Baron Sakèndhèr, Yudasara, c. 1930, #1828 (Pupuh 10–18)

Judul
Sambungan
1. Baron Sakèndhèr, Yudasara, c. 1930, #1828 (Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Baron Sakèndhèr, Yudasara, c. 1930, #1828 (Pupuh 10–18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 07-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

X. Baron Sakèndhèr katiwasan wontên ing Nusa Têmbini

10. Maskumambang

1. Radèn Baron Sakèndhèr panêngran mami | kamantu manira | de natèng Sêpanyol nagri | tan numbak tambuh manira ||

2. arinira lan pamanira wus mati | tunggonmu sadaya | uwis kêna marang mami | yèn wani sira rêbuta ||

3. ala sira anglurugi marang mami | wis prapta priyăngga | marmane ingsun mariki | arsa pêrang lawan sira ||

4. ing sagêndhingira mara [ma...]

--- 57 ---

[...ra] sun tadhahi | kêmbulana ing prang | sang dyah mèsêm ngujiwati | katiga sarêng turira ||

5. datan nêdya kawula purun mring gusti | lan măngsambangkata | pun paman sudibya sêkti | tanpa tandhing yèn ayuda ||

6. saprandene kasor aprang lan jêng gusti | puwara palastra | miwah Sayêmpraba yayi | ratwèstri anung sudibya ||

7. kasusrèng prang ambêdhah sakèh nagari | tan ana manglaga | mangke aprang têmah mati | sumarma kula anêdya ||

8. anjuru dang amawongan ing jêng gusti | sakarsa paduka | kawula anglaksanani | lan salir donya katura ||

9. ing jêng gusti minăngka jarahan nênggih | nging atur kawula | ing mangke kantun satunggil | lingsèn gujêngan kewala ||

10. prabu anom ngandika arum amanis | sira tur barana | iya liwat trima mami | kari siji ngajak apa ||

11. prabu anom malih angandika aris | lah mara ucapna | sang dyah matur yèn marêngi | ngladosi kasukan kula ||

12. aprang catur kula lan paduka gusti | prabwanom ngandika | manira durung andugi | ingkang dadi karsanira ||

13. sang dyah matur suwawi dhadhu jêng gusti | toh nagri lan brana | prabwanom mèsêm nauri | lantip têmên ing sasmita ||

14. bisa gawe praceka prang catur yayi | ingsun durung bisa | miyarsa lagi saiki | ingsun dhihin wurukana ||

15. êndi ingsun arsa udani kang warni | ingaturkên sigra | radèn winulang wus bangkit | sinaosan meja êmas ||

16. damar lilin [li...]

--- 58 ---

[...lin] marapit ing kanan keri | tuwung mas sumajya | tinarètès ing sotyadi | dhadhu pinatik ing rêtna ||

17. bumbungira kinarwistha ing widuri | sang prabu taruna | kacaryan dènnya ningali | alon pangandikanira ||

18. ingsun yayi mêngko ingkang nguniyani[1] | yayi tri pasanga | apa tohe sang rêtna ngling | donya abayar nagara ||

19. iya dadi kang dhadhu binuwang nuli | pasangira sang dyah | ingkang angsal ambênêri | mèsêm matur gusti kêna ||

20. anauri iya pèkên nagri mami | mêne brananingwang | ingkang sun tohakên yayi | gênti ingsun kang apasang ||

21. dyan binucal dhadhu prabu anom kêni | sadangu mangkana | prabwanom tansah katitih | sabên-sabên pasang kêna ||

22. yèn ambucal prabwanom tan mikantuki | ing wusananira | toh garudha lan sêmbrani | duk binucal inggih kêna ||

23. sang dyah matur punapa tohipun malih | prabwanom ngandika | êtoh seredan samangkin | garwaningsun lawanana ||

24. anauri kula lan donya myang nagri | satiyange pisan | paduka bayara sori | prabu anom angandika ||

25. awak ingsun yayi sun tohakên malih | pati urip ingwang | Kala Johar matur ajrih | prabwanom malih ngandika ||

26. aywa wêdi ing ngêndi ana prajurit | cidra ing ubaya | sang rêtna umatur aris | lah inggih ngladosi kula ||

27. mara yayi sira ambuwanga nuli | dyah ambuwang angsal | wangwang umatur wotsari | kenging malih

--- 59 ---

jêng paduka ||

28. sapintêna toh kang kathah pasthi gampil | muhung êtoh pêjah | èwêd yèn tan dèn lampahi | dadosipun tan sok-sokan ||

29. angandika ing sakarsanira yayi | sun wirang yèn cidra | langkung tustha sang rêtna ngling | mêne tibane takanta ||

30. ing saiki ingsun malês lara pati | prabwanom cinandhak | dèn untal lan garwanèki | garudha inggih dèn untal ||

31. dhatêng ingkang rayi Dèwi Thathaini | Sakèbêr lan kuda | sêmbrani dèn untal dening | kusuma Thathakuthana ||

32. sakamantyan tusthèng tyas sang putri katri | dene satrunira | sang prabu anom wus mati | sirna kuwatiring driya ||

33. nanging kantun sajuga kang dados galih | ing Sêpanyol praja | dèrèng nungkul sri bupati | maksih samya jêng-ajêngan ||

34. enggaling carita kèh laladan nagri | ing Sêpanyol ingkang | kamelik ing sang dyah katri | dahat dènnya ciya-ciya ||

35. sami andum jarahan rajabrana di | binage warata | anutug dènira mukti | bya tita gênti winarna ||

36. bandar agêng pawukiran Bukit Arbi | ingkang cinarita | Baron Kawitparu nguni | tansah amukti wibawa ||

37. datan mawi kesah-kesah saking panti | muhung para putra | priya kalih wêlas sami | ingkang lumampah adagang ||

38. lingên putranira ki nakoda mangkin | patutan lan garwa- | nira kang kinêbon nguni | Baron Sukmul wastanira ||

39. kang tinilar ing ari rumêksèng [ru...]

--- 60 ---

[...mêksèng] umi | Sukmul duk samana | pitung dina pitung ratri | tan arsa dhahar lan nendra ||

40. kang kacipta wêwêlinge ingkang rayi | rikalane mentar | atilar singsim satunggil | barkatan duk lairira ||

41. kanang sêsra adi măngka pasanggiri | Sakèndhèr wêlingnya | sotyane singsim puniki | yèn surêm ngong nandhang roga ||

42. lamun ilang sotyane ingsun ngêmasi | ing samangkya ical | sotyane marma gêng kingkin | kontrèng nitya nir sarkara ||

XI. Baron Sukmul nusul Baron Sakèndhèr

11. Dhandhanggula

1. Baron Sukmul sru unang ing galih | kang kacipta wêlinge rinira | murit ical sêsotyane | pasthi kang rayi lampus | marmanira dahat prihatin | sowan ing ibunira | alênggah mabukuh | kang ibu angrangkul jăngga | angandika adhuh putraningsun gusti | sira owah lan saban ||

2. apa ingkang sira jaluk kaki | sapatute ing wong nistha dama | manawa ngong bisa awèh | sabobote wak ingsun | aywa gawe rudahing ati | lah mara aranana | aywa manggung muwun | Baron Sukmul aturira | marma ulun prihatin kèngêtan maring | wêwêlinge yayi mas ||

3. duk umentar anilari singsim | babarkatan sarêng lairira | supe [su...]

--- 61 ---

[...pe] yèn surêm sotyane | pasthi yayi mas angluh | lamun ical sotyaning murit | pasthi yayi mas seda | makatên jêng ibu | ing nguni wêwêlingira | mêne sotyaning sêsra murta sumarmi | kawula kawiyogan ||

4. ingkang ibu mêngkul sarwi nangis | manawa katriwal ularana | kang putra nêlas ature | kaki paran karêpmu | Baron Sukmul matur wotsari | nyuwun amit kawula | arsa dhatêng gunung | ibu pêdhang babarkatan | kula suwun măngka gêgaman nèng margi | lamun manggih bêbaya ||

5. linging ibu ya dèn ngati-ati | poma kulup aywa kaya bocah | kang putra nuwun ature | pêdhang sinungkên sampun | mring kang putra dipun tampèni | Baron Sukmul tur sêmbah | lampahnya andarung | datan kawarna ing marga | sampun praptèng lêbak iringaning ardi | banjaran lamat-lamat ||

6. tiningalan kamantyan angrawit | dhepokira Kala Singgunkara | Sang Mintuna tilasane | sangkêp pêthetanipun | Singgunkara sampun udani | yèn Baron Sukmul prapta | saksana pinêthuk | tundhuk jawining wiwara | dyan rinangkul adhuh putuningsun gusti | paduka pinaraka ||

7. binêkta mring pacrabakan linggih | Singgunkara malih aturira | katuran pambage anggèr | Sukmul ing driya mangu | ingkang tapa dene asalin | ing nguni Sang Mintuna | kang mawa sang bagus | mangkya sanès warnanira | tunggil băngsa Singgunkara wus udani | alon ing

--- 62 ---

aturira ||

8. sampun sirna Sang Mintuna gusti | ingkang anglalis rayi paduka | dados satru praptèng mangke | saanak-putunipun | mangke anggèr kula wêwarti | kawula tan kilapan | ing karsa pukulun | tuwin ingkang sangkan paran | jêng paduka ingkang raka gusti mami | Baron Sukmul aranta ||

9. Ki Suhulman anambungi angling | kaki sapa kang sêsuta mringwang | tutura ing sayêktine | lan sapa aran ingsun | Singgunkara gumujêng angling | sira anaking inya | Suhulman aranmu | Suhulman gumuyu latah | kabênêran si kaki tuhu linuwih | wruh sadurung winarah ||

10. Kala Singgunkara matur malih | anggèr arsa angulati kadang | Baron Sakèndhèr arane | marmanira rinuruh | duk ing nguni atilar singsim | mangkya sotyane ical | tujunipun pangguh | anggèr kalawan kawula | yèn sampuna panggih kalawan pun kaki | yêkti kecalan kadang ||

11. padukanggèr kula caritani | arinta nguni mukti wibawa | anèng Sêpanyol nagrine | dadya prajurit punjul | kathah para raja sumiwi | sarta kamantu marang | ing Sêpanyol Prabu | nuntên aprang lawan ditya | unggul prangnya bêdhah prajaning rasaksi | balane têtumpêsan ||

12. Sang Mintuna darbe putra èstri | catur sajuga sampun pralaya | kang têtiga sadhèrèke | Kala Johar kang sêpuh | Thathaini arine malih | nama Thathakuthana | samya warni diyu | ing mangke rayi paduka | anêmahi

--- 63 ---

seda pinaeka dening | putra raksasa tiga ||

13. dèn pitênah kasukan ing ratri | atoh jiwa wusana kasoran | dèn untal lawan garwane | Baron Sukmul duk ngrungu | anjrit waspanira drês mijil | sêsambat lir wanodya | datanna kaetung | tanpanon rat idhêpira | sumpêg ing tyas niba gumuling ing siti | sangêt dènnya murcita ||

14. wandanira saha daya kadi | wrêksa anyêp anjêjêt ginrayang | tan antara panglilire | saking dènira kantu | Baron Sukmul nulya alinggih | lan Kala Singgunkara | radèn alon muwus | asêrêt wijiling sabda | hèh ta kaki paran prawitaning nguni | kongsi kêna dèn untal ||

15. Singgunkara anauri angling | kawon pêrang catur purwanira | Baron Sukmul lon dêlinge | kaki mungguh prang catur | ing rakite ngong durung uning | Singgunkara nêlojar | inggih kawon dhadhu | dhihin atoh brana praja | lan turăngga sêmbrani garudha kêni | nuntên toh sêseredan ||

16. rayi andikanggèr amanasi | mila angêtohakên sarira- | nira kalawan garwane | kawon ing têmahipun | gya cinandhak dèn untal nuli | ing dityèstri kang nama | Kala Johar wau | Thathaini nguntal grudha | ingkang nguntal Sakèbêr lawan sêmbrani | Rêtna Thathakuthana ||

17. Radèn Baron Sukmul duk miyarsi | langkung ngungun malih atêtanya | kaki paran wêkasane | Singgunkara umatur | lah rêbutên ing

--- 64 ---

dhadhu gusti | ananging saratana | êndhihên gyanipun | kang mawi tan kênèng kalah | kursinira sinungan wêsi bêrani | yèn kandhih masthi kalah ||

18. Baron Sukmul angling paran kaki | yèn dèn êndhih amasthi tan suka | Singgunkara mèsêm ture | mundhuta salin dhadhu | dimèn kesah sing unggyannèki | yèn utusan kewala | anggèr sampun asung | dimène malap priyăngga | yèn wus kesah nuli unggwanana aglis | jinabêl aywa suka ||

19. yèn wus kandhih kursine amasthi | dènnya adhadhu kawon kewala | nuli pêdhangana kabèh | nging andika ywa ngaku | yèn kadange arinirèki | lan prihên kasmarana | dimèn samya wuyung | anggèr dhumatêng andika | dyan winulang ing măntra dhêsthi pangasih | karya wismayaning tyas ||

20. sang dwija ngling yèn sampun ngêmasi | binêdhèla saèstu arinta | kalawan panakawane | myang kuda grudhanipun | sami maksih wêtah pinanggih | yèn arsa pinrih gêsang | lah punika banyu | urip ing benjang tètèsna | yêkti sami matêmah apurna jati | radèn tustha miyarsa ||

21. wus palasta radèn nuwun pamit | sang pandhita Kala Singgunkara | anêlas ing wêwêlinge | dhuh anggèr putuningsun | pema dipun prayitnèng wèsthi | Ki Suhulman angucap | ingsun nora milu | jrih yèn dèn untal ing buta | Singgunkara gumujêng sarwi nauri | lah ya sira karia ||

22. ana ing patapan ingsun ngriki | Ki Suhulman malih wuwusira | sun kari tan bêtah [bêta...]

--- 65 ---

[...h] luwe | ananging sira iku | lir gandarwo kalamun ngêlih | yêkti ngong sira untal | bêcik sida milu | gumuyu Ki Singgunkara | Ki Suhulman sigra anututi gusti | mêsat saking patapan ||

23. gancanging carita sampun prapti | ing nagrine sang rêtna katiga | jumujug ing patopane | wor wong kang andêdulu | lan wong dadya boyongan sami | kacaryan têmah kalah | ing kasukan dhadhu | Baron Sukmul praptanira | laju linggih ing kursi cakêt sang putri | sang rêtna lon têtanya ||

24. sarwi mèsêm ngincang-incang alis | manis kadya ngalapana jiwa | sor kilang madu swarane | gustiningsun wong bagus | teja sulaksana kang prapti | tigas kawuryan kula | katêmbèn andulu | ing wingking pundi pinăngka | miwah sintên ingkang pinudya ing krami | kang apindha jawata ||

25. angandika Baron Sukmul aris | ngong udhun-udhunan saking arga | ing Bukit Arbi arane | dene pêparab ingsun | Baron Sukmul praptèng ngong ngriki | sumêdya anggatèkna | ing kene kacatur | angadêgakên kasukan | apa nyata pa sira kang andarbèni | ingsun arsa tumingal ||

26. sang dyah mèsêm sarwi ngujiwati | waja kengis ngêlar madu brata | asamudana ujare | angaku wong ing gunung | kang manise andudut ati | masthi trahing awirya | amora wong sèwu | katara ing sêmunira | kawula tan bangkit carane ing ardi | tumingal lagi mangkya ||

--- 66 ---

27. Ki Suhulman ngucap sarwi bêkis | mendahane ika ora bisa | pasthi api-api bae | lwih gampang cara gunung | duk miyarsa sang dyah mleroki | si bungkêr tan tinanya | têka milu-milu | sarwi ambalang ing sêpah | cinandhak mring Suhulman dèn êmplok nuli | aku wus tunggal rasa ||

28. sang dyah matur anglir madu gêndhis | inggih yêktos rahadèn kawula | kang ngêdêgkên kasukane | ananging êtohipun | botên wontên ingkang ngagêngi | awit sami wong kompra | yèn paduka ayun | dhadhu kalawan kawula | bokmanawi prayogi toh datan mawi | thok-ethokan kewala ||

29. Baron Sukmul angandika aris | nimas iku dudu karsaningwang | mundhak tan ana grêngsênge | sang dyah mèsêm umatur | gih sumăngga kula ladosi | Sukmul malih ngandika | mungguh dhadhunipun | yèn iki ingsun tan arsa | salinana dhadhu liyane kang bêcik | mêngko milih manira ||

30. sang rêtna ngling lah kaot punapi | iya ingsun turut dimèn lêga | yèn mutung suwe pulihe | Kala Johar dyan mundur | ngambil dhadhu malêbwèng puri | kursinya gya ngênggenan | dening Baron Sukmul | sang dyah prapta mèsêm mojar | serad-sèrèd ênggoning wong dèn ênggoni | wong bagus angaliha ||

31. ing kursinta unggyan dika lami | puniki palunggwaning wanita | yêkti sanès lan priyane | nauri Baron Sukmul | saênggon-ênggone wong linggih | jro kasukan [kasuka...]

--- 67 ---

[...n] tan ana | lêlaranganipun | wong lanang amor wanodya | wus kaprahe tan ana banèhe yayi | ing kono alinggiha ||

32. sang dyah rêngu sêndhu dènirangling | nora bêcik carub palungguhan | lira-liru panggonane | nauri Baron Sukmul | ingsun datan arsa angalih | enak ngriki kewala | sira nènga ngriku | sabab ingkang duwe omah | patut ngalah sang dyah lênggah sarya angling | dawêg andika pasang ||

33. sang apêkik êtohe punapi | Baron Sukmul alon wuwusira | mung êtoh seredan bae | ingsun lawan Si Suhul | sira bayar apa ta yayi | ingsun kalamun kalah | asrah raganingsun | pinatèn myang inguripan | tan lênggana karana ingsun wong miskin | darbèke muhung badan ||

34. sang dyah matur pun Suhul puniki | kula bayari lan nagriningwang | tan arsa seredan dene | kawula lan pukulun | timbang datan ngisin-isini | Ki Suhulman angucap | yèn mênggaha puyuh | mênang jajah kawon cangap | sang dyah rêngu si calak sok milu angling | kaya wong sinudenan ||

35. sang dyah matur lah radèn suwawi | apasanga kula kang ambuwang | nulya binucal dhadhune | tibane katalêku | dhadhu pêjah sang dyah wus kêni | radèn alon ngandika | lah kêna sirèku | mara sira apasanga | apa tohe sang rêtna nauri angling | kula toh rajabrana ||

36. radèn angling sun bayar wak mami | wusnya dadi radèn nulyambuwang | tiba samatyan dhadhune [dha...]

--- 68 ---

[...dhune] | kawon malih sang arum | radèn mojar pasanga malih | Kala Johar bramatya | têdhak dènnya lungguh | sru ngandika nora enak | wong puniki misaya marma ngong mangkin | mungkur tan arsa bayar ||

XII. Baron Sakèndhèr wangsul dhatêng Sêpanyol kadadosakên ratu

12. Pangkur

1. Baron Sukmul sigra nyandhak | astanira Kala Johar saryangling | ya pagene sira iku | datan arsa abayar | lamun sira ingkang mênanga datan wun | amatèni ing manira | kalah tan arsa ngêsoki ||

2. apa ta kokira-kira | dumèh-dumèh ingsun iki wong ardi | tur mung loro tanpa batur | yèn sirarsa misesa | yêkti nora kêna ngong palaur lampus | ngêndêl-êndêlakên sira | dumèh kang duwe nagari ||

3. mênang amatèni janma | lamun kalah tan arsa angêsoki | dangu asawalèng wuwus | muhung palunggwanira | kang rinasan kongah-kangihan sang ayu | lingnya ywa karya gêguywan | uculna aja nyêkêli ||

4. ingsun iki apanira | ngong jêritkên datan wun sira mati | sidikrocok ajur mumur | ya ta sangsaya kêkah | Baron Sukmul dènnya nyêpêngi sang ayu | lingnya ngong tan wêdi pêjah | sok uga ngong nora sisip ||

5. sang rêtna asru karuna |

--- 69 ---

dhuh alara uculna tangan mami | mumpung ingsun durung nêpsu | sun eman pakênira | uwong gunung kumawani marang ratu | apa baya baring sira | radèn sangkin aningsêti ||

6. sang dyah kamantyan bramatya | anjrit angrik malih warna rasaksi | nandhak madyane sang bagus | arsa tinaramăngsa | Baron Sukmul yitna narik pêdhangipun | Kala Johar pinrêp pêjah | narajang Kèn Thathaini ||

7. arsa tumulung ing raka | sigra naut pinêdhang wus ngêmasi | Thathakuthana manaut | dhininginan pinêdhang | wusnya lampus katri binêdhèl sadarum | ari lan garwa pinanggya | nèng jro garbaning dityèstri ||

8. angganira maksih wêtah | kadi anendra kewala kaèksi |[2] cahyanira maksih mancur | kadi wulan purnama | dyan rinangkul tinangisan kadangipun | kongsi supe ing rèhira | sêsambat saengga èstri ||

9. tan wrin kasatriyanira | dhuh-dhuh adhuh Sakèndhèr ari mami | pisah lan ngong wit ing timur | mêngko kapanggih pêjah | paran polah ingsun ngong tumutur lampus | tan bisa urip priyăngga | mudha dama nisthèng bumi ||

10. tantara èngêt ing driya | wêlingira Singgunkara ing nguni | binêktan isaratipun | toya rèh tata darma | kunarpaning kadang tinetesan sampun | paripurna lawan garwa | sotèng tyas lir tangi guling ||

11. dupi umiyat ing kaka | sigra mêngkul sarwi asru anangis | gapyuk arangkul-rinangkul | Sakèndhèr [Sakè...]

--- 70 ---

[...ndhèr] wuwusira | sarwi nangis kakang nora nyana ingsun | lamun panggih lawan sira | kaka anauri aris ||

12. dhuh Sakèndhèr ariningwang | pisah ngong lan sira sangkaning alit | onêng nuli ingsun ruruh | katêmu wus pralaya | panjang lamun winarnaa solahipun | dènira onêng-onêngan | èngêt nulya sami linggih ||

13. Baron Sakèndhèr atanya | rama ibu apa misih basuki | lawan sapa kang atuduh | mring sira kakang êmas | dene wru ing kene kang raka sumaur | yayi eyang Singgunkara | kang mangun brata nèng wukir ||

14. iku kang tuduh maringwang | wit sirnaning sêsotyèng ali-ali | margane sira ngong ruruh | sun jumujug ing arga | patapane kaki Singgunkara mau | wangwang tinutur sing purwa | têkèng wasana wus ênting ||

15. Sakèndhèr mojar mring garwa | ngabêktia mring kakang êmas yayi | sang dyah saksana wotsantun | Baron Sukmul sru drêdya | angandika mendah bungahe jêng ibu | mulat mring sira lan garwa | wit lungamu misih cilik ||

16. măngka mulih wus akrama | antuk putri adi kalawan malih | jêng ibu onêng kalangkung | adhi mring jênêng para | marma payo nuli seba ing jêng ibu | kang rayi gampang turira | măngsa wurunga kapanggih ||

17. awit wus padha raharja | balik kakang mayo mring nagri mami | ing Sêpanyol yogya langkung | sun aturakên marang | kangjêng rama raka tan lêngganèng kayun | anulya sêmbrani kuda |

--- 71 ---

miwah kang garudha rukmi ||

18. myang Sakèbêr kang palastra | sami tinetesan ing toya urip | wus paripurna sadarum | Baron Sakèndhèr sigra | nitih kuda sêmbrani lan Baron Sukmul | kang garwa sanès ing prênah | anitih garudha rukmi ||

19. Sakèbêr lawan Suhulman | pinrih dharat ngiringkên rajapèni | jarahan jro puranipun | putri tiga kang pêjah | pun Suhulman sampun jinunjung ing lungguh | ran Tumênggung Rêksajiwa | sinru lampahing sêmbrani ||

20. miwah lampahing kagendra | kalihira mawor lan mega putih | ing Sêpanyol kang jinujug | data tita winarna | bumi natèng Sêpanyol dahat magiyuh[3] | kathah prawitaning unang | dhihin tinilar ing siwi ||

21. ping kalih ing mantunira | kaping tiga kamomosên wit saking | kambah ing endrajala nung | kakênan ing sampeka | kongsi kalampahan krama putri diyu | maksih wingwrin ing wardaya | kaping pat dene sang aji ||

22. andhahar aturing corah | datan kongsi mawi ginalih dhihin | kalakyan anundhung sunu | ingkang mamrih raharja | sasirnaning doracara putra nglangut | datan wrin ing paranira | wimbuh ribêng sri bupati ||

23. samana sri lagya lênggah | kagyat dening praptanira kang siwi | maniyup praptèng kadhatun | gègèr wong dalêm pura | suka miyat rawuhing gusti dyan katur | dhatêng sang sri naradipa | sri mangagnya animbali ||

24. para cèthi palajêngan | tundha-tundha kang ngenggalkên [ngenggalkê...]

--- 72 ---

[...n] sang putri | kerid praptèng ngarsa prabu | sang rêtna awotsêkar | pramèswari gupuh angrangkul ing sunu | parèbu sami karuna | asêsambat mêlas asih ||

25. nora nyana tan nyupêna | panggih malih kalawan sira nini | sun anarka yèn wus lampus | wusnya tata alênggah | sri narendra atanya wacana arum | hèh ni putri anak ingwang | lakinta mêne nèng ngêndi ||

26. sang dyah matur awotsêkar | laki ulun wau kantun nèng jawi | ngandika malih sang prabu | timbalana dèn enggal | sang dyah mijil wangsule nganthi sang bagus | Sakèndhèr prantèng[4] ngarsendra | angaras pada narpati ||

27. sang nata arum ngandika | bagea ing sapraptanira kaki | ingsun minta apuramu | saking gung sisip ingwang | dèn agêdhe aksamanira maringsun | luwarana nadar ingwang | sun kulup pasrah nagari ||

28. ing Sêpanyol marang sira | sira ingkang madêga narapati | ingsun kulup wus asêpuh | sêdhêng magawan miwah | momong marang sira lulusa jênêngmu | kang putra matur wotsêkar | sumăngga ing karsa aji ||

29. ananging paminta amba | rèhning bapa kawula maksih urip | mugi parênga pukulun | tumut angèstrènana | sri ngandika sapa rane sudarmamu | Baron Sakèndhèr turira | ramamba nakoda gusti ||

30. Baron Kawitparu rannya | wismanira ing bandar Bukit Arbi | sang nata èngêt ing kalbu | yèn putrane kang raka | dyan Sakèndhèr rinangkul andikèng prabu | dhuh putrèngsun [pu...]

--- 73 ---

[...trèngsun] saupama | dhihin wêkcaa mring mami ||

31. măngsa têmah mangkenea | ngong kalulun ing ture wong tan yukti | dene ta panarkaningsun | nguni marang ing sira | turuning wong pidak bêndarakan tamtu | trahing kumbah lan sarakah | utawa cukit adulit ||

32. wong mayêng tanpa sasana | kewran dening gêng trêsna mring ni putri | myang sing kasêktènirèku | dadya sun pasrah ing Hyang | mêngko myarsa aturmu wus pracayèngsun | jumênênga naradipa | sira ingsun caritani ||

33. wruhanta sudarmanira | iku sadulur manira sayêkti | ramanira ingkang sêpuh | ananging sèjèn rena | eyangira lalis nuju wawrat sêpuh | binêdhèl bayine gêsang | dadi ramanira kaki ||

34. ramanta nulya binuwang | marang Bukit Arbi samêngko dadi | nagarèku purwanipun | Sakèndhèr suka myarsa | ing purwane dadya padhang ing tyasipun | sang nata malih ngandika | sudarmanira samangkin ||

35. pira kèhe putranira | kang liningan umatur awotsari | tiga wêlas putranipun | nging sami sanès rena | mung kêkalih atmaja kang tunggil ibu | kawula kalih pun kakang | samêne tumut mariki ||

36. inggih punika sang nata | kang têtulung mring kula rikalaning | pêjah dèn untal mring diyu | dyan tinutur sadaya | langkung ngungun sang nata ngandika arum | mêne nèng ngêndi kakanta | Sakèndhèr matur wotsari ||

37. pukulun wontên ing jaba | sri narendra angandika mring cèthi | si anak undangên [u...]

--- 74 ---

[...ndangên] malbu | kang kinèn tur sandika | lèngsèr saking ngarsanira sang aprabu | wus prapta ing prênahira | andhawahkên andika ji ||

38. mangkana pamuwusira | anggèr jêngandika dipun timbali | ing ramanta sang aprabu | lumêbwèng ăntapura | sapunika sarênga salampah ulun | rahadèn matur sandika | asigra dènnya lumaris ||

39. prapta ing byantara nata | Baron Sukmul bukuh dènira linggih | langkung ajrih ing sang prabu | ngandika sang iswara | mring Sakèndhèr apa iku kakangamu | Sakèndhèr matur pranata | inggih punika sang aji ||

40. sang buminata ngandika | warnane mèh kêmbar lan sira kaki | karo padha bagus-bagus | ya ta ri sampunira | tinanya ing nama ngandika sang prabu | hèh Sukmul sira sun duta | lumaku mring Bukit Arbi ||

41. amondhongi ramanira | praptaa ing nagaraningsun ngriki | dhihin turna salam ingsun | kaliwat onêng ingwang | kapindhone marma ngong aturi rawuh | darapon angèstrènana | adêge arinirèki ||

42. Si Sakèndhèr dadi nata | ing Sêpanyol kang saking pasrah mami | mentara dhewe sirèku | mawaa pra dipatya | warahên sudarmanta enggala rawuh | marang ing nagri manira | baron kêkalih wotsari ||

43. umijil prapta ing jaba | sigra Baron Sakèndhèr angundhangi | wadyane kang rama prabu | kinèn sami sawega | ngrukti jolang joli jêmpana lan tandhu | miwah sakatha turăngga | liman cinapurung adi ||

44. myang

--- 75 ---

kintunan rajabrana | jêjarahan saking Nuswa Têmbini | akathah gotonganipun | samana wus samêkta | wadya ing Sêpanyol sasikêping pupuh | pinrih ngiring lampahira | Sukmul maring Bukit Arbi ||

45. ri saksana tinangaran | wadya alit budhal gumuruh atri | tata rêmpêg lampahipun | pra ratu pra dipatya | ing sajuru-juru tulya sri dinulu | Baron Sukmul ingkang măngka | manggala angirid baris ||

46. ginarêbêg ing pra raja | lampahira nèng marga tan winarni | kinarya cêndhak kang tutur | amurih gancangira | samana ing Bukit Arbi sampun rawuh | gègèr kang samya tumingal | panarkane mêngsah prapti ||

47. Baron Sukmul ri saksana | angruhuni lumampah wus kapanggih | lawan rama awotsantun | turnya kula dinuta | ing Sakèndhèr marêk ing ngarsa pukulun | angaturakên wilapa | sigra tinampèn kang tulis ||

48. binuka têmbunging surat | kula pun Sakèndhèr tur pangabêkti | mring jêng rama miwah ibu | kaping kalih kawula | tur uninga yèn ulun samêne sampun | pinundhut mantu dènira | nata ing Sêpanyol nagri ||

49. lan malih ngintuni amba | rajabrana paduka duma maring | jêng ibu-ibu sadarum | miwah mring para kadang | dene antuk kula rajabrana wau | sing anggèn kula ambêdhah | nagari ing kanan keri ||

50. saking pangèstu paduka | mangke tuwan lawan jêng ibu sami | kawula aturi rawuh | dhatêng Sêpanyol praja |

--- 76 ---

ngèstrènana unggyan ulun madêg prabu | saking karsane arinta | nata ing Sêpanyol nagri ||

51. asèlèh karatonira | mring kawula marma kang mugi-mugi | paduka enggala rawuh | dhatêng Sêpanyol praja | mutya[5] anèng ngriku măngka walês ulun | dhumatêng paduka miwah | dhatêng kangjêng ibu sori ||

52. tamat ungêling pustaka | ki nakoda tyasira lir jinait | kadya tinetesan ranu | rikala maos surat | datan uning lamun waspanira runtuh | nibani papaning surat | atmaja nom kang kaèsthi ||

XIII. Kraton Sêpanyol dados rêbatan

13. Sinom

1. ibune prabu taruna | dupi sinungan pawarti | wau ing bab sutanira | sru sumaput kang pangaksi | dahat onêng mring siwi | tyasira nglês nulya kantu | makundhah anèng kisma | wusnya dangu nglilir nuli | tan cinatur kèh siptaning sukarêna ||

2. nakodèngêt mring dhatêngan | ri saksana pinatami | ambalabur kang sugata | waradin dhatêng pakathik | atata-tata nuli | kang para putra sadarum | tanapi para garwa | sampun asiyaga sami | ing saprantinira tiyang alêlampah ||

3. umijil anulya budhal | saking bandar Bukit Arbi | têngaranira sauran | tambur myang salomprèt atri | kadya [ka...]

--- 77 ---

[...dya] rugruging ardi | ing samarga swara umyung | ginêlak lampahira | andina ratri lumaris | lêlangêning marga datan kawurcita ||

4. sampun prapta ing jajahan- | nira Sêpanyol nagari | pinêthuk ing para nata | tundha-tumundha anggili | praptanirèng jro nagri | Baron Sakèndhèr amêthuk | awahana turăngga | sêmbrani grudha mayungi | murub kadi andaru ujwalanira ||

5. datan kantun ingkang garwa | nèng wurinira sang pêkik | nakoda kandhêg ing lampah | labêt dènira umaksi | kang murub anêlahi | sinidhêp Sapanyol Prabu | dahat indung mring putra | wit pisah sangkaning alit | nanging wontên iribing suwarnanira ||

6. lan Baron Sukmul kang raka | muhung kaotira mawi | makutha prabu taruna | wimbuh pêkik amantêsi | dupi wus cakêt nuli | Baron Sakèndhèr tumurun | saking turangganira | jinajaran ing pra aji | ki nakoda mangu dènira tumingal ||

7. kang ibu tan samar miyat | mring putranira sang pêkik | sigra têdhak sing jêmpana | tanaya dèn palajêng |[6] pinêngkul sarya nangis | dhuh Sakèndhèr anak ingsun | tan nyana sira gêsang | wartane sira wus lalis | marga winisaya dèn untal ing ditya ||

8. kang putra matur pranata | yèn sampuna pikantuk sih | pitulungira Hyang Suksma | ingkang ajalaran saking | pun kakang wus amasthi | ibu tan panggih lan ulun | Baron Sakèndhèr nulya | mring ramanira ngabêkti | ki

--- 78 ---

nakoda amêngkul jangganing wêka ||

9. gawok myat pêkiking putra | cahya mindha sitarêsmi | kang sêdhêng purnamasada | pangandikanira aris | kaliwat sukur mami | maring Hyang kang Maha Luhur | sira misih raharja | nuwun turira sang pêkik | nulya ingkang para ibu kinabêktyan ||

10. garwa tumutur pranata | ing mratuwa jalu èstri | pra garwa merang tumingal | mring Sakèndhèr awit saking | sinaèng-saèng nguni | samêne amanggih luhur | Sakèndhèr anambrama | mring kadang sawêlas sami | saurpêksi nauri ing panambrama ||

11. kurmat mocot topinira | têtabean gênti-gênti | miwah akuswa-kinuswa | wusning tutug dènnya sami | onêng-onêngan nuli | sang prabu anom umatur | dhumatêng ingkang rama | pukulun dipun aturi | dhatêng rayi paduka sri naradipa ||

12. sigra kerid lampahira | wus tumamèng kênyapuri | pinêthuk ing sri narendra | tundhuk nèng madyaning kori | kayuh-kinayuh sami | wusnya dyan binêkta lungguh | jajar lan sri narendra | cakêt lan palangkan aji | para raja pratisthèng kursi sadaya ||

13. sap-sapan ambajêng kapang | Sakèndhèr kadange sami | anêpangi para nata | andhèr sami lunggwèng kursi | Sakèndhèr dènnya linggih | wontên ing kursi mas murub | munggwing kerining nata | para nujum ramal tuwin | para khakim pandhita pêpak sadaya ||

14. nata anambramèng kaka | kakang katuran pambagi | ing sarawuh jêngandika | wontên [wo...]

--- 79 ---

[...ntên] ing Sêpanyol nagri | awit duk misih bayi | unggyan ngong pisah rumuhun | kalawan jêngandika | lagi kapanggih samangkin | yèn sampuna Sakèndhèr dados jalaran ||

15. amasthi kapatèn dilah | pun Sakèndhèr antuk rabi | nini putri datan wingwang | awit kadange pribadi | anuwun kang sinung ling | sang nata malih amuwus | kakang marma andika | kula aturi mariki | pun Sakèndhèr ing samangke karsa kula ||

16. ngong angkat madêg narendra | anèng Sêpanyol nagari | kawula arsa magawan | rèhning sampun sêpuh mangkin | miwah tan darbe siwi | priya sumilih kaprabun | Sakèndhèr tan bêbakal | madêg nèng Sêpanyol nagri | sampun saksat wêwarisira priyăngga ||

17. nakoda turnya kawula | mangayubagyèng karsa ji | sumăngga ing karsa nata | kula darmi asêsiwi | paduka kang ngwasani | sampun ta silih punika |[7] ingadêgakên raja | sanadyan kang pati urip | kawula sumanggakkên ing yayi nata ||

18. sri nata malih ngandika | hèh sagung para narpati | muwah kang para dipatya | satriya pandhita tuwin | pra nujum kang nèng ngriki | anaksènana sadarum | ingsun mêne sumalah | karaton mring mantu mami | Si Sakèndhèr ingsun adêgakên raja ||

19. mêngku Sêpanyol nagara | angrèhkên para narpati | bawahing Sêpanyol praja | muwah kang măncanagari | ngong pasrahakên sami | padha ngèstokna sadarum | ing adêge

--- 80 ---

sutèngwang | sadaya asaurpêksi | datan wontên kang tumangguh ing karsendra ||

20. wit saking kasêktènira | mantu kang umadêg aji | nulya arame bojana | kasukan-sukan angênting | ing siyang miwah ratri | kunêng cinarita sampun | lami umadêg nata | parangmuka samya ering | wadyanira sami wêdya sih sadaya ||

21. karta arja prajanira | kadang kalih wêlas sami | sinung praja sowang-sowang | dadyaa wibawa mukti | mung asok bulubêkti | dhumatêng Sêpanyolipun | dene ta ingkang raka | wau Baron Sukmul maksih | nèng Sêpanyol nunggil ari sri narendra ||

22. awit datan sinung pisah | Sri Sakèndhèr kang winarni | dèrèng lêga rosing driya | yèn sajagad dèrèng kêni | rinèh ing sri bupati | dadya mangke karsanipun | anggênturakên tapa | dahat dènnya mati ragi | kang dhinahar muhung sêsarining mênyan ||

23. yèn ratri tan arsa nendra | wus pinunjul ing kasêktin | bakit amor lan siluman | prawira guna mumpuni | anuksmèng agal alit | samana wau sang prabu | alênggah lawan raka | Sukmul dèn pangandikani | kakang sira ing mêngko madêga raja ||

24. ana ing Sêpanyol praja | mumpung kangjêng rama mangkin | misih ana yuswanira | kèh pakewuhe ing benjing | sira aywa kuwatir | bab mungsuh ngong kang tumangguh | muwah pakewuh ingkang | saking kadang-kadang sami | dèn angeca-eca ingsun kang

--- 81 ---

nanggulang ||

25. ingsun iki kakang êmas | arsa cêcakar pribadi | ngupaya nagri lènira | kang bêcik papane tuwin | kèh sèn-isène kêni | kinaryaa dagangipun | lan malih ingsun arsa | awor lawan băngsa mami | băngsa êjim mulih dadi êjimira ||

26. sirèku băngsa manusa | nora kêna milwèng kami | kang sun cakarkên ya sira | ing Sêpanyol tan nyukupi | pamêtune binukti | dening para sadulurmu | marma kakang sun arsa | ngruruh nagri kang prayogi | kaka anauri yayi sakarsanta ||

27. ingsun darma lumaksana | ing salir rèhira yayi | Sakèndhèr malih wacana | lamun manira ing benjing | uwus manggih nagari | kang murah daganganipun | yêkti ngong asung wikan | Sakèndhèr anulya pamit | nitih kuda sêmbrani apayung grudha ||

28. tan kantun parêpatira | Sakèbêr sampun linuwih | widagdya awor jim bisa | manjing ajur-ajèr bangkit | bisa mancala warni | barang ciptanira tulus | sampun antuk wêwulang | ngèlmu kagunan kasêktin | datan pae lan Sakèndhèr gustinira ||

29. wus muluk margèng gagana | midêr-midêr kèh kang kèksi | wus majêmur lan siluman | datan katingal ing janmi | ananging dèrèng manggih | kang dadya sênênging kalbu | tan kocap laminira | dènnya nampakèng wiyati | kawarnaa kang kantun madêg narendra ||

30. wontên ing Sêpanyol praja | Baron Sukmul nyakrawati | kinajrihan ing sasama | samanira pra narpati | sadaya sami asih | lulut wit [wi...]

--- 82 ---

[...t] dening misuwur | ari kaprawirannya | sudibya anung sinêkti | wus kasusra Sakèndhèr purusa tama ||

31. yèku ingkang kinajrihan | ing mangke sampun kawarti | Baron Sukmul madêg nata | ngrênggani Sêpanyol nagri | sabawahira sami | ya ta kang para sadulur | rumasa dahat merang | dènnya sami rinèh maring | Baron Sukmul anulya kadang sawêlas ||

32. sami adarbe pangangkah | arsa jumênêng narpati | wontên ing Sêpanyol praja | dyan ambêdholakên baris | sing prajane pribadi | langkung gêng gêgamanipun | ing Sêpanyol kinêpang | ingkang sinêdya ing galih | pangluruge wau sadulur sawêlas ||

33. singa-singa ingkang rosa | yèku kang madêg narpati | sampun campuh ing ayuda | long-linongan dènnya jurit | sarta sami bêbiting | langkung rame yudanipun | ing sabên-sabên dina | ngabên prajurit prang tandhing | singa kang katawan sami tinêbusan ||

34. lami-lami sangkin rêsah | wèh rahuruning nagari | para raja liyanira | tan wontên kang tumut jurit | muhung samya ningali | wus lami antaranipun | tanna wêkasing yuda | donya ing Sêpanyol nagri | datan kêndhat sabên ari wutahira ||

35. kang ibu dahat sungkawa | angajap ing siyang ratri | Baron Sakèndhèr praptanya | maring ngêndi anak mami | yèn anaa sirèki | yêkti nora ana purun | pra kadang rêbut praja | pamintèngsun ing Hyang Widi | muga-muga Sakèndhèr enggala prapta ||

36. nyapiha

--- 83 ---

kang padha yuda | nêngna kang manggung prihatin | warnanên ingkang ngumbara | Baron Sakèndhèr narpati | ngruruh papan kang yogi | yèn wontên nuswa kadulu | datan towang jinajah | ananging dèrèng amanggih | ingkang dadya panujunirèng wardaya ||

37. dènira kesah nglêlana | tilar Sêpanyol nagari | myang yayah rena lan kadang | antaranira wus lami | duk samana sang aji | tan eca raosing kalbu | manggung sandeyèng nala | kadi atilar bêbayi | nèng bandulan kuwatir lamun runtuha ||

38. nulya sri tumingal marang | prênahing Sêpanyol nagri | kèksi pratingkahing yuda | mangkana osiking galih | sapa baya kang wani | wani ngrabasèng prang pupuh | tandya sang nata nyipta | kondur sakêdhap wus prapti | ing Sêpanyol awas dènira tumingal ||

39. lamun katêkan ing cora[8] | Sêpanyol kinêpang kikis | êlor kulon kidul wetan | agung ajêjêl kang baris | lagya ramening jurit | ciptaning tyas nora luput | tangguhe atiningwang | sang nata niyup tumuli | lampahira jumujug madyèng pabratan ||

40. swaraning bêdhil kapyarsa | saengga rugruging ardi | tibaning mimis lir udan | mungsuh rowang kèh kang mati | samadyèng rana kadi | têngah dalu pêtêngipun | sing kukusing sandawa | dèrèng wontên kang udani | yèn narendra Baron Sakèndhèr wus prapta ||

41. wusana bêdhil tan munya | buntêt sami mili warih | ingkang aprang anggraita | baya kang duwe nagari | samêngko [sa...]

--- 84 ---

[...mêngko] uwus prapti | lah iki antaranipun | obat matêmah tirta | yèku sing kasêktènnèki | wadya agung samana mundur sadaya ||

42. gustinira sigra mangsah | nêngah arsa magut jurit | Baron Sukmul sinumbaran | payo rok arêbut pati | singa unggul ing jurit | iku kang umadêg ratu | yèn kalah tan wun sirna | nulya kagèt aningali | lamun ari Sakèndhèr nèng rananggana ||

43. mangu sadulur sawêlas | rêrêp sirêp samya ajrih | Baron Sakèndhèr ngandika | hèh kadang-kadang ngong sami | paran ing rèh puniki | baya kêna ing pangadu- | adune ing wong corah | têmah arêbut nagari | kabèh padha sinung lali akêkadang ||

44. saupama kadang rolas | padha tumêka ing pati | raja liya ingkang bungah | nagri ing Sêpanyol iki | wong liya andarbèni | apa ta sira sadarum | tan anduwèni eman | yèn matia tanpa kardi | lamun kudu-kudu arsa băndayuda ||

45. mara ingsun ayonana | kêmbulana ing ajurit | wong rolas barênga mara | numbak mêdhanga sakapti | dènira padha ngukih | amatèni raganingsun | kalamun datan ana | ingkang wani marang mami | padha anuruta ing rehan manira ||

46. wong rolas padha rukuna | lah angumpula mariki | ya ta pra kadang ngalêmpak | tan wontên prabanggèng kapti | alon dènira angling | lah yayi ing sakarsamu | ngong padha lumaksana | tan ana anuwalani | kadang yogya dadia kanthi sadaya ||

--- 85 ---

XIV. Baron Sakèndhèr angajawi, malih warni suwita Panêmbahan Senapati

14. Kinanthi

1. Sri Sakèndhèr wacana rum | kang tinêmu ing tyas mami | prayoga yèn kangjêng rama | dèn aturana mariki | manuta sabênêrira | wit kabèh putrane sami ||

2. măngsa kangjêng rama ayun | ing panggalih pilih asih | de yèn sisihên ing driya | iku tan ana ing mami | wit kabèh atmajanira | bêgja-bêgjane pribadi ||

3. para kadang sampun rêmbug | dyan kang rama dèn aturi | tan antara praptanira | langkung gugup ingkang galih | samana sampun pinarak | pra putra pratisthèng kursi ||

4. kang rama dènira lungguh | lawan Sakèndhèr anunggil | mungguhing palăngka rêtna | riwusnya tata alinggih | Sakèndhèr matur ing rama | kawula atur upêksi ||

5. yèn putra tuwan sadarum | sami bêbencengan pikir | kêni bêbujuking corah | apuwara dados jurit | sami rêrêbatan praja | rèhning ulun nèm pribadi ||

6. ing sakathah-kathahipun | măngsa borong ing panggalih | rama kang wajib matuta | mangke ing Sêpanyol nagri | kula turkên ing paduka | pamintamba mugi-mugi ||

7. kaêduma mring sadulur | sadulur kawula sami | dèn wradin kularsa wikan | kanggea salami-lami | kongsia têdhak-tumêdhak | sampun wontên kang nyidrani ||

8. nyêpênga sêrat sadarum | ingkang ijêman [i...]

--- 86 ---

[...jêman] prajangji | sarta amawia lampah | dene kawula ing mangkin | arsa cêcakar priyăngga | ngupados sanès nagari ||

9. kang rama nauri arum | bênêr karêpira kaki | lah payo enggal undhangna | Baron Sakèndhèr nulya ngling | hèh sakèhe kadang ingwang | kangjêng rama ing saiki ||

10. ingsun pasrahi kaprabun | sapa ingkang nuwalani | yêkti ngong padhêm sakala | aywa ana ingkang sami | sêsambat kinaniaya | Baron rolas sami ajrih ||

11. umatur sarwi tumungkul | anut tan anuwalani | ing karsane kangjêng rama | nakoda asru dènnya ngling | hèh anak ingsun rowêlas | dèn padha gilig ing pikir ||

12. aywa na kang ambarênjul | atuta kêkadang sami | rukuna muwah aywa na | ingkang angowahi jangji | lawan aywa na kang cidra | sapa-sapaa ing benjing ||

13. angowahi jangjinipun | panêdhèngsun mugi-mugi | ing sapandhuwure benjang | aywa amanggih basuki | lah mara pra putraningwang | prasêtyaa padha mangkin ||

14. sigra ingkang para sunu | mijilkên prasêtya sami | lamun botên angèstokna | mring rama myang srat prajangji | sampun kongsi manggih arja | nulya ingkang para siwi ||

15. sinung srat prajangji sampun | akathah-kathah kang uni | nakoda malih ngandika | ing mêngko parentah mami | sakèhe kang rajabrana | sira kalumpukna sami ||

16. minăngka băndha puniku | ingaran raja Kumpêni | tunggunên dening [de...]

--- 87 ---

[...ning] wong rolas | aywa na abèncèng pikir | lungguha gajihan padha | mèta sing antuk ing bathi ||

17. ngong rani Kumpêni iku | sarta ing rêmbug dèn gilig | yèn sawiji durung rêmbag | ênêngna pikirên dhihin | rèh kang yogya lakonana | aywa na suwalèng kapti ||

18. nadyan nyolonga yèn uwus | rêmbug lan wong rolas gilig | angidèni jênêng mara | poma sutèngsun dèn eling | Baron rolas samubarang | antukira sing pakardi ||

19. ambêdhaha kuthanipun | tanapi lampah agrami | donyane gajih-gajihna | nanging itungmu ywa sêpi | rina wêngi tulisana | tuna myang antuking bathi ||

20. petunge sira dèn emut | yèku purwanira nguni | wontên dêlèr kalih wêlas | kongsi tumêkèng samangkin | nakoda malih ngandika | sapa tan rukun ing wingking ||

21. ngowahi prajangjinipun | ingkang wus kamot ing tulis | kêna ing supataningwang | yêkti nêmu tan basuki | lah uwis padha karia | ywa lirwèng wêwêkas mami ||

22. arsa mulih tapa ingsun | nakoda sampun lumaris | Baron Sakèndhèr ngandika | kakang karia basuki | dèn padha saekapraya | atuta kêkadang sami ||

23. èngêta ing prasêtyamu | sun arsa nutugkên kapti | ngetan marang tanah Jawa | iku apelag linuwih | arata kang sarta wiyar | sabarang tinandur dadi ||

24. apadene murah banyu | samodrane luwih bêcik | pasisire tur arata [a...]

--- 88 ---

[...rata] | kèh isèn-isèning nagri | murah kang sarwa tinumbas | cacade amung sawiji ||

25. angkêre kalangkung-langkung | nanging mêksa ngong dhêmêni | kakang Sukmul wêkas ingwang | yèn ingsun lawas tan prapti | yêkti ingsun antuk karya | nusula dagang tumuli ||

26. marang tanah Jawa mau | masthi untung sira benjing | ananging nganggo kelangan | wis padha karia sami | kakang-kakang ngong sadaya | dyan nitih kuda sêmbrani ||

27. apayung garudha tatur | ngetan wor lan mega putih | ing tanah Jawa wus prapta | pasisir jinujug dhihin | sampun jinajah sadaya | keblat sakawan waradin ||

28. wus pinariksa sadarum | dupi lampahira prapti | ing Luwak bawah Mataram | dhawah saking ngawiyati | Sakèndhèr myang kuda miwah | Sakèbêr sumaput sami ||

29. gumêtêr wănda sakojur | angalemprak anèng siti | Sakèndhèr pangucapira | ya Gusti Kang Maha Suci | kênèng apa awak ingwang | ing satuwuk ingsun urip ||

30. durung tau kajalungup | apêrang lawan rasaksi | ngrurah kutha pirang-pirang | durung nglakoni lir mangkin | datan bisa anggulawat | anulya dèn isarati ||

31. gajih babi riwusipun | nabda mring kuda sêmbrani | payo ngong malih umbulna | dyan mêsat kanang turanggi | lan garudha mring gêgana | angungkuli ing Matawis ||

32. aniba malih tan emut | duk wus yatna mumbul malih | tan antara malih tiba | kongsi ping sapta anuli | lumpuh [lu...]

--- 89 ---

[...mpuh] datan bisa lunga | rumasa sor kang kasêktin ||

33. Baron Sakèndhèr amuwus | asru nalăngsa ing galih | pamuwusira mring grudha | miwah mri[9] kuda sêmbrani | manira nora kawawa | kataman ing tulah sarik ||

34. tobat uwis kalah ingsun | marang raja ing Matawis | grudha lan sêmbrani turnya | ulun inggih mopo sami | pinardi malih ngumbulna | lêng pinadhêma pun patik ||

35. Sakèndhèr malih amuwus | lah ta kapriye puniki | manira kaliwat-liwat | arêmên mring tanah Jawi | nging wilalate tan kêlar | yudaa kasor ngong yêkti ||

36. kang katêmwèng pikir ingsun | manawi sira ngrêmbugi | sun arah srananing lêmbat | muhung kênaa angancik | pirabara lamun kêna | dèn arah saking sathithik ||

37. lah payo sira lan ingsun | katêlu amêsu ragi | salin warna ingkang sarta | padha amor lan băngsa jim | angawula mring Mataram | manawa karsa sang aji ||

38. andasihakên maringsun | apadene mring sirèki | uwis nora wani ingwang | tambuh basaningsun benjing | pirabara yèn si kakang | Baron Sukmul nusul mriki ||

39. ana rowang sun arêmbug | yèn bali ngong liwat isin | ingsun palaur ngawula | wusnya ing rêmbag agilig | sigra sami mêsu raga | kang cinipta salin warni ||

40. dhasar sami sêktinipun | Sakèndhèr wus salin warni | matêmah Lawean Seta | gêngnya saparbata siwi | grudha wus mancala warna [war...]

--- 90 ---

[...na] | dadya sarpa kancana di ||

41. ajêjènggèr suku jalu | asuwiwi cakar rukmi | sêmbrani wus salin warna | arupa Lêmbu Andini | awak sungu tracak êmas | Sakèbêr wus malih warni ||

42. Maesa Kêmale pingul | awak kêbo sirah janmi | kadya kapuk pêthakira | Lawean Kapila angling | lah ta mayo padha tobat | mring gusti natèng Matawis ||

43. aminta aksamanipun | darapon nulia mari | lumpuh iki sigra samya | tobat sru nalongsèng ati | têmên-têmên pamintannya | wus dèn apura ing Widi ||

44. sami mulya dènnya lumpuh | sru suka tyas sarta ajrih | Lawean Seta wacana | payo rêbut paran mangkin | ywa ngumpul dadi sajuga | ingsun pumêdya[10] angabdi ||

45. mring sinuhun ing Matarum | kalawan si sarpa rukmi | sapa silih ingkang dadya | ugêr-ugêring nagari | padha tinempelan arta | dèn ulah bawanirèki ||

46. dene ta Andini Lêmbu | sira ngawulaa maring | Kiyai Juru kang sarta | dèn bisa unggyanta ngabdi | Maesa Kêmale sira | ngawulaa mring Ki Nitik ||

47. Wăngsadipraja ya ta wus | gilig ing rêmbag anuli | sami mentar kapatira | praptèng ing kitha Matawis | nuju wus surup Hyang Arka | Jêng Senapati winarni ||

48. ri sêdhêng anèng kadhatun | dhahar ngungkurakên kori | kang ngadhêp kinèn umentar | kantun ingkang para rabi | pinrih ngungkurkên wiwara | mênga sadaya kang kori ||

49. wau

--- 91 ---

sang Lawean Pingul | wus dangu dènira prapti | akalihan Manglar Monga | yèku kang taksaka rukmi | silih nama Manglar Monga | sowan anèng latar sami ||

50. tan katingal warninipun | dènnyarsa matur ngêntosi | yèn sampun sêpêning janma | kalangan praptane nuli | Kiyai Bocor tumama | yun ngayoni Senapati ||

51. wanti-wanti dènnya nuduk | Panêmbahan datan busik | eca adhahar kewala | Kêbo Dhêngên raning kêris | ingkang tinandukkên marang | Panêmbahan Senapati ||

52. kongsi sigar pucukipun | jroning pêcahe kang kêris | kasêlan ing wulunira | Panêmbahan Senapati | Lawean Pêthak duk mulat | datan sarănta ing galih ||

53. Ki Bocor jinêglong rubuh | lumpuh mungguhing taritis | tangi-tangi nora bisa | gulasahan sarwi nangis | aminta pangupaksama | kagyat nata ing Matawis ||

54. tanya apa karanipun | sira iku têka nangis | Ki Bocor matur tur tobat | sarta minta aksama ji | gumujêng sri naranata | wis adhi ywa walangati ||

55. ingsun apura sirèku | lah ta muliha dèn aglis | ywa kongsi wruh ing wong kathah | matur nuwun kang sinung ling | wus waluya dyan wisata | Senapati nulya mijil ||

56. saking ing jro puranipun | datan wontên kang umiring | muhung Lawean Kapila | kang tut wuri ing sang aji | Manglar Monga nèng wurinya | de karsanira sang aji ||

57. ing lipura [lipu...]

--- 92 ---

[...ra] kang jinujug | ing ngriku wontên sawiji | sela sumayana pêthak | kinarya anru sêmadi | anênêdha ing Hyang Suksma | kang pininta jro sêmadi ||

58. gampila pamêngkunipun | ing tanah Jawi dèn kongsi | praptaa ing akir jaman | ywa liya kang andarbèni | mung têdhakira priyăngga | tinunjêm pratisthèng galih ||

59. paminta mring Hyang Kang Agung | datan minge ing pangaksi | pitêkur mungguhing sela | adikir sajroning galih | dèn êngona napasira | Lawean Seta dyan kèksi ||

60. lan Manglar Monga kadulu | ngandika Jêng Senapati | hèh sira iku punapa | de warnanta mawur putih | gêngmu sagunung anakan | sijine lir mas sinangling ||

61. warna sarpa nganggo patuk | acêcènggèr asuwiwi | jêjalu landhêp sikilnya | sajêg ngong durung umaksi | warna ingkang kaya sira | umatur ingkang sinung ling ||

62. kawula Lawean Pingul | punika sadhèrèk patik | sarpa mas ran Manglar Monga | angandika Senapati | sira iku têlik baya | sêdhêng ngayoni ring mami ||

63. anèng kene tanpa batur | lalu sukèngsun ing galih | Lawean Putih wotsêkar | kawula sumêdya ngabdi | dhumatêng jênêng paduka | tan nêdya mungsuh ing gusti ||

64. manakawan ing pukulun | ing satuduh anglampahi | sanadyan tumêkèng pêjah | kawula datan gumingsir | suka ingabên ayuda | lan mêngsah ingkang sinêkti ||

65. kawula ingkang anggêmpur | sampun wontên kang nulungi | yèn kawula [kawu...]

--- 93 ---

[...la] dèrèng pêjah | angandika Senapati | lamun têmên-têmên sira | lah prasêtyaa ing mami ||

66. saksana Lawean Pingul | upatane kèh kawijil | Senapati angandika | ngong trima Lawean Putih | tuwin sira Manglar Monga | lah tunggunên ingsun guling ||

67. lan pêtêkana sikilku | lingên Ki Juru Martani | duk lênggah nèng wismanira | kalawan pulunannèki | Ki Nitik Wăngsadipraja | lagya sami gunêm kawis ||

68. Ki Juru Martani muwus | bayi mayo maring puri | prajèki sêpi ngong wulat | bokmanawa ana têlik | nandukkên sandiupaya | tan eca rosing tyas mami ||

69. kalihira mangkat sampun | warnanên Lêmbu Andini | Kêbo Kêmale nèng jaba | sampun dangu ing antawis | Ki Juru duk mêdal lawan | Ki Nitik kagyat ningali ||

70. Kiyai Juru andangu | hèh sira iku punapi | awak mas awarni sapya | kumbanira kadi janmi | sijine awak maesa | ana sungune alungid ||

71. nyiluman mrih tan kadulu | awora lan mega putih | masthi ingsun nora samar | umatur ingkang sinung ling | gusti andangu mring kula | wastamba Lêmbu Andini ||

72. arsa ngabdi ing pukulun | manawi pêthuk ing galih | ya ta enggaling carita | wus katampèn kang pangabdi | sampuning pinrih supata | Ki Juru Martani angling ||

73. sus[11] tarima prasêtyamu | balik sijine puniki | sun tanya sapa ranira | lan sêdyanira mariki | nauri wasta kawula | pun Kêbo [Kê...]

--- 94 ---

[...bo] Kêmale gusti ||

74. sêdya kawula angulun | ing atmajanta Ki Nitik | Ki Juru malih ngandika | bangêt ing tarima mami | sira among putraningwang | saksana laju mring puri ||

75. jro pura sêpi kadulu | tanya Ki Juru Martani | mring dasih kang têngga lawang | anèng ngêndi putra mami | umatur ingkang liningan | kula tan uninga gusti ||

76. Ki Juru Martani wus wruh | puruge Jêng Senapati | sigra nusul lan pulunan | maring lipura wus prapti | wus panggih lan Senapatya | nèng ngriku sawêg aguling ||

77. nèng sela gêgilang mungguh | Ki Juru ngandika aris | Senapati ing Ngalaga | ujare yun dadi luwih | dene ngeca-eca nendra | tantara na lintang kèksi ||

78. tumiba saking ing luhur | murup lir pratănggapati | agêngira udakara | saklapa lan tabonnèki | gumawang nèng luhurira | Senapati kang aguling ||

79. Ki Juru Martani muwus | sarwi anggugah kang guling | hèh ta tangia dèn enggal | dulunên apa puniki | anèng ulon-ulonira | nendra umancur lir sasi ||

80. Senapati kagyat wungu | tumingal saryangling aris | hèh apa sira markata | pratistha ing luhur mami | satuwuk ngong durung mulat | tranggana nauri angling ||

81. wruhanta ngong iki susup | awêwarah anjatèni | unggyanta manêkung pudya | tinarima ing Hyang Widi | sira iku dadi nata | trah-tumrah tan na nêlani ||

82. praptèng jaman akiripun | amêngku

--- 95 ---

ing tanah Jawi | akêkutha ing Mataram | buyutira kang mêkasi | dadi nata ing Mataram | asuka wibawa ngênting ||

83. nuli rêngka prajanipun | kadange ingkang angêndhih | misih turunta kang dadya | luwarên tapamu mangkin | nulya mumbul kang sudama | micarèng tyas Senapati ||

84. ing samêngko sida ingsun | umadêg sri narapati | Kyai Juru angandika | hèh Senapati ywa kibir | ywa ngandêl ujaring lintang | paran unggyanira nagih ||

85. beda lawan janma iku | payo nênêdha ing Widi | anggatèkkên linging lintang | manira kang maring ardi | sira maringa samodra | atas nama ring Hyang Widi ||

86. dèn êning ciptaning kalbu | mringa ing guwa ko Nitik | dyan mangkat arêbut paran | mêng-amênganira ngiring | lampahe Ki Senapatya | kontrèng naya masmu kingkin ||

XV. Baron Sukmul amboyong putri Pajajaran Dèwi Tanuraga. Lairipun Murjangkung

15. Asmaradana

1. sigêgên ingkang lumaris | amangsuli kandhanira | Baron Sukmul sakadange | kalih wêlas têngga brana | gênti alampah dagang | brana sangkin wuwuh-wuwuh | Baron Sukmul angandika ||

2. mring kadang-kadange sami | sun arsa layar adagang | mring Jawa ajojo-jojo | ing samăngsa antuk daya | benjing malih pinaran | miwah nusul sadulurmu | ngaruhkên awit wus lawas ||

3. dhihin wêkase

--- 96 ---

mring mami | yèn lawas pinrih nusula | pasthi lamun olèh gawe | wusnya rêmbag asawega | mawa palwa sadasa | mawarna daganganipun | banawa kalangkung sarat ||

4. daut jangkar layar nuli | manêngah anèng samodra | dening dohing layarane | sing nagri Sêpanyol marang | tanah Jawa tri căndra | kamantyan pringga ing ênu | pitung dalu pitung dina ||

5. tan wrin sunaring Hyang Rawi | datan kawarna ing marga | sampun tumêka lampahe | angubêngi tanah Jawa | samodra kidul kambah | nulya lampahira wau | praptèng muwara Jakarta ||

6. baita wus kandhêg sami | linabuh jangkare sarta | ginulungan lêlayare | tiyangnya lir jatingarang | jam slomprèt tambur munya | wong jro kitha Jakartèku | sami kacaryan tumingal ||

7. Wêlandi umêntas sami | ngambil toya atêtumbas | tate larang têtukone | saujare wong sadean | tan dèn anyang tinumbas | ngalor ngidul dèn balilu | pangrasane dhewe murah ||

8. pasar gêng pinggir pasisir | wêwarunge sabên dina | Wêlănda suka manahe | sarwa murah kang tinumbas | katrêm nèng tanah Jawa | Wêlănda awuwuh-wuwuh | nakoda atur rêruba ||

9. barana kang adi-adi | miwah kang anèh ing warna | mring Pangran ing Jakartane | sring ngandikan ki nakoda | tinumbasan dagangan | sapanganyangipun katur | tustha Pangeran Jakarta ||

10. arêmên dhatêng Wêlandi | sampun kataman ing guna | sumarma dahat asihe [a...]

--- 97 ---

[...sihe] | nakoda nyuwun panggonan | kinarya pamondhokan | angaturi arta sèwu | pulo Odrus kang tinêdha ||

11. Pangran Jakarta nglilani | pamintane ki nakoda | nakoda sru sukèng tyase | ya ta sampun dinan-dinan | kinarya andrawina | akasukan siyang dalu | tontonan awarna-warna ||

12. bêbasan Untung Bêtawi | sangêt dènnya andon suka | linaluri praptèng mangke | sigêgên ingkang winarna | putri ing Pajajaran | sabêdhahe nagrinipun | katawan ingkang sajuga ||

13. ingkang miruda satunggil | ran Rêtna Sêkar Mandhapa | angungsi mring Gunung Gêdhe | sakidule ing Jakarta | nunggil Ajar Sukarsa | tumut tapa sampun gêntur | kusuma Sêkar Mandhapa ||

14. samana lagi alinggih | kalawan Ajar Sukarsa | Ki Ajar gimir manahe | kusuma Sêkar Mandhapa | sampun pinapasangan | duk ajar maninya korud | kajodheran gya cinipta ||

15. mani nulya dados kudhi | sang rêtna arsa amucang | badhe ingagêm kudhine | kinarya anyigar wohan | duk cinandhak dyan musna | nulya garbini sang ayu | praptèng antara ambabar ||

16. putranira mijil èstri | mandyendah suwarnanira | Tanuraga wêwangine | kaloka endah ing citra- | nira Kèn Tanuraga | sang rêtna nulya pinundhut | dhatêng Pangeran Jakarta ||

17. duk arsa dèn cangkramani | kang parji mêdal dahana | sang rêtna binucal age | marang ing pulo [pu...]

--- 98 ---

[...lo] sajuga | anulya kauningan | ing Sultan Cêrbon sang ayu | pinudhut arsa ginarwa ||

18. dupyarsa dèn sanggamani | tan pae lir wus kalakyan | amarakata parjine | anulya wau sang rêtna | binêkta mring Mataram | dèn aturkên mring sang prabu | nanging sri nata tan arsa ||

19. dadya winangsulkên malih | wus tan ana karyanira | sang dyah binucal mring pulo | langkung sakit manahira | sinarang mrana-mrana | anèng nuswa kawlas ayun | anggênturkên bratanira ||

20. dyan ingurupkên mring Wlandi | dènira Pangran Jakarta | kang ngurupi Sukmul Baron | naosi mriyêm têtiga | sami apelag-pelag | wastaning mariyêm wau | Gunturgêni kang sajuga ||

21. katur mring natèng Matawis | kalih Ki Pamuk ranira | wontên ing Bantên ênggone | Nyai Satomi katiga | anèng Cêrbon samana | sami dados buwahipun | narendra ing tanah Jawa ||

22. lamun bêdhah kang nêgari | mriyêm tiga tumut risak | wong ing Sundha caritane | lamun dahuru nagara | Ki Pamuk nèng Mataram | punika purwakanipun | putri Jawa anèng sabrang ||

23. Baron Sukmul wangwang mulih | sang rêtna ayu binêkta | Sukmul kamantyan sukane | rumasa antuk pawitan | angancik ing Jakarta | mangkana caritanipun | babad Sundha kina-kina ||

24. samana sampun karabi | mring Sukmul Kèn Tanuraga | wusnya lama nulya bobot | ambabar atmaja priya |

--- 99 ---

kocap sampun diwasa | abagus prawirèng pupuh | Murjangkung jêjulukira ||

25. kinarya tindhih prajurit | Murjangkung de ramanira | dados kapitan lungguhe | prakosa sudirèng yuda | nèng sabrang wus kasusra | wau Kapitan Murjangkung | anuju lênggah lan rena ||

26. Murjangkung atanya aris | ibu paran marmanira | ulun lan wong ngriki seos | ing lêlewa miwah warna | beda lawan wong kathah | kang ibu gupuh angrangkul | mêngko kulup sun carita ||

27. ingsun dudu wong ing ngriki | asal ngong sing tanah Jawa | para lêluhurku kabèh | ratu gêng ing tanah Jawa | nagrine Pajajaran | nguni katêkan ing mungsuh | wong Islam nagri binêdhah ||

28. ngong lairan ing Bêtawi | dèn ingu marang Pangeran | ing Jakarta sarirèngong | nuli binuwang mring nuswa | tan amor janma kathah | lawas kongsi têlung taun | ingsun nora mangan-mangan ||

29. miwah nora guling-guling | labête siniya-siya | bangêt larane tyas ingong | anuli dinol manira | tinuku ing ramanta | ingurupan mriyêm têlu | katur mring Pangran Jakarta ||

30. sun nuli dèn rêngkuh rabi | dening rama pakênira | ginawa mring sabrang mrene | lama-lama ingsun wawrat | aduwe anak sira | putra anauri wuwus | yèn makatên kawularsa ||

31. dagang dhatêng tanah Jawi | amalês ing sakuwasa | mring Pangeran Jakartane | nulya pamit mring kang rama | ingampah datan kêna |

--- 100 ---

paduka rama ywa tumut | kula priyăngga lumampah ||

32. wus ngrakit palwa prajurit | gangsal wêlas kathahira | gangsal isi dagangane | kang gangsal mèsi dandanan | sanjata mimis obat | mariyêm tiktak lan êbum | bêstrong miwah kalantaka ||

33. kang lima isi prajurit | arak anggur warna-warna | pirang lègêr pirang kèlèr | kang palwa lapis têmbaga | wusnya samêkta budhal | alayar ing siyang dalu | tan labuh anulya prapta ||

34. muwarèng nagri Bêtawi | linabuh jangkaring palwa | lir jatingarang tiyange | katur ing Pangran Jakarta | yèn palwa kathah prapta | pangeran utusan gupuh | nimbali nakodanira ||

35. sinidhêp nakoda lami | Baron Sukmul ingkang prapta | marma tinimbalan age | kinèn ambêkta dagangan | nakoda nulya seba | ambêkta dagangan agung | miwah ngaturi rêruba ||

36. rajabrana pèni-pèni | myang busana warna-warna | wêwadhahe anèh-anèh | katur mring Pangran Jakarta | pra garwa langkung suka | mêmilih sami kumrubut | ing sasênênge priyăngga ||

37. tan angangge dèn aosi | iku arahing Wêlănda | ngitung bathine ing têmbe | sabên dagangane prapta | kathah tur-aturira | dagangane yèn pinundhut | bayare sakarsanira ||

38. Murjangkung sangkin dèn sihi | arsa tinariman garwa | dhatêng Pangran Jakartane | kocap wus lama dènira | nèng Jakarta dyan minta | ênggèn sapinggiring laut | kinarya pondhok [po...]

--- 101 ---

[...ndhok] yèn prapta ||

39. sapanjangêt lulang siji | tinêbas arta salêksa | wus kalilan panyuwune | panggenan sampun kinarya | sapinggiring samodra | pagêrnya kagêpyok alun | bètèng lêlarèn wus dadya ||

40. kinarya dhapur kutha lit | ratri ngusungi dandanan | obat mimis lan mriyême | sabên dalu datan pêgat | tan kêna kauningan | mriyêm obat mimis timbun | sênapanira akathah ||

41. kawarnaa sampun lami | Wêlănda mor lan wong Jawa | sami arêmên basane | wus sami bisa sadaya | ical têmbunge Jawa | abasa cara Lumayu | kathah wong laki Wêlănda ||

42. ya ta Murjangkung ngaturi | arta mring Pangran Jakarta | tigang èwu reyal kèhe | dene kang dadi paminta | sakèh wuhing Jakarta | sampun wontên kang tinunu | dèn kalumpukna sadaya ||

43. Pangran Jakarta nglilani | Murjangkung pamintanira | dyan undhang mring saliring wong | uwuh kinèn ngusungana | ing sabên-sabên dina | kinarya ngurugi laut | prênah sakilèning kitha ||

44. lami-lami dadya siti | kinarya gêdhong binata | kagêbyug alun pagêre | wus dadya kinarya wadhah | obat mimis lan bêras | sarta sinungan lêlurung | kang anjog marang jro kitha ||

45. winastan ing luwar biting | langkung pelag warnanira | sarta kathah dandanane | miwah sinungan pajagan | ing luwar bètèng ika | angongkang pinggiring laut | tur cêlak saking ing kitha ||

46. mangkana sampun alami [ala...]

--- 102 ---

[...mi] | uwus karsaning Hyang Suksma | wong Jakarta nir tatane | arêmên dhatêng Wêlănda | kagimir dening donya | ya ta samana Murjangkung | wus ngrasa wani nglawan prang ||

47. karya coba-coba nuli | mriyêmira ingisenan | kinèn anyumêd sawuse | tibèng lun-alun mimisnya | kagèt kang sami seba | pangeran duka kalangkung | Kapitan Mur dipun dhêndha ||

48. sèwu reyal angêsoki | wus lami antaranira | jinajal malih mriyême | sinumêd mimise tiba | ana ing Sokadana | dukanya pangran kalangkung | pinriksa kathah turira ||

49. dhinêndha tikêl ngêsoki | Murjangkung sangkin gambira | ngungêlkên malih mriyême | mimisnya tibèng jro pura | pangran dahat bramatya | jajabang lir wêdhak marus | mawinga pasuryan rêkta ||

50. asru ngandika mring patih | kaya priye Si Wêlănda | wus tita têmên alane | tundhungên lan jarahana | tumpêsên lamun băngga | ki patih sandika mundur | amêpak para manggala ||

51. Murjangkung dèn garudugi | wus panggih patih lingira | Murjangkung apa karane | pisan pindho ingapura | kongsi gênêp ping tiga | mimismu tibèng kadhatun | baturmu pa kosangaja ||

52. Murjangkung nauri aris | batur kula tiyang wiwal | wus kula tundhung ing mangke | ki patih asru wacana | bisa cêlathu sira | ing mêngko sira tinundhung | aywa dagang nèng Jakarta ||

53. yèn tan lunga ngong uwisi | mara arêp apa sira | sabudimu tan jrih

--- 103 ---

ingong | Murjangkung alon wacana | kula minta aksama | lamun kawula tinundhung | dados tan wêlas mring kula ||

54. barang kula sampun tapis | katur ing pangran sadaya | ewon lêksan pangaose | kula punika wong dagang | barang kabèh wus têlas | dados sangêt tuna ulun | sanès panêbasing lêmah ||

55. arta lan dagangan patik | upami kula etanga | kang katur ing pangran kabèh | sayêkti ewon alêksan | lyan panêbasing lêmah | suwawi andika etung | gunggunge kang sampun ical ||

56. yèn tan winangsulna yêkti | kula datan arsa kesah | lêhêng pêjah anèng kene | mung aminta pangaksama | kewala rèhning lêpat | punika arta tri èwu | dhêndhan andika unjukna ||

57. yèn pangran tan arsa tampi | miwah datan angapura | ing rencang kula lêpate | ing saduka-dukanira | kula tan arsa kesah | sagêndhinge kula purun | aprang lan Pangran Jakarta ||

58. nanging tan makatên ugi | mung kula minta aksama | ki patih aris saure | iya sun matur manawa | aturira kalilan | balik yèn ora sun wangsul | amisesa lunganira ||

59. Murjangkung sumaur inggih | wus mundur mantri wasesa | Murjangkung katrimah ture | wus pinundhut dhêndhanira | gunggung tri èwu reyal | sampun karsane Hyang Agung | samana Pangran Jakarta ||

60. angalih mring Gunung Sari | kuthane lami tinilar | anêbihi mariyême | lan ombèr [o...]

--- 104 ---

[...mbèr] datan salêpak | sing ênggèning Wêlănda | pangran ing panggalih korup | Kapitan Murjangkung suka ||

61. jêmbar pasaban Walandi | Kumpêni mudhun sadaya | sami akarya kithane | winastanan kitha Tinja | kitha lami sinungan | nama kitha Intênipun | karya pajagan wus dadya ||

62. winuwus ing Gunung Sari | sumarma kinarya kitha | dene akathah orine | apipit ngubêngi kutha | kalangkung pringganira | ngiras dados bitingipun | Kapitan Mur kawarnaa ||

63. wus sadhiya ing ajurit | mariyêm munggwing palatar | amunggul baluwartine | andina ngusung dandanan | saking banawanira | obat mimis kadi gunung | tan nêdya mundur ing yuda ||

XVI. Kumpêni mêngsah tiyang Jakarta

16. Durma

1. Kapitan Mur tinundhung tan purun kesah | têmah amagut jurit | wong Jakarta tadhah | kinrutug ing sanjata | tiktak gurnada nusuli | wadyèng Jakarta | tan kobêr dening mimis ||

2. wênèh mimis bolang-baling kang tumundha | anggubêd tan nêdhasi | santanèng Jakarta | kathah têguh sudira | tan dèn usap kênèng mimis | anrêg kewala | kathah prajurit mati ||

3. wong Wêlănda inggih kathah kang palastra | nging tan nêdya ngunduri | wong Jakarta sayah | karoban ing ayuda | lir udan tibaning mimis | samaja-maja | sakamlaka lir grimis ||

4. kadya gêrah swaraning mriyêm sanjata | prajurit ing Bêtawi | maju datan [da...]

--- 105 ---

[...tan] bisa | sing kèhing mimis tiba | gurnat gurnada nibani | wadyèng Jakarta | manahe sami wingwrin ||

5. saking drêsing mimis tibèng keri kanan | mundur wadyèng Bêtawi | muwêr kaptinira | aprang saking bitingan | Kumpêni suka kapati | prang sing kadohan | ya ta ingkang winarni ||

6. wontên prênah arine Pangran Jakarta | Pangran Purbaya nami | sêkti măndraguna | bangkit napak gêgana | punika ingkang nguwati | ngrangsang bètèngnya | Kumpêni anadhahi ||

7. dira malih sakathahe wong Jakarta | sarêng sami ningali | mring Pangran Purbaya | wong Kumpêni atadhah | ambêdhili wanti-wanti | mimis lir warsa | amor lan gutuk api ||

8. datan ajrih wadyabala ing Jakarta | sumêdya awor gêtih | lawan wong Wêlănda | nurut kukus sêndawa | Kumpêni kathah kang mati | myang wong Jakarta | kèh kênèng gutuk api ||

9. karepotan yudane wadyèng Jakarta | katêmpuh drêsing mimis | Pangeran Purbaya | tumingal sing gêgana | yèn wadyanira kèh mati | lalu bramatya | niyup saking wiyati ||

10. kadya kagapati manambêr taksaka | sing kasampar ngêmasi | sinampe ing asta | dhinupak kèh palastra | Wêlănda giris ningali | bubrah têtanya | nging kasaput ing ratri ||

11. enjingira Kumpêni mêdal malatar | owah tataning baris | sami lêlumbungan | ana madhêp mangetan | madhêp ngidul sakumpêni | mangilèn miwah | mangalèr sakumpêni ||

12. sabrêgada nèng têngah [tê...]

--- 106 ---

[...ngah] sami tumênga | akanthi mriyêmnèki | mriyêm bum lan tiktak | angangge mimis garnat | myang kang ngalèr ngidul sami | sampun pinatah | Amral kang anindhihi ||

13. ingkang ngalèr tindhihira Amral Tomas | yèku ingkang wêwangi | têtindhih kang wetan | awasta Amral Hilman | kang anèng kidul nindhihi | Amral Hardiyan | lan Phalêk kang nisihi ||

14. Kapitan Mur nèng têngah jangji bubuhan | tan tulung-tinulungi | singa tinarajang | wong Jakarta malatar | mangkara byuha nêpungi | wadya Wêlănda | kubêng tataning baris ||

15. sarêng mangsah wong Wêlănda anyênjata | mariyêm angêgongi | tiktak bum lan garnat | swara lir ardi bêntar | wadya kang madhêp manginggil | sami anjaga | Pangeran Purbayèki ||

16. samya sêkti sabalanira pangeran | nging tan purun nyêlaki | jrih ing mimis kathah | ana muluk angampar | anibani tan nêdhasi | nanging alara | dadya prasami giris ||

17. sira Pangran Purbaya anèng ngawiyat | datan bisa nyêlaki | mariyêm tan kêndhat | ngawur panyumêdira | yèn ana mêndhung binêdhil | Pangran Purbaya | kewran dènira jurit ||

18. wong Jakarta amuwêr dènira yuda | wontên ing Gunung Sari | ngêndêlkên bitingnya | ori ngubêngi kitha | dados sukaning Kumpêni | prang pabetengan | tan agop ambêdhili ||

19. datan ana wêkasane ing ayuda | ing sabên dina jurit | saking bètèngira | tarung mriyêm kedhala | sapih-sapih lamun wêngi |

--- 107 ---

yèn enjing aprang | samya anèng jro biting ||

20. wong Jakarta tan purun mêdal sing kitha | yèn mêtu dèn bêdhili | mring wadya Wêlănda | dadya muwêr kewala | anèng kitha Gunung Sari | miwah Wêlănda | ya tan purun mêdali ||

21. kang jinrihan mung Pangeran Purubaya | marma angati-ati | nèng jro kitha Tinja | myang kitha Intênira | sami pajêg nèng jro biting | nêngna kang yuda | Kapitan Mur kawuri ||

XVII. Pangeran Jakarta ngungsi dhatêng rêdi

17. Pangkur

1. Baron Sukmul winurcita | ingkang maksih nèng Sêpanyol nagari | wus myarsa pawartanipun | kalamun ingkang putra | nèng Jakarta ing mangke mangun prang pupuh | kasoran ing yudanira | Sukmul gorawèng tyas watir ||

2. sawega arsa nusula | wus samêkta gêgamaning ajurit | ambêkta palwa têtêlu | nulya ambabar layar | palwa mancal wus lêpas ing lampahipun | kasrêg ing maruta drêsa | lampahing palwa lir thathit ||

3. tan kocap anèng samodra | siyang dalu palwanira lumaris | kawan căndra anèng laut | wus kèksi nuswa Jawa | nèng pasisir Bêtawi dènira labuh | jangkar palwa katrinira | layare ginulung sami ||

4. Baron Sukmul wus tumêdhak | saking palwa munggwing rumbaya alit | mêntas mring dharatan sampun | laju manjing jro kitha | Intên kinurmatan ing

--- 108 ---

mriyêm gumludhug | Murjangkung gupuh amapag | dyan sami lênggah ing kursi ||

5. ingkang anèng kitha Tinja | maksih rame mriyêman gênti muni | lir swaraning arga rugrug | bètèng ori Jakarta | rêbah kaprawasèng bolang-baling êbum | sangkin wimbuh pringganira | tan kêna kambah ing janmi ||

6. Baron Sukmul duk tumingal | rakiting prang mèsêm amuwus aris | lamun mangkono nak ingsun | unggyanira ayuda | sun watara nora bêdhah têlung taun | mêngko sun tuturi sira | măngsa êntèka sakêthi ||

7. kinarya isarating prang | sakèh mriyêm aywa na dèn isèni | mimis ing salugunipun | mimisana rupiyah | reyal kêton ukon myang talèn sadarum | ing saana-ananira | lah iku pitutur mami ||

8. Murjangkung kalangkung suka | kêstabêle sadaya dèn undhangi | wus ngisenan mriyêmipun | dèn mimisi ardana | dyan sinumêd swarane lir parbata rug | ori rêbah ting palêsat | padhang kadya dèn babadi ||

9. ing sabên dina mangkana | datan agop mimis rupiyah anggris | wong Jakarta samyandulu | ardana ambalasah | nèng dhapuran pring ori panggenanipun | kumrubut sami rêbutan | datan kêna dèn sapihi ||

10. ori samya dhinongkelan | dadya padhang kutha ing Gunung Sari | pangeran kalangkung bêndu | marang ing wadyanira | nging tan kêna pinênging mêksa kumrubut | wadya ingkang luru arta | Kumpêni suka ningali ||

--- 109 ---

11. mriyêm nulya datan kêndhat | dèn mimisi waja kalawan wêsi | wong Jakarta kathah lampus | wangke pating balasah | kang katiban ing gutuk api garnat bum | tan ana măngga puliha | anglela ing Gunung Sari ||

12. sangkin drês mimis lir udan | anibani jro kutha Gunung Sari | gègèr sami ting bililung | tambuh kang dèn ungsia | samya giris mimis tiba ting talêbuk | kewran Pangeran Jakarta | tyasira sru brăngta kingkin ||

XVIII. Pangeran Jakarta nglêmpakakên tiyang Prayangan kaajak ngrêbat nagari Jakarta

18. Asmaradana

1. sampun karsaning Hyang Widi | Pangeran Jakarta linggar | saputra wadyane kabèh | kêkutha wontên ing arga | sakiduling Jakarta | ing Gunung Sari karêbut | kaunggyanan ing Wêlănda ||

2. nging Pangran Purbaya asring | kalangan nèng dirgantara | Kumpêni gêng prayitnane | sabên mêndhung sinanjata | kinira Purubaya | tan lirip panjaganipun | tan kêna gagak kumlebat ||

3. amasthi lamun binêdhil | yèn mencok sajroning kitha | pêksi gagak lan liyane | yêkti lajêng sinanjata | tan kêna pêksi munya | Kumpêni prayitnanipun | tan kêna lali sadina ||

4. Pangran Jakarta winarni | kang ngalih kutha ing arga | tansah mangun sungkawane | sasantana wadyanira | kamantyan ing wiyoga | anutuh sariranipun | tansah [ta...]

--- 110 ---

[...nsah] mênggah ngusap jaja ||

5. mangkana osiking galih | sira Pangeran Jakarta | sun sidhêp nora mangkene | kadadeane Wêlănda | anèng nagri Jakarta | ingsun iki dèn balilu | wêruha lamun mangkana ||

6. măngsa sun wèhana bumi | ingkang jinaluk maringwang | ingsun ingkang salah gawe | wèh panggonan mring wong sabrang | ing mêngko kalampahan | ingsun wisma anèng gunung | nir ajine awak ingwang ||

7. lamun katura ing benjing | mring Jêng Sultan ing Mataram | saèstu ingsun pinatèn | tan patut pinitayanan | arumêksa tampingan | salami pangran nèng gunung | wadyanira sami bubar ||

8. umantuk dhatêng Bêtawi | kantun santana kewala | barise dyan ngadêg malèh | akanthi wong ing Prayangan | sami têguh digdaya | ingajak ngrêbat kadhatun | nanging mêksa tan kawawa ||

9. sangkin dènira prihatin | ketang lêpating sarira | karantan-rantan driyane | èngêt dhumatêng sang rêtna | sutèng Ajar Sukarsa | kang dèn urupkên karuhun | antuk mariyêm têtiga ||

10. ngraos kasilip ing pikir | marma Pangeran Jakarta | sakalangkung pangungune | tan arsa dhahar myang nendra | dadi apa wak ingwang | yèn katura mring Matarum | baya ta wus karsaning Hyang ||

Katêrangan: Sêrat Baron Sakèndhèr punika têtêdhakan saking buku cap-capan ingkang sumimpên wontên ing Koninklijk Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca:

I. Baron Kawitparu, bapakipun Baron Sakèndhèr ... 3

II. Baron Sakèndhèr konangan ingkang ibu ... 8

III. Baron Sakèndhèr kapêndhêt anak dhatêng Bagawan Mintuna ... 14

IV. Baron Sakèndhèr kesah dhatêng Sêpanyol ... 19

V. Baron Sakèndhèr kêpanggih kalihan putri Sêpanyol ... 25

VI. Baron Sakèndhèr dados pangeran adipati anom ing Sêpanyol ... 30

VII. Baron Sakèndhèr kautus pados wit pisang mas ... 33

VIII. Baron Sakèndhèr kautus pados galathik êmas ... 38

IX. Baron Sakèndhèr katundhung saking Sêpanyol ... 49

X. Baron Sakèndhèr katiwasan wontên ing Nusa Têmbini ... 56

--- [0] ---

... Kaca:

XI. Baron Sukmul nusul Baron Sakèndhèr ... 60

XII. Baron Sakèndhèr wangsul dhatêng Sêpanyol kadadosakên ratu ... 68

XIII. Kraton Sêpanyol dados rêbatan ... 76

XIV. Baron Sakèndhèr angajawi, malih warni suwita Panêmbahan Senapati ... 85

XV. Baron Sukmul amboyong putri Pajajaran Dedawi[12] Tanuraga. Lairipun Murjangkung ... 95

XVI. Kumpêni mêngsah tiyang Jakarta ... 104

XVII. Pangeran Jakarta ngungsi dhatêng rêdi ... 107

XVIII. Pangeran Jakarta nglêmpakakên tiyang Prayangan kaajak ngrêbat nagari Jakarta ... 109

Panyêratipun dipun lugokakên babon.

 


nguningani. (kembali)
Lebih satu suku kata: kadi nendra kewala kaèksi. (kembali)
margiyuh. (kembali)
praptèng. (kembali)
muktya. (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: tanaya dèn palajêngi. (kembali)
Biasanya guru lagu u: puniku. (kembali)
corah. (kembali)
mring. (kembali)
10 sumêdya. (kembali)
11 sun. (kembali)
12 Dèwi. (kembali)