Kumpulan Dongeng, Dawud, c. 1890, #123 (Hlm. 079–158)

Judul
Sambungan
1. Kumpulan Dongeng, Dawud, c. 1890, #123 (Hlm. 001–079). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Dongeng.
2. Kumpulan Dongeng, Dawud, c. 1890, #123 (Hlm. 079–158). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Dongeng.
Citra
Terakhir diubah: 19-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

III. Layang Dongènge Wong Kuna

Kaimpun dening: Mas Harjasaputra, mantri guru ing Klathèn.

--- [80] ---

[...]

--- [81] ---

Bêbuka.

Saka caritane wong tuwa-tuwa, wong kuna iku isih akèh kang bodho-bodho sarta gugon tuhon bangêt, jalaran saka iku lêlakone akèh kang anèh-anèh. Saking anèhe nganti dadi dongèng. Mungguh dongèng-dongèng iku akèh kang nglêngkara, nanging karêpe kang nganggit ora pisan nêdya akon pracaya marang kăndha kang ora tinêmu ing nalar iku, ing sabalike kang nganggit bangêt pangudine murih sirnaning kapracayan marang nalar kang mokal-mokal iku, awit sing sapa isih pracaya marang bab kang mangkono iku, pratăndha isih cèthèk kawruhe. Mulane: bocah-bocah, padha ewaa marang pangandêle wong cupêt ing budi iku.

Dongèng mau padha dilêluri dening wong ing desa-desa nganti saprene, mèh sabên sore didongèngake marang anak-anake. Bocah-bocah bangêt sênênge angrungokake, [a...]

--- 82 ---

[...ngrungokake,] nganti mèh padha lali ing wayahe turu. Mungguh dongèng-dongèng mau satêmêne akèh kang rèmèh-rèmèh, nanging ana uga paedahe, yaiku kajaba kanggo ambungahake ati kêna dianggo wêwaton anyumurupi kaanane wong ing jaman kuna sathithik-sathithik.

Kang nganggit: Harjasaputra.

--- 83 ---

1. Gaga Awoh Êmas.

Ana sawijining wong desa bangêt kêsède. Anuju ing sawijining wêktu, mangsane wong anggarap alas, tăngga-tanggane wong desa mau sabên dina padha kêbut mênyang alas, dhèwèke tansah angenak-enak, pijêr têturon kambi ura-ura bae. Bojone ora bêtah anyawang lêkase sing lanang mangkono iku, anuli nyêdhak karo calathu, têmbunge:

Bapakne thole, kowe iku wong lanang têka kêsèd têmên, kancane padha ribut nyambut gawe têka tansah kalongkongan rêrêpèn bae, sing koandêlake apa, suprandene ora, kowe iku, anggêpe kaliwat-liwat, nyandhang dhêmên sing apik, mangan kurang sathithik bae nêpsu, wong wadon diundhamana.

Sing lanang anyauri: O, bokne thole, dadi aku kopurih nyambut gawe, iya ta, sesuk aku dak mênyang alas.

Esuke wong kêsèd mau lunga mênyang ing alas têmênan, sarta wiwit nalika iku sabên esuk mêsthi mangkat mênyang alas [a...]

--- 84 ---

[...las] anggawa pirantine, kaya ta: pacul, arit, pecok, pêthèl sapanunggalane, ora tau gothang. Nanging satêkane ing alas ora nyambut gawe kayadene kănca-kancane, mung pijêr kalekaran bae ana ing sangisoring kayu gêdhe kang ayom. Mêngko sore manawa kănca-kancane padha mulih dhèwèke milu mulih. Sing wadon ngira yèn sing lanang ana ing alas nyambut gawe têmênan.

Barêng tăngga-tanggane wus padha wiwit uwur gaga, wong kêsèd tumuli ngatag marang kang wadon dipurih luru pari dianggo wiji, calathune: Êmbokne thole, olèhku macul wus rampung, saiki kowe satiyara winih.

Kang wadon anuli lunga golèk pari, ora suwe mulih sarta wis olèh, calathune marang sing lanang: Bapakne thole, gilo aku wis olèh winih anggonku utang bok ayu êlor kono.

Sing lanang amangsuli: Iya bokne, dokokna ing gandhok kana, sesuk bae dak gawane mênyang ing alas, dak tanjakne.

--- 85 ---

Esuke winih kagawa mênyang alas, satêkane ing alas nuli kaêbrukake dadi siji ana ing luwangan tilas dhudhukan uwi, ora ditanjakake kaya kang akèh-akèh. Sawise mangkono banjur ditinggal mulih ora tau ditiliki.

Gancanging carita gagane tăngga-tanggane wus padha tuwa-tuwa, kapara wus ngarêpake panèn. Dene tandurane wong kêsèd mau iya padha thukul, ananging ora jêbul-jêbul. Wasana ana tanggane siji kang anggraita: gagane si anu iku têka anèh têmên, wus lawas anggone katon padha mêtêng têka ora jêbul-jêbul, iku apa sababe, coba dak tilikane. Gaga anuli kacoba sauwit dipalêthèk, wasana ing jêro katon ana isine êmas, sanalikan kang niliki kagèt sarta bangêt ing gumune, sajroning atine: e, aèng têmên, ana gaga kathik mêtêng êmas, layak ora jêbul-jêbul. Cikbèn, sing duwe dak apusane bae, gagane dak ijolane gagaku sakêdhok, mêsthi dhèwèke awèh, amarga dhèwèke ngira yèn gagane [ga...]

--- 86 ---

[...gane] ora bakal bisa awoh lan ora nyana pisan-pisan manawa bisa awoh êmas.

Sorene wong mau enggal anêmoni kang duwe, calathune: Kang, kang, dika niku nênandur têka dika uwakake mawon, botên tau dika tiliki, kêpripun bisane awoh.

Wangsulane wong kêsèd: Napa ênggih, botên bisa awoh.

Tanggane calathu manèh: E, dika têka maido, dawêk ta, dika tiliki, awoh malih yèn awoha, uripe mawon mung urip-uripan, tansah kêndap-kêndip. Êmpun ta kang, kula ijolane gaga kula mawon sakêdhok, lowung mêtu-mêtu sabawon tinimbang dika botên panèn. Dene gaga dika ajêng kula êrit mawon kula damêl nêdhèni lêmbu.

Wong kêsèd bungah ngrungu têmbunge tanggane, calathune: Ênggih dhi, dika lironi, têlungane dika sing gagane ămba.

Kalêksanan gaga kang awoh êmas diijoli nuli diêriti [di...]

--- 87 ---

[...êriti] dijupuki êmase, andadèkake sugihe kang ngijoli. Barêng wong kêsèd mau krungu pawarta yèn gagane awoh êmas bangêt gêtune, têmahan anutuh-nutuh ing awake dhewe amarga saka kêsède.

__________

2. Caritane Manuk Êmpritgantil

Kacarita ana sawijining manuk êmprit sênêng-sênêng angumbara ing awang-awang, andêlêng talatahing nagarane, saking bungahe atine, têmahan sirna kaprayitnane, lakune kablasuk têkan ing tanah sabrang. Manuk êmprit bangêt susahing ati, amarga lagi sapisan iku ngambah ing kono, dadi durung wêruh prênah-prênahane sarta durung duwe mitra karuh, apamanèh kêrêp kaluwèn jalaran ing kono larang pari. Măngka arêp mulih mênyang tanah Jawa ora wani sarta ora kèlingan dalane. Wasana anyêkukruk, mlangkring ing êpanging kayu gêdhe ora lunga-lunga.

Kabênêran ing kono ana manuk êmpritgantil siji pinuju sêsaba, barêng wêruh ana manuk seje nuli dicêdhaki [di...]

--- 88 ---

[...cêdhaki] alon-alon sarta diwaspadakake. Osiking atine: manuk iki mêsthi dudu bangsane manuk ing kene, nanging yèn dak sawang wujude kaya-kaya mèmpêr bangsaku, hèh, mêsakake têmên, yagene nganti kasasar têkan ing kene. Manuk êmprit kang lagi liyêr-liyêr ngantuk, kasilir ing angin anuli mêlèk. Sanalika kagèt dene ing sandhinge ana manuk liya, banjur takon kambi angasih-asih, têmbunge: Dhuh kisanak, muga aja andadèkake sêriking atimu, aku takon ing kowe, kowe iku bangsane manuk apa, karodene manèh manuk adi, mungguh pulo iki pulo apa arane.

Kang tinakonan amangsuli: O, kowe takon aku, iya aku iki kang aran êmpritgantil, dene pulo iki diarani pulo Pêrcah, iya pulo Sumatrah. Lah balik kowe bangsane manuk apa, sarta saka ing êndi pinangkamu.

Wangsulane: Andadèkna sumurupmu, aku iki bangsane êmprit, asalku saka ing tanah Jawa, mulane aku nganti [nga...]

--- 89 ---

[...nti] têkan ing kene sababe mangkene: anjuju sawijining wêktu aku sênêng-sênêng angenggar-enggar ati, kalangan ana ing awang-awang andêlêng kaanane nagara tuwin alas-alas, wasana saking kurang wêwekaku aku kêsasar têkan ing kene iki.

Êmpritgantil acalathu: O o, mêsakake têmên kowe êmprit. Wis ta, mangkene bae, sarèhne kowe ana ing kene ora duwe sanak kadang, yèn kowe gêlêm dak êpèk sadulur, manjinga dadi kadang sinarawèdi, dhasar rupamu iya wus mèmpêr karo rupaku, bêgja cilaka mangan ora mangan karo aku.

Êmprit amangsuli manis: O, iya bangêt andadèkake bungahing atiku dene kowe duwe rêmbug mangkono, prasasat kajugrugan gunung mênyan manawa kowe sudi ngaku sadulur marang aku. Nanging sumurupa, yèn aku koajak brayan urip ana ing tanah kene ora bisa, amarga ing kene dak sawang-sawang larang pangan, seje karo tanahku kana. Tanah Jawa iku loh jinawi, tulus kang sarwa tinandur. Rêmbugku yèn [yè...]

--- 90 ---

[...n] kowe pancèn têmên-têmên dhêmên asaduluran karo aku, ayo padha ngalih marang tanah Jawa bae. Ana ing kana arêp anjaluk sing kaya apa kowe besuk bisa kasêmbadan. Apa arêp manganggo kang sarwa adi, apa arêp mangan kang sarwa enak. Cêkake besuk kowe bakal bisa angrasakake mukti wibawa, urip aruntung-runtung karo aku.

Êmpritgantil kakênan ing ati krungu rêmbuge si êmprit, dhasar dhèwèke wus kêrêp krungu pawarta yèn tanah Jawa iku rêja lan murah pangan. Mulane sanalika amiturut, gêlêm kaboyong mênyang tanah Jawa. Satêmêne kandhane manuk êmprit mau nyata bênêr, ing tanah Jawa murah bêras pari, nanging mungguhing êmpritgantil ora kêna diarani murah pangan, amarga dhèwèke pangane ulêr, dudu pari. Mulane barêng wus kalakon ana ing tanah Jawa bangêt kaduwunge, manuk êmprit dianggêp anjalomprongake. Rina wêngi êmpritgantil anggolèki êmprit kambi anguwuh-uwuh: êndi bocahe, êndi bocahe. Prit, prit, prit,

--- 91 ---

thir .... Mangkono unine manuk êmpritgantil nganti saprene. Malah saka caritane wong sing wis padha anitèni êmpritgantil iku kongsi saprene ora bisa gawe susuh, amarga ora wêruh cara-carane ing kene.

Wasana carita ing dhuwur iki êmbuh bênêr êmbuh ora aku mung sadêrma animbalake.

__________

3. Akale Pangon.

Ana sawijining răndha sugih, bangêt cêthile. Saking cêthile ora tau mangan kang enak-enak lan nyandhang kang bêcik-bêcik. Dhèwèke duwe pangon siji isih bocah, iku kang pinitaya angrumat kêbo sapine.

Nyai răndha pangrêngkuhe marang pangone siya bangêt, kêrêp disrêngêni, yèn mènèhi pangan ora tau warêg tur sêgane abang gabah arang, lawuhe ora liya mung jangan, sambêl lan kuluban, măngka pagaweyane abot bangêt, amarga mung bocah siji ngupakara kêbo sapi sapirang-pirang.

--- 92 ---

Anuju sawijining wêktu bocah mau ambudidaya kapriye bisane kalakon digumatèni lan diêsihi ing bêndarane. Wasana nêmu akal, ing wayah sore dhèwèke munggah ing êpyan, anuli mapan ana ing sadhuwuring paturone bêndarane ora obah-obah. Barêng wus liwat têngah wêngi, mangsane sêpi uwong banjur gawe suwara angêgèt-êgèti: grobyag, grobyag. Nyai răndha kagèt anuli takon:

Sapa, sapa iku ya.

Pangon anyauri suwarane digawe-gawe amindha-mindha dhanyang, têmbunge: A ... ku.

Nyai răndha takon manèh têmbunge krama suwarane wel-welan amarga saka wêdine: Aku sintên.

Wangsulane kang mindha dhanyang: Aku kang ambaurêksa ing desa kene.

Nyai răndha acalathu: O inggih, inggih, wontên kaparêng sampeyan punapa kyai, têka dalu-dalu rawuh ing ngriki.

Wangsulane: Mêngko ta, bok răndha, aku dak kăndha [kă...]

--- 93 ---

[...ndha] rungokna. Kowe sumurupa ya, satêmêne pangonmu iku kêkasihku, mulane aja kosiya-siya, bêcik gumatènana, tukokna sandhangan sing bêcik-bêcik, yèn mènèhi cadhong sing akèh, lawuhe sing enak, aja kêrêp-kêrêp kosrêngêni. Poma kandhaku iki lakonana, yèn kowe ora ngestokake kang dadi prentahku, kalakon rajakayamu dak tumpês kabèh.

Nyai răndha gugup amangsuli: Sandika kyai, sandika.

Wiwit kala samana wong sugih mau sabanjure gumati bangêt marang pangone wus saengga anak.

___________

4. Kêndhi

Ing jaman kuna ana sawijining uwong mara dhayoh, sasuwene padha jêjagongan dhayoh mau nyambi dolanan kêndhi kang sumèlèh ing sandhinge lungguh, darijine dilêbok-lêbokake ing cucuking kêndhi mau, wasana kajêndhêlên, didudat-dudut angèl, arêp dijiyad bae sumêlang [sumê...]

--- 94 ---

[...lang] ambokmanawa pothol, ora wurung bakal kawirangan.

Barêng dhayoh mau ngarêpake mulih, acalathu marang kang duwe omah, têmbunge: Kagungan sampeyan kêndhi punika wêdalan ing pundi, têka sae têmên kisanak.

Wangsulane kang duwe omah: Wêdalan ing ngriki kemawon.

Dhayoh calathu manèh: Lah, anggèn sampeyan mundhut sapintên, manawi marêngakên badhe kula gêntosi, awit ingkang panggenan kula ngrika dèrèng wontên kêndhi ingkang makatên saenipun.

Wangsulane kang duwe omah: O, mirah kemawon, manawi badhe kakarsakakên sumăngga sampeyan bêkta kemawon, botên usah kapundhut.

Dhayoh tumuli pamit mulih, kêndhine digawa. Barêng wus têkan ing dalan, kêndhi mau dibanting karo calathu: Kêndhi kurang ajar, mirang-mirangake, hara, saiki rêmuk kowe.

__________

--- 95 ---

5. Dhudha karo Răndha

Ana sawijing dhudha mlarat, duwe tăngga sawijining răndha sugih. Wus lawas ki dhudha anggone ngarah răndha mau, nanging durung bisa kalakon, amarga ewuh anggone anyangkani. Arêp kongkonan anakokake (nglamar) sumêlang yèn ditampik. Lawas-lawas dhudha mau nêmu akal, omahe dirubuhake anuli anêmoni nyai răndha, calathune: Bok răndha, têkaku ing kene sumêdya anjaluk sih pitulunganmu, kang sarèhne omahku ambruk, ora bisa andandani, yèn andadèkake lêganing atimu, aku anjaluk mondhok ing omahmu kene.

Wangsulane nyai răndha: Lah kapriye bisane kalakon ki dhudha, aku iki răndha, măngka kowe dhudha, yèn ngantia nunggal saomah apa ora dinyana-nyana uwong. Mêsthine tumrape sing padha dhêmên marang aku lan kowe iya ora dadi ngapa, balik sing ora dhêmên, .... Ora wurung aku lan kowe bakal dadi pocapan ala.

--- 96 ---

Dhudha sumambung: Iya, dhasar bênêr bangêt calathumu iku, nanging kapriye ta susahku manawa ora kowêlasi, apa aku kalakon turu ana ing ngisor asêm. Wis ta, mangkene bae, aku narima manggon ing èmpèr bae, anggêre keyuban wangos wus narima, pêrlune ora bangêt-bangêt olèhku nandhang sangsara.

Wangsulane bok răndha: Iya bêcik, yèn kowe trima manggon ing èmpèr, aku malah bungah, amarga ana kang ngrewangi rumêksa, galo, èmpèr ing buri kana lêga, rêsikana nuli golèka cuwil-cuwilan gêdhèk dianggo magêri cikbèn barukut.

Kalêksanan kaki dhudha manggon ing èmpère bok răndha. Ing kono sabên dina anglumpukake blarak garing, tumpukane nganti angundhung-undhung. Bok răndha wêruh anuli takon: Ki dhudha, kowe têka anglumpukake blarak garing sapirang-pirang iku pêrlune arêp kogawe apa, apa arêp ko êdol apa kapriye.

Wangsulane kang tinakonan: Ora, ora arêp dal êdol.

--- 97 ---

Nyai răndha takon manèh: Lah arêp kogawe apa.

Wangsulane: Arêp dak anggo ngobong pondhokanku iki, omah têka sêpa-sêpi asamun, jarite salêmbar bae ora ana.

Bok răndha bangêt kagète, acalathu: E, aja, aja koobong, bilai, bilai, mêngko omahku rak dadi karang abang. Dene kowe butuh jarit iku prakara sêpele, sesuk dak tukokake. Ora gênah kowe iku ki dhudha, ambok dhèk wingi-wingi kăndha anjaluk jarit.

Esuke kaki dhudha katukokake jarit dening bok răndha, malah karo kathok, klambine pisan. Nanging durung nganti antara lawas kaki dhudha wus wiwit angusungi blarak manèh, agawe sumêlanging atine nyai răndha, banjur takon: Ki dhudha, dhèk biyèn kowe anjaluk jarit wus dak tukokake, saiki isih mêksa anglumpukake blarak bae, karêpmu kapriye.

Wangsulane ki dhudha: Iya bok răndha, pondhokanku [pondhoka...]

--- 98 ---

[...nku] sida arêp dak obong, omah têka ora ana wonge wadon.

Nyai răndha sanalika ngêrti ing karêpe kaki dhudha, calathune: E, e, dadi jawane kowe iku anjaluk bojo, wis ta kaki dhudha, aku bae pèkên.

Kaki dhudha amangsuli: Êla, yèn mangkono pondhokanku iya ora sida dak obong. Kalêksanan bok răndha bisa dadi bojone ki dhudha.

__________

6. Wong Punuk

Anuju ing măngsa lêbar panèn, ana wong desa mepe parine ana ing patêgalan sapinggiring dalan. Dumadakan ana wong lanang loro padha punuk kabèh, iku padha lumaku pêpêthukan. Wong desa sumêdya gawe gêguyon, anuli alok-alok, kaya patrape wong angêlokake sapi bêrik: Rerere, ayo, ayo, rerere. Wong punuk padha ngêrti yèn dirêngkuh sapi, anuli padha anthuk-inganthukan awèh sasmita angajak bêrik. Sanalika banjur mapan adu [a...]

--- 99 ---

[...du] pundhak, surung-sinurung gênti maju gênti mundur rame udrêg-udrêgan. Mangkono iku kambi angilês-ilês pari nganti bosah-basèh lêbur awor lêmah. Kang duwe pari mung tansah malongo ora wani kumêcap, amarga wus rumasa lupute. Barêng parine wus rusak kabèh wong punuk anuli lunga padha ambanjurake lakune.

__________

7. Wong Budhêg

Ana sawijining wong budhêg, mulih saka ing pasar nuntun sapi lanang siji mêntas olèhe tuku. Ana ing dalan kapêthuk karo kawanuhane iya budhêg. Iku takon mangkene: Tumbas lêmbu sapintên niku kang.

Wangsulane kang ditakoni: Jalêr dhi.

Kang takon acalathu: Yèn mung samontên mawon ênggih murah.

__________

8. Bocah Wadon kang Kasangsara Bisa Dadi Kangjêng Ratu

Ana sawijining wong aran Ki Gondhok Polèng duwe anak wadon siji aran Si Jali. Nalika Si Jali mau

--- 100 ---

isih cilik, ditinggal mati ing biyunge, Ki Gondhok Polèng anuli rabi manèh olèh sawijining răndha sugih aran Bok Răndha Bangotulak, iku iya anggawa gawan anak wadon siji aran Si Sawit.

Si Sawit bangêt ladak sarta kumalungkunge, Si Jali mung tansah dadi kalahane, apa saparentahe Si Sawit kudu nurut. Yèn pinuju padha kêkêrêngan atukar padu, sanajan Sawit kang andhisiki, sing diluputake Si Jali. Sandhangane Sawit bêcik-bêcik, dene Jali sarwa gêgombalan lungsurane Si Sawit.

Bok Bangotulak bangêt kêrênge marang anake kuwalon. Yèn Jali luput sathithik bae digêbugi nganti awake sakojur pating blalur kêbak tatu gêgitik. Ki Polèng kalah karo kang wadon amarga karoban băndha. Mulane sanajan Si Jali disiya-siya dikayangapa dhèwèke ora wani aruh-aruh utawa amurinani. Malah yèn dhèwèke diadul-aduli dening kang wadon, saking pintêre angadon-adoni sok banjur pracaya, anake disrêngêni têrkadhang dirangkèt.

--- 101 ---

Ki Gondhok Polèng mèh sabên dina mênyang ing alas, lunga esuk mulih awan, lunga awan mulih sore, têrkadhang sadina muput ora mulih, dene Nyai Bango ana ing omah olah-olah. Yèn anggone olah-olah wus matêng Si Sawit nuli diwènèhi mangan ing sawarêge, lawuhe enak-enak. Dene Jali mung dipurih angorèdi kuwali utawa wajan bae. Mêngko yèn bapakne wus andungkap wayahe mulih Si Jali ditubruk nganggo kukusan dening biyunge kuwalon, pamrihe supaya awake gupak upa, dadi dikira wus madhang.

Anuju sawijining wêktu wayah sore Bok Bango olah jênang, sawuse matêng nuli padha dipangan. Sarèhne dhèk samana Ki Gondhok Polèng ana ing omah, Bok Bango rada pakewuh, kapêksa bocah loro mau anggone mangan dipurih padha kêmbul nunggal sapiring, nanging Si Sawit diwènèhi suru godhong waringin (ciyut kaku), Si Jali diwènèhi suru godhong waluh (sanadyan ămba nanging lêmês). Sawit pamangane dhokoh

--- 102 ---

sarta rikat: srupat-sruput enggal warêg. Si Jali anggone nyuru ora olèh-olèh. Dhèwèke calathu: Surune lah-loh pak (isih rada pelo). Bok Bango enggal mangsuli: Aja rèwèl, gêlis olèhe mangan telap-tèlêp, surune rak wus ămba.

Kacariyos sang ratu kagungan putra kakung siji, wus wayah diwasa, iku ditari krama bola-bali tansah lênggana, amarga durung ana wanodya kang andadèkake condhonging panggalihe. Sang ratu bangêt sungkawaning panggalih, anuli ngadêgake pasamuan gêdhe nganti pirang-pirang dina lawase. Ing kono diundhangake sarupane wong wadon gêdhe cilik sabên bêngi kêna milu pista lumêbu ing sajroning kadhaton. Akèh para putri kang ayu-ayu padha têka, nanging durung ana siji-sijia kang bisa kalêbu ing panggalihe radèn putra.

Si Sawit sabên bêngi iya milu pista, anggone macak diêpêng, sandhangane sarwa adi. Dene Si Jali dilimpèkake dening biyunge kuwalon, dipurih mênyang kali [ka...]

--- 103 ---

[...li] ngumbah jarit wulung, calathune Bok Bangotulak: Jali, kowe mênyanga kali, jarit wulung iki kumbahên, aja pati-pati mulih yèn durung putih. Si Jali miturut, jarite dikumbah ora putih-putih, arêp mulih wêdi yèn digitiki, andadèkake susahing atine, pangumbahe karo anangis.

Kocapa êmbokne Si Jali kang wus mati sumurup marang lêlakone anake mangkono iku, bangêt ing wêlase, nuli anêmoni, calathune: Jali, mênênga gêndhuk, aja pijêr nangis bae, aku bokmu têka, gilo, kowe dak wènèhi sandhangan sapangadêg. Sumurupa, sang ratu saiki lagi ngadêgake pasamuan gêdhe, kabèh wong wadon kêna lumêbu ing sajroning kadhaton, kowe milua pista, sandhangan iki ênggonên, nanging aku wêkas marang kowe, poma aja nganti kaliwat têngah wêngi, yèn wus ngarêpake jam rolas enggal muliha. Jali bangêt bungahe, sandhangan ditampani nuli dianggo, sanalika rupane kaya widadari dharat, banjur mangkat lumêbu ing sajroning kadhaton.

--- 104 ---

Radèn putra barêng priksa Si Jali bangêt kasmaran ing galih, kasawang saka kadohan saya suwe saya mundhak ayune, cahyane mancorong kaya rêmbulan purnama, angasorake sakèhing para putri kang ana ing sajroning pasamuan kono. Nuli dicêdhaki dening radèn putra sarta tansah diajak ngandikan, kabèh padha cingak dene ana putri anyar katon rupane ayu linuwih. Barêng wus ngarêpake jam rolas bêngi Si Jali eling marang wêlinging êmbokne, anuli pamit mulih. Radèn putra ora marêngake, Jali digendholi, ananging mêksa adrêng karêpe sumêdya mulih. Têmahan gèrèd-ginèrèd sêndhal-sinêndhal, suwe-suwe Si Jali bisa uwal, enggal lumayu agurawalan, saking ribute canelane kang siji kasingsal, kèri ana ing sajroning kadhaton.

Esuke radèn putra dhawuh anggolèki Si Jali, sakèhing para mantri, bupati tuwin para punggawa padha budhal kabèh akêrig lampit, nanging ora bisa katêmu. Radèn putra tumuli karsa têdhak anggolèki piyambak, canela kang kèri digawa. Sarupaning omah dilêboni, [dilê...]

--- 105 ---

[...boni,] kabèh sipat wong wadon dipriksani, mêksa ora kêtêmu. Barêng têkan ing omahe Ki Godhok Polèng nuli andangu: Apa kowe duwe anak wadon.

Wangsulane Bok Bangotulak: Kawula nuwun, gadhah gusti.

Radèn putra andangu manèh: Sapa jênênge, jajal timbalana mrene.

Wangsulane: Namanipun pun Sawit gusti. Bok Bango enggal angundang anake asêmu bungah, angira yèn anake bakal kapundhut garwa. Barêng Sawit wus têka, canela anuli kadhawuhan nyoba, nanging ora bisa cocog. Radèn putra nuli ngandika manèh: Apa ing kene wus ora ana bocah wadon liyane iki.

Bok Bango munjuk: Botên wontên gusti, inggih ugi taksih wontên ananging rencang tur rupinipun awon sangêt.

Radèn putra dhawuh: Coba undangên mrene aku dak wêruh, sanajan batur ora dadi apa. Jali tumuli diundang,

--- 106 ---

sawuse sowan ing ngarsane radèn putra, canela banjur diparingake kadhawuhan nyoba, karsaning Allah bisa nyamlêng ora nalisir sarambut. Radèn putra bangêt rênaning panggalih, Jali nuli kaboyong mênyang sajroning kadhaton, lastari kapundhut garwa. Ing têmbe sasedane sang prabu radèn putra anggêntèni jumênêng ratu, Jali têtêp dadi pramèswari.

__________

9. Pangantèn Ora Atut-atut

Ana pangantèn nganti lawas ora atut-atut. Sakèhing rekadayane sing lanang anggone ngarah atute wus ora migunani. Yèn diajak gunêman sing wadon mênêng bae, tanpa gêlêm amangsuli malah anglungani, manawa diwènèhi dhuwit ora gêlêm anampani, têrkadhang ditampani nanging nuli disêbar.

Anuju sawijining dina sing lanang lunga mèmèt mênyang kali, mulihe anggawa iwak akèh, saka pangirane: bokmanawa iki margane aku bisa atut karo bojoku, mêngko yèn dak wènèhi iwak samene kèhe

--- 107 ---

iki amasthi bungah. Nanging pangirane mangkono iku luput, sing wadon diulungi iwak malah malengos, ora gêlêm anampani. Sêmune angewak-ewakake.

Sing lanang banjur lumêbu ing pawon acêthik gêni. Barêng gênine wus dadi banjur anjupuk wajan diêngkrêngake, iwake digorèng dhewe. Barêng wus matêng anuli golèk serok arêp dianggo ngêntas. Nanging ora katêmu-katêmu. Saka bingunge mloya-mlayu, mlêbu mêtu ing omah karo calathu: Seroke ana ing êndi, ya. Hèh, mêngko kasêlak gosong gorèngane, sapa sing andhêlikake serok. Satêmêne nalika iku seroke disangkêlit dhewe, nanging lali.

Sing wadon wêruh solahe sing lanang mangkono iku ora kuwat angampêt guyune banjur calathu kambi kapingkêl-pingkêl, têmbunge: O Allah, ana wong serok disangkêlit têka digolèki.

Sing lanang nolèh kambi anggrayangi sabuke, têtela yèn seroke disangkêlit têmênan, anuli gumuyu

--- 108 ---

kambi angrangkul sing wadon, calathune: O iya, mati-matia sêk aku lali. Tujune kowe gêlêm anuduhake.

Wiwit nalika iku pangantèn mau bisa atut, sabanjure gêlêm gêgunêman kaya lumrahe wong bêbojoan.

__________

10. Kangjêng Nabi Suleman

Kacarita ing sawijining wêktu Kangjêng Nabi Sulêman kagungan karsa nêdya anyatakake, mungguh pêpasthèning Allah iku kêna diowahi apa ora. Kangjêng nabi midhangêt pawarta yèn ratu ing Masrik lan ing Magrib apêrjanji bakal padha abêbesanan, wiwit dhèk durung apêputra olèhe padha prasêtyan. Samêngko ratu loro mau wus padha kagungan putra, sarta kabênêran bangêt putrane Ratu Masrik mêtu lanang, putrane Ratu Magrib mêtu wadon, dadi wus tamtu sida abêbesanan. Kangjêng Nabi Suleman anuli nglumpukake sakèhing bêburon alas kutu-kutu walang ataga (kutu-kutu wong alangtaga),

--- 109 ---

sawuse pêpak padha marêk ana ing ngarsane banjur dhawuh: Sapa kang bisa andhustha putrane ratu mau salah siji, supaya wurung didhaupake.

Kabèh padha ora saguh amarga ering ing kadibyane Ratu Masrik lan Magrib, mung ana manuk garudha siji, iku nyêdhak ing ngarsane kangjêng nabi nuli munjuk: Kawula gusti, ingkang kadugi andhustha jabang bayi.

Kangjêng nabi angandika: Iya bêcik, mara tumuli mangkata.

Garudha nuli mundur saka ngarsane kangjêng nabi, akêkablak banjur mamprung mumbul ing awang-awang ngayuh ing gêgana. Abure rikat kaya thathit, sadhela wus têkan ing sadhuwure kadhaton Magrib. Ing kono jabang bayi kapanujon lagi disirami. Garudha enggal niyub, jabang bayi rinêbut wani, nuli digawa mumbul digondhol mênyang susuhe kang dumunung ing pucuking kayu gurda satêngahing alas gêdhe adoh êlor lawan kidul. Jabang bayi ana ing kono ora dipatèni, malah diêpèk anak. Manuk garudha bangêt gumatine, sabên dina lunga golèk wowohan [wo...]

--- 110 ---

[...wohan] kang enak-enak dianggo angingoni anake pupon. Saya gêdhe jabang bayi mau saya katon endah ing rupa, sênêning cahya umancur mawa teja, kawistara yèn isih trahing kusuma rêmbêsing madu. Mulane garudha saya wuwuh trêsnane.

Gênti kacarita, putra ing Masrik wus wayah diwasa, kang rama bangêt trêsnane, dhasar putra kakung mung siji, bagus ing rupa, wiwit timur mula digadhang-gadhang anggêntèni kaprabone kang rama.

Ratu ing Masrik dhèk samana wus midhangêt pawarta yèn ratu ing Magrib iya wus kagungan putra putri, nanging ilang ora karuhan amarga kasambêr ing garudha. Dadi wus sirna pangarêp-arêpe anggone bakal besanan. Mulane kang putra tansah dirêrimuk ditari krama putri liyane, ananging tansah lênggana.

Anuju sawijining wêktu radèn putra ditimbali ana ing ngarsane kang rama, nuli dipangandikani mangkene: Dhuh anggèr, kulunging atiku, wus rambah-rambah gon ingsun anari krama, nanging kowe tansah lênggana, iku andadèkake

--- 111 ---

susahing panggalih ingsun. Wus jamake wong urip iku kudu ajêjodhoan. Samêngko kowe wus diwasa, ambok iya anglêgani kang dadi karsaningsun gêlêm apalakrama, besuk dianggo têtimbangan anggonmu angrênggani karaton Masrik kene. Sapa ta kang kokarsakake, apa milih putrining ratu apa milih putrining pandhita, ingsun bisa anggolèkake. Radèn putra bangêt kawêkèn ing galih, sakêcap ora mangsuli.

Saka judhêging panggalih, ing wayah bêngi radèn putra lolos saka kadhaton, manjing ing sajroning alas. Èsthining galih suka lêbur kamăngsa ing sato galak ana ing satêngahing alas kono. Lakune nasak-nasak ing garumbul nusup angayam alas, munggah ing gunung mudhun ing jurang, ngambah ing papan kang rumpil-rumpil, nganti pirang-pirang dina ora dhahar ora sare, kang diluru mung marganing pati.

Ambalèni carita ing ngarêp, putri Magrib kang kagondhol ing garudha uga wus diwasa. Anuju ing sawijining wêktu mothah marang bapakne (yaiku garudha), amarga

--- 112 ---

dhèk bêngine lagi turu kêpati ngimpi katêmu karo sawijining satriya isih anom bagus rupane. Calathune marang bapakne: Rama, rama, aku dhèk mau bêngi ngimpi katêmu karo sawijining satriya lêlana, baguse kapati-pati, iku golèkana rama.

Garudha amangsuli: O, lah kapriye ta gèr, wong ora karuwan ênggone têka kopurih anggolèki, masa bisaa katêmu. Karodene impèn iku rak mung kêkêmbanging turu, ora mêsthi andaradasihi, bisa uga mung mawa kèlu bae.

Calathuning putri: Ora rama, golèkana, yèn aku ora bisa kalakon katêmu karo satriya mau aluwung aku patènana bae rama, urip ora sênêng pêrlu apa. Poma rama, golèkana dinganti kêtêmu, aja pati-pati mulih yèn durung kêtêmu.

Manuk garudha krungu têmbunge anake pupon mangkono iku bangêt wêlase, calathune: We, lah dalah, abot têmên rasane wong duwe anak wadon mono, iya ta gèr, dak golèkane. Kariya slamêt wong ayu.

--- 113 ---

Garudha anuli mêsat saka ing susuhe, mumbul akalangan anjajah alas, kambi amilang-miling ngulatake ngisor. Dumadakan wêruh teja mancur sasada lanang gêdhene kaprênah ana ing satêngahing alas. Barêng diparani, diwaspadakake, têtela ana jalma manusa lagi ambanting-banting ragane ana ing watu kêmlasa. Ciptaning garudha: baya iki impène anakku wadon, anuli niyub sarosa, radèn putra kasambêr karo calathu: Aja kagèt raja sinatriya, kowe dak gondhol mênyang susuhku, bakal dal[1] dhaupake karo anakku wadon.

Radèn putra ora bisa suwala, bangêt nalangsaning panggalih, sambate: O rama, rama, pêjah kula, cilaka têmên awak, ditari rabi putri ora gêlêm, dilampu minggat, jêbul dipêksa arêp dirabèkake karo manuk. Garudha, garudha, patènana bae aku. Êculna aku garudha, cikbèn rêmuk dadi glêpung.

Garudha amangsuli, ora, nuruta bae wong bagus, aja sumêlang pikirmu, ora-orane yèn anakku manuk [ma...]

--- 114 ---

[...nuk] kaya aku, anakku putri linuwih, rupane ayu angasorake widadari ing Kaendran, coba ta mêngko, yèn kowe wus wêruh dak kira mêsthi dhêmên, ora bakal kuciwa saupama dadi jatukramamu.

Satêkane ing susuhing garudha, radèn putra katêmokake karo sang dèwi, calathune garudha: Gilo gèr, wong ayu, apa iki impènmu, mara tontonên.

Sang dèwi amangsuli: Kaya-kaya iya iku rama.

Radèn putra bangêt ngungune anyawang sang dèwi, osiking panggalih: E, e, tobil, dene têka ayu têmên rupane, nyata ngalahake para widadari, golèka sajagat masa olèha, têka anèh têmên, ana manuk têka anak-anak putri. Radèn putra nganti sumlêngêrên anggone nyawang, suwe-suwe tuwuh kasmaraning galih. Kalêksanan sida kadhaupake.

Radèn putra nganti lawas anggone dumunung ana ing susuhing garudha, arêp mudhun ora bisa, amarga kayu gurda kang disusuhi iku gêdhe bangêt sarta dhuwur.

--- 115 ---

Kacarita nalika lolose radèn putra saka ing adhaton[2] kadhèrèkake abdi kêkasih siji aran Si Dhoyok. Iku tansah akêkinthil ngêtutake saparane. Nalika radèn putra digondhol ing garudha, Si Dhoyok anututi kaponthal-ponthal sarta tansah angawaske ing ibêre garudha mau. Suwe-suwe karasa kêsêl ora kaconggah ambanjurake lakune, anuli bali mulih mênyang nagara.

Satêkane ing nagara Dhoyok enggal marak ing ngarsane sang nata sarwi atawan-tawan tangis. Sang nata angandika: Hèh Dhoyok, aja pijêr anangis, mara gage tutura, ingsun kasêlak kapengin midhangêtake aturira.

Dhoyok anuli matur: Kawula nuwun gusti, lolosipun putra dalêm saking kadhaton saèstunipun kawula ingkang andhèrèkakên, tindakipun kasurang-surang lumêbêt ing wanapringga, ingkang kaèsthi namung margining pêjah. Wasana wontên ing madyaning wana kasambêr ing garudha agêng kagondhol dhatêng sapucaking mandira, salajêngipun kilap dipun măngsa utawi botên abdi dalêm kawula kirang têrang.

--- 116 ---

Sang prabu angandika: O, mangkono Dhoyok. Lah kowe apa isih kèlingan panggonane kayu gurda mau.

Ature Si Dhoyok: Kawula nuwun inggih taksih gusti.

Sang prabu ngandika manèh: Wis ta mangkene bae Dhoyok, kowe dak gawani para mantri bupati lan prajurit sawatara, tuduhna panggonane manuk garudha. Dhoyok munjuk sandika anuli budhal akanthi punggawa mantri bupati sarta wadyabala sawatara. Lakune ana ing dalan ora kacaritakake, enggale radèn putra wus katêmu, nuli kaudhunake saka ing pucuking kayu gurda dalah sang dèwi, banjur kaboyong marang kadhaton, lakune ing samarga-marga tansah surak-surak asuka-suka kaya mêntas anglurug pêrang olèh tawanan putri.

__________

11. Putri karo Ratuning Êjin

Ana sawijining ratu kagungan putra kèhe rolas. Putra rolas mau kakung kabèh, sang prabu bangêt kapengine [kapengi...]

--- 117 ---

[...ne] apêputra putri, nanging ora bisa kalêksanan.

Anuju sawijining wêktu ingkang garwa kangjêng ratu anggarbini manèh, saking bangêting kapengine apêputra putri sang prabu kagungan nadar, mangkene pangandikane: Ing têmbe yèn jabang bayi iki bisa lair wadon, putraningsun kang rolas bakal dak anggo kurban.

Kangjêng ratu midhangêt pangandikane kang raka mangkono iku bangêt sungkawaning galih, putrane rolas anuli padha ditimbali. Barêng putrane wus pêpak ana ing ngarsane nuli ngandika: Ênggèr, anak-anakku kabèh, kowe padha dak kandhani, rungokna. Wruhanamu, kang rama ing samêngko kagungan kaul, besuk manawa adhimu kang ana ing wêtêngan iki lair wadon, kowe kabèh bakal dipatèni dianggo kurban. Kang iku prayogane saiki bêcik padha sumingkira. Ing têmbe yèn adhimu wus lair aku bakal angêdêgake umbul-umbul ginawe pratăndha, manawa mêtu lanang umbul-umbule putih, dene yèn mêtu wadon abang. Besuk manawa ana umbul-umbul abang ngadêg, kowe enggal padha lungaa [lunga...]

--- 118 ---

[...a] kang adoh, dene yèn putih iya muliha. Putra rolas amiturut, nuli padha sumingkir.

Ora antara lawas sang pramèswari anggone anggarbini tumêka ing êlèke ambabar miyos putri, andadèkake suka pirênaning panggalihe sang prabu. Kang putra rina wêngi tansah kakudang-kudang ora kêna pisah.

Sang pramèswari enggal dhawuh angadêgake umbul-umbul abang, ing sajroning panggalih tansah karănta-rănta, bangêt wêlase marang putra-putrane kakung. Putra rolas barêng priksa umbul-umbul abang enggal padha lunga saka nagara ngalambrang saparan-paran.

Kocapa barêng sang dèwi wus rada gêdhe, priksa yèn panjênêngane kagungan sadhèrèk kakung kèhe rolas, anuli munjuk marang kang ibu, ature: Ibu, aku dikandhani karo bok êmban, jarene aku iki duwe sadulur lanang rolas, iku padha ana ing êndi.

Kang ibu ngandika: Ora ênggèr, kowe ora duwe sadulur, iya mung kowe iku anakku, ora duwe tunggal manèh-manèh.

--- 119 ---

Sang dèwi angandika manèh: Apa mangkono ibu, aku ora ngandêl. Lah kae têka ana paturon cilik kareta cilik sapirang-pirang kae duwèke sapa.

Kang ibu bangêt kawêkèn ing galih, wêkasan kapêksa balaka, pangandikane: O, gèr, satêmêne kowe pancèn nyata duwe sadulur, kèhe rolas lanang kabèh.

Sang dèwi matur: Lah siki padha mênyang êndi ibu.

Kang ibu ngandika: O, anakku wong ayu, banjur kadawa-dawa, mangkene dak jarwani ya, gèr. Satêmêne sadulurmu padha lunga ora karuan parane, amarga dhèk sadurunge kowe lair, kang rama kagungan kaul, samăngsa kowe mêtu wadon, sadulurmu rolas bakal padha dipatèni dianggo kurban, dadi padha wêdi.

Sang dèwi mirêng pangandikane kang ibu mangkono iku bangêt nalangsane, sanalika angrungkêbi pangkone kang ibu kambi amuwun angguguk ora kêna disayuti, kang ibu iya banjur milu muwun. Wiwit nalika iku sang dèwi sirna kasênêngane tansah sungkawa ing galih, lali dhahar lawan nendra, kang kaèsthi sajroning panggalih mung para sadhèrèke kakung rolas.

--- 120 ---

Ing sawijining wêktu wayah gagad raina, sang dèwi lolos saka kadhaton miyos ing kori bêbutulan, sumêdya anggolèki sadhèrèk-sadhèrèke. Tindake tanpa kanthi, lumêbu ing alas, rina wêngi tanpa lèrèn, ora ngetung sayah lan luwe, sarirane karèndhèt-rèndhèt ing êri ora dirasakake, ora wêdi ing papan kang wingit utawa kayu kang angkêr, ciptaning panggalih ora nêdya kondur yèn durung katêmu karo sadhèrèk-sadhèrèke.

Barêng tindake mèh andungkap ing têlênging alas priksa ana gêni kêlip-kêlip adoh panggonane, iku nuli diparani, wasana barêng wus cêdhak, têtela yèn gêni mau urubing diyan sênthir kang dumunung ana ing sajroning omah cilik aprasasat gubug, kang ngênggoni gubug mau wong nini-nini mung siji. Sang dèwi banjur anothok lawang kambi angandika: Kula nuwun. Kang duwe omah krungu anuli tangi sarta angêngakake lawang. Wasana wêruh ana bocah wadon siji awake kuru sarta bangêt ing rusake.

--- 121 ---

Wong nini-nini atakon: Kowe iku bangsane manusa apa êjin, dene bêngi-bêngi kathik têka ing kene.

Sang dèwi amangsuli: Nini, aku iya bangsane manusa, nanging wus lola ora duwe bapa biyung, têkaku ing kene jalaran kasasar ing lakuku ora sumurup dalane.

Wong tuwa amangsuli: O, mêsakake têmên kowe gêndhuk. Wis ta, nuli mlêbua, kowe dak êpèk anak, padha brayan urip ana ing têngahing alas kene, kênaa dak anggo kanthi. Sang dèwi anuli lumêbu ing gubug, lêstari diêpèk anak dening wong nini-nini mau. Gawene ing sabên dina mung tunggu omah, nyapu jogan sarta ngangsu mênyang sêndhang. Dene nini-nini mau lunga golèk wowohan sarta kêkrowodan wêtuning alas kono, iku kang dadi panguripane.

Ing sawijining wêktu sang dèwi pinuju ana ing sêndhang, anuli ana ratuning êjin alêlana liwat ing kono. Barêng wêruh marang sang dèwi anuli mandhêg angawasake. Dhèk samana sang dèwi wus ngancik ing wayah diwasa, sanadyan [sanadya...]

--- 122 ---

[....n] ora karêngga ing busana ewadene kawistara yèn dudu trahing pidak pêdarakan, amarga katarik dening endahing rupa sarta luwêsing solah bawa. Ratuning êjin bangêt kasmaran ing ati anuli marêpêki sang dèwi. Sang dèwi kagèt anuli takon: Kowe iku bangsaning apa dene rupamu têka anggêgilani mangkono, lungaa, aja ganggu gawe.

Raja jin amangsuli: O, aja wêdi, aku ora nêdya ganggu gawe, iya bênêr aku iki ratuning jin, nanging ora tau sikara uwong, lah kowe bocah ngêndi, anake sapa, dene rupamu têka ayu têmên. Aku anake nini răndha kang omah ing wetan kono. Raja jin acalathu manèh: Hèh, eman têmên kowe gêndhuk, ambok milua aku bae dak êpèk bojo dak gawa mênyang kadhatonku, ana ing kana kowe bakal mukti wibawa angêrèhake sakèhing lêlêmbut. Sang dèwi bangêt wêdine nuli lumayu asipat kuping. Ratuning jin acalathu: E, e, ana bocah dirêmbugi bêcik-bêcik têka banjur nginthar kaya asu wêruh macan. Sanalika

--- 123 ---

sang dèwi kêna ing sabdane ratu êjin banjur malih dadi asu. Raja êjin anututi playuning asu, satêkane ing omahe wong nini-nini anuli takon: Hèh, nini, asuku dhèk mau lumêbu ing omahmu, saiki dak jaluk.

Nini-nini ora nyana pisan-pisan manawa anake pupon kang malih dadi asu, calathune: Iya, mara jupukên. Ratuning êjin anuli lumêbu ing omah, asune nuli kacêkêl sarta katuntun kagawa mênyang kadhatone.

Kacarita kadhatoning êjin mau luwih dening apik sarta asri, kabèh sarwa êmas, salaka, intên sarta manik nawa rêtna. Rêrênggane akèh pating galêbyar. Satêkane ing kadhaton asu ditakoni, têmbunge: Kapriye saiki gêndhuk, dêlêngên kadhatonku, apa ora bêrgas. Kowe bêcik nuruta dak êpèk bojo. Yèn kowe mêksa mopo salawasmu urip ora bakal dak ruwat lastari arupa asu.

Asu amangsuli: Aku êmoh yèn ko êpèk bojo, aluwung aku patènana bae.

--- 124 ---

Raja jin amangsuli: E, e, mêksa ora gêlêm, iya iya wong ayu, aku ora nêdya amatèni kowe, sanajan nganti pirang-piranga taun isih bakal dak êntèni gêlêmmu.

Anuju sawijining wêktu asu mau lumêbu ing patamanan, ing kono wêruh ana pot rolas. Pot rolas mau kabèh rupane padha dalah tandurane pisan, sarta kabèh ana kêmbange siji-siji bagus angrêsêpake, agawe gawoke kang nyawang. Barêng dicêdhaki dening asu kabèh padha ngucap pating kalêsik: Galo dhimas, kadingarèn têmên ing kene têka ana asu.

Sawênèh amangsuli: Iya kamas, karodene asu tênagane têka prigêl têmên, rupane apik, wulune kaya sutra.

Asu bangêt kagète, anuli takon: Hèh, kêmbang, kowe iku kêmbang apa têka bisa tata jalma kaya aku, coba tutura kang sabênêre, aja nganggo ewuh pakewuh, aku ora bakal gawe piala marang kowe.

--- 125 ---

Kêmbang amangsuli: Satêmêne aku iki dudu kêmbang kang sanyata, sajatine jalma manusa.

Asu acalathu: Kapriye margane dene kowe padha ana ing kene, lan apa sababe dene padha dadi kêmbang mangkono, mara aku caritanana.

Kêmbang tumuli anyaritakake lêlakone, mangkono uga asu gêntèn angandharake wiwitan tumêka ing wêkasan. Wasana padha ngêrti yèn kabèh iku isih kadange dhewe nunggal yayah rena. Têmahan padha tangis-tangisan. Barêng wus antara suwe kêmbang kang siji acalathu: Wis ta, aja pijêr padha nangis bae, prayogane padha pinikir kapriye bisane aku kabèh uwal saka tanganing êjin. Rêmbugku, kowe bae dhiajêng, tutura marang raja êjin mangkene: Saiki aku gêlêm koêpèk bojo anggêre kowe mituruti apa kang dadi panjalukku, yaiku: Sapisan, kowe anuduhna kang dadi pati uripmu, kapindho: Pêthetanmu kêmbang kang rolas iji kae padha dadèkna jalma manusa. Nanging dhiajêng, poma kowe sing pintêr aja nganti angatarani.

--- 126 ---

Asu miturut banjur nyêdhak ing ngarêpe raja jin, calathune: Hèh, ratuning êjin, saiki aku wus tobat, asrah jiwa raga nurut apa kang dadi karêpmu, sokur yèn sida koêpèk bojo, sanadyan kodadèkake pangadang aku iya gêlêm.

Ratuning êjin bangêt bungahe, asu kausap sanalika dadi manusa manèh. Calathuning êjin: Adhiku wong ayu dhi, bojoku dhewe, ora ana wong ayu kaya kowe .... Calathu mangkono iku kambi amarêpêki sang dèwi.

Sang dèwi angandika: Mêngko dhisik êjin, aja gugup-gugup arêp mondhong, aku isih duwe panjaluk marang kowe.

Raja êjin acalathu: Duwe panjaluk apa, mara enggal tutura.

Sang dèwi angandika: Mangkene panjalukku, sapisan: kang sarèhne anaku ing kene ora duwe sadulur, kêmbangmu rolas kang kêmbar ana ing patamanan kae dadèkna manusa, [ma...]

--- 127 ---

[...nusa,] kênaa dak anggo sadulur, cikbèn aku krasan. Kapindho: aku tuduhna kang dadi pati uripmu, pêrlune cikbèn bisa ngarah-arah, awit ingatase bojo iku mêsthine kêrêp kasenggal-kasenggol.

Ratu jin amangsuli: Dhuh wong ayu, prakara kêmbang kang ana ing patamanan kopurih andadèkake manusa iku prakara gampang, mung bab pati uripku kaya-kaya kurang pêrlu, amarga pati uripku ora dumunung ing awakku, yaiku dumunung ana ing kalangênanaku manuk putêr putih kang dak kurungi kurungan êmas ing sajroning gêdhong buri kana. Dadi ora sumêlang yèn kasenggol.

Sang dèwi angandika: O, yèn mangkono wis ta, kêmbange bae tumuli dadèkna janma manusa.

Kêmbang tumuli kausap dening raja jin, kabèh malih dadi uwong, sang dèwi anuli anyêdhaki sadhèrèk-sadhèrèke kambi abisik-bisik amratelakake pati uripe raja jin. Ingkang raka sawise têrang ing pamirênge [pa...]

--- 128 ---

[...mirênge] enggal lumêbu ing gêdhong panggonane putêr putih. Sawuse katêmu manuk anuli kacêkêl kajuwing-juwing. Raja êjin mati pating sarêmpal.

Tamat.

--- [129] ---

IV. Cêraki

Carita rupa-rupa saka buku-buku Walănda kacundhukake kaanan Jawa.

Anggitane Amin Kanapi ing Juwana.

__________

--- [130] ---

[...]

--- [131] ---

1. Pak Tamsir Angetung Kêbone

Ing sawijine dina Pak Tamsir lunga mênyang pasar kutha, nêdya ngêdol kêbone cacahe gêdhe cilik ana sangalas iji. Pak Tamsir anunggang kêbone kang ana ing buri dhewe, supaya gampang anggone ngawasake kewan-kewane mau. Ing têngah dêdalan Pak Tamsir arêp wêruh apa kêbone isih ganêp, mulane banjur dietung. Andadèkake kagèting pikire, dene pangetunge mung katêmu wolulas. Pak Tamsir gurawalan mêdhun saka kêbone, sumêdya anyatakake apa dhèwèke bênêr kelangan, ananging kanyataane pangetunge kang dhisik luput, sabab barêng dietung manèh luwih siji, cêtha yèn kêbone isih sangalas. Cemplo, Pak Tamsir wis ana ing gêgêring kêbone kang buri, ananging isih kurang pêrcaya, baya luput pangetunge kang kapindho, mulane banjur miwiti ngetung manèh. Kagète [Kagè...]

--- 132 ---

[...te] kagila-gila, dene pangetunge kang pungkasan katêmu wolulas manèh, mulane jlog mêdhun saka tunggangane lan ngetung kêbone kaya kang kapungkur, wêkasan kêbone bênêr isih ganêp. Wus diambali kaping-kaping, têmahan ora linyok, samăngsa Pak Tamsir mangkruk-mangkruk ing gêgêr kêbo, etunge mung ana wolulas, ananging yèn diêdhuni banjur ganêp sangalas manèh. Kaanan kang mangkono mau anukulake wijining kagumunan, mulane barêng Pak Tamsir kêpêthukan mitrane, banjur mêdhun sarta gita-gita anyaritakake prakara anèh kang wus tinêmu. Sawuse banjur pitakon, calathune: Kang, bok dawêg dika etung, pintên ta salêrêse kêbo kula niki, wolulas napa sangalas. Mitrane mèsêm sarta mangsuli: Panyawang kula têka botên, wolulas utawa sangalas, nanging rong puluh.

__________

2. Radèn Sêtiyana lan Tukang Ambabar.

Radèn Sêtiyana ing kampung Kartaharja pakaryane anggambar. Wus kondhang komuk ing măncanagara, yèn panggambare [pang...]

--- 133 ---

[...gambare] Radèn Sêtiyana angidab-idabi, ora cèwèt saka tuladha. Ewasamono isih durung marêm, awit măngsakala isih rumasa kurang pratitis, ing pamilihe cèt kang diêmpanake, mulane ora lèrèn pamarsudine, amrih bisane anggambar kang tanpa cacad, wêkasan saya wuwuh ngambar jênêngne.

Ing sawijine dina Radèn Sêtiyana andhasarake gambar gêdhe kang mêntas dadi, yaiku gambare Radèn Adipati Andayaningrat. Gêdhe dêdêge gambar, sauwong, ngêngrênge kaya kasinungan urip, kok sagêda ngêndikan, mêsthi sinêmbah-sêmbah, sinêngguh ingkang bupati tindak cangkrama.

Kacarita. Radèn Sêtiyana umpêtan ing burine gambar mau, sumêdya angrungokake, panggunggung lan panacade uwong kang padha liwat. Ora suwe ana tukang ambabar liwat, barêng wus têkan ing kono mandhêg kaya ana kang angosikake. Tukang ambabar andonga, awit gawok anyawang gambar kang pèni mau. Calathune: Dudu uwong, ana gambaran tangan têka kaya mangkene, mèmpêr bae yèn Radèn Sêtiyana dadi pangalêmbanane

--- 134 ---

wong akèh. Cacade sogane nyamping rada kêtuwan, mangkono iku harak desani.

Barêng tukang ambabar wus anêrusake lakune, Radèn Sêtiyana enggal anjupuk banyu lan jêgul, banjur amêmanis gambare kaya piwulang kang wis dirungu. Esuke gambar mau didhasarake manèh, dene Radèn Sêtiyana iya umpêtan kaya kang uwis. Ora antara suwe dumadakan tukang ambabar liwat manèh. Barêng wêruh yèn panacade dianggêp, gêdhe atine, sarta sumêdya ngowah-owahi manèh. Calathune: E, apa ngene iki rekane potongan protèl, adoh yèn bêcika: sake, kêdhuwurên, gulone, anggamblèh.

Radèn Sêtiyana rada masgul ing pikir. Dianti kongsi suwe ora lèrèn-lèrèn panacade kang tanpa wêwaton. Radèn Sêtiyana nêpsu, mêtu saka palungguhane, banjur calathu: Wong athik-athik, kabisanmu mung sathithik, luwih bêcik kowe marsudi ambabar jarik. Tukang ambabar kawirangan, banjur lunga tanpa pamit.

__________

--- 135 ---

3. Rokok Krètèk

Wargane pakumpulan: Budi Luhung ing Juwana, ing sawijine dina padha ngumpul, sumêdya adu kawruh, êntèke rêmbug kang dhuwur-dhuwur kang magêpokan karo tata têntrêming nagara, banjur ana sawijine warga kang takon.

Botên kangmas, Kaji Bakar ing Kudus punika ngêdali sêtèling, ngintunakên rokok krètèk, têka angsal mêdhali punika punapa adil, punapa kula sampeyan kintênipun botên sagêd adamêl rokok makatên.

Inggih dhimas, kula têka gawok, têka mirah têmên mêdhali, kula sapunika inggih sagêd adamêl rokok makatên, kapara nglangkungi eca, ananging kula nyuwun pitakèn dhatêng sadaya ingkang sami rawuh, sintên ingkang sagêd angêdêgakên tigan.

Kang duwe omah lumêbu sadhela, banjur mêtu anggawa êndhog, sarta wiwit nyoba, ananging kongsi tangane pêgêl, êndhoge ora bisa ngadêg. Sawuse banjur diulungake marang tanggane, ananging nganti mruntus, êndhoge pijêr ambalik bae, wêkasan kabèh rumasa [ruma...]

--- 136 ---

[...sa] ora wasis angêdêgake êndhog, juru patanya banjur nuduhake rekane ngêdêgake êndhog, kaya kang dikarêpake: thok, crèt, êndhoge cèblêg angadêg ing meja. Kabèh padha maido, calathune: Yèn makatên kemawon, kula inggih sagêd. Juru patanya mèsêm sarta mangsuli, calathune: Kula botên pisan gumun, yèn sadaya sapunika sagêd angêdêgakên tigan.

__________

4. Gêguyonan

Napi: Mas, yèn ngene iki rêmbulan nyang ngêndi.

Suci: Amblês, kaling-kalingan jagat.

Napi: Mosok, aluwung kowe muni kaling-kalingan gêdhèg.

Suci: Kapriye.

Napi: Kêmbang jambu karuk, wadhah uyah êmpluk. Yèn ngene iki sarêm bumbu kêlan, ... Golèkana nyang pawon, mulane kapara kowe muni kaling-kalingan gêdhèg, iku rada ana bênêre.

__________

--- 137 ---

5. Putra Tuhu

Radèn Jayakusuma ginanjar gêrah bangêt, rumasa yèn wis mangsane dipundhut, putrane têtêlu padha ditimbali, atawan tangis marak ing cakête kanthil kang diagêm sareyan ingkang rama. Radèn Jayakusuma pirsa yèn putrane padha prihatin, jalaran arêp pêgad trêsna, ananging gumolonging pikir kurang pêrcaya, baya putra-putrane padha olah sêmu, dhawuhe: Bocah-bocah, aku aja padha koprihatinake, wis pêsthine yèn wong urip iku bakal mati, mung jurunga pamuji bae, muga-muga jêmbara kuburku, nêmua suka raharja ing alam langgêng, ramamu pamit arêp tindak sumurup, ananging wêkasku, kowe kabèh dipoma, aja padha nguntapake layonku ing makam, sing sapa anglirwakake wêkasku, pasthi ora kapanduman donya brana têtinggalanku.

Radèn Jayakusuma wus seda, jisim sawise disucèni, sarta dipranata kaya mêsthine, banjur diangkatake. Putrane pambarêp lan panggulu padha enak-enak lungguh kursi anyawang layone ramane, ora duwe karêntêk [karêntê...]

--- 138 ---

[...k] kêpengin nguntapake, awit padha wêdi yèn ora kapanduman donya tatilaran. Dene putrane wuragil, mripate narocos, êluhe pating dalèwèr ing pipine, anguntapake layone ramane tumêka ing makam pisan, turut dalan asênggruk-sênggruk, kacihna yèn asih bangêt karo swargi ramane.

Sigêg. Barêng wus mangsane angêdum tatilaran, putrane swargi Radèn Jayakusuma padha ngumpul, kang pambarêp sarta panggulu wis kumêcêr, sabab arêp nampani donya brana kang luwih agung. Wuragile isih katara sungkawa, durung bisa nglali-lali swargi ramane, kawuwuhan ora bakal kapanduman apa-apa kang kêna kanggo nglêlipur atine, mulane andongong kaya wong gêndhêng. Barêng krungu ijêmane layang pêrtăndha, tatilarane ramane, kang anyêbutake, yèn donya branane kabèh dipasrahake marang putrane, kang nguntapake layon tumêka ing makam pisan, cuwane sadulur loro ora pêrlu kinocapake.

__________

--- 139 ---

6. Wulang Sunu

Sarkara

1. wulang sunu kang kinarya uwit | kang cinatur purwane ngawula | suwita mring wong tuwane | poma dipun mituhu | ing pitutur kang muni tulis | sapa baya tan arsa | ing ujar puniku | tan wurung kasurang-surang | donya kerat tan wurung manggih bilai | têmbe mati nèng nraka ||

2. lamun sira mêngko anglakoni | kang pitutur kang muni ing layang | pêsthi bêcik têmahane | bêktia rama ibu | purwanira sira udani | kang karya bêcik ala | pan saking puniku | duk sira salagi bajang | ibunira kalangkung lara prihatin | rumêksa marang sira ||

3. nora eca dhahar lawan guling | sêkul uyah gorèng lawuhira | pat dasa dina lamine | tan etang wêjah luntur | nyokot bathok dipun lakoni | bên dina mring patirtan | wuwung lawan bêngkung | papilis sadina-dina | arumêksa mring sira duk lagi alit | mulane dèn rumasa ||

4. dhaharane apan pait gêtir | ibunira rumêksa ing sira | nora etang turu sèndhèn | tan etang kuthah uyuh | gupak tenja dipun lakoni | duk kalane wawratan [wawra...]

--- 140 ---

[...tan] | tinatur pinangku | cinewokan ibunira | dipun êmban yèn gêrah dipun êdusi | yèn luwe gya dinulang ||

5. kala sira ngumur sangang sasi | pêsthi sira wus bisa rumangkang | ibumu momong karyane | tan etung gombal têpung | goning ngrêksa duk sira alit | yèn sira kurang mangan | utang-utang iku | mangke sira wus diwasa | nora nana walês sira ngabêktèni | tuhu yèn nganiaya ||

6. lamun sira mangke ngalampahi | nganiaya mring wong tuwanira | antuk siksa wasanane | besuk kalamun lampus | nora wurung apulanggêni | duraka mring wong tuwa | sangêt siksanipun | mulane ta wêkas ingwang | aja ana anglawan wong tuwa kalih | saprentah lakonana ||

7. saprandene mangke sira kaki | yèn winulang dening ibu rama | bêlawongan suwarane | nauri sarya mungkur | iya iku cêgahên kaki | tan bêcik têmahira | donya keratipun | tan wurung amanggih mlarat | benjang mangke sinatru dening Hyang Widi | siniksa malaekat ||

8. pan wong anom iku dèn nastiti | pan mangkana ing pamanggihira | winulang ibu ramane | asila anèng ngayun |

--- 141 ---

pan wong tuwa anggêpên gusti | lunga têka anêmbah | iku budi luhung | dipoma ywa kasamaran | asihira kang ibu miwah sudarmi | iku laku utama ||

Pêthikan.

__________

7. Krama, Abdi Cucud

Tuwan van Sêtam kagungan abdi aran Krama. Abdi mau bangêt cucude, mulane disihi dening bêndarane, dhasar Walănda isih anom, sêngsêm ing têmbung gêguyon. Yèn pinuju kasêngkêlan ati, Krama ditimbali, banjur diajak ngêndikan. Nalika Krama duwe kapêrluan nêtakake anake, nyuwun ngampil bêndarane dhuwit rongpuluh rupiyah, kanggo angrêngga anake kang têtak mau. Barêng wus mangsane ambayar, Krama ditagih, ananging ora bisa anêtêpi kasanggupane. Bêndarane rada duka, andikane: Kapriye Ma, aku saiki butuh dhewe, mulane kowe katêmpuh ambayar, ya êmbuh saakal-akalmu kono. Krama ulate ora sigrak kaya adate, pangunandikane: Rongpuluh rupiyah, saka ngêndi olèhku bisa kulak dhuwit samono kèhe.

--- 142 ---

Kongsi suwe Krama amikir-mikir, banjur ngadêg nyat, ilang prihatine, utange sumêdya dibayar kalawan akal, Krama kèlingan yèn Tuwan van Sêtam sabên dina Minggu tindak cangkrama, adate liwat ing ngarêpane. Krama angundangi kănca-kancane, sawuse diblakani mungguh kêkarêpane, banjur dipurih agawe bandhosa. Krama turon ana ing sajêroning bandhosa mau. Barêng Tuwan van Sêtam katon, bandhosa diangkatake, mêthukake Tuwan van Sêtam mau. Panjênêngane ora kakilapan, yèn wêtuning bandhosa saka platarane abdine. Mulane banjur mundhut priksa, andikane:

Sing mati iku sapa.

Krama, bêndara.

Lho têka mêmêlas têmên, mau mêntas dak tagih utange rongpuluh rupiyah, baya mati sêdhih. Ma, kaluputamu dak apura kabèh, têkan utangmu pisan wus dak anggêp bot.

Colot, Krama mudhun saka bandhosa, sêdhêpêk sila ing ngarsane bêndarane, calathune:

--- 143 ---

Kasinggihan dhawuhipun bandara, pun Krama pêjah saking prihatos, pramila pangapuntênipun bandara minăngka dados usada, Krama sapunika gêsang malih, sarta botên pisan ajrih manawi bêndara botên anêtêpi ing pangandika.

__________

8. Samingun, Bocah Krangsangan

Bocah anom aran Samingun, wus disuwurake kănca-kancane, yèn angluwihi anggone krangsangan. Ora idhêp wêtênge wis warêg, yèn ana panganan kumlembar pasthi dipangan, apa bae kang ora didoyani: kêtela mêntah digrago, bajangan diganyang. Cêkake, waton kêna dikêcapake, Samingun ora nampik, kok lumraha sukêt kang ijo-ijo pasthi disênggut.

Ing sawijine dina kănca-kancane saeka praya, angerang-erang Si Samingun, supaya padatane kang agawe lingsême mitra-mitrane mau, diowahi. Kabèh anuding Sariya, bocah wasis gêgawean, supaya agawe [aga...]

--- 144 ---

[...we] têtironing panganan, kang sumêdya diwènèhake Samingun. Ora suwe anggitane Sariya wus rampung. Malam dikêmplèng-kêmplèng, banjur diwuwuri bubukan bêling, rupane wus jiblès gêmblong Cina.

Ngun, kowe arêp.

Arêp manèh. Apa ta, ya.

Gilo, tiyangko.

Wah, têka anjanur gunung, mangan kathik nganggo ngèngèh-ngèngèh.

Wis ta, mêngko sêlak krungu bocah-bocah.

Samingun enggal nampani panganan saka Sariya, banjur diêmplok, dikêcapake krasa sêpêt tuntum gêtir, ananging têrus dipamah, awit rumasa kisinan. Kănca-kancane kang padha umpêtan, mêtu sarta gumuyu pating cêkakak, calathune:

Apa enak Ngun, rasane tiyangko Kudus.

Samingun arêp nêpsu, ananging ora bisa, sabab rumasa ora kaconggah mungsuh kănca-kancane kabèh.

__________

--- 145 ---

9. Gêguyon

Napi: Rapale wong arêp bêtah luwe kae kapriye, mas.

Suci: Eling Sukaya klintang-klinting, ususku sadami aking.

Napi: Aku olèh bêrkahan saka eyang, mas.

Suci: Kapriye.

Napi: Kultum, bima, jiktu, langkum tasbibir.

Suci: Iku mungguh maknane kapriye.

Napi: Sêkul atum, srabi lima, wajik pitu, lulang diêkum, diêntas anjêbibir. Waton kowe esuk sarapan: sêga saêtum, srabi lima, wajik pitu, kanthi lalab cècèk, wêtêngmu mêsthi ambadhêdhêg, sadina ora doyan mangan.

__________

10. Bocah

Kinanthi

1. wong mangan gondhèn lan punuk | bêbasane mudha jalmi | enake pan tanpa sama | dahat mangenggar [ma...]

--- 146 ---

[...ngenggar] ing kapti | datan wêruh ing sungkawa | bangun enjing wiwit bukti ||

2. nanêmpuh ing karyanipun | aminta sakèh kaèksi | nora idhêp kakurangan | rama ibu pasthi paring | nganakkên kang nora nana | kinapakna bocah cilik ||

3. gobag sodor sumsum kutu | bengkat lawan tandhu gêrit | yèku brangtaning wardaya | kaya-kaya tan wruh wanci | ywang surya wus surup lama | pra sunu pan durung prapti ||

4. kaliwat sêkêling kalbu | tan antuk uwang sabribil | kinarya tuku dolanan | ibunya dahat sinandhing | angoyag-oyag gawangan | dèn paringi gya lumaris ||

5. hèh bocah kêkasih ingsun | umbarên kang ponang brangti | dipurwani bangun enjang | têrus-tumêrus saari | ywa uwis yèn durung sêrap | mara tinut ing sakarsi ||

6. kinatogên dimèn tuwuk | anglêlipur manahnèki | baya benjang krasa cuwa | wit tan suwe pasthi ênting | kasukan pindha duk purwa | păncabaya angranuhi ||

--- 147 ---

11. Wirabadra, Juru Umuk

Ing jaman kuna ana sawijine ratu, kagungan abdi aran Wirabadra. Abdi mau sênêng umuk. Wus kêrêp bae Wirabadra kawêlèh dening suwara angumbêl mata, ananging anggone plota-ploto mêksa isih ora dimarèni. Ing sawijine dina dikarsakake ngupaya iwak bêthik.

Wirabadra, ingsun kêpengin dhahar iwak bêthik, sira ngupayaa siji bae.

Dhawuh dalêm, mangke sakêdhap kawula caosi, manawi namung sèkêt kemawon, kawula anggampilakên.

Wirabadra lumèngsèr, enggal lunga mênyang kali, sumêdya mancing iwak bêthik. Nganti sadina muput anggone akalung kêpis, ananging sawiji bae ora olèh. Wirabadra kapêksa marak sang ratu, tanpa olèh gawe. Sèkêt dina lawase, Wirabadra ora parêng mangan nganggo lawuh, saliyane iwak bêthik olèhe mancing. Wirabadra ulate ambacus, sèkêt dina lawase amung disadhiyani sêga kalawan banyu. Barêng paukumane wus luwar, ditimbali sang ratu manèh.

--- 148 ---

Wirabadra, saiba tarimaningsun, yèn ana kang bisa ambêdhilake pêrkutut loro bae.

Dhawuh dalêm, sampeyan dalêm sagêd anjagèkakên dhahar daging pêrkutut tigang dasa iji.

Wirabadra enggal ngupaya manuk pêrkutut, anjajah desa nasak alas, ananging ora ana pêrkutut kumlembar. Sang ratu duka, têlung puluh dina lawase Wirabadra diukum, barêng wus luwar banjur ditimbali manèh.

Wirabadra, sira ngupayaa ayam alas siji bae, ingsun kêpengin dhahar iwake ayam alas.

Dhawuh dalêm, bokmanawi abdi dalêm sagêd nyaosi.

Wirabadra anjupuk bêdhile, ora suwe olèh ayam alas, kang enggal dicaosake ratune.

__________

12. Gêrma Kawirangan

Ing sawijine dina Surawacana gêrma ing Purwakăntha lunga ajag. Sadina muput anggone kaloyongan,

--- 149 ---

lumêbu alas anasak garumbul, ananging ora olèh sato kewan sawiji bae. Yèn ulihe tanpa anggêgawa, pasthi digêguyu, disêngguh ora bisa ambêdhil, mulane pangerang-erang mau sumêdya disingkiri.

La, kapasangyoga, kae ana wong duwe ayam alas.

Surawacana enggal marani kang duwe, sapira panjaluke banjur didhuwiti bae, sawuse nuli dilêbokake ing kanthong. Surawacana wis karasa sayah bangêt, mulane sumêdya enggal mulih. Ing têngah dêdalan mandhêg sarta mèsêm, calathune:

Apa aku iki wong gêmblung, ayam alas urip têka dak gawa mulih, arêp nyingkiri pangerang-erang malah bakal dadi gêguyon.

Surawacana anjupuk tali, pitike digandhulake ing uwit, sumêdya dicatoni mimis, ananging pangincêre mlèsèt, taline kacipratan pênambur nuli rantas, wasana ayame alas ucul, baya ing ngêndi parane.

__________

--- 150 ---

13. Ratu Wuta

Duk kalane Prabu Ingwar isih anom, durung ginanjar gêrah soca, kondhang komuk kasêktène, dhasar ratu prawira angrèh sapadha-padhaning ratu.

Sang prabu kagungan putra kakung, sulistya ing warna, tandang tindak sarwa alus, pindha Bambang Durjaka, ananging cacade ora sagêd ngêndikan, mulane barêng ramane sangsaya sêpuh, kawuwuhan tuna paningal, ramane bangêt ing ngungune, baya putrane ora bisa gumanti.

Kacarita, ing dina Soma Manis Prabu Ingwar miyos siniwaka, lênggah ing dhampar kancana, ingadhêp para wadyabala andhèr, padha angapurancang, sêmune asih ing ratune. Prabu anom uga amarak, lênggah kapering ngarsaning ramane. Têngahing ngêndikan, kasaru praptane sinatriya loro, anyoncong pêdhang ligan, lawan sora panguwuhe.

Asmaradana

1. hèh sira janma kêkalih | dinulu lir pindha bathang | kang siji wuta matane | sijine tan bangkit [bang...]

--- 151 ---

[...kit] ngucap | ywa padha ngeca-eca | nora suwe pasthi lampus | katiban pusakaningwang ||

2. wus suwe ngong anti-anti | nanging tan darbe rumasa | apa lumuh ing uripe | yèn nyata ratu prawira | payo maju dienggal | tandhing lawan satriya nung | kang asêkti măndraguna ||

Prabu Ingwar ngungun ing galih, andikane:

Mêgatruh

1. adhuh-adhuh ora kaya awak ingsun | duk anom wibawa mukti | ratu agung samya nungkul | dupi mèh tumêkèng jangji | bocah bajang ngêpak ingong ||

2. sinatriya kêkalih samya pinunjul | kang sumêdya tandhing jurit | mungsuh ratu wuta sêpuh | pagene tan arsa prapti | duk kalèngsun maksih anom ||

3. sapa kono kang wani apêrang pupuh | minăngka sêsulih mami | mara iki pusaka gung | tampanana dipun aglis | pasthi nora bakal mindho ||

Wadyabala pandêng-pinandêng, diya-diniya, ananging siji bae ora ana kang wani ngayoni. Ora suwe sang ratu midhangêt [midha...]

--- 152 ---

[...ngêt] suwarane bocah anom, sajêg durung nate midhangêt suwara iku, baya suwarane magang anyar.

Kinanthi

1. dhuh gusti pêpundhèn ulun | mugi paringna pun dasih | pusaka agung utama | amba arsa tandhing jurit | minăngka sêsulih tuwan | ngêmbari satriya kalih ||

Sang ratu bangêt sukane, gêgaman enggal diparingake bocah anom mau. Sanajan sang ratu ora sagêd priksa, ananging ora samar yèn panakawan anyar mau unggul ing jurit, barêng sinatriya loro wis padha nungkul, gêgaman banjur dicaosake sang ratu, Prabu Ingwar suka ing galih, ananging rada cuwa dene dudu putrane kang anungkulake mungsuh. Andikane:

Roning Kamal

1. hèh ta sira bocah anyar | ingsun tarima karyèki | sinatriya wus katawan | katiban pusaka aji | tinamakakên uwis | dening sira bocah bagus | sapa sira lare nyar | kang nglabuhi marang mami | lah matura wong sêkti dipun prasaja ||

Kang dinangu enggal mangsuli

Kinanthi

1. dhuh gusti rama pukulun | amba putranta [putra...]

--- 153 ---

[...nta] pribadi | sumêlèt ingerang-erang | kang minăngka dadya kunci | ambikak pona kunjara | kang angêkêr lidhah mami ||

Barêng sang ratu midhangêt, yèn kang anungkulake mungsuh putrane dhewe, bangêt sukane, sarta agung ing panarima ing Hyang Suksma. Dina iku uga karajane dipasrahake putrane, Prabu Ingwar jumênêng ratu sêpuh.

__________

14. Gêguyon

Napi: Mas, ana keblat papat, diracut dadi têlu, diracut manèh dadi loro, nuli diracut dadi siji, iku sampurnane nyang ngêndi.

Suci: Nyang awang-uwung.

Napi: Mosok, yèn jare aku nyang pandhêlis.

Suci: Kapriye.

Napi: Ikêt, yèn dijèrèng pojoke (= keblate) ana papat, yèn wis ditêkuk adu mancung (arêp dianggo) pojoke ana têlu, sawise dianggo pojoke mung loro, yaiku: kuncung lan koncèr [ko...]

--- 154 ---

[...ncèr] (koncère mung sasisah), yèn wis dimondholake pojoke kari siji, yaiku mung kuncung thok. Têrange kaya gambar ing ngisor iki:

[Grafik]

Sampurnane yèn wis kok dol, ora-orane yèn kok titipake rama sêkatêr.

Pèngêt duk têlas sinurat.

Wulan purwa nawa winilis, sinêngkalan = bujăngga wau dadi sarira tunggal.

__________

--- [155] ---

V. Dongèng Krete

Anggitanipun Radèn Sumarya, ing Mandirancan, Banyumas.

__________

--- [156] ---

[...]

--- [157] ---

1. Pangkur

1. mèt wohing jaga winuntat | giris mulat janma aran Pak Cêngil | dènnya daludur laku dur | dursila tanpa tata | wiwit bocah Pak Cêngil dènnyambêk rusuh | muthakil basiwit dahad | ngakal karenahe dadi ||

2. dinêdêr sadina-dina | lamun mulat lare dolan nyênyangking | sabarang kang kira payu | diêdol pasthi kêna | sangsaya yèn kalintong nêmu mah suwung | anggêpe kaya wong tămpa | tinggalane kaki nini ||

3. bocah kang padha kelangan | linarangan dening bapakne sami | aja dolan mor si climut | bok katut dadi bangsat | pês-apêse kelangan gêgawanipun | nanging mêksa nora kêna | bocah kèh suyud kêpati ||

4. kaya bocah kênèng kêmat | tuwanane Si Cêngil anikêli | yèn tan antuk apus-apus | nayab manawa awan | lamun wêngi ala nganggur amêmandung | kuda mesa sapi menda | banyak menthok bèbèk pitik ||

5. grabah gombal pirangbara | bisa gondhol pêthi isi mas picis | puput-pupute kêpuput | tanduran têgal [tê...]

--- 158 ---

[...gal] sawah | kacang dhêle katela gêmbili jagung | pari amung ginampungan | winadhahan bagor kêni ||

6. tan kêna barang katingal | gêdhe cilik rèmèh tan na tinampik | tăngga prêpat mănca dhusun | rina wêngi gung susah | paribasan tan kêna lali salêmut | tan wurung pasthi kêkênan | barang sinambêr Pak Cêngil ||

7. yèn kacandhak asrah tobat | turun satus nora wania maning | yèn kêprêgok durung mlêbu | têmbunge arêp utang | dhuwit bêras pari barang anggêr antuk | sakolure mêksa-mêksa | dilalah kang padha gêthing ||

8. grêgêt kaya matènana | ring Pak Cêngil lamun dèrèng kaèksi | nanging manawa andulu | raine si rangutan | nuli salin cipta wêlase kang mêtu | bênêr sing padha rêrasan | Pak Cêngil jinurung eblis ||

9. saya gambirambêk dadra | ngalad-alad murka ngrêbda mawêrdi | dadi barang kang kinayun | Pak Cêngil sugih anak | kasêmbadan nyandhang mangan mumbra-mumbru | sêmpulur ing kadursilan | prandene nora marèni ||

10. ing rèh watêking musibat | malah lanyah lunyu lir dèn lêngani | sambèn kalakuwanipun | yèku ngrong prasanakan | lamun katon mèdêm wadone si karuh | kinalulu [...][3]

 


dak. (kembali)
kadhaton. (kembali)
Naskah tidak lengkap. (kembali)