Tambakbaya | sumiwèng ngabyantara ji | ing wuri para punggawa | sadaya ambirat kingkin ||

21. Asmaradana

1. lilih malih dènira nglih | saengga kang tarulata | wus lawas katragan ing we | mangkya katurunan warsa | ing masa labuh kapat | samantara sêmi lumung | saha suhun sari sumar ||

2. mangkana sri narapati | manambramèng para nata | karaharjanira kabèh | parêng wotsari sadaya | umatur nuhun samya | mintokkên antuk pangèstu | sawabing prabu sudibya ||

3. dupi ing antara wanci | wijiling kang pambojana | samya suka-suka kabèh | tan ana cuwa ing karsa | nutug dènnya rêrasan | warta-winartanan laku | sasolahing sowang-sowang ||

4. luwaran sri narapati | tumamèng jro purantara | para garwa mêthuk kabèh | samya suka paripurna | raharjaning narendra | lan para nata sadarum | wus makuwon sowang-sowang ||

5. ing ratri kang para sori | anèng ngabyantara nata | samya sêmbranan ature | nuwun antuk-antuk tawan | dènira mênang yuda | angandika sang aprabu | lah iya yayi prayoga ||

6. boyongane warni-warni | sesuk kêna tiningalan | kabèh padha adi aèng | ing watara durung ana | tontonan kang mangkana [mang...]

--- 1: 118 ---

[...kana] | karya ascaryan satuhu | garwa tri sarêng wotsêkar ||

7. kadi datan wontên sami | kasusu arsa awikan | ing tawan kang adi aèng | myang sagung para parêkan | tan ana antuk nendra | pating kalisik sadalu | mung ngayun-ayun raina ||

8. ya ta enjingira malih | prabu miyos sinewaka | mêpak kang anangkil kabèh | janma raksasa lêlêmbat | sumiwèng ngabyantara | samya konjêm marikêlu | mulat wingiting narendra ||

9. yayah Sang Hyang Pasupati | siniwakèng suralaya | parapsari mara kabèh | mangkana sri naranata | ngandikèng gandarwendra | kakang mangkya èsthiningsun | arsa karya kaelokan ||

10. arinia pramèswari | minta antuk-antuk tawan | kang sakira adi aèng | gandarwo raja tumanggap | dahat mangayubagya | sanalika tan kadulu | dupi ing antara prapta ||

11. angirit kang para pêri | anggawa kêmbang wowohan | warna-warna adi aèng | mawa gănda rum angambar | myang surasa sarweca | sangku mas wêwadhahipun | pinatik ing sarwa rêtna ||

12. ing antara ana kèksi | pêri anggawa kukila | maneka warna di aèng | samya sêngkêran kancana | pinatik ing sêsotya | sowangan swaraning manuk | samya karywa êla-êla ||

13. ing antara malih prapti | pêri gawa raja mirah | sêsotya wungkulan kabèh | rineka puspa hèrnawa | isi tirta sugănda [su...]

--- 1: 119 ---

[...gănda] | warna-warna minanipun | kabèh samya mawa praba ||

14. ana pêri katon malih | samya mikul sêngkêran mas | isi sato cilik kabèh | kang tutut-tutut kewala | manekawarnanira | sowangan swara rum-arum | angraras rèh katuridan ||

15. tembak timbun ing ngarsa ji | sagung para pêri samya | samya yu anèm warnane | karêngga dening busana | wus sasat waranggana | saking Kaendran tumurun | maring gon sudira brata ||

16. angungun sri narapati | tan anyana yèn mangkana | kadadean ingkang tinon | ing wau pangèsthinira | amung wil Dyaparastha | myang sagung para lêlêmbut | kalilan tumamèng pura ||

17. wignyane sang gandarwo ji | karya lêlangên mangkana | mrih sukèng wardaya katong | saha garwa paratmaja | supaya tan kuciwa | wêkasan wotsari matur | pukulun sri batharèng rat ||

18. sumăngga punika gusti | ing pangèsthi padukendra | sumăngga karsaning katong | saking parmaning jawata | ulun darmi kewala | angirid ing ngarsa prabu | nyumanggakakên sakarsa ||

19. angandika sri bupati | kakang anêdha narima | dènnya tumanggap dadine | ana lam-lamên sarwendah | ing mangkya karsaningwang | para pêri kabèh iku | iridên tumamèng pura ||

20. Sri Karawu matur aris | pukulun yèn kaparênga | wontêna têngran lêbête | mawi tabuhan kadhoprak | bendrong gêndhong

--- 1: 120 ---

kothekan | tawan lêlêmbat sadarum | dadosa panganjurira ||

21. pinilihan kang parèstri | pantês kawujudanira | miwah sangkêping pangangge | sampun saru tiningalan | dening para wanita | samya ngigêla sadarum | kang bawa swara sumăngga ||

22. aturing gandarwopati | kasêmbadan tyas narendra | anuduh pawongan loro | sasi kinèn rumatia | kadhoprak lêsung kawak | pêpilihan kang anabuh | èstri widagdèng kothekan ||

23. samantara wus miranti | luwaran sri naranata | para ratu saanane | kalilan tumamèng pura | parêng sagunging tawan | wus mangkana sang aprabu | lênggah madyaning panirat ||

24. ajajar lan pramèswari | ingayap para parêkan | kang sumiwèng ngarsa katong | putra santana pêpakan | patih myang para nata | andhèr ing latar supênuh | mabukuh pasilanira ||

25. mangkana gandarwo aji | tampi sasmitèng narendra | wotsari mêsat ing mangke | anuduh kang bawa swara | wil Dyaparastha tanggap | anulat swara rum-arum | kadi lêlagoning janma ||

26. kadhoprak kang anyalahi | binarung bendrong kothekan | datan antara lêbune | kang para mênthèk sêluran | samya ngigêl sadaya | mari mêdèni dinulu | dènnya kongkulan prabawa ||

27. angandika sri bupati | maring garwa myang pawongan | lah iku kang aran mênthèk | gawene anggung sikara | ing sawah-sawah samya | para garwa samya

--- 1: 121 ---

ngungun | cèthi kabèh kagawokan ||

28. dhawuh sasmitaning aji | suwuk kang bendrong kothekan | kinèn salin lêlagone | sagunging mênthèk kalilan | kèndêl pangigêlira | makidhupuh samya lungguh | tarap anèng palataran ||

29. Dyaparastha bawa malih | nulat swaraning kukila | tibèng salahan sumêngèr | pindha unining arina | binarung lan kadhoprak | gêndhong kothèk kumaruwuk | tistis tyase kang miyarsa ||

30. datan antara kaèksi | para janggitan kumêrap | samya ngigêl ting karogèl | narendra ngandikèng garwa | yayi iku janggitan | naracak bajang sadarum | rambut abang ambragadag ||

31. karême saba ing kali | amèt mina kang pinangan | anglimpe sêpining uwong | bolong ambêdhah bêndungan | ngungun kang para garwa | wus mangkana dhawuh suwuk | salin laguning kadhoprak ||

32. janggitan kabèh alinggih | tan antara Dyaparastha | bawa swara alêlagon | lir sundari kamarutan | sinalahan kadhoprak | bendrong kothekan ambarung | akarya ngrês kang miyarsa ||

33. sanalika kang kaèksi | para wêdhon jêjogedan | pating kathuwêl anglètèr | sowangan pangigêlira | prabu ngandikèng garwa | iku wêdhon aranipun | kabèh kaya nini tuwa ||

34. karême padha aninis | anèng panggonan kang kiwa | sêpining wong nyolong êndhog | lamun tan antuka [a...]

--- 1: 122 ---

[...ntuka] tigan | sêsukêr kang pinangan | marma sêmburira ampuh | kaya wisaning taksaka ||

35. garwa lan parêkan sami | ngungun èsmu miris ing tyas | suwuk malih tabuhane | wêdhon wus lungguh atarap | ya ta wil Dyaparastha | wiwit bawa salin lagu | nulad swaraning sulingan ||

36. gêndhong kothekan nyalahi | kadhoprak asarawungan | binarung sinang dhug dhug nèng | tampah cêmung kang kinarya | samantara kawuryan | sagunging wewe asêlur | narigêl[10] pangigêlira ||

37. prabu angandikèng sori | mara yayi tingalana | yaiku kang aran wewe | dhêmênane salah karya | sok amèt rare dolan | siningitkên soring susu | datan kawruhan ing janma ||

38. mulih lamun dèn tabuhi | dhug dhug nèng cêmung lan tampah | si wewe ngigêl anglètèr | garwanira kagawokan | suwuk kang têtabuhan | wewe kèndêl samya lungguh | mabukuh ing palataran ||

39. mangkya sang gandarwopati | dhinawuhan angandika | wus kakang samene bae | wuryaning suba manggala | iridên kang sarwendah | nanging kakang karsaningsun | anguyu-uyu pradăngga ||

40. gamêlan salendro muni | gêndhing Boyong aprayoga | gandarwo raja ature | gusti langkung kasinggihan | nanging yèn kaparênga | supados sangsaya gambuh | gambiraning kang tumingal ||

22. Gambuh

1. wontêna kang narawung | raras ruming swara mrih aruntut | inggih pun wil Dyaparastha kang amêsthi | widagda mardawèng [marda...]

--- 1: 123 ---

[...wèng] sagung | wiramanipun tan dhompo ||

2. wotsari Sri Karawu | kasêmbadan ing wardaya prabu | wus atata pradăngga salendro muni | swara rum yayah angirup | wohing rat kabèh tanpandon ||

3. narendra wus anuduh | maring Sang Wil Dyaparastha laju | narawungi anut wiramaning gêndhing | kang sinawung rèh raras rum | sri taman murwèng lêlagon ||

4. ginupitan ing kidung | kêmbang-kêmbang wowohan sadarum | urut kadi lêlakoning janma yêkti | tan antara pêri satus | sami tumamèng kadhaton ||

5. anggawa puspita rum | myang wowohan sarweca sadarum | warna-warna winadhahan sangku rukmi | pinatik sarwa rêtna byur | mubyar sunaring sêsorot ||

6. salin guritanipun | para manuk rinipta ing kidung | samantara pêri satus manjing puri | kukila gêgawanipun | samya sêngkêran mas abyor ||

7. ganti gupitèng kidung | mina-mina sarêng pêri satus | sêlur sami gawa raja mirah akik | isi tirta suganda rum | mawarna mina anèng jro ||

8. wêkasan kang kinidung | gêguritaning sato sadarum | amarêngi kang para pêri sabiting | sêlur sami amêmikul | sêngkêran mas isi sato ||

9. mangkana kang para rum | jroning pura cingak duk andulu | marang pêri samya ayu-ayu sami | pantês lan gêgawanipun | kabèh sarwa di kinaot ||

10. gandarwo raja matur | pêri samas punika pukulun | sabêbêktanipun [sabêbêktanipu...]

--- 1: 124 ---

[...n] adi aèng sami | tawan utami sadarum | ing pambage măngsaborong ||

11. narendra mèsêm muwus | Si Parwati têka tan tumutur | timbalana salakine aja kari | lan diyu ditya lit agung | padha iridên maring jro ||

12. nêmbah Raja Karawu | lèngsèr saking ngarsa wangsulipun | wus angirid Sang Bahlika myang Parwati | praptèng ngabyantara prabu | suwuk ingkang gêndhing Boyong ||

13. mijil sugata prabu | marang para pêri myang lêlêmbut | rinukti kang dadi karêmane sami | samana luwaran sampun | mung pêri maksih anèng jro ||

14. mangkya Raja Karawu | dhinawuhan lumaksana gupuh | maring Krêndhawahana kinèn angirid | ditya tawan lan bêbantu | saliring wêling wus kamot ||

15. wotsari mêsat sampun | angambara myang ditya sadarum | sanalika praptèng Setra Găndamayi | Sri Kalayuwati nuju | lênggah soring waringin wok ||

16. siniwèng Dhadhungawuk | gandarwendra marêk makidhupuh | angandika Bathari Kalayuwati | lah sira prapta Karawu | baya dinutèng sang katong ||

17. Raja Karawu matur | inggih èstu kawula ingutus | kang rumuhun ngaturakên pangabêkti | sarta sangêt ing panuhun | dene sih paduka yêktos ||

18. amaringi bêbantu | ing wêkasan unggul juritipun | kaping kalih angaturakên upêksi | kang minăngka antuk-antuk | tandhane jayèng palugon ||

19. awarni tawan satus | raksasa myang raksêsi puniku |

--- 1: 125 ---

anjawi kang băngsa lêlêmbat wil kuthip | mukyaning tawan sadarum | diyu wanudya yu anom ||

20. Parwati namanipun | putri Manimantaka puniku | imah-imah antuk ratu banaspati | têngran Sang Bahlika amung | saking sarayan kemawon ||

21. kang kaping tiganipun | angaturkên siti uyun-uyun | sumêrêpa dados pituwasing jurit | dhatêng kang sami bêbantu | punggawèng ngriki kemawon ||

22. wukir lèr wukir kidul | sauruting jurang siluk-siluk | kang asungil rumpil dhêngkil angarikil | barang tanêman tan tuwuh | rêkaos ginarap ing wong ||

23. kaping sakawanipun | mangkya wayah paduka sang prabu | angaturi uninga bibaring jurit | kalajêng karsa dhêdhawuh | matah karya sampun dados ||

24. makatên dhawuhipun | dhatêng Dèwi Parwati puniku | mangkya yayi anuruta karsa mami | sun srahkên sira ing besuk | maring panêmbahan ingong ||

25. ingkang kahyangan iku | anèng Krêndhawahana ganda rum | apanêngran Bathari Kalayuwati | lakinta dimèn tumutur | bêcik dadining lêlakon ||

26. Si Wrahaspati iku | lêstaria dènnya ngrèh amêngku | ing Kandhaka madanani banaspati | kang anèng kana sadarum | aywa na kang walangatos ||

27. dene ta Si Brakuthu | iku maksih lêstaria milu | amumpuni kuwasaning Wrahaspati | Si Baidhi dimèn wangsul | anèng gon lawas kemawon ||

28. Si Ditya Drêstha iku | prayogane [prayoga...]

--- 1: 126 ---

[...ne] muliha dèn gupuh | maring Manimantaka narubna kang wil | gung alit dimèn angumpul | rukuna ayya na diyon ||

29. nanging ta kabèh iku | kabawaha ing kakang Karawu | iya padha anganggêpa narapati | ditya Dyaparastha iku | lan wil Rêmdumeya karo ||

30. miji dhewe anèng sun | traping karya sayêkti sinambut | lah punika dhawahing wayah narpati | rèhning sampun katarucut | nuwun aksama kemawon ||

31. amba sumanggèng kayun | sri bathari mèsêm sarya muwus | hèh Karawu sira mukyaning duta di | widagda nindaki tanduk | tanggap wardawèng wiraos ||

32. matura ing ratumu | sun tampani tawan uyun-uyun | dahat suka anarima sun lilani | anglulusêna kang dhawuh | Raja Karawu wotsinom ||

33. pamit kalilan sampun | mêsat praptèng Pêngging nêmbah matur | saking purwa madya wusana tan lali | dadya sukaning tyas prabu | wêkasan angandika lon ||

34. kakang sayogyanipun | sagung para pêri samas iku | balèkêna marang kahyangane sami | yèn ana karya ing pungkur | gampang dèn undang kemawon ||

35. gandarwendra wotsantun | samantara mangkya sang aprabu | anggêganjar sagung ratu myang pra rêsi | wus sami kalilan mantuk | sapungkure para katong ||

36. prabu sungkawèng kalbu | dening Dèwi Naru sang dyah ayu | kawaryan[11] kang nityèsmu putêk kapati | saênggon-ênggon kapiluh | tambuh darunèng wirangrong ||

--- 1: 127 ---

37. dinangu marmaning kung | angaturkên wasitèng karuhun | wêwêlinging rama Sang Kapyara Rêsi | benjang yèn ingsun kadulu | anèng netranirèng karo ||

38. ingsun dumuk satuhu | mari lêbda jiwa ing tumuwuh | kèndêl aturira Dèwi Suskandani | narendra miyarsa ngungun | mangangên-angên tyas kepon ||

39. tan antara kadulu | Sang Narendra Daruka puniku | arinira Dèwi Daruki duk prapti | atur uningèng sang prabu | saliring rèh kang kalakon ||

40. wontên wisayèng satru | kang tumanduk karya arubiru | anêmahi pamuksaning rama rêsi | apratăndha dhèdhèt têdhuh | parêng warsa rum katongton ||

41. nuntên kawula antuk | sasmitaning dewa mêsat sampun | panggih lawan kang karya upaya sandi | wontên ing gêgana anggung | sêsumbar andhandhang mungsoh ||

23. Dhandhanggula

1. pusakaning buyut kang awarni | taragnyana punika minăngka | pangandêl upayaning rèh | makatên ujaripun | lamun maksih pusaka mami | paringe Hyang Berawa | marang kaki buyut | kang wiswagni taragnyana | pageneya têka datan tumpês tapis | sèsining nuswa Jawa ||

2. duk miyarsa kawula smu tistis | mêsu budi saksana kabuka | parmaning dewa yêktine | amba marpêki gupuh | tinakenan tan jarwa jati | angakên naga raja | saking samodra gung | arsa maring Ulupampang | Sang Maharsi Kapyara dinuk ing pamrih | mèt walêsan wisesa ||

3. ing nguni duk patining sudarmi | sinikara dening Sang Kapyara | tanpa

--- 1: 128 ---

karana barang rèh | marma adrênging kayun | anrang baya sêdya pêpulih | atandhing kasantikan | duratmaka muwus | rêngênta hèh naga raja | sun jatèni Rêsi Kapyara ing mangkin | wus sirna sanalika ||

4. kataman ring guna pangaskrêti | iya saking kasudibyaningwang | kang taragnyana wiyose | pusakaning bêbuyut | Hyang Berawa kang amaringi | sangkaning dhawuh marma | antuk nugraha gung | sang buyut Raja Kosara | ing Kalinggapura anggung dèn gêgiri | dening satru wisesa ||

5. sotaning tyas sanityasa tistis | pangikising karsa tilar praja | martapèng sunya têmahe | Hyang Berawa tumurun | sung wasita lawan rêtna di | sirnaning parangmuka | dening rêtna iku | aprabawa taragnyana | kang tinuju ing kamayan pangaskrêti | syuh sirna tanpa sesa ||

6. ing antara lama kang rêtna di | iku dadi pusakaning eyang | brahmana raja namane | sabanjure tumurun | maring rama Kalinggapati | têngran Raja Karsula | tumêkèng maring sun | duk maksih rama narendra | awêwarah hèh Sangara sun jatèni | supaya prayitnaa ||

7. têmbe lamun sira madêg aji | dèn waspada kang dadi bêbaya | ing Ulupampang sangkane | ana paliyasipun | tampanana iki rêtna di | saking Hyang Siwasmara | marang bêbuyutmu | rêtna di mawa prabawa | taragnyana mawardi têmah wiswagni | pamunahing duyasa ||

8. dupi ingsun wus tămpa rêtna di | boya lawas gumantyèng sudarma | kèlingan sawasitane | iku [i...]

--- 1: 129 ---

[...ku] karananingsun | anêkani adrênging ati | Sang Kapyara têmahan | puput janjinipun | sirna dening taragnyana | hèh narendra pangèsthinira ing mangkin | dadi wus tanpa karya ||

9. narimaa maring sun sayêkti | saking karsaning dewa mangkana | Sang Kapyara panêmune | lah iki warnanipun | ingkang dadi marganing pati | rêtna di aprabawa | taragnyana mêrtyu | tingalana dèn waspada | dupi mulung lajêng kawula tampèni | ing tutuk kawistara ||

10. prabaning kang rêtna di kaèksi | amrangangah abrit kados wongwa | sarêng watawis kalimpe | lajêng kawula ulu | duratmaka minta rêtna di | amba muwus sajarwa | ing wêkasanipun | duratmaka anggraita | datan mawi antan-antanan kang jurit | nirbita anrang baya ||

11. duk narajang kawula tadhahi | ramening prang tan wontên kasoran | antawis dangu kalimpe | lajêng kawula sêmbur | prabaning kang rêtna di murti | duratmaka kataman | ring rèh kalamêrtyu | sirna sami sanalika | amba mantuk praptèng sêndhang Toyawangi | wontên satru kawuryan ||

12. duratmaka dados bajul putih | kapiyarsa dènira sêsumbar | Sri Sangara pangakêne | minta pusakanipun | kang awarni rêtna di murti | kawula anggraita | kalingane iku | kadadyaning duratmaka | marma tukung tan sambada mrêta sami | sangli anèng jro sêndhang ||

13. dangu datan kawula sauri | sang buaya lajêng anarajang | gumilang solahbawane | pêksambêk angun-angun [angun-angu...]

--- 1: 130 ---

[...n] | ulun panggah anêmbadani | wêkasan kawisesa | pun Sangara bajul | dening sor karosanira | parikêdah budi nanging tan kuwawi | nimbangi kasantikan ||

14. mila tansah kawula pisakit | kasabêtkên ing toya punika | minăngka paukumane | sadalu kaping satus | apunagi ngantos dumugi | pralayèng pramudita | bajul anglêmpuruk | kala makatên punika | rare angèn maesa samya ningali | dados sukaning driya ||

15. ing wêkasan pun buaya putih | analăngsa minta pangaksama | kasagahanipun anèh | rumêksèng mesa danu | ingkang wontên pangenan sami | rare angèn sadaya | sarêng nguwuh-uwuh | bêndara sang naga raja | yèn saèstu sagah pun buaya putih | prayogi linuwaran ||

16. witne botên susah dèn kandhangi | dimèn wontên pangenan kewala | kang maesa sadayane | kawula têka nurut | laju mêsat praptèng ngarsa ji | angaturi uninga | punika pukulun | sumanggèng karsa paduka | pun buaya punapa dipun pêjahi | utawi ginêsangan ||

17. sri narendra angandika aris | lah ta yayi Daruka ing mangkya | pangungun ingsun têmahe | dadi pangimur-imur | pambengkasing duhkita yêkti | saking kuwasanira | bisa munah satru | mungguh muksane si paman | pandoning Hyang pinupus santosèng budi | manawa katarima ||

18. dene iku si buaya putih | lulusêna pamisesanira | nanging sawatara

--- 1: 131 ---

bae | iya bênêr wus kokum | rèhning mêngko nalăngsa kadi | satataning katawan | lawan iku saguh | rumaksèng para maesa | sayêktine wênang dèn apura yayi | sirantuk sihing dewa ||

19. pirabara katêmuning wuri | nirmalanta marmaning bathara | waluya jati ing têmbe | saiba sukaningsun | sang narendra miyarsa mèt sih | matur mangayubagya | saandika prabu | mênggah ruwating cintraka | kang saèstu amba drêmi anglampahi | saking sih padukendra ||

20. nanging dèrèng masa ing samangkin | taksih rêmên rumêksèng talaga | angsala pangèstu dimèn | manggèn silarjèng tuwuh | wahananing kaanan jati | pamit sampun kalilan | mêsat saking ngayun | sapungkure naga raja | sri narendra tansah dènnya ngêngimuri | ring garwa kang duhkita ||

21. miwah Dèwi Soma mangkya maksih | anglêlipur maring marunira | yayi iki wus sêdhênge | biratên sungkawamu | dene sira wus amiyarsi | aturing rayi naga | galur kongsi tutug | kapikut ing duratmaka | dadi bajul winisesa sabên wêngi | wêkasan analăngsa ||

22. wuwusira Dèwi Soma sarwi | ngêjum keswaning maru samana | Dèwi Daruki lipure | karya medha panutur | myang panuntun têkèng panitis | pirang-pirang asahan | sangkêp sèsinipun | miwah dupa găndawida | dadya sukanirèng kang samya kandhuri | carikan warna-warna ||

23. wus mangkana karsa nata mangkin | angadani adêging [a...]

--- 1: 132 ---

[...dêging] witana | kulon pamedan prênahe | lèring udyana mèru | lêt gapura lan păncaniti | sêmana sinung aran | bale darma kèstu | măngka langgar kabuyutan | uparêngganira sambada sarwa sri | tan ana kang kuciwa ||

24. nahan prajèng Pêngging Dwarawati | kawuwusa ing Krêndhawahana | Sang Dèwi Parwati mangke | sampun jinunjung lungguh | dadya patih amisesani | saniskarèng prakara | bang-bang alum-alum | barang rèh sarwa kuwasa | datan pae lan Dèwi Kalayuwati | kèdhêping wadya barat ||

25. ya Parwati ya Kalayuwati | yayah wêwayanganring paesan | sarkara lawan manise | yèn tan ana kadulu | Sri Bathari Kalayuwati | Dèwi Parwati măngka | wuryaning pandulu | samana Raja Bahlika | kang dinuta marang Pêngging sung udani | ing prabu kaparêngan ||

26. marma lamun têtawuran aji | Dyah Parwati kang tampi maesa | lawan sapalakartine | datan antara dinum | maring para yaksa rasêksi | tumêkèng wadya barat | warata sadarum | samya suka sukur ing tyas | kawuwusa wontên punggawa ing Pêngging | wismèng tampingan praja ||

27. Jănggamure kasub ing wêwangi | marêk maring ngabyantara nata | atur uninga wiyose | darbe maesa lawung | binarak ing raksasa kuthip | kalacak saking tapak | ing kapanggihipun | sampun pêjah dèn pêpurak | wontên dhangkaning wil kuthip akêpanggih | wasta ditya Kacêmba ||

28. sri

--- 1: 133 ---

narendra saksana anuding | Sang Wil Dyaparastha Rêmdumeya | kinèn amilungguhake | ing sapranatanipun | sri bathari kang bênêr bêcik | kêlare linakonan | wil kalih wotsantun | mêsat saking ngabyantara | praptèng Krêndhawahana sampun kapanggih | lawan Raja Bahlika ||

29. andhawuhkên timbalan narpati | nulya sami kerit sakalihan | marêk maring batharine | matur dinutèng prabu | milungguhkên raksasa kuthip | dhustha paksa ambarak | kang maesa lawung | tinakèn pangakênira | wasta ditya Kacêmba ing Sănggarunggi | juru tênung petangan ||

30. angandika Sri Kalayuwati | timbalana Si Ditya Kacêmba | pagene asalah gawe | Raja Bahlika matur | wil Kacêmba sampun alami | mèh sataun punika | nandhang sakit abuh | bathari wagugên ing tyas | pinariksa satuhu yèn nandhang sakit | tan bisa anggulawat ||

31. Dyah Parwati dinuk ing pangaksi | ananggapi kang dadya sasmita | Raja Bahlika ingawe | tinuduh adhêdhawuh | mundhut sungu maesa bothi | singa kang adarbea | ganjaranira gung | watara para raksasa | dhinawuhan tan ana bisa ngaturi | amung ditya Rênduma ||

32. marêk maring ngabyantara sarwi | ngaturakên kang sungu maesa | Sang Wil Rêndumeya kagèt | wruh lamun ramanipun | darbe sungu maesa bothi | yêkti măngsa wurunga | pinidosa iku | traping ambarak maesa | lan angrampas rajadarbe [raja...]

--- 1: 134 ---

[...darbe] padha ugi | kaplaksana ing praja ||

33. Rêndumeya nulya marêpêki | atêtakon maring ramanira | apa kang dadi sababe | ambarak kêbo lawung | wil Rênduma kagyat nauri | lah iku kêbo apa | ingong tan sumurup | sungu iki wruhanira | antuk saka wil Jangli ingsun urupi | lawan arca berawa ||

34. mêngko katur ing gusti bathari | wuwusira Sang Ditya Rênduma | dènnya sujarwèng sutane | kapiyarsa satuhu | marang Dèwi Kalayuwati | kang sungu wus tinampan | dumadya marbangun | anguningani wardaya | Dyah Parwati tanggap sasmitèng bathari | aniti patananya ||

35. hèh Rênduma sajarwaa jati | sun takoni kang sungu maesa | saka ing ngêndi têmêne | wil Rênduma wotsantun | aturira rèntès patitis | tanpa taha rêringa | pukulun saèstu | saking wil Jangli punika | amba darbe arca berawa kinardi | pêpundhèn panêmbahan ||

36. rinêmênan dhatêng pun wil Jangli | tansah dènnya maripih ing mangkya | wontên jalaraning pamèt | makatên wuwusipun | Sang Rênduma punapa tampi | dhawuhing undhang-undhang | kang ngaturi sungu | sayêkti antuk ganjaran | wêwangsulan ênggih amba êmpun tampi | nanging sawêg ngupaya ||

37. dèrèng antuk sungu kang prayogi | pun wil Jangli malih wuwusira | antuka sungu kang sae | yèn dede kêbo lawung | ingaturna yêkti tan tampi | dawêk sami rêmbugan | manawa sarêju | kula

--- 1: 135 ---

darbe sungu dhaplang | kalih rakit singate maesa bothi | tan wontên kang kuciwa ||

38. wau sampun katur kang sarakit | dados kantun sarakit punika | andika aturkên mangke | agung ganjaranipun | kula amung dika urupi | ingkang arca berawa | makatên pukulun | wil Jangli wicantênira | Dyah Parwati saksana kinèn nimbali | Sang Wil Jangli wus prapta ||

39. dyan dinangu karananing nguni | awit dènnya ambarak maesa | kalawan ing wêkasane | araning lyan sinambut | doracara apusing krami | wil Jangli katrêsan tyas | matur èsmu gugup | mila ambarak maesa | saking sangêt kaluwèn saanak rabi | rêkaot[12] mèt baksana ||

40. mila wastaning lyan dèn akêni | awit saking pun ditya Kacêmba | sampun sangêt ing sakite | manawi lajêng lampus | yêkti muspra ingkang prakawis | mila angapus krama | saking rêmênipun | dhumatêng arca berawa | mila purun doracara angakêni | sampun sêsaos singat ||

41. pakèwêding manah bokmanawi | katitika kang singat punika | pun ditya Rênduma dimèn | manggih plaksananipun | sampun ngantos kula nêmahi | kawisesa ing praja | wil Jangli wotsantun | têlasing atur sajarwa | Dyah Parwati bangun tyas kabangan kèksi | saksana nungku karsa ||

42. matur maring Bathari Yuwati | pun wil Jangli lêpat ping sakawan | sumanggèng karsa pantêse | mênggah panimbangipun | yèn ambarak maesa bothi | saking wana [wa...]

--- 1: 136 ---

[...na] pangenan | kang darbe angruruh | kapanggih sampun pinurak | pantêsipun kang minăngka ili-ili | wijiling rêrayahan ||

24. Mijil

1. Jănggamure kêdah anampèni | ili-ili tinon | samurwate maesa tan pae | rajakaya lintu rajapèni | rajakaya sami | ing panimbangipun ||

2. nadyan warni bêndho bodhing kudhi | anggêr aèng elok | animbangi sagung rajadarbe | mênggah namaning lyan kang sinilih | wil Kacêmba maksih | dados juru tênung ||

3. timbangipun anjawat pawèstri | inggih semahing wong | yêkti manggih wirang patrapane | dinalihkên dhatêng Sănggarunggi | wil Kacêmba tampi | saantawisipun ||

4. timbangipun yèn angapus krami | masang rèh piawon | sinakitan inggih patrapane | lawan arca winangsulkên malih | wil Rênduma tampi | mangsulêna sungu ||

5. mênggah doracara asêngadi | sandining wiraos | ngakên sampun katur saosane | timbangipun mèt kagungan aji | amanggih bilai | ing patrapanipun ||

6. têlas aturira Dyah Parwati | wêkasan wotsinom | Bathari Yuwati ing samangke | sukèng driya manadukarani | ring Dèwi Parwati | dènira mirukun ||

7. mèt pêpatut timbanging prakawis | ngunandikèng batos | Si Parwati tuhu tan apae | lan wong jalu birawaning budi | baya iku bêcik | kinaryaa wangsul ||

8. kaatura wayah ingsun aji | dènira milunggoh | wus [wu...]

--- 1: 137 ---

[...s] pakolih pamariksaning rèh | karampungan mangkono yèn dadi | ilanging dhêndha mrih | pirukun kang patut ||

9. wus mangkana angandika aris | maring duta karo | matura ing wayah aji mangke | aprakara kang maesa bothi | pêpariksan mami | pakolihing laku ||

10. sira karo wus padha miyarsi | ing pranatan ingong | amborongkên kang dadi karsane | Si Rênduma kalawan Si Jangli | sakarone bêcik | katura sang prabu ||

11. kang supaya dinangu pribadi | purwaning lêlakon | Dyahparastha[13] wotsari ature | aprayogi Sang Dèwi Parwati | marêk ing ngarsa ji | pralêbdèng pandangu ||

12. kasêmbadan ing tyas sri bathari | andikanya alon | hèh Parwati lumakua dhewe | angirida Si Rênduma Jangli | Si Bahlika bêcik | milua lakumu ||

13. Dyah Parwati umatur wotsari | tandhaning piawon | singat miwah arca prayogine | ulun bêkta măngka cihna bukti | kalilan tumuli | mêsat saking ngayun ||

14. angambara ditya nêm duk prapti | ing Pêngging wus anjog | laju marêk maring pura bae | pramukaning duta wil kêkalih | matur rèh tinuding | dènira milungguh ||

15. asêsandhan Sang Dèwi Parwati | uruting lêlakon | dyan dinangu matur kamulyane | pêpariksan timbanging prakawis | lawan cihna bukti | arca sungu konjuk ||

16. sri narendra angandika aris | manawa mangkono | wus pakolèh titipariksane | hèh wil Jangli [Ja...]

--- 1: 138 ---

[...ngli] sira sun takoni | apa ta sayêkti | kaya ingkang katur ||

17. Sang Wil Jangli nêmbah matur aris | pukulun sayêktos | lampah amba makatên ing mangke | pêjah gêsang sumanggèng karsa ji | mèsêm sri bupati | angandika arum ||

18. hèh wil Jangli sajarwaa yêkti | ingsun atêtakon | rupa apa darbèkmu kabèhe | jroning wisma kang kalêbu pèni | nadyan rèmèh ugi | yèn pedah rahayu ||

19. Jangli matur amung andarbèni | sela kambang tinon | lir antigan paksi suwarnane | nanging agung sawabipun ugi | kinarya usadi | ing sêsakit abuh ||

20. kinaluku lawan toya tuli | kanthi sêkar konyoh | kainumkên botên atêlake | abuh kingsèp sirnaning sêsakit | sanalika bangkit | angangkat sakayun ||

21. dhawuh kinèn angambil tumuli | wil Jangli wotsinom | mêsat saking ngarsendra ing mangke | praptèng wisma wus amèt sela di | sanalika bali | angaturkên watu ||

22. karsa nata cinoba tumuli | mundhut sêkar konyoh | tirta tuli wus cumaos kabèh | sela kambang kinaluku aglis | matah kang tinuding | maringakên banyu ||

23. usadane wil Kacêmba yèn wis | mari lara aboh | tinimbalan samăngsa mangsane | wil Rênduma mangkya kang lumaris | praptèng Sănggarunggi | samana kapangguh ||

24. wil Kacêmba tan bisa alinggih | maksih sarwa aboh | kainuman tirta usadane [usa...]

--- 1: 139 ---

[...dane] | sanalika nirmala kaèksi | wus waluya jati | samantara lungguh ||

25. dhinawuhan lamun dèn timbali | marining kalêson | winangsulan sandika pênêde | lah suwawi mangkat sapuniki | badan kula mangkin | êmpun mantun lêsu ||

26. adan samya mêsat wil kêkalih | praptèng ngarsa katong | wus winartan ing rèh saurute | wil Kacêmba angungun kêpati | wêkasan wotsari | matur nuwun sèwu ||

27. dènirantuk pitulung usadi | waluyaning aboh | saking prabu sang sudibya ing rèh | ananggakkên jiwa raga mangkin | sakarsa narpati | lumaksanèng dhawuh ||

28. angandika alon sri bupati | hèh Kacêmba mêngko | narimaa arinira pinèt | dèn akoni araning wil Jangli | wus timbang usadi | dadi nirmalamu ||

29. Si Wil Jangli katrap andêdasih | maring sira mêngko | nandhang wirang iku têmahane | bisa wurung saka pangusadi | wus timbang sayêkti | Kacêmba andhêku ||

30. matur sampun anarima inggih | botên walangatos | sri narendra malih andikane | hèh Parwati warahên Si Jangli | watu maosadi | ing mangkya sun pundhut ||

31. pamurunging jarah rayah dadi | wadal watu ijo | sun paringkên ing Si Jănggamure | sumurupa dadi ili-ili | kêbone kang mati | binarak ing diyu ||

32. nadyan rupa watu timbang yêkti | lan ajining kêbo | iya dene agêdhe sawabe | Dyah Parwati nêmbah andhawuhi | maring

--- 1: 140 ---

Sang Wil Jangli | nyumanggakkên watu ||

33. Jănggamure kinèn anampani | ngandika sang katong | hèh Parwati mungguh arca kiye | wus bênêre yèn balia maring | wil Rênduma nuli | ambalèkna sungu ||

34. dene katrap linaran Si Jangli | kêna yèn liniron | barang karya kang abot sanggane | anèng sira dhewe traping kardi | mungguh mèt sang adi | durung kêna kokum ||

35. mung dèn pêpêt pandunmaning[14] bukti | tawuran gêgêcok | ing sajroning têlung taun bae | sabab iku durung kongsi dadi | duhkitèng bathari | sandining pamuwus ||

36. Dyah Parwati nêmbah nêmbadani | pranataning katong | pamit sampun kalilan angkate | sarêng lawan Sang Bahlika mangkin | wil Rênduma Jangli | Kacêmba tumutur ||

37. praptèng Krêndhawahana marêngi | sri bathari miyos | Dyah Parwati matur saliring rèh | sukèng driya Sri Kalayuwati | dènira tan têbih | lan pranatanipun ||

38. tunggal misah ing wêkasan sami | samipaning raos | Dyah Parwati kinèn matrapake | wus kalilan sêsowangan mulih | tan ana nalisir | lastari samya tut ||

39. kawuwusa nagari ing Pêngging | mangkya karsa katong | amêwahi paglaran wadya kèh | saubêning bale păncaniti | sinungan wisma lit | unggyan wong mêmarung ||

40. lamun nuju miyos tanggap warsi | sagung wong nênonton | lan wadyaning para ratu kabèh | pinaringan sarana kang dadi | urupaning bukti |

--- 1: 141 ---

sawataranipun ||

41. karsa nata mangkana lêstari | kadadeyaning don | mèh rampunging karya ana kere | papariman sinung mas sadêmi | tan arsa nampani | maksih nuwun wuwuh ||

42. sinung malih mêksa dèrèng tampi | kongsi pirang bobot | maksih anggung ngêngudi wuwuhe | prabu kewran ing driya smu runtik | ngandikèng pêpatih | takonana iku ||

43. kayaparan karêpe sayêkti | aywa wèh pakewoh | wus dinangu aturira sarèh | kalingane sang ratu upami | taksih andarbèni | karêman panggunggung ||

44. yèn makatên botên anêtêpi | kotaman sayêktos | dene sawêg cinoba ing kere | têka asmu ruditèng tyas kadi | tan arsa nguswani | sinoming para rum ||

25. Sinom

1. garaning gayuh utama | botên saking amèt pamrih | mung tabêri barang karya | anggung mariksèng wadya lit | kang edan jompo sakit | pêjah ing saênggènipun | wajib kapulasara | sinungan waragad sami | murugakên raharjèng rat pramuditya ||

2. karantên ratu punika | ing bêbasanipun wajib | amrih èngêting wong edan | maluyakakên sêsakit | wong jompo dèn ingoni | tiyang pêjah tanpa dunung | kinukup jisimira | kapêtak ingkang prayogi | yèn makatên tuhu kêkasihing dewa ||

3. pae lawan băngsa sudra | kang kadi kula puniki | botên amèt kotamannya | kang kaèsthi siyang ratri |

--- 1: 142 ---

mung papariman kongsi | kasêbut tuntunan bêruk | sanadyan sudra papa | yèn kang lêpas ing pambudi | yêkti taksih anggayuh madya utama ||

4. lumuh ing rèh kang anistha | sandeyaning tyas manawi | kalajêng lampah kanisthas[15] | tan wun atêmah anisthip | kandhangan risak yêkti | mila ing jaman rumuhun | wontên tatiyang sudra | mêmulang suta pribadi | dèn tabêri rumêksa ing kauripan ||

5. sarana tumindak madya | pamardi lawan marsudi | mardi wêdaling ardana | marsudi sidaning dadi | saking gêmi nastiti | ngati-ati barang kayun | anganggoa dêduga | watara ingkang prayogi | yêkti bangkit kabangkat koripanira ||

6. suta mituhu ing bapa | dhasar kasinungan budi | lêpas panggraitèng driya | ing wêkasan sarwa dadi | kasêbut wong utami | tumrah dhatêng anak putu | wusnya matur mangkana | kere muksa tan kaèksi | kapitèng tyas Bathara Aji Pamasa ||

7. sampun anduga yèn dewa | tumêdhak paring pêpeling | Kyana Patih Tambakbaya | kang tinuduh mariksani | maring wong jro nagari | têkan desa gunung-gunung | lamun ana wong edan | lawan wong jompo ing kardi | wong kalaran wong mati tan kaopenan ||

8. katura pratelanira | samurwating kang prayogi | patih laju undhang-undhang | warata kabèh miyarsi | samana amarêngi | ana wadya tuwa buru | angaturi uninga | lurah dhungke angêmasi | tanpa waris miwah sanak kadang [ka...]

--- 1: 143 ---

[...dang] warga ||

9. pinariksa kang kunarpa | murut ujwala nêlahi | gănda run[16] marbuk angambar | laju muksa tan kaèksi | ngungun sri narapati | pati dhinawuhan gupuh | anyandhi tilasira | kang rumêksa dèn lilani | angênggèni wismaning dhungke sadaya ||

10. samana sadina-dina | wêtuning brana jro puri | ingangge pamulasara | miwah kinarya mêmancing | dupi antara sasi | nuju wêkasaning taun | masa asuji mangkya | prabu karsa angadani | sumur bandhung jro kadhaton apaju pat ||

11. pandhudhuking kidul wetan | manggih arca kancana di | wangun sata matarangan | aciri baboning rukmi | kawasa angundhaki | mas kang kêdhik wawratipun | dinèkèk soring arca | jroning sadina sawêngi | mundhak tikêl wawrating rukmi punika ||

12. prabu sukèng tyas samana | kang adhudhuk-dhudhuk sami | ginanjar samurwatira | ing antara sumur dadi | rukmaka dèn wastani | lire panggenan mas tatur | punang sumur rukmaka | mangkya rinêngga sarwa sri | kèh bramara ngingsêp maduning puspita ||

13. wus mangkana kawuwusa | tumapaking tanggap warsi | marêngi taun pranawa | surya sangkala winilis | tataning janma trusthi |[17] kacăndra sangkala ketung | wenda kinarya muka |[18] masa kartika ing mangkin | karsa nata mêmangun warnaning sastra ||

14. mèt panulak kang rineka | sêsikon lurahing wukir | kairibakên punika | lawan kiriman kintèki | saking Parswasta giri | purnaning pangikêtipun [pangikêti...]

--- 1: 144 ---

[...pun] | aran Sastra Parwata | kalantur dipun wastani | Sastra Ardi kangge ing para pandhita ||

15. kabyawarèng sanagara | salining sastra ing mangkin | marêngi kang rajawedha | lir saban barasu bani | sêsoban arêratri | karya sukaning wadya gung | praptèng purnamasada | mèh bubaran ana kèksi | wukir Căndragêni murub marakata ||

16. kongsi ing antara dina | samana sirêping agni | prabu têdhak pêpariksa | marang wukir Căndragêni | lawan sagung para ri | gandarwo Raja Karawu | kinèn andhinginana | mèt papan kang aprayogi | panggenaning para nata saha wadya ||

17. têdhakira sri narendra | dupi ing antara prapti | sêlaning wukir samana | tumamèng pakuwon sami | kapirênan para ji | tumingal langêning gunung | pasanggrahan sarwendah | sugata maneka warni | bangkitira Sri Karawu karya suka ||

18. mangkana ana kawuryan | saking pakuwon narpati | kang cahya tumejangkara | amung sarema kaèksi | madhangi graning giri | angandika sang aprabu | iki cahyaning apa | ujwalèng praba nêlahi | sang gandarwo raja alon aturira ||

19. pukulun ingkang kawuryan | punika tejaning wêsi | wontên salêting kawah |[19] gadgadèng tyas sri bupati | dhawuh kinèn angambil | gandarwo Raja Karawu | mêsat saking ngayunan | samantara wangsul malih | angaturkên katga kang amawa cahya ||

20. katampan sinawang-sawang [sinawang-sa...]

--- 1: 145 ---

[...wang] | kadi dhapur pasupati | andangu kamulanira | anèng kawah katga iki | matur sang gandarwo ji | cariyosipun rumuhun | pucak ardi punika | watu salèn pandhe wêsi | kang akarya Êmpu Ramadi ing kina ||

21. anglampahi kang pitêdah | karsaning Hyang Udipati | Êmpu Ramadi punika | kinèn apandhea wêsi | karya gêgaman jurit | warna-warna dhapuripun | kang badhe pinaringan | sagung para dewa rêsi | milanipun ing kawah wontên curiga ||

22. watawisipun punika | mênawi Êmpu Ramadi | angèngèhakên satunggal | saking kêdah musakani | dhatêng paduka aji | dipun agêma pakantuk | mèsêm prabu ngandika | yèn mangkana kêris iki | sun arani Căndragêni wus prayoga ||

23. gunung iki pantêsira | arana wukir Marapi | lawan gunung Căndramuka | iya bêcik sun arani | wukir Marawu sami | kagawa labêting dangu | tilas pabêsalenan | unggyan êmpu pandhe wêsi | Sri Karawu wotsari mangayubagya ||

24. miwah sagung para nata | sadaya jumurung sami | ing antara kondurira | praptèng praja sri bupati | karya sêsoban malih | boga andrawina nutug | pêndhak enjing kalilan | antuking para narpati | ngundhangakên sabdaning prabu sudibya ||

25. dènira maringi aran | curiga lan wukir kalih | samana laju kasusra | araning ardi Marapi | wukir Marawu mangkin | katêlah aran [a...]

--- 1: 146 ---

[...ran] Marbabu | antara tigang căndra | tumapak kang sa manggasri | prabu miyos siniwi ing panangkilan ||

26. Kyana Patih Tambakbaya | dhinawuhan angadani | karya kuwu pacangkraman | anèng pasanggrahan lami | sêlaning wukir kalih | Marapi lawan Marawu | risang gandarwo raja | tinuduh amugarèni | marma enggal rampunging panambut karya ||

27. sangkêp uparêngganira | katur ing sri narapati | laju têdhak pinariksa | tan ana kang dèn waoni | tuhu sarwa rêspati | mêmêt sambada ing wangun | pasang rakit rineka | sapalakartining puri | mangkya sinung aran dalêm prasadarga ||

28. kondurira sri narendra | tan ana sawiji-wiji | kongsi praptèng warsa Iwa | surya sangkala marêngi | oyag rupaning kori |[20] kang căndra sangkala nuju | seta warnaning muka |[21] ing masa srawana mangkin | praptèng Pêngging katêkan cobaning dewa ||

29. putrinira sri narendra | nama Dèwi Citrawati | muksa saking jroning pura | tanpa karana sayêkti | prabu lan pramèswari | kapinêngan anahan kung | kongas ardayèng driya | mêmayat yuktining kapti | karêrantan matrênyuh tanpa jamuga ||

30. yayah tumutur wisata | kang tyas sanityasa tistis | para parêkaning pura | dadya lut malat wiyadi | wayang-wuyungan sami | saênggon-ênggon kapiluh | luluh nala tan lana | kalimunan alin-alin | kalulun rèh sanagara aru-ara ||

31. tanpa sri rarasing wrêksa | kawulat lum-alum [lum-alu...]

--- 1: 147 ---

[...m] anglih | mamah kang ron ruru samya | mêsum mari sarwa sari | surêm sunaring rawi | rawat-rawat tumurun truh | tumrahing ima matra | tidhêm tandhaning dumadi | sunya ruri saniskara kang kawuryan ||

32. kadya bela kawiyogan | ing ratri sasăngka kèksi | sasat sung cipta sasmita | pangentaring rèh rudatin | swarèng sarwa kapyarsi | yayah ngimur anglêlipur | amung gandarwo raja | kang ginubêl ing pangudi | ngupadia pamuksaning atmajendra ||

33. Sri Karawu aturira | dipun sarèhna rumiyin | taksih sinêngkêr ing dewa | dèrèng măngsa dèn ulati | benjang măngsa asuji | wontên parmaning dewa gung | kang amanggih punika | pinasthi jodho sayêkti | kadhaubna mêwahi arjaning praja ||

34. kèndêl tansah wagugên tyas | Natèng Pêngging Dwarawati | samana dupi antara | praptaning măngsa asuji | mangkya winartèng kawi | rajaputra ing Mataun | Radyan Welakusuma | nuju cangkramèng wanadri | ambêbêdhag sato mêmikat kukila ||

35. kalunta-lunta têmahan | kapisah lan kang umiring | tumamèng jro wanapringga | miyarsa tangising èstri | pinarpêkan kaèksi | Dèwi Citrawati tuhu | radyan putra tan samar | yèn iku putri ing Pêngging | maksih kadang nak-sanakipun priyăngga ||

36. atêtanya marmanira | wontên ing wana pribadi | Dèwi Citrawati kagyat | sumaur sintên nakèni | rahadyan amangsuli | kula putra ing Mataun | wasta Welakusuma [Welaku...]

--- 1: 148 ---

[...suma] | cangkramèng wana mèt paksi | sang dyah èngêt yèn punika arinira ||

37. tan taha pinarêpêkan | karuna sarwi wêwarti | yayi mas kula tan wikan | sangkaning tumêkèng ngriki | kula nguni sayêkti | nendra wontên ing kadhatun | dupi tangi katingal | kula sampun dèn wêngkoni | tiyang jalu Sang Guritna wastanira ||

38. wismèng dhusun Wanabaya | kaprênah wetan puniki | amung lêt jurang kewala | tri sasi kula ladosi | kêrênge anglangkungi | lêpat sakêdhik anggêbug | mila kula miruda | rumaos botên kuwawi | suka luhung minăngsaa ing sardula ||

39. radyan putra duk miyarsa | talingan kadi sinêbit | pamit arsa mêjahana | ing dhustha kang ambêk drêngki | sang dèwi amangsuli | adhuh yayi sampun-sampun | pun Guritna punika | sakalangkung saking sakti | mila sagêd dados pandung adiguna ||

40. lagya lawanan wacana | radyan putra lan sang putri | gandarwo raja kang prapta | muwus manuhara manis | mangke radèn rumiyin | dipun sarănta ing kayun | bêbasan sampun gita | yèn dèrèng uningèng gati | gampil angèl amêgat jiwaning janma ||

26. Mêgatruh

1. gugon tuhon punika nora pakantuk | yèn mawi dugi prayogi | watara upaminipun | sambawa mèt sambada mrih | karaharjaning lêlakon ||

2. pun Guritna punika sakti satuhu | tan kêni sinanggi miring | alah tăndhayêktinipun | suwawi dèn pariksani [pa...]

--- 1: 149 ---

[...riksani] | saking limunan kemawon ||

3. radyan putra lan sang putri tan kadulu | kula kang masang piranti | panglimunan kalihipun | samana dyan putra putri | kaparêngan wus tan katon ||

4. kawuwusa Sang Guritna gupuh-gupuh | dènira ngulati putri | kaubrês jroning wana gung | kang wrêksa ingobrak-abrik | binêdholan dhungkar kasol ||

5. sato-sato kang kacandhak lêbur tumpur | singandaka tumpês sami | binantingan ajur mumur | mêksa tan bisa kapanggih | gut-gutên riwut kawuron ||

6. musus tangan mijil kang dahana murub | angobar jroning wanadri | mangkana Raja Karawu | muwus lah radèn puniki | kayêktosan ingkang katon ||

7. mangke kula sirêpe kasaktènipun | supadi sampun andadi | saksana Raja Karawu | aji ginung pangaskrêti | winatêk mursitèng raos ||

8. Sang Guritna kapêsan kang bayu larut | balung kadi dèn lolosi | lêsah kasulayah kèlu | sakala tan darbe budi | kataman ing rèh kinaot ||

9. byar katingal anèng ngabyantara prabu | andangu karana yêkti | lah kakang wong apa iku | kaya kabandana kèksi | Raja Karawu wotsinom ||

10. dhuh pukulun punika têtiyang dhusun | awasta Guritna inggih | pandung aguna satuhu | ingkang andhustha sang mutri[22] | rêmit datan konangan wong ||

11. mangke wontên dados tăndha yêktinapun[23] |

--- 1: 150 ---

dipun dangua pribadi | putra paduka pukulun | gandarwo raja wotsari | angatonkên sang lir sinom ||

12. Dèwi Citrawati uningèng ramèbu | karuna sarta nyungkêmi | pangkoning kang rama prabu | parèbu parêng samyanjrit | wor tangising wong kadhaton ||

13. sri narendra anjêtung ngungun pêpungun | ngandika lon anyênyapih | padha mênênga karuhun | aywa na pijêr anangis | mapan uwus karahayon ||

14. lah ta nini ingsun têtakon satuhu | paran kamulane nguni | sira atilar kadhatun | yayah rena tan katolih | kang putra wungu wotsinom ||

15. maksih asrêt ature urut aruntut | lêpat kawula rama ji | anuhun pangaksama gung | kawula sajarwa jati | katambêtan sangkaning don ||

16. nguni ulun tilêm wontên ing kadhatun | dupi tangi têka kèksi | kula sampun dipun wêngku | dhatêng pun Guritna mawi | wêwarah ingkang wiraos ||

17. ngakên saking karsanipun rama prabu | katariman semah putri | anggêr tan karya rêrusuh | angrisak ing dalêm puri | kawula têka pitados ||

18. raosing tyas kados kenging guna wuyung | ênggèn kula angladosi | mèh tri wulan laminipun | pun Guritna tan suririh | lêpat sakêdhik anjotos ||

19. kula lajêng miruda sapurug-purug | nrajang wana jurang trêbis | pringgabaya datan ketung | ing antawis ragi têbih | kapanggih

--- 1: 151 ---

wong bagus anom ||

20. Radèn Welakusuma pangakênipun | putrèng Mataun sayêkti | sawêg kinuncang dewa gung | dènira mêmikat paksi | kapisah lan sagunging wong ||

21. atêtakon karana wontên wana gung | inggih kawula wangsuli | makatên kados kang katur | lajêng krodha sudira mrih | amunah dhustha kang awon ||

22. kula pênggak sarta wêwarah satuhu | pun Guritna langkung sakti | dangu wawan-wawan wuwus | pun uwa gandarwo prapti | tumut pêpemut wiraos ||

23. ing wêkasan kula lan putrèng Mataun | linimunakên tan kèksi | katungka ing praptanipun | pun Guritna angulati | mungsêng wana jurang sigrong ||

24. sagung wrêksa dhinungkaran kabarubuh | sato-sato dèn bantingi | laju angobar wana gung | pun uwa gandarwo pati | kang anyirêp karya kepon ||

25. lajêngipun praptèng ngabyantara prabu | têlasing atur sang dèwi | wotsari Raja Karangu[24] | angatonakên sang pêkik | dinangu rèhing lêlakon ||

26. matur lamun cangkramèng wana nênumpu | kinuncang ing bathara di | kapisah lan wadyanipun | laju kapanggih sang putri | amung pribadi kemawon ||

27. tinakenan mangsuli salajêngipun | kados aturing putra ji | tan wontên siwah sarambut | narendra ngungun miyarsi | anuduh gandarwo katong ||

28. kinèn dhatêngêna ing wadya Mataun | kang ngiring maring wanadri | pisah lan bêndaranipun | aywa na pijêr [pi...]

--- 1: 152 ---

[...jêr] ngulati | amlasakên solahing wong ||

29. Sri Karawu mêsat sanalika wangsul | ngirid wong rowêlas sami | katarik ing aji ginung | praptaning ngabyantara ji | kang dinangu wartaning wong ||

30. matur lamun umiring putra Mataun | cangkrama dhatêng wanadri | kapisah wêkasanipun | kapanggih wontên ing ngriki | punika bêndaraningong ||

31. prabu mèsêm wusana ingkang dinangu | pun Guritna matur kumbi | angaku lagya mèt kayu | uningèng lamun sang putri | kabêktèng wong bagus anom ||

32. arsa tulung ing wêkasan kapiyungyung | wêkasan laju tut wuri | kongsi praptèng ngarsa prabu | sumăngga ingkang panggalih | ulun tan dosa sayêktos ||

33. karsa nata wil Rêndumeya tinuduh | kinèn angusunga aglis | wismaning Guritna iku | ayya na owah kang isi | apa saananing kono ||

34. Rêndumeya nêmbah mêsat saking ngayun | praptèng wanabaya nuli | mèt kanthong pusakanipun | saking wewe seta nguni | wismane Guritna pinot ||

35. kawadhahan jro kanthong sèsinya wutuh | tan ana kang owah sami | samantara wangsulipun | ginêlar anèng ngarsa ji | katon tilame sang sinom ||

36. dyan dinangu sapa darbe tilam santun | matur Dèwi Citrawati | tilam kawula puniku | ibu sori kang maringi | Dèwi Soma matur alon ||

37. inggih kula kang asung tilam puniku | katawis amawi ciri | majupating karangulu | dene [de...]

--- 1: 153 ---

[...ne] kanan polong sami | dados paliyasing wadon ||

38. kang supados parêk jatukramanipun | drêman atmaja sayêkti | angandika sang aprabu | hèh Guritna sapa kardi | tilam kang kaya mangkono ||

39. pun Guritna mênêng tan bisa umatur | ing antara ana kèksi | raryyalit gundhala gundhul | kusika kusut kang warni | kadi woding têbu kang sol ||

40. tanpa taha anèng ngabyantara prabu | angigêl sarya sêsanti | mêngko sayêkti tan wurung | Si Guritna anêmahi | lir pucung pinêcah ing wong ||

27. Pocung

1. rusak sagung sarandune badanipun | ujêr tan kajamak | piangkuhe si panyakit | agung gawe aru-araning tumitah ||

2. pasthi iku kaplaksana ing sang prabu | bêbasan wus kêbak | sundukaning lêmbing kongking | amung kari kinarusukan kewala ||

3. mênêng mangu lajêng lungguh makidhupuh | nêmbah aturira | anuhun pangaksama ji | dènnya dahat diksura amurang krama ||

4. saking sêkung kasêsêk ing suka sukur | sêsukêring kang rat | Guritna kenging piranti | bokmanawi mantun karya kira-kira ||

5. sang aprabu andangu sapa sirèku | alon aturira | ulun băngsa setan gundhil | kang adarbe wisma joglo jajar sanga ||

6. adêdunung wontên pèrèng urutipun | jurang wanasaba | lèr wetan padaning ardi | inggih wukir Maendra wetan punika ||

7. milanipun kapasukan suka sukur | ujêr pun Guritna | akarya giri-giri [gi...]

--- 1: 154 ---

[...ri-giri] |[25] yèn kecalan makatên wicantênira ||

8. setan gundhul golèkana dolanaku | lamun ora bisa | tan wurung ingsun basmèni | wismanira joglo kang jajar sêsanga ||

9. sakalangkung marasing tyas yèn saèstu | wisma kabasmaran | mila lampu anglintoni | kang aical dinèkèk panggèn adhakan ||

10. lêrêsipun amantuni karya giyuh | têka sangêt dadra | dados pêpuntoning budi | mung misungsung akik loyang măncawarna ||

11. langkung agung sawabing akik sadarum | winursitèng cipta | adarbe prabawa sami | kang acêmêng amurugakên karosan ||

12. kasor sagung liman singandaka liwung | kang abrit punika | kuwasa mijilkên agni | angin toya sasamining pangabaran ||

13. malihipun kang jênar kuwasa tuhu | kinarya gêgêndam | pangasihan guna dhêsthi | kang apêthak aprabawa sulaksana ||

14. têguh timbul tan wontên bajra tumanduk | kang ijêm minăngka | sarana usadèng sakit | lan kuwasa angindhakkên rajabrana ||

15. lajêngipun kang akik loyang sadarum | sampun katampenan | dhatêng pun Guritna inggih | mila sakti mandrane tanpa sasama ||

16. têmah mantun giri-giri arubiru | prabu angandika | ing samêngko paran kapti | setan gundhil ananggakkên sakarsendra ||

17. inggih luhung dadosa kagungan prabu | karantên punika | wajibing ratu sayêkti | simpên barang aèng kang mawi prabawa ||

18. lan puniku pun Guritna [Guri...]

--- 1: 155 ---

[...tna] tinarungku | yèn taksih kanggenan | akik loyang măncawarni | yêkti sagêd miruda tanpa karana ||

19. sang aprabu mèsêm angandika arum | hèh Guritna sira | darbe akik măncawarni | matur kumbi botên rumaos kanggenan ||

20. setan gundhul mèt tăndha yêktining atur | tilam mênyan kobar | wus arupa pulanggêni | dinamonan muksa samantara prapta ||

21. tinut pungkur ing akik loyang sadarum | kang amăncawarna | ambandhang cublak sawiji | isi lênga pirantining lêlimunan ||

22. awotsantun setan gundhul aturipun | pukulun punika | akik kang amăncawarni | mêdal saking kandhutanipun Guritna ||

23. atut pungkur ing pulanggêni puniku | karantên punika | pagêsanganing kang akik | mila sagêd anarik saking kandhutan ||

24. bêgjanipun ambandhang cublak sêsungu | kang aisi lisah | limunan pangamèt silib | inggih darbèkipun Guritna priyăngga ||

25. sang aprabu alon dènira andangu | lah Guritna sapa | kang adarbe cublak iki | ing jêrone winatara isi lênga ||

26. tanpa matur Guritna amung tumungkul | prabu angandika | marang sri sutèng Sampati | lah ta kakang Karawu mangkya wus kandhas ||

27. iya amung kari amèta pêpatut | patraping wisesa | gandarwo matur wotsari | kasinggihan pukulun karsa paduka ||

28. sang aprabu malih pangandikanipun | kakang Si Guritna | katrapan [ka...]

--- 1: 156 ---

[...trapan] kunjara wêsi | têlung taun anèng jroning pawarangkan ||

29. ujêr iku durtaning rat padhanipun | wong găngga balila | karya ru-arèng dumadi | wisma têkan sèsine măngka rayahan ||

30. dimèn dinum pawongane putriningsun | surup dadi dhêndhan | dènira gung milarani | dene akik loyang kang amăncawarna ||

31. iku patut bali marang setan gundhul | sacublake pisan | sumurup dadi pangili | dènnya tansah gêgiri angobar wisma ||

32. Sri Karawu jumurung karsaning prabu | samantara prapta | sira Ki Dêmang Camêthi | amiyarsa pun Guritna kaplaksana ||

33. laju matur yèn darbe rewana wulung | kenging pangapusan | pinèt pun Guritna nguni | sagah asung lêlinton mas tanpa una ||

34. têmahipun sapariki botên muncul | pangandika nata | hèh Guritna apa yêkti | tanpa matur amung tumungkul kewala ||

35. prabu dhawuh kinèn angulati iku | sajroning kang wisma | katêmu soring gêguling | têkên kayu rewana wus katupiksa ||

36. karsa prabu mangkya pinaringkên wangsul | laju tinanggapan | marang Ki Dêmang Camêthi | wuwuh malih patrapanira Guritna ||

37. winiyungyung ing pusara badanipun | anèng jro kunjara | pidananing wong ngapusi | dhinawuhkên marang Patih Tambakbaya ||

38. sinungan wruh ing purwa puwaranipun | sampun kalêksanan | mangkana sri narapati | abêbisik maring sang gandarwo raja ||

--- 1: 157 ---

39. karsa prabu masa kartika ing ngayun | Dyan Welakusuma | dhinaubakên sayêkti | antuk Dèwi Citrawati binasahan ||

40. manthuk-manthuk gandarwo raja wotsantun | dahat kasambadan | matur lah inggih prayogi | dados botên kuciwèng cipta sasmita ||

41. mangkya sampun kalilan putrèng Mataun | aso masanggrahan | saha wadya kang umiring | sinukèng tyas yayah antuk lêbda jiwa ||

42. samana wus tumapaking salin taun | ing war cukila |[26] surya sangkala marêngi | swaraning wong katrusthan tanpa barakan |[27]|

43. timbangipun căndra sangkalaning taun | gati warna muka |[28] măngsa kartika ing mangkin | prabu miyos anjênêngi rajawedha ||

44. para ratu samya pêpêkan sadarum | anèng panangkilan | kabiseka sukèng kapti | siyang ratri wuryaning kang têtingalan ||

45. samya barung sêsiring swarèng raras rum | rêmpêging pradăngga | angrangin mangun sarwa sri | srang sênggani muwuhi manising praja ||

(Sambêtipun kawrad jilid: 2)

--- 1 : [0] ---

[Grafik]

--- 1 : [0] ---

[Iklan]

--- 1 : [0] ---

[Iklan]

 


Kurang satu suku kata: myang Nandana samya ngungun. (kembali)
iki. (kembali)
Ditya. (kembali)
Dumrapta. (kembali)
Êmban. (kembali)
Sang. (kembali)
Kurang satu suku kata: ing pangèstu paduka ingkang kulèsthi. (kembali)
Kurang satu suku kata: mangko wahana turanggi. (kembali)
ditya. (kembali)
10 parigêl. (kembali)
11 kawuryan. (kembali)
12 rêkaos. (kembali)
13 Dyaparastha. (kembali)
14 pandumaning. (kembali)
15 kanisthan. (kembali)
16 rum. (kembali)
17 Tanggal: tataning janma trusthi (915 taun surya). (kembali)
18 Tanggal: wenda kinarya muka (943 taun căndra). (kembali)
19 Kurang satu suku kata: wontên salêbêting kawah. (kembali)
20 Tanggal: oyag rupaning kori (916 taun surya). (kembali)
21 Tanggal: seta warnaning muka (944 taun căndra). (kembali)
22 putri. (kembali)
23 yêktinipun. (kembali)
24 Karawu. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: akarya gêgiri-giri. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: ing warsa cukila. (kembali)
27 Tanggal: swaraning wong katrusthan tanpa barakan (917 taun surya). (kembali)
28 Tanggal: gati warna muka (945 taun căndra). (kembali)