Panji Wulung, Mangkunagara, 1931, #1113 (Pupuh 01–12)

Judul
Sambungan
1. Panji Wulung, Mangkunagara, 1931, #1113 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Panji Wulung, Mangkunagara, 1931, #1113 (Pupuh 13–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 17-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Punika Cariyosipun Panji Wulung

Saking têmbung Sundha katêdhak ing têmbung Jawi

Dening Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara

Kasêkarakên saha kawêwahan bausastra

Cap-capan ingkang kaping 5

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Kangjêng Guprêmèn ing Nagari Bêtawi taun 1931

--- [...] ---

PANDJI WOELOENG

UIT HET SOENDAASCH IN HET JAVAANSCH BEWERKT DOOR

PANGERAN ADIPATI ARJA MANGKOENAGARA

MET VERKLARING DER DAARIN VOORKOMENDE KAWIWOORDEN VIJFDE DRUK. LANDSDRUKKERIJ - 1931 - BATAVIACENTRUM.

--- 5 ---

Punika Cariyosipun Panji Wulung

1. Dhandhanggula

1. mrih sarkara kang makirtya nguni | Radèn Khaji ran Mukhamad Musa | ing Limbangan pangulune | ngarang Srat Panji Wulung | basa Sundha jinarwan Jawi | mring Dyan Suryadijaya | Bantên Kadhuilut | ing mangke pirêmbagira | kang para lid lukitanipun kinardi | kacara Surakarta ||

2. kang kinarya bêbukaning rawi | narendra gung nagri Sokadana | binathara karatone | angrèh samining ratu | kawan dasa tur sura sakti | tanpa linawan ing prang | dènira anungkul | lir winangsit ing jawata | sungkêmira mring Sokadana nrêpati | Prabu Dewakiswara ||

3. patih aran Lêmbu Jayèngpati | apan maksih sêntana priyăngga | rayi misanan [mi...]

--- 6 ---

[...sanan] Prênahe | nanging sru sungkêmipun | dadya nata dahat dènnya sih | mring sira sang apatya | condhong karsanipun | dènira mêngku mong praja | cinarita Sri Sokadana Nrêpati | kagungan pêpingitan ||

4. tawan saking Blambangan nagari | warnanira pinunjul sapraja | gandês luwês sasolahe | sênêning cahya sêmu | apêparab Kèn Tunjungsari | sarira lir kancana | sumunar ngênguwung | sang nata langkung sihira | lami-lami Nikèn têmah anggarbini | dadya narpadayita ||

5. wancakdriya mring bok Tunjungsari | dene wawrat sampun wolung căndra | yakti kalamun badhene | ngasorkên sliranipun | marma anggung duhkitèng galih | kawêkèn dènirarsa | mrih upaya sadu | dumadi darbèni dwistha | tarlèn amung mamrih guna tuwin dhêsthi | myang puji pujamantra ||

--- 7 ---

6. minta sraya pra ajar ing wukir | myang jru tênung wasi dwijawara | nata kang pinrih têbihe | mring Nikèn Tunjungsantun | myang rêntahe dènnya garbini | anging sihirèng nata | tan gingsir sarambut | nir kadayaning pra guna | dadya dahat sang sori dènnya prihatin | cabar amrih sarana ||

7. kèh pra ajar-ajar kang nyagahi | sami darbe atur sowang-sowang | warna-warna bon-abone | kèhnya wus tanpa catur | aji puji puja sêmadi | sasari-sari sarat | tumpa-tumpuk sungsun | saanane tanpa karya | sarat beratsari murud morat-marit | mêmurud kerut mlarat ||

8. marma agung dènira prihatin | puja tawa tiwas tanpa karya | malah numpês donyartane | dhinudhak para dhukun | pinlajarkên mring ajar ijir | ujare [u...]

--- 8 ---

[...jare] mawèh lêjar | tan wrin malah kojur | wêkasan ninggal lumajar | kawursita narpèstri osik ing galih | arsa mrih doracara ||

9. awêwadul mring raka sang aji | aturipun pukulun kawula | ngunjuki pariksa dene | mangke pun Tunjungsantun | purun olah alambangsari | kalawan mantri tuwan | pun Panolih èstu | saking aturing akathah | anggènipun sae pan sampun sawarsi | amba têmbe miyarsa ||

10. amung para parêkan myang sêlir | ingkang sampun lami dènnya mirsa | nging matur sangêt ajrihe | dhatêng paduka prabu | bokmanawi amanggih runtik | ing sabên pêpanggihan | kathah sami dulu | malah ingêdhèng kewala | langkung saking anggènipun mêjanani | dhumatêng padukendra ||

11. para maru sampun asring-asring |

--- 9 ---

sung pêpèngêt supados mantuna | tuwin pinrih ing trêtibe | nging botên pinaèlu | malah dadra sasolah kèksi | măngka ta tyas kawula | mring pun Tunjungsantun | botên maru kêmarogan | amba anggêp sadhèrèk sayayah bibi | rèhning atunggil karya ||

12. kaping kalih kawula sang aji | sampun tita gabug tan pêputra | ing tyas amung pangèsthine | narimah têmbenipun | suwita mring ki badhe siwi | ngong têtêdhèng Hyang Suksma | amêdala kakung | kang pêkik suwarnanira | angrênggani karaton paduka aji | mijèni Sokadana ||

13. dèrèng pirsa yèn dipun rêsahi | mantri kompra murang parikrama | sawênang-wênang polahe | manrang sêngkêran ratu | kados dede tindaking mantri | kang mêkatên punika | punapa pukulun | botên karya walangdriya |

--- 10 ---

têmbenipun inggih kaki jabang bayi | yèn èstu dinaraha ||

14. yèn paduka pukulun anggalih | dora dhatêng ing atur kawula | mugi dangua sagunge | pra maru-marunipun | pan sadaya sampun mangèksi | utamanipun pisan | sinêksèna wiku | wit wiku wikan petangan | ngriki wontên paguron kasub ing warti | sakti tur măndraguna ||

15. pirsa sagung nalar kang piningit | wagêd batang saosiking janma | myang wrin ing rèh sadèrènge | mangkana sang aprabu | myarsa atur atêmah wingit | alăngka lamun dora | narpèstri turipun | anging sandeyaning driya | badhe karsa dangu pra maru rumiyin | tandya sri maèswara ||

16. animbali sagung para sêlir | dinangonan ing satunggal-tunggal | pra maru rêmpêk ature | kadya duk aturipun [a...]

--- 11 ---

[...turipun] | sori nata datan nalisip | kadi wus sabipraya | ubayaning unjuk | ngêngawon mring Tunjungsêkar | nata sigra parentah kinèn angirit | ajar kang wus kasusra ||

17. ajar sampun winangsit ing wadi | dening kangjêng sang narpadayita | wus praptèng ngabyantarane | sri nata ngandika rum | hèh ki ajar manira iki | yun tanya marang sira | ing sabênêripun | wawasên ingkang waspada | sagung para kalangênan ingsun sêlir | sapa kang cidrèng karsa ||

18. turnya ajar sang nata suwawi | amundhuta sarananing puja | supadya enggal antuke | sasmitaning Hyang Agung | sabên amba amatêk puji | tan supe yakti srana | tyasing sima tutul | tuwin mênyan ingkang seta | myang manahing ayam pêthak wulu walik | saha kang sisik nyêlap ||

--- 12 ---

19. lamun sarat-sarat sampun mranti | nuntên kèksi saesthaning karsa | awon tuwin ingkang sae | narendra sigra ngutus | ing pra wadya kang sami kêmit | ngupaya lir kang dadya | ature ki nujum | tan dangu samaptèng ngarsa | sagung ingkang sêsaji-saji sumaji | banjêng nèng pêpajangan ||

20. kyai ajar ngrênggêp mênyan putih | gya binasmi ing dupa kumantar | mangalad-alad urube | nulya tyasing mong tutul | myang manahe kang ayam walik | linawêd paripurna | tinunu kumêlun | enggal nyandhak wastra seta | kinarukub sakêdhap wus antuk wangsit | wasitaning jawata ||

21. sru umatur mring sri narapati | mangke sampun kèksi wela-wela | para klangênan lampahe | samya pênêd sawêgung | amung wontên satunggal sêlir | kang nami Tunjungsêkar | katingalan mungkur [mung...]

--- 13 ---

[...kur] | mungkar saking rèh kêkêran | lambangsari lan mantri nami Panolih | salah ta sampun wawrat ||

22. mangke sampun antuk sangang sasi | kadi badhe dungkap pambabarnya | sri nata miyarsa ture | dahat dènira bêndu | madêg sura sarosa runtik | mangonêng ngunandika | tan kaya ragèngsun | cacad têmên mangku praja | dene maksih ana wani mêjanani | nyênyamah jroning pura ||

23. kyana patih sigra dèn timbali | praptèng ngarsa sri nata ngandika | mara dikapara kene | wus pêrak ngarsa prabu | sri narendra ngandika ririh | Si Tunjungsari ika | lunasên dèn gupuh | sadina mêngko kewala | poma ayya anuduh punggawa mantri | lakonana priyăngga ||

24. mung kupinge turna marang mami | kyana patih umatur ngrêrêpa | paran dados [dado...]

--- 14 ---

[...s] darunane | duka dalêm dhumawuh | ngantos praptèng patrapan pati | prayogi sinarèhna | rinêmbag rumuhun | lawan pra nayakèng praja | kang supados botên piduwung ing wuri | dhawahing pidanendra ||

25. paran katrap pêjah myang mung sakit | lamun sampun linimbang ing kathah | wontên ugi prayogine | tuwin pamyarsa ulun | ing samangke sawêg garbini | paran ta yèn kantosa | katrap kukum lampus | saklangkung owêl kawula | dene maksih manawung cêcalon siwi | sanadyan tibèng dosa ||

26. sinarèhna sawêtarèng ari | benjing sampun sêmayaning măngsa | narendraputra babare | punapa èwêdipun | tiyang ngukum dasih pribadi | samăngsa-mangsanira | rintên tuwin dalu | ing sakarsa-karsèng nata | sintên [sintê...]

--- 15 ---

[...n] ingkang badhe purun nanggulangi | nging amung dèn sarănta ||

27. sri narendra angandika aris | nora mamak tibaning pidana | wus ngong pikir sabênêre | purwane kênèng ukum | dene olah lêlambangsari | lan Si Panolih ika | kasêksèn satuhu | dening para marunira | myang ki ajar iki wus sajarwèng wangsit | lêlakon kang mangkana ||

28. kyana patih karaos ing galih | antuk duka dènira mrayoga | dumadya nut sakarsane | janma kalih gya sinung | kajinêman binakta mijil | karuna kawlasarsa | Nikèn Tunjungsantun | karănta-rănta ing driya | dènirantuk siasat siksaning dhiri | tan măntra mrih asmara ||

2. Asmaradana

1. sakalangkung kawlasasih | sira nibok Tunjungsêkar | tan nyana lamun têmahe | tibèng pati tanpa [ta...]

--- 16 ---

[...npa] dosa | mung kênèng samudana | ujaring ajar kapaung | mêlok melik muluk brana ||

2. myang sira Mantri Panolih | langkung èmêng ing wardaya | saking tan rumasa tyase | sami praptèng kapatihan | binaktèng kapungkuran | ki patih sêkêl kalangkung | dènira ngêmban timbalan ||

3. dèn nalar maksi nalisir | sarana tindak sikara | têka tumama têmahe | upama kongsia katrap | cacad lakuning praja | jêr ujaring ajar amung | mardi mardawèng rêruba ||

4. rubane jêng pramèswari | paran wêkasane baya | pungkase prakara kiye | upama kadawa-dawa | karsane sri narendra | tan arus de tanpa urus | panglaras raosing karsa ||

5. paran ta pratikêl iki | wurunge [wurung...]

--- 17 ---

[...e] tibèng niaya | apa baya pangrekane | mangkana sang mantri wrêda | widada antuk sipta | satataning tyas pinutus | têtêse birat duhkita ||

6. tandya nibok Tunjungsari | siningitakên padesan | têbih tur trêtib papane | Panolih tinuduh mentar | sinungan sangu dinar | pinrih milih lyan praja gung | ing sasênênging wardaya ||

7. sukèng tyasira Panolih | wande katrap ing pidana | mandar sinung pasangone | amung sang mantri wisesa | ing tyas maksih sungkawa | dene dèrèng antuk lintu | karna kang katur sri nata ||

8. parimarmaning Hyang Widi | antuk wangke pakunjaran | sigra pinêrung kupinge | ingaturkên mring sang nata | iswara sukèng driya | dene ta punika sampun | kalêksanan sakarsendra ||

--- 18 ---

9. sumawana pramèswari | sukèng tyas marwata suta | rumasa sirna satrune | tan wrin saking wignyanira | anindyamantri tama | tuman kataman ing kayun | kayumananing prasêdya ||

10. arêmit dènira mingit | mring sang lalu amêmêla | ingêla-êla driyane | pinrih nir duhkitanira | winantu sandhang boga | winong ing sakarsa sinung | sinarah ing kalangênan ||

11. mangkana ing lami-lami | praptèng sêmayaning măngsa | sang jabang bayi babare | sinêmbadan pujinira | kya patih mring Hyang Suksma | mijil priya langkung bagus | sumunar cahya mradipta ||

12. kya patih sinung pawarti | babare narendraputra | sukèng tyas têdhak ge-age | marang kêbon pasingitan | lan garwa lêlancaran | enggal lampahira rawuh | ing pakuwon wêwangunan ||

--- 19 ---

13. sang jabang anggung dèn liling | tuhu tan siwah kang warna | lan rama nata èstune | sênêning sêmu mrabawa | ngênguwung nawung imba | binêktèng natar sinambut | kinudang kinuswa-kuswa ||

14. lan kang garwa gênti-gênti | sasat mring putra priyăngga | rêkyana patih trêsnane | sumawana ingkang garwa | tan pae lan kang raka | jabang sinungan jêjuluk | Dyan Panji Wulung sêmbada ||

15. diwasa saya ngêplêki | ing citra sang maèswara | dalasan salêlewane | praptèng yuswa pitung warsa | limpad pasanging cipta | lungit pamalading kalbu | budyamot mring martotama ||

16. saya lumuntur ingkang sih | nindyamantri mring dyan putra | rinêngkuh anglir sutane | sinung rèh ing pawitarja | jêjêring tatakrama | myang panambanging pra têmbung | panambung liding lukita ||

17. linêguta sari-ari | sambang sambunging [sambung...]

--- 20 ---

[...ing] sabawa | kang bawani saambane | laksita arjaning jana | jinrênih saking sastra | kawi krawitan myang kidung | rumurah muranging gita ||

18. ginupita sampun wasis | saisthaning rèh sudarma | saking lantip dhêdhasare | karêm olah yogabrata | binantu winasita | satataning tyas mêmangun | susila nala malaya ||

19. anuju sajuga ari | radèn sumewa ing ngarsa | kyana patih andikane | adhuh kulup putraningwang | sirèku wis diwasa | sêdhêng olaha praja gung | ayyanggung lêlangênira ||

20. arahên suda samangkin | kasukan nênungkul karsa | nora nana paedahe | beda budi martotama | tumane wèh utama | yèn kataman têmên sinung | nugraha sapangkatira ||

21. bratane wong olah arti | sarat sarèh saniskara | linêmparan [linêmpar...]

--- 21 ---

[...an] mrih lêmpêre | awasna lèjêming sêdya | sêmune katon uga | bênêr tuwin ingkang luput | tindak-tanduk nora beda ||

22. yèn pandak dènira ngudi | budi pandumaning sêdya | dumadya nir mêmalane | malaya maluyèng angga | anggon-anggon sanyata | nyatane para kinasub | sêpên angkaraning driya ||

23. prêlambanging olah pikir | padha lan olah karosan | saka sathithik purwane | pangangkate ya pinangkat | kinawit sakuwatnya | ing sabên ari pan sinung | wuwuh sangkaning samatra ||

24. rahadèn aturiraris | langkung kasêdya ing driya | timbalan ta sakalire | nging mangke èsthining driya | kapengin puruhita | mring pra ajar-ajar gunung | karosan myang kanuragan ||

25. kya patih ngandika aris | kaki [ka...]

--- 22 ---

[...ki] măngsa mêngko iya | kèh ajar tan jujur tyase | nèng arga mung samudana | tan tulus tapanira | atule nêtêli katul | tulène mamrih barana ||

26. yèn pangrasaningsun kaki | kabèh wulang ngong mring sira | kaya tan ana sisipe | yèn kumudu paksa rosa | pinunjul ing sasama | tlatènana sabên esuk | junjung sakuwasanira ||

27. kang timah kalawan wêsi | sakuwating astanira | ing wayah bangun awite | watara nganti jam sapta | sayêkti lama-lama | kadayanira pinunjul | mangkono pratikêlira ||

28. radèn tan lêngganèng galih | lumawat agnyaning rama | tinuhon sabên wancine | mega bang bangun raina | undhi tosan kang măngka | sarat sarananing bayu | mrih wimbuh kadayanira ||

--- 23 ---

29. dene wawrate kang wêsi | sinami lan wrating timah | sabên enjing panjunjunge | tan kêna towang sadina | dènira undhi waja | tosan tuwin timahipun | sabên ari ingimbuhan ||

30. sinangkan saking sakêdhik | winawrat sakuwatira | kinirèng asta takêre | antara ing lama-lama | asta saya santosa | awit yuswa limang taun | mung limang kati kuwatnya ||

31. tosan myang timah sinami | sami nglimang kati sowang | mangkana ing salamine | ing mangke praptèng diwasa | saya lantih kang asta | tinlatèn asta wus atul | têtela punjul sasama ||

32. sukèng tyas rêkyana patih | ngandika dhuh sutaningwang | ing samêngko wus sêdhênge | lêlangêna alêlana | kaki mring liyan praja | supadya wruh caranipun | sawiji wijanging praja ||

--- 24 ---

33. nanging wêkas ingsun kaki | jroning sira lumaksana | kang kapara andhap-asor | aywa amaoni cara | malah ta ngêmorana | sacara rakiting lagu | sayêktine beda-beda ||

34. wong nganggo cara pribadi | kalêbu bêndana ala | nyênyuda mitra asihe | kêna uga ingaranan | bodho bundhu daluya | pêngung bingung kadalurung | gumunggung punggunge dadra ||

35. lawan ta dipun pakeling | pakarti pitung prakara | poma aywa sira anggo | pan iku satruning badan | yèn pêdhak kadrawasan | madati maling manginum | andon madon ngabotohan ||

36. mêmati-mati matèni | kang tan ana dosanira | nora ana paedahe | kukume luwih saarga | poma dèn eling sira | pakarti durta pêpitu | yèn cêgah yêkti raharja ||

--- 25 ---

37. umatur rahadèn mantri | wulang paduka sadaya | dadosa jimat ing têmbe | amung yèn sambadèng karsa | amba mit sapunika | lumawat lêlana nglangut | sampun kasêdya ing driya ||

38. kya patih suka ing galih | ngandika dhuh sutaningwang | tanggap mring bapa pakone | anging ingsun arsa wikan | têtêse kasantosan | paran wus sambadèng tuduh | ing samêngko jênêngira ||

39. ingsun wus lawas ngrumati | gada gêng lawan gandhewa | pêpundhèn nagara kene | êmbuh nguni kang ayasa | narendra kunanira | kang wasiyat loro iku | tan ana kuwawa ngêmbat ||

40. jajale ingsun arsa wrin | kaki mring kadayanira | iya sesuk-esuk bae | kyai laras ayonana | pênthangên astanira | lan gada rênggêpên kulup | rahadèn datan lênggana ||

--- 26 ---

41. kunêng dalu antarenjing | rahadèn ngrasuk busana | tuhu pinunjul warnane | sinêmbuh srining kawaca | sêsotya nawa rêtna | kadi Hyang Asmara nurun | prabawa trahing sri nata ||

3. Sinom

1. marêk ngarsane kang rama | sira Radèn Panji sigit | rêspati sasolahira | jatmika susilèng budi | limpad graita lantip | sêdhêng yuswanta sang bagus | lagya patbêlas warsa | upama puspita lagi | mèdêm endah ing warna mandarèng slaga ||

2. kang rama alon ngandika | dhuh putrèngsun kaki Panji | iki wujuding wasiyat | gada bobot sèwu kati | dèn enggal putra mami | junjungên nganti kajunjung | rahadèn tanggap prana | kang bindi sigra tininggil | kinaryonclang ing asta kiwa kewala ||

3. kya patih ascaryèng driya | miyat jayane kang siwi | pra janma mêmuji jaya [ja...]

--- 27 ---

[...ya] | jayane sang jayèng jurit | kang langkap gya cinangking | asta ingkang kiwa mungguh | pinênthang kang gandhewa | gumrèt swaranira atri | miris maras sagunging wadya tumingal ||

4. kinuwatan panariknya | tikêl kang gandhewa sêbit | sangsaya eraming driya | sagung kang samya ningali | măngka ta nguni-uni | akèh prawira nung-anung | tan ana kuwat ngangkat | kang wasiyat loro iki | amung radèn putra atêka kuwawa ||

5. kya patih alon ngandika | wus lêga rasaning ati | dene katon kadayanta | yakti pinunjul sabumi | ananging wêkas mami | marang jênêngira kulup | tyas aywa katabêtan | kasuran sarênging[1] kapti | budyangkara mêmarah murkaning nala ||

6. karana sagung manungsa | kang padha tinitah luwih | pirang kêthi pirang yuta |

--- 28 ---

upama lamun winilis | dayane kudu ugi | sarèh rèrèh barang kayun | noraga parikrama | têbah[2] cêngil mring sasami | mardi basa basukining sêdya tama ||

7. banjurna dènira arsa | lêlana sun nayogyani | marang ing liyan nagara | supaya mundhak kang budi | jatine bae kaki | ana rasane tyas ingsun | ing têmbe kaya-kaya | sira bisa madêg aji | amijèni karaton ing Sokadana ||

8. karana sri narapatya | tita nora darbe siwi | măngka ta sun iki iya | maksih mèlu darbe waris | marmanta sira kaki | sun tuduh lêlana nglangut | amèta têtuladan | ing praja sawiji-wiji | bênêr luput ala bêcik titènana ||

9. jêr ujaring kuna-kuna | sapa ingkang arsa luwih | ngêgungna prihatining tyas [tya...]

--- 29 ---

[...s] | sarana sarèh ing budi | yèn pandak ing pangudi | dadi sasêdyaning kayun | iku yèn katarima | ing panêdhanira kaki | bok ing benjang jumênêng nèng Sokadana ||

10. marma mêngko kaki sira | aywa pêgat atêtèki | talitinên mupung mudha | mungguh patitising kapti | titinên dèn akongsi | kaèksi saèsthanipun | karana kaki sira | cêcalon pakuning bumi | kudu wikan kukum lawan pangadilan ||

11. bok ing têmbe kalampahan | sira jumênêng narpati | asiha mring wadyanira | kang gêdhe lawan kang cilik | kang ala lan kang bêcik | padha prihên suyudipun | karana narèswara | kuwate saka wong cilik | yèn suwunga wong cilik tan ana raja ||

12. natèku ngratoni janma | ing salaladaning nagri | nadyan gêdhe prajanira [prajani...]

--- 30 ---

[...ra] | yèn kurang wêtuning bumi | paran antuking asil | kang wadya cilik sawêgung | sri nata kang amriha | sarat sarananing bumi | dimèn gampang kang samya mangolah kisma ||

13. susahing pangupakara | saking tan kailèn warih | ratu kajibah prentaha | karya kalèn jog mring sabin | tuwin para narpati | darbea panginte prêlu | dadya wadya kang samya | sawênang-wênang kapyarsi | mantri lintah bêtah ngisêp gêtih mêntah ||

14. yèn nora nuli pinapas | si apus ngapês-apêsi | lan wajibing narèswara | ywa melik darbèking alit | upama kang wadyalit | asimpên barang linuhung | pantês kagêm sri nata | ingaturkên măngka tampi | tinukua saajine barang ika ||

15. narendra pama nangkoda | kêmudhi kang măngka patih | pra mantrus punggawanira [pungga...]

--- 31 ---

[...wanira] | palwa upama wadyalit | yèn mantrus kurang titi | pangrukti dayaning prau | yakti glis bowolira | puwara kêlêm jaladri | kapal kèrêm nangkoda anut sangsara ||

16. dene lakuning kang palwa | kang molahkên juru mudhi | sarta wasising sêtirman | wus pramèng marang ing angin | mamrih enggala prapti | paran kang sinêdyèng dunung | kêmudhi ingupama | mantrimukaning nagari | kang sêtirman kang măngka para niyaka ||

17. marmane para narendra | sabên arsa karya patih | tiniti luwih sawarsa | tansah jinungkung nèng ngarsi | cinoba boting kardi | kang angèl sinung karuhun | anulya kinon ngêmbat | pranataning mardyèng bumi | yèn wus rigên ing driya gya winisudha ||

18. iku pilihan nayaka | kang sabar alus ing budi | sarta trahing Witaradya [Witara...]

--- 32 ---

[...dya] | awit bakal dèn titipi | wadining narapati | patih kabèh kang angêmbun | lawan ta kang abisa | mèt tyasing punggawa mantri | myang waskitha ngenaki tyasing kawula ||

19. lan yèn arsa karya jaksa | milih kang wêkêl ing budi | lawan wong kang tan melikan | prasaja sajaking dhiri | kang mangkono sayakti | titikaning yama mungguh | tan keguh ing rêruba | kêncêng yèn nindakkên adil | lamun jaksa karêm karoban barana ||

20. brana mingsiling prakara | prakara kang tibèng sisip | sinêsêp sêpining janma | kang mangkono ngêngêmbangi | kuwuring praja yakti | tan wantah êmpaning kukum | yamambêk nora sêtya | dènira nindakkên adil | sasat mungsuh mangsah wus umanjing praja ||

21. ana bênêr kang prakara | ginawe kalah kang awit | tan nganggo sarama

--- 33 ---

arta | yeka yama murang adil | yèn ingkang anêtêpi | tumêmên rèhing tinuduh | mung anggêr ingugêran | undhang nawalaning aji | kang jinêjêr munggwèng jroning pangadilan ||

22. rahadèn aris turira | mugi wagêda nglampahi | ing rèh para parimarma | pamardi wrêdining budi | langkung gèn ulun mundhi | saliring sabda dhumawuh | sasat sèwu nugraha | rumaos kawula inggih | mugi-mugi wagêda nglampahi têdah ||

23. ki patih suka miyarsa | dene kang putra wus tampi | saniskaraning wasita | satataning mangun tèki | radèn gya angabêkti | mring rama myang para ibu | amit wus rinilanan | nêmbah lèngsèr saking ngarsi | amung lawan kêkalih kang panakawan ||

24. nami Janggali Janggala | para ibu duk ningali | kamiwêlasên ing driya |

--- 34 ---

myat putra dènnya lumaris | dene ta pindha dasih | măngka ta sabên ingugung | sinung sakarsanira | ing mêngko têka nglakoni | mindha papa paran polahe nèng têba ||

25. kunêng kang samya rêrasan | wau ta ingkang lumaris | praptèng wana têrataban | miyarsa swaraning pêksi | jalak cocak lan kathik | kuthilang linglingan pêlung | wulung kalong rumangsang | sinêrang dening srigunting | cingcinggoling kang maksih aring anèng pang ||

26. kang cohung mêlung kumandhang | sata wana sabawanjrit | mlangkring nèng panging palasa | sayah nyuwara talisik | wadonira nèng siti | sarwi among kuthukipun | rahadèn suka mulat | mring sata wana kêkalih | dene têka rukun dènira mong suta ||

27. lajêng lampahira radyan | ngambah sêsêngkaning ardi | anjog jurang parejengan [pa...]

--- 35 ---

[...rejengan] | tan wrin pringganing wanadri | nalasak sungil-sungil | sêsiluking gunung-gunung | rahadèn langkung rêna | ningali langêning wukir | abdi kalih umatur adhuh bêndara ||

28. sumăngga ngaso sakêdhap | theyol suku kula kalih | wit têmbe lumampah wana | rahadèn wêlas ing galih | mring panakawan kalih | sigra kèndêl lampahipun | nèng soring wrêksa gora | tan dangu wontên kaèksi | sima agêng mijil saking pagrumbulan ||

29. nyênyiwo mring Ki Janggala | Janggali giwar anjêrit | trangginas rahadèn putra | mênthang langkapira aglis | lumêpas kang jêmparing | kasrèmpèt sima têmah nglud | Dyan Panji wus prayitna | sandhang walikat tinarik | pinarjaya kaprêmanan lêmpèngira ||

30. mong datan mănggapuliha | kapisanan wus ngêmasi | Janggali lan Ki Janggala [Jang...]

--- 36 ---

[...gala] | kalihe sami mêmuji | saktine sang pinêkik | tuhu kalamun pinunjul | iba yèn wus diwasa | sapa lawaning ajurit | ngêndi ana wong sakti kaya mangkana ||

31. lagi iki radèn putra | digdayane nglêliwati | Janggala alon turira | kula darbe nadar inggih | lamun mong angêmasi | sami badhe angêlungsur | agêm nyamping paduka | radèn gumujêng sarwyangling | yèn bênêre ingsun kang tămpa opahan ||

32. wit sira ingkang ingarah | marang kang tunggu wanadri | arsa ginawe pacitan | lek-lekan nèng grumbul sungil | tumulya ngong tulungi | kaprêjaya macan lampus | upama yèn tan ana | pitulungan ingsun pasthi | nora wurung sira dadi tai macan ||

33. Janggali lan Ki Janggala | aturira anyakikik | saupami sami pêjah [pê...]

--- 37 ---

[...jah] | duk wau tiyang kêkalih | sintên kang badhe ngiring | dhatêng paduka sapurug | radèn alon ngandika | iya ingsun kang ngalahi | asok dhêndhan jarit loro lêluwasan ||

34. wastra sampun tinampenan | siji sowang wong kêkalih | Janggali ngling hèh Janggala | prayogalus jarit iki | bêcike mêngko ratri | ya padha ginawe kêmul | wit gunung iki têka | atise anglêluwihi | tikêl têlu lawan adhêming nagara ||

35. Ki Janggala sru lingira | basaknea si gogothil | eram mring atising arga | baya nêmbe ngambah ardi | Janggali lingiraris | lagyèki ngong marang gunung | kunêng kang arêrasan | mangkana kasaput ratri | tandya sami mamrih taruni nanggonan ||

36. saya dalu kapiyarsa | swaraning sato wanadri | kang samya mamrih mêmangsan [mêmangsa...]

--- 38 ---

[...n] | sima sabawèng asêpi | gajah wijah nujahi | ing gêlagah tuwin rayung | Janggali lan Janggala | miris marasira kengis | bokong ngoplok lambe ngèplèk wel-uwelan ||

37. rahadèn aris ngandika | jirèh têmên sira iki | mapan ta durung karuwan | bakal patinira sami | binadhog mong wanadri | angur pasraha Hyang Agung | umatur Ki Janggala | kula botên miras-miris | amung ngênês pangraos sampun dèn untal ||

38. tan antara wontên sima | mambêt gănda marêpêki | rumangsang mring palenggrongan | rahadèn prayitnèng galih | wangkingan gya tinarik | singa pinrêjaya lampus | gumêbrug tibèng kisma | sarwi gro orêg kang bumi | Ki Janggala Janggali kagyat miyarsa ||

39. bêngok alok sima-sima | badane dèn gurayangi | bok wus cinawèl [cina...]

--- 39 ---

[...wèl] ing macan | tan wrin yèn sampun galinting | sukèng tyas sarwi angling | sira Radèn Panji Wulung | dèn sarèh napasira | apan macane wis mati | lah dêlêngên iku anèng ngisorira ||

40. wus dungkap bangun raina | samya tumurun saking wit | katri sigra lumaksana | lon-lonan anêningali | lêlangêning samargi | ramyang-ramyang non kang rayung | tabêt mêntas kêbunan | pating parêntul kaèksi | asri tinon pindha taruning sêsotya ||

41. lingsir kilèn wancinira | amanggih talaga wêning | kinubêng wrêksa mandera | turut tirahe binèji | rahadèn angèndêli | karênan anon ing ranu | samana karsa siram | lêlumban sajroning bèji | kinosokan dening para panakawan ||

42. wus rampung dènira siram | lênggah [lêng...]

--- 40 ---

[...gah] soring kang waringin | maringan lêsuning badan | sêsambèn samya miyarsi | sabawaning kang pêksi | prêkutut manggung mangungkung | myang bangkong-bangkong kungkang | munya jroning jurang trêbis | barung lawan cênggèrètnong munyèng tawang ||

43. dungkap hyang arka gumlewang | wontên katingalan têbih | janma wisata têtiga | kadyarsa sami mrêpêki | dupi prak dèn tingali | katri samya gêng aluhur | netra bang angatirah | pantês tumbaknya pinandhi | praptèng ngarsa sami amicarèng driya ||

44. e lah dalah antuk karya | nêmu bêgja kaping kalih | baya paringing bathara | bêgjane si biyang bayi | wah nganggo ngong tingali | maksih bocah durung umur | durjana sru têtanya | pantèn sirèku wong ngêndi | ngambah wana lèrèn wurining talaga ||

4. Pangkur

1. rahadèn aris ngandika [ngandi...]

--- 41 ---

[...ka] | saka praja ing Sokadana mami | arsa alêlana nglangut | balik sirèku sapa | atêtanya nganggo sajak grusa-grusu | manggala begal lingira | ingsun aran Jayapati ||

2. mèt karya amung bêbegal | mêntas bae ngong mau mêmatèni | janma pitu bangkenipun | dak tumpuki kewala | dene sira lamun maksih dhêmên umur | wawanmu parènèkêna | lawan busananta sami ||

3. rahadèn mèsêm ngandika | nora gampang babo wong amrih pati | yèn sira pêksa kumudu | melik mring darbèkingwang | mara jajal junjungên prêbatang iku | wong têlu lamun ambangkat | ingsun asrah pati urip ||

4. ki begal myat ing prêbatang | anglêgarang gêngira nglêlangkungi | kadêrênging tyas pêksayun | kayungyun busanendah | gya ingangkat tiniganan ambarêngkut [ambarêng...]

--- 42 ---

[...kut] | wrêksa kêkêt datan obah | pinêksa nora ngalisik ||

5. Ki Jayapati ngling sugal | sira dhewe măngsa tèyènga ngungkil | gêdhene kongsi kajunjung | sun asok jiwa raga | sakarsanta tan nêdya sawalèng kayun | radèn mèsêm tan ngandika | prêbatang dipun parêki ||

6. ingangkat sampun kaangkat | wrêksa rungkad karangkud lata sêbit | sinabêtakên sumawur | labêt gapuking êpang | begal gawok malongok sidhakêp ngungun | nêmbah-nêmbah nyuwun tobat | ajrih bok sêlak binabit ||

7. Ki Janggali lan Janggala | cikrak-cikrak kêkêplok-kêplok cêthik | ngucap-ucap si tan pêcus | ulate têka biyas | pama mau sida ngayonana lampus | lêpas nyawanira bablas | nora bisa begal maning ||

--- 43 ---

8. radèn ngandikèsmu duka | aywa ngucap mangkono nora bêcik | apa ta ing pedahipun | sira clathu mangkana | amêmirang-mirang liyan tanpa ketung | apa nora simpên têpa | têpaning badan pribadi ||

9. radèn nolih angandika | ywa sumêlang tyasira Jayapati | awit titahing Hyang Agung | dènira sung jalaran | bêcik marang sapêpadhaning tumuwuh | ana awit saka ala | ana uga saka bêcik ||

10. ing wêkasan dadi ala | ana ala wusana dadi bêcik | lir sira lan raganingsun | iku wit saka ala | jêjalaran gonira pinurih rukun | mangkono panêmuningwang | mungguh surasaning urip ||

11. êmbuh panêmumu padha | Jayapati umatur ngasih-asih | tan wontên sisip saglugut | inggih sabda paduka |

--- 44 ---

karsa tuwan dene lêlanèng wana gung | rahadèn aris ngandika | ngong arsa ngupaya ngèlmi ||

12. umatur Ki Jayapatya | pêrak ngriki wontên ajar têtèki | nêlas aji jaya têguh | myang para kayumanan | malah mandar ing Sokadana Sang Prabu | sabên prêlu kyai ajar | tinimbalan malbèng puri ||

13. rahadèn aris ngandika | ingsun paman têka tan krungu warti | kalamun ingkang sinuhun | kagungan guru ajar | Jayapati manêmbah alon umatur | kados paduka tan pirsa | wit samangke sampun lami ||

14. botên nate katimbalan | kados datan wontên rèh kang wigati | nguni wontên nalar agung | karya èmênging nata | awit wontên kalangênan ta sang prabu | kenging kintên bêbedhangan | lan mantri nami Panolih ||

--- 45 ---

15. anging sri tan dugèng karsa | dadya nuduh nimbali kyai sidik | pinundhut tur wêcanipun | mêkatên kyai ajar | aturipun dhatêng kangjêng sang sinuhun | èstu kontaping pawarta | tan wontên ingkang nalisip ||

16. klangênan gya pinêjahan | laminipun dumugi ing sapriki | sampun gangsal wêlas taun | radyan kelud ing warta | angandika ngêndi prênahe kang gunung | bangêt kapengin wak ingwang | puruhita sang ayogi ||

17. Jayapati aturira | saking ngriki mung lampahan saratri | pratapa nèng lêngkèh gunung | rahadèn angandika | ayo paman tuduhna ngong arsa wêruh | dadya sami lumaksana | ri sêdhêng suruping rawi ||

18. tan arsa sipêng ing marga | byar raina ing lampah sampun prapti | dhêdhepokira sang wiku | cêcantrik langkung

--- 46 ---

kathah | wasi-wasi kang wus wasis munggèng ngayun | rahadèn alon sinapa | sirèku satriya ngêndi ||

19. umatur rahadèn putra | dhuh sang wiku kawula tiyang saking | ing Sokadana nêdya yun | kayungyun alêlana | laladan ing pangajaran gunung-gunung | mangke kula mirêng warta | yèn paduka langkung sidik ||

20. kyai ajar asru mojar | iya nora sirèku bae kaki | kang padha pêksa maguru | radèn mring jênêng ingwang | lah pêdhaka ing kene nuli ngong wuruk | aji jaya kawijayan | radèn sakêlangkung lantip ||

21. ing sabên enjang winulang | sêsarêngan kalawan para murid | rahadèn glis wignyanipun | mangkana lama-lama | radèn matur badhe nyuwun dadaripun | sagung aji-ajijaya | sang dwija arsa cinobi ||

--- 47 ---

22. sugal wuwusira ajar | têka lancang pangucap sira Panji | paripêksa wani matur | mring guru murangkrama | dudu cara wong arsa ngancari guru | yèn mangkono têtêp sira | tan ngandêl mring ngèlmu mami ||

23. lumrahe wong puruhita | kudu ngandêl kumandêl anglakoni | benjang lamun nêmu mungsuh | ing kono karyanira | radèn aris umatur dhuh sang awiku | kawula kêdah uninga | dadaripun ingkang aji ||

24. ki ajar langkung bramantya | rumasèng tyas têtêp yèn mêjanani | sigra barengkal sela gung | ngêntêbkên mring rahadyan | kang ingarah mukanira pinrih trênyuh | tan măntra tumamèng angga | sela singsal tibèng têbih ||

25. winalês ajar jinangkah | ing curiga kapisanan ngêmasi | cantrik tumingal têmah nglud | ngalewang ngudhi rantang | radèn [ra...]

--- 48 ---

[...dèn] panggah ayêm tangkêpe kinrubut | Japati sarowangira | anêlabung saking wuri ||

26. para cantrik sirna gêmpang | salang-tunjang binujêng kêmpis-kêmpis | kathah ingkang lajêng nungkul | amung kang para endhang | ingkang anggung karuna kapyarsa umung | Janggali lawan Janggala | bêngak-bengok anyênyapih ||

27. rahadèn aris ngandika | Jayapati rasakna ajar iki | tan nyata ing kawruhipun | mung măngka sêsêngungan | tinêmênan tiba mati gumaluntung | apês nora darbe daya | digdayane mung ngapusi ||

28. ngèlmune ginawe kêmat | mamèt brana sagunging para pingging | ajar ujare tan jujur | tibèng kojur dinadar | iku pan wus dadi paukumanipun | tibèng pati siya-siya | têtêp siasating Widi ||

--- 49 ---

29. Jayapati aturira | kasinggihan sabdanta sang pinêkik | nguni kathah para agung | kang sami puruhita | nanging datan wontên kang purun umatur | nyuwun nyoba mring ki ajar | sawêg paduka puniki ||

30. tan ulap wawanan sabda | saking sampun kawêntar yèn sinakti | tuwin sami dahat ngugung | sagunging para nata | botên nyana yèn punika ajar pêngung | mêmpêng yèn wontên kondangan | tumpêng tumpuk-tumpuk tapis ||

31. radèn mèsêm angandika | payo padha tumurun mupung enjing | awisata marang laut | ngupaya palwa tambang | Jayapati manadhawara tumuntur | tandya sami lumaksana | dinulur ing para kanthi ||

5. Kinanthi

1. lon-lonan sami tumurun | saking sêsêngkaning wukir | mahawan lan panakawan | Lurah Janggala [Jangga...]

--- 50 ---

[...la] Janggali | tuwin Jayapati miwah | sarowangira nèng wuri ||

2. samarga-marga kayungyun | mulat lêlangêning ardi | tan antara kawistara | tirah-tirah ing pasisir | sinêru lampahe prapta | swamipaning kang jaladri ||

3. sang wira ngandika arum | hèh ta paman Jayapati | ayo padha cêcaturan | ginawe cêcagak linggih | sêsambèn manganti palwa | lowung sinamur sathithik ||

4. sun eling kalaning dangu | sira carita mring mami | mardawane kaki ajar | ing nalika dèn timbali | Sang Prabu Dipakiswara | dinuk ing tuduh metangi ||

5. mring para sêlir sawêgung | sapa ta kang dèn arani | ala kalakuwanira | lire olah lambangsari | Jayapati matur nêmbah | ki ajar kang dèn wastani ||

6. Tunjungsari namanipun | putri

--- 51 ---

boyongan kawarti | saking tanah Balambangan | kêkasihira nrêpati | tinarka sae kalawan | mantri karan pun Panolih ||

7. kasaru Janggala matur | lumantar sarana tangis | dhuh sampun kadawa-dawa | babad ajar kenging pidhir | mindhak angrêrujit driya | nindyaputra lingiraris ||

8. paran karanane iku | sira tan kawawa myarsi | mring kandhane Si Japatya | Janggala umatur aris | punika babad paduka | kalanipun nguni-uni ||

9. margi kang ibu rumuhun | garwanira sri bupati | sakalangkung kinasihan | saha lajêng pramèswari | mèri èsmu kamarasan | sanetyasèng tyas matistis ||

10. sarêmbag lan para maru | karya paekan kang juti | srana atur ngamandaka | dhatêng ramanta nrêpati | myang ngêthik ajar sajuga | jinarwan sakarsèng sori ||

--- 52 ---

11. jêng ratu dènira matur | sandi murina ing galih | pra maru saabipraya | bêbarung sami mimbuhi | ngawonkên ibu paduka | ingaturkên lambangsari ||

12. jêng ramanta sang aprabu | sêmu botên patos galih | nging nrêpadayita dahat | mêmalad atur tan aris | ramanta kinèn ngupaya | patakèn ajar kang sidik ||

13. srênging atur têmah luntur | narendra tandya anuding | nimbali dhatêng ki ajar | ajar jatinipun inggih | sampun binêsêlan brana | dhatêng kangjêng pramèswari ||

14. dupi praptèng ngarsa prabu | winasita nyandikani | saking sampun rumat trekah | dènira amrih sêsandi | minta sêsarating puja | sasampunipun sumaji ||

15. lajêng api-api mujung | akarukub sinjang putih | yayah tuhu matêk [matê...]

--- 53 ---

[...k] măntra | tan antara matur aris | manawi sampun katingal | ing salêbêting sêmadi ||

16. wontên olah lambangsantun | ibunta kang dèn wastani | kalih pun Panolih kina | ramanta gêga ing galih | nimbali patih tantara | praptèng malbèng pura aglis ||

17. sinung agnya kinèn nglampus | mring ibu paduka inggih | kya patih sangêt turira | umambêng karsa nrêpati | nanging sri nata tan kêna | tinanggulang malah runtik ||

18. talinganipun pinundhut | wrin kêdhap patih ngecani | Panolih lan ibu tuwan | ingirid binêkta mijil | praptèng dalêm kapatihan | wêlas ramanta kya patih ||

19. dhumatêng ibu pukulun | rèhning botên têtêp sisip | kênèng paekan kewala | owêl yèn tumêkèng pati [pa...]

--- 54 ---

[...ti] | sanadyan aturing ajar | datan pantês dèn ugêmi ||

20. marma nguni langkung ngungun | ramanta mring sri bupati | dènta nir titipariksa | têkaa sakarya pati | tan patitis êmpanira | ujar ajar dèn turuti ||

21. marma ing satêmahipun | ibu paduka sang pêkik | siningidakên kewala | dene pun Mantri Panolih | kinèn mentar dados ajar | dhumatêng sanès nagari ||

22. tan lami ibu pukulun | babar dènira garbini | miyos paduka punika | pinèt putra kyana patih | ingugung dèn êla-êla | kala timurira nguni ||

23. puwara mangke kêlangkung | pinardi mardawèng budi | myang pra lêbdaning lukita | pinrih lêguta kang awit | benjang paduka ginadhang | gumantyèng kaprabon aji ||

--- 55 ---

24. dene ta ing prênahipun | paduka lan kyana patih | pan inggih ambapa paman | awit ramanta sang aji | lan patih sahèrèk misan | nanging sêpuh sri bupati ||

25. radèn tyasira matrênyuh | luluh angluh ing panggalih | amangu-mangu ing driya | karănta ing tyas miyarsi | ature Lurah Janggala | nanging sinamur netyaris ||

26. alon pangandikanipun | yèn mêngkono ingsun iki | pinrih hyang anagih potang | marang ajar iku yêkti | nanging durung nyaur utang | mring jêng kyai kyana patih ||

27. sathithik pangungun ingsun | mring ki ajar kang wus lalis | paran panêmuning kasa[3] | tuwan têmên tèki-tèki | têtruka graning ancala | culaning hawa dèn isis ||

28. mulane padha dèn emut |

--- 56 ---

iya ing măngsa puniki | kèh lêlêmês lêlamisan | dhèmês yèn arsa pakolih | ngèlmune ginawe kêmat | amèt piangsaling misil ||

29. parabdi prasamya guguk | umatur Ki Jayapati | inggih anggèr kasinggihan | limrahing măngsa samangkin | kathah ajar ambêlasar | pating talusur nalisir ||

30. radèn mèsêm ngandika rum | hèh ta paman Jayapati | lêlakonmu kuna-kuna | begal ngècu tuwin maling | ing samêngko marènana | supadyèng têmbe basuki ||

31. kèh pakaryaning tumuwuh | kang lumrah mamrih pakolih | tani atanapi lawan | dagang layar murih bathi | paman kasarane pisan | buruh mikul gendhong ngindhit ||

32. Jayapati nêmbah matur | sih parimarma sang pêkik | mugi wagêd nglampahana [nglampah...]

--- 57 ---

[...ana] | ing karya kang mrih lêstari | têbiha pitung bêdahab | saking padamêlan juti ||

33. tan dangu wontên kadulu | palwa gêng madyèng jaladri | dangu-dangu katingalan | labuh jangkar ngimbir-imbir | dèn lêlêti layarira | wit arsa ngupaya warih ||

34. Dyan Panji suka ing kalbu | tan antara wontên prapti | sêkoci dhatêng dharatan | narpendra sigra marêki | nêmbung numpang palwanira | nangkoda amituruti ||

35. tinanya badhening purug | arsa dhatêng tanah Kêling | sigra sami numpang palwa | mung lawan abdi kêkalih | Japati sarowangira | samya kinèn wangsul mulih ||

36. dhatêng siti dunungipun | sarta sinungan wêwêling | benjing badhe ingampiran | lamun sampun wangsul malih | sêkoci [sê...]

--- 58 ---

[...koci] mancal mring kapal | nangkoda tampi tumrampil ||

37. mapankên gèn sang binagus | baita saking Patani | ngriku sampun wontên numpang | sinatriya tanah Bugis | sêdyanira alêlana | anama Dhaèng Brêmani ||

38. wus tan darbe rama ibu | nging maksih trahing nrêpati | lagya buyut petangira | malarat kawêlasasih | marma angluluh salira | lêlana lêlungan anis ||

39. saksana sami atêpung | radèn lan Dhaèng Brêmani | rukun dènira kadangan | kadya ta anunggil budi | rêngkuh-rumêngkuh ing driya | prasasat sayayah bibi ||

40. ing sabên dalu winuruk | sira Ki Dhaèng Brêmani | satatane parikrama | susilane tyas noragi | mangkana ing lama-lama | prapta muarèng Patani ||

--- 59 ---

41. sigra prasamya tumurun | Dhaèng Brêmani umiring | anut saparaning karsa | lara-lapa anglabêti | samana lajêng suwita | dhatêng Narendra Patani ||

42. Dhaèng Brêmani tan kantun | ing rèh tan suwalèng kapti | kandêl pasuwitanira | antara antuk sawarsi | radèn amit sakalihan | mentar mring Cêmpa nagari ||

43. Natèng Patani kalangkung | dènira sih anggendholi | nging radèn kalih tan kêna | rinilan gya dèn sangoni | ing marga tan kawursita | praptèng Cêmpa jujug maring ||

44. gèn Jurutani pakantuk | ing karya kinèn sêsabin | garu amaluku miwah | anam-anam sami wasis | yèn dalu anggung kêkadhar | nyathêti rèhing samargi ||

45. sadaya lampahanipun | cinitra dèn pêpèngêti | pinurwa rikalanira [rika...]

--- 60 ---

[...lanira] | wisata saking nagari | kongsi praptèng wanawasa | lajêng mahawan jaladri ||

46. dumugi gènira antuk | sudara sinarawèdi | satriya ing Bugis praja | yèka Dyan Dhaèng Brêmani | praptane Patani lawan | ing Cêmpa wus dèn sêrati ||

47. kadyèka salaminipun | anuju sajuga ari | têngah wêngi wancinira | wontên kècu sumêdya mrih | bêbahak brana bêksura | sarosa swaraniratri ||

48. gumêr gumêrah gumrêgut | ngudani sancata[4] mimis | satriya kalih trangginas | ngunus curiganira glis | mangênêr nrang ing bêbaya | sabiyantu lan kang rayi ||

49. kampak riwut mawut-mawut | kèh binerat morat-marit | rubuh rêbah kasulayah | pinarwasa bosah-basih [bosah-...]

--- 61 ---

[...basih] | kaparah têngah rinurah | maju maksa kajumpalik ||

50. kinlewang uwang kèh putung | sinêsêk kasêlak kontit | mingêr kèngsêr kasêrakat | pêpês apês kapalipis | kari pitu tinututan | kacandhak cinandhêt aglis ||

51. tinalikung ting prakungkung | mangkana Ki Jurutani | siyarsa gumrah ing jaba | tandya atandang umijil | lawan para rowangira | praptèng dhadhah aningali ||

52. bangke sami gumaluntung | tan wikan ingkang mêjahi | Jurutani bêngok sora | sapa iki kang matèni | marang kècu pirang-pirang | uga salong rowang iki ||

53. radèn sigra angênguwuh | kyai dèn enggal mariki | kècune sampun kabêsta | pajarana dipun aglis | bokmanawa sêlak minggat | Ki Juru sigra mêdhaki ||

--- 62 ---

54. sarwi mandhi oboripun | kagawokan duk ningali | kang sami bikut ambêsta | mring kècu pitu kang kenging | binănda anut kewala | ingoboran ting paringis ||

55. Ki Jurutani lingnyu[5] rum | sapa mau kang matèni | para kampak dhadhah ika | dhuh putuningsun wong sigit | paran mau rekanira | dènira manglawan tandhing ||

56. mring kècu kang padha lampus | kongsi tumpuk tumpang-tindhih | kene têka maksih sapta | tinalikung pating pringis | paran ta pratikêlira | de sira amung wong kalih ||

57. Radèn Panji Lêmbuwulung | mangsuli wacana aris | saking pangrêksaning Suksma | lan pangèstu dika kyai | Jurutani suka ngakak | sarwi cêblèk-cêblèk wêntis ||

58. dhuh lae dhuh bêgjaningsun | duwe [du...]

--- 63 ---

[...we] putu loro wasis | amangrurah parangmurka[6] | mèh bae ngong mau lalis | dèn ilês bangsat musibat | tiba bêt nyawane mijil ||

6. Mijil

1. Radèn Panji sumambung sabda ris | punapa rinaos | mapan sampun sami basukine | amung kantun manah para mayit | punika prayogi | yèn sami kinubur ||

2. radèn nolih angandika ririh | hèh pra sanak ingong | kècu pitu matura dèn age | paran nêdya mati tuwin urip | lamun arsa urip | dèn padhaa nungkul ||

3. lan nuruta mring pitutur mami | kang mring karahayon | kang datan nut sun lunas badhene | kècu pitu sarêng matur aris | sami nyuwun urip | srah jiwangga konjuk ||

4. sami matur prasêtya ing kapti | nut saliring pakon | sagah badhe

--- 64 ---

mantuni sakèhe | rèh durmala mêmalaning bumi | yèn kongsi nglampahi | nuntêna pinulung ||

5. sampun têlas tulusing prajanji | nguculan lon-alon | kang têtali tlikungan astane | dene para kècu kang wus lalis | ingopenan dening | Jrutani kinubur ||

6. radèn kalih gya samya umanjing | sajroning dhêdhepok | kècu pitu tansah nèng wurine | wau Kyai Janggala Janggali | dèrèng sami kêksi | awit duk ing wau ||

7. sami nilib manilap sruning jrih | mring madyèng patêbon | dupi myarsa pakaryan rampunge | sukèng driya panakawan kalih | lon-lonan mêmilih | marga kang tan sirung ||

8. garumutan dènira mèt margi | kang jog mring dhêdhepok | dupi prapta krênggosan uswane | radèn putra [pu...]

--- 65 ---

[...tra] atêtanya aris | mring ngêndi gonmu mrih | papan ingkang samun ||

9. aturira amba tan sêsingit | jêjabing nèng kêbon | dhêdhêp wontên têpining kêkalèn | badhe bantu bok kalintu dening | rowang sanès maling | têmahan kêduwung ||

10. yèn ajriha dhatêng kècu anjing | punapa dede wong | bok tinrajang acampuh èstune | radên mèsêm alon dènira ngling | lah ya ngong kang paring | trimakasih agung ||

11. marang sira kang mêntas kêkaring | mèt urang maring rong | lir sinêntak kang myarsa gujênge | kunêng ratri kawuwusa enjing | mrêbangbang lawêning | gêgana ngênguwung ||

12. cingcinggoling munya ngaring-aring | luhuring kêkayon | radyan sigra ngrênggêp pirantine | bubak wana kinarya sêsabin | lan parabdi tuwin | têlukan pêpitu ||

--- 66 ---

13. ngêlar talun wana kanan kering | tanêman tan towong | Jurutani dêrbala têmahe | sugih jaran kêbo lawan sapi | pirang-pirang panti | nênggih pantunipun ||

14. sangsayarja kèh janma kang prapti | dumulur tan anggop | mamèt papan wisma sasênênge | wana-wana binubakan sami | cinithak kinardi | dhukuh agung-agung ||

15. dadya dahat Jrutani dènnya sih | mring sang prawira nom | anggung winong sakarsa-karsane | saniskara datan dèn palangi | wus antara lami | radên anèng ngriku ||

16. sajuga ri panujuning galih | kêkalih arsa non | nganglang wana ing salaladane | adan sami ngrasuk busanadi | kalihira sami | kasmaran wrin purug ||

7. Asmaradana

1. tindak satriya kêkalih [kêka...]

--- 67 ---

[...lih] | lon-lonan sambèn lêlana | ningali wana langêne | myang agraning argapringga | Janggali lan Janggala | kalih ngampil langkapipun | samarga gung gêgujêngan ||

2. lêlahan mamrih karêndhi | lamun wontên kang katingal | nging kantun têtabêt bae | ing lampah kalunta-lunta | kang sami acangkrama | wus têbah saking kang dhusun | ngambah wana ara-ara ||

3. sêdhênging surya tumiling | bantêr tinor ing bênteran | sami kumyus karingête | gumrêgut anyêngkud lampah | tantara lajêng ngambah | wana angapit gêgunung | gênêng gênggêng ingkang wrêksa ||

4. pinaranan sampun prapti | kinarya lêson prayoga | sigra ngaso sangisore | mandera gêng angrêmbaka | pang tumpang têpung ngarsa | sumilir praptaning bayu | yayah ngayu ngayomana ||

5. sare kongsi wanci lingsir | kagyat [kagya...]

--- 68 ---

[...t] dènira tumingal | janma wisata sing kilèn | alon de numpak dipăngga | palananira pelag | sakaloron lan dyah ayu | dupi pêrak kang panggenan ||

6. dirada jrum soring uwit | kusambi sigra kang nunggang | kêkalih tumurun age | dupi dyah arsa kinuswa | tumungkul tangkis asta | kang priya ngamêr mangimur | madawèng sabda srênggara ||

7. karana karênan ing sih | mangasih-asih kang sabda | dyah têka malengos bae | ewa kawistarèng netya | lumalat tanpa mulat | netya sanetyasa sirung | sêrêng sinêrang ing karsa ||

8. radên anggarjitèng galih | bayèku putri dhinustha | sèwu lăngka yèn rabine | sêmune wus kawistara | yèn samar tingkahira | bok iya ingsun têtulung | manawa antuk tarima ||

9. kaya-kaya nora sisip | kira-kiraning [ki...]

--- 69 ---

[...ra-kiraning] tyas ingwang | pakolèh sambung rapête | upama yèn rabinira | măngsa ginawa lunga | maring madyaning wana gung | mêmêla têmên wong ika ||

10. sigra angasta jêmparing | pinanthêng ponang gandhewa | umadêg mring gêgênênge | ingayat-ayat lumêpas | jêmparing kadya kilat | ngênani maripat butul | kagyat bêngok sarwi jola ||

11. surèng tyas sarosa ngungsir | narpatma narik curiga | ginoco trus walikate | tan bangkat têmah pralaya | gumuling munggwing kisma | dirada nalika dulu | bêndaranira palastra ||

12. manglah anglud wrin pêpulih | manêsêk ngêsuk saksana | narpatma ayêm tangkêpe | musthi warastra winawas | yya tuna amrih tiwas | culing sanjata sumêmprung | manglanjak sirah dipăngga ||

13. ambruk rêbah mèh ngêmasi |

--- 70 ---

Brêmani sigra tumandang | anarik mring têtuwêke | èsthi sampun pinêdhakan | tinuwêk tanpa lawan | gajah pêjah gumalundhung | mring jurang kasangsang parang ||

14. sawusira angêmasi | dipăngga tuwin kang nunggang | rahadèn umarêk age | mring ngarsane sang kusuma | sarwi alon têtanya | anggèr sampun walangkayun | kawula anilakrama ||

15. sintên sinambat ing wangi | sumawana kang pinăngka | paran anggèr darunane | nêmahi rèh kang kadyèka | langkung saking mlasarsa | punapa dhinusthèng dalu | tanapi laki priyăngga ||

16. sang dyah matur sarwi nangis | kula asli saking praja | ing Cêmpa inggih putrine | ingkang andarbèni praja | makatên purwanira | ing nguni jêng rama prabu | tumbas dipăngga punika ||

17. argi gangsal atus ringgit | saking panglima punika | jêng rama sru karênane [karêna...]

--- 71 ---

[...ne] | asline tiyang punika | saking tanah Banggala | satêmah pisan pinundhut | măngka sarati dipăngga ||

18. sinung lênggah dados mantri | panglima mangrèh dipăngga | kang sabin cacah salawe | karya ngiras ngupakara | dipăngga gêming nata | sabên sontên enjing tamtu | liman binêktèng ngarsendra ||

19. dirada jrum lir sumiwi | bangkit sawasitèng karsa | miturut saliring kang rèh | marma sri narendra dahat | sihira mring dipăngga | lan pun panglima puniku | pinarcaya sabèng pura ||

20. anuju sajuga ari | jêng rama karsa cangkrama | bêbêrêk sangsam myang banthèng | kêrigan wadya sapraja | umiring dhatêng wana | ingkang tinilar praja gung | amung wadya sawatara ||

21. cumpèn sacêkaping kardi | mantri tuwin pra panglima | satriya ing sawontêne | samya umiring sadaya | bêbêrêk [bê...]

--- 72 ---

[...bêrêk] buron wana | jroning praja katon samun | kantun parèstri kewala ||

22. nyare ngantos tigang ratri | wontên ing gèn pambêrêkan | kathah angsalira banthèng | kang klêbêt bangkit priyăngga | mung panglima punika | nyêpêngi sato wana gung | tutut botên mawi băngga ||

23. sato-satoning wanadri | kèdhêp dening pun panglima | mila gampil pangangkahe | sima sangsam myang andaka | kancil mêncil manjila | jinawil kewala muncul | jinegal sikile kêna ||

24. jangkêp kawanipun ratri | mantri panglima maluya | malêbèng pura ge-age | sarta ambêkta dipăngga | sêsandi yèn dinuta | ing jêng rama sang aprabu | nimbali dhatêng kawula ||

25. dumadakan ing tyas mami | mring mantri ngandêl kewala | jêng ibu punapadene [punapade...]

--- 73 ---

[...ne] | datan darbe walangdriya | dhatêng mantri panglima | kados sami kenging cinthung | kula lan narpadayita ||

26. dupi sampun praptèng jawi | kula winot ing dipăngga | dening pun durmalèng tyase | têtêse yèn ingapusan | tan jujug ing panggenan | malah binêkta ngalangut | ngantos praptèng sapunika ||

27. makatên purwaning nguni | balik andika punika | radèn sintên kêkasihe | dene wontên wanapringga | atêbih saking desa | paran kang sinêdyèng kayun | de kayungyun lumaksana ||

28. alon dènira mangsuli | kula saking Sokadana | mênggah sêdya kula mangke | ngumbara anut sakarsa | dene ta wasta kula | inggih Radèn Panji Wulung | sang rêtna aris ngandika ||

29. kapotangan kula niki | radèn dhatêng jêngandika | prasasat nugraha gêdhe [gê...]

--- 74 ---

[...dhe] | napa kula walêsêna | benjang yèn sampun prapta | nagari Cêmpa saèstu | badhe punapa kewala ||

30. kula ingkang anyagahi | radèn inggih mêmundhuta | ing rajatadi sagunge | mangsuli sang rajaputra | barana tanpa karya | wangsul kula mung nênuwun | asrah jiwangga kewala ||

31. dhumatêng sang pindha Ratih | Ratih ratuning suwarga | sasat sari sarandune | kang dasih ingabdèkêna | dadosa juru karya | panêbah jroning jinêmrum | rumarah ing don asmara ||

32. dhuh jimat jumantên mami | punapa dèn wênangêna | nyuwun pariksa asmane | sang dyah tumungkul ngandika | kang sotah sami nyapa | dhumatêng ing wasta ulun | inggih pun Andayaningrat ||

33. wangsul radèn nilakrami | wau panêdha andika | kados tan lêpat èstune | sampun sumêlang ing driya | nanging [na...]

--- 75 ---

[...nging] ta dèn sarănta | rèhning nalar sampun tamtu | kapanggyèng wuri kewala ||

34. ing nguni kathah paraji | ingkang ngêbun-êbun enjang | dhatêng ing kula têmahe | datan tinampan sadaya | wit kula dèrèng arsa | jêng rama pan amung anut | tan karsa misesa kula ||

35. para nata măncanagri | kados maksih ngarsa-arsa | dhatêng ing kula rahadèn | nanging saèstune ebra | amargi badan kula | ing mangke sampun kawêngku | wontên ing karsa paduka ||

36. Janggala ngling hèh Janggali | bakal enak iki enak | banyak untung sêga cadhong | Dhaèng gumujêng angucap | tan kayaa si kawak | kang ingucap mung wêwadhuk | ing besuk apa badhudhak ||

37. lumrahe ingkang pinikir | undhake ingkang pakaryan | Janggali alon ature | gampil kunun pandamêlan [pa...]

--- 76 ---

[...ndamêlan] | sok sampun mil-êmilan | lon-alonan janji rampung | yêkti botên dinukanan ||

38. mèsêm kang sami miyarsi | sang dyah sigra ingaturan | mardhepokan swalèng tyase | dêduluran lampahira | rasanan urut marga | diwasaning ari surup | wus sami prapta ing wisma ||

39. Ki Jurutani ningali | citrane sang kadi rêtna | sampun andugi galihe | yèn kang dadyojating jana | putrendra kang dhinustha | dening panglima ing dangu | gugup dènira anabda ||

40. radèn ngong asung pawarti | saiki Sri Natèng Cêmpa | mangun wigêna purwane | putrine ginawa lunga | marang mantri panglima | lan gajah kêkasih prabu | ginawa minggat ngambara ||

41. undhange sri narapati | sapa nêmokkên sang rêtna | lan si panglima badhene | ginanjar bumi sasigar | madêg [madê...]

--- 77 ---

[...g] saloring pasar | dadya prabu anom sinung | sang rajaputri ing Cêmpa ||

42. manawa iki sang putri | bêgja kêmayangan sira | antuk nugraha bakale | radèn mangsuli punika | kang kamot ing byawara | pun panglima sampun lampus | atandhing kalihan kula ||

43. kang liman inggih ngêmasi | Jurutani alon nabda | lamun mangkonoa anggèr | prayoga sesuk kewala | padha matur mring nata | jujug kya patih pakantuk | dimèn ingirid mring pura ||

44. wit nata myang pramèswari | wus lawas padha sungkawa | lali dhahar lawan sare | karănta tininggal putra | dhasare mung sajuga | marma anggung wayang-wuyung | gêdêr otêr wong sapraja ||

45. radèn amangsuli aris | lêrês rêmbag jêngandika | nanging sang rêtna sêmune | sangêt sayahe lumampah |

--- 78 ---

wit wau langkung têbah | lingsir kongsi praptèng surup | wisata anrus kewala ||

46. Ki Jurutani ngling malih | yèn mangkono karêpira | bêcik yèn sinarèhake | rong dina lan têlung dina | wit kene lan nêgara | lêlakon sadina duduk | têrkadhangan nora prapta ||

47. karogêthèk ingkang pasthi | kunêng kang samya rêrasan | gantya winursita ing rèh | kang anggung duhkitèng driya | sri narendra ing Cêmpa | nimbali pêpatihipun | praptèng ngarsa dhinawuhan ||

48. mindhoni byawara malih | dimèn glis kontap ing jana | myang para nata liyane | kang nguni sami aminta | mring putra sang lir rêtna | sri nata andikanipun | rèhne samêngko wis tita ||

49. tan ana kang antuk kardi | wadyèngsun pribadi Cêmpa | bêcik amacaka [amaca...]

--- 79 ---

[...ka] manèh | kintakondhang sayêmbara | wratakna praja liya | manawa ana kang wêruh | kalebate si panglima ||

50. patih nêmbah sandika mit | praptèng natar sitibêntar | andhawuhkên timbalane | sri nata lir kang winahya | pra wadya duk miyarsa | sami sumahab tyas sêngkud | gambira nglari panglima ||

51. kêbut sapraja mrih titik | ana malbèng wanapringga | jurang-jurang myang pêpèrèng | parang rong ori sinêrang | dening mantri sajuga | Andakasura ranipun | dhasare kêpara lancang ||

52. mangetan dènnya ngulari | tan wrin pringganirèng marga | kapanujon ing lampahe | praptèng gèn wangkening liman | datan pisah kalawan | panglima nèng iring gunung | sigra wau pinêdhakan ||

53. Andakasura nulya glis | amusthi kalewangira | kinêthok panglima [pangli...]

--- 80 ---

[...ma] age | kang sirah sampun ingasta | nulya ingkang dipăngga | tinugêl têlalenipun | binêkta wangsul ing praja ||

54. praptaning paglaran panggih | lawan para kancanira | Andakasura sabdane | dulunên iki panglima | ngong tigas murdanira | dipanggane ya wus lampus | mung tlalene kang sun gawa ||

55. padha tamatna kang titis | paran dudu apa iya | lawan iki kang têlale | nanging sang putri tan ana | êmbuh parane baya | ingkang sinabdan sumaur | karyanta iku nir deya ||

56. bênêr sira bisa nyangking | utamangganing panglima | bok nganti ganêp sêlawe | sèkêt satêlalenira | nging sang dyah tan kogawa | yêkti nora bisa antuk | ganjaraning sayêmbara ||

57. jatine manira iki | tan ngandêl mring wuwusira | awit lăngka sayêktine | panglima tuhu prawira | yèn kasor [ka...]

--- 81 ---

[...sor] saka sira | wuwusmu para kalangkung | apa ta ing japanira ||

58. jaba ta yèn sira dingkik | ana iribe samatra | gumêr kang myarsa gujênge | sinapih mring kyana patya | kang sêksi sirah sigra | ingaturkên mring sang prabu | lan têlalening dipăngga ||

59. sang nata ngandika aris | hèh mantri Andakasura | dene iki mung têlale | lan sirahe si panglima | putri ngong êndi baya | Andakasura umatur | atmajendra tan pinanggya ||

60. kala kapêthuk ing margi | amung panglima kewala | tansah numpak dipanggane | anut imbanging ancala | lampahe ngeca-eca | ulun pitakèni êru | mangsuli botên pasaja ||

61. wangsulanira nyênyêngit | kados sanès tilas kănca | pramila yuda têmahe | saking pangèstu paduka | katitih [ka...]

--- 82 ---

[...titih] pun panglima | pêjah sadipangganipun | dening dêdamêl kawula ||

62. sang nata sarêng miyarsi | sangsaya prihatinira | dene kang putra têmahe | pisah lan mantri panglima | tambuh paraning sêdya | dadya rangu kapirangu | sigêg gantya winursita ||

63. ingkang sami gunêm pikir | Kyai Jurutani lawan | rahadèn ing sakarone | amrih prayogining lampah | Ki Jurutani marah | samêne wus mangsanipun | padha sumewèng ngarsendra ||

64. sang rêtna nyambungi angling | lêrês ture kaki tuwa | sampun angantos kêlamèn | wit ibu saiba-iba | onênge dhatêng kula | pramila măngga dèn gupuh | sowan mring rama narendra ||

65. yèn kadangon wontên ngriki | tuwas tiwas tanpa karya | manawi inggih ing

--- 83 ---

têmbe | dados ojating bawana | kawêntar dhatêng praja | badhe sanès lilapipun | bok têmah manggih dêduka ||

66. sampun sumêlang ing galih | cidrane sabda narendra | kula ingkang nagihake | nanging padataning praja | ing Cêmpa botên cara | lamun maleca ing sanggup | ajrih sikuning bathara ||

67. myang kula kalaning nguni | sampun prasêtyèng wardaya | sintên wagêd ngêntasake | saking jroning kasangsaran | pan badhe asrah badan | ngandika Dyan Panji Wulung | adhuh putraning sri nata ||

8. Sinom

1. kang dados kuwatos kula | manawi inggih manawi | kusuma mung samudana | dhumatêng dasih kaswasih | paran gènipun nagih | dene têbih dalêmipun | kawula tiyang desa | tanpa kăntha tuwin kanthi | langkung lăngka wagêda malih pinanggya ||

2. inggih sapisan punika | sampuna [sampu...]

--- 84 ---

[...na] nugraha jati | mangsi wagêda sambada | măngka ta janma samangkin | datan kenging binatin | ingkang limrah lamun sampun | luwar saking bêbaya | ubaya botên katolih | malah-malah ulah manah api lupa ||

3. nadyan kula ginanjara | pêpalihaning nagari | jumênêng prabu taruna | nanging tan ginanjar putri | luwung sabèng wanadri | lêlana nut ing sapurug | nalasak wanawasa | urut jurang iring-iring | anêrajang rêrèjèng dimèn palastra ||

4. mèsêm sang pindha kumala | basaknea dika niki | napa botên ngandêl kula | mêlang yèn cidra ing janji | dede putraning aji | ngantosa mangsuli wuwus | ingkang sampun kawêdal | radèn gumujêng lingnya ris | sampun duka amung gujêngan kewala ||

5. Janggali lawan Janggala | grunêngan ngraosi têbih | iku cacade

--- 85 ---

bêndara | gunêman lawan pawèstri | tan nganggo dèn ngèngèhi | kêplantrang mèh kadalurung | lah payo padha mêrak | yèn mêngko mangkono maning | binanyolan darapon dadya samuran ||

6. Brêmani umatur nêmbah | mring raka Rahadèn Panji | kajawi karsa paduka | saosa sêrat rumiyin | ing kangjêng sri bupati | ngaturi pariksa lamun | samangke sang lir rêtna | wontên ing paduka inggih | ingkang dhustha lan gajah sampun palastra ||

7. ngandika lon ingkang raka | bênêr pikirira yayi | karana sun rasa-rasa | akèh bêbayaning margi | ananging karêp mami | bêcik sira kang lumaku | Janggali lan Janggala | dimène padha angiring | marang sira lowung kinanthèn wong tuwa ||

8. Dyan Panji tandya anyêrat | munggèng roning pandhanwangi | tikintate[7]

--- 86 ---

kang wilapa | pinandarèng pangastuti | kaswas ing sri bupati | ing Cêmpa ingkang misuwur | mahambêk sadu dibya | martotama amênuhi | sasat sari sarekaning mangrèh praja ||

9. nahên wiyose kintaka | kawula atur udani | ing pada jêng padukendra | kalamun sang rajaputri | kang dhinustha ing nguni | ing mangke sampun karêbut | dene ta pun panglima | sampun kawula pêjahi | sarêng lawan sadipangganipun pisan ||

10. wondening ing sapunika | putra paduka sang dèwi | nyuwun tumuntên pinapag | kawula sumanggèng kapti | tamtuning ingkang ari | sakarsa ingkang dhumawuh | titi panitranira | wilapa tandya pinati | sinungkên mring kang rayi sampun tinampan ||

11. ing lampah tan kawursita | duk samana enggal prapti | pasewakaning

--- 87 ---

narendra | pinuju nata tinangkil | nèng madyaning sitinggil | andhèr prawira nung-anung | kang rinêmbag tan liya | amung sang raja pinutri | kang dhinustha dening pun mantri panglima ||

12. kasaru sowaning duta | sira Ki Dhaèng Brêmani | kèrid dening ulubalang | praptèng ngarsa mangênjali | sarwi ngaturkên tulis | wus tinampan sang aprabu | binuka sinuksmèng tyas | langkung sukaning panggalih | kadyangganing taru karirisan warsa ||

13. saking sru sukaning driya | sakala nimbali sori | prapta sinungan pariksa | narpadayita miyarsi | ruwat ruwêding galih | dene putra wus pinangguh | tur nèng praja priyăngga | ing antara datan têbih | ciptaning tyas kadya age uningaa ||

14. sakêdhap-kêdhap narendra | tansah dangu mring Brêmani | awit mula-bukanira [mula-bukani...]

--- 88 ---

[...ra] | kênane sang rajaputri | aturirèng Brêmani | salêsih wicara tutuk | marma sri mahiswara | karênan ing tyas miyarsi | mring Ki Dhaèng dene pralêbdèng wicara ||

15. Dhaèng dhasare waskitha | mèt prana ngrêsêpkên ati | sakala jêng mahiswara | dhawuh mring rêkyana patih | hèh ta patih dèn aglis | mataha mring wadyaningsun | mapag atmajaningwang | anggawaa tandhu joli | lan mrantia turăngga agêming raja ||

16. ing saupacaranira | kaprabon prabu taruni | patih parentah mring jaba | sagung nayaka nagari | punggawa para mantri | kêrigan tan wontên kantun | sampun samaktèng ngarsa | tandhu jêmpana lan joli | lan lêlayu daludag rontèk kêkandha ||

17. marpat wadya nèng bacira | jêjêl busana mawarni | blabar anjaladri pasang |

--- 89 ---

para nayakaning nagri | samya nitih turanggi | kang jajaran galur sêlur | sawingkinging jajaran | tandhu jêmpana lan joli | tuwin kuda agême sang rajaputra ||

18. pêpancèn măngka caosan | titihanira sang putri | tuwin sang pinudyèng krama | cêcalon pangran dipati | ing wuri kyana patih | sumambung sawadyanipun | pacara munggwèng ngarsa | ing wuri para wadya lit | asri tinon pindha trunaning udaya ||

19. kasêmbuh srining busana | abra sing mandrawa kèksi | kadya arga kawêlagar | kumênyar mradiptèng margi | surêm sunaring rawi | mêlêk mulêk kang pêpêluk | lêbu kabur sumêbar | katawur sumawur kèksi | kadi ima manadukarèng samarga ||

20. sinêru ing lampahira | pangarsanira lumaris | mantri bupati wus prapta | ing padesan têpis iring | kagyat [kagya...]

--- 90 ---

[...t] Ki Jurutani | gupuh gurawalan mêthuk | radèn wus tundhuk asta | lan sira rêkyana patih | patih nabda kula dinutèng narendra ||

21. amondhongi jêng paduka | tuwin rayinta sang putri | margi ramanta sri nata | sampun patêmbaya nguni | sintên kang wagêd manggih | rayinta sang rêtnaningrum | sinung praja sasigar | ginanjar lênggah kinardi | prabu anom jumênêng salèring pasar ||

22. tuwin jêng kusumèng pura | pinaringakên tumuli | radèn aris awacana | timbalan dalêm kapundhi | sadrêmi anglampahi | ing karsa jêng sang sinuhun | kya patih angandika | sampun sumêlang nglampahi | anggèr kula kang nanggêl dhatêng paduka ||

23. radèn gya ngrasuk busana | ngagêm clana cindhe wilis | kampuh bathik latar krêsna | ukup byur kang renda rukmi | kuluk [ku...]

--- 91 ---

[...luk] mathak rêspati | răngka ladrang mèpèt nglambung | wêdhung wangun larangan | kampuh cinincing sawêntis | ciptanira dhandhang nuli praptèng praja ||

9. Dhandhanggula

1. sang lir rêtna ngrasuk busanadi | sinjang songkèt apênding kancana | sinotya byor têtirahe | rasukan bêrcèn murub | kasêmêkan wungu tinêpi | sêngkang panata brănta | sêsupe hèr laut | kadya hyang-hyanging bawana | sri kawuryan saèsthanira kang warni | lir Ratih kamanusan ||

2. Ki Janggala lawan Ki Janggali | kêkayangan dènira anyawang | mring bandara sakarone | kya patih gya umatur | mring dyan putra anggèr suwawi | sêdhênge sami jêngkar | sampun wancinipun | radèn tan lêngganèng karsa | tandya nitih turăngga sang dyah nèng joli | ingayap pra punggawa ||

3. sêsêk jêjêl jalu lawan èstri |

--- 92 ---

kang ningali sauruting marga | kêbêk kaèbêkan gêbèl | mangkana sampun rawuh | jroning praja wadya pangarsi | sri nata gupuh arsa | ngluwari kang kaul | awit watêsing jro kutha | praptèng pura sami sinêbaran sari | ginlaran sinjang pita ||

4. myang sagunging pradăngga ngrêrangin | tundha-tundha saurute marga | sêlane sinêling ronggèng | topèng tanapi angklung | reyog tuwin ringgit karucil | tontonan tan petungan | turut ing marga gung | janma kang sami umiyat | galur sêlur têkèng papan atap pipit | pêpêt puput mèt papan ||

5. tan antara wus praptèng sitinggil | mandhap saking titihan jêmpana | sarimbit lawan garwane | sigra sang maha prabu | lan kang garwa amalajêngi | rinangkul ingkang putra | kinuswa kang êmbun | kinêmpit lungayanira | kasoking

--- 93 ---

tyas sri nata lan pramèswari | têmah sami karuna ||

6. tuwin mantu tansah dèn tingali | rêsêp mulat nata lan kang garwa | dene ta wontên iribe | lawan sang rêtnaning rum | myang pasêmon datan kêkalih | gya kinèn lênggah jajar | risang lagya rawuh | sri nata anon ing putra | pêrak garwa saka kaluntur ingkang sih | têmahan angandika ||

7. dhuh sutèngong babo kaki Panji | nora nyana lamun arinira | ing warna akèh iribe | lan sira putraningsun | radèn nêmbah datan mangsuli | sri nata angandika | tampanana kulup | bumi pêparoning praja | lawan sira samêngko sun junjung linggih | dadya prabu taruna ||

8. wus ngestrenan undhanging narpati | dening para nayakaning praja | têtêp prabu nom adêge | pinacak puranipun [pura...]

--- 94 ---

[...nipun] | lèring pêkên pinggir bênawi | karan pura kaneman | gya sinung jêjuluk | Sri Mudha Dewa Kusuma | sumawana sira Ki Dhaèng Brêmani | jinunjung ingkang lênggah ||

9. dadya lurah gandhèk misesani | sinung nama Dyan Dêmang Urawan | rongatus cacah lênggahe | mangkana kang cinatur | Ki Andakasura samangkin | arsa ingukum kisas | măngka dosanipun | dènira umatur dora | ngakên-akên mêjahi panglima nguni | prabu nèm sru turira ||

10. angrarêpa mring rama narpati | sèwu-sèwu aksamèng narendra | dene kawula têmahe | purun lumawan atur | paran dadosirèng asisip | inggih pun Dakasura | katrap kukum lampus | sri narendra angandika | ya mulane Si Andakasura kaki | kênèng ukum palastra ||

--- 95 ---

11. awit dening gone wani-wani | matur dora mring jênêng manira | murang kramèku arane | lamun nora linampus | wong mêngkono amêmarahi | kaki mring kancanira | lawan turunipun | wong cidra marang narendra | iku pantês kalamun dèn ukum pati | prabu nèm matur nêmbah ||

12. lamun amung makatên kang sisip | datan pantês yèn katrap palastra | amung inggih prayogine | pinèt samurwatipun | tinimbanga ingkang rumiyin | sri nata angandika | bênêr sira kulup | sun turut saaturira | Dakasura winêdalakên tumuli | saking jro pakunjaran ||

13. sinung janji ayya dora malih | lamun pining kalih antuk siksa | Andakasura ature | sandika sagah mantun | nata sigra kondur mring puri | mangkana Dakasura | sakit manahipun [manah...]

--- 96 ---

[...ipun] | lolos saking wismanira | nêdya ngungsi dhatêng nagri Gilingwêsi | saanak rayatira ||

14. lampahira samana wus prapti | lajêng jujug ngarsaning narendra | kusung-kusung pasêmone | matur sarwi rawat luh | pramilamba sumiwèng aji | nêdya atur pariksa | ramanta sang prabu | mangke mundhut mantu kumpra | nampik dhatêng paduka sri narapati | ulun dahat murina ||

15. lawan langkung owêl ing sang putri | krama angsal arahan kewala | tur sarwa saru warnine | ing nguni-uni lamun | karsaa mring paduka aji | sayêkti tan kuciwa | iba pantêsipun | anampik jêng padukendra | têka milih tiyang papa tanpa budi | sri nata duk miyarsa ||

16. lir sinêbit talingane kalih | kang jaja bang amawinga-winga | awêngis pangandikane | Si Prabu Cêmpa bingung | nampik [na...]

--- 97 ---

[...mpik] nata ing Gilingwêsi | baya tan kulak warta | yèn ngong ratu agung | băndha bandhu sugih bala | yèn mangkono karêpe Si Cêmpa Aji | bêcik sun pukul ing prang ||

17. sri narendra ngandika mring patih | hèh ta patih sira dèn samapta | ing yuda samêngko bae | kumpulna wadyaningsun | saanane ayyana kèri | lan sira mirantia | gêgamaning pupuh | sun arsa ngrabasèng yuda | marang Cêmpa ambêbahak ngosak-asik | mring raja salah cipta ||

18. patih sandika sampun rumanti | kuda rata rakiting ayuda | jinum sajuru-jurune | sri nata sampun ngrasuk | kang busana agêming jurit | kya patih matur nêmbah | adhuh sang sinuhun | ing driya dipun sarănta | anggaliha susahing para wadya lit | prayogi sinarèhna ||

--- 98 ---

19. ing karsendra kang tanpa watawis | karya susahing wadya sadaya | yêkti kirang pakantuke | ngumbar sêrênging kalbu | datan urup lan kang pinurih | mung prakawis wanita | dede timbangipun | ngantos makatên punika | lêpat-lêpat yèn kasor anglêlingsêmi | ing karsa sri narendra ||

20. sri narendra mirêng turing patih | langkung duka kawistarèng netya | patih wus wikan sabêne | enggal angraup suku | mintaksama wus tan ginalih | sri nata ngasta gada | patih gya pinupuh | mêmêt wus dadi kunarpa | sri narendra angandika sêmu wêngis | saiki rasakêna ||

21. sira wani mambêng karsa mami | wontên mantri aran pun Sudarma | lan patih prênah arine | langkung murinanipun | arsa bela tinahên galih | sinamun samudana | sêsandi datan wruh | nanging [na...]

--- 99 ---

[...nging] osiking wardaya | benjang arsa malês ukum mring sang aji | nèng jroning pêpêrangan ||

22. sigra budhal sadaya lumaris | tanpa ngaso pêlakan samarga | gumêr gumêrah swarane | marma glis nuli rawuh | palabuhan ing Gilingwêsi | sang nata nitih sigra | palwa sawadya gung | winot sawahananira | gunggung palwa sadasa kamot prajurit | liyane palwa raja ||

23. lampahira rikat kênèng angin | saking wuri angidit tan kêndhat | mindha sêsawat lampahe | ing marga tan cinatur | sigra prapta plabuhan nagri | ing Cêmpa langkung pelag | pasang rakitipun | sigra sami labuh jangkar | nata enggal mundhut titihan sêkoci | sawadya minggah dharat ||

24. sigra karya pakuwon wus dadi | ambalabar lir samodra bêna | asri kawuryan [ka...]

--- 100 ---

[...wuryan] wangune | wadyanirambêk rusuh | anjêjarah ing sabên ari | tumpêsan rajakaya | kang băngga pinikut | kinarya pangewan-ewan | sakalangkung siasatirèng nrêpati | mring para wadyèng Cêmpa ||

25. otêr patêr gêtêr wadya tamping | sami ngili gèn gêgunungira | kèrid mring pura têmahe | wus katur mring sang prabu | lamun wontên mêngsah gêng prapti | sri nata langkung duka | gya nimbali sunu | wus prapta sinungan sabda | putraningsun apa tan ngrungu pawarti | yèn ana musuh prapta ||

26. narendra gung saking Gilingwêsi | trap pakuwon dhêndhêng nèng muara | rusuh sawadyabalane | kang putra langkung ngungun | sinung wikan rama nrêpati | tandyamit mapag yuda | undhang mring wadya gung | bupati mantri satriya | kêrig lampit pêpêt nèng bacira pipit | tan nêdya mundur ing prang ||

--- 101 ---

10. Durma

1. prabu anom manêmbah amit ing rama | ngandika sri bupati | kulup dèn prayitna | ayya sira pêpeka | mungsuhira iku kaki | ratu gêgala | Sang Prabu Gilingwêsi ||

2. nrêpa mudha alon aturirèng rama | kadanga jawatadi | inggih bêdhatia | dêdamêl sabawana | kawula tan nêdya miris | kalangkung suka | lamun tandhing ajurit ||

3. mapan sampun kasêdya èsthining driya | benjang têmpuking jurit | sami tandhing yuda | ijèn lawan kawula | nêmbah lèngsèr saking ngarsi | nrêpati mudha | kampir amit ing rayi ||

4. praptèng dalêm pinapag mring garwanira | dhuh kangmas adipati | kula nyuwun warta | paran gêdêring jaba | wontên mêngsah saking pundi | nararya nabda | saka ing Gilingwêsi ||

5. sang dyah matur inggih pun Andakasura [Anda...]

--- 102 ---

[...kasura] | ingkang karya prakawis | margi nguni gadhah | sir dhatêng ing kawula | kang raka ngandika aris | ayya rinasa | sabarang ingkang uwis ||

6. balik iki mêngko upama sun kalah | kaboyong sira pasthi | sang dyah angandika | pan sarwi angujiwat | kang ora-ora ginalih | mundhak mêmaras | akarya walangati ||

7. prabu anom sigra angrasuk busana | kapraboning ajurit | angagêm makutha | pinatik nawa rêtna | barunging praba marnani | abra markata | kadya wimbaning rawi ||

8. ngagêm clana gubêgan cindhe puspita | tinêpi renda kuning | kampuh parangkarna | mawi nyothe curiga | yèn sinawang tuhu kadi | Sang Suryaputra | sêdhênging mangun jurit ||

9. sampun budhal kang para wira balabar | lir robing jalanidhi | sang nrêpati

--- 103 ---

mudha | anitih kang turăngga | sinung aran Sêkar Gambir | binarong pelag | gêdhah linungsir-lungsir ||

10. ingkang munggyèng pangarsaning pra wiraswa | Dêmang Urawan nênggih | Janggali Janggala | nèng wuri numpak kuda | bêlang buntal suri malik | kèh medanira | Janggala jêrit-jêrit ||

11. sampun prapta pasisir pêrak muara | mêngsah sami mangèksi | gya angrakit gêlar | mungsuh rowang sawega | munya têngaraning jurit | mungsuh lan rowang | surak sarosa atri ||

12. ing payudan kadya têdhuh alimêngan | mimis saengga riris | krêcêking warastra | myang krêbêting kang dwaja | sasat bêntaring wiyati | padha sudira | kang aprang mamrih tandhing ||

13. ana nyuduk-sinuduk pêdhang-pinêdhang | wênèh bindi-binindi | ana ta prawira | sumbaga wirutama | mangsah mung

--- 104 ---

asta kumitir | manguntir mêngsah | siwat-siwut kèh sêbit ||

14. wadyèng Cêmpa lir sima krura mamăngsa | kotbuta manrangwèri | mangamuk arampak | gosok godhi kang tumbak | gumulung kiwul paksa mrih | marwasèng mêngsah | sasat kang banjir wukir ||

15. larut gêmpang wong Gilingwêsi kasêrang | lumayu rêbut urip | prabu nèm sakala | amêlak kang turăngga | Dêmang Urawan ningali | yèn narpa mudha | umangsah gya tut wuri ||

16. Sri Narendra Gilingwêsi karepotan | tinilar dening dasih | tandyarya sudarma | marêki prabunira | dènirarsa malês maring | pêjahing raka | nênggih rêkyana patih ||

17. sri narendra datan anyana ing driya | dene wadya pribadi | sudarma saksana | anarik kang curiga | ginoco [gi...]

--- 105 ---

[...noco] jajaning aji | kagyat aniba | nudingi sarwi angling ||

18. paran dosaningsun sira kaniaya | sudarma nabda wêngis | sira ratu murka | druhaka siya-siya | matèni wong tanpa sisip | sadulur ingwang | iya si kakang patih ||

19. tanpa dosa têka sira kaniaya | tur mawèh tutur jati | tan kogugu malah | sinulah tanpa prênah | ratu buwang kramaniti | marmane iya | rasakna ing samangkin ||

20. pan kasaru prabu nèm ing praptanira | sang nata gya ngêmasi | prabu nèm ngandika | hèh sira iku sapa | dene ta wani matèni | mring naranata | tur ratumu pribadi ||

21. nêmbah matur sira Ki Arya Sudarma | milamba amêjahi | mring nata punika | margi sadhèrèk kula | pinêjahan tanpa [ta...]

--- 106 ---

[...npa] sisip | têtêp punika | ratu druhakèng bumi ||

22. lêpatipun inggih sadhèrèk kawula | mambêngi karsèng aji | ingkang dhatêng murka | niaya siya-siya | kang tumanduk mring wadya lit | têka dèn lunas | tan mawi krana aris ||

23. dadya mangke kawula malêskên kadang | kang sampun dèn pêjahi | natamba punika | dhasar salaminira | mahambêk duskarta yêkti | singa mrih arja | tamtu datan kinanthi ||

11. Kinanthi

1. prabu nèm ngandika arum | paran watêke ing nguni | ratunira pratelakna | dèn balakaa ywa kikib | wêwatêk wantuning karsa | duk anèng prajane nguni ||

2. Arya Sudarma umatur | mangke kawula ngupadi | inggih sêksi ingkang sêca | yèn amung kawula inggih | umatura kathah-kathah | têmahipun tanpa kardi ||

--- 107 ---

3. manawi kaparêng ulun | badhe nglêmpakkên rumiyin | wadya kang sami lumajar | prabu nèm anayogyani | sigra wau tinimbalan | prawira ing Gilingwêsi ||

4. wus marpat ngarsa supênuh | sagung ingkang para mantri | sakarine ingkang pêjah | prasamya anungkul aris | mring sri mudha wirutama | ngaturkên kang pati urip ||

5. Arya Sudarma gya matur | mangsuli caritèng ngarsi | lagu lêlageyanira | Sri Narendra Gilingwêsi | dènira dir siya-siya | mring wadyanira pribadi ||

6. makatên nguni pukulun | watêkipun sri bupati | ing Gilingwêsi nalika | jumênêng ngasta nagari | langkung saking murangkrama | ambawa karsa pribadi ||

7. sabên ari karêmipun | ngabên ayam tuwin jangkrit[8] | maesa lêmbu myang menda | trêkadhangan ngabên janmi | sami [sa...]

--- 108 ---

[...mi] cinêpêngan rotan | punika yèn pajar sasi ||

8. sawênèh ingabên gêlut | kang ajrih dipun pêjahi | kang wantêr datan ginanjar | kang kawon dipun pisakit | kang mênang mung sinung wedang | sacangkir tan mawi gêndhis ||

9. lamun karsa ngabên lêmbu | amundhut darbèking alit | pan botên mawi tinumbas | yèn ngucik dipun pêjahi | kalamun sêngit sujanma | tan sampun yèn tan ngêmasi ||

10. narendra murang mring kukum | dosa agêng miwah alit | tan pinangkat kang pidana | angagêm karsa pribadi | pra nayaka tanpa karya | ing karya mung ngrèh wadya lit ||

11. tuwin lamun wontên wadu | darbèstri ragi mancêning | lakinira pinêjahan | rabi konjuk mring sang aji | makatên laguning karsa | Sri Narendra Gilingwêsi ||

--- 109 ---

12. pami lulus yuswanipun | tansah prihatos ing bumi | narendra nèm angandika | hèh kisanak Gilingwêsi | caritane Si Sudarma | iku apa ta sayêkti ||

13. sêsarêngan aturipun | para mantri Gilingwêsi | dhuh gusti lêrês sadaya | samêndhang tan wontên sisip | turipun Arya Sudarma | têtêp datan angewahi ||

14. Sri Gilingwêsi kalangkung | siasatirèng wadya lit | sasat ama amêmăngsa | sangsaya saari-ari | mungkar tangkaring angkara | karana bucal palupi ||

15. amung lamun ginagunggung | sukaning driya tan sipi | nging kang gunggung tan ginanjar | malah yèn kêmba sakêdhik | pun juru gunggung sakala | kinalewang kawir-kawir ||

16. măngka wontên mantri purun | atur pèngêt mring sang aji | supados sampun kadawa | ing karsa datan prayogi [prayo...]

--- 110 ---

[...gi] | sri nata lajêng bramantya | kang matur jinuwing-juwing ||

17. sukur mangke têmah surut | suda panggrêsahing alit | èstu Ki Arya Sudarma | benjang lamun praptèng nagri | kinaulan tiyang kathah | dèn pisusung[9] siyang latri ||

18. narendra amba pukulun | dados satruning wadya lit | awit kathah kang sumêlang | bok têmah katrap pisakit | dening nata murangkrama | prabu nèm ngandika aris ||

19. wis aja padha winuwus | apan ta wus têmah lalis | kari paran pikirira | samêngko padha sun tari | umatura dèn prasaja | kang dadi kêncênging budi ||

20. para mantri rêmpêk matur | kêdah sami nyuwun ngabdi | dadosa pamong turăngga | datan garantês ing kapti | amung pun Arya Sudarma | katanêma Gilingwêsi ||

--- 111 ---

21. pantês jumênênga ratu | wit sabar wiyar kang budi | tur maksih darah narendra | buyut Raja Gilingwêsi | ingkang jumênêng ing kina | kontap lamun ratu adil ||

22. ing mangke yakti tumurun | kautamaning pambudi | tuwin ta Arya Sudarma | punika ingkang mêjahi | narendramba ingkang murka | gung karya rusaking budi ||

23. prabu nèm ngandika arum | ya ingsun bakal nuruti | mring karsanira sadaya | nanging dèn sarantèng kapti | katêmu buri kewala | payo mring jro kutha dhingin ||

24. sun sebakkên mring sang prabu | sakancanta Gilingwêsi | kèrida dening sudarma | aturira para mantri | sandika datan suwala | ing rèh sapakèn jêng gusti ||

25. Ki Arya Sudarma sujud | saprikancanira mantri | prasêtya srah jiwa

--- 112 ---

raga | mring sang wira jayèng jurit | suka sinunga pakaryan | tan suwalèng siyang ratri ||

26. prabu taruna gya dhawuh | têngara budhal lumaris | gong bèri tinabuh sora | wau wadya Gilingwêsi | sagung gêgamaning yuda | sampun sami dèn bongkoki ||

27. măngka pratăndha panungkul | Arya Sudarma kang ngirid | sigra sang prabu taruna | amiji mantri tinuding | atur uninga narendra | lamun wus unggul kang jurit ||

28. kang dinuta nandêr mamprung | ing jro kitha sampun prapti | sri nata ngaturan priksa | yèn putra unggul ing jurit | sigra ngrasuk kang busana | sakaprabonira mijil ||

29. nitih dipăngga gêng luhur | pinalanan sarwi wilis | mêlês amardapa wrêda | sumunar kang songsong asri |

--- 113 ---

sampête kang upacara | garêbyêg ing ngarsa wuri ||

30. lêlayu anglir kêlayu | kalulun kelut sang aji | dwaja panjrah urut marga | margil kang kêndhang gong bèri | srawungan swaraning gurnang | thongthonggrit kêkêlèng sruni ||

31. sira sang juwitaningrum | dumulur mapag ing laki | kasusu arsa uninga | ing warna sang jayèng jurit | kayapa solahe baya | kang binayang boyong putri ||

32. titihanira sang ayu | jêmpana rinênggèng rukmi | tan pati ngadi busana | amung lugas amarnani | prandene lawêning cahya | ngasorkên langên sabumi ||

33. kèh wadoning pra tumênggung | punggawa satriya mantri | kalayu sang kadi rêtna | saking dènirarsa ngèksi | mring laki kang mêntas yuda | prasamya wahana joli ||

--- 114 ---

34. ing samarga galur-sêlur | tandhu tundha-tundha kadi | lampahe pangantèn anyar | găngsa sauruting margi | saengga wiwahanira | mangkana ta sampun prapti ||

35. ing pakuwon sri winangun | prabu nèm sigra ngabêkti | nulya dyah sêkaring pura | mring pangran raka ngabêkti | langkung onêng-ingonêngan | kang lagya sami pêpanggih ||

36. sang narendra wrêda anggung | mêmuji sang jayèng jurit | aris dènira ngandika | dhuh putraningsun wong sigit | tan loro paraning trêsna | mung sira atmaja mami ||

37. kaki bangêt panrimèngsun | sira bangkit berat wèri | lan dahat sokur manira | iya mring Hyang Utipati | dene paring parimarma | karahayonira sami ||

38. paran ta wartane kulup | duk sêdhêng [sê...]

--- 115 ---

[...dhêng] ramening jurit | prabu anom matur nêmbah | makatên purwaning nguni | nêdhêng kèngsêre kang mêngsah | Sri Narendra Gilingwêsi ||

39. badhe ngungsi dhatêng prau | kasêlak dipun pêjahi | dhatêng wadyane priyăngga | pun Arya Sudarma nami | wit malêskên kadangira | linunas dènnya mambêngi ||

40. limrah sami aturipun | pra nayaka Gilingwêsi | ngawonkên mring prabunira | sinêbut sri datan adil | dene kang pinuji tan lyan | amung pun Sudarma yêkti ||

41. pramila panuwun ulun | lamun pinarêng ing galih | prayogi yèn pun Sudarma | ingadêgkên narapati | wontên Gilingwêsi praja | rèhne ta sampun pinilih ||

42. kang rama ngandika arum | sarèhêna dhingin kaki | nora gampang karya raja | kudu pinikir kang slêsih | bok [bo...]

--- 116 ---

[...k] ing wuri gawe susah | aja dumèh sira asih ||

43. mêngko yèn wis dadi ratu | angèl panglungsure kaki | bêcike nganggo cinoba | ingadêgkên patih dhisik | sinawang saka kadohan | yèn bisa jinunjung aji ||

44. lan manèh pamikir ingsun | Si Sudarma iku kaki | kêna dosa ing nagara | gone wani amatèni | ya marang narendranira | bênêre iku tan kêni ||

45. sanadyana ratunipun | murang marang para adil | bênêre mung linungsura | iya karatone kaki | iku kudu sabipraya | lan para nayaka sami ||

46. kang lumrah mangkono kulup | mungguh lêlakoning mantri | iki têka buwang nalar | wani matèni nrêpati | marma saka karsaningwang | samono pan wus mantêsi ||

--- 117 ---

47. patih tan rinèh ing ratu | iku wus sasat nrêpati | măngka bêcik karyanira | dènira angrèh nagari | ing kono sêdhênge iya | ingadêgkên narapati ||

48. prabu nèm alon turipun | lêrês pangandika aji | tumraping dhatêng wiradat | kawula kalimput yêkti | de kirang titipariksa | nalar anggêring nagari ||

49. saking maksih mudha punggung | dadya ing driya kalêmpit | tan mulur ngulari nalar | kasêsa karoban ing sih | ngicalakên subasita | tan mawi wêweka wingking ||

50. ing mangke sumăngga ulun | ing karsa jêng sang dewaji | iya nging panjaluk ingwang | nganggo ngaturna prajanji | sêtyaning amêngku praja | supaya bisa lêstari ||

51. lawan ta sabanjuripun | ingkang jêjêg [jê...]

--- 118 ---

[...jêg] marang adil | amrih karêksaning praja | myang tata têntrêming alit | yèn darbe tindak sawênang | nayaka wajib sung peling ||

52. mring nata kang ambêk rusuh | sung panggrêsahing wadya lit | marga kurang adilira | nganggo karêpe pribadi | yèn tan kêna pinambêngan | para nayaka dèn aglis ||

53. nyuwuna salin mring ingsun | aja nganggo walangati | têmtu sun paring parentah | êndi ta ingkang pinilih | ing akèh umadêg nata | nanging kang turun nrêpati ||

54. nadyan putu tuwin buyut | canggah iya misih kêni | amung aja milih darah- | ing alit nora prayogi | watêk turuning asudra | sayêkti maksih nglabêti ||

55. yèn kêbanjur madêk ratu | watake maksih nglabêti | ardaning kang manah [ma...]

--- 119 ---

[...nah] prapta | ambuwang wêlas lan adil | lir Gilingwêsi Narendra | pinadhêm dasih pribadi ||

56. kinarya pèngêt tan patut | Sri Narendra Gilingwêsi | siniksa wadya priyăngga | kunarpa tan dèn rumati | kang putra suka miyarsa | kalunturan sabda aji ||

57. undhang ing wadyarsa kondur | gong bèri munya swaratri | kêbut saha wadyakuswa | sang rêtna wus nitih joli | sri nata nitih dipăngga | pinalanan sarwa asri ||

58. prabu anèm munggèng pungkur | nitih turăngga rêspati | binusanan kancana bra | mêndha pan mêdhar sêsirig | anut iramaning găngsa | urmatan saurut margi ||

59. kunêng lampahirèng ênu | wus prapta jroning nagari | gumuruh swaraning găngsa | pelog slendro carabali [cara...]

--- 120 ---

[...bali] | wurahan swaraning janma | ingkang samya nêningali ||

60. hyang pratănggapati surup | ginantyan wimbaning sasi | praba mubyar kêkêncaran | sêdhênge purnamasidi | padhange kadi raina | dening ujwalaning rati[10] ||

61. sri nata rawuh kêdhatun | lajêng lênggahan mandhapi | sadaya samya sumewa | satriya punggawa mantri | tuwin wadya têtêlukan | kang saking ing Gilingwêsi ||

62. prabu nèm ngandika arum | mring Patih Cêmpa nagari | paman kula benjang-enjang | dinuta ing sri bupati | misudha mantri wisesa | ing nagari Gilingwêsi ||

63. kănca andika sawêgung | kadhawahan sami nangkil | kinèn sami ngèstrènana | ingkang winisudha ing sih | pantêse kang pakurmatan | kula pasrah paman patih ||

64. pun Sudarma namanipun | kang badhe [ba...]

--- 121 ---

[...dhe] jinunjung linggih | kya patih matur sandika | sigra kang sumewa sami | dhinawuhan lir kang dadya | dhawahing prabu taruni ||

65. narendra putra gya kondur | kanthèn asta lan kang rayi | ginarbêg parêkanira | sampat saupacara sri | kawuryan ing lampah kadya | Sang Hyang Asmara sarimbit ||

12. Asmaradana

1. kunêng tan winarnèng ratri | praptenjang nêmbang têngara | sabên nayaka wismane | thong-thong grit gong bèri lawan | kang puksur sêsauran | tăndha têngara dhêdhawuh | ngumpulkên pra wadyabala ||

2. gumêr gumêrah kang nangkil | marpat nèng bacira tantra | sawega sagêgamane | lêlayu lawan bandera | rontèk rantab ing ngarsa | minăngka wiwahanipun | ingkang arsa winisudha ||

3. narpatmaja arsa nangkil | ginarbêg [ginar...]

--- 122 ---

[...bêg] punggawanira | asri kawuryan lampahe | praptèng pagêlaran lênggah | tantara ingkang rama | miyos rawuh sitiluhur | pinarak ing dhampar dênta ||

4. prabu nèm dènira nangkil | anèng kananing palăngka | patih ngarsa samantrine | narendra mudha ngandika | hèh paman Patih Cêmpa | lamun sampun sami kumpul | saprikănca pêkênira[11] ||

5. pun Sudarma dipun aglis | nuli jêngandika bêkta | sumiwèng ngriki samangke | lan sapirantose pisan | busana kapatihan | kya patih nêmbah umatur | anggèr pan sampun samapta ||

6. kya patih sasmitèng wuri | Sudarma sampun binêkta | umarêk ngabyantarane | ingayap para nayaka | tuwin mantri punggawa | saha saprikancanipun | ing Gilingwêsi sadaya ||

--- 123 ---

7. wus banjêng munggèng sitinggil | prabu anèm madêg sigra | dhawuhakên timbalane | sora sarèh kang wicara | hèh sagung pra nayaka | saking asmanta sang prabu | namtokkên mring Si Sudarma ||

8. ing mêngko jinunjung linggih | kinarya patih wisesa | nèng Gilingwêsi prajane | ingkang sarta kaarana | Klana Suraludira | marmanta sinung jêjuluk | mangkono ing têgêsira ||

9. basa sura iku wani | ludira têgêse darah | wani pêrang sanyatane | sigra sinung kang makutha | pratăndha mêngku praja | sinêngkakakên mring luhur | bineda pangwasanira ||

10. wus lênggah jajar lan patih | Suraludira nèng kiwa | wadya Gilingwêsi kabèh | dadya tyas kalangkung suka | dene ta Sang Sudarma | mangkya wus têtêp amêngku | anèng Gilingwêsi praja ||

11. tantara bujana mijil | dinum mring

--- 124 ---

wadya sewaka | nata jêngkar mring purage | luwaran ingkang sumewa | Patih Suraludira | kalilan ngaso mring kuwu | sawadyanira sadaya ||

12. Kyana Patih Gilingwêsi | tansah dènira sumewa | mring prabu anèm sêdyane | nyuwun pitêdah kang nyata | caraning mêngku praja | salaminira pan anggung | winulang rèh karaharjan ||

13. samana sami pêpanggih | nèng dalêming siwayendra | prabu anèm andikane | mêngko wus sêdhênge kakang | mulih mring prajanira | ananging ta wêkas ingsun | poma sira dèn prayitna ||

14. lire wong mêngku nagari | lamun adil paramarta | alus lulus pamêngkune | dumadi karta kang praja | yèn ambêk siya-siya | sayêkti akarya kisruh | rêrusuh dumrunuh prapta ||

15. kaya upamane kali | yèn lêtuh [lê...]

--- 125 ---

[...tuh] sêsirahira | sayêkti buthêk iline | kongsi sapangisor pisan | yèn wêning kang sêsirah | ilining we kang saèstu | amilu wêning sadaya ||

16. mangkono mungguh nrêpati | sarat sarèh saniskara | supadya alus êmpane | parentah tanduking prana | pranatanirèng wadya | budi angkara wèh wurung | graita kang mrih utama ||

17. wong ulah nalar upami | lir janma ngulig turăngga | kudu rigên myang talatèn | dènira mrih pangajaran | ywa kongsi kurang pakan | kang minăngka boganipun | tan lyan mardi martotama ||

18. yèn turăngga kurang bukti | tuwin ta kopène kurang | sayêkti gêlis bobroke | kaya upamane prana | kurang prihatinira | tuwin ta tarimanipun | sayêkti glis tibèng papa ||

--- 126 ---

19. marma wong mêngku nagari | gêdhe cilik nora beda | ing pangolah wêwadine | upama kurang prayitna | dènira mêngku wadya | nora wurung tibèng luput | kalêmpit atêmah nistha ||

20. sarate wong arsa adil | kudu karêm mupakatan | lawan pra niyaka kabèh | nimbang sakèhing prakara | myang sagunging dêdosan | yèn pratitis êmpanipun | sumrambah nglabêti praja ||

21. ana têpaning palupi | Nata Gilingwêsi ika | angagêm karsane dhewe | nora rêmên têtarenan | sakèhe kang kinarsan | karsa pribadi jinurung | kadlurung tibèng bêbaya ||

22. Kyana Patih Gilingwêsi | prastawèng driyantuk têdah | pangolah praja lajêre | manêmbah alon turira | ing parimarma tuwan | mugi-mugi dasihipun | sagêda anglampahana ||

--- 127 ---

23. pamintamba mring Hyang Widi | mugi sagêd nampènana | wulang tuwan sadayane | lêstantuna ing salama | dumulur ing sakarsa | dadosa jêjimat ulun | ing sabda sri nata mudha ||

 


sêrênging. (kembali)
têbih. (kembali)
karsa. (kembali)
sanjata. (kembali)
lingnya. (kembali)
parangmuka. (kembali)
kintakane. (kembali)
jangkrik. (kembali)
pisungsung. (kembali)
10 ratri. (kembali)
11 pakênira. (kembali)