Menak Kustup (Jilid 1), Balai Pustaka, 1935, #852

Judul
Sambungan
1. Menak Kustup (Jilid 1), Balai Pustaka, 1935, #852. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak Kustup (Jilid 2), Balai Pustaka, 1935, #852. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 10-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1161

Menak Kustup

Miturut babon yasanipun Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 1.

Bale Pustaka - 1935 - Batawi Sèntrêm.

--- 1: [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 1: [3] ---

Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Leidsche Universiteits - bibliotheek.

1. Durma

1. Kaharkusmèn tandhing lan raja Sahsimik

1. datan bêtah miyarsa putra Yujana | amit ingidèn mijil | mring Rajèng Gumiwang | miwah putra sadaya | mangsah anitih jênggiri | kapraboning prang | praptèng papan apanggih ||

2. yun-ayunan têtanya putra Yujana | sapa ranmu prajurit | sun andêling nata | Manola prajaningwang | ya ingsun Raja Sahsimik | ratu prawira | tate nguwisi kardi ||

3. sira sapa durung măngsa magut yuda | putra Yujana mami | iya aran ingwang | Kaharkusmèn prawira | mojar Sang Raja Sahsimik | dèn aprayitna | sangganên gada mami ||

4. akudhunga ing parisanira waja | sigra Raja Sahsimik | angayati gada | Kaharkusmèn prayitna | tumêmpuh gadanira glis | jênggiri milar | kêmba dènira bindi ||

5. pan gumuruh surakè mungsuh lan rowang | mojar sira Sahsimik | kêsit ing ayuda | Kaharkusmèn malêsa | amutêr gada sang pêkik | asru anggada | kumbane ponang èsthi ||

6. datan katututan ing panangkisira | pêcah sirahing èsthi | rêbah kang dipăngga | Raja Manol kantaka |

--- 1: 4 ---

tiba gumuling ing siti | putra Yujana | têdhak saking jênggiri ||

7. pan cinandhak tinarik dèn ikal-ikal | sigra binanting siti | gumuling bantala | Raja Manol kantaka | Raja Bugêdas nulungi | wurung binănda | sira Raja Sahsimik ||

8. atêtanya rajaputra ing Yujana | sapa ranmu ta aji | tambung laku ing prang | ingsun Raja Bugêdas | ing Buminèn praja mami | sapa kang lila | kănca rêp dèn talèni ||

9. wajib iya angrêbut ing wong kêkancan | wau Raja Sahsimik | sampun ginosongan | kang yuda yun-ayunan | arame bindi-binindi | danguning aprang | tan ana kasor kalih ||

10. kadi guntur surake mungsuh lan rowang | gada tan migunani | sarêng sèlèh gada | rame pêdhang-pinêdhang | sami dharat kang ajurit | udrêg-udrêgan | dêdêr-dinêdêr sami ||

11. miyat Prabu Jayusman Samsumurijal | ngêjèpi senapati | Rajèng Kulup sigra | Kalbujèr nêmbah mêngsah | mêlak dipăngga sang aji | hèh anak êmas | Yujana ingsun prapti ||

12. apa maksih kuwawa ing yudanira | inggih paman pan maksih | dèrèng pati sayah | sigra dènira ngalap | puthon mas ginêtak mijil | sumiyut mêsat | mungsuh kang dèn parani ||

13. pan gumêpluk makutha rêmuk kasingsal | malêsat tibèng siti | dadya reyab-reyab | jêjêr Raja Bugêdas | puthon êmas antuk malih | nêmpuh pilingan | niba sri narapati ||

14. dyan cinandhak marang putra ing Yujana [Yu...]

--- 1: 5 ---

[...jana] | Bugêdas wus tininggil | ingikal ing tawang | binanting tibèng lêmah | prapta Patih Abunandir | wus tinalenan | binayang mundur kêni ||

15. wus tinawan kang têtulung sampun prapta | sira Raja Sêmadri | arsa angrêbuta | gumadhug jajanira | sumaput panonirèki | niba kantaka | sira Raja Sêmadri ||

16. prapta Raja Bandarkup têtulung kănca | sinambêr puthon rukmi | kupinge kumêplak | tiba saking turăngga | Raja Bukmun aningali | sampun waspada | mungsuh kêmating jurit ||

17. Raja Bukmun ing Mrêtis nagaranira | ulah sulaping jurit | sampun ingajanan | dening Sang Raja Akbar | mijilêna sulap sêkti | Bukmun umangsah | dharat sri narapati ||

18. ngagêm bumbung êmas salawe pinundhak | saasta gênge sami | panjange rong kilan | rinèntèng sinundukan | praptèng rana jêngkang-jêngking | nuli tumênga | kêkèjèk jêrit-jêrit ||

19. sinambêr ing pêputhon êmas uninga | anyampe angendhani | bumbunge sinêbar | dadi sungloning toya | Prabu Kalbujèr udani | nguwuh hèh anak | Kaharkusmèn dèn aglis ||

20. lumayua mungsuh iki masang kêmat | dimène ingsun kari | anèng luhur gajah | kontung kêlêma toya | putra Yujana miyarsi | mundur lon-lonan | sarwi nuntun jênggiri ||

21. prapta matur radyan lamun prange kêmat | wau duk amiyarsi | Sang Prabu Karsinah | ngatag Saptiyunasar | sri naranata ing Drênis | nêmbah umangsah |

--- 1: 6 ---

dharat kêkudhung caping ||

22. caping iku kancana ingkang kinarya | praptèng payudan aglis | minggah anèng liman | Rajèng Kulup gènira | nênggih pan kadi sêrati | Saptiyunasar | nèng gulu dènnya nitih ||

23. sira Raja Kalbujèr pêputhonira | kinèndêlkên rumiyin | toya sampun minggah | kathah kadya udalan | upama wong dharat nênggih | wus wakêt jaja | toya nanging tan minggir ||

24. wong kang baris kalangan tan ana kambah | mung têngahing wong jurit | Kalbujèr atatag | kacêlup kang dipăngga | wakêt andhêmanirèki | dangu anacap | palana ing palisir ||

25. gajah ngêmprèk ngolang-aling kacêburan | maras kang aningali | surake gumêrah | wong Ngambarkustup samya | Kalbujèr binujung warih | bakuh tan kewran | sacêngkang datan osik ||

26. sawusira tita inggahing kang toya | sigra Prabu ing Drênis | buka capingira | Mraja Saptiyunasar | ingawèkakên kang caping | prapta dahana | gênge sawukir siwi ||

27. pan jumêgur kang agni nibani toya | mubêng sawukir-wukir | asat ingkang toya | garing dening pawaka | anggêrèng nêla kang siti | mangsah paekan | Raja Bukmun ing Mrêtis ||

28. buron alas kang prapta ana salêksa | sadaya rupa gêni | angrubung saksana | gajahe sri narendra | Raja Kalbujèr sira glis | nolih ing wuntat | sigra Raja Jaswadi ||

29. kinêjepan ing putra Pangeran Kelan | lumêpas sanjatangin | kabuncang sadaya |

--- 1: 7 ---

sagung kang buron alas | tibane nibani baris | gègèr busêkan | sarêng kasaput latri ||

30. sami bubar makuwon mungsuh lan rowang | wong Ngambarkustup sami | prihatin kasrakat | kathah ingkang kabranan | wong Arab salamêt sami | amasanggrahan | sagung para narpati ||

31. sira Prabu Sêmakun nulya bujana | sagung kang putra sami | samya kalêmpakan | Parangakik Karsinah | Ris Munandar Rustamaji | Pangeran Kelan | Banuarli Pirngadi ||

32. Radèn Kasim Kuwari tuwin ta sira | Radèn Hasim Katamsi | lawan para raja | manggalaning ayuda | larih midêr wanti-wanti | Rajèng Gumiwang | nimbali ingkang sami ||

33. saking aprang ginanjar binoja krama | ing panêmbrama ngênting | nutug ingkang samya | dhêdharan pukul tiga | bubaran ingkang para ji | wau kocapa | pakuwon dhandhanggêndhis ||

2. Dhandhanggula

2. Patih Ngambarkustup sowan gurunipun

1. saundure saking ing ajurit | pakumpulan Raja Bariakbar | prajurit para ratune | punggawa Ngambarkustup | aglar munggèng ngarsaning gusti | tuwin kang pra dipatya | kabèh wong Mêdayun | Nusirwan Urmus lan Irman | mung Ki Patih Bêstak ingkang maksih sakit | Baktiyar wakilira ||

2. Raja Akbar angandika aris | mring kang rayi Patih Barikahar |

--- 1: 8 ---

paran budinira kiye | prajurit Ngambarkustup | wêkasane kasor ing jurit | wong Kuparman ing aprang | timbangana puguh | ing prang kasap lêmbut bisa | kaya mau Si Raja Bukmun ing Mrêtis | sabêne tanpa lawan ||

3. aprang lan wong Arab sun tingali | kuthetheran yèn iku mindhoa | datanpa karya sulape | kang rayi nêmbah matur | kadi lêrês pangandika ji | prange kasap kasoran | apês prange lêmbut | kawula sumanggèng karsa | ing watawis tan wande tuwan ngawaki | ngawakana manawa ||

4. ngawaki yèn makatên sor titih | putra Kuparman kabèh wus dibya | lan malih kathah kanthine | wrêti Raja Sêmakun | mangke wontên prakosèng jurit | duk maksih tunggil rama | cubluk tur angêpluk | angukruk aprang tan bisa | mangkya nunggil Wong Agung Surayèng Bumi | surèng prang măndraguna ||

5. gawok amba Prabu Nyakrawati | wong Mêdayin pra dipati lêksan | akêthèn ulubalange | akathah para ratu | siji datan ana prajurit | langkung saking anistha | tan kêni kinaruh | sayêkti jail kewala | wong wêdi prang awak wong atine eblis | pan sêsukêring jagad ||

6. kawularsa uninga pribadi | inggih wawrate prajurit Ngarab | wong Kuparman gêgêdhuge | inggih yèn kula sampun | angawaki aprang pribadi | wruha boboting mêngsah | miwah ènthèngipun | sadintên bae kewala | kantênane yèn amba sampun ngawaki |

--- 1: 9 ---

ngupaya budidaya ||

7. Prabu Mêdayin maras tan sipi | bok kapindhon kadi Purwakăndha | ingêrutan punggawane | lawan pêpatihipun | Natèng Ngambarkustup ngrasani | wong Mêdayin apêsnya | aprang nora maju | nora ana kang bisa prang | mangke nyêngklèng pocapane salin malih | amung mungsuh kewala ||

8. pukul tiga bubaran sang aji | Kyana Patih Barikahar nulya | mêlingkên nuwun putrane | wontên jroning kadhatun | pan ingambil putra sang aji | Sang Raja Bariakbar | datan asêsunu | milane mundhut kang putra | ingkang rayi Barikahar Kyana Patih | dadya putraning uwa ||

9. putri kalok ing jagad linuwih | Dèwi Ngumyun Adi putri endah | sapraja pilih tandhinge | linamar para ratu | pira-pira ratu kang prapti | nanging nora tinampan | dènira sang prabu | pinapag ing sayêmbara | nora krama anak ingsun Ngumyun Adi | yèn nora na satriya ||

10. bisa kêlar iya anadhahi | panggadaningsun bisa anulak | ing pêdhang ingsun pasthine | jodhone putriningsun | ya Si Rara Ni Ngumyun Adi | apan ginulang-gulang | ing ayuda punjul | aprang kêmat aprang sulap | sikir agêng paguroning prang prêmati | pandhita ngraga sukma ||

11. kaki Bêrdanis bêbala dhêmit | wukir Kumbara dènnya pilênggah | pan puniku pagurone | tumut angambil putu | marang Dèwi Ngumyun Adikin | ya Ngumyun Adi mapan | namane satuhu | Yun Adikin pan punika [pu...]

--- 1: 10 ---

[...nika] | widigdaya ing aprang matêng ing pikir | Sang Prabu Bariakbar ||

12. simpên pêpundhèn Dhatuk Bêrdanis | kang ingandêl paguroning aprang | apan sanagara kabèh | prajurit Ngambarkustup | sami anak muridirèki | Dhatuk Bêrdanis ingkang | ya mulang prang pupuh | mila kathah kêmat sulap | pinilihan marang Ki Dhatuk Bêrdanis | kang pantês ngagêm kêmat ||

13. mila Raja Bukmun dèn kathahi | ngèlmu kêmate patut anggarap | Raja Bukmun pantês dhewe | èndhèk wêtênge nyêmpluk | sirah canthing pundhake kêpis | lambene makajangan | dhêmpok irungipun | yèn sampuna trahing raja | Raja Bukmun nora payu sadeyani | rêga sadinar larang ||

14. mangke kêmate èsmu kalindhih | marang Sang Prabu Saptiyunasar | miwah raja ing Kalbujèr | milane wayang-wuyung | Ngambarkustup ing măngsa iki | mungsuh lan wong Kuparman | sor sasolahipun | wau Patih Barikahar | sampun panggih lan putra Ngumyun Adikin | binakta marang arga ||

15. wukir alit tan têbih lan puri | wukir Kumbara pan pakêbonan | wana kinarya asale | ngubêngi wukiripun | kali lima mapan ngubêngi | kang siji kali sirah | guwa pèrèng gunung | angongkang guwa jro jêmbar | sapraptane kya patih lan putranèki | kagyat ki dhatuk tanya ||

16. anak patih dene wêngi-wêngi | putuningsun ginawa mring arga | kya patih nêmbah ature | ingutus sang aprabu | tur uninga mêngsah puniki | kantênan lamun [lamu...]

--- 1: 11 ---

[...n] awrat | kasor Raja Bukmun | kêmate datanpa karya | angandika wau Ki Dhatuk Bêrdanis | dèn ayêm aja susah ||

17. nyata lamun abot ing ajurit | para putra Kuparman sadaya | pilih kang năngga bobote | ing besuk ingsun tutur | mungsuh iki ingkang suwiji | padha putra Kuparman | ingkang băngsa luhur | ing mêngko ingsun babara | sayêktine sira padha kêcil ati | wong padha mêmungsuhan ||

18. Si Saptiyunasar Natèng Drênis | iku balane Natèng Karsinah | dene Si Raja Kalbujèr | pan senapatinipun | marang prabu ing Parangakik | lah iku putuningwang | kang ngêsorkên besuk | ya nuli sira muliha | besuk esuk gêdhugana ing ajurit | anging apranga wantah ||

19. putuningsun nini dimèn kèri | sun wuwuhane têtimbul ingwang | sun prih undhake bobote | kya patih nêmbah mundur | têdhak saking Kumbara wukir | byar rina praptanira | ing dalêm sigra wus | busana kapraboning prang | enjing muni têngaraning wong ajurit | têtêg munya sauran ||

20. mungsuh rewang wus sami miranti | bala Kuparman mijil gumêrah | rêbut papaning barise | têngaranira umung | kêndhang bèri gurnang thongthonggrit | samas ingkang têngara | barêngan abarung | kadya manêngkêr triloka | sampun aglar ing papan ingkang para ji | lênggah banjêng akapang ||

21. Prabu Sêmakun sampun alinggih | munggèng amparan kancana mubyar | ing kanan para putrane [putra...]

--- 1: 12 ---

[...ne] | ing kèri para ratu | Rajèng Ngambarkustup wus mijil | andhèr prajuritira | ingkang para ratu | Kyana Patih Barikahar | munggèng ngarsa lan Raja Bukmun ing Mrêtis | lan Raja Bubèrburah ||

22. Rajèng Ngêlut andêling ajurit | banjêng ingkang para raja-raja | Ngambarkustup kèh pamuke | mijil ing prang Sang Ngêlut | Bubèrburah wus nitih èsthi | kawot kapraboning prang | praptèng rana nguwuh | wong Kuparman mêtua prang | ayo kene arok bănda rêbut pati | papagên tandang ingwang ||

23. amit nêmbah putra ing Ngabêsi | marang Prabu Sêmakun lingira | putu dèn prayitna bae | Dyan Kodrat Samadikun | nêmbah prabu ing Parangakik | adhi mas dèn ayitna | umatur anuwun | nêmbah ing Prabu Karsinah | lajêng mijil nitih bakarlès sang pêkik | nandêr praptèng paprangan ||

24. yun-ayunan pan sampun apanggih | atêtanya Raja Bubèrburah | sapa aranira kiye | sun Kodrat Samadikun | iya Rajaputra Ngabêsi | putrèng Sri Kadarisman | ingkang apêputu | Raja Sadat Kabul Ngumar | sira sapa ratu utawa dipati | awadhag dhapurira ||

25. hèh aladak putra ing Ngabêsi | amoyok mungsuh adu arêpan | apa pinunjul aprange | Si Kodrat Samadikun | ingsun Ratu Ngêlut prajurit | andêl-andêl pan ingwang | iya Ngambarkustup | Bubèrburah aran ingwang | tautate bêdhah praja bănda aji | aja kok kira-kira ||

26. tadhahana putra ing Ngabêsi [Ngabê...]

--- 1: 13 ---

[...si] | gadaningsun sigra mutêr gada | sampun kudhung parisane | Dyan Kodrat Samadikun | pan ginada parise tangkis | kuwat panangkisira | rosa ing pamupuh | jumêbrèt pan kadi gêlap | bakarlèse anglumba asru dènnyanjrit | sigra malês anggada ||

27. sarwi sênggak putra ing Ngabêsi | dadya rame agada-ginada | mubal sami parisane | surakira gumuruh | rewang mungsuh rêngèng wiyati | mubêng angitêr mêngsah | Kodrat Samadikun | Bubèrburah dipun kalang | lêgok-lêgok gajahe ginada malih | pêcah sirahing wuntat ||

3. Pangkur

3. Patih Barikahar tandhing kalihan Radèn Kodrat Samadikun

1. tibanira kapalêsat | Bubèrburah tangi amêmpis-mêmpis | Radèn Kodrat Samadikun | têdhak wus sami dharat | rame têmpuh pêdhang-pinêdhang acaruk | lir andaka mungsuh kidang | kang alit cikat akêsit ||

2. Rajèng Ngêlut tanpa polah | dhêlag-dhêlêg puguh bodho ngajurit | katampêk parisanipun | nora bisa angipat | paris rêmpu katênggêl pêdhange putung | putra Ngabêsi saksana | dènira nyandhak calimprit ||

3. krodhambêk prawirandaka | ngeka pada ngikal ponang calimprit | Radèn Kodrat Samadikun | sumiyut calimpritnya | tibèng jaja sira sang prabu ing Ngêlut [Ngê...]

--- 1: 14 ---

[...lut] | carcap anrus ing walikat | kênure sigra tinarik ||

4. sumêbut sang nata rêbah | sapêsate calimprit rah nututi | kadya kang dhatuk sumawur | Bubèrburah palastra | kadya guntur wong Kuparman surakipun | Kya Patih Brikahar prapta | munggèng ing turăngga janggi ||

5. anitih bakarlèsira | miyat lamun mungsuh kang bantu prapti | wau Kodrat Samadikun | bakarlèsnya mandhapan | wus apanggih Patih Brikahar tanya sru | wong anom sapa ranira | abêsus tangkêping jurit ||

6. prawira matèni raja | anauri ingsun putrèng Ngabêsi | iki Kodrat Samadikun | banthènge wong Kuparman | nadyan bocah wus tate ambănda ratu | kang ingakên wayah marang | Wong Agung Surayèng Bumi ||

7. lah sira sapa ranira | ingsun iki patih kadange nênggih | mring Sang Prabu Ngambarkustup | ingsun Patih Brikahar | kakang adhi mung loro sadulur ingsun | kang tuwa Raja Briakbar | kang anom ingsun pêpatih ||

8. lah sangganên gadaningwang | kyana patih ngayati mutêr bindi | Radèn Kodrat Samadikun | tangkis parise waja | dyan ginada jumêbrèt lir gêlap barung | katulak tangkis lêgawa | rajaputra ing Ngabêsi ||

9. saksana amutêr gada | kyana patih kudhung parise wêsi | asênggak gada tumêmpuh | parise gêbyar-gêbyar | kang dahana ngaladi ingkang prang pupuh | orêg kang bumi prakêmpa | surak gumuruh gêtêri ||

10. antuk sisih kang ayuda |

--- 1: 15 ---

rame prange gada tan migunani | sarêng sèlèh gadanipun | rame pêdhang-pinêdhang | caruk rukêt pating kalêprak-kalêpruk | rêmpu pêdhange kalihnya | asalin gêgaman malih ||

11. adangu dènira aprang | datan wontên ingkang kasoran kalih | pan sami prawiranipun | sami prakosanira | mila dangu kasaput ing latri êpur | mundur kalih kang ayuda | ing dalu bojana latri ||

12. anayub boja drawina | para ratu ngumpul gèn senapati | sira Sang Prabu Sêmakun | angiras pagunêman | angandika sira Sang Prabu Sêmakun | hèh putu Ngabêsi sapa | mungsuhira kang ngêmasi ||

13. lawan ingkang urip sapa | matur nêmbah Rajaputra Ngabêsi | kang pêjah Sang Raja Ngêlut | ingkang gêsang pur ing prang | patih kadang dening Prabu Ngambarkustup | Patih Brikahar kang nama | arine sri narapati ||

14. Prabu Sêmakun parentah | anulisi marang carikira glis | singa kang mêtu prang pupuh | sadaya tinulisan | sor unggule kang mati myang kang kapikut | para ratu para putra | kang aprang lumêbèng tulis ||

15. badhe katur mring Kuparman | dutanipun lumaku wira-wiri | wiwitan têngahanipun | ing prang katur sadaya | mring Kuparman wau ta gênti winuwus | ing Ngambarkustup Narendra | ing dalu bojana atri ||

16. kya patih munggèng ngayunan | para ratu satriya pra dipati | Sang Aprabu Ngambarkustup | dangu raja kang pêjah | pinariksa tatu ngandhap susunipun | agilig tatu tan ămba |

--- 1: 16 ---

pêpantêse mung sacacing ||

17. lan têrus maring walikat | gêgamane apa arane iki | anèh wong Kuparman iku | ing kene durung ana | anak Bêstak Radèn Baktiyar umatur | limrah kang prajurit Arab | sami angagêm calimprit ||

18. punika pan kinênuran | mung sakisi gilig lamun lumaris | nênggih mring parise mangsuk | tatas adat punika | têngah dalu Patih Brikahar gya mundur | lajêng mring wukir Kumbara | wus panggih Dhatuk Bêrdanis ||

19. pukulun èstu yèn awrat | kula sampun ngawaki ing ajurit | mêngsah rare dèrèng sêpuh | botên sagêd ngasorna | kathah tiwas nênggih bala Ngambarkustup | prajurit kang para raja | kèh kanin kèh angêmasi ||

20. Dhatuk Bêrdanis lingira | rakanira aturana ngênêngi | utawi mundura iku | manjinga jroning kitha | pradandanan aja kasulak ing laku | bêcik pranga saking kitha | enak pamucunging jurit ||

4. Pucung

4. Pramèswari Mêdayin takèn wartosipun ingkang putra Raja Sêmakun

1. ya ta wau anut saaturing guru | Raja Bariakbar | sampun bêdholakên baris | manjing kitha anutup sakèthèngira ||

2. sampun katur marang Sang Raja Sêmakun | yèn bubar kang mêngsah | baris wus manjing kithèki | sira Raja Sêmakun apêparentah ||

3. kinèn ngêpung kithane wong Ngambarkustup | Sang

--- 1: 17 ---

Rajèng Talsiyah | Sang Prabu Mutadarawi | ngangsêgakên balane kadi samodra ||

4. ingkang tinut ing punggawa miwah ratu | bala Purwakăndha | sira Sang Raja Ardabil | ing Lulkiyah pinasrahan barang karya ||

5. Bardas Bardus Pêpatih Talsiyah sampun | ngangsêg barisira | Raja Sêmakun ngênggèni | pasanggrahanira Raja Bariakbar ||

6. para ratu kang ngêpung sadayanipun | tata pasanggrahan | nunggil kang lèr dadi siji | ingkang wetan barise wong Purwakăndha ||

7. ingkang kidul wong Talsiyah barisipun | kang kilèn barisnya | para ratu ing Betarti | sabalane Sang Prabu Aris Munandar ||

8. bantonipun Rajèng Kaos ingkang tumut | mêpêti butulan | ratu satus kang tinuding | marang rama Prabu Sayid Ibnu Ngumar ||

9. tindhihipun ngawaki măngka pikukuh | sang prabu ing Buldan | sira Prabu Andanbilis | lawan raja anênggih Abgănjambila ||

10. Rajèng Kaos lan Aris Munandar sunu | parentahing eyang | Prabu Sêmakun sira glis | kang atugur baris kulon wus santosa ||

11. ratu pitu anambêli kadangipun | milane kang wayah | ingandikan ngalèr sami | lawan sagung kang rama-rama sadaya ||

12. anom awu tuwa ing wayah puniku | Sayid Ibnu Ngumar | lan kang paman sadayèki | ing wayahe tuwa Prabu Ibnu Ngumar ||

13. wus barukut pangêpunge Ngambarkustup | binathithit samya | tan kêna marèjèl mijil | wong sawiji yèn saking sajroning kitha ||

14. kunêng wau agantya [a...]

--- 1: 18 ---

[...gantya] ingkang winuwus | nagari Kuparman | Raja Sêmakun dutèki | tan akêndhat atur surat mring Kuparman ||

15. kang winuwus Kuparman ing kitha agung | pramèswari lagya | juru jinêm animbali | ingkang putra Rêtna Sudarawrêtika ||

16. praptanipun awotsari mring kang ibu | alon angandika | pramèswari ing Mêdayin | dhenok payo ingsun tuturana warta ||

17. kang anglurug arinira Si Sêmakun | kagyat ing wardaya | Kusuma Sudarawrêti | apa ora wong agung ngaturi warta ||

18. mring kang ibu sabên ana surat rawuh | akêlalèn apa | ping pat ana layang prapti | ingkang ibu nora ingaturan warta ||

19. ya wong agung apa iku salin lagu | durung wani gugah | yayi Dèwi Burudangin | ing laline kang raka mênêng kewala ||

20. sawusipun ngartikèng driya umatur | inggih ibu mapan | sadaya sami basuki | wayah-wayah kang wontên ing pabarisan ||

21. yayi Prabu Sêmakun pawartinipun | sampun dadya ing prang | arame ing sabên ari | kang ingabên sawêg para rajaputra ||

22. sampun unggul yudane yayi Sêmakun | kang putra sadaya | dèrèng wontên kang ngawaki | kathah tiwas prajurite Raja Akbar ||

23. Ngambarkustup kithane sampun kinêpung | pan putra paduka | pun adhi Sêmakun warti | sagêd ngêmong mring kaponakane samya ||

24. lawan sagung ingkang para ratu-ratu | angalêm sadaya | inggih dhumatêng pun adhi | botên pae angadhêp Sang

--- 1: 19 ---

Kakungingrat ||

25. sabên dalu angingoni para ratu | têkone kang raka | Wong Agung Surayèng Bumi | kang cinithak inggih wontên saba paran ||

26. wêkas ingsun dhenok mring arinirèku | sadurunge mangkat | kakangmu Sudarawrêti | jalukana wuruk dadi jimating prang ||

27. alon matur Sudarawrêti wotsantun | inggih sampun kathah | wêling kula mring pun adhi | sadèrènge mangkat kongsi kawan dina ||

28. kawan dalu bêkta putra-putranipun | saos ing kawula | Ki Ruslan Ki Rustamaji | pan pun Kelan pun Kasim Kuwari lawan ||

29. datan kantun Hasim Katamsi pan tumut | kêmit patang dina | kawan dalu sami kêmit | wayah-wayah paduka wismèng kawula ||

30. ngandika rum juru jinêm sukur-sukur | padha wruh ing cipta | dhenok ingsun arsa panggih | atêrêna marang gone lakinira ||

31. sru gumuyu Sudarawrêti umatur | sampun kadhêmpalan | Wong Agung Surayèng Bumi | mangke kula bêktane ngarsa paduka ||

32. kang sun tutuh iya kakang bok Marpinjun | bok sampun akithal | tinunggu wong tuwa siji | têka kongsi golèk warta kudhandhangan ||

5. Dhandhanggula

5. Wong Agung wêwartos kawontênanipun paprangan dhatêng ingkang Ibu Pramèswari Mêdayin

1. lagi pira sun tan praptèng ngriki | mung sapuluh dina sun watara | lagyewuh anggawèkake | kirimane [kirima...]

--- 1: 20 ---

[...ne] kang nglurug | num-inuman lan roti manis | dhêdharane nak ingwang | iya kaki prabu | Jayusman Samsumurijal | doyanane iya amung roti manis | ngandêlêna kang garwa ||

2. durung bisa angrêtèni laki | kangbok Si Kun Maryati atiwas | apan durung wruh jarwane | pêpanganan kang mungguh | dhêdharane para narpati | wantu anak pandhita | adoh saking iku | ora bisa olah-olah | mung dongane maratuwane nak mami | kumukus ngampak-ampak ||

3. lah bojone ya Ki Rustamaji | kangbok punapa bisa lah-olah | Rêtna Marpinjun guyune | mandah bisaa iku | baya lêga rasaning ati | nadyan padha pandhita | yayi Mêndhangpupus | pandhita desa kewala | beda lawan ing Kusniya Malebari | dhasar pandhita raja ||

4. iya amung mirib donganèki | măngsa bodho kang karya pratingkah | sirèki pijêr ngêtèprès | dèn anti mring ibumu | sira mau sanggup mondhongi | marang ing lakinira | ngarsane ibumu | Rêtna Sudara turira | kangbok gêdhe dhayoh paduka ing mangkin | nuntên olah-olaha ||

5. yêkti tumut yayi Burudangin | yayi Karsinah Kuwari samya | ngiring-iring mring lurahe | pan ingkang para putu | cêcêblunge Ki Rustamaji | cêblunge Ki Darusman | pasthi padha milu | Atasaji Sayidiman | aja watir Marpinjun saurirèki | Sudarawrêti nulya ||

6. kesah maring gène Isnaningsih | wetan [weta...]

--- 1: 21 ---

[...n] ing têngah panggenanira | wus prapta wau lampahe | wong agung nulya lungguh | lawan garwa Ni Isnaningsih | mulat kang garwa prapta | Parangakik gupuh | Isnaningsih mêthuk nglatar | pan wong agung obah dènira alinggih | kang rayi praptanira ||

7. sêlak gumuyu Sudarawrêti | mèsêm wong agung yayi ana pa | prapta kabêlêt guyune | kang rayi nêmbah matur | dalanane puniki yayi | mring Isnaningsih lingnya | ana salin lagu | sajêge lakune dhasar | taklim sangêt mring sanak wong tuwanèki | samêngko yayi owah ||

8. iya apa ingkang angalingi | wong agung mèsêm alon ngandika | hèh yayi êndi jarwane | pangucapira iku | nora ngrasa yèn ingsun ugi | duwea laku owah | kaya kang rumuhun | dhaham Sudarawrêtika | pan kasaru putri Karsinah kang prapti | suka Rêtna Sudara ||

9. sukur yayi sira iku prapti | lagi sun sêrêg ta lakinira | tan ngrasa owah lagune | amêksa mungkiripun | ingsun gugat nora ngakoni | wong agung angandika | tan ngarasa ingsun | yayi kaya ujarira | salin lagu mara wêlèhna kang êndi | pan ingsun tan angrasa ||

10. Sudarawrêti alon dènnya ngling | yayi Dèwi Karsinah iki pan | lagya na lurugan gêdhe | kang gêcak Ngambarkustup | ingkang ana barisan iki | kang duwe wong atuwa | pasthi padha ngrungu | saobahe ing barisan | mung jêng ibu pramèswari ing Mêdayin | kang ora olèh [o...]

--- 1: 22 ---

[...lèh] warta ||

11. iya antuk warta saka ngêndi | yayi Sêmakun sok kirim surat | dèn andhêg wong agung bae | nora mrèjèl mring ibu | mau ingsun kang dèn timbali | pan pinundhutan warta | angêrês tyas ingsun | yayi Sêmakun kirima | mring ibune apan wus ngaturi tulis | iya marang kang raka ||

12. ya ta anjola Sang Jayèngmurti | astapirullah apuranira | lali têmên ingsun kuwe | putri Karsinah matur | pan kakang bok tuwan tatrapi | mungkire kacêthikan | agêng dhêndhanipun | inggih kula kang atămpa | angrawati ing dhêndhane wong kacêlik | kacina kayumana ||

13. iya yayi sadhêndhanirèki | sun angrasa sang rêtna ngandika | mring kang rayi Karsinahe | apa ta kangjêng ibu | juru jinêm wong nglurug iki | anak putu tan ana | miwah ing kêkaruh | iya ora ana pisan | Rustamaji dudu putune sayêkti | Sêmakun dudu anak ||

14. nora wêlas mring wong tuwa siji | karaya-raya marang Kuparman | anutakên ing mantune | dudua putra mantu | cilik mula pinutra yêkti | apa nora malêsa | wong aurip iku | gumujêng Sang Kakungingrat | ingsun asrah bongkokan mring sira yayi | anut sakarsanira ||

15. matur Sang Rêtna Sudarawrêti | lah suwawi paduka marêka | mring ibu tur warta dhewe | sayêkti dosa lêbur | ing kasupèn manggih pêpulih | kang raka angandika | iya bênêr iku | payo ngulon iki layang | kapat pisan gawanên wacanên [wacanê...]

--- 1: 23 ---

[...n] yayi | ngarsane ibunira ||

16. putri Karsinah lan Burudangin | putri Kwari lan wayah kalihnya | angiring mring eyang ngilèn | gumrudug lampahipun | upacara ampilan kèksi | malêbêt korinira | tumêdhak Marpinjun | amêthuk ing palataran | wusnya tundhuk wangsul marang ibu jawil | èstu putra paduka ||

17. obah lungguhe sang pramèswari | ya ta kang putra prapta manêmbah | kang ibu aris dêlinge | wis lungguha sutèngsun | pramèswari ngungak putrèki | êndi ta anak ingwang | Sudarawrêtiku | ing kene parêka ingwang | ya ta nolih Wong Agung Surayèng Bumi | yayi sira ngandikan ||

18. dèn aparêk lan ibunirèki | Rêtna Sudara matur tur sêmbah | sarwi ambuka surate | punika sêratipun | ingkang saking barisan nênggih | dènnya atur uninga | ri Prabu Sêmakun | purwaning srat pamundhutnya | mring kang rama srat ping kalih dèn kukuhi | ping tiga dadining prang ||

19. srat kaping pat ungguling ajurit | sarta namane kang unggul ing prang | lawan namane mungsuhe | prajurit Ngambarkustup | ingkang kanin ingkang ngêmasi | lajêng bubar barisnya | kithane kinêpung | sami mêmpên nèng jro pura | Raja Akbar samangke botên mêtoni | ngupaya budidaya ||

20. nanging wontên ature ing wuri | yayi Prabu Sêmakun Gumiwang | mêngsah wontên wêwadose | Rajakbar putranipun | nama Dèwi Ngumyun Adikin | kalangkung măndraguna | pilih tandhingipun | mangkya piningit kaliwat | pan [pa...]

--- 1: 24 ---

[...n] ingukup kinutugan sabên wêngi | ginadhang unggul ing prang ||

21. mung punika ibu kaotnèki | atur kawula ing wau enjang | pramèswari andikane | ya dhenok kacèk iku | dyan Wong Agung Surayèng Bumi | matur ing ibu nêmbah | pun adhi Sêmakun | yayi prabu ing Gumiwang | sampun sagêd amênggalani ing baris | among ing para nata ||

22. botên wontên kang wadya saksêrik | sami lêstari pamonging paran | kang ibu lon andikane | sukur arinirèku | bisa telad pamonging dasih | kaya watêkanira | pan sawabirèku | Sudarawrêti tur sêmbah | kadipundi inggih Si Ngumyun Adikin | sintên tuwan tandhinga ||

23. umatura mring ibunirèki | iku tandhinge amung kang wayah | iya kang pantês lawane | Sudarawrêti matur | ibu wayah paduka mangkin | dèn suwun ingkang paman | yayi mas Sêmakun | Kadarwati ambantua | tinandhingkên lan Dèwi Ngumyun Adikin | putrine Raja Akbar ||

24. angandika alon pramèswari | putuningsun Kadarwati apa | bisa aprang dene lare | Sudarawrêti matur | wayah tuwan apan prajurit | bêdhahe ing Gumiwang | pun adhi Sêmakun | brăngta ing putri Gumiwang | kang winawrat ing putra Sang Jayèngmurti | inggih wayah paduka ||

25. putri Gumiwang dipun pandungi | kêni saking ing wayah paduka | ngrabèkkên ing pamanane | yayi Prabu Sêmakun | krama saking Ni Kadarwati | mangkana duk miyarsa | gya rinangkul [rinang...]

--- 1: 25 ---

[...kul] gapyuk | putuningsun wus kêkaya | kalingane ngrabèkkên pamanirèki | pan ingsun nora nyana ||

26. durung ungsum prawira ngajurit | iya bêgjane putu ngong Kelan | ayu prawirèng yudane | angandika wong agung | nanging iku bêcike yayi | iya aja katara | lamun abêbantu | nusul ing laki kewala | abarênga Natèng Kebar Yusup Adi | arsa sun kon ngirima ||

27. ya manawa katêndhagan bukti | anggawaa wowotan rong yuta | kirim kang anglurug kabèh | lawan adhi Sêmakun | makuthane pan lagi dadi | durung gawa makutha | rangkêp lunganipun | makutha kasenapatyan | durung duwe iki sun kirimkên nuli | Kadarwati dandana ||

28. sira lumakua ing wiyati | pamanira ing Kebar kang dharat | lan Kăndhabumi kanthine | pramèswari lingnya rum | ingsun kirim lakinirèki | dinare satus unta | mring pamanirèku | dinar têlung atus unta | kakangira ing Karsinah Parangakik | padha anyatus unta ||

29. tuwin kakangira Rustamaji | satus unta roro arinira | anyèkêt unta dinare | lawan sutanirèku | Rajèng Kaos satus untèki | lan Si Aris Munandar | sèkêt unta iku | lan arimu karo padha | ya Si Hasim Kuwari Hasim Katamsi | kang padha nyèkêt unta ||

30. nênggih pramèswari ing Mêdayin | kala budhale saking Kuparman | pitung kêthi unta kèhe | wowotan dinar iku | liya saking kang pèni-pèni | tuwin barang sabarang [sa...]

--- 1: 26 ---

[...barang] | kirimira agung | marang sagung para wayah | wus winangsit sira Rêtna Kadarwati | mring ibu mring kang rama ||

31. Natèng Kebar Natèng Kăndhabumi | wus siyaga nêlas ing pitungkas | narendra kalih budhale | Ni Kadarwati sampun | dènnya nêmbah tur pangabêkti | mring ibune sadaya | tuwin eyangipun | mring rama Sang Kakungingrat | mêsat marang ing gêgana ngawiyati | wolu likur pawongan ||

32. ingkang sami anapak wiyati | sakapraboning aprang sadaya | tan kari sagêgamane | ing ngandhap lan ing luhur | datan têbih kantunirèki | mangkana tan winarna | ing lampahirèku | ya ta ingkang kawuwusa | putri Ngambarkustup Dèwi Ngumyun Adi | wusnya pinuja-puja ||

33. prajurite pitung dasa pêri | pangarsane pêpitu punika | putrining jin kapir kabèh | sami prawiranipun | kang pangarêp pinăngka patih | Sularwatin Sang Rêtna | lan Sirwatin iku | kêmbar putri parayangan | kabayane anama Dèwi Murtadin | dene ta kang sakawan ||

34. Dèwi Palsimik Dèwi Rubansit | Dèwi Rêsmikin ingkang satunggal | Tasmikin jangkêp pitune | puniku gurunipun | awit saking Dhatuk Bêrdanis | kang darbe pangawasa | bisa ngrèh lêlêmbut | sami kinèn rumêksaa | mring kang wayah Ni Dèwi Ngumyun Adikin | mangkana winursita ||

35. Patih Brikahar wus praptèng wukir | pan Ki Dhatuk Bêrdanis parentah | mêtonana ing prang manèh | apadene puniku | putuningsun Ni Ngumyun Adi | munggèng ing luhurira |

--- 1: 27 ---

amanah ing mungsuh | saking wiyat kèri kanan | măngsa dadak bala Kuparman udani | maring pratikêlira ||

36. sampun matêng gunême ngajurit | têdhak saking ing wukir Kumbara | dalu praptèng kadhatone | ing uwa Ngambarkustup | Raja Akbar sampun apanggih | lan ari kyana patya | miwah putrinipun | winangsitakên sadaya | ing wêlinge sira Ki Dhatuk Bêrdanis | kinèn mijila ing prang ||

37. kunêng ingkang gunême wus dadi | praptanira kang saking Kuparman | Pangeran Kelan garwane | wanci pukul sapuluh | dhasar wantêr Ni Kadarwati | mangkya mindhak wêweka | saking ingkang ibu | ing Parangakik kang mulang | kasêktène wus wuwuh Ni Kadarwati | sampun sagêd nyeluman ||

38. wuruking ibu ing Parangakik | Rêtna Sudara ingkang amulang | Ismayawati marune | wasiyat Ngajrak tuhu | yèn ginarap winatak nênggih | sasamaning jin datan | kuwasa andulu | Kadarwati sabalanya | wolu likur binakta jêjêp jro puri | angraras roning kamal ||

6. Sinom

6. Dèwi Kadarwati nusul ingkang raka pangeran kelan dhatêng paprangan

1. sawusira pirêmbagan | Kusumayu Kadarwati | lan sagung prajuritira | nulya anjêjêp jro puri | tan wontên kang udani | nadyan samia lêlêmbut | datan kawawa mulat | tutug sapolahirèki | katronggongan [katronggo...]

--- 1: 28 ---

[...ngan] mungsuh gunême kawruhan ||

2. bisik mring prajuritira | Kusumayu Kadarwati | bêsuk têmpuhing ayuda | angagêma bedhor ranti | mungsuh nêdyane nilib | putrine wong Ngambarkustup | sinilib saking wuntat | jinêmparing bedhor ranti | padha niru gêndhinge ibu sudara ||

3. rêmên akarya kasukan | kangjêng ibu Parangakik | mungsuh nora pinrih pêjah | dèn prih wirange tan sipi | yèn nora dèn wiwiti | jêng ibu tan ngarah lampus | ngêndi gone ngayuda | yèn mungsuh tan ngarah pati | sapa-sapa rinewang eling kewala ||

4. yèn amanah sawatara | suka ngagêm bedhor ranti | kancana ingkang kinarya | saendhong bedhore ranti | yèn rada dèn têmêni | kang kêna sikute putung | mêdal saking jro pura | Rêtna Dèwi Kadarwati | pukul tiga praptane ing pasanggrahan ||

5. kang raka pan lagi prapta | Jêng Pangeran Kaelani | saking kuwune kang paman | maksih mariksa turanggi | saking bojana sami | lawan sagung para ratu | dèrèng mring pasareyan | amundhut amparan rukmi | pinarak nèng ngarsane turangganira ||

6. anjuju turangganira | kacang lawan daging kambing | lan sirahe paksi dara | kagyat ingkang garwa prapti | dhaham saking ing wuri | anolih lajêng sinambut | tan kongsi ngaras pada | ngabêkti Ni Kadarwati | pan kasêlak sinambut marang kang raka ||

7. dhuh kusuma mirah ingwang | sampun kêdah awotsari | dasihira dadi [da...]

--- 1: 29 ---

[...di] apa | dinukan yangyanging wêngi | dukane maring mami | kang momong langêning dalu | wong agunge ing Kelan | garwane prapta ing wêngi | nora wêlas dadak sinungan wotsêkar ||

8. ingêmban ing sutra Cina | salêmbute rangkêp katri | angayang-ayang turira | paduka dhunkên rumiyin | kawula tutur warti | amba anjêjêp ing mungsuh | ora têka tutura | saking banan bae yayi | bok kacècèr wartane sira mudhuna ||

9. dhuh kakang mas sabarêna | kawulenjing magut jurit | manawi rikate ilang | abêr awit saking laki | mêngsah paduka benjing | gêgêdhuge ingkang mêtu | angling Pangeran Kelan | ingsun milu magut jurit | nora pisah kusuma kalawan sira ||

10. marang dalêm pasanggrahan | tarube palisir wilis | kakang mas kula winêkas | mring jêng ibu Parangakik | kinêmbar ing ajurit | lawan putri Ngambarkustup | dadi inggih paduka | kang karya abêring jurit | apan sangêt kangjêng ibu kang pitungkas ||

11. yayi aja milu sira | dukane jêng ibu benjing | nadyan nêmua siyasat | ingsun dhewe kang ngawaki | pan ingsun kang akardi | dudu saking sira masku | kang rayi agung nyêngkah | basakêna wong puniki | têka wangkot tan kêna dèn nyang sadina ||

12. alah iya dadak apa | bok besuk sawusing jurit | kang raka lon saurira | ingsun bok sêlak ngêmasi | yèn mungsuh mêtu benjing | bêbêcike kang umagut | pasthi ingsun kang mapag | angling Dèwi Kadarwati | durung [du...]

--- 1: 30 ---

[...rung] usum yèn maksih duwe parêkan ||

13. putri moncol pramudita | putrine Natèng Kubarsi | nuli mêtokkên simpênan | tiwas têmên Kadarwati | apa dhase sakêthi | putrine wong Ngambarkustup | yèn ta durung palastra | kang anama Kadarwati | daya-deye gêlêma tinilar ing prang ||

14. ing solah tan winursita | ing batin sêrênge sami | kang raka lawan kang garwa | sawusnya nuwuki kapti | kang rayi matur malih | saluwarira mong lulut | pukulun badhe prapta | paman Kebar Kăndhabumi | inggih ingkang sami ambêkta kintunan ||

15. duk miyarsa aturira | ingkang rayi Kadarwati | yèn mêngsah badhe mijil prang | lawan praptane kang ngirim | sadalu datan guling | kang garwa tansah sinambut | sampun tamtu trah Ngarab | graita pakewuh jurit | kêsêl arip tan ketung amung prayitna ||

16. ingkang rayi tinimbalan | Mraja Wrahat Kustur prapti | payo yayi milu ringwang | mring pondhoke paman aji | bakayunira prapti | kangjêng rama kang angutus | kalawan kangjêng eyang | pramèswari ing Mêdayin | tanpa rewang kang tumut datan sinungan ||

17. parêkan kinèn asoa | sagunging prajurit èstri | lumampah angêmban garwa | lan kang rayi anèng wuri | Kadarwati tanya ris | yayi Prabu Wrahat Kustur | kakangmu lagi apa | Maliyat Kustur kaka ji | matur nêmbah kang rayi sarwi lumampah ||

18. wau saking panayuban | lan raka paduka sami | manawi sampun anendra | mangkana lampahe [la...]

--- 1: 31 ---

[...mpahe] prapti | wau ta ingkang rayi | saking êmbanan tinurun | nênggih Rajèng Gumiwang | Sêmakun pan dèrèng guling | sabubare bujana lan para raja ||

19. pra dipati ing Gumiwang | kang sêpuh sakawan sami | maksih ngadhêp nèng ngayunan | kasaru kang putra prapti | kagyat sigra nêdhaki | anak mas puniki wangsul | inggih putra paduka | saking Kuparman duk prapti | bêkta sêrat saking rama saking eyang ||

20. Kadarwati sigra nêmbah | ing paman sri narapati | ingkang garwa ingandikan | putri Gumiwang wus mijil | sira Dèwi Rungkati | anyablèk ing putranipun | dhuh nyawa sira prapta | sukur bêbantu ngajurit | Kadarwati sigra ngaturakên sêrat ||

21. saking rama saking eyang | cacahe sagung pakirim | lan ratu kang badhe prapta | Natèng Kebar Kăndhabumi | lan mungsuh badhe mijil | prajurit ing Ngambarkustup | Raja Sêmakun mojar | dawêg anak mas anilib | mring pondhoke anak mas Prabu Jayusman ||

22. Kadarwati kinèn lênggah | lan bibi Dèwi Rungkati | wong agung katiga mangkat | marang Prabu Parangakik | amung wong agung kalih | katigane Wrahat Kustur | wau Prabu Jayusman | anèng panggenaning èsthi | sapraptane saking nayub dèrèng nendra ||

23. anjuju turangganira | lan gajah pun Iman Kabir | kagyat praptane kang paman | lan kang rayi Kaelani | kondur prapta alinggih | ya ta wau ingkang rawuh | Sri Bupati Karsinah | wus tata gunême sami | kang tinuduh [tinu...]

--- 1: 32 ---

[...duh] amucukana prang enjang ||

24. Kalbujèr sarênga mêdal | sri bupati ing Kubarsi | samya nitiha dipăngga | Kadarwati angungkuli | dene lamun mêtoni | putrine wong Ngambarkustup | yèn katon tinandhingan | garwane sri narapati | ing Karsinah Dèwi Joharin Insiyah ||

25. dene ingkang badhe mapag | Natèng Kebar Kăndhabumi | Sang Raja Matyus Danirham | sang aprabu ing Parênggi | maratuwanirèki | Prabu Karsinah puniku | lawan Radèn Suptandar | Samardikaran Dikwanis | dalu-dalu sampun sinungan parentah ||

26. bubaran makuwon samya | kang pinikir sampun dadi | Pangeran Kelan praptanya | pakuwon kang paman nuli | lajêng kondurirèki | lan kang rayi Wrahat Kustur | nèng jawi pasanggrahan | kang rayi sinambut malih | Wrahat Kustur bênêrakên êmban-êmban ||

27. pukul satêngah nêm prapta | pakuwonira pribadi | Prabu Sêmakun têngara | ingantêp gurnang thongthonggrit | Pangeran Kaelani | nimbangi têngara umung | Parangakik Karsinah | nimbangi têngara nitir | pan sadaya nimbangi kang para raja ||

28. wong Ngambarkustup miyarsa | sigra atêngara nitir | ana suka ana maras | wong Ngambarkustup miyarsi | dene ta andhingini | wong Arab têngaranipun | mêdal barising wadya | akapang têpung miranti | angêntosi wêdale bala jro pura ||

29. parentah Sang Raja Akbar | sami mijilakên baris | saking jroning kitha mêdal | wadyaning para narpati |

--- 1: 33 ---

bêlêg baris malipir | nurut pinggiring bata gung | prapta Sang Raja Akbar | lan kang rama ing Mêdayin | sami mijil anjênêngi ing ayuda ||

30. lênggah anèng amparan mas | Nusirwan dènira linggih | lan kang putra Raja Akbar | Bêstak waras dènnya sakit | lan Brikahar alinggih | miwah Irman lawan Urmus | jajarira alênggah | banjêng kang ratu prajurit | kyana patih rêmbag badhe mijil ing prang ||

31. wuwusên baris Kuparman | Prabu Sêmakun wus linggih | munggèng dirga padmasana | Prabu Jayusman alinggih | dhêdhampar mas pinatik | nawa rêtna abra murub | sang prabu ing Karsinah | pangeran ing Kaelani | nèng wijoan palowanu dènnya lênggah ||

32. banjêng para rajaputra | tuwin katiga narpati | Prabu Talsiyah kalawan | Betarti Mutadarawi | nêmbah umangsah pamit | Sang Prabu Maliyat Kustur | nitih èsthi linawak | asongsong patbêlas sisih | marik anèng palipit palana lawak ||

33. Raja Kalbujèr tur sêmbah | umangsah wahana èsthi | samya palana lêlawak | songsong kalih wêlas sisih | tajêm narendra kalih | sami gagah agêngipun | samakta matak măntra | Kusumayu Kadarwati | wus miranti kalawan sawadyanira ||

34. surake umyang gumêrah | kadya manêngkêr wiyati | carube mungsuh lan rowang | eram kang sami ningali | dene cara lumaris | ratu kalih wêdalipun | songsong munggèng dipăngga | pinanjêr munggèng palipit | ing sêmune tan nêdya mundura ing prang ||

--- 1: 34 ---

7. Durma

7. Prajurit putri ngêdali prang

1. mijil ing prang dadosakên gunêmira | mijilkên gêlar wadi | prajurit simpênan | para putri prayangan | kang badhe kinèn mêkasi | nyirnakkên mêngsah | mila mijil pribadi ||

2. Kyana Patih Brikahar lan Drêkubarang | ratu ing Banukawit | kadang naking-sanak | lawan Sang Raja Akbar | sami awahana èsthi | palana lawak | nimbangi mungsuhnèki ||

3. wus miranti nèng wiyat gêlar simpênan | Dèwi Ngumyun Adikin | lan prajuritira | pawèstri pitung dasa | rumêksa arinirèki | dènira yuda | nèng papan wus apanggih ||

4. Sri Bupati Maliyat Kustur wus panggya | lawan Rêkyana Patih | Kalbujèr prasamya | lan Raja Drêkubarang | tanya-tinanya rannèki | kang anèng wiyat | Kusuma Kadarwati ||

5. samya wêruh sawadya mring mungsuhira | mungsuh datan udani | sigra ingabanan | prajurit parayangan | niyup Dèwi Sularwatin | angêmbat langkap | lawan Dèwi Sirwatin ||

6. nêdya nilib jinêmparing saking wiyat | kêbat Ni Kadarwati | dènnya mênthang langkap | tajêm ingarah-arah | nanging binedhoran ranti | kumêtès kêna | sikute Sularwatin ||

7. pining kalih Sang Dèwi Sirwatin kêna | nênggih sikute sami | jêmparinge tiba | anèng palananira | Rajèng Kulub lan Kubarsi | wangsul karuna | Sularwatin Sirwatin ||

8. pêpatihe [pêpa...]

--- 1: 35 ---

[...tihe] prajuritira wanodya | Ni Dèwi Kadarwati | Dèwi Mintariyah | lan Dèwi Maemunah | ingatag maniyup malih | sarêng mêmanah | sirahe Sularwatin ||

9. lan Sirwatin inggahira tinututan | cumêplès sirahnèki | ingkang sami kêna | niba kalêngêr kêna | nèng siti tiba gumuling | sami katingal | dening wadya kang baris ||

10. kêbatira tinututan saking wuntat | dening Dèwi Salsimik | Sirwatin ginawa | minggah malih ngawiyat | Rêtna Dèwi Sularwatin | cinandhak minggah | marang Dèwi Rubangsit ||

11. praptèng wiyat sami sinundhang kewala | tatune dèn ulati | kang sikut lan sirah | sami bintul kewala | Sang Dèwi Ngumyun Adikin | goyang kapala | apa wadine iki ||

12. ya ta matur Dèwi Murtadin wotsêkar | lawan Dèwi Rubangsit | manawi punika | ingkang winastan walat | wrêti trahing Pusêr Bumi | agêng walatnya | punika bokmanawi ||

13. mila awrat bobote Sultan Kuparman | Dèwi Ngumyun Adikin | alon angandika | pagene kangjêng rama | amèt mungsuh nora apik | cacakên uga | udanana jêmparing ||

14. sarêng niyup kalih dasa winatara | Kadarwati ngabani | narêngi amanah | wolu likur wanodya | ting karêtès sami kêni | panahe gigal | wangsul manginggil malih ||

15. kang têtiga tiba anèng ing dharatan | kang katiban ping kalih | nulya tinututan | cinandhak kancanira | prapta ing ngarsaning [ngarsa...]

--- 1: 36 ---

[...ning] gusti | lah kayaparan | ya Murtadin Rubangsit ||

16. ping sèkêta yêkti mangkene kewala | liwat kaku tyas mami | Rubangsit turira | gusti mapan punika | paduka kang sêdya silib | mangke tan angsal | kacêthikan kacêlik ||

17. mati urip yèn paduka aprang papan | kadi dipun panggihi | awit saking tuwan | nêdya anilib ing prang | angatag Ngumyun Adikin | payo mêtua | mêdhuna mèt turanggi ||

18. sun jangkunge iya saking ing awiyat | tumêdhak kang satunggil | sampun nitih kuda | mijil praptèng paprangan | wau kang para narpati | kèndêl kang aprang | ayun-ayunan sami ||

19. bala Arab wruh prajurit wadon mêdal | gumuruh êloknèki | prajurit wanodya | nyata ika kang mêdal | Prabu Karsinah ngêjèpi | marang kang garwa | sigra nitih turanggi ||

20. sigra mangsah Rêtna Joharin Insiyah | abajo sutra wilis | wijil ing Ngajêrak | asambêr ilèn gilap | calana makêna sami | ijo sadaya | dhasare kulit putih ||

21. pan dumêling Rêtna Joharin Insiyah | niyup sami ningali | kang anèng awiyat | eram dènnya umiyat | para putri Arab iki | dene apelag | wau ta wus apanggih ||

22. atêtanya Dèwi Joharin Insiyah | sapa ranmu prajurit | mangsah ing payudan | asru ing saurira | ya ingsun Dèwi Rêsmikin | pan gustiningwang | Dèwi Ngumyun Adikin ||

23. sira sapa aranira wong Kuparman | sun putri saking Prênggi |

--- 1: 37 ---

garwaning narendra | Raja Mudha Karsinah | Ruslani Danurusamsi | wêton Kuparman | prawira ing ajurit ||

24. iya ingsun aran Joharin Insiyah | payo lanat Rêsmikin | apa anèng sira | ing kene tamakêna | sigra Ni Dèwi Rêsmikin | amênthang langkap | lumêpas kang jêmparing ||

25. ponang tugu salaka wus praptèng ngarsa | kacundhuk ing jêmparing | mayat dhongyong rêbah | prapta nibani mêngsah | kudane Dèwi Rêsmikin | sirahe pêcah | kang nitih tibèng siti ||

26. kalêrêsan Rêsmikin patine sirna | mulih asal dhêdhêmit | Sasmikin tumêdhak | ngarsane tugu prapta | katitih kang wêntis kèri | tiba kantaka | sirna patine sami ||

27. lajêng ngamuk bêbênêr tugu salaka | tapis kang kapalipis | anibani gajah | sumyur turăngga rêbah | gègèr kalulun para ji | baris sadaya | dhadhal manjing jro sami ||

28. putri Ngambarkustup bramatya lumarap | kêbat Ni Kadarwati | pinanah sang rêtna | saking luhur ngiringan | bedhor mas ingkang rinanti | pilingan kêna | mumêt angolang-aling ||

29. pining kalih kalamênjinge kang kêna | Dèwi Ngumyun Adikin | kapalêsat tiba | anèng sajroning pura | kumrutug sami nututi | prajuritira | lara sami anangis ||

30. kang ayuda ing jawi gêrus sadaya | manjing jro kitha sami | kalut pamukira | mijil pêputhon êmas | Saptiyunasar nguncali | gunung pawaka | kabêsmi jroning puri ||

--- 1: 38 ---

31. ingkang pinggir lèr kilèn lawan lor wetan | kêthèn ingkang kabêsmi | gègèr bilulungan | bala ingkang jro pura | nulya kasaput ing wêngi | mundur wong Arab | makuwon kang para ji ||

32. wadya Ngambarkustup prihatin sadaya | yudane datan olih | kasor salaminya | kêmate tanpa karya | sadalu sami anangis | kawur sadaya | prajurit sami kingkin ||

8. Asmaradana

8. Dhatuk Bêrdanis suka katrangan dhatêng Prabu Bariakbar bab awrating mêngsah

1. wau ta kang lagya prapti | Raja Yusup Adi Kebar | lan Kăndhabumi kanthine | pinarnah pakuwonira | dalu samya bojana | ngarsane Prabu Sêmakun | aglar sagung pra dipatya ||

2. sakathahe kang para ji | sami anampèni dinar | pakintun binagi kabèh | anut saungêling sêrat | kang saking ing Kuparman | waradin kang bêras gandum | menyak sapi tong-êtongan ||

3. mangkana ingkang para ji | tutug dènira bojana | amayêng janèwêr kênèt | barduwin api lan adas | gunêm pratikêling prang | yudane wong Ngambarkustup | nêdya maling kawanguran ||

4. kunêng kang bojana sami | sagunging prajurit Arab | wau ta kang winiraos | kang agung aprang kasoran | kasab lêmbut tan pasah | prajurit ing Ngambarkustup | dhêdhêp tan ana bojana ||

--- 1: 39 ---

5. prapta Ki Dhatuk Bêrdanis | kang saking gunung Kumbara | praptanira jro kadhaton | kawarta kang wayah tiwas | Ngumyun Adikin pêjah | pawartane kang misuwur | jatine kanin kewala ||

6. tabêt panah bedhor ranti | kalamênjinge kang kêna | tênggok kang bintul pan gosong | ngêlêd-êlêd nora bisa | balane kalih dasa | kang sami anandhang tatu | kêkalih kang pêjah sirna ||

7. ngungun Ki Bêrdanis angling | kaya pa mêngko dadinya | ngukuhi Nusirwan kiye | wus kasèp ingaturêna | tinanggulang tan kuwat | yêktine pan ajur mumur | kêpriye pikire padha ||

8. kaduwung kula ngukuhi | marang Bathara Nusirwan | ing mangke sampun kasompok | dènnya agunêm jro pura | lan kang rayi ki patya | katigane gurunipun | Dhatuk Bêrdanis Kumbara ||

9. ature Dhatuk Bêrdanis | sarwi angadhêp kang wayah | Ngumyun Adikin tatune | kang sami pinikir datan | amrih palastrèng mêngsah | prajurit ingkang pinunjul | utama ing tri buwana ||

10. manawi punika inggih | garwane Sultan Kuparman | kang sêpuh luhur bangsane | lamun ing ngriki mungsuha | lan trah Sultan Iskandar | banthèng ngundha gunung watu | dhungkara măngsa kabèha ||

11. Rajaputri Parangakik | garwane Sultan Kuparman | lagya turun nêm petunge | kalawan Sultan Iskandar | wikana turun lima | emut kawula pukulun | konyor-konyor dèrèng têbah ||

12. dene ingkang toya urip |

--- 1: 40 ---

inggih kang wontên ing ditya | sampun karêbat wartine | dhatêng ing Rêtna Sudara | mila gampang kewala | kang toya kagunganipun | ing nguni Sultan Iskandar ||

13. Patih Brikahar tanya ris | ratu ing pundi punika | Sultan Iskandar namane | Dhatuk Bêrdanis lingira | iku ratuning jagad | ing Masrik Mahrib kawêngku | ngadhaton sasukanira ||

14. yèn enjing ana ing Masrik | yèn sore nèng Mahrib ika | ing watêse langit kulon | lan watêse langit wetan | linakon mung sadina | mèh padha darajadipun | lan Kangjêng Nabi Suleman ||

15. Iskandar ratuning bumi | pan eyang-eyang paduka | ing ngriki juru kêbone | kalawan jurune mangsak | lawan Sultan Iskandar | kanggêp Ratu Ngambarkustup | lawan Jêng Sultan Iskandar ||

16. kalangkung dening cêcêdhis | tukone Sultan Iskandar | ing Ngambarkustup amade | kadipundi yèn mêngsaha | lan trah Sultan Iskandar | kadi tur kawula wau | banthèng ngundha gunung waja ||

17. măngsa ta nêdya arêmpit | rêmpita sungune pokah | tan wurung rêmuk balunge | raga rontang-ranting rênyah | otot pêdhot kulitnya | lan daginge ajur nyunyur | mêksa dhungkar gunung waja ||

18. makatên upama yêkti | wong Ngambarkustup mungsuha | Sultan Iskandar turune | pênêd punapane uga | mangke Dèwi Sudara | ing Parangakik puniku | patutan siji kalawan ||

19. Wong Agung Surayèng Bumi | diwasa jalu prawira | ing mangke [mang...]

--- 1: 41 ---

[...ke] wus madêg katong | Jayusman Samsumurijal | umadêg binathara | angrèh dhomas para ratu | bupatine patang lêksa ||

20. mantri lubalang rong kêthi | balane kadi samodra | tandhu santana pra katong | ing Parangakik nagara | Jayusman wus pêputra | jalu mèh diwasanipun | Jêng Pangeran Sayidiman ||

21. nèng Kusniya Malebari | kawêngku kapangeranan | puniku inggih wartine | Rajèng Parangakik milya | jroning baris punika | adhuh-adhuh kawula dhuh | sanadyan kathah putrambyah ||

22. kang patutan Parangakik | turase Sultan Iskandar | yêkti tan pantês minungsoh | bonggan parise sumăngga | wani nadhahi gada | măngsa wurung ajur mumur | lawan punika manawa ||

23. wong aprang tan ngarah pati | angarah sakit kewala | ing batin ngarah elinge | iba-iba ta punika | dènnya mikat utama | yèn dede wong băngsa luhur | ngapurèng mungsuh madyèng prang ||

24. supaya dadia kanthi | iku wong nêdya rumêksa | ing batin marang mungsuhe | nuli winalês dening Hyang | mungsuh dadi kawula | puniku petung kang luhur | wit apura paramarta ||

25. yèn wong rêmên mêmatèni | marang mungsuh pan katara | kalamun bèbète jengkol | bèbète kadhêle mêntah | langu bae pinangan | utama kang băngsa luhur | badan Hyang santosèng mêngsah ||

26. putu ngong Ngumyun Adikin | yèn nêdya pinatènana | pasthi lamun ajur amoh | jinêmparinga têmênan [tê...]

--- 1: 42 ---

[...mênan] | nora pinanah gandar | têgêse sanjata pemut | elinga tingkah kang nyata ||

27. kang manpangat jroning pati | apura tan amrih pêjah | iya ta marang mungsuhe | saking eblise tan kêna | parêk para apura | para santosèng Hyang Agung | nêdya mong ing mungsuhira ||

28. Raja Akbar anambungi | lah ta iki kayaparan | bapa dene ta wus kasèp | lan ingsun bapa wus sagah | marang Prabu Nusirwan | sayêktine ewah-ewuh | agawe cidrèng ubaya ||

29. yèn kaya mêngkono yayi | payo padha budidaya | pinrih sira ingsun kiye | aja kongsi ingsun iya | anak putu ing wuntat | têtêpa nèng Ngambarkustup | aja sirna wijilira ||

9. Mijil

9. nistha madya utamaning prang

1. ingsun dhewe yayi kang nadhahi | matiyèng palugon | wus ajanji padha ratu gêdhe | lawan Bathara Anyakrawati | nanging wuri yayi | dèn awas dèn emut ||

2. kaya tuture Dhatuk Bêrdanis | sêmune kalakon | marêpêki pantês pasêmone | têrus karo lèjême samangkin | gêlaring ajurit | kêkêmbanging luhur ||

3. nanging iya sun antêpe dhingin | ing payudan ingong | ing batin pan nora niyat bae | mungsuh lawan saturuning gusti | Rajèng Parangakik | dudu kang sun mungsuh ||

4. apan akèh rupane [ru...]

--- 1: 43 ---

[...pane] wong iki | kang ngêpung kuthèngong | ya kang dudu turun Iskandare | nadyan sutèngong yên waras benjing | Si Ngumyun Adikin | amungsuha antuk ||

5. nadyan padha-padha atmaja Mir | kang katêmu kono | dudu putri Prangakik ibune | aja taha dudu gusti mami | yèn trah Parangakik | yêkti gustiningsun ||

6. lawan sira ya bapa Bêrdanis | yêktine yèn adoh | lawan turun ing gusti dèn ngêntèk | olèh anumpêsi mungsuh iki | mangkana wus dadi | sakèh kang rinêmbug ||

7. kunêng Prabu Sêmakun winarni | kang munggèng pakuwon | ngumpulakên kang para putrane | para nata sadaya wus prapti | para rajasiwi | aglar ngarsanipun ||

8. Prabu Kebar lawan Kăndhabumi | ingkang minăngka toh | ing prakara dènnya sêpuh dhewe | anyar saking nagri Kuparmani | mila sabarang ngling | Sang Prabu Sêmakun ||

9. tiga Natèng Kebar Kăndhabumi | dènira anaros | para putra gumolong anute | apan Sang Aprabu Yusup Adi | tumut anglampahi | ing baya pakewuh ||

10. sangkan alit tan pisah saha ri | lan Jayèngpalugon | sira Prabu Sêmakun dêlinge | kakang Prabu Kebar kadipundi | sampun kaping kalih | Ratu Ngambarkustup ||

11. ngungsi kitha sawadyane gusis | manjing jro kadhaton | pan tinutup korine sakèthèng | lami-lami mêtu ing prang malih | wingi bubar malih | manjing kithanipun ||

12. gih

--- 1: 44 ---

punapa kinèndêlna sami | sasolahing mungsoh | punapa ta rinêmêt kuthane | ya ta matur Raja Yusup Adi | anggèr warni katri | ing tindak puniku ||

13. nistha madya utama tan gingsir | sayêkti binobot | prakarane lan kang nindakake | mêngsah kèndêl punika ngulati | sarananing jurit | ngupaya mrih unggul ||

14. yèn paduka nindakkên nisthèki | ginêcak aywanggop | iya kongsi têka saranane | ingupaya aywa kongsi dadi | dèn nuli sirnanting | kabèh mungsuh iku ||

15. pikir madya nganti sawatawis | mungsuh sangêt sompok | tinutugan ing sawatawise | mêngsah sampun kasusu tyasnèki | yèn sampun ngêndhani | anuntên pinukul ||

16. dene ingkang utama ing ati | mungsuh yèn wus kasor | aja-aja pinukul yudane | karya kuwur tyase mungsuh sêdhih | nganti dèn lèrèhi | tutuga rèhipun ||

17. lamun sakit kiniriman jampi | warasa kang mungsoh | kiniriman kurang dandanane | dimèn tutug sarananing jurit | yèn kudu mêtoni | punika pinagut ||

18. nanging wawratan paduka yêkti | sabarang linakon | datan kêni ngêblêgi lampahe | raka paduka Sang Jayèngmurti | mung utama pinrih | amomot amêngku ||

19. inggih lamun raka paduka Mir | utama kemawon | pan paduka madya sêsêdhênge | sok si lamun nistha dèn lampahi | tan arus ing bumi | nyupêt ingkang kantun ||

20. inggih pranga

--- 1: [45] ---

dhatêng pundi-pundi | Sang Jayèngpalugon | botên nêrak kanisthan watêke | malah madya maksih dèn singgahi | mung utama pinrih | angèl yèn tiniru ||

21. dandanan punika winitawis | pratingkahe mungsoh | patang puluh dina watawise | angombèri mungsuh ingandhêgi | yèn tan wontên mijil | kawan dasa dalu ||

22. nuntên ginêcak kuthanirèki | mawia srat tonjok | mung makatên pikir kawulanggèr | duk miyarsa ture Yusup Adi | langkung sukèng galih | Sang Prabu Sêmakun ||

23. samya lêga tyase kang miyarsi | lingira sang katong | sampun dadi puniku rêmbuge | pan anganti ing kawan dasa ri | bojana sawêngi | bubarira bangun ||

24. kawuwusa Pangran Kaelani | nuwuki dènnya mong | ing garwane warata karsane | tuwin maring garwa kang paminggir | prajurite èstri | ingkang wolu likur ||

25. pakuwone ngungkurakên kali | kalingan kêkayon | linêbokkên ing jro pakuwone | pinagêran sutra warni-warni | tinarub linungsir | ing sutra bang biru ||

26. pindha-pindha wrêksèng taman sari | kuning myang sutra jo | botrawine balabag ing wunglèn | pan ing ngriku Pangran Kaelani | lan Ni Kadarwati | mêmangun kung lulut ||

27. Raja Akbar kawuwusa malih | rêmbuge wus dados | badhe miyosi ing payudane | ngantêp kaprawiraning ajurit | sagung pra dipati | bala Ngambarkustup ||

28. pra santana tuwin kang para ji | ingundhangan miyos |

--- 1: 46 ---

wus salawe dina antarane | enjing têngara gêgaman mijil | sumrêg gumrêgêting | wadya Ngambarkustup ||

29. Raja Sêmakun sigra nimbangi | têngara kêndhang gong | gurnang bèri gumuruh swarane | animbangi sagung kang para ji | gumuruh thongthonggrit | puksur têtêg barung ||

30. baris jro puri dalêdêg mijil | ing papan mirantos | bala Arab gumuruh wêdale | praptèng papan sadaya miranti | baris anjajari | kalangan atêpung ||

31. Raja Akbar lan Natèng Mêdayin | ing amparan lunggoh | pra satriya para ratu andhèr | putrinira Ni Ngumyun Adikin | mêsat ing wiyati | lan sawadyanipun ||

32. Prabu Sêmakun sampun alinggih | ing dhampar mas kaot | aglar sagung kang para putrane | miwah sagung kang para narpati | Pangran Kaelani | lan para rinipun ||

33. sampun mêsat Rêtna Kadarwati | saprajurit wadon | ingkang rayi winangsit waune | Hasim Katamsi mêtua jurit | mêngko sun adhêpi | poma ariningsun ||

34. Raja Saldum êmban Rajèng Simik | aja sira adoh | adhêpana riningsun yudane | parentahe Rêtna Kadarwati | wusnya marentahi | lajêng mundur mabur ||

10. Durma

10. Dèwi Kadarwati tandhing lan Dèwi Ngumyun Adikin

1. amit miyos Rêkyana Patih Brikahar | sampun wahana èsthi | kapraboning aprang | kawot luhur turăngga [tu...]

--- 1: 47 ---

[...răngga] | praptèng papan nguwuh tandhing | payo wong Arab | sapa arsa ngêmasi ||

2. papagêna iki Si Patih Brikahar | arine sri bupati | Ngambarkustup ingwang | prawira măndraguna | Rahadèn Hasim Katamsi | jawil kang raka | Pangeran Kaelani ||

3. kangmas ambok kula kinèn mijil ing prang | pangran ing Kaelani | matur ingkang paman | putra paduka kêdah | pun adhi Hasim Katamsi | mijila ing prang | Prabu Sêmakun angling ||

4. yèn kênaa kulup bok besuk kewala | umatur awotsari | pukulun jêng paman | nuwun mangke kewala | matur Prabu Parangakik | kajênge paman | inggih tuwan lilani ||

5. pan wong anom sampêlah yèn dipun ampah | Prabu Sêmakun angling | iya sutaningwang | sun srahakên Hyang Suksma | sigra dènnya nitih èsthi | kapraboning prang | kawot dipangganèki ||

6. praptèng rana pan sampun ayun-ayunan | Radèn Hasim Katamsi | surake gumêrah | wadyabala Kuparman | wong Ngambarkustup nimbangi | surak gumêrah | yayah nêngkêr wiyati ||

7. sigra Prabu Sêmakun saking dhêdhampar | ngadêg ngungak-ungaki | yudane kang putra | tuwin kang para nata | pan samya angadêg sami | linggihanira | mulat ing senapati ||

8. sangêt marma ing yudanira kang putra | Yusup Adi bêbisik | mring Kăndhabuwana | Prabu Sêmakun bisa | putra Mêdayin siji ki | bisa ngawula | bisa mèt ulat liring ||

9. siji iki pasthi yèn dadi dandanan | wau [wa...]

--- 1: 48 ---

[...u] ingkang ajurit | Brikahar têtanya | sapa ranmu satriya | maksih jèdhèng mêtu jurit | ya ingsun aran | Radèn Hasim Katamsi ||

10. putra ing Kuparman ingkang ibu ingwang | putri ing Burudangin | iya sira sapa | ingsun Patih Brikahar | osiking tyas sun têmêni | dudu patutan | saking ing Parangakik ||

11. dudu patut trah gusti Sultan Iskandar | bocah dèn ngati-ati | sun tibani gada | kudhunga băndabaya | ginada rahadèn mantri | tangkis lêgawa | parise mubal api ||

12. surak umung rewang mungsuh mawurahan | Radèn Hasim Katamsi | alon wuwusira | hèh mungsuh dèn prayitna | sun walês aja gumingsir | ngikal rante mas | Radèn Hasim Katamsi ||

13. gêbyar-gêbyar kilate palu rante mas | mrêpêki ponang èsthi | sinabêtkên sigra | kapulêt Ki Apatya | Brikahar tiba gumuling | palana lawak | palu rante tinarik ||

14. katut kadya mina pinupus kang jala | kinontal tibèng siti | Brikahar kantaka | Patih Bunandir prapta | ki patih wus dèn talèni | sampun tinawan | binakta mundur aglis ||

15. ingkang anèng awiyat niyup saksana | lan prajuritirèki | sigra ingadhangan | Kadarwati ngatingal | sarya sru dènira angling | sun wèhi murah | angaton ingsun iki ||

16. aprang papak jamak wataking prawira | têka kudu anilib | jêr si brêkasakan | Ngumyun Adikin mulat | sapa ta aranirèki | hèh putri Arab [A...]

--- 1: 49 ---

[...rab] | sun aran Kadarwati ||

17. kang kagarwa Pangeran Jaswadiputra | putri saking Kubarsi | sumbagèng bawana | moncol ing pramudita | hèh payo Ngumyun Adikin | padha prawira | ing prang aja anilib ||

18. mung sawidak pêpitu prajuritira | Dèwi Ngumyun Adikin | Kadarwati mapan | wolu likur tan owah | Kadarwati ngatag maring | prajuritira | nêngah Dèwi Rubangsit ||

19. Dèwi Ngumyun Adikin prajuritira | Rubangsit andhingini | Dèwi Mintariyah | lan Dèwi Maemunah | prajurite Kadarwati | Dèwi Memunah | tandhing lawan Rubangsit ||

20. alancaran panah tan ana kasoran | sami awase kalih | sami rikatira | rame pêdhang-pinêdhang | dangu datan migunani | jambak-jinambak | dangu jênggit-jinênggit ||

21. Maemunah jinambak akalorogan | agêng Dèwi Rubangsit | narik lêstringira | Ni Dèwi Maemunah | sinundêp kang kalamênjing | dèn asab-asab | gronjal dadi rasêksi ||

22. lajêng ngêrik nubruk Dèwi Maemunah | kêbat Ni Kadarwati | dènnya mênthang langkap | ingkang sanjata cawang | lumêpas jajane kêni | ponang rasêksa | niba tanpa ngundhili ||

23. Kadarwati krodha ngatag wadyanira | andhinginana aglis | mungsuha prang kêmat | sigra sabalanira | sami ngudani jêmparing | akèh kang kêna | wonge Ngumyun Adikin ||

24. ting jalimprak sami awarni rasêksa | gya Dèwi Kadarwati | amatak [amata...]

--- 1: 50 ---

[...k] santika | sakala tan katingal | anyipta jêmparing gêni | sagunung anak | nibani mungsuh sami ||

25. pan tinundha ing jêmparing gora-godha | gumludhug ing wiyati | popok mawalikan | lêsus sêngara byuha | thok-thok prakêmpa ing jurit | mêsu panyipta | Ni Dèwi Kadarwati ||

26. kaprawasa kang mungsuh awarni ditya | kathah kang tibèng siti | kang aprang ing ngandhap | eram dènnya tumingal | kathah kang bangke rasêksi | lawan swaranya | gumuruh ing wiyati ||

27. tuhu putri prawirèng jagad wiryawan | Ni Dèwi Kadarwati | sumbagèng bawana | moncol ing pramudita | kaonang-onang ing bumi | widigdayèng prang | măndraguna ing jurit ||

28. nulak sêktining mungsuh palakul pana | mijil kang liris agni | lir pêdhang sinêbar | kumêpyur wêdalira | saking ing cêcupu manik | adrês wêdalnya | udan wêdhi rupagni ||

29. mênganing kang cupu marang goning mêngsah | Dèwi Ngumyun Adikin | lan sabalanira | mrêkètèk busananya | adrêse kang udan wêdhi | arupa wongwa | pan ora amatèni ||

30. nanging langkung saking anyêdhihi manah | panas pating calêkit | lumêbêt busana | bingung sami kerogan | gya Dèwi Ngumyun Adikin | amênthang langkap | limut sêngara prapti ||

31. mêdal têdhuh dhêdhêt sarwi mor maruta | nanging nora matèni | ing wêdhi sêktinya | kang panas rupa wongwa | nalêsêp pating calêkit | têngah payudan | sumawur kadi riris ||

32. taksih sami kumêtès kumêpyar [kumê...]

--- 1: 51 ---

[...pyar] abang | panase saya mandi | dènnya mor lan toya | Kadarwati tan obah | mati sajroning aurip | mangunahira | tan kasor lawan sikir ||

33. karepotan kang mêngsah sami karuna | dhuh wêdhi apa iki | panase kaliwat | rupane rupa wongwa | nalêsêp nora ngobêri | jroning busana | liwat kaku kang ati ||

34. sambat-sambat ing gusti tuwan tulaka | inggih kang udan wêdhi | wêdhi-wêdhi wongwa | bingung sami kerogan | sigra Dèwi Kadarwati | kang astagina | pinijêt kang sasisih ||

35. mêmpêng mêtu angine angin balaka | mungsuh sami ningali | ana ingkang prapta | lêmpêng ana rong asta | sumisih kang udan wêdhi | lan sami mulat | yèn ana lawang kori ||

36. dadya mêngsah sami ngungsi luputira | ngudani wêdhi gêni | gumarubyug samya | atilar gustinira | wus têlas kang manjing kori | kang astagina | sigra dènnya ngingkêmi ||

37. sami lêga wong pitung puluh punika | anêmu taman sari | kathah kang wowohan | ngundhuh pating kurangsang | tan etung pinangan sami | kêna ing gêlar | sinome Kadarwati ||

11. Sinom

11. Senapati Ngambarkustup kapikut

1. têlas koyup ngastagina | balane Ngumyun Adikin | tan ana kari satunggal | parentah Ni Kadarwati | maring pêpatih kalih | hèh Mintariyah dèn gupuh | lawan [la...]

--- 1: 52 ---

[...wan] Si Maemunah | cêkêlên Ngumyun Adikin | mingak-minguk pan iku wus tanpa manah ||

2. Maemunah saking ngarsa | Mintariyah saking wuri | ingagag-agag ing pêdhang | kèndêl mitênggêng sang putri | datan kemutan siji | sadaya kasêktènipun | pinuju pitênggêngan | gunane Ni Kadarwati | takdir lamun akarya cubluking mêngsah ||

3. dhêngglêng binglêng sanalika | yèn sampun nungkul ngabêkti | cubluke nulya dèn rucat | mantun waras kadi nguni | mila arang nandhingi | para putri para ratu | dènira sugih gêlar | prawirane Kadarwati | moncol ing rat bêgjane kang duwe krama ||

4. cinandhak kèndêl kewala | astane Ngumyun Adikin | anjêtung tan bisa obah | kêna pangaribawèki | têlas nala sirnanting | putrine wong Ngambarkustup | sigra dènira têdhak | Kusumayu Kadarwati | marang gène kang rayi gènira yuda ||

5. putri bandan winadhahan | sajroning cêcupu manik | nanging tan winor kalawan | ênggène wadyanirèki | pinarnah gèn salêmpit | kunjarane para ratu | yèn antuk bêboyongan | ing kono gone ngrawati | praptèng dharat Hasim Katamsi tumêdhak ||

6. dhêku ngarsane kang raka | putri Parênggi duk prapti | kang anjangkung yudanira | kang rayi Hasim Katamsi | bok prang ing dharat sami | mijilakên kêmatipun | Ni Joharin Insiyah | ingkang badhe anadhahi | ing prang dharat kênane Patih Brikahar ||

7. tan ana kang mêtonana [mêto...]

--- 1: 53 ---

[...nana] | mangkana Ni Kadarwati | sinapa marang kang raka | Joharin Insiyah angling | hèh sira nini prapti | kaya pa prangira ngluhur | Kadarwati tur sêmbah | kangbok mêngsah wus kalindhih | sampun apês wong Ngambarkustup putrinya ||

8. mêngko paran karsanira | ariningsun Kadarwati | Patih Brikahar wus kêna | lawan arimu ing jurit | umatur Kadarwati | kangbok inggih pênêdipun | suwawi ingêndhanan | mêngsah sampun sangêt ajrih | dimèn tutug angupaya budidaya ||

9. atelad ibu paduka | kangjêng ibu Parangakik | tangkêbe rêmên utama | iya silih wong alaki | sawatêke ngêblêgi | tan gothang lan kakungipun | amung kacèk kewala | kang raka jatmikèng budi | ingkang rayi ladake nora naracak ||

10. Dèwi Joharin Insiyah | ngandika marang kang rayi | yèn mêngkono karsanira | arimu Hasim Katamsi | ngur mundura tumuli | matura ing paman prabu | kulup sira mundura | matura ing paman aji | yèn karsane Kadarwati kangbokira ||

11. mungsuh iki ingandhêgan | tur sêmbah Hasim Katamsi | mring kang raka kalih pisan | mundur praptane wotsari | matur pitungkasnèki | mring paman Prabu Sêmakun | nulya têtêg saksana | angundurakên kang baris | mungsuh rewang barise samya bubaran ||

12. amung Sang Prabu Karsinah | lan Pangeran Kaelani | kang sami ngantosi garwa | anggêgêr barise maksih | têlas sagung kang baris [ba...]

--- 1: 54 ---

[...ris] | mungsuh manjing kithanipun | surup tanggal ping rolas | padhanging wulan gumanti | angandika Dèwi Joharin Insiyah ||

13. sapa duwe baris ika | anggabag maksih ngêntèni | Kadarwati lakinira | trêsna ing sira kapati | tan bisa pisah kêdhik | bêgja sinihan ing kakung | Kadarwati tumingal | kilène baris Kelani | maksih gabag kang tunggul kulur bèt abyal ||

14. têgêse kulur bèt abyal | bul-umbul gadhung malathi | tunggule Natèng Karsinah | mèsêm matur Kadarwati | kangbok gih dèn antèni | punika jêng kakang prabu | ngling Joharin Insiyah | dudu yayi baris iki | iya amung kari wadyanira Kelan ||

15. baris Karsinah wus bubar | matur Dèwi Kadarwati | suwawi kangbok gêthokan | sintên kang purun nyênyami | tunggul Karsinah nênggih | kulur bèt abyal puniku | sagung bul-umbul Kelan | samya kulur bèt asparin | măngsa inggih kangbok datan kalintua ||

16. kang marwasitati abyal | sagung tunggul Parangakik | aswatwasitati kamar | tunggule Sang Rustamsaji | sintên purun nyênyami | putra sakawan puniku | mangkana kang anurat | anêgêsi basa Jawi | kang kulur bèt asparin pan pari mudha ||

17. sagung bul-umbul ing Kelan | kawan atus sami warni | kajawi bul-umbulira | balane para narpati | tunggul gadhung malathi | kulur bèt abyal puniku | kawan atus Karsinah |

--- 1: 55 ---

kajawi bala para ji | Parangakik kang marwasitati abyal ||

18. têgêse gula kalapa | pitung atus Parangakik | tunggule jêro kewala | aswatwasitati kamrim | tunggule Rustamaji | gêni roga têgêsipun | tigang atus kang samya | mung puniku kapat sami | kang amèt gon têngran busananing bala ||

19. Dèwi Joharin Insiyah | gumujêng dènnya kacêlik | nadyan silih ngantènana | kakangamu sri bupati | nganti nênitih èsthi | mangkono bae pan iku | dene ta lakunira | mulane ika ngantèni | pan garwane eman ginawa ing gajah ||

20. yêkti anèng sutra Cina | rangkêp têlu kang prayogi | sumampir ana ing pundhak | eman pantêse rêspati | Kadarwati mleroki | pawongan sami gumuyu | ya talah lakinira | dêlênge arêngkik-rêngkik | kêlar ngêmban ing sira mèh saonjotan ||

21. pan patute yayi sira | gendhonga lakinirèki | pantês kêlar rong onjotan | anyablèk Ni Kadarwati | dawêg kangbok dèn aglis | bubaran kasêlak dalu | rêmên têmên poyokan | ngong titèni kangbok iki | angandika Dèwi Joharin Insiyah ||

22. yayi pan dudu poyokan | ingkang uwis dèn lakoni | ngèstrèni ngidini iya | ingkang durung dèn lakoni | poyokan rane yayi | yèn kang uwis iku dudu | sangsaya suka-suka | gujênge parêkan cèthi | dene kongsi miyarsa kang raka-raka ||

--- 1: 56 ---

23. wau ta ingkang lumampah | ingiring cèthi prajurit | praptèng ênggène kang raka | prasami nungsung ngurmati | marang garwanirèki | Joharin Insiyah wau | binakta nitih gajah | munggèng ing palana rukmi | sigra bubar barise Prabu Karsinah ||

24. ingkang rayi ingandikan | sarênga bubaring baris | ature inggih sandika | kangmas paduka kariyin | Kusuma Kadarwati | mring raka binêkta sampun | minggah nginggil dipăngga | palana rinênggèng rukmi | apan gajah titihan dudu papêrang ||

25. lajêng barise kang kathah | samya saupacarèki | lajêng sowan mring kang paman | wong agung kalih sarimbit | Sang Prabu Parangakik | lan Rustamaji Sang Prabu | nèng pakuwone paman | Rahadèn Hasim Katamsi | Radèn Kasim Kuwari lan para nata ||

26. kagyat praptane kang putra | Karsinah lan Kaelani | garwane kinèn panggiha | lan kang bibi Dyah Rukanti | bandan rêkyana patih | sinaosakên ing ngayun | lan ature kang putra | pangeran ing Kaelani | lamun putri Ngambarkustup wus katawan ||

27. lajêng prasamya bojana | sagung kang para narpati | Prabu Sêmakun ngandika | hèh kakang rêkyana patih | paran karsanirèki | ingsun tari gothak-gathuk | mati punapi gêsang | antêpira kang sayêkti | lamun nêdya mati nulya kalampahan ||

28. sawêngi ki kalampahan | nora nganggo rina malih | yèn ki raka nêdya gêsang | milu ing agama [aga...]

--- 1: 57 ---

[...ma] mami | sarak Nabi Ibrahim | buwang têkad Ngambarkustup | sayêktine ki raka | anuli ingsun luwari | sun têmokkên sira lan atmajanira ||

29. putrinira wus katawan | Ni Dèwi Ngumyun Adikin | aprang lawan sutaningwang | Nini Putri Kadarwati | sapawongane kêni | Patih Brikahar wotsantun | amba anuwun gêsang | tumut sapati saurip | ing paduka lan anggèr-anggèr sadaya ||

30. tuwan abên lan pun kakang | sandika ing siyang latri | pêjaha ing ngarsa tuwan | tan kumêdhèp talang pati | duk miyarsa turnèki | ngandika Prabu Sêmakun | andika wuruk sadat | kakang Prabu Yusup Adi | gya winulang marang sang prabu ing Kebar ||

31. wus bisa Patih Brikahar | Raja Sêmakun nêdhaki | angluwari talinira | pan sampun kinèn alinggih | lawan Prabu Pirngadi | Ardabil tunggile lungguh | kang putra tinimbalan | Kadarwati praptèng ngarsi | putri Ngambarkustup pinanggihkên bala ||

32. sinrahkên pakuwonira | ing Radèn Hasim Katamsi | lajêng dènira bojana | sira Dèwi Kadarwati | dhahar kalawan bibi | tuwin putri Ngambarkustup | lan Joharin Insiyah | dènira bojana sami | pukul katri bubaran kang para raja ||

33. enjing anglampahkên duta | amawi sêrat tur paksi | marang nagari Kuparman | tur pratingkahing ajurit | Sang Prabu Yusup Adi | sundêpan carakanipun | lamun Rajèng Gumiwang | wus kêni dèn pitayani | barang karya mupugi ing rèh wiweka ||

34. polatan [pola...]

--- 1: 58 ---

[...tan] amawi marma | ngèmpêr-èmpêr Paduka Mir | sapratingkahe santosa | nyandipayèng mungsuh bangkit | gagah botên awigih | katur kautamanipun | kunêng duta kalihnya | ing pabarisan kawarni | jadhêl bala ing Ngambarkustup kèh prapta ||

35. maring Ki Patih Brikahar | akathah kang pra dipati | Raja Mintaha Bayidan | punika kang sampun balik | marang rêkyana patih | Brikahar sampun akumpul | wong pitung kêthi ana | apacak ing sabên ari | kyana patih wus kinanthi barang karya ||

12. Kinanthi

12. Patih Bêstak anggêgasah manahipun Raja Akbar

1. pra dipati Ngambarkustup | kalih atus kang wus balik | para mantri tigang nambang | dene kang para narpati | Bayidan Raja Mintaha | Raja Kiswanan ing Krêstin ||

2. kalawan Raja Kurwahum | nagarinipun Bugarni | sinaosakên punika | pamuruke ing agami | samya kinèn amuruka | marang Prabu Yusup Adi ||

3. dènira Prabu Sêmakun | kang para ratu ambalik | tan owah karatonira | maksih karerehan sami | maring Kya Patih Brikahar | sagunge para dipati ||

4. pinarnah bubuhan ngêpung | sawadyanira kang prapti | wuwusên malih caraka | ing marga datan kawarni | prapta nagari Kuparman | katur surat ingkang prapti ||

5. saking Sang Prabu [Pra...]

--- 1: 59 ---

[...bu] Sêmakun | kang sêrat awarni kalih | wontên sêrat sêsundêpan | saking Prabu Yusup Adi | panggunggung prayoganira | pratikêling senapati ||

6. datan wontên cacadipun | Prabu Sêmakun prayogi | sarèrèhe wus santosa | mangkana Sang Jayèngmurti | nimbali Rêtna Sudara | prapta nulya dèn uncali ||

7. yayi turêna ibumu | layang iki wingi prapti | Rêtna Sudara ngandika | payo yayi Isnaningsih | bok ayumu aturana | yayi Sirtupelaèli ||

8. yayi Kisbandi ywa kantun | marêk ing ibu Mêdayin | mêngko padha dèn rungokna | sun wacane layang iki | alah si têtakon warta | kang anèng barisan sami ||

9. samya ngiring ngilènipun | prapta gène pramèswari | sinapa lajêng tur sêmbah | pramèswari ngandika ris | ing kene padha linggiha | Marpinjun sigra manggihi ||

10. Rêtna Sudara umatur | ibu wontên surat prapti | inggih saking yayi Nata | Gumiwang atur udani | yèn sampun têmpuh ayuda | wayah ta pun Kadarwati ||

11. lawan putri Ngambarkustup | kang nama Ngumyun Adikin | prajurite pitung dasa | tur sami putrining pêri | mung wolu likur wanodya | prajurite Kadarwati ||

12. kaping kalih yudanipun | kalangkung rame kang jurit | malah bok ayune ika | Karsinah kongsi nulungi | Dèwi Joharin Insiyah | duk aprang sapisannèki ||

13. prange ping kalih kacakup [kaca...]

--- 1: 60 ---

[...kup] | kacêkêl Ngumyun Adikin | prajurite pitung dasa | kang bisa prang ing wiyati | siji tan ana kang gagal | kabèh kabănda ing jurit ||

14. kang duwe putri kapikut | dene Si Hasim Katamsi | kaliwat rame kang yuda | ing dharat miwah wiyati | tuhu pinunjul ing jagad | anak ingsun Kadarwati ||

15. juru jinêm arawat luh | pangandikanira aris | liwat saking nora nyana | putuningsun Kadarwati | prajurit sumbagèng jagat | kaonang-onang ing jurit ||

16. juru jinêm malih muwus | hèh nini wacanên malih | iku prange anakira | putuningsun Kadarwati | Sudarawrêti amaca | ing prange Ni Kadarwati ||

17. Sirtupelaèli matur | cèplês têmên Kadarwati | lawan gurune mèh padha | pramèswari ngandika ris | lah nini gurune sapa | matur Sirtupelaèli ||

18. kang maca sêrat puniku | kang amuruk Kadarwati | kaprawiraning ayuda | gumujêng sagung miyarsi | lan putuku wus prawira | iya Si Hasim Katamsi ||

19. Sudarawrêti amuwus | yayi Dèwi Burudangin | sêdhêng sira kalumpuka | iki ature si adhi | Sêmakun putri kang kêna | kang nama Ngumyun Adikin ||

20. putrine wong Ngambarkustup | ayu prawira ngajurit | yayi Sêmakun karsanya | dhinaupakên tumuli | lan kaponakane iya | si kulup Hasim Katamsi ||

21. Isnaningsih nêmbah matur | kakang bok kawula drêmi | sampeyan ingkang

--- 1: 61 ---

pêputra | pan lurahing para rabi | juru jinêm angandika | putu ngong Hasim Katamsi ||

22. sarupane putuningsun | ingkang padha durung krami | beyane katêmu ringwang | aja na sira kuwatir | sadaya pan ingsun sêdya | uwis padha sun saosi ||

23. Si Hasim Katamsi iku | dinar tigang atus nênggih | tri atus unta wowotan | dinar beyane akrami | buyutku Aris Munandar | rong atus unta pan pasthi ||

24. pan wus padha bêgjanipun | ingkang mênangi ing mami | Si Jayusman lan Si Ruslan | Hasim lan Si Rustamaji | kang nora mênangi ringwang | mung pusaka sun paringi ||

25. tan adangu pungkasipun | sakathahe kang pinikir | bubaran kondur mangetan | marak ing Sang Jayèngmurti | praptane katur sadaya | sawuwuse pramèswari ||

26. langkung tyas marwata sunu | Wong Agung Surayèng Bumi | myarsakkên ing pangandika | ingkang ibu pramèswari | kang raka wong Menak Abas | sampun kinèn anênulis ||

27. sagung pitungkas wus rampung | mring kang rayi sri bupati | Raja Sêmakun Gumiwang | kang sêrat pan sampun dadi | nulya sinungkên utusan | carakanira kang rayi ||

28. mêsat kang bêkta wêwangsul | mring pabarisanirèki | Raja Sêmakun Gumiwang | tan kocap lamining margi | ing Ngambarkustup wus prapta | dhawuh ing sêratira Mir ||

29. pinanggil kang para ratu | prapta ing ngarsanirèki | tuwin para rajaputra | kang sêrat pinaring aglis | marang wau ingkang putra [pu...]

--- 1: 62 ---

[...tra] | Sri Bupati Parangakik ||

30. kadriya ing prentahipun | lajêng bojana prasami | ngrêrangin kang kalasăngka | sênggaknya munya ngadhasih | larih midêr api adas | janèwèr api branduwin ||

31. asri sêngganining wuwus | anutug bojana sami | wit enjang sadalu samya | bubaran ing pêndhak enjing | kunêng malih winursita | Raja Akbar kang prihatin ||

32. sang prabu ing Ngambarkustup | lir wrêksa gora pinipil | pang papal putri picondhang | Kusuma Ngumyun Adikin | katalèn madyaning aprang | mungsuh Dèwi Kadarwati ||

33. lawan kang rayi kapikut | prang lawan Hasim Katamsi | Patih Brikahar katawan | ing alaga lan putra Mir | anêngguh ingkang patutan | putri adi Burudangin ||

34. Sri Bupati Ngambarkustup | ngaturi Prabu Mêdayin | agunêm sajroning pura | Patih Bêstak datan kari | lawan Ki Dhatuk Kumbara | Bêrdanis wus anèng wuri ||

35. ngling prabu ing Ngambarkustup | kaya pa iki Bêrdanis | êntèkêna budinira | mêmalês asoring jurit | apa na ing pangupaya | budi kang băndakalani ||

36. iki ta ing warta uwus | yayi mas rêkyana patih | pan wis dèn lolohi sadat | nyamuk-nyamuk dèn ingkêmi | pinêksa wus padha Islam | lawan Si Ngumyun Adikin ||

37. yèn kaduga sira uwus | apa nungkul awak mami | ngaturakên sri narendra | rama prabu ing Mêdayin | măngsa ta pinatènana | dene putrane pribadi ||

38. ya Sri

--- 1: 63 ---

Bupati Sêmakun | Patih Bêstak anauri | apan jêng rama paduka | taha yèn ajrih apatih | ajriha ngalih agama | tekad kinèn monyar-manyir ||

39. wong genjah agamanipun | apênêd nyawaning kucing | lamun ta ratu kang kaprah | kobêr kauban ing langit | lan purun salin agama | tan palaur angêmasi ||

40. mila rama sang aprabu | lamine ngupaya kanthi | ratu kang têgên punika | tan purun salin agami | kang antuk namaning raja | ngukuhi agama lami ||

41. botên amanggih dosa gung | inggih yèn sajroning pati | wong purun salin agama | gêgêdhêg sor-soring jinis | botên umur sèwu warsa | pijêr cinacad ing bumi ||

42. Raja Akbar Ngambarkustup | tyase kadi dèn kilèni | miyarsa wuwuse Bêstak | pinikir bênêre thithik | wong binalilu ingajak | salin tekad ingkang uwis ||

43. agama tinggaling buyut | têka awèh dèn salini | tuduh têmên yèn urakan | nêmu sasar yèn ing pati | mantêp tyase Raja Akbar | anglabuhi tekad lami ||

44. Dhatuk Bêrdanis pinundhut | budinira ingkang pasthi | sang nata lingsêm ing driya | yèn ngucapa kadi nguni | mungsuh trah Sultan Iskandar | punika turuning gusti ||

45. gustine wong Ngambarkustup | batine sri narapati | jêr amung siji kewala | ingkang turun Parangakik | kang akèh-akèh wong Arab | dudu trahe gusti mami ||

46. Dhatuk Bêrdanis pinikut [pi...]

--- 1: 64 ---

[...nikut] | pan sakala dèn awêri | dene wêwulange nungsang | angajak mênga tumolih | saking wagêde Ki Bêstak | cininthung amangun dhêsthi ||

47. ingkang wangi dadi arus | ingkang arus dadi wangi | Raja Akbar ngundha gada | gêgila Dhatuk Bêrdanis | yèn tan ana budinira | mati sun antêbi bindi ||

48. dadi wong bangêt alamu | canggah buyut bapa kaki | kabèh padha binêcikan | marang buyut kaki mami | dene mèh angajak sasar | galebagkên tekad mami ||

49. iya apa kang tinêmu | wong têkad mangkene iki | Patih Bêstak matur nêmbah | dèn lèrèh sri narapati | punika dèrèng pratela | tumpang-suh pamiyarsa ji ||

50. amba jinawil karuhun | dhatêng pun kakang Bêrdanis | adhi Bêstak mungsuh awrat | tan wurung kasor ing ngriki | lamun Gusti Raja Akbar | nora enggal nyênyuruhi ||

51. ratu kang prakosa luhung | sinambata tulung jurit | pasthi akathah kang dhangan | kang ngrungu para narpati | dèn jak ngukuhi agama | yêkti lila ambêk pati ||

52. jêr si Arab sêdyanipun | ngajak sasar ing agami | tekade kang wis bituwah | têka kudu dèn salini | kakang Bêrdanis punapa | nyata makatên sirèki ||

53. Dhatuk Bêrdanis amanthuk | dèn ajak goroh tan angling | marmane manthuk kewala | dinadak pawadan yukti | julige Ki Patih Bêstak | pacicile tan anolih ||

--- 1: 65 ---

13. Pangkur

13. Prabu Bariakbar minta sraya dhatêng Prabu Johanpirman ing nagari Tasmitèn

1. suka tyase Raja Akbar | linuwaran ginanjar Ki Bêrdanis | kêna sêsopakanipun | ujare Patih Bêstak | goroh dadak nora têmên samêrutu | polahe Sang Raja Akbar | nora nglirik ulat liring ||

2. ngandika Sang Raja Akbar | ngêndi bapa kang patut dèn suruhi | ratu santosa dibya nung | Dhatuk Bêrdanis mojar | maring Bêstak ing pundi prayoganipun | nauri Ki Patih Bêstak | kakang ngandika ing wingi ||

3. adhi Bêstak kang prayoga | pinèt sraya ngriki wontên narpati | ing Tasmitèn prajanipun | Sang Prabu Johanpirman | punapa gih makatên tuwan puniku | anak kula pun Baktiyar | lan Raja Bukmun ing Mrêtis ||

4. punika kang dèn utusa | kula inggih sumăngga ing narpati | Ki Dhatuk Bêrdanis manthuk | sarwi goyang kapala | bisa têmên Bêstak iku gawe laku | dhèk apa ta ingsun ngucap | ala yèn tan dèn lakoni ||

5. mangkana graitanira | pan tumungkul sira Dhatuk Bêrdanis | angling Prabu Ngambarkustup | Baktiyar caosêna | lan Si Bukmun kanthinira ingsun utus | marang Raja Johanpirman | Tasmitèn prajanirèki ||

6. sadina

--- 1: 66 ---

mêngko kewala | lumakua Bêstak kinèn nênulis | surat kêkalih tan dangu | katur langkung prayoga | pinaringkên ing caraka kalihipun | mêsat saking ing ngajêngan | asigra lampahirèki ||

7. kunêng duta minta sraya | ingkang lajêng mring Tasmitèn nagari | angaturi sêdyanipun | mring Raja Johanpirman | ratu abot sêsanggane ratu wudhu | Maha Prabu Johanpirman | kasub prawira ing jurit ||

8. ya ta malih kang winarna | kang anêlik patihe Kadarwati | Rêtna Mintariyah iku | lan Dèwi Maemunah | analika ing rêmbug gunême mungsuh | wus pratela antuk warta | wangsul umatur ing gusti ||

9. wusnya katur ing gustinya | Kadarwati lan kang raka lumaris | mring paman Prabu Sêmakun | prapta wus ingacaran | pan sarimbit ingkang putra praptanipun | dènnya manggihi kang paman | Prabu Sêmakun sarimbit ||

10. matur kalêthêking mêngsah | anyuruhi ratu prakosèng jurit | ing Tasmitèn prajanipun | Narpati Johanpirman | duk miyarsa sira Sang Prabu Sêmakun | hèh punika anak êmas | bêcik ginêcak tumuli ||

11. lah punika eyang dika | botên nganggo eling maring Hyang Widi | angur cinupêta gupuh | dening kang Maha Mulya | botên wurung anggêgawa kangjêng ibu | eyang dika sampun mulya | nèng Kuparman sampun sukci ||

12. puniku benjang kumpula | sukêr malih eyang dika mlasasih | benjing anak mas rinêbut | lan raka-raka para |

--- 1: 67 ---

tuwin kakang prabu ing Kebar puniku | ing têtarub panangkilan | miwah sagunging para ji ||

13. sawusnya nutug dhêdharan | lan kang putra wong agung kalih srimbit | bubaran makuwon sampun | ing dalu tan winarna | enjingira nênggih Sang Prabu Sêmakun | tinangkil nèng tarub rambat | aglar kang para narpati ||

14. tuwin para rajaputra | angandika mring Raja Yusup Adi | kadipundi kakang prabu | mêngsah kèndêl sawulan | pênêd pundi kèndêla lawan ginêpuk | umatur Sang Natèng Kebar | sumăngga ing paduka ji ||

15. singa tuwan karsakêna | sami dene gêcak lawan ngèndêli | datan wontên nisthanipun | paduka sampun karya | ing pangombèr ngandika Prabu Sêmakun | hèh anak prabu sadaya | enjing saosa ngajurit ||

16. wau Sang Raja Bugrêdas | pinaringkên marang Rêkyana Patih | Brikahar tinampèn sampun | sinalinan agama | angandika malih Sang Prabu Sêmakun | kabèh padha ngèstokêna | ngèstrènana kang para ji ||

17. yèn Kyana Patih Brikahar | sun dêgakên iya sri narapati | ngayomana Ngambarkustup | manawa sêlak rusak | ingsun darma sarta karsane wong agung | sun pundhut atmajanira | Si Dèwi Ngumyun Adikin ||

18. ingsun têmokkên ing benjang | lan si kulup iya Hasim Katamsi | dene karatonnya iku | ya Si Prabu Brikahar | yèn kakange duwe eling tekadipun | mangsuk agama kang mulya | maksiha dadi narpati ||

19. ing jêro dene [de...]

--- 1: 68 ---

[...ne] ing jaba | Si Brikahar ngayomi bumi-bumi | dene yèn sida andarung | têtêpe Si Brikahar | yèn noraa sun pacak tumuli iku | wong Ngambarkustup nagara | keron wèh rusaking cili ||

20. sagunging kang para nata | dèn samakta ingsun wiwiti enjing | anggêcêk ing Ngambarkustup | yèn iku ingantia | andêdawa durjanane ratu iku | sami umatur sandika | sagung kang para narpati ||

21. kondur dènnya siniwaka | samya bubar makuwon kang para ji | datan kawarna ing dalu | enjang kang para nata | atêngara gumuruh kang para ratu | samakta baris kêkirab | sagunging para prajurit ||

22. sumrêg sagunging gêgaman | pan angetan bala Mutadarawi | bala Talsiyah angidul | Prabu Aris Munandar | wus angilèn bala ing Kaos bêbantu | kadya kang giri dahana | gumuruh lèr senapati ||

23. lan para putra sadaya | tuwin sagung para prajurit èstri | wau Sang Raja Sêmakun | busananing dipăngga | winawuru ing janèwêr bêdhat mabuk | sinung palana lêlawak | sinungsun sapta linungsir ||

24. tulalene kinathokan | ing mas jingga gadhing wrêdi rinukmi | kabèh rinênggèng mas murub | saranduning dipăngga | gêbyar-gêbyar dipăngga kadi andaru | apanta pinaparaban | pun imama punang èsthi ||

25. ngandika marang kang putra | Parangakik Karsinah Kaelani | lingira Prabu Sêmakun | sakèhing ahli kêmat | dèn trapêna ing jro kitha Ngambarkustup | panggêgila [pang...]

--- 1: 69 ---

[...gêgila] supayanya | ing mungsuh supaya wingwrin ||

26. darapon padha nungkula | wus parentah lajêng bêdholkên baris | angrok gumulung kadya lun | têngara asauran | têtêg ewon gurnang kêndhange gumuruh | thongthonggrit bèri wurahan | yayah manêngkêr wiyati ||

27. prapta gêbèl bata kitha | surak atri lor kidul wetan sami | kang kilèn atri gumuruh | ing jro bala busêkan | bilulungan kubêng mubêng kang wadya gung | tanbuh-tanbuh dèn ungsia | keblat sakawan ngêbêki ||

28. dadya wau Raja Akbar | munggèng panangkilan sawadyanèki | lan ingkang rama Mêdayun | gumêtêr dharodhogan | prapta nêmbah punggawa marang sang prabu | mêngsah prapta gêpuk kitha | para ratu angawaki ||

29. kang prapta măngka pangarsa | ri paduka inggih madêg narpati | Brikahar kang balik kumpul | wau Sang Raja Akbar | animbali Dhatuk Bêrdanis wus suwung | balik mring Raja Brikahar | kesahipun wau latri ||

30. duk miyarsa Raja Akbar | langkung kêkês wau ta kang winarni | Sang Raja Drênis lan Kulub | tuwin Rajèng Suwăngsa | sira Prabu Jaswadi nèng wuri jangkung | Kalbujèr Saptiyunasar | ingkang sami dèn ajani ||

31. nganjingkên sanjata toya | gumaludhug prapta manjing kitha glis | ngombak-ombak ngalun-alun | gègèr ulêng-ulêngan | Kadarwati lan prajurit wolu likur | mijilakên pangabaran | kumêpyur nora ngunduri ||

--- 1: 70 ---

14. Durma

14. Prabu Sêmakun ngobrak-abrik prajurit Mêdayin

1. kadya wêdhi kumêpyur arupa wongwa | umèb panas nibani | sira Natèng Kebar | mulat marang Sang Nata | Sêmakun arsa ngawaki | kapraboning prang | kawot saluhur èsthi ||

2. lan gajahe winuru-wuru ing arak | janèwêr lan barduwin | ngêmprèt pun imama | mobat-mabit mangulang | pangayapè piyak sami | Sang Natèng Kebar | mangsit Prabu Pirngadi ||

3. kinèn mêngakakên sakèthèng kang wetan | sêmune sri bupati | Sêmakun Gumiwang | mungkasi ingkang rama | miwah ingkang raka kalih | katawis netya | ngatirah sêmu runtik ||

4. ingaturan uninga sakèthèng wetan | kori mênga sasisih | budhal Raja Akbar | lumayu saha bala | miwah prabu ing Mêdayin | sakèthèng prapta | jêjêl kang arsa mijil ||

5. gajah kuda amor lan kang akèh tiba | tan bisa tangi malih | wus dadi jarambah | ajur balunge rênyah | yèn prapta ing jaba sami | amèr amêncar | ing kori maksih pipit ||

6. langkung saking kasusu toya kalawan | gêni pêlak angungsir | tuwin para raja | bubuhan kilèn samya | bala Kaos lan Betarti | anggada lawang | Sang Prabu Andanbilis ||

7. Ganjanbilis Samigaji Măndalika | lan Abgan Bilahabi |

--- 1: 71 ---

kadang pitu samya | gada sakèthèng risak | pêpinggire ginadani | kang têngga bubar | dangu rêbah kang kori ||

8. mila enggal kang kilèn manjing sadaya | wadya Kaos Betarti | milane kasêsa | wau Sang Raja Akbar | lan Nusirwan sampun mijil | Urmus lan Irman | Bêstak lan pra dipati ||

9. sami karusakan wus sami pratela | ya lamun sri bupati | sigra tur uninga | ing Sang Prabu Gumiwang | yèn ingkang rama wus mijil | lan Raja Akbar | ngetan sami dèn ungsir ||

10. baris kidul sampun mingêr bujung ngetan | Sang Prabu Banuarli | saprajuritira | Sêmakun duk miyarsa | sigra pinêlak kang èsthi | prajurit samya | grêbêg kuda sakêthi ||

11. sampun kathah kang angungsir ngodhol samya | wadya Mutadarawi | anggiring kewala | tan wontên purun nyêlak | taha Sang Prabu Mêdayin | bala Kuparman | kadya angiring-iring ||

12. sagunging kang para raja rajaputra | taha prasami ajrih | wau kawistara | Rajèng Gumiwang mulat | mêlak dipangganirèki | nrêgakên bala | prajurit kang sakêthi ||

13. sami piyak balane kang para nata | Prabu Gumiwang prapti | dipăngga mêndhapan | cêlak gène kang raka | Urmus Irman lan Ki Patih | Bêstak nèng wuntat- | ira sri narapati ||

14. mênthang langkap Sri Naranata Gumiwang | agung dènnya jêmparing | kudane kang raka | Radèn Irman kang kêna | pinindho ping tiga kêni | bokonge kuda | jêmparing sami manjing ||

--- 1: 72 ---

15. bala piyak angalang ing kèri kanan | ajrih Rajèng Mêdayin | sangsaya bramatya | Raja Sêmakun mulat | wong Gumiwang pra dipati | aja na taha | rêbutên prihên kêni ||

16. nadyan kadang wong tuwa jêr dajal lanat | lupute nora mari | bandanên sun gawa | marang nagri Kuparman | prajurite ting kalithih | wau kang prapta | nusul sami nututi ||

17. Natèng Kebar Parangakik lan Karsinah | Pangeran Kaelani | Rustamaji samya | angadhangi kang paman | paman paduka dèn eling | sampun kasrakat | jêng eyang mêmpis-mêmpis ||

18. êndhanana sampun paduka amêlak | Raja Sêmakun runtik | Rustamaji apa | sira ngukuhi setan | lan anak mas Parangakik | anak Karsinah | para mirea sami ||

19. pan katuwan yèn sira nglawana aprang | putu amungsuh kaki | ingsun mănda-mănda | anak amungsuh bapa | wong ngawula nora tolih | jêr bapa salah | ing lair lan ing batin ||

20. kulup Hasim Katamsi ja doh lan ingwang | Irman kudane mati | tiba dharakalan | lumayu nuli tiba | wong Gumiwang pra dipati | ngadhangi ngarsa | cinêkêl sampun kêni ||

21. Radèn Hasim Kuwari tumut anyandhak | Radèn Irman anangis | kulup uculêna | mumpung doh pamanira | yèn parêka ingsun mati | awlas tumingal | Radèn Hasim Kuwari ||

22. inggih paman dawêg puniki turăngga | Radèn Irman anitih | nandêr marang ngarsa | pra dipati

--- 1: 73 ---

Gumiwang | kinêjepan ywa ngakoni | sirêpên padha | yèn dangu paman aji ||

23. prapta Prabu Sêmakun mêlak dipăngga | kulup Hasim Katamsi | êndi rantenira | sun agême sadhela | sun tumpêse wong Mêdayin | ajrih cukênga | Radèn Hasim Katamsi ||

24. ingaturkên palu rante mring kang paman | nguncalkên palon aglis | sigra dènnya mêlak | marang dipangganira | wong Mêdayin pra dipati | kang kari wuntat | Prabu Sêmakun aglis ||

25. ngikal palu rante Sang Prabu Gumiwang | sinabêtakên aglis | saking luhur gajah | Prabu Sêmakun kuwat | Raja Ubinah kang kêni | ajur angganya | Ubinah angêmasi ||

26. nyabêt malih Raja Krasbinandur kêna | nanging nora ngêmasi | anulya binănda | mring punggawa Gumiwang | Sang Raja Tamtam Kuwari | wantu wong tuwa | tiba sinabêt mati ||

27. kawur-kawur wong Mêdayin pra dipatya | nêdya mire nglancangi | nanging katututan | gajahe si amama | luwês rikat idhêp janmi | ingkang kacandhak | tinalale binanting ||

28. Sri Bupati Sêmakun bramatyanira | anut bêdhating èsthi | sangsaya kagagas | tyase mring para nata | ing Mêdayin pra dipati | kang padha ngajak | ngaturi nora bêcik ||

29. nguwuh-uwuh Prabu Sêmakun asora | hèh kabèh wong Mêdayin | iya rasakêna | bupati para nata | duk jêng rama nèng Ngabêsi | lawan nèng Cina | wus prasasat ngêmasi [ngê...]

--- 1: 74 ---

[...masi] ||

30. dudu sira kang padha agawe gêsang | ngulati labuh pati | anututi têbah | panas pêrih linakyan | Wong Agung Surayèng Bumi | wus praptèng praja | sira ngojok-ojoki ||

31. apa wonge apa ratune kang ala | nêmpuh bêtah jêginggis | buwang kabêcikan | lah iki tadhahana | Patih Jèdhi dèn timbali | nèng awang-awang | niyup palana prapti ||

32. angandika Prabu Sêmakun hèh bapa | palumu timah aglis | kang sawêntis gêngnya | kang panjang tigang asta | ing têngah nganggo têtali | kang cara jangkar | kinênuran ing tali ||

33. lêkasêna mêtua ing luhur ika | prihên wong ing Mêdayin | sawatên ing timah | ingsun kang anèng dharat | nêmbah Kyana Patih Jèdhi | mêsat ngawiyat | nututi wong Mêdayin ||

34. gya sinawat wong Mêdayin saking wiyat | akèh bupati kêni | kang sirah kèh pêcah | suku lumpuh prasamya | kasêrakat wong Mêdayin | kang saking dharat | tumpês ing sri bupati ||

35. Raja Akbar pangayape misih wêtah | nilar ing wong Mêdayin | sira Patih Bêstak | nèng ngarsa Sri Nusirwan | kang tinut sêbêling margi | nêmbah amiyat | wau sri narapati ||

36. ing Gumiwang prapta amêlak dipăngga | Raja Bubarwan kari | kudane kabranan | suku pinêdhang mêngsah | Prabu Sêmakun mrêpêki | dipangganira | mêndhapan angadhangi ||

37. anudingi Sêmakun uwa Bubarwan | dhaploke wong Mêdayin |

--- 1: 75 ---

puniku nak-sanak | lawan Prabu Nusirwan | cinandhak saking ing wuri | turangganira | kalumah tibèng siti ||

38. prajurite Gumiwang kang pra dipatya | kumrutug anyêkêli | mring Raja Bubarwan | nênggih sampun binănda | pra dipati kang katapis | dening rante mas | Raja Konun ngêmasi ||

39. Raja Mistam Jambukur ingkang palastra | para Ratu Mêdayin | lima kang palastra | kalih kacandhak gêsang | kathah pra dipati mati | langkung kasrakat | sagung bala Mêdayin ||

40. durung mêndha Prabu Sêmakun runtiknya | Radèn Hasim Katamsi | nandêr maring wuntat | matur marang kang raka | ing Karsinah Parangakik | kang winadulan | lan Prabu Yusup Adi ||

41. paman Prabu Sêmakun sangsaya krura | runtike anêkani | dhatêng ing pun eyang | inggih dintên punika | pasthi kolu amêjahi | dhatêng kang rama | pamucunging ajurit ||

15. Pocung

15. Prabu Nusirwan tuwin Prabu Akbar Oncat

1. têlas pitu nênggih para ratu-ratu | kang lima palastra | kêkalih kacandhak urip | pra dipati tiga likur ingkang pêjah ||

2. mantrinipun pitung dasa kadi langkung | kang pêjah datan lyan | saking pun paman pribadi | lan tinapis lan dipanggane bramantya ||

3. bêdhat wuru gajah pun imama ngamuk | lawan kang anunggang | duk miyarsa turing ari | gupuh Sultan Jayusman [Jayusma...]

--- 1: 76 ---

[...n] Samsumurijal ||

4. lingira sru lah suwawi paman Prabu | Kebar payo lawan | yayi Prabu Nurus sami | ingadhangan runtikipun kangjêng paman ||

5. dyan mangayun nandêr narendra katri wus | sakawan kalawan | pangeran ing Kaelani | gurawalan prapta kacandhak kang paman ||

6. saking ngayun matur ing Prabu Sêmakun | sang prabu ing Kebar | kang tuwa matur dhingini | dhuh sang prabu sarèhêna runtik tuwan ||

7. risakipun rama paduka pukulun | kadi dèrèng lila | raka paduka Jêng Amir | yèn kang rama amanggiha siya-siya ||

8. maklum agung sakarsa-karsane tinut | ingêmong kêwala | Wong Agung Surayèng Bumi | tuwan telad wêwatêke sawatara ||

9. pan kinêpung gajahe Prabu Sêmakun | wau duk miyarsa | ing ature Yusup Adi | lan ature kang putra-putra sadaya ||

10. gajah dangu pun imama kèndêlipun | dadya mangke têbah | lampahe Prabu Mêdayin | sira Prabu Sêmakun lèrèh ing karsa ||

11. kang wadya gung Gumiwang prajuritipun | samya ingundhangan | ing Pangeran Kaelani | tinututan sami sinandêr ing kuda ||

12. sami wangsul wong Gumiwang kang bêbujung | sagung para nata | balane wus dèn awêri | samya kèndêl wadya katututan undhang ||

13. ya ta wau Sang Nata Kebar turipun | suwawi kondura | mring Ngambarkustup nagari | jêjaraha inggih saisining pura ||

14. lampahipun bêdhah nagari pukulun | wajib jroning kitha | jro pura

--- 1: 77 ---

kang dèn cacahi | wong wadone lawan donya ing jro pura ||

15. dene mungsuh nuduh punggawa pianjur | punika ngungsira | nêlik pangungsène nênggih | duk miyarsa wangsul marang jroning pura ||

16. kang tinuduh maspadakakên kang mungsuh | bala Purwakăndha | Talsiyah lawan Betarti | panurunan punggawa aniga sowang ||

17. konduripun praptèng kitha Ngambarkustup | pan patang onjotan | wau pangungsirirèki | mangkya wangsul amakuwon sitibêntar ||

18. para ratu angêbroki wismanipun | sagung pra dipatya | dene kang manjing jro puri | ratu anyar sira Sang Raja Brikahar ||

19. pan tinuduh anacah jarahanipun | kalawan boyongan | cinacahakên jro puri | wong wadone pan kapanggih kalih lêksa ||

20. punjulipun pêpilihan kawan èwu | brana winowotan | manjing arta pèni-pèni | pan kapanggih dadya pitung lêksa unta ||

21. kang tinantun ing rèh sapratikêlipun | sang prabu ing Kebar | ature donya puniki | kang salêksa unta tuwan paringêna ||

22. warisipun ingkang tuwan karya ratu | salêksa punika | wong wadon paringna malih | sampun kongsi ical labêting kadhatyan ||

23. kunêng wau kang lumayu nèng wana gung | Nusirwan lan Akbar | dalu rêrêp nèng wanadri | Sang Aprabu Nusirwan agung têtanya ||

24. atut pungkur ya banène Si Sêmakun | apa ta balia | liwat saking mêmêdèni | Si Sêmakun laline [lali...]

--- 1: 78 ---

[...ne] kaliwat-liwat ||

25. sapa mau kang mati dening Sêmakun | Bêstak matur nêmbah | gangsal ratu kang ngêmasi | pan kêkalih wau kang kacandhak gêsang ||

26. tiga likur punggawa kang agung-agung | mantri pitung dasa | kajawi ingkang wadya lit | numpêr-numpêr pangamuke putra tuwan ||

27. marginipun putra paduka pukulun | sintên kang anyana | kaprawiraning ajurit | patang ratu prakosa măngsa nyandhanga ||

28. gajahipun ambêdhat milu angamuk | kadya ratu dibya | pratingkahipun ing jurit | gêgamane kadi kuwung gêbyar-bêgyar ||

29. dadi batur prange kaya tai asu | mêngko dadi mêngsah | kaya prange Raja Ebrit | kala bêdhahing nagara nawa rêtna ||

30. wusnya dalu arsa sare sang aprabu | ana tur uninga | ing wuri gêgaman prapti | ana matur yèn Raja Sêmakun prapta ||

31. gajahipun pangêmprète kang karungu | tur lutung kang munya | rêrungunên wong Mêdayin | pangrasane gajahe Rajèng Gumiwang ||

32. kilat mêndhung lalaban katon ing luhur | ika ngikal gada | Prabu Sêmakun nututi | pan katara gêgamane gêmbyar-gêbyar ||

33. bêdhol dalu kalawan wong Ngambarkustup | kalulun kewala | Raja Akbar bêngi-bêngi | gumarubyug lakune anunjang-nunjang ||

34. pan cinatur mung lêlakon tigang dalu | asalin nagara | nênggih nagara ing Mrêtis | Raja Bukmun punika kang darbe kutha ||

35. Sang Aprabu Akbar wus manjing ing ngriku | lan Prabu Nusirwan | sakarine [sakari...]

--- 1: 79 ---

[...ne] bala manjing | wus tinutup sakèthènge papat pisan ||

36. larènipun sadaya ingisèn banyu | panggung ing palatar | sampun jinaga ing mantri | ya ta kunêng malih ingkang kawuwusa ||

37. kang ngadhaton ing nagari Ngambarkustup | lan sapara raja | enjing duk mijil tinangkil | sira Prabu Sêmakun nèng panangkilan ||

38. aglar sagung ingkang para ratu-ratu | miwah pra dipatya | andhèr para rajasiwi | Maha Prabu Sêmakun nèng amparan mas ||

39. kiwanipun Sri Maha Prabu Sêmakun | Yusup Adi Kebar | lawan Prabu Kăndhabumi | ing Betarti Mutadarawi Talsiyah ||

40. têngênipun ingkang putra Sang Aprabu | Parangakik lawan | Prabu Karsinah nambungi | Rustamaji lawan pangeran ing Kelan ||

41. sambungipun Hasim Kuwari puniku | lan kang rayi nulya | Rahadèn Hasim Katamsi | kadi sêkar sataman mèsi sarkara ||

Lajêng nyandhak: jilid 2.

--- 1: [80] ---

Isinipun.

... Kaca

1. Kaharkusmèn tandhing lan Raja Sahsimik. ... 3
2. Patih Ngambarkustup sowan gurunipun. ... 7
3. Patih Barikahar tandhing kalihan Radèn Kodrat Samadikun. ... 13
4. Pramèswari Mêdayin takèn wartosipun ingkang putra Raja Sêmakun. ... 16
5. Wong agung wêwartos kawontênanipun paprangan dhatêng ingkang ibu pramèswari Mêdayin. ... 19
6. Dèwi Kadarwati nusul ingkang raka Pangeran Kelan dhatêng paprangan. ... 27
7. Prajurit putri ngêdali prang. ... 34
8. Dhatuk Bêrdanis suka katrangan dhatêng Prabu Bariakbar bab awrating mêngsah. ... 38
9. Nistha madya utamaning prang. ... 42
10. Dèwi Kadarwati tandhing lan Dèwi Ngumyun Adikin. ... 46
11. Senapati Ngambarkustup kapikut. ... 51
12. Patih Bêstak anggêgasah manahipun Raja Akbar. ... 58
13. Prabu Bariakbar minta sraya dhatêng Prabu Johanpirman ing nagari Tasmitèn. ... 65
14. Prabu Sêmakun ngobrak-abrik prajurit Mêdayin. ... 70
15. Prabu Nusirwan tuwin Prabu Akbar oncat. ... 75