Kumpulan Dongeng, Dawud, c. 1890, #123 (Hlm. 001–079)

Judul
Sambungan
1. Kumpulan Dongeng, Dawud, c. 1890, #123 (Hlm. 001–079). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Dongeng.
2. Kumpulan Dongeng, Dawud, c. 1890, #123 (Hlm. 079–158). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Dongeng.
Citra
Terakhir diubah: 19-10-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Kumpulan Dongeng][1]

I. Dongèngipun Suwidak Loro

Anggitanipun Dawud, magang guru ing Masaran.

__________

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Kacariyos, ing jaman kina wontên satunggiling warăndha sampun sêpuh, anama Bok Răndha Sambega, gêgriya wontên ing padhêkahan alit, anama padhêkahan Sidhangmiring, bawah ing Sukawati.

Bok Răndha Sambega gadhah anak èstri satunggil nama pun Suwidak Loro. Mila nama makatên, awit rambutipun namung wontên suwidak êlêr, untunipun namung kalih iji, tur warninipun botên mèmpêr tiyang kathah, bêbasan kados gêndruwo thethekan. Sirahipun pating brênjul, bathukipun anonong, mripat malêthus, irung tèsèk, rai mungkal gêrang, lambe nyoro, gulu lêkêk, pundhak barojol, tangan ceko, bokong tepos, suku penthong, lampahipun impur.

Ingkang katêdha ing sadintênipun ugi sanès kalihan tiyang kathah, kados ta: cabuk, gêrèh pèthèk, gorengan botor, tuwin cêngkaruk gimbal. Dados mèh kados pirantosipun tiyang mêthil anylamêti pantun [pantu...]

--- 4 ---

[...n] wontên ing sabin ingkang badhe wiwit kapugut. Dene bok răndha awis nêdha, sarta awis-awis tilêm. Tiyang kalih wau botên nate mêdal saking ing griya, namung anênuwun dhatêng Ingkang Maha Kuwasa, supados kaparênga ingkang dados panuwunipun.

Ing wanci dalu sabên sawung kaluruk, bok răndha anggugah anakipun dipun kudang. Pangudangipun makatên: O, Allah, anakku ayu dhewe, ênggèr, Suwidak Loro tangia kowe dak kudang. Anakku besuk bakal dipundhut dadi garwaning ratu. Punika rambah-rambah ngantos dumuginipun ing wanci byar.

Anggènipun angudang anakipun kados makatên punika botên kêndhat-kêndhat ing wanci dalu. Ciptanipun bok răndha manawi dèrèng angsal wisik utawi dèrèng kaparêng ingkang dados panuwunipun, dèrèng kêndhat-kêndhat anggènipun angudang anakipun, amila anglampahi sêjatining pamirêng. Wontên swara botên kamirêngakên, wontên godha botên karaosakên.

Kocapa, tangganipun ingkang mirêng ing pangudanging anakipun [ana...]

--- 5 ---

[...kipun] sami gêthing sadaya sarta muring-muring sangêt, awit tanpa măngsa anggènipun angudang, wontên ingkang mungêl asora kalihan nosot-nosotakên makatên: Sambêr blêdhèg, Bok Răndha Sambega kowe. Wong angudang anake bae kok tanpa wayah, iki rak lagi wayahe wong turu anglêr, nganggo kowe angudang anakmu, tur anakmu iku ayua, wong rupane kaya gêndruwo thethekan, kathik olèhe angudang digarwa ing ratu, masa kalakona ora. Ing ngriku bok răndha anggènipun angudang botên kèndêl, malah saya sêru. Botên karèwès ing ujaring tangganipun. Wasana wontên satunggiling tangganipun ingkang muring-muring sarta nêpsu sangêt, botên narimah sumêdya anggigat dhumatêng ngarsaning sang nata.

Kacariyos, tangganipun ingkang sumêdya anggigat wau enjingipun têrus pangkat, lampahipun wontên ing margi botên kacriyosakên, enggalipun sampun dumugi ing pinggir alun-alun, lajêng pepe tilêman wontên ing satêngahipun, kados tiyang edan. Sarèhning [Sarèh...]

--- 6 ---

[...ning] tiyang rêdi, botên nate sumêrêp tatacaraning nagari, dados botên anggadhahi isin. Kalêrêsan ing nalika punika wontên satunggiling priyantun jagi, sarêng wuninga wontên tiyang ngalemprak ing satêngahing alun-alun, nuntên dipun têdhaki sarta angandika: Hèh, kowe iku wong apa, têka ngalemprak pepe ana ing kene. Apa sababe. Aturipun ingkang dinangu: O, bandara, anggèn kawula pepe wontên ing ngriki punika, kawula badhe sowan dhumatêng ing ngarsanipun sang nata, nanging sarèhning kawula dèrèng nate sumêrêp nagari, dados lingak-linguk, pundi margi ingkang badhe dhatêng karaton, mila kawula lajêng ngalemprak wontên ing ngriki supados dipun dangu ing priyantun. Priyantun jagi andangu malih: Ya wis ayo, tut buria aku, dak sowanake. Tiyang rêdi matur malih: Sumăngga, bandara.

Sadumugining ngarsanipun sang nata, sang nata angandika: Lah, kowe priyayi jaga, ana apa, têka sowan ing ngarsaningsun. Aturipun priyantun jagi: Kawula nuwun, gusti, anggèn kawula sowan ing ngarsa panjênêngan dalêm gusti, [gu...]

--- 7 ---

[...sti,] sumêdya ngunjukakên pisowanipun tiyang saking rêdi, kawula aturi andangu panjênêngan dalêm gusti piyambak, punika tiyangipun. Sang nata angandika dhatêng tiyang rêdi: Kowe iku wong saka tanah ngêndi. Unjukipun: Abdi dalêm kawula tiyang saking padhêkahan Sidhangmiring, gusti, bawah Sukawati. Sang nata ngandika malih: Apa pêrlumu dene kowe sowan marang ngarsaningsun. Unjukipun: Mugi andadosna ing kawuningan dalêm gusti, abdi dalêm kawula gadhah tăngga warăndha satunggal sampun sêpuh, namanipun Bok Răndha Sambega, gadhah anak satunggal nama Suwidak Loro. Sabên dalu wanci sawung kaluruk êmbok răndha tangi anggugah lan ngudang anakipun, pangudangipun makatên: O, Allah anakku ayu dhewe, gèr, wis tangia, dak kudang, kowe besuk bakal dipundhut garwa ing ratu. Makatên sabên dalu botên kêndhat. Sarèhning ambrêbêgi anggèn kawula tilêm, măngka manawi kawula emutakên malah dipun sêrokakên ing pangudangipun. Mila kawula botên narimah, nyuwun adil ing panjênêngan dalêm gusti. Sang nata angandika: Ah, iku rak saking [sa...]

--- 8 ---

[...king] ayune, yèn ora ayua, masa dikudanga dadi garwaku.

Sang nata lajêng utusan animbali kyai patih, miwah para wadyabala, sumêdya kautus anglamar Suwidak Loro dhatêng padhêkahan Sidhangmiring. Sarêng rêkyana patih miwah wadyabala sampun dumugi sadaya, sang nata angandika: Hèh bapa patih lan para wadyabala kabèh, samêngko kowe dak utus anglamar Suwidak Loro mênyang ing padhukuhan Sidhangmiring, tut buria lakune wong gunung kiye. Dene praboting têmantèn lan joli aja kari, wadyabala sami amatur sandika asaur pêksi, lajêng bodhol.

Lampahipun wontên ing margi botên kacariyosakên, enggalipun sampun dumugi ing padhêkahan Sidhangmiring, kyai patih utusan animbali Bok Răndha Sambega kapurih mêdal. Ingkang kautus sandika mangkat, dumugi ing griyanipun bok răndha, andhawuhakên timbalan, cêkakipun bok răndha sampun kerid dumugi ing ngarsanipun kyai patih, nuntên kadhawuhan makatên: Hèh,

--- 9 ---

Bok Răndha Sambega, aku kautus dening sang nata, anglamar anakmu, sumêdya kapundhut garwa, mara anakmu wêtokna dak dandanane. Yèn wis dak lêbokake ing joli, banjur dak unjukake marang ngarsane sang prabu.

Aturipun Bok Răndha Sambega: Anak kawula ayunipun botên kantên-kantênan, kathik katêdah-têdahakên. Botên angsal kawula, pundi prabotipun têmantèn, badhe kawula dandosi piyambak. Prabot kasukakakên, katampenan bok răndha kabêkta malêbêt ing griya. Bok răndha wicantên dhatêng anakipun: Ênggèr, kowe manuta bae dak dandani, saiki kowe bakal dipundhut garwa ing sang nata, bokmanawa katurutan anggonku nênuwunake marang kowe.

Wangsulanipun Suwidak Loro: O, iya ta biyung.

Suwidak Loro lajêng dipun dandosi, sarèhning biyungipun botên nate sumêrêp patraping tiyang andandosi têmantèn, mila rainipun lajêng kaêmblog-êmblog atal kalihan angus. Ing salaminipun gêsang botên [botê...]

--- 10 ---

[...n] kêmpalan kalihan tiyang kathah, botên sumêrêp tatacaranipun, dados inggih pating sarembong anggènipun matrapakên pangangge. Sarêng sampun rampung anggènipun andandosi, bok răndha matur: Pundi jolinipun panjênêngan lêbêtakên, têmantènipun sampun dandos.

Joli kalêbêtakên, bok răndha wicantên dhatêng anakipun: Wis ênggèr malêbua ing jêro joli kene, dak kuncine, aja pati-pati kobukak, yèn durung têkan ing kraton. Iki pangananmu aja nganti kari. Wangsulanipun Suwidak Loro: Iya biyung, aku anjaluk pangèstu. Wangsulanipun biyungipun: Iya ênggèr, muga-muga dikarsakake marang sang nata, dak rewangi ora turu ora mangan. Bok răndha wicantên dhatêng satunggaling wadyabala: Punika têmantènipun sampun dados, kula aturi ambêkta mêdal. Joli kabêkta mêdal, kyai patih lajêng ngandika: Wis bok răndha aku lilanana kondur, kowe karia slamêt. Aturipun bok răndha: Kawula nuwun inggih gusti. Lajêng bodhol.

Gêntos kacariyos tangganipun, sami bingah-bingah, wicantênipun: [wica...]

--- 11 ---

[...ntênipun:] Saiki Suwidak Loro yèn têkan karaton masthi dipatèni dening sang nata, masa ngarah sida digarwa, wong rupane ora mèmpêr uwong. Sukur-sukur, sing ambrêbêgi saiki wis mati.

Kocapa lampahipun para wadyabala sampun ngancik ing jajahan tanah Sukawati. Ing ngriku anakipun Dèwi Sri mambêt gandaning têdhanipun Suwidak Loro, sanalika nangis andhêkoni pangkoning ibunipun, wicantênipun: Adhuh, bu, aku mambu gandaning panganane bakyu Suwidak Loro kaya-kaya ora kuwata ngampêt, olèhe sêgêr sumyah nyang awak, bok aku jalukna sathithik bae bu. Kaya apa rasane. Ibunipun mangsuli: Iya yèn awèh, yèn ora awèh, kapriye, ta, gèr, wong panganan kanggo sangu, anakipun mangsuli malih: Ora bu, gage jalukna, sathithik bae. Ibunipun lajêng mangkat, amanggihi Suwidak Loro wontên ing lêbêt joli, wicantênipun dhatêng Suwidak Loro: Gêndhuk aku dikongkon adhimu, dikongkon anjalukake pangananmu sathithik bae. Wangsulanipun Suwidak Loro: [Lo...]

--- 12 ---

[...ro:] O, ora entuk aku bu, wong dak ênggo sangu, besuk manawa êntèk kapriye. Ibunipun lajêng mantuk, wicantên dhatêng anakipun: Ora entuk ênggèr, ya wis mênênga. Anakipun saya sora panangisipun, wicantêne dhatêng ibunipun: O, Allah bu, balia manèh, entuk ora entuk jalukna. Ibunipun lajêng wangsul malih kalayan ambrêbês mili, wicantênipun: O, Allah, anakku Suwidak Loro, gèr, wêlasana adhimu, galo nangis bae, ora gêlêm mênêng-mênêng, gage wènèhana.

Suwidak Loro mangsuli: Wis ngene bae ta bu, pangananku dak wènèhake si adhi, nanging rupane si adhi dak pèk, dadi ijol karo rupaku. Mara tarinên. Dèwi Sri naros anakipun, wasana anakipun purun, Dèwi Sri lajêng wangsul malih, cariyos manawi anakipun purun kaajak lintonan. Sampun dilalah saking karsaning Pangeran Ingkang Maha Agung kêdah makatên, lajêng sami ambêsut raga, enggalipun sampun sagêd kalampahan alintu warni. Kocapa Suwidak Loro, ayunipun [a...]

--- 13 ---

[...yunipun] anglangkungi widadari. Nuntên amatak aji pêgowong, cahyanira gêbyar-gêbyar kadya sêsotya, sagêd amajari ing saurut margi, lawanganing joli kabikak, Suwidak Loro manglong-manglong wontên ing kori. Sawêg punika salaminipun tumitah wontên ing donya sumêrêp ngalam pajar. Awit nalikanipun wontên ing griya botên mêdal-mêdal, labêt saking isinipun, dene wujudipun botên kaprah tiyang kathah.

Kacariyos, para wadyabala ingkang sumêrêp gêbyaring cahyanipun, sami gêdrug-gêdrug aniba tangi sawênèh mungêl makatên: Allah, mulane, mulane. Para wadya ing wingking mirêng kancanipun angucap makatên, lajêng pitakèn ingkang dados sabab, wangsulanipun inggih namung kados ing nginggil punika.

Sadumuginipun ing Gladhag, sampun kapapag ing sang nata, taksih têbih cahyanipun sampun ambalêrêngi ing sang nata, nuntên dipun palajêngi têrus kapondhong anggrêgiyêg labêt saking kasêngsêmipun, awit angawonakên putri ing sakadhaton. Sarawuhipun ing tratag rambat [ra...]

--- 14 ---

[...mbat] sang nata angandika dhatêng wadyabala: Hèh, wadyabalaningsun kabèh, padha saksènana, sarèhning ingsun wus akrama manèh, ingsun sumêdya akarya bêbungah ing atimu kabèh, ing sajroning sapasar sun ganjar bujana kang èdi-èdi sinambi tayuban. Ingkang dhinawuhan sadaya sami bingah-bingah, saha amunjuk saur pêksi. Sang nata kondur angadhaton.

Ing wanci dalu sang nata angandika dhatêng Suwidak Loro, mênggah lêlampahanipun wiwit dumuginipun sapriki. Suwidak Loro angunjukakên lêlampahanipun sadaya, botên wontên ingkang kalangkungan, saha têdhaning sadintênipun. Sang nata angandika: Yèn mangkono saupama kowe ora digugat tanggamu, masthi ora kalakon dadi garwaku, prayogane wong kang anggugat marang kowe iku dak ganjare bumi, nganti têkan saturun-turune.

Enjingipun sang nata utusan satunggiling mantri dhatêng ing dhusun Sidhangmiring, animbali tiyang ingkang gugat rumiyin. Ingkang kautus sandika mangkat, lampahipun wontên ing margi botên kacariyosakên, enggalipun [enggalipu...]

--- 15 ---

[...n] sampun dumugi ing padhêkahan Sidhangmiring, lajêng animbali tiyang ingkang anggugat, amratelakakên yèn piyambakipun katimbalan dening sang nata. Ingkang tinimbalan sarêng mirêng sanalika payus pucêt, awit ajrih bilih kaukum. Dangu-dangu nyipta makatên: Lah, pati apa sing dak golèki. Lajêng kaajak mangkat.

Gancaring cariyos, sampun kasowanakên wontên ngarsaning sang nata, sang nata angandika: Hèh, wong anggugat, saiki kowe sun ganjar bumi ing Sidhangmiring salawasmu, tanpa pajêg têkan saturun-turunmu. Tiyang wau sakalangkung suka bingahing manah, amanggih kamulyan ingkang samantên, lajêng lumèngsèr saking ngarsaning sang nata. Sadumugining griya tangganipun sami nungsung pawartos. Ingkang tinakenan anyariyosakên nalika katimbalan dhatêng ngarsaning sang nata, saha kawontênanipun Suwidak Loro, ingkang mirêngakên sangêt ngungun ing batos, têka anèh sangêt. Dene sagêd malih warni ingkang saklangkung endah.

Botên antawis dangu sang nata utusan malih animbali bok răndha, sumêdya kapundhut dhatêng ing karaton, [kara...]

--- 16 ---

[...ton,] ingandikakakên mukti wibawa. Ingkang kautus inggih kyai patih, kadhèrèkakên para prajurit, ing samargi-margi tansah angungêlakên gurmat, tambur miwah slomprèt mawanti-wanti. Tiyang-tiyang karang padhusunan sami gumrudug aningali. Sadumuginipun ing padhêkahan Sidhangmiring, kyai patih utusan animbali Bok Răndha Sambega, ingkang kautus sandika mangkat, sarêng bok răndha sampun dumugi, kyai pati andangu: Hèh bok răndha, aku diutus karo sang nata, andikakake nimbali kowe, sumêdya kapundhut marang karaton, kudu barêng salakuku. Aturipun bok răndha: Kawula botên purun gusti, anak kawula ayunipun botên kantên-kantênan kapundhut sampun kawula caosakên. Botên purun kawula.[2] Kyai patih ngandika malih: Ora bok răndha, gêlêm ora gêlêm dak gawa. Aturipun bok răndha: O, inggih ta, panjênêngan dalêm rumiyin, mangke kawula nusul.

--- 17 ---

Kyai patih ngandika malih: Ya ta bok răndha, nanging aja suwe-suwe, enggala nusul. Lajêng bodhol.

Bok răndha lajêng adamêl têdhaning anakipun, kawadhahan ing sênik agêng kagendhong lajêng mangkat. Ing samargi-margi tansah dados gêgujênganing tiyang kathah, anggendhong sênik agêng isinipun botên murwat. Sarta tansah pitakèn margi ingkang dhatêng nagari. Lampahipun dumugi ing Gladhag, bok răndha wicantên makatên: Êndi dalane nyang kraton, aku arêp tilik anakku, anakku dipundhut garwa sang nata. Tiyang-tiyang ingkang mirêng sami gumujêng, ingkang wontên ing griya sami ngungak, dipun kintên tiyang edan. Lajêng wontên ingkang mangsuli makatên: Lah, iku apa, dalan iku ngidul bae. Sadumugining alun-alun, nuntên linggih andheprok kalihan mungêl kados ing nginggil.

Kalêrêsan ing nalika punika kyai patih badhe sowan, sarêng tindakipun dumugi ing alun-alun, wuninga bok răndha andheprok ing têngah alun-alun,

--- 18 ---

dipun têdhaki sarta kadangu: Lho, kowe bok răndha, ayo dak sowanake. Bok răndha andhèrèk. Sadumugining ngarsanipun sang nata, kyai patih matur: Punika gusti, bok răndha sampun sowan.

Sang nata ngandika dhatêng bok răndha: Apa kowe kang aran Bok Răndha Sambega, êmbokne Suwidak Loro, kang dak pundhut garwa. Unjukipun bok răndha: O, gusti, awon-awon inggih kawula, lah samangke anak kawula wontên pundi, sampun dangu kawula dèrèng sumêrêp.

Sang nata utusan animbali Suwidak Loro, sarêng sampun dhatêng, sang nata angandika: Iku bok răndha anakmu. Unjukipun: Adhuh, sanès-sanès gusti, anak kawula ayunipun botên kantênan. Panggalihipun sang nata: Lah, kaya ngene isih dipaido, coba dak kone manganggo kang sarwa endah-endah. Sarêng gantos busana saya endah ing warni. Ewadene mêksa botên kaakên ing bok răndha. Awit anakipun kados mêmêdi, têka dipun têdahi putri kados makatên, dados [da...]

--- 19 ---

[...dos] ajrih yèn angakênana. Ngantos rambah-rambah anggènipun santun busana, nanging botên dipun akên-akên, Suwidak Loro anggagas: Mulane biyung ora gêlêm ngaku anak aku, awit aku biyèn kaya ngana rupaku, saiki kaya ngene, dadi wêdi yèn arêp ngaku, bêcike aku nangis bae karo andhêkoni pangkone.

Ing ngriku Suwidak Loro anangis saha andhêkoni pangkoning biyungipun, kalayan wicantên makatên: O, iya aku iki biyung anakmu biyèn. Êmbokipun mangsuli: Yèn nyata sampeyan anak kula, hara têdhan sampeyan rumiyin punapa. Suwidak Loro amangsuli, anyariyosakên têdhaning kala alit. Bok răndha sarêng mirêng wicantêning Suwidak Loro, sanalika ngungun ing batos, sampun pitados sangêt. Sênik dalah isinipun kabucal têbih. Tamtunipun sapunika sampun botên karsa dhahar, kados dhêdhaharanipun nalika alit. Sarêng sampun purun ngakên, bok răndha kasantunan [kasantuna...]

--- 20 ---

[...n] pangangge. Kyai patih lumèngsèr saking pasowanan, sang nata kondur angadhaton.

Ing wanci dalu panuju sang nata sare, Suwidak Loro amanggihi êmbokipun, abusana sarwa awon, nuntên anyariyosi êmbokipun, anyariyosakên lêlampahanipun nalika kabêkta dhatêng ing nagari. Êmbokipun saklangkung ngungun ing manah, mirêng wicantêning anakipun. Wangsulanipun: Saiki dak tapakake manèh, aku dak ora mangan ora turu, supaya bisa anurunake ratu ing satanah Jawa.

Dèrèng dangu anggènipun rêmbagan, sang nata wungu, sarêng priksa ingkang garwa botên wontên lajêng dipun padosi, kapanggih jagongan kalihan biyungipun. Pangandikanipun sang nata: Adhuh adhiningsun wong ayu, yèn wis dadi garwaning ratu ora kêna nyandhang amoh, sarta ora kêna ninggal lunga manawa panuju andhèrèk sare. Suwidak Loro lajêng wangsul dhatêng pasareyan.

Kacariyos Suwidak Loro wilujêng anggènipun dados garwaning nata, sang prabu kasok sihipun, sang ayu sampun [sampu...]

--- 21 ---

[...n] apêputra kathah jalêr èstri, sadaya sami pinunjul ing warni. Putra kakung ingkang sêpuh piyambak sasurudipun ingkang rama, gumantos kaprabon, widada ing salajêngipun botên wontên sakara-kara.

Tamat.

--- [22] ---

[...]

--- [23] ---

II. Sêrat Tri Daya Kawarna

Nyariyosakên lêlampahanipun sadhèrèk têtiga ingkang sami rêbat unggul.

Anggitanipun Mas Harjasaputra, mantri guru ing Klathèn.

__________

--- [24] ---

[...]

--- 25 ---

Kacariyos kala rumiyin ing wêwêngkonipun nagari Sidakăndha wontên lare jalêr têtiga sasadhèrèk nunggil yayah rena anama: Sukaya, Wasistha, lan Sudira. Lare têtiga wau anggènipun kêkadangan sangêt guyub sarta atut rukun, mèh botên nate sulaya utawi tukar pabên, amargi tansah sami jagi-jinagi rêksa-rinêksa, ingkang sêpuh rumaos sêpuhipun, wajib momong dhatêng adhinipun, ingkang ênèm rumaos ênèmipun, wajib bêkti lan angajèni dhatêng kakangipun. Amila anggènipun sadherekan andamêl rêsêpipun para ingkang sami nyawang, pantês dados têtuladaning ngakathah tiniru ing para mudha. Nanging sampun pinasthi ing karsaning Allah Ingkang Maha Kawasa, alit mila lare têtiga wau gèsèh-gèsèh ingkang dados pangèsthining batos. Kala taksih sami alit manawi dipun pitakèni ing tiyang sêpuhipun: Thole, kowe besuk nèk gêdhe dhêmên dadi apa. Wangsulanipun Sukaya: Aku dhêmên dadi wong sugih. Wasistha: Aku milih dadi wong pintêr. Dene Sudira: Aku kapengin dadi wong digdaya. Tiyang sêpuhipun [sêpuh...]

--- 26 ---

[...ipun] jalêr èstri sangêt bingah mirêng anak-anakipun mangsuli makatên punika, mracihnani bilih anak-anakipun sami kadhêdhêran sêdya utami, nêtêpi kados pangajêng-ajêngipun. Namung sakêdhik ingkang dados ngunguning manahipun dene namung lare tiga kemawon têka beda-beda kajêngipun. Makatên osiking batos: O Allah, mung bocah têlu bae têka seje-seje karêpe, ana sing dhêmên sugih, ana sing dhêmên pintêr, ana sing dhêmên digdaya, ewadene rèhne kabèh-kabèh mau bêcik iya padha dak dongakake, muga-muga Gusti Allah nyêmbadanana.

Anuju satunggiling dintên kadang tiga wau sami jêjagongan, ing ngriku Sukaya ngudaraos makatên: wong urip iku ora ana kapenake kaya wong sugih. Sadhèrèkipun kalih anyambêti wicantên: Kapriye nalare dene kowe duwe pamikir mangkono. Wangsulanipun Sukaya: Iya, amarga wong sugih iku sabarang karêpe bisa kasêmbadan, apa arêp mangan kang sarwa enak, apa arêp nyandhang kang sarwa gumêbyar, apa karêp yasa

--- 27 ---

omah kang kaya kaswargan, mêsthi bisa kalakon. Karodene anggêr uwong mêsthi padha ngajèni amarga saka karoban băndha. Sudira wicantên: Prakara kajèn kèringan masa ngalahna wong digdaya, mungguh misuwure ing jagat iya ora nimbangi wong digdaya, gêdhening paedahe iya isih mênang sing digdaya, apa ora wis nyata wiwit jaman kuna-kumuna sing bisa ambêdhah praja amboyong putri iku wong sing digdaya. Wasistha sumambung: Kabèh iku kasor karo wong pintêr, gêgamaning aurip kang pêrmati dhewe iya iku kapintêran, saka dayaning kapintêran bêbasan katamakake ing gunung jugrug sagara asat, lan manèh kasugihan gampang sirnane, wong digdaya kêna dipaeka, balik kapintêran awèt tan kêna êntèk, prapta ing jaman akir pisan isih kanggo. Sukaya anyambungi malih: Êlho, wong pintêr akèh sing padha dadi bature wong sugih, sabab saka dayaning dhuwit wong pintêr kêna diêrèh. Wasistha amangsuli: Hêm, lah wong sugih dadi ganyangane wong pintêr ...

Makatên ginêmipun lare tiga wau saya dangu saya sêrêng diya-diniya [di...]

--- 28 ---

[...ya-diniya] rêbat unggul, botên wontên ingkang purun ngawon, ing batos sami kumaropok manahipun kabranang dening sami kêkahipun angrungkêbi pamanggihipun piyambak-piyambak. Wêkasaning rêmbag sami prasêtya sumêdya nyatakakên, dene ingkang minăngka pratăndha têmên-têmêning prasêtyan lêngênipun sami kaêcap sarana rahipun piyambak. Lêngênipun Sukaya mungêl: sugih, lêngênipun Wasistha mungêl: pintêr, lêngênipun Sudira mungêl: digdaya. Sasampunipun makatên lajêng sami kesah purugipun piyambak-piyambak. Ing sadèrèngipun bidhal tiga pisan sami rêrangkulan minăngka pratăndha katrêsnanipun sadhèrèk rèhne badhe pêpisahan, lajêng sami andum wilujêng akanthi puji-pinuji, sagêdipun kadumugèn sêdyanipun sarta sagêd pinanggih malih kalayan wilujêng.

Sukaya sakesahipun saking griya sangêt judhêging manah, èwêt anggènipun badhe nyangkani sagêdipun kalêksanan sugih, amargi tanpa pawitan sabribil-bribila, măngka rumaos botên gadhah pangawikan ingkang kenging kangge sarana ngupados arta, dhasar salaminipun dèrèng nate [na...]

--- 29 ---

[...te] nglampahi pados arta kajawi namung nêdha dhatêng tiyang sêpuhipun. Puputing pamikir pun Sukaya tuwuh tekadipun sumêdya mêrtapa manêgês karsaning Hyang Widi, tumuntên manjing ing samadyaning wanapringga ngupados papan ingkang sêpi sarta kiwa awis kaambah ing tiyang, ing ngriku lajêng mapan sidhakêp suku tunggal nutupi babahan hawa sanga ngêningakên cipta, ingkang kaèsthi ing salêbeting wardaya botên sanès namung nyênyadhang sihing jawata tinarbukaa ing manah pinaringana wêwêngan kadospudi marginipun sagêd sugih. Sigêg.

Kocapa Wasistha tiyang pantara dalu manggung angasah budi anggrenda nalar, botên kêndhat ulah kawruh marsudi indhaking kapintêran, sabên wontên tiyang ingkang misuwur pintêr dipun purugi sarta dipun puruhitani, rêmên anyêlaki para sarjana tuwin para winasis. Ingkang kaudi botên namung kawruh lair kemawon, dalah kawruh batos ingkang alus-alus inggih dipun sinau.

Wasistha rêmên sangêt kêkesahan lêlana anjajah nagari, pêrlunipun inggih namung anjêmbarakên polatan ningali kawontênan saha [sa...]

--- 30 ---

[...ha] tata rakitipun nagari sanès, punapa malih piyambakipun pancèn rêmên dhatêng kawruh pangrèh praja, kawruh bab watak-wataking băngsa dalah basanipun pisan. Dhatêng kawruh kapulisèn, kawruh kadhoktêran sapanunggilanipun inggih rêmên. Wasistha manawi ngudi satunggiling kawruh dèrèng purun ngrampungi manawi dèrèng putus saèstu. Makatên wau lami-lami Wasistha kalampahan dados tiyang pintêr mumpuni saliring kagunan kenging kabasakakên punjul ing apapak mrojol ing akêrêp. Ngantos kawêntar ing pundi-pundi, dados pangungsènipun ing ngakathah. Têtiyang ing salêbêtipun nagari ngriku sami ajrih asih dhatêng pun Wasistha, amargi sagêd amadhangakên manah pêtêng sarta ambengkas rêribêd. Anggêr wontên tiyang nandhang kasusahan têmtu dhatêng ing panggenanipun Wasistha nêdha pratikêl, dalasan para pangagênging nagari utawi para ulu-uluning pulisi kathah ingkang sami nêdha tulung. Sigêg.

Wondene pun Sudira ingkang kaudi siyang dalu namung kapurunan, kaprawiran, atosing bêbalung wulêding kulit, ajar selat tuwin anggêgulang kêkiyatan saha gladhi [gla...]

--- 31 ---

[...dhi] ulah dêdamêl. Anggêr mirêng pawartos wontên tiyang ingkang kondhang têguh timbul sêkti măndraguna enggal dipun purugi kadadar, manawi piyambakipun kasoran lajêng suwita wontên ing ngriku nêdha kawulang ngèlminipun. Enjing sontên Sudira ngangkati sela ingkang agêng-agêng kaumbul-umbulakên. Makatên punika lami-lami sagêd sêkti măndraguna, botên pasah tapak paluning pandhe sisaning gurenda, selatipun matêng, kêkiyatanipun anggêgirisi, sok tiyanga ingkang sumêrêp dhatêng pun Sudira têmtu ering botên purun gradhah-gradhah.

Rumiyin Sudira badanipun alit aringkih, samangke dados gothot okol-okol ngajrih-ajrihi. Mênggah kados limrahing tiyang Sudira amasthi lajêng gadhah watak adigang adigung daksiya sawênang-wênang dhatêng sasami, nanging piyambakipun botên, budinipun jujur bêbasan: sapa bêcik dibêciki, sapa ala dialani, punapa malih samangke Sudira lajêng kapupu anak dening satunggiling tiyang maratapa anama Ajar Tunggulmusthika, inggih punika satunggiling ajar ingkang gêntur kasutapanipun sumêrêp sadèrèngipun [sa...]

--- 32 ---

[...dèrèngipun] winarah, punika ingkang tansah anyêrêp-nyêrêpakên dhatêng lampah kautamèn. Sigêg.

Mangsuli cariyosipun Sukaya, anggènipun tapa botên mobah botên mosik, supe nêdha kalawan guling sampun saengga pêjah, manahipun têtêg botên pisan anggadhahi ajrih sarta botên gingsir saking saliring panggodha, tekadipun mantêp santosa botên minggrang-minggring, osiking batos botên nêdya mundur yèn dèrèng katarimah panuwunipun, sanajan pêjaha garing dipun lampahi, isin ningali soroting hyang diwangkara manawi ngantosa batal sêdyanipun.

Anuju satunggiling wêktu wanci lingsir dalu, sampun botên wontên sabawaning walang kumlisik, angin-angin sami kèndêl sidhêm pêrmanêm, bêbujêngan wana ingkang pating galêro pating galêrêng ngupados mêmangsan sampun sami tintrim wangsul dhatêng pandhêlikanipun piyambak-piyambak, namung kantun suwaraning jangkrik upa ingkang taksih ngêcêk kasauran ungêling cêcak, punika saya damêl nglanguting pangèsthinipun Sukaya yayah sundhul ngakasa. Botên dangu Sukaya rumaos [ru...]

--- 33 ---

[...maos] mak byar padhang paningalipun, manahipun cumêmplong pratăndha sampun katarimah tapanipun. Ing salêbêting wardaya kados wontên ingkang angosikakên makatên: wis ta kulup, tumuli tangia, gonira tapa wus ingsun tarima, mung wêkasku sing têmên lan mantêp ing samubarang gawe, pawitane wong arêp sugih kudu gêmi nastiti ngati-ati, gêmêt, mêmêt lan anjalimêt, aku bakal mangèstoni. Sukaya sanalika sampun nyakup dhatêng suraosing wangsit, lajêng mapan linggih kalihan sukur ing Pangeran. Sarêng sampun angajêngakên wanci gagat raina lajêng kesah saking panggènan ngriku, purugipun mangêtan lêrês angênêr dhatêng satunggiling dhusun. Kala samantên langit ingkang sisih wetan katingal trontong-trontong padhang esthanipun kados tiyang badhe amapag obor ingkang sawêg alêlampah. Ron-ronan ingkang sami katiyup ing angin enjing, sami manthuk-manthul kados suka urmat. Surya (rêmbulan) ingkang angajêngakên sêrap sampun ngancik ing lêlêngkèhing ardi sisih kilèn, cahyanipun ngalêntrih èsmu gêgêtun dening botên tega anilar pun Sukaya. Pêksi-pêksi

--- 34 ---

ingkang sami ngocèh pating caruwit saèmpêr mêmuji tumuntêna kalêksanan sasêdyanipun.

Sawatawis jam dangunipun Sukaya dumugi ing dhusun ingkang dipun tuju, ing ngriku saking lungkrahing badan jalaran sayah saha luwe tumuntên kèndêl mapan linggih ing sela sapinggiring margi. Botên antawis dangu wontên tiyang jalêr satunggal langkung ing ngriku amanggul waluku sarwi ngiringakên lêmbu, umuripun sampun băngsa sèkêtan taun kapara langkung. Mênggah dhusun punika nama Jatingarang, dadosipun dhusun dèrèng patos lami, ingkang têtruka inggih tiyang sêpuh punika, amila piyambakipun ugi katêlah nama Kyai Jatingarang. Kyai Jatingarang punika botên gadhah anak satunggal-tunggala, pangupajiwanipun ingkang mêsthi têtanèn ngupakara siti sarta ngingah rajakaya. Sitinipun wiyar, rajakayanipun kathah, dhasar gêmi manahipun jujur tur sangêt mursid, amila sagêd sugih. Kyai Jatingarang sarêng sumêrêp lare sêmu kawêlasasih makatên punika lajêng kèndêl sarta pitakèn: Hèh thole, kowe iku bocah saka ngêndi, anake sapa, sapa jênêngmu, karodene sêsawanganamu [sêsawangana...]

--- 35 ---

[...mu] têka susah têmên iku apa kang kosusahake. Sukaya enggal ngadêg suka urmat sarwi mangsuli: O kyai, kula punika larè kleyang kabur kanginan, botên gadhah bapa biyung, nama kula pun Sukaya, mila kula kasangsara kalunta-lunta dumugi ngriki punika namung pêrlu badhe pados pangengeran. Tiyang sêpuh wicantên: E, arêp golèk pangengeran, yèn mangkono kapasangyoga bangêt, amarga aku iki wus tuwa, sawah patêgalanku ămba, rajakayaku pirang-pirang rakit, măngka ora duwe anak lan ora duwe batur, dadi bangêt anggonku karepotan. Yèn kowe gêlêm, ayo, mèlu aku bae, padha brayan nyambut gawe. Wangsulanipun Sukaya: Inggih suwawi, kula andhèrèk sakarsanipun kyai. Sangêt bingah kula manawi kyai karsa ngukup dhatêng jasat kula lare sudra papa, kula botên badhe nyuwun bayaran, anggêr sampun dipun paringi sandhang tuwin têdha kula sampun bingah. Wicantênipun Kyai Jatingarang: Ora kulup, iya apa mêsthine, besuk manawa wus kacihna gawemu bêcik, kowe iya bakal dak bagèhi kêbo utawa sapi.

--- 36 ---

Kalêksanan pun Sukaya kapêndhêt rencang dhatêng Kyai Jatingarang, padamêlanipun sabên dintên kapurih angèn maesa utawi lêmbu sarta ngarit, têrkadhang inggih kapurih ngrencangi anggarap sabin. Sukaya panyambut damêlipun kanthi tumêmên sarta pêthêl, dhatêng rêrêksanipun maesa lêmbu dêmuwe sangêt, manawi dalu piyambakipun tilêm wontên ing kandhang prasasat kêlon kalihan kewan. Mila makatên awit kuwatos bokmanawi maesa lêmbunipun kacolong ing tiyang botên sande dados nêpsunipun Kyai Jatingarang jalêr èstri. Sampun mêsthi kemawon Sukaya botên nate sagêd tilêm sakeca, jalaran kajawi saking karaos asrêp inggih tansah kagodha ing lêmut tuwin mrutu. Nanging ingkang makatên wau kaanjingakên ing tirakatipun.

Kyai Jatingarang watakipun ambêk wêlasan, asih dhatêng sasamining dumadi, nanging ingkang èstri watakipun siya sangêt, botên kados limrahing tiyang ingkang botên gadhah anak, panganggêpipun dhatêng Sukaya sawiyah-wiyah. Ewadene manahipun Sukaya malah saya mantêp, panyambut [pa...]

--- 37 ---

[...nyambut] damêlipun saya mindhak tumêmên botên ajrih kangelan. Jalaran saking punika Nyai Jatingarang lami-lami luntur sihipun, panganggêpiun dhatêng Sukaya asor anakipun piyambak, gumatosipun kalangkung-langkung. Upami sanèsipun Sukaya mêntas dipun siya-siya lajêng dipun sihi makatên mêsthi lajêng kumalungkung ngadi-adi, ewadene pun Sukaya botên, malah wêwah ajrih tuwin pangatos-atosipun.

Saking sangêting trêsnanipun Kyai Jatingarang jalêr èstri dhatêng pun Sukaya ngantos kalair wicantênipun makatên: Thole Sukaya, aku ora duwe anak manèh-manèh, iya mung kowe iku anakku, wiwit ing dina iki kowe dak êpèk anak, olèhmu nyambut gawe sing mantêp, aja kêmba, besuk samăngsa aku tumêka ing janji dipundhut marang Kang Kuwasa, barang têtinggalaku kabèh dadi duwèkmu, mulane padha rêksanên sing bêcik-bêcik ngungkuli kang uwis-uwis. Wangsulanipun Sukaya: dhawuh pangandika sampeyan ingkang makatên sangêt kula pundhi prasasat kula kajugrugan gunung mênyan, namung ing salêbêting manah kula sangêt [sa...]

--- 38 ---

[...ngêt] mêlang-mêlang, bingah-bingah ngêmu susah, armagi[3] manusa punika sipat ngaral, kuwatos kula bokmanawi kula ing têmbe manggih kalêpatan lajêng sande kapundhut putra katundhung saking ngriki, saiba anggèn kula ngonggo-onggo, amila saking panuwun kula aluwung kula lastantuna kaanggêp rencang kemawon. Kyai Jatingarang wicantên malih: O, aja sumêlang kulup, prakara iku kabèh wus ana ing aku, karo ora bakal aku idu dak dilat manèh.

Kalampahan Sukaya kapêndhêt anak dening Kyai Jatingarang, saening pangrêngkuhipun utawi sih katrêsnanipun sampun botên măntra-măntra manawi anak pupon. Punapa sapanêdhanipun Sukaya dipun turuti, nanging pun Sukaya botên purun nênêdha ingkang neka-neka lan anèh-anèh, kajawi namung ingkang pêrlu-pêrlu. Sukaya saya marsudi sangêt dhatêng indhaking kasugihanipun Kyai Jatingarang, samangke lajêng gadhah rekadaya enggal, sadaya lêmbunipun èstri ingkang sae-sae dipun pêrês kapêndhêt powanipun, sabên enjing kasade dhatêng kitha ngantos pintên-pintên [pi...]

--- 39 ---

[...ntên-pintên] litêr. Powanipun Sukaya murni botên nate dipun campuri, raosipun eca sarta rêsik, amila lami-lami kathah tiyang ingkang lêngganan kalihan piyambakipun nilar lênggananipun lami, makatên wau kathah pikantukipun arta, punika dipun kalêmpakakên.

Sapêjahipun Kyai Jatingarang jalêr èstri sadaya barang darbèkipun dados gadhahanipun Sukaya. Ing ngriku Sukaya lajêng darbe pamikir makatên: saiki aku wus kêna diarani sugih, nanging iya durung sapiraa, dadi isih kudu dak pêrsudi bisane mundhak akèh. Mungguh saka panêmuku, wong kang bisa sugih brahèwu iku sing akèh para dagang. Iya bênêr wong dagang iku yèn rugi bisa jatuh sanalika, nanging yèn kabênêran iya bisa sugih padha sakala. Pamikiripun makatên wau dipun turuti, Sukaya lajêng wiwit jajal-jajal dagang, artanipun sawatawis kangge pawitan, kilak barang warni-warni sarta nyewa toko wontên ing salêbêting nagari. Dene ingkang nindakakên sêsadeyan mêndhêt tiyang blanjan ingkang sampun cêtha kenging pinitados, piyambakipun namung ngawat-awati kemawon, amargi taksih

--- 40 ---

anindakakên pandamêlanipun piyambak wontên ing dhusun. Dangu-dangu tokonipun sagêd tumindak sae, kauntunganipun murwat, kapara pun Sukaya namanipun sampun sagêd kajuwara sarta pinitados ing juragan ingkang agêng-agêng, kenging mêndhêt dagangan ing sakajêngipun inggih sabab saking têmênipun pun Sukaya. Sarêng sampun têtela padamêlanipun dagang kenging dipun antêpi, sadaya barang gadhahanipun ing dhusun ingkang warni sabin patêgilan, griya sapakawisanipun punapadene rajakayanipun dipun sadèni kawujudakên arta. Dagangipun dipun agêngakên, wêkasan saya mindhak-mindhak kasugihanipun, sagêd yasa toko sarta kapal dagang pintên-pintên, lajêng dados juragan agêng, kasugihanipun misuwur ing măncanagari, kasêbut nama ki juragan Sukaya. Kamuktènipun juragan Sukaya angungkuli panjênêngane sang prabu. Piyambakipun sampun yasa loji agêng sakalangkung sae, tata rakitipun kaemba kadhaton, uparêngganipun sarwa pèni tinarètès ing mas murub pinatik ing nawa rêtna, ing jawi kinubêng ing patamanan sakalangkung asri, sêsêkaranipun [sêsê...]

--- 41 ---

[...karanipun] mawarni-warni sami èdi-èdi urut pinggir, jinêmbangan slaka kaukir, adamêl sêngsêming paningal.

Juragan Sukaya watakipun bèrbudi, dhangan atêtulung, rêmên dêdana dhatêng para pêkir miskin, amila inggih kajèn kèringan, kathah tiyang ingkang asih, dalah para pangagêng para luhur sami wangwang dhatêng piyambakipun amargi karoban dana. Namung sampun dados adatipun ngagêsang ing alam dunya punika kêdah wontên kemawon tiyang ingkang gadhah watak bênteran. Anuju satunggiling wêktu juragan Sukaya kataman sandi upaya kadakwa amêjahi tiyang. Sarêng kapriksa wontên ing ngarsaning pangadilan, sarèhne kaurugan saksi, juragan Sukaya katêtêpakên dosa rajapêjah, karampunganing pangadilan kapatrapan paukuman gantung. Juragan Sukaya sangêt susah ing manah, lajêng nêdha pitulung dhatêng para sagêd ingkang sampun kulina ambombong prakawis, nanging botên migunani, ngantos juragan Sukaya kawêdal kasaganipun: sintên ingkang sagêd anjugarakên prakawisipun badhe kasukanan bandhanipun sapalih, ewasamantên botên wontên ingkang kadugi, sadaya para

--- 42 ---

pokrul, para adpokat tuwin para mistêr-mistêr ingkang sampun sami kondhang ing kawêgiganipun ulah prakawis botên wontên ingkang kaconggah. Sakêdhap kabaripun sampun angêbyah waradin ngèbêki nagari, ing samargi-margi têtiyang sami wicantên: juragan Sukaya bakal digantung. Sukaya sirna kabingahanipun, têlas pangajêng-ajêngipun badhe gêsang. Sakathahing rajabrananipun tuwin badhanipun sampun botên kalêbêt ing manah, pangraos botên migunani pisan-pisan, rintên dalu namung tansah ambrêbês mili saha sêsambat dhatêng ingkang andamêl gêsang.

Sarêng sampun cêlak ing dintên titimangsanipun kagantung, Sukaya èngêt bilih ing nagari ngriku wontên satunggiling tiyang ingkang sampun kawêntar pintêr, sagêd mitulungi tiyang ingkang manggih rêribêd, inggih punika Wasistha. Sanalika Sukaya dhatêng ing griyanipun Wasistha, wontên ing ngriku katampi kalayan suka pirênaning manah. Sasampunipun sami tata linggih, Sukaya anggancarakên ingkang dados pêrlunipun, sarta gadhah prajanji, manawi sagêd luwar saking kasusahanipun, wilujêng botên saèstu kagantung, punapa [puna...]

--- 43 ---

[...pa] sapanêdhanipun Sukaya kadugi angwontênakên. Wangsulanipun Wasistha: Mangke ta kisanak, dhawuhing pangadilan putusaning prakawis kadospundi, cobi sampeyan andharakên ingkang gamblang, mangke kula pikiripun, amargi prakawis makatên punika salêrêsipun gampil angèl. Sukaya wicantên: Dhawuhing pangadilan kula katamtokakên kêdah kaukum gantung. Wasistha wicantên malih: E, namung makatên, inggih gampil, kula sagah mitulungi, wondene kasagahan sampeyan suka bêbingah dhatêng kula punika botên pêrlu manah, dene ingkang kula kajêngakên, kasaenan makatên botên wontên icalipun, tiyang damêl kasaenan ing têmbe inggih manggih kasaenan, tiyang rêmên mitulungi ing têmbe inggih angsal pitulungan, botên pinanggih ing badanipun piyambak inggih pinanggih dhatêng anak putu. Namung atur kula, prakawis punika prayogi sampeyan damêl wados, kasimpêna ingkang rêmpit sampun ngantos kamirêngan ing liyan, amargi manawi ngantos wontên tiyang ingkang mirêng lajêng matur ing ngarsaning parentah, bilai, sampeyan kalampahan [kalampah...]

--- 44 ---

[...an] pêjah kagantung saèstu. Sukaya rumaos lêga ing manah, linggihipun ragi ngangsêg majêng kalihan wicantên, inggih, masa kadosa lare alit, namung sakêdhik kula nyuwun mitêrang kadospundi rekadaya sampeyan anggènipun badhe mitulungi. Ingatasipun para sarjana pêpilihan pintên-pintên sampun sami wêgah, têka sampeyan anggêp gampil, nuwun-nuwun, sampun kaduk bela tampi kula punika kawastanan maibên, o, botên, saèstu botên, pêrlunipun kula nyuwun mitêrang supados manah kula lajêng cumêplong babar pisan. Wasistha mangsuli: Punika rak sampun bêbahan kula piyambak, sampeyan sampun sumêlang, sampeyan sakecakakên manah sampeyan, benjing kemawon manawi sampun andungkap ing titimangsanipun kula dhatêng, punapa dhawuhing nagari inggih sampeyan turut, sampun suwala. Satêlasing pêrlu Sukaya pamit mantuk kalihan wali-wali anggènipun suka panarimah. Ewadene ing batos inggih mêksa taksih kêtir-kêtir, kuwatos manawi Wasistha namung ngecani sarak kemawon.

--- 45 ---

Gancanging cariyos sarêng dumugi ing wanci katamtuaning panggantung, papan pagantungan karakit wontên ing têngahing alun-alun, kathah para luhur tuwin para pangagêng ingkang sami rawuh, dalah sang nata inggih têdhak anjênêngi. Polahipun têtiyang ningali kados gabah dèn intêri. Tiyang padhusunan ingkang têbih-têbih tumplêk wontên ing alun-alun, sami kapengin sumêrêp dene tiyang ingkang misuwur sugih makatên têka badhe kagantung. Sanalika ing alun-alun kêbak tiyang jêjêl apipit uyêl-uyêlan botên kenging kapiyak

Botên antawis dangu ki juragan Sukaya kairid majêng, panganggenipun sarwa pêthak, dipun jajari ing para prajurit sawatawis sadaya sami sikêp sanjata. Lajêng kainggahakên dhatêng papan pagantungan. Ing ngriku ebahipun para ningali lir pendah ombaking jaladri katiyub ing prahara. Sukaya sangêt maras ing manah, mulat ngiwa nêngên Wasistha dèrèng wontên katingal, osiking batos botên sande anêmahi pêjah, amila tumuntên tekat ambundêrakên nalar pasrah dhatêng ingkang damêl gêsang. Sasampunipun makatên [ma...]

--- 46 ---

[...katên] lajêng suka wilujêng dhatêng para ningali akanthi suwara pêgat-pêgat anganyut-anyut, adamêl trênyuhipun ingkang sami mirêngakên.

Sarêng sampun sumêkta sadaya, sang prabu dhawuh ngrakit, sakêdhap sampun rampung, tangsul kapasang ing gulunipun Sukaya lajêng kapêsat. Kocapa Wasistha ingkang sagah amitulungi botên talompe, piyambakipun sampun dangu tata-tata ragi têbih kanthi ambêkta pêdhang ligan, sarêng sumêrêp pagantungan sampun kapêsat, enggal lumajêng anginggahi, tangsul katatas purun rantas sanalika. Para ningali sami cingak sumêrêp lêlampahan makatên, komandhaning prajurit ngabani dhatêng prajuritipun, gumrêgut majêng sarêng badhe ngêdrèl pun Wasistha, nanging sang prabu trangginas majêng angadhangi para prajurit sarwi ngandika: Mêngko, mêngko padha sarèhna dhisik, gampang koêdrèl manawa wus kusus prakarane, saiki bakal dak titipriksa dhisik. Sang nata nuntên andangu dhatêng Wasistha: Kowe iku wong apa dene wani-wani natas tali pagantungan. Aturipun Wasistha: Kawula nuwun gusti, sèwu-sèwu kalêpêtan [kalê...]

--- 47 ---

[...pêtan] kawula nyuwun sih pangapuntên dalêm, dene abdi dalêm kawula kamipurun natas tangsuling pagantungan. Abdi dalêm kawula mugi kalilana matur ing ngarsa dalêm. Sang nata ngandika: Iya, mara age matura. Aturipun Wasistha: Mugi andadosna kauningan dalêm gusti, karampunganing pangadilan nyêbutakên manawi abdi dalêm pun juragan Sukaya namu kang ukum[4] gantung, botên nyêbutakên kaukum gantung ing sapêjahipun, sarta botên mawi wangênan sapintên dangunipun, amila abdi dalêm kawula cumanthaka kamipurun natas tangsul pagantungan. Saking pamanggih kawula abdi dalêm juragan Sukaya sampun sah anggènipun anglampahi pidana dalêm. Wasana kawula cumadhong ing karsa dalêm, pêjah gêsang sumăngga.

Sang prabu anjêgrêg midhangêt aturipun Wasistha makatên punika, rumaos kaluhuran sabda, sarta ing salêbêting wardaya sakalangkung ngungun dene wontên tiyang ingkang makatên pintêripun. Tiyang kêkalih lajêng sami linuwaran, para ningali sadaya tumut bingah surakipun gumêrah mawurahan.

--- 48 ---

Ki juragan sangêt anggènipun ngatingalakên panarimahipun, rumoas kasambêt nyawanipun dhatêng pun Wasistha. Wiwit kala samantên Wasistha saya kondhang ing pintêripun, têtiyang saisining nagari saya mindhak sungkêmipun, tiyang saking măncanagari sêlur sami dhatêng ing griyanipun.

Sang nata uninga untabing tiyang makatên punika dangu-dangu botên sakeca ing galih, sumêlangipun bokmanawi lami-lami pun Wasistha agêng panguwaosipun, têmahan para kawulanipun sami malik tingal nyingkur dhatêng panjênênganipun angratu dhatêng Wasistha. Sang prabu lajêng utusan dhatêng rêkyana patih ingandikakakên nyidra dhatêng pun Wasistha. Patih munjuk sandika, nanging ing batos owêl dhatêng kawêgiganipun Wasistha, punapadene ngèngêti: badhe sapintên gênging dosanipun yèn ngantosa mêjahi tiyang ingkang tanpa dosa, amila Wasistha botên dipun pêjahi, namung kasingidakên kemawon ing panggenan ingkang kiwa, sampun ngantos kauningan ing sang prabu.

Kacariyos botên antawis lami salêbêting kadhaton wontên gêndruwonipun sakalangkung anggêgirisi, sabên [sabê...]

--- 49 ---

[...n] dalu gêndruwo wau angora-godha tuwin ngrêridhu. Kêrêp kemawon ing salêbêting kadhaton wontên suwara tanpa warni, kathah tiyang tilêm ingkang dipun êlih saking panggenanipun, malah panjênênganipun sang nata piyambak ugi sampun nate kaêlih saking pasareyanipun kaglethakakên wontên ing jrambah. Wontên sawênèhing abdi ing salêbêting kadhaton ngriku ingkang sampun nate amrangguli gêndruwo wau, saking cariyosipun: dêdêgipun agêng inggil, warninipun kados buta, mripatipun malolo agêng tur abrit, untunipun mrangas asiyung, rambutipun gimbal, panganggenipun polèng kasur. Abdi wau saking ajrihipun lajêng andhawah sanalika, angglundhng dhatêng panggenan ingkang rumpil ngupados pandhêlikan, botên sumêrêp icalipun gêndruwo wau. Makatên wau damêl mirisipun têtiyang salêbêting kadhaton. Sang prabu sangêt kèmêngan ing galih. Dene ingkang sangêt andadosakên sungkawanipun sang prabu amung icaling barang-barang ing salêbêting kadhaton, kenging katamtomakên sabên dalu kalong, kados ta: ingkang warni rêrênggan saha [sa...]

--- 50 ---

[...ha] pirantos warni-warni, punika dipun pilihi ingkang sae-sae sarta ingkang kathah pangaosipun, malah inggih kêrêp kecalan arta. Manawi lêstantun makatên amasthi isining kadhaton saya lami saya têlas.

Saking putêking panggalih sang nata lajêng animbali sakathahing para nujum, para pandhita, para punggawa tuwin para mantri bupati, sasampunipun pêpak sadaya lajêng kadangu: Sintên ingkang sagêd anyirnakakên gêndruwo saking salêbêting kadhaton badhe kaparingan ganjaran agêng. Nanging botên wontên satunggal-tunggala ingkang sagah, sadaya sami tumungkul konjêm ing siti dening ajrih dêdukanipun sang prabu. Ngantos dangu sami kèndêl botên wontên ingkang purun kumlisik. Ing ngriku kyai patih èngêt dhatêng Wasistha, nuntên munjuk ing ngarsanipun sang nata sarwi nyêmbah: Kawula nuwun gusti pêpundhèn kawula, abdi dalêm kawula mugi kaparênga matur ing saandhap sampeyan dalêm, nanging mugi sampun andadosakên dêduka dalêm, sèwu-sèwu kalêpatan kawula nyuwun lunturing sih pangaksama dalêm. Sang prabu angandika: Iya bapa, ora dadi apa, mara enggal matura.

--- 51 ---

Aturipun patih: Kawula nuwun makatên gusti, saupami wontên dêdosan ingkang mêsthi kaukum pêjah, măngka sagêd ambirat karibêdan dalêm anyirnakakên gêndruwo ingkang wontên ing salêbêting kadhaton, saking kaparênging panggalih dalêm kadospundi gusti, punapa angsal pangapuntên. Sang nata mangsuli pangandika: O, iya bakal dak luwari, sapa iku bapa, coba enggal pasajakna, aku sêlak kapengin krungu. Patih munjuk: Kawula nuwun gusti, abdi dalêm kawula nyadhong dêduka, dene kamipurun anyidrani ing panjênêngan dalêm. Barèsipun kala abdi dalêm kawula kadhawahan nyidra dhatêng pun Wasistha kala rumiyin botên kawula lampahi, namung kawula singidakên wontên ing dhusun, amargi saking pamanggih kawula pun Wasistha botên gadhah kalêpatan punapa-punapa. Saupami ngantosa kapêjahan saèstu badhe andamêl kucêming asma dalêm. Samangke abdi dalêm kawula èngêt dhatêng piyambakipun, bokmanawi sagêd anyirnakakên gêndruwo, amargi piyambakipun pancèn tiyang linangkung sayêktos. Sang nata anyambêti pangandika: E, mangkono patih,

--- 52 ---

yèn Si Wasistha bisa nyirnakake gêndruwo, ora bakal mung dak ganjar donya brana utawa mas picis bae, bakal dak angkat dadi prabu anom ana ing prajaku kene, sarta bakal dak pundhut putra bisaa ing têmbe anggêntèni kaprabon ingsun. Patih munjuk sandika lajêng mangkat murugi Wasistha, sakêdhap sampun pinanggih tumuntên angandharakên sarèhing dinuta. Wasistha botên lênggana lajêng kairid dhatêng kadhaton. Sadumugining kadhaton kasowanakên ing ngarsanipun sang prabu, pangandikanipun sang nata: Hèh Wasistha: andadèkna sumurupmu, ing saungkurira saka ing praja, sajroning kadhaton ingsun kene diênggoni ing gêndruwo luwih dening anggêgirisi, apadene bangêt anggone mêjanani marang jênêng ingsun, wani-wani gawe rusuh ana ing sajroning kadhaton, ngêlihi wong turu sarta nyolongi barang-barang êmas picis rajabrana, kapara ingsun dhewe kalakon diêlih saka ing pasareyan, kang iku Wasistha, ingsun mundhut pitulunganira, yèn sira bisa nyirnakake gêndruwo iku bakal gêdhe ganjaran ingsun marang sira, jênêng sira bakal ingsun [ing...]

--- 53 ---

[...sun] angkat dadi prabu anom lan bakal ingsun pundhut putra, ing têmbe anggêntènana kapraboningsun. Unjukipun Wasistha: Kawula nuwun gusti, abdi dalêm kawula mugi kaparêngga munjuk, prakawis makatên punika saèstu gawat, botên gampil, kawula sagah nuwun inggih dèrèng kinantên, namung abdi dalêm kawula nyuwun idi palilah dalêm mugi kalilana nitipriksa kawontênanipun ing salêbêting kadhaton. Pangandikanipun sang prabu: Iya Wasistha, mara tumuli manjinga ing kadhaton aja nganggo ewuh-pakewuh.

Sasampuning têrang dhawuh timbalanipun sang nata, Wasistha tumuntên manjing ing salêbêting kadhaton, kyai patih botên kantun, sakathahing kamar-kamar dipun lêbêti sawarnining barang dipun priksa. Ing ngriku Wasistha sumêrêp labêt-labêting tangan ingkang taksih katawis lamat-lamat wontên ing inêbing kori, ing kaca, ing bênèt tuwin ing barang sanès-sanèsipun. Punika lajêng katingalan sarana kaca praksana (kèkêr) supados katingal agêng sarta cêtha, tumuntên katurun kagambar wontên ing dlancang. Sarampunging panggambar [pangga...]

--- 54 ---

[...mbar] sarta sampun kacocogakên nyamlêng kalihan kawontênanipun, lajêng anglêmpakakên sadaya têtiyang ing salêbêting kadhaton. Sarêng sampun sami ngalêmpak tanganipun kapriksa saking satunggal-satunggal, tapakipun kacocogakên kalihan gambar, nanging botên wontên satunggal-satunggala ingkang cocog. Ciptanipun Wasistha: Yèn andêlêng gambar iki apadene tapak-tapak kang dak têmu, têtela yèn tapaking wong lumrah, gêdhe cilike iya lumrah, dadi goroh wong kang padha ngarani gêndruwo, nanging barêng dak cocogake karo tapaking wong ing sajroning kadhaton kene ora ana sing cocog siji-sijia, ah, yèn mangkono mêsthi ana wong jaba kang sok lumêbu mrene, bokmanawa saka panggawene durjana. Makatên pamikiripun Wasistha, lajêng nêdha bokor kancana satunggil, rupinipun sakalangkung èdi, ing nglêbêt dipun isèni galêpung gandum, ing ngandhap kabolong ciyut, punika katumpangakên ing kênap ingkang papanipun adhakan, pêrlunipun namung badhe kangge nyumêrêpi dhatêng pundi purugipun ingkang mindha gêndruwo, amargi sadaya

--- 55 ---

kori-kori tuwin jandhela sampun katitipriksa dening pun Wasistha sadaya sae, kancingipun kêkah botên wontên ingkang ewah, tembok-tembokipun mubêng inggih wêtah botên wontên ingkang bocèl utawi tatu labêting babahan.

Kalampahan sarêng ing wanci dalu ingkang memba gêndruwo dhatêng wontên ing salêbêting kadhaton, dhatêngipun sarana damêl suwara ingkang nganèh-anèhi, têtiyang salêbêting kadhaton sanalika tintrim kados dipun sirêpi, sawênèh sami andhêlik dening ajrih. Gêndruwo sarêng mingak-minguk sumêrêp bokor kancana ingkang tumumpang ing kênap sangêt kacaryan ing manah, ciptanipun: lah iki barang èdi têmênan, garapane pèni tur sing digawe êmas tuwa, saiba kèhing pangajine. Bokor tumuntên kapêndhêt kabêkta kesah.

Enjingipun Wasistha wangsul malih lumêbêt ing kadhaton, sarêng nuwèni bokor sampun botên wontên, ing nalika bokor wau kabêkta ing gêndruwo, rèhne ing ngandhap bolong, dados galêpung gandum ingkang wontên ing

--- 56 ---

nglêbêtipun sami mêdal akocar-kacir, punika dipun turut dening Wasistha, purugipun dhatêng salêbêting sênthong. Jrambahing sênthong wau ing têngah kagêlaran babut, dumugi ing ngriku lacaking keceran gandum ical. Babut tumuntên dipun ungkabi dening Wasistha, ing ngriku pinanggih wontên bolongan wiyaripun kirang langkung saelo pasagi, ing nginggil katutupan rapêt botên ngatawisi. Tutup tumuntên kabikak dening Wasistha, bolongan lajêng dipun lêbêti katurut sapurugipun, wêkasan jumêdhulipun têbih saking kadhaton dumunung ing panggenan ingkang sêpi ing sapinggiring lèpèn.

Pinanggihing papriksan makatên wau kaunjukakên ing sang nata. Ing wanci dalu sang nata lajêng dhawuh andikik wontên ing sacêlaking têmbusaning bolongan ingkang wontên ing sapinggiring lèpèn wau. Kalampahan sarêng watawis jam sanga dalu prajurit pêpilihan sawatawis sami mangkat dhatêng sapinggiring lèpèn asikêp dêdamêl. Sadumuginipun ing pinggir lèpèn tumuntên sami andhêlik wontên ing garumbul botên patos têbih kalihan bolongan.

--- 57 ---

botên antawis dangu ingkang mindha gêndruwo dhatêng maripatipun pandirangan mulat ngiwa nêngên. Sarêng sampun têrang paningalipun manawi botên wontên tiyang ingkang sumêrêp lajêng tata-tata ngrasuk panganggenipun ingkang saestha gêndruwo, inggih punika sinjang saha rasukan polèng kasur, rambut gimbal tuwin topèng ingkang mawa siyung, tumuntên lumêbêt ing salêbêting bolongan.

Prajurit ingkang sami dhêdhêmitan botên talendho, enggal mêdal saking garumbul murugi panggenan bolongan. Ingkang memba gêndruwo botên ngêrtos pisan-pisan manawi kajagi, milanipun sarêng sampun angsal-angsalan wêdalipun tanpa wêweka, sawêg jumêdhul saking bolongan sampun katubruk dening para prajurit lajêng dipun tangsuli. Ingkang mindha gêndruwo botên sagêd suwala, tumuntên kasowanakên ing ngarsanipun sang prabu. Sang prabu sarêng uninga para prajurit sami sowan ambêkta bêbandan sangêt rêna ing galih, rumaos sirna kalilipipun. Durjana lajêng kadhawuhan mêjahi sarana kaêdrèl wontên ing satêngahing alun-alun. Wasistha kalampahan sinêngkakakên [sinêng...]

--- 58 ---

[...kakakên] ing aluhur kadadosakên prabu anom, sarta kapundhut putra.

Kacariyos botên antawis lami sang nata dumugi ing janji murud ing jaman kalanggêngan. Prabu anom anggêntosi kaprabonipun jumênêng ratu, ajêjuluk Mahaprabu Nata Wasistha. Para kawulanipun sami bingah ing manah dene gadhah ratu taksih anèm tur pintêr, ambêk paramarta sarta bèrbudi. Nagarinipun saya lami saya mindhak rêjanipun, sirna sakathahing durjana juti. Para ratu măncanagari ingkang nunggil jamanipun sami ering jalaran kasoran prabawa sarta kawon ing kawaskithan, amila inggih kathah ingkang sami nungkul aris tanpa linawan ing prang.

Kala samantên panjênêngane nata taksih lamban, dèrèng karsa krama, amargi dèrèng wontên putri ingkang dados condhonging panggalih. Kathah para ratu ingkang ngaturakên putra-putrinipun supados kagarwaa, nanging botên wontên ingkang kalêbêt ing panggalih, sadaya sami mundur palarasan katampik.

Anuju satunggiling wêktu sang prabu midhangêt pawartos bilih [bi...]

--- 59 ---

[...lih] ratu ing Rum kagungan putra putri satunggal sakalangkung endah warninipun, angasorakên para apsari, ngantos dados ojatipun para ratu măncanagari. Sang prabu lajêng utusan abdi juru gambar satunggil ingkang sampun pinunjul kasagêdanipun anggambar, kadhawuhan dhatêng ing Rum anggambar sang putri wau. Abdi juru gambar tumuntên mangkat kalayan lampah dhêdhêmitan. Orehaning margi botên kacariyos, juru gambar sampun dumugi ing praja Rum.

Anuju satunggiling dintên sang putri Rum panuju bêsiyar nitih rata kancana kadhèrèkakên para abdi tuwin para punggawa kathah, agêm-agêmanipun sarwa èdi kasorot ing hyang diwangkara pating galêbyar pating pancurat, dhasar ayu karêngga ing busana, sinawang saking mandrawa lir Dèwi Ratih angejawantah. Juru gambar enggal nalusup panggenanipun tiyang kathah ingkang sami ningali sarwi ngrakit pirantosipun, sakêdhap gambaripun sang putri sampun dados, nyamlêng kalihan wujudipun botên nalisir sarambut. Tumuntên kabêkta mantuk kaaturakên ing ngarsanipun Sang Prabu Nata Wasistha.

--- 60 ---

Sang prabu sarêng uninga gambaripun sang putri ing Rum sangêt kacaryan ing galih, sadangunipun mriksani tansah gèdhèg-gèdhèg, salêbêting panggalih sakalangkung ngungun dene wontên putri makatên ayunipun, prasasat angasorakên para widadari ing suwarga, pangandikanipun: Iki wong ayu têmênan, salawasku tumitah ana ing ngalam dunya kaya durung tumon wong kang mangkene rupane. Ngantos dangu gambar botên kasèlèh-sèlèhakên, namung tansah kapirsanan kaliling-liling, dangu-dangu katingal sêmu mèsêm sajak ngujiwat, sang prabu saya wêwah kasmaranipun, hêm, klumpukna putri salumahing bumi sakurêbing langit masa anaa kang nimbangi, makatên pangudaraosipun Sang Prabu Nata Wasistha.

Enjingipun sang prabu lajêng nimbali kyai patih, kadhawuhan ngaturakên sêrat panglamar dhatêng Rum. Patih munjuk sandika, sasampuning samêkta lajêng bidhal. Lampahipun dipun kanthèni para mantri bupati tuwin punggawa pêpilihan sawatawis, sadumuginipun ing tanah Rum, sêrat kaaturakên ing ngarsanipun Ratu Rum. Sêrat sampun katampenan, [katampe...]

--- 61 ---

[...nan,] enggal binuka sarta kawaos. Satitining pamaos lajêng kadamêlakên wangsulan kaparingakên dhatêng patih. Patih tumuntên wangsul dhatêng tanah Jawi.

Sadumuginipun ing nagari kyai patih lêrêp sawatawis, sêrat wangsulan tumuntên kaaturakên sang nata. Sêrat lajêng kawaos, satamating pamaos sang prabu angandika: Miturut surasaning layang iki panglamarku uga katampan patih, nanging prasasat ora. Patih munjuk: Kawula nuwun inggih, kadospundi gusti, dene katampèn prasasat botên. Sang nata ngandika malih: Mangkene patih, ratu ing Rum kagungan kêkudangan mundhut tukon dhuwit sawarnaning dhuwit kèhe nyagrobag, kapindho mundhut pêthukan jêmpana rukmi kang tinarètès ing manik nawa rêtna, kaping têlune sang ratu kagungan kalangênan singa bangêt gêdhene sarta angluwihi galake, iku kinarya sayêmbara, sapa kang bisa ngalahake bakal kalakon dhaup karo sang putri, iki kang abot dhewe sanggane patih, akèh para ratu măncanagara kang padha nyoba angayoni nanging tan măngga puliha. Mara pikirên bapa, apa

--- 62 ---

kowe kaduga anglêksanani. Patih munjuk: Kawula nuwun gusti, manawi namung prakawis tumbasan arta punapadene pêthukan jêmpana rukmi kemawon saking pandugi kawula gampil, kados abdi dalêm juragan Sukaya botên badhe nguciwani. Wangsul tiyang ingkang sagêd angasorakên singa punika angèl pangupadosipun, mêsthi kêdah milih tiyang ingkang langkung ing kasudiran saha kawantêranipun. Awit limrahing tiyang sawêg sumêrêp sima kemawon sampun gundam-gundam. Sang prabu sangêt èmêng ing galih, nyipta sampun botên sagêd kalampahan dhaup kalihan sang putri ing Rum, rintên dalu tansah èngêt dhatêng citranipun sang putri, gambar manggung liniling-liling rinungrum-rungrum, dipun lêlipur botên sagêd lipur malah saya ngranuhi, supe dhahar lawan nendra.

Kocapa pun Sudira ingkang sawêg ulah kasêktèn wontên ing wukir. Anuju satunggiling wêktu Sudira ngadhêp wontên ing ngarsanipun Ki Ajar Tunggulmusthika, ing ngriku ki ajar angandika: Hèh kulup putraningsun, dak sawang kaya-kaya wus cukup gonira ulah kaprawiran, kanuragan, kasantikan. Samêngko bêcik sira manggona ana ing praja suwita [su...]

--- 63 ---

[...wita] sang ratu, amarga yèn sira mung pijêr ana ing gunung bakal kalêbu ing bêbasan wastra lungsêt ing sampiran. Sudira sampun nampi dhawuhipun sang tapa, lajêng pamit kesah saking padhepokan sumêdya dhatêng nagari suwita Sang Prabu Nata Wasistha, ki ajar amangèstoni.

Lampahipun Sudira anglangkungi wana agêng, minggah ing rêdi mudhun ing jurang ngambah ing papan ingkang rumpil-rumpil, ewadene namung tansah kasambi singsot, ura-ura utawi rêrêpèn, botên pisan anggadhahi ajrih tuwin uwas sumêlang. Sarêng andungkap dumugi ing satêpining wana badanipun karaos sayah sangêt lajêng ngaso mapan tilêman wontên ing sangandhapipun kajêng agêng, rasukanipun dipun uculi kaangge bantalan. Dangu-dangu kasilir ing samirana karaos isis tumuntên tilêm.

Kapinujon kala samantên Sang Prabu Nata Wasistha tindak ambêbêdhag kadamêl anglêlipur panggalih, kadhèrèkakên para abdi pêpikul tuwin para mantri bupati sawatawis. Sakenjing sang nata anggènipun wontên ing salêbêting wana, nanging botên mrangguli bêbujêngan wana satunggal-tunggala, adamêl [a...]

--- 64 ---

[...damêl] cuwaning panggalih. Sarêng ing wanci ngajêngakên bêdhug, bêntèripun sakalangkung sangêt, panjênênganipun rumaos botên kiyat, tumuntên badhe kondur. Dumadakan saking katêbihan pirsa wontên tiyang angglethak wontên sangandhaping mandira, kanyana tiyang pêjah, lajêng dipun purugi. Sarêng sampun ragi cêlak lajêng dhawuh dhatêng satunggiling mantri andikakakên nitipariksa. Mantri ingkang tinuding enggal mandhap saking kapal marêpêki panggenanipun Sudira, wasana têtela yèn tiyang tilêm, ambêkanipun sêsêngguran sajak sakeca. Sarêng grayah-grayah badhe anggugah, mantri wau kagèt lajêng mundur amargi sumêrêp lêngênipun ingkang tilêm wontên capipun sêsêratan mungêl: digdaya. Mantri lajêng angunjuki wuninga ing sang prabu. Sang prabu tumuntên têdhak saking titihan karsa nyatakakên piyambak. Sarêng pirsa sêrat wau sakala kumêsar raosing panggalih èngêt dhatêng para kadangipun kêkalih ingkang sampun pisah dangu, osiking batos: baya iki kadangku Si Sudira, yèn nitik cape iki kaya ora bakal kalèru manèh, nanging pada wêdanane aku wus pangling. Iya, prakara owahing [o...]

--- 65 ---

[...wahing] rupa iku wus masthi, awit wus saprana-saprene lawase, ah, mêsthi iki Sudira. Mênggah sampuna angèngêti asmaning nata kados pun Sudira dipun rungkêbi, nanging sarèhne ratu binathara pakèwêd dhatêng para mantri bupati ingkang sami andhèrèk, amila tansah kasamudana kalihan angêmbêng waspa, Sudira lajêng kagugah alon-alon. Sudira kraos dipun grayang sanalika kagèt lajêng tangi, rasukan ingkang kangge bantalan tumuntên kaangge. Sasampunipun pêrmana paningalipun lajêng pitakèn: Kowe sapa kathik wani-wani anggugah olèhku turu. Sang prabu mangsuli aris: O, aja nêpsu, wruhanamu aku iki ratu kang nguwasani jajahan kene, lah kowe sapa dene awan-awan mangkene têka turu ana ing kene tanpa rowang, lan sêdyamu arêp apa. Sudira kagèt sumêrêp manawi punika sang ratu, lajêng andhêku sarwi matur: Dhuh ratu pêpundhèn kawula, manawi panjênêngan dalêm andangu dhatêng kawula, nama kawula pun Sudira, dene sêdya kawula badhe sowan ing ngarsa dalêm. Sarèhne abdi dalêm kawula karaos sayah, pramila kawula [ka...]

--- 66 ---

[...wula] kèndêl wontên ing ngriki, wasana ngantuk lajêng tilêm.

Sang nata midhangêt aturipun Sudira saya botên samar malih manawi punika kadangipun piyambak, pangandikanipun: Yagene lêngênmu têka kotulisi mangkono, apa nyata kowe digdaya têmênan. Atur wangsulanipun Sudira: Nuwun inggih saèstu gusti. Sang prabu ngandika malih: Kabênêran bangêt Sudira, manawa kowe digdaya têmênan, sumurupa, wus antara lawas aku nglamar putri ing Rum, panglamarku uga katampan, nanging sang ratu ing Rum kagungan pêpanggil, sapa sing bisa ngalahake kalangênane singa, bisa kalakon dhaup karo sang putri. Lah kapriye Sudira, apa kowe kaduga, yèn kowe bisa ngalahake singa nganti aku kalakon bisa amboyong putri Rum, gêdhe bangêt ganjaranaku marang kowe, ing têmbe kowe bakal dak kuwasakake manggêdhèni para wadyabalaku kabèh padha brayan mukti wibawa ana ing praja Sidakăndha. Sudira munjuk: Nuwun inggih sandika gusti. Pangandikanipun sang nata: Bêcik, nanging aku anjaluk kaantêpanamu, upama kowe dak coba [co...]

--- 67 ---

[...ba] dhisik apa gêlêm. Aturipun Sudira: Kawula nuwun gusti, abdi dalêm kawula andhèrèk sakarsa dalêm. Sang nata angandika: Ayo, milua mênyang nagara. Sang nata tumuntên kondur, ginarêbêg para mantri bupati, pun Sudira tut pungkur.

Kacariyos sang prabu kagungan abdi prajurit satunggal taksih anèm, dêdêgipun agêng inggil gagah prakosa, prigêl ulah dêdamêl, kêkiyatanipun tigang tiyang, kêkêndêlanipun tanpa tandhing, punika sangêt dipun trêsnani ginadhang-gadhang badhe kadadosakên senapati minăngka agul-aguling praja. Dene namanipun prajurit wau Wisaka. Wisaka inggih sampun katantun dening sang prabu kadhawahan anglêbêti sayêmbara dhatêng Rum, nanging botên kadugi nglampahi. Aturipun Wisaka manawi namung kaabên samining manusa kemawon sanajan kakrubuta gangsal botên badhe mundur sapêcak, wangsul badhe kaabên kalihan singa botên sagah, amargi dede tandhingipun.

Sadumuginipun ing kadhaton sang nata lajêng dhawuh animbali [ani...]

--- 68 ---

[...mbali] Wisaka, sakêdhap Wisaka sampun marak ing ngarsanipun sang prabu. Pangandikanipun sang prabu dhatêng pun Sudira: Sudira, gilo aku darbe abdi prajurit, iki gêgêdhuge prajurit ingsun kene, apa kowe wani dak coba adu kaprawiran karo iki. Atur wangsulanipun Sudira: Kawula nuwun, manawi sampun têrang saking karsa dalêm abdi dalêm sandika. Sang prabu nuntên ngandika dhatêng Wisaka: Wisaka, coba tumuli ladènana, kaya apa kaprawirane Si Sudira, nanging poma aja padha nganggo gêgaman cilik natoni gêdhe nganti niwasi, mung padha ngadua kêkuwatan, kaprigêlan utawa katêguhan bae. Wisaka sêmu eram ningali pawakanipun Sudira sakalangkung gothot amathekol sajak atos makatên, nanging ing batos ngina, masa sagêda angawonakên piyambakipun, amila sarêng nampi dhawuhipun sang prabu botên mawi kamanah malih lajêng anyandikani.

Kalampahan Sudira lan Wisaka kaabên wontên ing alun-alun mawi kajagi prajurit kathah dalah sapangagêngipun, sang prabu inggih anjênêngi, para mantri bupati andhèr

--- 69 ---

sami ngadhêp wontên ing ngarsanipun sang prabu. Ing sakawit Wisaka nyandhak altêr (tosan ingkang kangge ajar kêkiyatan) bobot sadhacin, kacêpêng ing tangan têngên lajêng kaumbulakên, sarêng sampun watawis dangu altêr kasèlèhakên, gêntos kacêpêng ing tangan kiwa, inggih kaumbulakên malih tumuntên kaubêngakên sêsêr kados kitiran. Wisaka kèndêl, Sudira nyandhak sela bobot kalih dhacin, lajêng kaumbulakên kasanggi ing tangan satunggal, sasampuning makatên sela kadhawahakên katadhahan ing lêngên. Para nupiksa sami uwas, ambok manawi lêngênipun Sudira pêpês. Wisaka sangêt bêntèr manahipun, lajêng mêndhêt sela bobot tiga têngah dhacin, punika kaumbul-umbulakên kadamêl dolanan. Sudira mêndhêt bobot tigang dhacin. Makatên sami oncor-oncoran, sarêng nyandhak bobot kawan dhacin Wisaka rumaos botên kaconggah anginggahi. Tiyang kêkalih lajêng sami dêdêr, ing ngriku sakalangkung ramenipun, surung-sinurung gêntos majêng gêntos mundur, dêdrêg udrêg-udrêgan. Dangu-dangu Wisaka kawon têguh suda kêkiyatanipun, [kêkiyata...]

--- 70 ---

[...nipun,] kêrêp munduripun, ngantos ngêtog kêkiyatanipun dhêngkul kèngsrèh ing siti pandêdêlipun, nanging tansah sinurung. Sasampunipun dêdêr ngaso watawis angasatakên kringêt, tumuntên sami bantingan. Sudira kasikêp badhe kabanting, trangginas suku kalih tumapak siti, dados botên sagêd dhawah, makatên wongsal-wangsul tansah botên sagêd dhawah, ingkang ningali sami gumujêng gumêrah botên kenging kaampêt. Sarêng sampun tita botên sagêd dhawah, gêntos Sudira ingkang ambanting, Wisaka kasikêp bangkekanipun. Saking rosaning panyikêp bangkèkanipun Wisaka pangraos kados pêdhot-pêdhota, sirna kêkiyatanipun, kenging kabanting kantêb dhawah ing siti. Wisaka karaos sakit ngantos mèh sumaput. Sarêng sampun èngêt rumaos wirang, mêdal nêpsunipun, janggèlèk tangi badhe ngêpruk saking wingking. Sudira trangginas anangkis, Wisaka kacandhak githokipun, para prajurit ingkang ngêpang gugup sami ngêbyuk misah. Yèn sampuna kapisah kados Wisaka katiwasan. Sang prabu rêna ing galih nuntên ngandika: Sudira, saiki ingsun wus ngandêl marang kawantêranira, [kawa...]

--- 71 ---

[...ntêranira,] ora liwat saiki sira ngasoa dhisik anyênêngna pikir. Bapa patih, iki Sudira gawanên mênyang pondhokan, pirantènana kang bêcik-bêcik aja nganti kêkurangan, apa sapanjaluke turutana. Kêkalihipun munjuk sandika, lajêng bibaran.

Enjingipun sang prabu dhawuh nimbali juragan Sukaya, sakêdhap ki juragan sampun sowan ing ngarsanipun sang nata, dhawuh timbalanipun sang nata: juragan, mulane kowe dak timbali ana ing ngarsaningsun, krana ana wigatine pêrlu, kang sarèhne ingsun anglamar putri ing Rum dijaluki tukon dhuwit sawarnaning dhuwit kèhe nyagrobag, sarta pêthukan jêmpana rukmi kang tinarètès ing sêsotya manik nawa rêtna, aku anjaluk tulung ing kowe, awit saka panyawangku ora ana kawulaningsun kang kêna dak jagak-jagakake, kajaba mung kowe, kapriye juragan, apa kowe bisa nganakake. Juragan Sukaya sarèhne sampun nate kapotangan agêng dhatêng sang prabu, mila tumuntên munjuk kalayan bingahing manah: kawula nuwun kadugi gusti, sampun ingkang namung samantên, sanajan sadasa mantên [ma...]

--- 72 ---

[...ntên] kawula sagah angwontênakên, dhasar sadaya barang gadhahan kawula punika salugunipun kagungan dalêm, abdi dalêm kawula namung sadêrmi kanggenan, kagêm enjing sontên kawula cumadhong dhawuh. Sang prabu angandika: Iya bangêt ing panarimaku, wis ta tumuli mundura dang samêktaa aja nganti nguciwani.

Juragan Sukaya lajêng mundur saking pasowanan mantuk dhatêng griyanipun. Sadumugining griya tumuntên angundangi para kriya tuwin kêmasan ingkang alus-alus sarta sae garapanipun, kapurih damêl jêmpana rukmi, botên dangu jêmpana sampun dados, warninipun sakalangkung pelag, cahyanipun gumêbyar nyurêmakên soroting hyang diwangkara. Tumuntên kaaturakên ing ngarsanipun sang prabu akanthi arta sawarnining arta kathahipun nyagrobag, andadosakên suka pirênaning panggalihipun sang prabu. Sang prabu tumuntên dhawuh dhatêng rêkyana patih kinèn siyaga sakapurantosipun. Sarêng sampun sumêkta sadaya lajêng kadhawuhan bidhal dhatêng tanah Rum, pun Sudira botên kantun, kairing para mantri bupati saha wadyabala

--- 73 ---

pêpilihan sadaya sami sikêp damêl kados badhe anêmpuh pêrang.

Gancanging cariyos lampahipun sampun dumugi ing nagari Rum, sarta sampun konjuk ing ngarsanipun sang prabu. Sang prabu lajêng dhawuh ngrukti papanipun abên-abên, têngahing alun-alun kapasangan ruji tosan mubêng minăngka kalanganipun, ing pinggir kapasangan panggung sakalangkung endah, inggih punika calon panggenanipun sang ratu tuwin para putri amriksani. Ing dintên katêmtuanipun papan sampun dados, sadaya sampun sami sumêkta. Pun Sudira enggal kalêbêtakên ing salêbêting kalangan, dene dêdamêlipun namung lading panjangipun watawis kalih têngah kilan, kiwa têngên lancip alandhêp, cêpênganipun ing têngah.

Manahipun Sudira sarêng lumêbêt ing kalangan saya mindhak gambira, ngatawisi manawi prajurit linangkung saèstu. Kathahipun tiyang ningali tanpa wilangan, maèwu-èwu, jêjêl apipit uyêl-uyêlan. Botên ngêmungakên tiyang ing salêbêting nagari ngriku kemawon, saking măncanagari inggih kathah ingkang sami mêrlokakên dhatêng, [dha...]

--- 74 ---

[...têng,] kapengin sumêrêp dene wontên tiyang ingkang purun kalihan singa.

Botên antawis dangu singa kabêkta majêng kawadhahan ing krangkèng, nuntên kaêculakên ing salêbêting kalangan. Sadaya para ningali akêtir-kêtir sêmu maras. Singa galak sumêrêp pun Sudira enggal nyandêr kalihan anggêro suwaranipun ngèbêki nagari, tiyang ningali alok gumuruh, Sudira trangginas malumpat ngoncati, lajêng mingêr, singa kadugang saking wingking, kongsêb ing siti. Singa sangêt nêpsu lajêng tiwikrama, wulu anjêgrig, siyung kaisis, kuku modot, netra kalih mondar-mandir lir surya kêmbar. Sudira tinubruk purun, saking santêring panubruk Sudira dhawah kalênggak, singa enggal nututi. Sarêng badhe dipun kakahi, dhadhanipun singa kapancad sêru, gêntos kalumah. Para ningali sami malongo tanpa sabawa dening ajrih bokmanawi Sudira kakêrêg. Ngantos dangu anggènipun păncakara, Sudira katubruk kiwa milar nêngên, katubruk têngên milar ngiwa, singa kakên manahipun, saya riwut pangamukipun, Sudira tansah ngendhani, dangu-dangu [da...]

--- 75 ---

[...ngu-dangu] singa sayah, cangkêmipun mangap, ilatipun mele, suda kaprayitnanipun. Sudira ethok-ethok nutut, singa nyandêr saking ngajêng kasarêngan lêbêting tangan ingkang nyêpêng lading kauntir. Singa botên sagêd mingkêm amargi kacêngkal ing lading, tumuntên budi sarosanipun anglumba-nglumba. Sudira rumaos botên kuwawa nyêmbadani, singa kaêculakên kalayan kajêjak anggêblag ing siti kalesedan. Sudira grayah-grayah mêndhêt sela agêng kaêntêbakên sirahing singa sumyur pêjah kapisanan. Suraking tiyang gumêrah sundhul ngawiyat.

Dalunipun sadaya utusan saking tanah Jawi sami katimbalan dhatêng salêbêting kadhaton, kaurmatan pista mawi lêlangên warni-warni, sakathahing para pangagêng tuwin para sêsuruhan sami suka wilujêng dhatêng Sudira sarta ngalêmbana ing kadibyanipun. Botên antawis dintên sang putri kaboyong dhatêng tanah Jawi.

Kocapa Sang Prabu Nata Wasistha ingkang tansah gandrung-gandrung nandhang brăngta, sarêng midhangêt utusanipun angsal damêl sangêt sukaning panggalih. Dhatêngipun sang putri kinurmatan [kinurma...]

--- 76 ---

[...tan] bojana agêng anyuruhi para raja-raja sanès nagari. Sadaya para luhur, para punggawa miwah para mantri bupati sami tinimbalan dhatêng kadhaton kinèn angèstrèni dhaupipun sang prabu lawan sang putri, Sukaya lan Sudira botên kantun sami tumut suka-suka ăndrawina. Watawis jam kalih wêlas dalu sang nata angandika: Bangêt panarimaningsun marang sira Sudira lan Sukaya, dene padha bisa mitulungi aku, kongsi kalakon ingsun bisa dhaup kalawan putri ing Rum. Aku iya ora bakal ngilang-ilangake lan ora bakal lali apa kang wus dadi kasaguhan ingsun, wiwit ing dina iki Sudira dak angkat dadi senapati, manggêdhèni sakèhing wadyabalaningsun. Kajaba saka iku Sudira, kowe pancèn sadulurku dhewe katăndha saka tulisan kang ana ing lêngênmu, tontonên iki lêngênku. Ngandika makatên sang prabu kalihan anyilakakên agêmipun rasukan, têtela wontên sêsêratanipun mungêl: pintêr. Sukaya sumêrêp makatên punika, lajêng angatingalakên lêngênipun ingkang wontên sêratanipun [sê...]

--- 77 ---

[...ratanipun] mungêl: sugih. Katiganipun lajêng sami rêrangkulan, damêl cingakipun ingkang sami wontên ing salêbêting pasamuan ngriku.

__________

--- [78] ---

[...]

--- [79] ---

 


Judul merupakan tambahan dari Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
§ Mila bok răndha angkahipun botên purun, ajrih manawi dipun pêjahi, awit pangintênipun, bokmanawi anakipun sampun dipun pêjahi. (kembali)
amargi. (kembali)
namung kaukum. (kembali)