Witaradya, Rănggawarsita, 1924, #1220 (Pupuh 01–07)

Judul
Sambungan
1. Witaradya, Rănggawarsita, 1924, #1220 (Pupuh 01–07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Witaradya, Rănggawarsita, 1924, #1220 (Pupuh 08–17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Witaradya, Rănggawarsita, 1924, #1220 (Pupuh 18–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 08-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Witoradio

Bagian I

Sêrat Witaradya

Nyariyosakên lêlampahan pindhahipun Prabu Aji Pamasa ing nagari Kadhiri dhatêng tanah Pêngging, ingkang winastanan praja Witaradya kasêkarakên dhatêng panjênênganipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita pujăngga nagari Surakarta, ananging kaakên-akên karanganipun Tuwan Pris Wintêr guru pamulangan calon guru ing Surakarta, kala taun Jawi ăngka 1792.

Tweede Druk
[Grafik]
Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Albert Rusche & Co, Surakarta, 1924.

--- 1 : [0] ---

[Iklan]

--- 1 : [0] ---

Witoradio

Bagian I

Sêrat Witaradya

Nyariyosakên lêlampahan pindhahipun Prabu Aji Pamasa ing nagari Kadhiri dhatêng tanah Pêngging, ingkang winastanan praja Witaradya kasêkarakên dhatêng panjênênganipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita pujăngga nagari Surakarta, ananging kaakên-akên karanganipun Tuwan Pris Wintêr guru pamulangan calon guru ing Surakarta, kala taun Jawi ăngka 1792.

Tweede Druk
[Grafik]
Kaêcap ing pangêcapanipun N.V. Albert Rusche & Co, Surakarta, 1924.

--- 1 : [0] ---

[...]

--- 1 : 1 ---

Sêrat Witaradya

1. Dhandhanggula[1]

1. rarasing kang sêkar sarkara mrih | dèn aksama dening sang sudyarsa | ngawikani wêngkuning rèh | berawèng para ratu | ilanga kang sêsangkêr sarik | rongas wèsthining ăngga | gagating tyas antuk | wartaning kang parotama | sinung têngran sêmbah trus sukaning budi |[2] tataning kang carita ||[3]

2. amèt saking srat Kawi kawarti | têturutaning Pustakaraja | Witaradya kamulane | nguni pangikêtipun | Êmpu Wilasaya kinardi | mardawaning wardaya | saking kang pituduh | Sang Bagawan Widhayaka | sinawung ing sêkar gêng lêlagon Kawi | kalampah duk ing kina ||

3. dyan kawuryan ing rèh kramaniti | pamanguning kang sêkar macapat | ginupitèng panganggite | Tuwan Pris Wintêr guru | Mardisiswa ing saananing | pajaran Surakarta | ingêsahkên sampun | dening pujăngga narendra | Dyan Ngabèi Rănggawarsita palinggih | kaliwon kadipatyan ||

4. anrangakên rasa kang arungsit | wasitaning Êmpu Wilasaya | mangkana purwakaning rèh | wontên ratu linuhung | widagda ring ulah praniti | pasang cipta sasmita | sadaya wus putus | tatas salwiring kagunan | duk rumuhun [ru...]

--- 1: 2 ---

[...muhun] akêkutha ing Kadhiri | dupi risaking praja ||

5. ngalih nagrih[4] marang tanah Pêngging | winastanan prajèng Witaradya | kang madêg nata namane | Sri Kiswara ing dangu | iya Alidrawa Narpati | ya Kusumawicitra | ingkang ajêjuluk | Sang Prabu Aji Pamasa | binathara ing jagad anyakrawati | kasub jayèng ngalaga ||

6. berawaning ratu dibya sakti | dening têdhak Prabu Jayabaya | mangkana têturutane | Jayabaya sêsunu | Prabu Jayamijaya nguni | putra Jayamisena | yèku ramanipun | Prabu Kusumawicitra | kang ngadani ing Witaradya nagari | kinarya kuthaarja ||

7. iya iku jroning tanah Pêngging | nguni wana gung unggyaning ditya | pirang dhukuh dhêdhangkane | tan petungan samya nut | ring rèhira sri narapati | dènnya wus sinor ing prang | marma sang aprabu | kasêbut Aji Pamasa | dening dadya pamunahing para juti | tuhu yèn wirotama ||

8. rong prakara kotamaning aji | bèrbudi ring rèh bawa laksana | lan dana wêsiasate | bèrbudi têgêsipun | lagawèng tyas para martani | ring rèh bawa laksana | nêtêpi puniku | barang solah pangandika | linakonan datan arsa angoncati | lwir dana siasatnya ||

9. gêganjaranira amênuhi | marang wadya kang anuju karsa | tabêri sabarang gawe | bênêr pangulahipun | wêsiasat yèn angukumi | matrapkên pangadilan | tanpa nganggo gigu | nadyan kang santana warga | lamun uwus tibaning kukum sayêkti [sa...]

--- 1: 3 ---

[...yêkti] | pinidanèng wisesa ||

10. warna-warna lêlabuhan aji | lyaning kang rong prakara ing ngarsa | kasêbut utama kabèh | marma wadya lit agung | samya suyut sabaya pati | tan ana kang nglirwakna | pangawulanipun | sumungkêm lair batinan | jro nagara jaban praja wukir-wukir | tan pae anggêpira ||

11. sipat janma ambathara sami | maring Prabu Kusumawicitra | kataman ing utamane | tumanêming silarju | arjèng praja panjrahning janmi | samya sumungku suka | tan siku-siniku | sêngkud salwiring pakaryan | muwah-muwuh sarwa murah sandhang bukti | labêting nata dibya ||

12. tata titi pamatahing nagri | mulya tulus wuryaning kawiryan | mangkana ing salamine | Aji Pamasa Prabu | panjênênganira antawis | lagyantuk rolas warsa | samana winuwus | jroning taun sadak sadha | etanging kang surya sangkala marêngi | sinêmbah ing wong trustha |[5]|

13. kaetang ing căndra sangkala nis | warnaning kang gapura samana |[6] măngsa kartika sêdhênge | siniwakèng wadya gung | supênuh kang punggawa mantri | Kya Patih Tambakbaya | sumiwi ing ngayun | Brahmana Cari jajarnya | pra santana sadaya angapit-apit | kanan kerining nata ||

14. lêlirangan dènira alinggih | urut ingkang sêpuh anèng ngarsa | munggwing wuri ingkang anèm | tarap pangayapipun | kang angapit têngên wêwangi | Arya Surănggamarta | nulya wurinipun | Risang Arya Surèngrana | Surèngpati ukara mantri kang kering | sira

--- 1: 4 ---

Arya Mardawa ||

15. Wăndakara namanira mangkin | wuri Wijakăngka Wirasăngka | Adiyana ing pungkure | kang anèng ngarsa prabu | santanendra para dipati | sawurining apatya | unggyaning alungguh | Adipati Wirapraba | Wirapraja Limandaya Wanagiri | jajar lan Wanabaya ||

16. Pujangkara lawan Tanpasiring | Tumênggung Măngraga Tanuhita | Ki Samahita jajare | Tumênggung Angun-angun | Andangkara lan Saralathi | Ngabèi Wirasraya | miwah Sapugarut | jajar lan Asmarandana | Sumbarjaya Darunastra Dêmang Sêndhi | tunggil Dêmang Byantara ||

17. Jănggamure lan Dêmang Camêthi | Dhadhapmantêp lawan Jămbahita | Êmpu Gănda Êmpu Warèng | jajar lan Buyut Sumbul | Ki Badhagas lawan Badhali | akèh yèn kawarnaa | kang sewakèng ngayun | ya ta Sri Aji Pamasa | wiyosira ing ari Soma siniwi | wontên kang dadya karsa ||

18. gagat banguning tyas sri bupati | adrêng arsa ngalih kuthanira | maring wana kidul kilèn | patih dinuk ing wuwus | rêngênta hèh kakang samangkin | kadarpaning tyas ingwang | tan kêna sinayut | arsa apindhaha kutha | iya marang wanantarèng Darawati | sun karya kuthagara ||

19. sarupaning raksasa rasêksi | ingkang anèng kono iku padha | dhawuhana ngalih kabèh | marang ing Gunung Kidul | wanantara ing Dwarawati | nuli sira cêngkala | êndi kang apatut | tata rataning pratala | babadana nuli lêkasana aglis | lumakua priyăngga ||

--- 1: 5 ---

20. arah-arahên ingkang prayogi | dadi puraningsun madyèng praja | patih sandika ature | eca imbalan wuwus | katungka kang atur udani | lamun wontên pandhita | marêk ing sang prabu | tinakèn pangakênira | wasta Ajar Sidhiwacana palinggih | ing Marbabu parwata ||

21. gupuh-gupuh sowanipun gusti | awit saking wasitaning dewa | kang supêna wèlèh-wèlèh | yèn arsantuk pitulung | umarêka ing sri bupati | kang lagya karya kutha | nèng wana winangun | makatên wicantênira | sri narendra ngandika iridên nuli | maring byantaraningwang ||

22. rudatining tyas ajar kang prapti | antuk wangsit sajroning supêna | dimène sajarwa kabèh | mangkana sampun mundur | wadya ingkang atur udani | angirid sang pandhita | praptèng ngarsa prabu | sinambrama ing pambagya | matur nuhun kalinggamurda pinundhi | ing panambrama nata ||

23. bawènipun amba tiyang wukir | kadhawahan sabda manuhara | lwir anendra upamine | supêna anglêlindur | katongton ing kawiryan adi | ya ta sri naranata | miyarsa gumuyu | angandika parikrama | kakang wiku sampun mawi wigih-wigih | sajarwa rasaning tyas ||

24. saupami pakèwêd samangkin | dening nuju wontên pasamuan | kenging sawanci-wancine | amêdharakên kayun | sukur bagya kawrat ing tulis | yêkti tan kawadaka | ing sangadinipun | Sang Ajar Sidhiwacana | marikêlu sarta mèt rontalirèki | katur ing sri narendra ||

25. kramaning [kra...]

--- 1: 6 ---

[...maning] srat katupiksèng aji | sampun tamat ing pamaosira | kadhadha sasurasane | angêbun-êbun esuk | angêngudan sore supadi | sagêd nuwilagănda | ngandika sang prabu | kakang wuku kawikana | kang kuwasa karya jodhoning dumadi | amung Sang Hyang Wisesa ||

26. mêmalad tyas andikanira ji | sinamayan benjang măngsa sitra | sang ajar suka manahe | pamit kalilan mantuk | nata luwar dènnya tinangkil | tumamèng dhatulaya | wau ta winuwus | Kyana Patih Tambakbaya | ing antara dina angkatira kanthi | punggawa kang prayoga ||

27. para mantri panêkar tan kari | pinilihan kang samya widagda | undhagi sabarang gawe | sangkêp sasikêpipun | praptèng paran isthanya kadi | nênumpu sato wana | pamatahing laku | dènira anitik papan | kang pakantuk bawera rêsik waradin | pantês kinarya kutha ||

28. rakit-rakiting panyêngkal siti | pan kinarya kubuk wiyarira | gêgili pinapar kabèh | lêbak-lêbak kaurug | wrêksanira dipun babadi | ditya kang adhadhăngka | dhinawuhan sampun | ngalih mangidul sadaya | manggon anèng iring-iringaning wukir | parêk lan ing Malawa ||

29. pakarangan amêmagêrsari | kuthèng raja pandhita dênawa | Kalasuwedha namane | ya ta malih winuwus | ingkang sami anambut kardi | andon andina-dina | ing antaranipun | rampung pambukaking wana | Kyana Patih Antyaka atur udani | dènnya karya pangreka ||

--- 1: 7 ---

30. kawistarèng wangunan pasagi | sri narendra dahat sukaning tyas | patih dhinawuhan mangke | kalumpuk kayu watu | angupaya ing wukir-wukir | kinèn angumpulêna | anèng gon puniku | nuli padha dèn garapa | karya kutha pagêr garogol kang bêcik | capurining kadhatyan ||

31. wiwitana ing măngsa manggasri | saking wetan ubênge angiwa | têmu gêlang wêkasane | sinungan tugu sêrut | patih matur sandika mijil | sampun mêmatah wadya | kang sami tinuduh | ngupaya watu lan wrêksa | andum paran sowang-sowang gya lumaris | kunêng gantya winarna ||

32. ingkang amartapa apêpidik | anèng wukir Marbabu punika | ing Endrakila dhepoke | Sidhiwacana Wiku | praptanira saking nagari | nguni wus awêwarta | marang sutanipun | salwiring kang linakonan | têka gampang kaparêng karsaning aji | sajroning măngsa sitra ||

33. nawung raras ruming sari-sari | asrining amiwaha pangantyan | yêkti dahat prayogane | dening măngsa tumuwuh | tarulata duk samya sêmi | sira bangbang sucitra | sukèng tyas angrungu | pawartaning ramanira | wus mangkana dupi antara marêngi | praptaning măngsa sitra ||

34. gatining tyas sang wiku ing mangkin | mèngêt arsa marêk ing narendra | anrang kang dadya karsane | mangkat kanthi pêpikul | warna-warna wijiling wukir | amung kalih rêmbatan | kinarya tur-atur | praptaning praja kalilan | sowanira kapanggih ing sri bupati | sinambrama [sina...]

--- 1: 8 ---

[...mbrama] pambagya ||

35. ri sotaning tyas sang maha muni | langkung suka rumasa katrima | ingkang dadya tur-ature | matur anuhun-nuhun | anggung dhêku noraga mèt sih | prabu sampun anduga | ing sasmitanipun | dadya rum andikanira | kakang wiku sampun praptèng măngsa mangkin | nanging panêdhaningwang ||

36. surupêna asaling lêluri | utamaning wong abêbesanan | kêdah wruha sajarahe | sang ajar aturipun | dhuh pukulun pedah punapi | asaling tiyang arga | awon èstunipun | ngandika sri naranata | kakang wiku ing mangkya manawi wiwit | dados asli utama ||

37. rêrancagan kewala prayogi | sang pandhita umatur sandika | èngêt-èngêtan wartine | inggih kala rumuhun | wontên raja pandhita lêwih | Rêsi Sidhiwacana | punika sêsunu | wasta Rêsi Sidhikara | asêsunu Rêsi Sadhana ing nguni | sêsuta Sudhagnyana ||

38. karya dhepok ing ngriki puniki | asêsuta kalih sami priya | ingkang asêpuh wastane | Sang Rasika ing dangu | Acitraka ingkang taruni | wontên wukir Aswata | padhepokanipun | dene Sang Rêsi Rasika | asêsuta Ajar Sidasadya nguni | sêsuta Sidokara ||

39. taki-taki wontên ing wanadri | inggih punika bapa kawula | ya ta sapamiyarsane | nata suka kalangkung | angandika lah kakang mangkin | kalêrêsan kewala | parikramèng ulun | têmbung kakang jatinira | prênah sêpuh urut-uruting lêluri | kula prênah [prê...]

--- 1: 9 ---

[...nah] taruna ||

2. Sinom

1. awit ingkang kacarita | wontên ing Aswata wukir | kawarti lêluhur ingwang | saking ibu duk ing nguni | Sang Acitraka Rêsi | sêsuta satunggal jalu | ran Rêsi Citradana | punika sêsuta kalih | kang asêpuh wasta Sang Rêsi Sucitra ||

2. kang nèm Dèwi Citraswara | kagarwèng rama narpati | patutan kula punika | etang uruting lêluri | andika lawan mami | kadang tunggil canggah tuhu | Ajar Sidhiwacana | andhêku konjêm ing siti | suka sukur ing tyas kawistarèng netya ||

3. samantara enjangira | ajar pamit dèn linglani[7] | yèn wus parêk ing purnama | dhinawuhan wangsul malih | amirantia sarwi | ngajaka sutane jalu | matur sandika mangkat | sapraptanira ing wukir | tata-tata mêmatut pirantinira ||

4. rampunging pangupakara | mèh parêk purmanasidhi | mangkat saking Endrakila | Bangbang Sucitra tan kari | para siswa umiring | indhung-indhung ulu guntung | cantrik cèkèl puthutan | manguyu janggan wêwasi | kêbut kabèh kang kari mung sawatara ||

5. myang parèstri kang tut wuntat | sagung abêt-abêt sami | ubon-ubon lawan endhang | bidhang dhayang sontrang mêntrik | miwah para dêdungik | ngayap kanan kèrinipun | pêpikul anèng ngarsa | ki ajar anumpak sapi | sira Bangbang Sucitra wahana kuda ||

6. pasang rakiting lêlampah | têtabuhan urut margi | angklung bangkilung kêkêndhang | trêbang bêndhe myang sangkuni | gêntha kêkêlèng muni | abarungan swara umyung [u...]

--- 1: 10 ---

[...myung] | wong urut padêdesan | akèh samya nêningali | ana ingkang kayungyun laju tut wuntat ||

7. tangèh lamun winuwusa | rarasing samargi-margi | rong dina praptèng nagara | wus katur ing sri bupati | kya patih dèn dhawuhi | mrênahkên pondhokanipun | sugata tan kuciwa | sangkêp maneka mênuhi | duk samana Kyana Patih Tambakbaya ||

8. amanggihi tamunira | dupi nalika udani | marang sutane ki ajar | tansah nahên waspa dening | tan kasamaran yêkti | lamun iku gustinipun | putra nata pangarsa | Dyan Citrasoma ing nguni | kang ailang rusaking prajèng Mamênang ||

9. kaupaya tan kapanggya | kongsi prapta ing samangkin | nanging Radyan Citrasoma | supe marang kyana patih | dènira duk ing nguni | maksih timur durung pemut | kya patih atêtanya | maring ajar bisik-bisik | kamulaning sêsuta jalu utama ||

10. Sang Ajar Sidhiwacana | wêwangsulanira ririh | bêndara sang mantrimukya | dipun sarănta ing galih | benjang kula jatèni | yèn ing karya sampun rampung | lêstantun kalampahan | dhaupipun suta mami | inggih lawan putrinipun sri narendra ||

11. kya patih sampun anduga | ing lair sasat piningit | ing batin maksih rinasa | paran wahananing dadi | marma tyas widhak-widhik | antukira kongsi surup | tansah ngudi wardaya | binudi-budi dumadi | marêk maring ngabyantarèng naranata ||

12. matur ing rèh wêwisikan | duk miyarsa sri bupati [bupa...]

--- 1: 11 ---

[...ti] | ngungun angunandikèng tyas | baya kaelokan iki | dene ta putra mami | antuk jodho sutèng diyu | kang katêmu ing wana | Rara Têmon sun arani | iya paran yèn wus karsaning bathara ||

13. wêkasan ngandikèng patya | hèh kakang prakara iki | aywa kongsi corah-corah | bokmanawa kapiyarsi | ing arinira sori | têmah amêmugut laku | murungkên pandon dadya | kasiku ing jawata di | wantuning dyah tan bisa mot saniskara ||

14. luhung enggalna kewala | sampating sapalakarti | bawahanirèng pangantyan | daya-dayaa kapanggih | paran dadining wadi | patih sandika turipun | sarwi wotsari mêdal | mêlak kang anambut kardi | tigang dina rampunging panguparêngga ||

15. katur ing sri naranata | tan ana kang dèn waoni | samana andungkap măngsa | praptaning purnamasidhi | para wiku ing wukir | kang miyarsa akèh rawuh | angèstrèni wiwaha | dhaubing pangantyan sami | mêmanguyu pangayun-ayuning karya ||

16. wus mangkana kyana patya | lan sakancanira sami | dhinawuhan angirida | pangantèn jalu marêngi | wanci suruping rawi | lêbune maring kadhatun | aywa kongsi kuciwa | pangarakira ing margi | rinênggaa dèn asangkêp paripurna ||

17. kya patih matur sandika | samana mèh surup rawi | pangantèn jalu ingarak | uparêngganirèng margi | manekawarna sami | samapta srining raras rum | rumêsêp sarwa sumyar | sumirat amaratani | ing rêratan tanpa

--- 1: 12 ---

sêla kang tumingal ||

18. tangèh lamun winarnaa | rêrênggan uruting margi | dupi praptèng purantara | dhaubing pangantèn kalih | binayangkarya sami | sumiwèng byantara prabu | sakalihan sumêmbah | anguswa ring jêngira ji | myang padaning garwa nata Dèwi Soma ||

19. sadangunira tumingal | maring pangantèn jalwèstri | pramèswari Dèwi Soma | ana kang karasèng galih | pangantèn priya kèksi | sapukiraning wêwangun | angêblêgi kang putra | Dyan Citrasoma ing warni | datan siwah sasolah tênaganira ||

20. sangsaya waspadèng tingal | samana sang pramèswari | rumasa sampun pramana | datan darana ing galih | gupuh amêngkul maring | jangganing pangantèn jalu | sarya lara karuna | sêsambat amêlasasih | adhuh lae kamurahaning bathara ||

21. kalinganeya samangkya | anak ingsun woding ati | katêmu mulih priyăngga | lah paran wadine iki | têka andadak dadi | yoganing pandhita gunung | ya ta Bangbang Sucitra | karêrantan turun tangis | wong jro pura otêr tumutur karuna ||

22. Sang Prabu Aji Pamasa | nahên waspa marêpêki | angêngimur maring garwa | mêngko-mêngko dèn aririh | aywa kagehan yayi | sarantèkêna karuhun | bêbasan aywa gita | yèn durung uningèng gati | sun undange Sang Ajar Sidhiwacana ||

23. arsa takon purwanira | sêsuta jalu apêkik | saksana nuduh parêkan | animbali kyana patih | sarta kinèn angirid [angi...]

--- 1: 13 ---

[...rid] | sang wiku manjing kadhatun | antara dangu prapta | nulya pangantyan jalwèstri | samya kinèn angabêkti sakalihan ||

24. Sang Ajar Sidhiwacana | samana dupi udani | maring pangantèn wanudya | datan kasamaran yêkti | lamun yogyanirèstri | kang ilang duk maksih timur | Sang Ajar tan darana | mêngkul jăngga sarwi nangis | asêsambat dhuh Sriyati sutaningwang ||

25. bagya sira wus kapanggya | dadi putraning narpati | kamayangan têmên nyawa | anyuwargakkên ing mami | Rara Têmon miyarsi | sêsambatira sang wiku | datan mèlu karuna | karana supe kapati | yèn sang aji iku kang rama priyăngga ||

26. dènnya duk kabêktyèng ditya | maksih timur durung eling | ya ta Sri Aji Pamasa | atêtanya paran marmi | pangantèn kang pawèstri | ingakên atmajanipun | pangantèn ingkang priya | iku sutane sayêkti | yèn mêngkono apa dadi têmu kadang ||

27. yêkti punika tan layak | kêna upatèng dewa di | ajar alon aturira | pukulun sang misudhèng sih | ila-ila punapi | yèn amba kang ngawu-awu | kados tan kasêmbadan | dening mring Kang Murbèng Pasthi | dhasar inggih yêktos punika sutamba ||

28. pun Sriyati wastanira | ical kala maksih alit | kaupadi tan kapanggya | kawula kintên manawi | kabêkta ing rasêksi | nguni duk măngsa panawur | akathah rare ical | kadhusthèng ditya kinardi | têtawuran dhatêng Hyang Siwandanala ||

29. marmamba lajêng [la...]

--- 1: 14 ---

[...jêng] ngalaya | angayam-ayam wanadri | amung angèsthi antaka | saking parmaning dewadi | dumadakan amanggih | rare jalu warna bagus | kawula atêtanya | sangkan paranira kumbi | amung ngakên namanipun Citrasoma ||

30. purun kawulambil suta | amba salini wêwangi | pun Jaka Pupon punika | mawi kawula parabi | Bangbang Sucitra nguni | sapariki laminipun | sampun tri wêlas warsa | diwasanipun samangkin | amba tantun arabi sangêt lênggana ||

31. purunipun palakrama | yèn antuk atmajèng aji | wrating tiyang darbe suta | datan ketang anrang wèsthi | têmahan purun prapti | marêk ing byantara prabu | tanpa mawi larapan | umatur anjangkung aris | parikêdah anuwun nuwilagănda ||

32. kaparêng lan dados dhangan | saking karsa paduka ji | mangke sampun kalampahan | wêkasan pangantèn èstri | suta amba sayêkti | kadospundi wadosipun | têka wontên kawuryan | lampahan makatên gusti | elok têmên panduming Suksma Wisesa ||

33. Sang Prabu Aji Pamasa | miyarsa angrês ing galih | dahat ing pangungunira | wusana ngandika aris | kakang wiku samangkin | sampun kalampahan dhaup | Jaka Pupon kalawan | Rara Têmon têmah dadi | kaelokan saking karsaning bathara ||

34. bêbasan lêta samodra | lawan kalingana wukir | yèn pasthi jodho sanyata | mêsthine têka kapanggih | tanpa sarat sadawir [sada...]

--- 1: 15 ---

[...wir] | inggih kalampahan dhaub | mangke nêdhênge samya | mêdhar kêkêraning Widhi | dènnya karya kaelokan wus kawuryan ||

35. makatên liring kêkêran | kang badhe kawêdhar mangkin | kamulyaning bêbesanan | kakang ajar lawan mami | kula kang urun èstri | andika kang urun jalu | wêkasane punika | pun kakang urun pawèstri | mangkya kula kang urun pangantyan priya ||

36. dados têmbung lintu patra | urup-urup urapsari | kula gantya awêwarah | kalawan sajarwa jati | sajatinipun inggih | pangantèn jalu puniku | putra amba pangarsa | Dyan Citrasoma wêwangi | nguni ical kala risaking Mamênang ||

37. kapanggya sawêg samangkya | andika pupu puniki | dahat katarimaning tyas | suka sokuring tyas mami | dene pangantyan èstring[8] | punika sajatinipun | ênggèn kula amanggya | wontên dhangkaning rasêksi | purwanipun makatên kula carita ||

38. sampun tiga wêlas warsa | jêngkar ngong saking Kadhiri | awit ambujung maesa | andanu kang karya wèsthi | anggung ngrêrusak maring | pagêr pagrogolan ingsun | kongsi kalunta-lunta | ing pambujung kula nguni | kang maesa andanu datan kacandhak ||

39. sabên cêlak mèh kewala | kula lêpasi jêmparing | maesa mêsat sakala | lumumpat angilat thathit | yèn têbih angandhêgi | yayah angêngerang laku | antawis pitung dina | icale maesa bothi | wontên madyaning wana Krêndhawahana ||

--- 1: 16 ---

40. nuntên kula pinanggihan | dening Bathari Yuwati | ratuning Krêndhawahana | paring wasita sajati | yèn praja ing Kadhiri | kalaban lêlahar agung | tanpa sangkan kang tirta | kongsi tumêkèng jro puri | pira-pira wong kang kataman asmara ||

3. Asmaradana

1. dene katampêk ing banjir | tanbuh ing bêbukanira | dhasar dalu praptaning we | marma sapraja ru-ara | samya gung pêpuyêngan | ana ngili ngalor ngidul | ngetan angulon samana ||

2. amung nêdya ngungsi urip | wêkasan kula tinêdah | maring wana kidul kilèn | ing Pêngging dhangkaning ditya | kinèn abêbadhea | samadyèng wana ing ngriku | têmbe dadya praja arja ||

3. saksana kula lampahi | praptaning Pêngging têmah prang | lan ditya kang anèng kono | ananging tan ana mênang | sagung para raksasa | pira-pira samya lampus | dening sarotamaningwang ||

4. sasisane kang ngêmasi | samya nungkul minta gêsang | purun tumut sakarsèngong | babad-babad wanawasa | nulya kula tumingal | rare èstri kawiyungyun | ing sulur woding mandira ||

5. watawise dèrèng lami | dènnya tumamèng bêbaya | kula kamiwlasên tumon | laju natasi pusara | luware datan kêna | tinakèn karananipun | pijêr anangis kewala ||

6. sambate rama rasêksi | têka kolu nganiaya | mung makatên sadangune | ing nguni pamanah kula | yêkti sutaning ditya | wêkasane [wêka...]

--- 1: 17 ---

[...sane] kula pupu | kula ambil suta amba ||

7. alajêng kula namani | pun Rara Têmon punika | ing antara ari mangke | garwa putranipun samya | nusul kapanggih arja | wadya umiring sadarum | sesaning pêjah kablabak ||

8. mung putraningong pangarsi | nguni kang dèrèng kapanggya | marmane pun Rara Têmon | kang măngka lêliru dadya | putraningsun pangarsa | garwèngong marêm tyasipun | suda wiyadining driya ||

9. dupi ing antara lami | praptaning măngsa diwasa | andika ngêbun-bun sore | dhanganing tyas arsa wruha | kadadyaning wêkasan | kula mèt sutaning diyu | antuk yoganing pandhita ||

10. têlas pangandika aji | Sang Ajar Sidhiwacana | miyarsa ngungun têmahe | sangêt suka sokuring tyas | dènnya panuju samya | manggih raharja sadarum | kaelokaning bathara ||

11. wus mangkana kyana patih | dhinawuhan awêwarta | marang para wadya kabèh | wêdharing kang kaelokan | wêkasan liru patra | putra nata ingkang jalu | sutèng ajar kang wanudya ||

12. matur sandika wotsari | mijil sampun awêwarta | kang miyarsa ngungun kabèh | ya ta winarna sadaya | sajroning pamiwahan | amung suka-suka nutug | muwah-muwuh ăndrawina ||

13. jangkêp maneka mênuhi | tan ana kang kakurangan | kongsi ing pêndhak dinane | dupi praptaning antara | ajar pamit kalilan | winêling nuntêna wangsul | têtuwi maring kang

--- 1: 18 ---

putra ||

14. myang para wiku ing wukir | kinèn samya sring tuwia | umatur sandika kabèh | angkate saking nagara | andum paran sowangan | praptèng padhepokanipun | lajêng warta-winartanan ||

15. ya ta kawuwusa malih | prajèng Pêngging Witaradya | măngsa asuji ing mangke | praptaning para narendra | ing amănca nagara | saha wadyakuswa kêbut | seba sabên tanggal warsa ||

16. wus dadya adating nguni | para nata măncapraja | mung sapisan sumiwine | sabên wêkasaning warsa | praptèng taun wiwitan | andhèrèk wiyosing prabu | ngujubakên rajawedha ||

17. lire sidhêkah sang aji | mêmule arjaning praja | pêndhak wiwitan warsane | sangkêp punang têtingalan | sarwa sri nekawarna | samana antaranipun | praptaning kang rajawedha ||

18. marêngi tanggaping warsi | wiwitan măngsa kartika | nalika duk pamancade | ing taun Jagalogêna | etang surya sangkala | gunaning wong trusing luhur |[9] kaetang căndra sangkala ||

19. janma karya gatrèng langit |[10] wiyosira sri narendra | angijabakên mêmule | sidhêkahan rajawedha | sawusira bojana | carikan lumèngsèr dinum | ing para wadya warata ||

20. anulya pasang piranti | têtingalan warna-warna | karya sukaning wong akèh | ana dadya parêbutan | wênèh binasmi samya | miwah ana kang kalabuh | myang binuwang ara-ara ||

21. wusnya mangkana narpati |

--- 1: 19 ---

miyos ngubêngi nagara | mariksa pasang rakite | sagung panggenaning wadya | tan ana kaliwatan | dupi têpung gêlang wangsul | siniwi ing panangkilan ||

22. samana para narpati | samya winartan sadaya | saliring rèh lêlakone | kang putra Dyan Citrasoma | kaelokaning dewa | kawuryan ingambil mantu | wêkasane liru lambang ||

23. miwiti malah mêkasi | prabu dènnya awêwarta | para nata ngungun kabèh | samya suka sukuring tyas | wus luwaran samana | cinarita praptanipun | ing wulan purnamasada ||

24. karsanira sri bupati | kang putra Dyan Citrasoma | mangkya jinunjung lênggahe | nama Prabu Anom ika | kabyawara warata | anèng pasewakan agung | ingestrenan para nata ||

25. myang para wiku ing wukir | mangayubagya sadaya | jumurung pangastutine | Sang Ajar Sidhiwacana | sru suka sukuring tyas | dene putranira mantu | mangkyantuk sihing ramendra ||

26. dupi ing antara ari | prabu miyos siniwaka | kadi saban kang kalakon | Kyana Patih Tambakbaya | dinangu kang anggarap | ing kutha anyar winangun | matur kantun sawatara ||

27. pangandikaning narpati | marang sagung para raja | kinèn angantia kabèh | pangalihing kutha anyar | samya matur sandika | kaparênga karsa mangun | pakuwone sowang-sowang ||

28. wus kalilan nulya pamit | sami amêmilih papan | sasênênge dhewe-dhewe [dhe...]

--- 1: 20 ---

[...we-dhewe] | praptèng kono amêmatah | kang kinèn nambut karya | gêlakan panggarapipun | tan alami sampun dadya ||

29. kunêng kawarnaa malih | amarêngi măngsa sitra | wiwit tanggal kapisane | budhale kang rajadarwya | isèn-isèning pura | ing antara dina rampung | tinatèng gon sowang-sowang ||

30. praptaning purnamasidhi | Sang Prabu Aji Pamasa | pindhah sagarwa putrane | myang para nata punggawa | sawadyakuswa samya | umiring sadaya kêbut | sangkêp sopacaranira ||

31. dene ingkang maksih kari | mung wong ngindhung nyagak papat | tan bisa ngusung wismane | wong ngindhung ingkang buwana | datan sêdya kantuna | nahan saanane ngênu | lampahira sri narendra ||

32. sampun praptèng Dwarawati | amêmatah para nata | sarta sawadyabalane | ing panggonan sowang-sowang | samana winursita | pitung dina pitung dalu | prabu maksih anèng jaba ||

33. durung karsa manjing puri | nganti rampunging panata | miwah panidhikarane | pinuja mantrèng dêdupa | dening para pandhita | dupi paripurna sampun | prabu tumamèng kadhatyan ||

34. abujana siyang ratri | lawan sagung para nata | myang wadya punggawa kabèh | kongsi patang puluh dina | andungkap praptèng măngsa | manggakala kang winuwus | sagunging para narendra ||

35. pamit mantuk dèn lilani | duk samana karsa nata | mangkya kinèn karya bale | mangunturing panangkilan | myang păncaniti samya | sinarênga [sinarêng...]

--- 1: 21 ---

[...a] adêgipun | kya patih matur sandika ||

36. kunêng prajèng Dwarawati | gantya ingkang kawarnaa | dhadhakaning kăndha mangke | kadi sarêng salampahan | graning wukir Parswasta | wontên ditya kang kasêbut | anama Raja Parwata ||

37. dènnya rêraton wus lami | balane mung brakasakan | myang para lêlêmbut kabèh | sagunging wêwêdi samya | rinèh kapangkat-pangkat | andhap luhuring lêlungguh | miwah panggaweyanira ||

38. nanging pilih kang udani | dènnya maksih sêsiluman | nadyan kang parêk prajane | ratu ing Ngawantipura | Sang Prabu Sena Raja | sayêkti datan angrungu | yèn ana ditya rêratyan ||

39. mangkya winursitèng kawi | Sang Ditya Raja Parwata | lagi kataman wirage | kapati putêking driya | dènnya kang putra priya | nama Sang Ditya Parasu | anggung gêgubêl kewala ||

40. datan kêna dèn sayuti | pamintane maring rama | anuwun jatukramane | ingkang tansah katuwawa | katon jroning supêna | nunggal anèng tilam santun | karasa rarasing driya ||

4. Mijil

1. amung rajaputri prajèng Pêngging | nama Rara Têmon | kang dumunung anèng woding tyase | awit pawartane para pêri | kang sampun udani | maring sang rêtna yu ||

2. ngulatana ing sèwu nagari | datan ana roro | tuhu ratuning ayu warnane | nadyan ingkang para widadari | pilih kang umirib | wêwangunanipun ||

3. marma Ditya Parasu kêpati | putêking tyas kepon | kapencut [ka...]

--- 1: 22 ---

[...pencut] ing pawarta têmahe | angêngudi ing rama yaksa ji | bisaa tumuli | dhaub lan sang ayu ||

4. rama ibu Parwata Parwati | kamiwlasên tumon | apuwara tinut pamintane | animbali gandarwo Baidhi | prapta dèn dhawuhi | yèn arsa tinuduh ||

5. kinèn laku dhustha marang Pêngging | mèt putrining katong | kang tan kongsi kasatmatèng ngakèh | Sang Baidhi sandika wotsari | mêsat ing wiyati | wor maruta nurut ||

6. angrêgancang lumrang ima wèri | sinrang ngisis mring sor | asar-saran sumawur ririse | lampahira gandarwo Baidhi | praptèng tanah Pêngging | wayah surywa surup ||

7. nahan ing rèh gandarwo Baidhi | gantya winiraos | Rêsi Kalasuwidha wiyose | darbe suta wanodya yu luwih | apanêngran Dèwi | Sidhawati iku ||

8. wus antara warsa kambil siwi | dènira sang katong | pinacang lan sutendra kang anèm | marma anèng jro pura piningit | mangkya amarêngi | karsaning dewa gung ||

9. pan kinarya lêlakon kawarni | wayah sirêping wong | Dèwi Sidhawati arsa sêne | maring jamban parêkan kêkalih | kang umiring ngarsi | anggawa sêsuluh ||

10. duk samana gandarwo Baidhi | samantara tumon | wanudya yu endah suwarnane | wus anyana yèn iku kang kèsthi | tan darana nuli | maniyup tumurun ||

11. dupi Dèwi Sidhawati mijil | saking jamban anjog | patataraning bèji kang kilèn | dyan sinambut maring

--- 1: 23 ---

Sang Baidhi | kabêktèng wiyati | angambara silum ||

12. sru karuna Dèwi Sidhawati | parêng cèthi karo | anjrit samya sora suwarane | kapiyarsèng nata sigra mijil | sawadya kang kêmit | parêkan dinangu ||

13. aturira miwiti mêkasi | angungun sang katong | ruditèng tyas tambuh pambudine | dyan amatah wadya kang ngulati | myang atur udani | ring kaka sang wiku ||

14. nahan gantya winursita maksih | sarênging lêlakon | putrèng Samapura ingkang anèm | apanêngran Radèn Umbulsari | karêm atêtaki | sabên-sabên dalu ||

15. anggung lungan nis amung pribadi | kongsi tumêkèng doh | nut ing tirahing wukir parane | antarantuk lêlakon sawêngi | trêkadhang rong ratri | tigang dina mantuk ||

16. ing nalika punika winarni | lampahe sang anom | praptèng tanah ing Pêngging wayahe | sirêp janma samana kapanggih | gandarwo sawiji | sarywa ngêmban sunu ||

17. lagya mothah lara-lara nangis | anggiyêng galolo | datan lilih pangêla-êlane | myang rinapu ingarih-arihi | kewran dènira mrih | mênêng sutanipun ||

18. marma mangkya pêrlu arsa panggih | kalawan sang anom | minta tulung gandarwo wuwuse | dhuh rahadèn kaparênga mugi | ambirata sêdhih | ngusadèng tyas gidhuh ||

19. suta ulun puniki anangis | panglipur tan pandon | pijêr mothah budi sadangune | paran sangkaning sagêda lilih | andika tulungi | sumăngga sang bagus ||

--- 1: 24 ---

20. Radyan Umbulsari anauri | mangke ta dèn alon | kula takèn nama sajatine | dimèn datan karya walangati | gandarwo mangsuli | dhuh rahadèn bagus ||

21. wiyosipun kawula puniki | ratuning gandarwo | Sang Karawu kasubing wantanggèr[11] | sutèng Raja Gandarwo Sampati | manawi sang pêkik | sagêd atêtulung ||

22. nêng-ênêngi rare lagya budi | srah jiwangganingong | sumăngga ing sakarsanta anggèr | Radèn Umbulsari malat kang sih | wlasira kapati | nămpa astanipun ||

23. sarywa muwus lah kisanak pundi | coba kula êmong | sang gandarwo ngulungkên sutane | wus katampan ingêmban tumuli | kalela-lela ris | rinaras kêkidung ||

24. eman-eman wong bagus hwan nangis | angur agêguyon | sun opahi kêkitiran gêdhe | yasanira Sang Hyang Ênêng Jati | ilir-ilir silir | sumilir hyang bayu ||

25. isik imong sutane si kaki | kidang wulung jalon | putunèki ari măngsa kiye | gumalundhung lir padhas sela dri | rupanira kadi | bugêl kayu sêmpu ||

26. kaping tiga anulya winisik | karnanira karo | cu palicu si palicu sare | aja nangis yèn tan bisa nolih | githokmu pribadi | cêp mênêng lês turu ||

27. sanalika mularira lilih | sutane gandarwo | amung kari kasêsêgên bae | sêmu guyu-guyu têmah guling | gandarwo udani | dahat suka sukur ||

28. tan antara amiyarsa tangis | layung-layung [la...]

--- 1: 25 ---

[...yung-layung] nglamong | ing awiyat kawuryan jatine | sang gandarwo raja muwus aris | wontên bagya mangkin | kantuna sang bagus ||

29. sigra mêsat angambara panggih | lan dhustha têtakon | lah ta sapa sira gendhong kuwe | Sang Baidhi gêtêring tyas tistis | datan ananuri | mung anggege laku ||

30. tinut wuri saparan tiniti | mêksa tan miraos | kongsi praptèng Parswasta wayahe | titi sonya gandarwo Baidhi | arsa manjing puri | mangkya sang dyah ayu ||

31. tansah maksih lara-lara tangis | ngadhuh angatuhon | katuhone awak ingsun kiye | tan ana kang sêdya angulati | kabêsturon sami | wong Pêngging sadarum ||

32. ya ta sang gandarwo raja myarsi | sambat kang mangkono | wus anduga yèn iku yêktine | putrinira narendra ing Pêngging | kadhusthèng Baidhi | dinon ing alimun ||

33. matak măntra wikrama sangkali | sang raja gandarwo | manaputi Baidhi têmahe | kasulayah lir kataman tali | bayu larut kongsi | tan bisa amuwus ||

34. dyan sinambut Dèwi Sidhawati | mring raja gandarwo | sarywa matur dhuh dèwi wiyose | sampun kaduk tyas abela tampi | pun bapa puniki | dhapur kang angruruh ||

35. ing samangke kula bêkta inggih | kondur angadhaton | lan pun dhustha punika pantêse | katura ing rama paduka ji | Dèwi Sidhawati | sangsaya margiyuh ||

36. kewraning tyas manawa sinandi | upayèng gandarwo | dadya mênêng mupus [mupu...]

--- 1: 26 ---

[...s] ing pêpasthèn | wus mangkana gandarwo narpati | mardya mangaskrêti | mêsat sarywa muwus ||

37. hèh Baidhi tut wuria aglis | ing salakuningong | dyan umiring dening kataman rèh | pakantuking aji pangaskrêti | tumutur kang kèsthi | saengga tinuntun ||

38. tan antara lampahira prapti | ing gènnya sang anom | maksih among ing gandarwo rare | sira Raja Karawu udani | gumuyu sarywa ngling | mantêp sang abagus ||

39. mangkya ulun arsa malês kang sih | bokmanawi dados | kalêrêsan sapangarahing rèh | măngka margane antuk kamuktin | yêkti dèn lampahi | kangelan rumuhun ||

40. ing samangke mupung amarêngi | bang-bang wetan katon | sayêmpraba pangalad-alade | hyang aruna mimba bangun enjing | pakantuk marsudi | budi kang rahayu ||

41. kaparênga kawula aturi | kampir wismaningong | mung sakêdhap kewala rahadèn | wontên rêmbak ingkang awigati | lan arsa wêwarti | lampah kula wau ||

42. Radèn Umbulsari anuruti | samantara katon | kadhaton mas sarwa sri rarase | sangkêp sèsinya manekawarni | padhange kapati | tanpa surywa tèngsu ||

43. praptaning jro pura gandarwo ji | lêngah ing mêmeron | para cèthi marêk saanane | samya suka dènira ningali | gandarwo lit lilih | malah enak turu ||

44. sang gandarwo raja anyawisi | lamak mas kinaos | sarywa nguculakên gendhongane |

--- 1: 27 ---

wus alênggah Dèwi Sidhawati | Radèn Umbulsari | satata ing ngayun ||

45. nulya nuduh parêkan sawiji | sang gandarwo katong | tampanana bêndaramu kuwe | wus asuwe ingêmban sang pêkik | cèthi kang tinuding | anampani gupuh ||

46. alon matur gandarwo narpati | maring sakaroron | atêtanya ing sangkan jatine | lawan ingkang sinambat wêwangi | Dèwi Sidhawati | sajarwèng pamuwus ||

47. sajatine ingkang asêsiwi | dityarsi kinaot | ing Malawa kasub panêngrane | Raja Kalasuwidha kawarti | trah Malawapati | mula-mulanipun ||

48. dene ibu kula ratu pêri | warna yu kinaot | Dyah Rawati punika namane | apêputra Dèwi Sidhawati | inggih awak mami | kalêbêd dèn ugung ||

49. kongsi wayah diwasa ingambil | putrèngkat kinaos | dening Natèng Pêngging datan pae | lawan paratmajendra pribadi | kagyat duk miyarsi | Sang Raja Karawu ||

50. wuwusira kalingane iki | pêpulunan ingong | dhuh rahadèn dèwi ing samangke | kula pêpoyan warta sajati | botên ta mêmurih | mèt pangawu-awu ||

51. kang anama Dyah Dèwi Rawati | punika kakangbok | kadang tunggil sayayah renane | sami putra Narendra Sampati | mijil saking sori | Sang Dèwi Panurun ||

52. myarsa ngungun Dèwi Sidhawati | rawat luh karaos | lêlakone kang sarira mangke | gantya muwus Radèn Umbulsari [Umbu...]

--- 1: 28 ---

[...lsari] | sajarwèng wêwangi | myang kamulanipun ||

53. kang sinêdya dènira lungan nis | sagêda kinaot | lan sasama-sama pangarahe | sabarang rèh kagunan kasêktin | antuka sajati | kang tan wowor sambu ||

54. duk miyarsa gandarwo raja ngling | apantês kemawon | radèn putra makatên èsthine | inggih pintên banggi têmbe wuri | pun paman manawi | sagêd karya gambuh ||

5. Gambuh

1. ngadoni jayèng kewuh | barang guna kasaktèn satuhu | mangke wontên sangkaning dados linuwih | suwawi sami rinêmbuk | kang aiyêg sampun diyon ||

2. ngong wêwartos karuhun | wau wontên tangis kang karungu | ing awiyat kula upadi kapanggih | gandarwo kang lampah pandung | ingkang dhustha putri katong ||

3. arinta sang rêtna yu | Dèwi Sidhawati kang sinambut | angambara binêktèng Parswasta giri | kula tut wuri sapurug | dening tan antuk têtakon ||

4. dupi kapyarsa wau | sêsambating arinta dyah ayu | katuwawa tan wontên kang angulati | wadya ing Pêngging sadarum | pijêr samya kabêsturon ||

5. mêkatên kang karungu | karya padhang panggraitèng kalbu | saking dugi-dugi kalihan prayogi | panyana kula saèstu | putri Pêngging dhinusthèng wong ||

6. marma laju manungku | kang wikrama sangkali tumanduk | manaputi angganing gandarwo juti | kasulayah lêsah lêsu | sarta tan sagêd miraos ||

7. sang dèwi uwal sampun | kula candhak [candha...]

--- 1: 29 ---

[...k] jrihira kalangkung | sawatawis lilih ulun bêbolèhi | sêngadi dhapur angruruh | nuntên purun kula gendhong ||

8. pangaskrêti tumanduk | dhatêng duratmaka mrih tumutur | kula mêsat angambara praptèng ngriki | pun dhustha tansah tut pungkur | katarik saking pirantos ||

9. têlas tyasira suwung | mila mangke taksih sasat bisu | lah punika tingalana kang alinggih | agung gêgenjongan janggut | gumujêng lajêng anjenggo ||

10. radyan nolih andulu | duk kawuryan yayah kawiyungyung | ngunguning tyas dènnya dahat kawlasasih | gandarwendra malih muwus | suwawi sami tinakon ||

11. ingawe sampun maju | dyan dinangu maring Sang Karawu | hèh Baidhi rowang ingsun duk samya lit | kamulanira saarju | ing mêngko têka mangkono ||

12. paran wadine iku | sun takoni sapa kang anuduh | sajarwaa kewala dimèn bisa ngling | sanalika mari bisu | wênganing tutuk ambêngok ||

13. anggro grêng-grêng gumuruh | ing antara sarèh alon matur | dhuh Karawu atmajèng Raja Sampati | kang sampun kasub kasumbung | kaluhuraning karaton ||

14. inggih sajatosipun | saking wrating ngawula ing ratu | yêkti wajib anuju sambadèng kapti | nurut pêparênganipun | sabarang pakon linakon ||

15. mojar Raja Karawu | sapa sira kawulani iku | Sang Baidhi matur yaksendra wêwangi | Raja Parwata linuhung | ing Parswasta purèng katong ||

16. angrèh [ang...]

--- 1: 30 ---

[...rèh] sagung lêlêmbut | sauruting pasisir lèr mirut | amiturut saparentah dèn lampahi | saking sor kamayanipun | kaidhêp hyang miwah katon ||

17. makatên purwanipun | sang yaksendra kataman tyas mèpu | putêk mêtêk yayah tan miyat wiyati | dening putranira jalu | anggung gêgubêl kemawon ||

18. wasta ditya Parasu | minta jatukrama kang satuhu | katuwawa sajroning supêna kèksi | nunggal anèng tilam santun | kang anama Rara Têmon ||

19. putri Pêngging puniku | para pêri kang angsung pitutur | pawartine Rara Têmon ayu luwih | sor rarasing surawadu | widagdèng wadining pandon ||

20. saking wêlasing sunu | sang yaksendra têmahan tinurut | pamintaning tanaya tan dèn sayuti | saksana kula tinuduh | marasandi durtaning don ||

21. mêsat anamun-amu[12] | praptèng Pêngging wanci surya surup | sirêping wong uninga wontên pawèstri | katingal saking sêsuluh | warnanira yu kinaot ||

22. ing panyana puniku | putri Pêngging saksana kasambut | kula bêkta angambara nuntên kèksi | paduka tututi wau | wahananipun tyas kepon ||

23. tanpantuk karya tuhu | angandika Sang Raja Karawu | kalingane sira kang kurang patitis | jamak wong kinongkon iku | dèn nastiti aywa keron ||

24. rahayune kaliru | kang sirambil dudu sang rêtna yu | katujua sayêkti nêmu bilai | wurung gandarwo sirèku | wêkasan dadi thongthongsot [thong...]

--- 1: 31 ---

[...thongsot] ||

25. Sang Baidhi andhêku | rawat waspa kang swanita kumyus | rumasa yèn luput muput anglimputi | kalimputaning tyas limut | têmahan kodhêng andhongor ||

26. mèsêm Raja Karawu | wuwusira anggèr mangkya sampun | sampat warti nanging dèrèng anartani | sampeka pakartinipun | suwawi sami rinaos ||

27. karêmbag kang pakantuk | sae pundi arinta sang ayu | winangsulkên ing pura tuwin kapingit | tiningalakên yèn sampun | wontên sayêmbara katong ||

28. Dyan Umbulsari muwus | prayogine wangsula sang ayu | yèn dinangu sajarwaa kang sayêkti | wiwitan wêkasanipun | kongsi praptaning kadhaton ||

29. anging pêpantêsipun | wontêna kang minăngka pêpemut | dados tăndha yêktining rèh nawung gati | supados lulus rahayu | andika kalawan ingong ||

30. dhatêng Mawala[13] matur | saliring rèh lêlampahan wau | dados wontên kang narima antuk kardi | gandarwo raja gumuyu | anyiwêl muwus wêwangson ||

31. lah dene têka baud | radèn karya abên manis patut | ing wêkasan dumugine kadipundi | kang sakeca babaripun | botên dados walangatos ||

32. piniyarsa pakantuk | karaoskên sinambi angantuk | ya ta Dèwi Sidhawati tukup lathi | èsêmira angêcêmut | miyat cucuding gandarwo ||

33. rahadyan malih muwus | pun Baidhi Kayu namanipun | antuk sunduk prayogi yèn datan [data...]

--- 1: 32 ---

[...n] muntir | saupami lalalucu | cangkême pantês dipun cor ||

34. myarsa saya angguguk | sang gandarwo raja wuwusipun | yèn makatên ing prayoginipun mawi | sarana manik santanu | panawang rèhing lêlakon ||

35. kadi musthikèng calung | anggêr dèrèng kalingga ing dalu | singa-singa kawawas yêkti kaèksi | barang solahbawanipun | makatên ingkang kalakon ||

36. kula darbe ing dangu | saking Sang Hyang Baruna kang asung | dhatêng rama gandarwo Raja Sampati | dhapuring manik santanu | warni kalpika sajodho ||

37. satunggal sewang patut | radèn lawan arinta sang ayu | inggih sami angagêma ali-ali | nayaka manik santanu | agung sawabipun yêktos ||

38. katura ing sang ratu | dados marganing antuk pitulung | tampi suka pirênaning tyas sayêkti | manggih kanugrahan agung | mukti sari sakaroron ||

39. punika warnanipun | mulung sampun tinanggapan laju | samya kagêm wontên ing dariji manis | gandarwo raja amuwus | lah dene saplak kemawon ||

40. suwawi mangkat gupuh | sami kula tarik aji ginung | pangaskrêti măngka panuntun lumaris | sagêd angambara silum | prapta sakêdhap kemawon ||

41. wus mangkana samya nut | angambara tan antara dangu | praptèng Pêngging lagya wayah gagat enjing | marêngi ayam tumurun | anjujug jroning kadhaton ||

42. Dyah Sidhawati sampun | kapêrnahkên ing panggonanipun | winulang [winu...]

--- 1: 33 ---

[...lang] rèh wêwêling sajarwa jati | kalamun ana pandangu | aywa tumpang suh lan dhompo ||

43. sang gandarwendra laju | Radèn Umbulsari datan kantun | praptèng wukir kidul ing wayah byar enjing | panggih lan dityarsi sampun | matur saliring lêlakon ||

44. kampitèng tyas sang wiku | angandika rahayune iku | durung ana lêlayu saka ing Pêngging | yèn karuhunana laku | baya dadi rudah ingong ||

45. lah ta adhi Karawu | prayogane padha makidhupuh | marêk maring Pêngging mangkya saantawis | bisaa matur sêsurup | cumadhong dhawuhing katong ||

46. mangayubagyèng wuwus | Sri Karawu ring kaka sang wiku | samana duk sadhawuh wijiling rawi | prapta dutanira prabu | sung wikan rèhing lêlakon ||

47. mèsêm dityarsi muwus | hèh caraka sapungkurirèku | petangane wus katêmu bali maning | saking parmaning dewa gung | amung kinarya lêlakon ||

48. duta nata andhêku | dahat suka sukuring tyasipun | angandika malih sang ditya maharsi | mêngko saantara dhawuh | ingsun marêk ing sang katong ||

49. sira bêcik angrantun | lon-alonan kewala pakantuk | sang gandarwo raja matur pamrayogi | tinarik ing aji ginung | pangaskrêtining rèh kepon ||

50. dimèn sagêd tumutur | angambara enggal lampahipun | kasêmbadaning tyas sang ditya maharsi | dupi wus samaptèng rêmbug | ubaya angkating kono ||

51. ing wayah

--- 1: 34 ---

patang dhawuh | parêng sami angambara muluk | duk têngange praptèng Pêngging Dwarawati | nahan nalika maniyub | wangsul ingkang kacariyos ||

52. Dyah Sidhawati wau | katupiksèng nata wus dinangu | matur purwa madya wusananira tri | narendra miyarsa ngungun | wêkasan kalpika tinon ||

53. punang manik santanu | kawawas wus kadulu ing dalu | solahira kang dhusthèng gandarwo juti | kongsi dènnyantuk pitulung | wangsul maring jro kadhaton ||

54. kacaryan ing tyas prabu | wali-wali dènira andulu | pinaringkên malih katampèn sang dèwi | narendra mijil anuduh | wadya punggawa kang caos ||

55. kinèn nimbali gupuh | maring Patih Tambakbaya sampun | kerid marêk ing ngabyantara narpati | winartan ing rèh sadarum | patih miyarsa anjomblong ||

56. katungka praptanipun | sang dityarsi ingancaran sampun | praptèng ngarsa winarah wartaning ratri | ngunguning tyas gantya matur | kayêktèning kang lêlakon ||

57. wontên tăndha kadulu | saking sêsran kang manik santanu | kawawasa waskitha ing rèh sajati | katur tinupiksa sampun | ngungun tyas narendra tumon ||

58. dening manik santanu | sama rupa kêmbar warnèng wangun | lan kalpikanira Dèwi Sidhawati | tan ana siwah sarambut | padha kanthi pranawèng don ||

6. Kinanthi

1. bedane amung sumunu | sênêning praba dumêling | kalpikanira sang rêtna | sumirat sorot [soro...]

--- 1: 35 ---

[...t] sêsiring | sêsraning Dyan Umbulsêkar | kuciwèng ngujwala wingit ||

2. angandika sang aprabu | lah kaka rêsi sayêkti | akarya ngunguning driya | dening kalpika puniki | sarupa kêmbar warnanya | lawan kaèksi duk enjing ||

3. pun Sidhawati ing wau | mintokakên ali-ali | sasampuning awêwarta | lêlampahanirèng ratri | mangkya kularsa mariksa | sarana takèn pribadi ||

4. uruting lampahanipun | kang dados moga rumiyin | awit saking duratmaka | inggih gandarwo Baidhi | Sang Rêsi Kalasuwidha | mangayubagya sarya ngling ||

5. hèh Baidhi dèn amaju | arsa kapariksèng aji | Baidhi marêk mangarsa | wotsari konjêm ing siti | angandika sri narendra | sajarwaa sun takoni ||

6. paran ta kamulanipun | sira suwitèng yaksa ji | manawa kalêbu warga | tunggal bangsanirèng nguni | Baidhi matur anêmbah | pukulun kangjêng dewaji ||

7. pêjah gêsang amba konjuk | sumanggèng karsa narpati | pun patik matur sajarwa | makatên ingkang pawarti | ditya Raja Mèrupadma | ing Manimantaka nagri ||

8. golongan têbu sauyun | tunggil guru lan pun kaki | gandarwa Bibiro samya | siswaning wabru sayêkti | punika buyut kawula | kang nganakakên pun kaki ||

9. gandarwo Bibiro wau | sudarmèng Barikung yêkti | inggih punika ramamba | makatên lamun winilis | Raja Mèrupadma sasat | kadanging Bibiro [Bibi...]

--- 1: 36 ---

[...ro] nguni ||

10. Mèrupadma asêsunu | nama Yaksendra Martiki | saksat kadanging ramamba | gandarwo Barikung nguni | ditya Martiki sêsuta | Raja Parwata puniki ||

11. saksat kadang amba tuhu | parikramaning yaksa ji | ing kawula têmbung kakang | arêsêp rumakêt kadi | kadang tunggil yayah rena | tanpa subasita yêkti ||

12. mila nalikaning dangu | saking sabrang angajawi | anjujug wukir Parswasta | amung lawan garwa siwi | anggung anggêlar kamayan | mayaning wisaya wèsthi ||

13. kathah lêlêmbat anungkul | sor kamayanira sami | sumawita piniluta | kapangkat ingkang lêlinggih | amba myarsa tiwikrama | mangsah mêmasang kasaktin ||

14. kasoran têmah anungkul | pajar-pinajaran warti | amba kinulawisudha | măngka pramukaning dasih | wadya barat brakasakan | sadaya amba wêngkoni ||

15. dupi ing antawis taun | yaksendra nandhang kêkêling | dening putranira priya | ditya Parasu marsudi | amêminta jatukrama | Rara Têmon kang wêwangi ||

16. putri ing Pêngging pambayun | anggung kasupên nèng ratri | datan kenging pinambêngan | wêkasan amba tinuding | marasandi anrang baya | kinèn andhustha sang putri ||

17. sandika mêsat aniyub | praptèng Pêngging surup rawi | dupi wanci sirêp janma | uninga wontên pawèstri | taruntunan suluh pandam | katingal warnanira di ||

18. saking panyana puniku | putri ing Pêngging sayêkti | kawula datan darana | anambut [ana...]

--- 1: 37 ---

[...mbut] dhatêng sang dèwi | kabêkta ngambarèng wiyat | dupi andukap mèh prapti ||

19. wontên ingkang anênukung | Raja Karawu tut wuri | puwara amba kataman | ing kamayan manaputi | têmah kepon tyas kasrêpan | saniskarèng ăngga tistis ||

20. sang putri kenging sinambut | dening gandarwo narpati | kabêkta mêsat saksana | amba tumutur katarik | saking guna kasêntikan | aji ginung pangaskrêti ||

21. tumamèng kayanganipun | kapanggih lawan sang pêkik | Dyan Umbulsari punika | ing antawis dangu sami | mêsat praptèng purantara | amrênahakên sang putri ||

22. nuntên mêsat malih rawuh | ing Giri Daksina panggih | lawan sang dityarsi raja | wêkasanipun dumugi | ing ngabyantara narendra | têlas aturing Baidhi ||

23. myarsa sukèng tyas sang prabu | gantya kang dinangu malih | sira sang gandarwo raja | umatur sajarwa jati | pukulun sri naranata | makatên ing wau ratri ||

24. amba nandhang tyas margiyuh | dening pamularing siwi | tan kèndêl kalela-lela | malah andaluya budi | dahat kawêkèn kawula | wijil sajawining panti ||

25. kapanggih lawan sang bagus | inggih Radèn Umbulsari | sagêd têtulung angêmban | linela-lela nulya ris | rinaras basa srênggara | sinawung kidung rêrêpi ||

26. kèndêl ing pamularipun | sutamba puwara guling | taksih wontên ingêmbanan | nuntên kawula miyarsi | dyah karuna ing

--- 1: 38 ---

awiyat | sambatipun amlasasih ||

27. amba mêsat duk andulu | wontên gandarwendra juti | angêmban wanodya endah | laju kawula tut wuri | tan samar lamun punika | yêkti gandarwo Baidhi ||

28. kawula takèn tan antuk | praptaning Parswasta giri | sangsaya rumaos wêlas | miyarsa sambating tangis | anggung katuhon anêtah | dhatêng para wadyèng Pêngging ||

29. sami kabêsturon tuhu | dening tan wontên nututi | kawula sampun anyana | yèn yêkti putri ing Pêngging | kabêktèng gandarwo dhustha | amba sanalika runtik ||

30. dening katambêtan tangguh | tanpantuk patakèn mami | têmah mêmatak kamayan | măntra wikrama sangkali | tumanduk ing duratmaka | rêbah lir kataman tali ||

31. lawan anêmahi bisu | uwal pambêktaning putri | kawula sambut saksana | masang aji pangaskrêti | sarya mêsat angambara | Baidhi tansah tut wuri ||

32. katarik ing aji ginung | guna sakti pangaskrêti | praptèng kahyangan kawula | sang putri amba takèni | sajarwa jatining nama | lawan ingkang asêsiwi ||

33. kawula miyarsa ngungun | mangsuli sajarwa jati | lamun sang dèwi punika | pulunan amba pribadi | atmajaning kadang wrêdha | kang anama Dyah Rawati ||

34. kagarwèng Sang Ditya Wiku | Kalasuwidha ing nguni | makatên kamulanira | kakangbok Dèwi Rawati | kenging upatèng ramendra | gandarwo Raja Sampati ||

35. nêmahi kasmala [kasma...]

--- 1: 39 ---

[...la] luyut | waluya dening dityarsi | kangbok laju sumawita | pasrah karatoning pêri | parahyangan wukir Oya | sumanggèng karsa sumiwi ||

36. katampèn salajêngipun | kagarwa ngantos sêsiwi | mangsuli atur kawula | dupi Dèwi Sidhawati | têtêp yèn pulunan amba | sanalika kang kaèsthi ||

37. pinarêngêna puniku | saking karsaning dewadi | ing têmbe lulus dhaupa | lawan Radèn Umbulsari | dening amba kapotangan | kèndêling rare anangis ||

38. wontên kang minăngka pemut | tăndha yêktining pangèsthi | warni kalpika sapasang | manik santanu ing nguni | pêparinging Hyang Baruna | ing rama Raja Sampati ||

39. kadi musthikaning calung | kuwasanipun kinardi | mawas salwir solahbawa | anggêr taksih amarêngi | saratri praptèng raina | dèrèng salin dalu malih ||

40. singa winawas kadulu | solahbawanipun sami | kalpika manik samana | kawula sungkên supadi | kagêma satunggal sowang | ing rahadyan putra putri ||

41. wêling kawula ing dalu | marganing antuk kamuktin | katura ing sri narendra | dupi sampun samya tampi | kawula bêkta umêsat | praptèng pura gagat enjing ||

42. Dèwi Sidhawati sampun | kawula prênahkên munggwing | panggenanipun priyăngga | amba laju lumastari | dhatêng ing Giri Daksina | panggih lan kakang dityarsi ||

43. dumugi salajêngipun | marêk ing ngabyantara ji | aturing gandarwo raja | têlas [têla...]

--- 1: 40 ---

[...s] miwiti mêkasi | sukèng tyas narendra myarsa | angliring raka dityarsi ||

44. sarya lon andikanipun | punapa makatên yêkti | kang raka matur sajarwa | inggih tan siwah samênir | pun Karawu aturira | duk kawula antuk rabi ||

45. prabu mèsêm sarya manggut | asmu suka rênèng galih | ing tanduk tanggaping raka | wêkasan Dyan Umbulsari | dinangu matur anêmbah | pukulun kangjêng dewaji ||

46. makatên kamulanipun | marmamba asring angingkis | kesah anis mung priyăngga | anggung anggagat saratri | saking rudahing wardaya | dening rumaos kawuri ||

47. wontên kadang amba sêpuh | pawèstri ingkang wêwangi | Dyah Sêndhangsari punika | warnendah sarwa rêspati | sandeyaning tyas kawula | manawi sampun akrami ||

48. yêkti punika anggayuh | karaton ing Samapuri | pangèsthinig tyas sagêda | gumantyèng rama ing wuri | badan kawula kapiran | paran puwarèng kadadin ||

49. ing têmahan amêmuntu | amantyaning[14] tyas sayêkti | tan ketang durgamèng marga | wisata nis andêrpati | patataraning parasdya | kaota lawan sasami ||

50. samukawis rèh linuhung | antuka ingkang sajati | sampun keron kasamaran | sampurnaning paramèsti | makatên pangèsthining tyas | sanityasa ngingkis ratri ||

51. kalunta-lunta kalantur | tumutur tirahing wukir | kapanggih lawan gandarwa | Raja Karawu marêngi | angêmban atmaja priya | kang amular tan suririh ||

--- 1: 41 ---

52. katulung malah andarung | ingarih-arih tan ririh | mila amba kang sinambat | anglela-lela supadi | mèndêl panangising suta | kalampahan dados lilih ||

53. tumuntên Raja Karawu | miyarsa tangising èstri | anglêlayung ing awiyat | sanalika mêsat aglis | wangsul angêmban wanudya | kairing gandarwo juti ||

54. tumamèng kahyanganipun | amba tumutur tut wuri | sang rêtna sampun sumalah | lênggah ing pramana rukmi | kawula sami satata | ing ngarsaning gandarwo ji ||

55. tinakenan sang dyah ayu | wêwarti sajarwa jati | nuntên têtanya ing amba | inggih sajarwèng mawanti | gandarwo raja miyarsa | sukèng tyas nitya katawis ||

56. amba lawan sang rêtna yu | sinungan kalpika sami | satunggal sowang punika | manik santanu wêwangi | kuwasanipun kinarya | mawas solahbawèng ratri ||

57. wêlinging Raja Karawu | sêsran kêkalih prayogi | katur ing jêng padukendra | dados jalaran kamuktin | dupi rampunging pirêmbag | kabêkta umêsat sami ||

58. ing gagat enjing maniyup | anjok salêbêting puri | sang dyah kaprênahkên ing gyan | gandarwendra mêsat malih | prapta ing Giri Daksina | panggih lawan ditya rêsi ||

59. salajêngipun pukulun | marêk ing ngarsendra mangkin | angaturakên kalpika | ya ta Radèn Umbulsari | têlas ature wotsêkar | prabu sukèng tyas miyarsi ||

60. wêkasan ngandika arum | ingsun atêtakon kaki | kadangira [kadangi...]

--- 1: 42 ---

[...ra] Nini Sêndhang | yêkti wus diwasa mangkin | apa ayu warnanira | ingsun wruh duk maksih cilik ||

61. ala kau kidhung widhung | matur Radèn Umbulsari | pukulun sri naranata | kakang êmbok Sêndhangsari | mangkya pamoripun pêcah | cêmêngipun dados manis ||

62. kau kidhungipun mantun | dados luwês mêrakati | angandika sri narendra | yèn mangkono iku bêcik | sun pundhut mantu priyăngga | ing samêngko kakang patih ||

63. mataha wadya kang patut | amundhut Si Sêndhangsari | kyana patih awotsêkar | ngandika malih sang aji | lah kulup kalinganeya | sira sandeya ing wuri ||

64. nanging sajatine kulup | waris iku kang awajib | iya amung putra priya | dene ta anak pawèstri | waris wênang aranira | andhêku Dyan Umbulsari ||

65. asrêp ing tyas marigiyuh | saengga tarulata nglih | kawarsan ing labuh kapat | malih andikanira ji | kakang maha rêsi ditya | prayoginipun samangkin ||

66. pun Baidhi dimèn mantuk | wontêna ingkang wêwarti | ring yaksendra kang anduta | dados tanpa walangati | dityarsi Kalasuwidha | mangayubagyèng karsa ji ||

67. Baidhi kalilan mantuk | wotsari mêsat tumuli | nanging tan arsa wangsula | maring ing Parswasta giri | sandeyaning kang wardaya | manawa antuk rêruntik ||

68. dadya sumêdya anglangut | tanbuh paranirèng kapti | praptaning wana Kandhaka | maniyup [ma...]

--- 1: 43 ---

[...niyup] sampun kapanggih | gandarwo Raja Bahlika | anèng sor pucung alinggih ||

7. Pocung

1. iya iku kaprênah martuwanipun | Sang Baidhi dadya | kaipe ring Wrahaspati | gandarwendra tanah ing wana Kandhaka ||

2. nanging sêpuh Sang Baidhi prênahipun | nalika samana | Bahlika uningèng wadi | lamun mantukira nandhang wancak driya ||

3. marma laju tinajug kewala iku | Baidhi sajarwa | Sri Bahlika muwus malih | angantia besuk sira kaupaya ||

4. ing ratumu nora dadi runtikipun | malah kapiluta | pinasrahan barang gusthi | agal lêmbut sira ingkang kapracaya ||

5. barang rêmbug tan tilar ing sira kulup | mituhu ing warah | sira gandarwo Baidhi | dadya kèndêl nganti nèng wana Kandhaka ||

6. kalihipun tansah sami ulah rêmbug | rimbaging wêwêran | winarah salwir kajatin | wus mangkana tan kawarna ing rèhira ||

7. mangkya wangsul malih wau sang aprabu | dèrèng aluwaran | ditya rêsi matur aris | pun Baidhi rumaos wirang mantuka ||

8. milanipun kalajêng kesah anglangut | nanging tan alama | pun Baidhi kumpul malih | lan ratune malah dahat piniluta ||

9. yèn anglurug pinasrahan barang rêmbug | marma ing samangkya | kêdah prayitna sayêkti | tan awande andon yuda lan yaksendra ||

10. sang aprabu miyarsa dahat angungun | kya patih sawadya | kinèn samya yitnèng wèsthi | samaptaa satataning [sata...]

--- 1: 44 ---

[...taning] andon yuda ||

11. Sang Karawu dhinawuhan sabiyantu | umatur sandika | sampun sandeya ing galih | dhasar sêdya labuh prang sabayantaka ||

12. luwar sampun sowang-sowang anakipun | samya kaubayan | wangsul ing purnamasidhi | jroning măngsa wisaka karsa narendra ||

13. amêmangun wiwaha atmaja jalu | Radyan Citrasena | antuk Dèwi Sêndhangsari | sinarêngkên Dèwi Sidhawati mangkya ||

14. lulus dhaub lawan Radèn Umbulsantun | samya ngèstrènana | panggihing putra lan putri | dimèn dadya widada sidyèng parasdya ||

15. ya ta wau kya patih sampun anuduh | Arya Wanabaya | angêmban timbalan aji | maring Samapura kinèn angirida ||

16. sowanipun sira Dewa Katong Prabu | saha garwa putra | tinimbalan maring Pêngging | enjing pangkat sore praptèng Samapura ||

17. wus kapangguh lawan Dewa Katong Prabu | sampun dhinawuhan | karsanira sri bupati | katanggapan ing antara dina pangkat ||

18. tan akantun garwa putra samya tumut | wadya sawatara | praptèng Pêngging Dwarawati | wus anjujug pakuwonira priyăngga ||

19. enjang katur ing jêngira sang aprabu | sampun jinatenan | ing karsa dhaubing siwi | matur dahat mangayubagya sumăngga ||

20. gancangipun ing kăndha andungkap sampun | purnamèng wisaka | praptanira sang dityarsi | sarêng lawan Karawu Gandarwo Raja ||

21. tan winuwus pangupakarèng [pangupaka...]

--- 1: 45 ---

[...rèng] praja gung | jroning pamiwahan | dhaubing pangantèn kalih | atmajendra Radyan Arya Citrasena ||

22. mangkya antuk Dèwi Sêndhangsari iku | Radèn Umbulsêkar | dhaub lan Dyah Sidhawati | sarêng samya binayangkarya samana ||

23. sang aprabu andhatêngkên sukèng kalbu | balabur baksana | sarwa maneka mênuhi | saha wadya tan ana sangsayanira ||

24. sampat sampun sapasar samya kaundhuh | ring Prabu Kanoman | enjang katampèn ing patih | binawahan saengga duk panggihira ||

25. praptanipun ing pêndhak ari puniku | akêkirap marang | pakuwon ing Samapuri | winiwaha pamurwèng raras kawuryan ||

26. duk puniku Gandarwo Raja Karawu | anggung amêmulang | maring pangantyan kêkalih | salwiring kang guna sêkti kasantikan ||

27. sampun putus tatas sandining pangawruh | wiwarèng kawiran | tan kewran rèhing piranti | sasat sami tumamèng alam limunan ||

28. mangkana wus ing antara ditya wiku | lan gandarwo raja | samya marêk ing ngarsa ji | pamit mantuk ananging dèrèng kalilan ||

29. karsa prabu kinèn angantia iku | patang puluh dina | banguning pangantèn malih | sakalihan ature datan lênggana ||

30. nahan urut ing rèh mangkya kang winuwus | ing wukir Parswasta | Yaksendra Parwata maksih | tansah dènnya kaudi dening atmaja ||

31. Sang Parasu ngêsuk tan kêna sinayut | ing pamintanira | kaidènana

--- 1: 46 ---

supadi | widadaa arsa tumindak priyăngga ||

32. awit sampun tita ing pangantinipun | mèh antara măngsa | sira gandarwo Baidhi | durung prapta ing wêkasan tanpa warta ||

33. duk angrungu sira sang raksasa prabu | aturing atmaja | sanalika katêtangi | ruditèng tyas wirodha datan darana ||

34. anênutuh tiwase sariranipun | anuduh gandarwa | wusana nora nguwisi | angas bae ambaèkake wicara ||

35. marma laju animbali Sang Brakuthu | Banaspati Raja | dhinawuhan maring Pêngging | sarta mawa srat panglamar paripêksa ||

36. yèn saarju sayêkti lulus rahayu | manawa tinulak | kalilan amasesani | Sang Brakuthu wotsari matur sandika ||

37. tan adangu ing panitranira rampung | kang gurit kanaka | sastra sudibya di murti | martokara ing wêkasan paripêksa ||

38. mulung sampun tinanggapan sêratipun | winêling wisikan | wotsari mêsat tumuli | kairingkên marang wadya brakasakan ||

39. lampahipun margèng soring bumi anrus | mangidul kewala | ngancas mangilèn sakêdhik | samantara prapta nuju pasewakan ||

40. sang aprabu miyos siniwèng wadya gung | kabèh samya kagyat | dening kampitèng pratiwi | sarta ana kukus kumêlun limêngan ||

41. limutipun lir pêpêdhut angêndhanu | dupi ing antara | kawistara ana kèksi | brakasakan saking bumi wijilira ||

42. sarêng anglur manekawarna [maneka...]

--- 1: 47 ---

[...warna] lumintu | Kalarupa Rudra | Druwakendra Banaspati | tan pantara tarap anèng ngarsa nata ||

43. ana wujud gêmbung tanpa bau suku | kang suku kewala | tanpa murda tanpa rai | ana bau tanpa suku tanpa muka ||

44. wênèh balung tanpa kulit daging iku | ana rupa êndhas | galundhungan tanpa sikil | tangèh lamun winarna kang salah rupa ||

45. samya timbul anèng ngarsa marikêlu | prabu saha wadya | ngungun dènira ningali | ana ingkang èsmu giris kamigilan ||

46. sang aprabu alon dènira andangu | hèh sirèku apa | dene têka mêmêdèni | saka ngêndi pinangkamu angakua ||

47. lan sêdyamu apa praptèng kene iku | Sang Brakuthu nêmbah | anuwila matur mèt sih | dhuh pukulun pun patik tadhah dêduka ||

48. dene purun nêmpuh byat saruning siku | prapta tanpa sangkan | miwah cêcala rumiyin | saking awratipun dinutèng narendra ||

49. sang aprabu malih angandika arum | lah dinuta apa | ing ratunira sayêkti | sun lilani sajarwa jatining sêdya ||

50. Sang Brakuthu mèt surat wotsari matur | pukulun kawula | nyaosakên pangabêkti | saking rayi paduka Raja Parwata ||

51. kang ngadhaton ing Parswasta wiyosipun | kawula dinuta | angaturakên kintèki | kirangane ngukara nuwun aksama ||

52. sang aprabu mèsêm ananggapi sampun | nalika binuka | kacaryan dera ningali |

--- 1: 48 ---

kang akaras kancana tulisan cahya ||

53. sastra bagus mawa gănda marbuk arum | bêbuka mangkana | hong siwa wisesa jati | maha mayu ri maha yun mananggapa ||

54. têgêsipun dhuh Hyang Wisesa satuhu | kuwasa sung arja | dhatêng kang arsa nampèni | lajêngipun pinèt jarwanya kewala ||

55. sêrat atur pangabêkti wantu-wantu | ari sang raksasa | Raja Parwata wêwangi | kang dumunung wontên ing giri Parswasta ||

56. mugi lulus katura ing raka prabu | Sri Aji Pamasa | prajèng Pêngging Dwarawati | kang wibawa ambawani ing buwana ||

57. amêmayu kawiryan wahyaning wahyu | yayah Hyang Surendra | paramartotamèng dadi | widagda ring Danurdhara Danopaya ||

58. kang sinungku pangastawèng darmakèstu | mirut sèsining rat | tanpa linawan ing jurit | srah jiwangga amêmuji dirga yuswa ||

59. ing sasampuning punika wiyosipun | kula atur wikan | ing paduka kaka aji | pulunanta kang măngka prabu taruna ||

60. ajêjuluk inggih sang ditya Parasu | kataman wiyoga | kasmaran sumpênèng ratri | kèksi asta lungiyan lawan wanudya ||

61. suwarna yu Rara Têmon namanipun | kawarti punika | putra paduka pangarsi | ingkang dadya woding tyas dinama-dama ||

62. mangkya lamun kaparênga kaka prabu | putranta pangarsa | pun Rara Têmon prayogi | dimèn dados usadaning larasmara ||

63. dhaubipun lawan pun ditya Parasu | tumuntên sagêda | kalampahan [kala...]

--- 1: 49 ---

[...mpahan] miwahani | sapintêna sukaning tyas sanityasa ||

64. dene lamun wontên pêpacanganipun | mugi kawandèkna | yèn sampun apalakrami | dèn pêgatna paduka mundhut punapa ||

65. yêkti wujud sami sanalika katur | makatên punika | yèn saarju ing panggalih | inggih lulus ing karaton padukendra ||

66. yèn tanpa yun anuruti ing panuwun | kula erang-erang | sayêkti tumamèng wèsthi | tuwas-tiwas ing wêkasan kasangsara ||

67. dèn aemut rêngênta hèh kaka prabu | prabawèng arinta | triloka tanpa sêsiring | sor suraning Hyang Sasadhara Kawêkas ||

68. titi sampun sinimpên sotèng tyas prabu | mèsêm angandika | sapa aranmu sayêkti | Sang Brakuthu umatur sajarwèng nama ||

69. duk rumuhun têdhak ditya Rambuculung | turasing Jantaka | angandika sri bupati | yèn mangkana kalêbu trahing utama ||

70. hèh Brakuthu rèhning sira kang lumaku | ingsun apitaya | ing santa sêtyanta yêkti | nora susah mangsuli nuwala patra ||

71. iya muhung wêkas ingsun kang satuhu | kamot anèng sira | ujêr wus amisesani | dutotama widagda karya sambada ||

72. wruhanamu ing karsane yayi prabu | salah sêsurupan | sajatine kang wêwangi | Rara Têmon iku anak mantuningwang ||

73. kang sêsunu Sang Sidhiwacana Wiku | têmbung liru patra | dhaube lan putra mami | sih-sinihan yayah mimi lan mintuna ||

74. duk angrungu Sang Banaspati [Bana...]

--- 1: 50 ---

[...spati] Brakuthu | ngungun asmu erang | kewran dènnya mrih malat sih | sanalika salin ciptanirèng wuntat ||

 


Pada tiap 27 pupuh dalam tembang ini terdapat sandi asma: Rahadèn Angabèi Rănggawarsita nayaka dalêm wadya kaliwon pujăngga guru. Di versi serat Witaradya lain, yang memuat 48 pupuh terdapat lanjutan dari sandi asma tersebut: "... pamardi basa krama lukitasara ing praja Surakarta". Lihat: Arjawiraga (1926). (kembali)
Tanggal: sêmbah trus sukaning budi (AJ 1792). Tahun AJ 1792 jatuh antara tanggal Masehi: 18 Juni 1863 sampai dengan 5 Juni 1864. (kembali)
Pada bait ini terdapat sandi asma: Radèn Ngabèi Rănggawarsita. (kembali)
nagri. (kembali)
Tanggal: sinêmbah ing wong trustha (912 taun surya). (kembali)
Tanggal: nis warnaning kang gapura (940 taun căndra). (kembali)
lilani. (kembali)
èstri. (kembali)
Tanggal: gunaning wong trusing luhur (913 taun surya). (kembali)
10 Tanggal: janma karya gatrèng langit (941 taun căndra). (kembali)
11 wastanggèr. (kembali)
12 anamun-amun. (kembali)
13 Malawa. (kembali)
14 kamantyaning. (kembali)