Babad Taman Sriwêdari, Yasaharjana, 1926, #574

Judul
Sambungan
1. Babad Taman Sriwêdari, Yasaharjana, 1926, #574. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Babad Taman Sriwêdari, Yasaharjana, 1926, #574. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Babad: Taman Sriwêdari

Inggih kêbonraja, nyariyosakên mula bukanipun wontên taman wau, wiwit saking Karaton Kartasura, ngantos pindhahipun dhatêng Surakarta, salajêngipun dumadosipun Sriwêdari wau, dening swargi Kangjêng Radén Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Wicaksana, ing praja Surakarta Adiningrat.

Karanganipun Yasaharjana.

1856–1926
Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Lim Guan Bi, Singasarén, Surakarta.

1926.

Bêbuka.

Kula nuwun. Mênggah pandamêl kula Sêrat Babad Taman Sriwêdari punika, ancasing manah kula pancén kula sarêngakên wontênipun pêkên taunan ing Sriwêdari ingkang kawitan punika, jalaran pancén sampun mungguh sangêt para luhur adamêl ada-ada pêkên dalu dumunung wontên taman wau sabên wulan Siyam, cocog kalihan kaparêngipun ingkang ambabad Taman Sriwêdari inggih punika panjênênganipun ingkang minulya, Kangjêng Radén Adipati Sasradiningrat swargi, sarta sampun laras kalihan jamanipun: ngudi ajênging băngsa dalah kagunanipun pisan. Mila kula lajêng karaya-raya ngudi adamêl sêrat punika murih botên kecalan lacak bab adêgipun pêkên taunan ing Sriwêdari, langkung-langkung dhatêng adêgipun taman wau. Kula ngakêni bilih sêrat punika déréng paja-paja anyêkapi, têbih saking sampurnanipun, ingkang makatên wau mugi para sarjana ingkang dhamang dhatêng babadipun taman wau sampun kirang pangapuntên, malah kaparênga paring wêwahan katêrangan.

Yasaharjana.

--- 5 ---

Bab I

Kala ing jaman kinanipun, inggih punika sadéréngipun Surakarta dados karaton, kitha Surakarta punika wujud wana agêng bêbondhotan kabêkta papan ngare, toyanipun botên sagêd ambucal kalayan tuntas. Sabêdhahipun Karaton Kartasura, sang prabu dhawuh dhatêng para nayaka ngupados siti ingkang prayogi kangge karaton, jalaran miturut lêpiyan ing kina-kina karaton ingkang sampun nate kenging kabêdhah ing mêngsah, mbotên prayogi kalastantunakên. Para nayaka satampinipun dhawuh sami manungku puja êning ngatas karsaning Pangeran. Botên dangu tampi sasmitaning wangsit kapurih mangetan, nuntên sami lumampah mangetan dumugi Purwasari, milih siti ing ngriku nanging botên wontên ingkang prayogi. Lampahipun mangetan malih dumugi Kadipala, ing ngriku para utusan sami karênan mulat pasitén ingkang jêmbar waradin ayom tuwin bawera, pantês dados karaton. Utusan nuntên wangsul dhatêng Kartasura ngunjuk dhatêng ingkang sinuhun, bilih siti ing Kadipala prayogi kagêm karaton. Ingkang sinuhun karênan midhangêt unjukipun para utusan, nuntên nimbali abdi nujum kadhawuhan metangi angsaripun siti, pinanggihing petang para [pa...]

--- 6 ---

[...ra] abdi nujum munjuk kirang prayogi kagêm karaton, namung benjing pantês dados kagungan nata, jalaran siti ing ngriku (Kadipala) sanés wahyuning papan karaton, sangaripun ngudubilahi, margi ing ngriku kadhatoning lêlêmbat, upami kagêm karaton masthi botên langgêng, kenging kabêdhah mêngsah. Ingkang sinuhun andhahar unjukipun para abdi nujum, lajêng dhawuh ngubrês mangetan malih kados sasmitaning wangsit, para utusan wangsul malih mangetan, têmahan angsal pasitén ingkang sampun wontên wahyuning karaton, inggih punika dhusun Sala, karaton sapunika punika, mila Surakarta inggih nama Sala.

Pindhahipun Karaton Kartasura dhatêng Sala inggih Surakarta nalika taun Walandi 1745 dados sapriki (1926) sampun 183 taun langgêng, botên wontên sambekala punapa-punapa. Kala jaman samantên sampun masthi kemawon taksih kathah ingkang wujud pawanan. Nyarêngi kalihan rêjaning jaman, praja Surakarta ingkang ngasta pusaraning praja swargi Kangjêng Radén Adipati Sasradiningrat, ingkang kasusra mênggahing pangêmbat praja, putus ing réh wêweka, kaparêng anggalih kamajênganing ondêrwis tumrap para kawula, sarta kauntunganing praja, sinaranan ambabad siti maluwa inggih punika siti Kadipala ingkang sampun [sa...]

--- 7 ---

[...mpun] winêca para abdi nujum ing Kartasura, ngantos pintên-pintên taun siti wau taksih bêra, jalaran saking wingit sarta sangaripun. Măngka sampun winêca pantês kagungan nata. Kabêkta waskithanipun ingkang ngasta bang-bang pangalum-aluming praja Surakarta siti ing Kadipala wau kala taun Jawi 1831 taun Dal, sinangkalan: janma guna ngésthi ratu. Kababad kadamêl patamanan, inggih Sriwêdari punika, têlas waragad pintên-pintên éwu rupiyah, jalaran mawi dipun sukani ingah-ingahan buron wana sapêpakipun, botên nguciwani, kapăntha-păntha manut bangsanipun, makatên malih têtanêmanipun warni-warni, sêsêkaran tanpa wicalan warninipun. Pambabaripun mawi karameyan agêng, siyang mawi sadhêkah rêbutan pintên-pintên panggenan, dalunipun gambar idhup tuwin main api, pista agêng-agêngan, ngulêmi sadaya băngsa. Untabipun tiyang ingkang ningali pindha sulung ngroyok dilah, sêlur jalêr éstri êném sêpuh tanapi lare saking wetan kilén lér kidul andalêdêg kados ilining toya tuk tanpa wontên pêdhotipun, tumplêk dhatêng Sriwêdari.

Botên dangu dipun wêwahi mosiyum, inggih punika gêdhong kangge nglêmpakakên barang-barang kina, sampun masthi inggih

--- 8 ---

botên sakêdhik wragadipun. Sarêng sampun dados, tiyang ingkang mlêbêt dhatêng Sriwêdari punapadene dhatêng mosiyum kêdah ambayar, minăngka lêlintunipun waragad wau, ngantos sapriki têrus tumindak, sawulan-wulanipun sagêd angsal séwu rupiyah utawi langkung, saya dangu saya mindhak angsal-angsalanipun arta, lêt sawatawis tataun ing sêmu badhe mundur katitik malêbêtipun arta suda, ing ngriku ingkang ngasta pusaraning praja botên katalompén anggénipun anggalih ajêngipun. Lajêng kaparêng anggalih kalih-kalihipun, inggih punika praja lan kawula. Nalika samantên ing Sriwêdari dipun wontêni karameyan pistanipun para murid. Murid-murid salêbêting kitha kaklêmpakakên dhatêng Sriwêdari kalêrês tumapakipun liburan agêng. Lare sanésipun murid botên kenging tumut malêbêt pista, manawi badhe ningali kêdah ambayar. Kados punapa untabipun para murid dalah tiyang sêpuhipun punapadene lare sanésipun, tumplêk tiyang sakitha nglanjak dhatêng padhusunan tanpa wicalan. Pistanipun adamêl sênêng sarta mongkogipun para sêpuh ingkang sami gadhah anak dados murid, jalarn katingal dipun aji-aji yêktos. Panggenanipun dipun minakakên piyambak, mawi rinêngga buntal-buntal. Nêdhanipun [Nêdhani...]

--- 9 ---

[...pun] dipun uja tur sae, mawi dipun ladosi jongos, antukipun sami dipun bêktani cangkingan panganan warni-warni winadhahan krêdus rinêngga-rêngga, péni wujudipun, andamêl kenyutipun lare ingkang déréng sakolah. Kathah lare ingkang beka kapengin dados murid, tiyang sêpuhipun katingal anggrantês, wontên malih ingkang damêl kenyutipun tiyang sêpuh, inggih punika lare ingkang sami kursus kaparingan sêrat pangalêmbana dhatêng tiyang sêpuhipuhipun murid sarta larenipun, mawi tapak asmanipun Kangjêng Radén Adipati Sasradiningrat piyambak (sanés cap) wiwit punika ajêngipun lare ingkang malêbêt sakolah atusan, sabên sakolahan kêbak-kêbak, ngantos ambikak sakolahan siyang, punika inggih mangsul-mangsulakên, jalaran sêsak, makatên malih kamajênganipun Taman Sriwêdari sampun tanpa upami, langkung-langkung sapunika, saya manawi kalêrês malêman ing wulan Siyam prasasat bakda taun Dal, angsal-angsalanipun arta inggih botên sakêdhik.

II. Wujudipun Taman Sriwêdari.

Mênggah Taman Sriwêdari punika dumunung ing kampung Kadipala kalêrês sakilén kraton antawis kalih pal. Manawi tiyang

--- 10 ---

numpak trém saking Purwasari dhatêng Sala kitha (Sangkrah), nglangkungi kêbonraja, wontên ing ngriku trém inggih kéndêl. Wondene wangunipun méh pasagi lêrês, kinubêng pagêr landêp sinaroja ing kawat êri, sisih lér wontên lépén ingkang nrajang satêngahing kitha Surakarta. Gapuranipun pindha makuthanipun Prabu Baladewa, munggul agêng majêng mangalér kawuryan ngegla anjalêgêdhag pradhah, pindha angganing tiyang pradhah, botên pilih-pilih, sadaya băngsa kenging malêbêt, sarta botên nguciwani pasugatanipun. Mila ingkang sampun nate malêbêt ing Sriwêdari masthi kabelan, jalêra éstria ênéma sêpuha punapadene lare-lare tamtu tuman, parlu ngenggar-enggar manah.

Ing lêbêt cinithak margi menggak-menggok malêngkung ngaluwêng sinidhat mrika-mriki adamêl lam-laming para ingkang sami lêlangên, dening wasising pangrukti, pantês sinudarsana. Urut pinggiring margi katanêman wit camara sinêling palêm lan trêmbêsi punapadene kênari. Yén sinawang katingal asri nguyêk ayom, mila manawi siyang hawanipun asrêp, midid adamêl sêgêring badan, para lêlangên sami aras-arasên mantuk, raosipun kêdah tilêm kemawon. Ing têngah lêrês wontên griya majêng sakawan tanpa [ta...]

--- 11 ---

[...npa] keblat, sadaya sarwi ukir-ukiran, sambêt-sambêtanipun sarana abên-abênan rapêt pinanték kajêng tanpa kapaku, kanggenipun inggih sadhiyan pakéndêlanipun para ningali, manawi karameyan kangge sêsadeyan. Saking griya punika tiyang sagêd nyumêrêpi saubêngipun taman, jalaran kadamêl munggul sakêdhik, sakiwa têngêning griya katanêman sêsêkaran warni-warni kapăntha-păntha manut bangsanipun, mémpêr manawi dados ojating ngakathah. Cundhuk kalihan namanipun: Sriwêdari. Layak kemawon Taman Sriwêdari ing jamanipun purwa dados pêpanggilipun Putri Manggada garwa Prabu Arjunasasra, ingkang pinutêr Sumantri inggih Suwănda. Pancén sanyata endah sarta asri, jêr tironipun kemawon sampun dados ojatipun tiyang sapraja nglanjak dumugi măncapraja, têtêp wêcanipun para abdi nujum ing Kartasura.

Ing sisih kidul kadekekan kandhang sangsam, kancil, céléng, sênuk, naam, lêmbu, banthéng, nanging sapunika katingal sampun kirang, kathah ingkang pêjah, déréng dipun wêwahi. Sawetanipun kandhang wontên panggung agêm dalêm majêng ngalér, kagêm manawi ingkang sinuhun miyos mariksani Sriwêdari. Kalêrês sisih lér sawatawis têbih, dados ajêng-ajêngan panggungan dalêm [dalê...]

--- 12 ---

[...m] wontên panggung kagunganipun warăngka narendra, kadamêl ragi andhap, pindha seba panggungan dalêm. Sangajênging panggungan wontên balumbang kinolah panggenan baya lan bulus sarta pênyu, wetanipun wontên balumbangan wangun bundêr katanêman trate, kayu apu, ingumbaran maliwis tuwin bango lawan banyak agêng nama: swan. Satêngahing tlaga gumuk ingadêgan panggung estha nênêm tinembok mubêng ginêdhah mubêng măncawarni, tinêbêng ingukir-ukir nama panti pangaksi, punika sadhiyan manawi ingkang sinuhun têdhak mariksani taman. Ing ngandhap panggungan nama guwa swara, amargi wiwit malêm salikur guwa ngriku kadekekan găngsa tinabuh ngrangin, sinindhenan talédhék ingkang pinunjul ing swara. Sakiwa têngêning panti pangaksi rinêngga rêca-rêca sela pindha ngrêksa panti. Sakidul wetan talaga kandhang gajah. Nêkuk mangalér kandhang ayam mas, ayam têmbagi, kandhang sima tinembok rinajêg tosan, isi sima gembong, tutul, sarta kombang, sinambêtan kandhang kêthék lutung landhak, sêgawon ajag, pêksi warni-warni, menda, ingkang beda kalihan menda limrah, bajing, jlarang, wawa, pêksi kolik sarta tuhu, jakatuwa, mliwis pêlung, mendhok, kontul, tuwin sanésipun bangsaning pêksi. Ing kilén wontên sawêr agêng-agêng,

--- 13 ---

maneka warni wujudipun anggêgilani.

III. Kawontênanipun.

Manawi malêm Jumuwah sarta malêm Minggu mawi têtingalan gambar sorot, ringgit tiyang, makatên malih manawi Ngahat siyang ringgit tiyang inggih main. Ingkang dhatêng ningali botên ngêmungakên băngsa Jawi kemawon, băngsa Cina, Koja, Jêpan, Kaji, Arab, Wlandi punapadene băngsa sabrang sanésipun. Wontên ingkang praon, mlampah-mlampah sinambi gêgujêngan, wontên ingkang linggihan wontên sangandhaping kêkajêngan kalihan ngombe wedang sarta nêdha rêrêmikan sakaparêngipun, sawênéh wontên ingkang main bal (bal-balan) wontên malih ingkang namung mligi ngêmatakên larasing gêndhing punapadene bêksanipun ringgit tiyang. Manawi linaras pancén damêl lam-laming manah. Ing ngriku pêpak tiyang sêsadeyan, mila anglur tiyang ingkang dhatêng Sriwêdari parlu ngenggar-enggar manah. Ngêlak sampun sinudhiyanan limun, toya Wlandi, bir, wedang téh. Kopi, cao dhawêt tanpa nguciwani. Punapadene dhaharan maneka warni, kupat gudhêg, gule sate, saoto, tahu, bakmi, sêkul goréng miwah sop pêpak, prasasat sakatenan dintên-dintên. Mila para neneman tuwin para [pa...]

--- 14 ---

[...ra] sêpuh jalêr éstri sami kapiluyu dhatêng Sriwêdari, langkung-langkung lare-lare miwah prawan lan joko dhudha răndha sami abên liring, singa kasabêt dadakan kataman wuyung, kathah ingkang sami bingung botên sagêd mantuk dhatêng griyanipun, panganggenipun warni-warni, wontên ingkang cara Sala kagok Bandhung, wontên sêpaton asarung palekat mawi kupluk cêmêng cara Padhang, yén sinawang sajak băngsa mănca, nanging sanyatanipun Sala, punapa malih para wanudya nêdhêng birai, warni-warni panganggenipun dalah sacaranipun lajêng ewah, manut anggénipun mangangge, wontênipun ngriku namung abên sorot, ngakêni brêgasipun piyambak-piyambak. Wontên prawan kalih ingkang macak cara putri sarwa sédhêt singsêt panganggenipun luwês pacakipun, ngraosi satunggiling jêjaka ing sacêlakipun ngriku: Dhi, kae yén aku sing duwe dak tukokake jas santung jarik cêplok sidamukti, dhasar kuning sêmu luruh cripon modhél Sala, sajak Kumajaya tumurun, banjur dak dhérékake gék saiba ya dhi. Sawêg dumugi samantên kandhêg, jalaran sacêlakipun ngriku wontên răndha ingkang nyambungi: Bêgja têmên, ora bakal jaka bagus tur pintên golék prawan wêton Sriwêdari, masthi golék prawan kang ayu pintêr, baut dagang anaking priyayi. Bok prawan [pra...]

--- 15 ---

[...wan] noléh barêng nyauri: Wong mono yén wong kuna, tuwa ora nyêbut, dhawuk, kaplak isih gluyuran mênyang Sriwêdari. Bok răndha anggêgujêng tingkahipun prawan. Prawan kalih lajêng kesah isin rêmbagan kalihan tiyang buda pun răndha kaplak. Makatên kawontênanipun Sriwêdari.

IV. Musiyum.

Ing Sriwêdari punika wontên musiyumipun, nganggrang wangun loji majêng ngalér ngegla, émpéring griya kapasangan kursi sarta kapsêtok, ing nglêbêt tinatanan meja marmêr kursi ingukir-ukir, punika pisungsungipun Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral Dhandhlês (DANDELS) katur Ingkang Sinuhun ingkang kaping sakawan. Têngah meja wontên blumpas krêstal kêmbangan êmas, iring kilén tinatanan meja marmêr kusri sakawan, punika rumiyin palênggahanipun Ingkang Sinuhun kaping tiga, tumurun dhatêng ingkang kaping sakawan, lan palênggahanipun oprup duk jaman Kumpêni. Wontên jam nama péndhulê pisungsung saking Paduka Tuwan Bêsar Dhandhêlês, sapriki jajahan langkung satus taunan, suprandene taksih sae lampahipun, sisih wetan wontên meja marmêr kinubêng kursi tilas palênggahan para oprup, ing meja wontên rêca Bathara Wisnu nitih grudha winanteya. Ing kamar kiwa têngên mawi

--- 16 ---

rêrênggan dêdamêl jaman kina pêpak sangêt, gambaripun Sang Pangeran Dipanagara. Iring wetan wontên gambaripun Senapati Pangeran Alibasah sarta gambaripun Kyai Maja. Ing nglêbêtipun kamar kilén panggenan barang băngsa êmas anggén-anggén jaman kina, wontên pêdhang agêm dalêm Kangjêng Susuhunan Amangkurat Kartasura, pisungsung saking Kumpêni. Sakiwa têngênipun dêdamêl jaman kina ingkang édi-édi. Wontên barang dandosan jaman Buda kados ta: anting-anting kêlatbau sapanunggilanipun, punapadene barang alit-alit sasaminipun ingkang sampun kawak, sarta arta nalika jaman kina, wangunipun măncawarni botên kados sapunika masthi bundêr. Ing kamar wetan isi sêrat-sêrat kina tuwin carinipun raja (WAPEN) ing ngriku dipun wontêni kantor Radya Pustaka, inggih punika kangge mriksa sêrat-sêrat wau. Mangidul wontên kamar ingkang jêmba[1] kangge pasimpênan barang-barang kina ingkang rowa-rowa, punapadene conto-conto dhapuring griya Jawi kina, ingkang sapunika sampun méh botên sumêrêp namanipun dalah dhapuripun. Manawi sapunika ingkang limrah namung limasan, joglo, sinom, sarta kampung. Măngka ing ngriku kathah sangêt sarta inggih péni yêktos, tur kiyat, eman sangêt kagunan kula tiyang ingkang kados makatên lajêng kasilêp [ka...]

--- 17 ---

[...silêp], kados ta dhapur Sêmar tinandhu, punika dhapuripun brêgas sajak rêsik, prayogi sangêt para sadhérék marlokakên dhatêng nguningani kagunan kula bab damêlan griya. Wontên pêpêthan pasareyan ing Imagiri ingkang plêk kalihan nyatanipun pasareyan ing Imagiri kaot agêng kalihan alit. Pêpêthan masjid Dêmak, masjid Surakarta, tuwin pêpêthan sanés-sanésipun ingkang sampun tinata sagolong-golong, adamêl sêngsêming manah, kabêkta wasising juru pangrukti. Murih têrangipun prayogi amarlokakên mariksani, sokur kaparêng anggêmêtakên, ing ngriku masthi lajêng kagigah panggalih panjênêngan ingkang lungit sarta alus, punika saéstu. Punapadene ing museum sampun wontên juru paring katrangan ingkang pratitis dhatêng barang-barang satunggal-satunggalipun, dados para mariksa botên kacuwan ing galih.

__________

Cariyos kaelokan ing taman Sriwêdari.

Sampun kacariyos ing Taman Sriwêdari punika papan ingkang wingit sangar sarta angkêr, kabasakakên ing ngriku kadhatonipun jim, pêri, parayangan, ilu-ilu, banaspati, thethekan, thongthongsot gandarwo, sapanunggilanipun. Pilih [Pi...]

--- 18 ---

[...lih] janma ingkang purun ngambah ngriku, sampun malih ngambah, nadyan namung langkung margi agêng ingkang dhatêng Purwasari punika sabên sampun jam wolu dalu awis ingkang wani. (Punika jaman sadéréngipun dados Taman Sriwêdari).

Sapunikanipun sampun botên angajrih-ajrihi malih, malah kangge papan kasênêngan, plêsiran, tontonan lan angenggar-enggar manah, tanpa wontên punapa-punapa. Ewadene déréng dangu punika taun 1925 punika mêksa wontên kaelokanipun, makatên: sampun dados adat cara Surakarta sabên malêm Juwah[2] kathah para tiyang ingkang sami tirakat dhatêng papan ingkang wingit, lépén-lépén, punapadene pasareyan. Makatên ugi Sriwêdari ing malêm Jumuwah kabikak kangge krameyan kadosdene malêm Akat, jalaran ing Surakarta punika wontên golongan ingkang préinipun dintên Jumuwah.

Nuju malêm Jumuwah wontên priyantun mudha brêgas dhasar kasêmbah ing busana tur kathah sangunipun, katawis beraging wiraga sarta agênging manahipun, ningali dhatêng Sriwêdari, inggih kados punapa senenging manahipun, bêbasan Sriwêdari kenging katêkêm mrika-mriki tansah abên sorot, sintên ingkang

--- 19 ---

tumimbang, botên wontên. Kathah para wanodya ingkang kagiwang, nanging déréng dados sarjuning manah. Watawis jam sawêlas dalu priyantun mudha wau kéndêl wontên sisih kidul ngajêng panggung dalêm, kasaliring wanodya ayu taksih sêdhêngipun birai, abyoring busana adamêl cingakipun ingkang kalangkungan, dhasar baut dandan, wiraga luwês, dêdêg ngronje kocaking netra mratandhani sanés băngsa arahan. Sanalika priya mudha kataman wuyung katingal pasêmon rongéh têmpuking netra kêkalihipun sami kapranan, sang wanodya anggiwar nalêsêb panggenan pêtêng nanging rumamyang kasorotan rêmbulan, mêwahi sêmu kuning cahya amaya-maya. Tumungkul sêmu rikuh, manah tab-taban, kalihan ningsêtakên gêlungipun, priya mudha botên sarănta agahan nyêlaki. Wanodya ngrêtos dipun tututi priya, mingsêr alihan panggenan kalihan noléh, sumiyuting netra nratas jêjantunging priya adamêl riwuting driya, ical éwêt-pakéwêtipun têrus nêsêk, wanodya ajêg angendhani sêmu kacipuhan lampahipun, anjangkah-jangkah tuna, gêbyaring wêntis kang pindha sêkaring pudhak lir pendah mas sinangling kataman soroting rêmbulan, cat katingal cat maya-maya sumunu kaluwêng mingêr ampingan kajêng sumêdya andhêlik [a...]

--- 20 ---

[...ndhêlik], rumaos kataman bêbaya agêng. Saya damêl riwutipun priya, ciptanipun: munggaha mênyang langit sap pitu masthi kacandhak, dhasar kowe tanpa rewang, kabênêran kowe andhêlik, rumangsamu wis primpên, aku kok kira ora wêruh, anggêr dak kêdhépake ora ilang bae. Ing ngriku priya nalusup tumut ampingan, kados punapa raosing manahipun priya lan wanodya. Sang wanodya riwe kumyus manah sar-saran larut bayuning angga, priya enggal ngêmpakakên têmbung manis, angrêrêpa manuhara. Klewas wanodya kesah nêdya mêdal badhe mantuk, nanging ambucal ésêm miwah liriking netra kang pindha kaca. Priya nyandhak sasmitaning wanodya enggal anjéjéri têrus mêdal, katampén montoripun priya linggih srêk, montor anggêrêng gêrét lumampah anglêr lampahipun, mangilén nêkuk mangidul. Kados punapa lêganipun priya mudha, salêbêtipun numpak tansah rêraosan ingkang damêl sêngsêming wanodya (sumăngga panggalihipun para maos) botên dangu lampahing montor kéndêl, jalaran pancén kapurih ngêndhêgakên sang pindha Banuwati, wontên ngajêngan griya agêng pandhapi sae kathah rêrêngganipun asri dinulu, dhasar lampu pumpan, namung

--- 21 ---

kuciwa dene griya sae makatên botên wontên ingkang nêngga. Manahipun priya sakalangkung ngungun, rumaos kaungkulan kasugihanipun, ing batos kalêrêsan, dene angsal tiyang sugih dhasar ayu, grêging manah dene griya kados makatên saenipun katingal sêpên. Sang Wanodya ngêrtos dhatêng ajrih sarta kodhêngipun, têmbungipun: Mugi sampun anggalih éwêt-pakéwêt, inggih punika griya kula piyambak, wontênipun kula sampun purun panjênêngan jak punika, sadaya-sadaya sampun kula ingkang tanggêl, măngga lajêng têrus malêbêt dhatêng griya wingking. Pun priya radi suda ajrih miwah kodhêngipun. Saking dêrênging wanodya ingkang botên kenging sinayutan, sang priya kêkanthi kaajak malêbêt kamar, ingkang amrik ngambar arum, rêrêngganipun sarwa ijêm maya-maya, padhangipun rumamyang kabêkta dilah dipun krodhongi sutra ijêm. Sang priya lajêng kaajak minggah patilêman, sakalangkung saenipun, sarwa êmpuk mêndat mawa pir-piran. Priya ical subasitanipun lajêng mapan tilêman, dhasar sampun sayah. Sang Wanodya pamit badhe wisuh rumiyin. Saking sakecaning panggenan sang priya liyêr-liyêr lajêng tilêm. Kocapa sopir ingkang têngga wontên jawi, ngantos cêngklungê [cêngklungê...]

--- 22 ---

[...n] ngêntosi lurahipun, saya dangu manahipun sopir kraos botên sakeca, jalaran salaminipun dados sopir déréng nate sumêrêp griya ingkang makatên punika. Dangu anggénipun ngolak-alik nalaripun, ngantos kodhêng, lajêng mandhap nêdya nguyuh, jlêg dumugi siti winalik jagad dados pêtêng lêlimêngan. Sarêng noléh sêbutipun: Astagapirullah arngalim, iki ana ngêndi. Yén aku bali gék kapriye. Omah kang bêcik mau ana ngêndi, kok jêbul pêtêng lamuk-lamuk iku desa. Sopir mêndhêt lêntera nurut margi awit panggenanipun mandhap wau, jêbul anjog kuburan. Kados punapa kagétipun, dene dumugi kuburan sumêrêp lurahipun ngrangkul kijing akêkah. Sanalika lurahipun kajunjung nuntên kagendhong katumpakakên montor sampun botên sagêd rêmbagan. Sopir badhe mutêr mêsinipun tansah kléntu jalaran ajrih, ngantos dangu sawêg sagêd gêsang, lajêng bablas mantuk ngantos dumugi griya déréng kenging dipun takéni. Sarêng sampun éngêt lajêng nyariyosakên lêlampahanipun kados kasbut nginggil. Amin.

Tamat.

Isinipun buku punika

I. Bêbuka.
II. Babadipun Sriwêdari.
III. Wujudipun Taman Sriwêdari.
IV. Kawontênanipun Sriwêdari.
V. Mosiyum.
VI. Kaelokanipun Sriwêdari.

 


jêmbar. (kembali)
Jumuwah. (kembali)