Ki Padmasusastra, Supardi, 1961, #367 (Hlm. 01–39)

Judul
Sambungan
1. Ki Padmasusastra, Supardi, 1961, #367 (Hlm. 01–39). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
2. Ki Padmasusastra, Supardi, 1961, #367 (Hlm. 40–78). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
Citra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ki Padmosusastro

--- [2] ---

Wacan Rakyat

Serie: No. 43

SUMBER KEMAJUAN RAKYAT

Badan Penerbit Majalah & Risalah

'"Panyebar Semangat"

Nêrusake lan mujudake idham-idhamane swargi Dr. Sutomo ing taun 1933 kang nêdya nyêbar wacan kang murah nanging maedahi kanggo rakyat. Saliyane ngêtokake majalah-majalah, uga ngêtokake risalah-risalah kaya buku iki, kang kaperang dadi sawatara perangan:

a. Riwayat Para Pinunjul;

b. Riwayat Para Lêluhur;

c. Rakyat sehat nêgara kuwat;

d. Sumber Kemajuan Rakyat;

e. Lakon Wayang Purwa.

f. Carita Panglipur Wuyung.

Buku-buku mau katujokake kanggo wacane rakyat, ing bab undhaking kawruh kêmajuwane rokani lan jasmani.

Alamate:

'"PANYÊBAR SÊMANGAT"

(TOKO BUKU)

Jl. Urip Sumodiharjo 21 Surabaya Telp. S. 1113.

Wacan Rakyat kang No. 43 iki isi sêjarahe:

Ki Padmosusastro

Karangane: IMAM SUPARDI

Diêcap dening Pangêcapan:

'"Gita Karya"

Isine luwar saka tanggungane

--- [3] ---

Rêga Rp. 25,-

KI PADMOSUSASTRO

Wong mardika kang marsudi kasusastran Jawa ing Surakarta.

Sêjarahe, kawruhe, piwulange lan lêlabuhane tumrap basa lan kasusastran Jawa, kaimpun dening: IMAM SUPARDI

Cap-capan kapisan ... Mei 1961

[Grafik]

Diwêtokake dening: "PANYÊBAR SÊMANGAT" Surabaya.

--- [4] ---

[...]

--- 5 ---

I. SAPA LAN KÊPRIYE KI PADMOSUSASTRO IKU?

Sababe dene mbabar buku sêjarah lan lêlabuhane.

Akèh para sarjana lan para priyotama kang wis padha paring pambagya lan sumbangsih arupa andharan lan wawasan marang bab anane ada-ada nêdya ngêtokake buku sêjarah lan lêlabêtane Ki Padmosusastro, kang njalari buku iku kalêksanan bisa diwêtokake.

'"Kula urun puji puja pangastawa anggèn panjênêngan kêrsa andombani amrih sêgêr suburing basa Jawi, sagêda pinaringan sêmpulur klayan angsal pamarêm ing sawatawis". (R.D.S. Hadiwidjana, ing Yogya).

'"Ada-ada saking Surabaya, kula sarujuki 100%, sukur manawi sagêd ambabar pêthikan-pêthikan saking karyanipun Padmosusastran, kapilih ingkang pêlik-pêlik, kanthi ngèngêti kawontênaning pênêrbitan ing wêkdal samangke. Wasana ing pangajab mugi-mugi sagêd kabul, wêwah mawi woh asil ingkang kususipun tumuju dhatêng basa Jawi, umumipun maedahi dhatêng masyarakat". (Samoed Sastrowardojo, Jakarta).

'"Sêsêrêpan kula bab Ki Padmosusastro namung sakêdhik, inggih punika panjênênganipun ahli basa lan kasusastran, ahli kawruh petang, ahli tatacara, wilujêngan lsp., sarta tumut anggêgêsang Radya Pustaka. Kula mangayubagya anggènipun panjênêngan ngatingalakên lêlabêtanipun lêluhur kita." (Mr. G.P.H. Djojokoesoemo, Solo).

'"Kula nayogyani sarta mangayu-bagya, mugi-mugi kalêksanan. Sabab lêrês dhawuh panjênêngan, manawi botên "awak dhèwèk" ingkang tumandang, sintên malih, lêluhur Jawi ingkang sampun murud dhatêng jaman kalanggêngan sanajan lêlabêtanipun agêng, masthi kasilêp, jêr sanak kadang sarta turun-turunipun mêsthi botên badhe uluk-uluk mamèr-mamèrakên lêlabêtanipun para lêluhuripun, malah lêkas makatên punika dados sirikan agêng. Puluh-puluh dipun punapakakên, jêr sampun dados watakipun tiyang Jawi." (Darmosoegito, Yogya).

Isih ana sawatara manèh sarjana kang paring pambagya lan panjurung, nanging kanthi mêling wanti-wanti asmane supaya ora kaandharake.

Apa sababe dene sêjarahe lan lêlabuhane Ki Padmosusastro kang diandharake, kamangka ora klêbu ewoning pujangga?

--- 6 ---

'"Manawi prêlu ngluluri gêmbonging basa Jawi, punika pamanggih kula ugi kêdah anggêlarakên lêlabêtanipun para pujangga wiwit jaman Kartasura dumugi Surakarta, nanging ingkang bujangga inggil sayêktos, kadosta Pangeran Widjil, Carik Badjra, Tumênggung Tirtowiguno lan Radèn Ngabèi Josodipuro, I, - R. Tumênggung Sastronagoro, R. Ronggosutrasno tuwin R. Ng. Ronggowarsito, - K.G.M.N. IV inggih punika ingkang têtela anjunjung Basa Jawi, malah manawi pêrlu para sastrawan agêng bangsa Walandi." (R. Wiradat Poerbodirênggo, Jakarta).

Pancèn kasinggihan pamanggihe R. Wiradat mau, yèn kita nêdya nglêluri gembonging basa Jawa, aja lali mbabar sêjarah lan lêlabêtane para pujangga kang kasêbut ing ndhuwur mau.

Para sarjana liyane iya ana kang sapamanggih karo R. Wiradat, nanging tujuwan kita mbangun sêjarahe Ki Padmosusastro iki ora sarana dhasar marga saka dhuwur lan adiluhunge karyane ing jagad kasusastran, nanging mung mligi nêdya mèngêti lêlabuhane priyotama kang wis kalêksanan ngarang buku sapirang-pirang kang isine kêjaba maedahi tumrap ajuning basa lan kasusastran, uga bêcik tumrap kêmajuwaning kawruh lahir lan batin.

Saka wêtune buku-buku karangane sarta buku-buku karangane pêngarang liya kang diwêtokake, - masyarakat nampa paedah kang ora sêthithik. Ana kang arupa kawruh basa, ana kang isi wulangan lan tuladha-tuladha becik, ana kang wujud carita nêngsêmake, - dene ing bab wêtune buku-buku kasusastran lan kapujanggan karangane pêngarang liya, lêlabuhane Ki Padmosusastro iya patut dicathêt. Marga dene saka têlatène ngumpulake babon-babon karangane liyan, kang banjur dibêsut, nuli diwêtokake. Saupama karangan-karangan mau ora diwêtokake dening Ki Padmosusastro, bisa uga ana kang banjur ora kasumurupan dening wong akèh.

Diwawas saka gêdhening paedahe tumrap masyarakat, Ki Padmosusastro sêjatine luwih gêdhe lêlabuhane tinimbang sawênèhing pujangga, marga katitik saka kèhing karyane lan saka isine buku-buku kang dikarang, - nyata gêdhe pigunane tumrap rakyat. Buku-buku tilarane para pujangga lan para sastrawan liyane, adate isi pralambang lan pasêmon kang angèl panyurasane, nanging buku-buku karangane Ki Padmosusastro najan tataran kasusastrane luwih êndhèk, surasane gampang tinampa, gampang rumasuk, satêmah luwih enggal bisane majokake kawruhing rakyat.

Pancèn ing bab kasusastran, Ki Padmosusastro piyambak ngakêni yèn kurang, - mula arang bangêt ngarang nganggo têmbang, mèh sakèhing buku karangane dikarang gancaran bae. Bab kacingkrangane [kacing ...]

--- 7 ---

[... krangane] kasagêdane ngarang têmbang, kasêbutake ing "Sêrat nitikipun Ingkang Sinuwun P.B. X", dene pamardi kang dianggêp agul-agul guru paugêraning basa, layang "Wyakarana", kang kaêcap ing taun 1856.

Mungguh daftar buku-buku karangane Ki Padmosusastro sarta buku-buku karangane pangarang (pujangga) liya kang dibêcikake kasusastrane sarta nuli diwêtokake, kaya kang kaaturake ing ngisor iki. Nanging daftar iki ora jangkêp sarta ora urut, marga saka durung pêpake ênggone nglumpukake buku-buku karangan lan babarane, saka wis angèl ênggone anggolèki:

1. Rangsang Tuban, carita lêlakone Pangeran lêloro ing nêgara Tuban, ajêjuluk Pangeran Warihkusuma sarta Pangeran Adipati Anom Warsakusuma, pêthikan saka sêrat Wedhaparaya, anggitane Êmpu Manèhguna ing nêgara Lamongan. Dibabar ing taun 1912, diêcap ing pangêcapan "Budi Utama" Surakarta, kandêle 115 kaca.

2. Sêrat Pustakaraja-purwa, anyaritakake kala tanah Jawa, Sumatra lan Madura wiwit didunungi manungsa, taun Jawa sirah-siji, ing satêruse carita nganti lêlakon ing taun 309, babon asli saka swargi R. Ng. Ronggowarsito, pujangga ing kraton Surakarta, kaêsahake kasusastrane sarta kababar dening Ki Padmosusastro, diêcap ing pangêcapan H. Buning Yogya, kang cap-capan kang kaping têlu, diêcap ing taun 1912.

3. Layang Madubasa, jilid kang kapisan, isi katêrangan têgêse têmbung-têmbung diurut manut dêntaywanjana, mligi karangane Ki Padmosusastro, kaêcap ing pangêcapan "Budi Utama" ing taun 1912, kandêle 170 kaca.

4. Jilid kang kapindho, mawa katêrangan: sêrat Madubasa iki kêklumpukane piwulang-piwulang bêcik sawatara kang tinêmu ing ndalêm sêrat-sêrat kuna utawa liya-liyane kang kakira prayoga dadi piwulang tumrap marang bocah, kang isih mudha punggung, lowung manawa bisa têdhas kanggo ngêndhakake angkaraning ati kang bakal tumiba ing karusakan. Jilid kang kapindho iki kandêle mung 82 kaca, diêcap ing pangêcapan "Vorstenlanden" Solo ing taun 1918.

5. Sêrat Pathibasa, kawruh basa kang nyumurupake bedane pênganggone têmbung siji lan sijine kang tunggal têgês, karangane Ki Padmosusastro piyambak, kang cap-capan kapindho diwêtokake dening Commissie voor de Volkslectuur ing Jakarta, diêcap ing pangêcapan "Papyrus", ing taun 1916, kandêle nganti 413 kaca.

--- 8 ---

6. Sêrat Paramayoga, anyaritake lêlakone Kangjêng Nabi Adam sarta lêlakon apadene têrah-tumêrahe para Dewa kang kayangan ing tanah Hindhustan, anggitane Radèn Ngabèi Ronggowarsito, kaêsahake kasusastrane miturut wêwaton sêrat Paramasastra dening Ki Padmosusastro, kaêcap ing pangêcapan "H. Buning" Yogya ing taun 1912.

7. Paramabasa, isi kawruh bab basa, babaran 1883, ora têrang diêcap ing pangêcapan ngêndi.

8. Sêrat Erang-erang, isi dêdongengan lan carita lêlakon kang asêmu ngerang-erang wong kang karêm nyêrèt, kawêtokake dening Commissie voor de Volkslectuur, ing Jakarta, kapêthik dening J. Kats ing buku "Pêpêthikan" kanggo wacan ing pamulangan calon guru, ing taun 1922.

9. Layang Basa Jawa, diwêtokake dening Commissie voor de Volkslectuur, ing Jakarta, kanggo buku taman pustaka ing pamulangan-pamulangan, sarta saperangan dipêthik dening J. Kats ing buku "Pêpêthikan" kanggo wacan ing pamulangan calon guru, ing taun 1922.

10. Sêrat Kancil tanpa sêkar, isi dêdongengan kancil kang lucu-lucu, kanggo wacan ing taman pustaka ing taun 1911, sarta saperangan dipêthik ing buku "Pêpêthikan" dening J. Kats kanggo wacan ing pamulangan Kweekschool lan Normaalschool, ing taun 1922.

11. Sêrat Urapsari, isi pacalathon kang ngêmu silah-silahe têmbung andhap lan tatakrama unggah-ungguh, kapêthik ing "Sêrat Warna Sari" dening J. Kats ing taun 1929.

12. Durcara Arja, isi carita ngêmu wulang bêcik, saperangan kapêthik ing sêrat "Warnasari" babaran 1929.

13. Sêrat Tatacara, isi andharan bab tatacarane bangsa Jawa nalika sêmana, bab babaran, sunatan, slamêtan lan sapanunggalane. Nalika taun 1911 wis diêcap kaping pindho diwêtokake dening Commissie voor de Volkslectuur, Jakarta, nuli kapêthik ing buku "Warna Sari" kanggo wacan ing pamulangan calon guru, ing taun 1929.

14. Piwulang bêcik, isi wulangan lan pitutur cêkak-cêkak ngêmu pangajak marang panggawe bêcik, diurut manut dêntaywanjana, diwêtokake dening Commissie voor de Volkslectuur ing Jakarta, diêcap ing pangêcapan H.A. Benjamin ing Sêmarang taun 1911, kandêle 33 kaca.

15. Prabangkara, carita lêlakon roman kang nêngsêmake, kêdadeyan ing tanah Hindhu, diwêtokake dening Tan Khoen Swie ing Kêdhiri, taun 1921.

--- 9 ---

16. Kawruh klapa, ora têrang isine apa bab panandure lan pangruktine klapa, apa isi bab liya, diwêtokake dening Commissie voor de Volkslectuur ing Jakarta, nalika ing taun 1911 wis lagi wiwit diêcap. Calon kanggo buku taman pustaka ing pamulangan-pamulangan rakyat.

17. Sopanalaya, andharan bab kawruh kasampurnan karangane pujangga Ronggowarsito, kang disahake kasusastrane manut paramasastra, dening Ki Padmosusastro , dibabar ing Kêdhiri.

18. Warnabasa, andharan bab basa, warna-warnane lan unggah-ungguhe, babaran kang kawitan ing taun 1914.

19. Bêlêtri, buku têmbung bêcik kaimpun saka layang-layang kuna sarta kaurutake dêntaywanjanane, babaran "H. Buning" Yogya ing taun 1914.

20. Hariwara, petungan dina, windu, taun, sasi, wuku, sabanjure bab wataking pasaran, sangating dina, dina bêcik kanggo adêg omah, sapiturute, dikarang ing sasi Juli 1890, diwêtokake dening Tan Khoen Swie, Kêdhiri.

Kira-kira isih ana manèh sawatara buku-buku karangane piyambak kang durung kita sumurupi, sarta buku-buku karangane pujangga lan pêngarang liyane kang dibêsut disahake kasusastrane sarta dibabar dening Ki Padmosusastro.

Buku-buku karangane pujangga Mangkunêgoro IV upamane, bisane sumêbar marang masyarakat iya saka pangudine Ki Padmosusastro. Kayata buku-buku: Salokantara, Sêrat Ibêr-ibêr, Darmalaksita, Wirawiyata, Warayagnya, Sriyatna, Nayakawara, Paliatma, Paliwara, Palimarma, Salokatama, Tripama, Yogatama, Sêrat Sêkar-sêkaran, Manuhara, Wedhatama, lan liya-liyane.

Karangane R.M.T. Purbodipuro buku Srimataya, uga diwêtokake dening Ki Padmosusastro, mêngkono uga Wedhasastra karangan Ronggowarsitan.

Dadi nyata yèn Ki Padmosusastro kêjabane sawijining pangarang, uga pênêrbit kang klawan tlatèn nglumpuk-nglumpukake babon-babon karangan liya, dibêciki, nuli dibabar dadi buku.

Watake tlatèn sarta primpên nyênyimpên, bisa katitik nalikane ngarang buku "Pathibasa" ênggone ngayati ngarang ing taun 1883, bêbarêngan karo ênggone miwiti ngarang buku "Paramabasa". Nanging naskah "Pathibasa" mau ora diwêtok-wêtokake, marga "katunan budi, botên andungkap dhatêng anggèning têmbung satunggal-satunggal". Lawas bangêt ênggone bola-bali nliti naskah mau, diowahi, diwuwuhi, wusanane banjur disamantakake marang Pahêman Radya Pustaka. Ing sasi Dhesèmbêr 1909, dadi sawise naskah mau disimpên-primpên lawase 26 taun, lagi diwêtokake.

--- 10 ---

Tlatèn sarta anjlimête ênggone nêrangake têgêse têmbung-têmbung, kita-kita aturake tuladhane, nalikane têgêse têmbung "alon".

'"1. Alon, tumrape pratingkah, kayata: alon panggarape lsp. 2. Rindhik, tumrape laku, kayata rindhik lakune, nanging rindhik asu digitik, têgêse: rikatan (kalinganeya) yên nulis rindhik, lsp. 3. Kêndho, tumrape tali, kayata: kêndho taline, lsp. kêna disilih: kêndho tapihe, têgêse: gêlêman. 4. Lirih, tumraping swara, kayata: lirih clathune, olèhmu maca sing lirih bae. 5. Sarèh, tumraping ati, kayata: sarèhna napasmu, sarèhna atimu, wis disarèhake 7 dina, nanging mêksa ora bisa mbayar. 6. Tamban, kanggone tumraping gêndhing, tambanna iramane utawa thuthukane. 7. Rêmbên, kanggone tumraping dandan suwe, kayata: Gusti yèn dandos rêmbên sangêt, rong jam durung mêsthi rampung, 8. Tlendho: kanggone tumrap wong nyambutgawe suwe rampunge, kayata: Kowe iku pancèn tlendho marang pagaweyan. 9. Randhat utawa rêndhêt. Tumraping prakara. 10. Sêndhêt, kanggone tumrap marang ili, kayata: sêndhêt ilining canthing, nyaring malam, mêrêsi krambil, lsp. ("Pathibasa", kaca 46).

Kanggo nêgêsi têmbung "alon" bae nganggo nandhing-nandhing têgêse têmbung 10 liyane: rindhik, kêndho, lirih, sarèh, tamban, rêmbên, tlendho, rêndhêt lan sêndhêt.

Buku-buku karangane piyambak sarta buku-buku karangane para sarjana liya kang kasusastrane disahake manut, paramasastra nuli dibabar udakara luwih saka 50. Tumêkane taun 1923, isih akèh karangane kang durung dibabar, isih wujud naskah. Ana manèh kang wujud naskah kang durung rampung panggarape, kasêlak wis tilar donya.

'"Layang karangane Ki Padmosusastro kang durung kawêtokake isih akèh bangêt, ana kang sumimpên ing Radya Pustaka, ana kang disimpêni dhewe. Sabanjure, Ki Padmosusastro tansah ngarang, ora lèrèn, awit anggone ngarang mau manjing dadi kasênêngan". (Volksalmanak 1923).

Ana manèh kang wujud naskah kang durung rampung panggarape, kasêlak wis tilar donya.

'"Karangan tilaranipun Ki Padmosusastro mèh sadaya nuju dhatêng kabêtahaning ngakathah. Dene ingkang pinèngêtan dados tutunggulipun: I. Bausastra Jarwa-Kawi, nisihi Bausastra anggitanipun tuwan C.F. Wintêr (kaudal sarta kawêwahan saking sêrat Kawi warni-warni). II. Encyclopedie Jawi kawrêdèn Jawi, kanamakakên Bauwarna, emanipun: sawêg kaêcap satunggal jilid, aksara "Ha". Kapingkalihipun dene dèrèng angsal biyantunipun para sarjana-sujana. Encyclopedie dede yasan climèn-climenan sagêdipun samêkta dados primbon, sarta botên mangsulakên pitakenan

--- 11 ---

kêdah kaêmbat ing para sarjana warni-warni golongan. III. Ucal-ucalan Bausastra Jawi: Gericke-Roorde, kawrêdenan basa Jawi, calon dados Bausastra Jawi-Jawi, ingkang dados pangajêng-ajênging ngakathah. Emanipun dèrèng ngantos rampung, sawêg dumugi aksara "NYA", nuntên ginanjar sakit, kalajêng botên sagêd anglajêngakên". (Pusaka Jawi 1926 No. 4).

Nganti wis sêpuh, èngêtane, sêratane, panyambutgawene isih mêmpêng, isih tlatèn lan tabêri ngêngarang. Dalême ora kêndhat ditêkani wong-wong pintêr kang pêrlu nyarasèhake kasusastran Jawa. Ora sêpi kêdhayohan Walonda, Tionghoa lan Jawa kang padha ulah kasusastran.

Ing ngatase priya kang ora nate sêkolah, bisa maju nganti kalêksanan ngarang buku sa-pirang-pirang, ngêtokake buku karangane sarjana liya kang nganti akèh bangêt, - kang kabèh mau dibutuhake dening masyarakat, tur ndarbèni wêwatakan tumêmên, mantêp, srêgêp, ora gampang mupus, - kaya-kaya wis sapantêse yèn sêjarahe lan karyane disumurupi dening wong akèh.

Ki Padmosusastro pancèn dudu pujangga lan iya dudu sastrawan, mung "wong mardika kang marsudi kasusastran Jawa", nanging rèhne lêlabuhane ing bab ngêngarang buku wis cêtha, lan ênggone marsudi kasusastran mau iya wis akèh buktine saka babarane buku sapirang-pirang, mula yèn têmên-têmên nêdya ngurmati panuntuning bangsa, prayogane Ki Padmosusastro iya dikatutake.

Bab kawruhe kasusastran, adoh yèn katimbang karo pujangga R. Ng. Ronggowarsito, diakêni dhewe dening Ki Padmosusastro nalika mbêbukani "Sêrat Sopanalaya" (1912) karangane R. Ng. Ronggowarsito, kang kababar ing Kêdhiri:

'"Cêkakipun guru kula punika (R. Ng. Ronggowarsito) baud sangêt, kêpengin kula niru ikêtanipun (ukara), nanging satêngah pêjah, mêksa botên sagêd angiribi. Wusana mupus, paribasanipun wontên: "Canthing jali, dicidhukna banyu sêgara, olèhe iya mung sêthithik". Nanging inggih lowung, dene taksih sagêd nyidhuk, sanajan mung saisine canthing jali, tinimbang kalihan suwung blung."

--- 12 ---

II. SÊJARAHE WIWIT ISIH TIMUR

Asu kang bangêt trêsnane marang bêndara.

Sanajan Ki Padmosusastro sênêng bangêt ngêngarang buku, nanging ora nate ngarang sêjarah sugênge utawa yasa cathêtan bab gêsange, minangka kanggo têtingalan marang putra wayah utawa kanggo pèngêtan marang masyarakat kang tinilar.

Ing jagad kulonan wis dadi pakulinan para pêngarang utawa para gembonging bangsa padha nulis sêjarahe dhewe kang diarani autobiografi, kanggo pèngêtan marang masyarakat. Yèn ora mêngkono, iya sok tinêmu andharan ing layang-layang kabar utawa kalawarti bab wawanwicara sawijining wartawan kang nêrangake sajarahe sawijining pêngarang kang misuwur utawa gembonging bangsa.

Mula ora gampang ngimpun sêjarahe Ki Padmosusastro, marga saliyane ora nilari autobiografi utawa cathêtan-cathêtan kang gêgayutan karo sêjarah sugênge, - prabot-prabot, ubarampe, iya angèl golèk-golèkane, malah ing "Radya Pustaka" kantor kang nate dadi papan nyambutgawene, iya sêpi ing prabot kang kabutuhake kanggo ngimpun karangan.

'"Mugi sampun andadosakên panggalih, K.P. Hadiwidjojo tuwin Radya Pustaka kakirangan prabot-prabotipun minangka asung sumbangan ing karangan panjênêngan ... "(layang saka Yayasan Pahêman Radya Pustaka, No. 88/R/60 katandhan R.M.H. Muljanto).

Yèn nitik asmane kang luwih kondhang, yaiku Ki Padmosusastro, wis mêsthi kabèh ngira yèn marhum iki mung turune wong cilik bae. Najan nganggo sasêbutan Mas Ngabèi Wiropustoko utawa Mas Ngabèi Prodjopustoko iya mung dianggêp priya biyasa, dudu têdhaking kusuma rêmbêsing madu.

Nanging sapa ta satêmêne kang nurunake?

'"Ki Padmosusastro punika turunipun Panêmbahan Senapati Mataram, urutipun makatên: Panêmbahan Senopati puputra Nyai Tumênggung Mayang, têrus Tumênggung Wiroguno, Kyai Onggojudo Kentol Bongsotruno; Kyai Bongsojudo panglawe dhusun Ngaran, Ngabèi Bongsojudo, lajêng Ngabèi Sinduprodjo, panèwu gêdhong kiwa, Ngabèi Kartodirono, salin nama Ngabèi Bongsojudo inggih punika ingkang nurunakên Ki Padmosusastro" (R. Wiradat).

--- 13 ---

Ki Padmosusastro iku nalika bocahe aran Suwardi, sadhèrèke bapa-biyung mung siji, wanita, dadi: kêdhana-kêdhini. Ingkang mbakyu, kang nalika samana karan Ibu Wirorêdjo, ora kinawruhan jênêng bocahe.

Suwardi, kang ing têmbe misuwur karan Ki Padmosusastro iku lahir dhèk dina Jum'at Pon tanggal 21 Mulud taun Alip 1771, wuku prangbakat ana ing kampung Sratèn Surakarta.

Wondene tinggal donyane dhèk dina Sênèn Wage tanggal 17 Rêjêb taun Be 1856 utawa tanggal 1 Pèbruari 1926, dimakamake ing Gondolayu, Solo. Dadi tumêkaning seda, yuswa 85 taun, manut petungan Jawa.

Salah sijining putra wayahe Ki Padmosusastro kang nalikane kita ngimpun buku iki, isih sugêng, asmane R. Hardjowirogo, sawijining juru ngarang ing Bale Pustaka Jakarta sarta wis ngarang buku-buku: "Pathokan nyêkarakên", "Sri Kuning" lan isih akèh manèh.

Wartawan Gunawan S.R. sawise mitêrang marang R. Hardjowirogo mau, ngandharake sêjarahe Ki Padmosusastro:

'"Jaman sa-abad kêpungkur kaya ora anggumunake yèn kèh-kèhane bocah Jawa ora disêkolahake. Mêngkono uga Suwardi mau, ora tau ngancik plataran sêkolahan, mêngkono uga ora ngaji ana Pêsantrèn.

Nanging Suwardi wêkêl lan tabêri sinau, olèh wulangan saka wong tuwane dhewe. Kacarita Suwardi uga sênêng lêlaku. Kaya salumrahe bocah ing jaman mau, Suwardi sabanjure nuli disuwitakake Ratu. Magang, suwe-suwe bisa munggah pangkate saka sêthithik. Nalika pangkat mantri, kapatêdhan asma Kartodirono.

Saka sêtyane kawimbuhan lantiping budine, pangkate mundhak-mundhak nganti dari Panèwu, sabanjure Jaksa. Mêngkono uga wis dadi adat kalumrahan sabên ganti pangkat, mêsthi olèh paringan jênêng anyar: Wiropustoko.

Nalika dadi Panèwu ganti Prodjopustoko lan manut cathêtan kang isih ana, kacathêt dhèk tanggal 26 April 1920.

Wondene nalika dadi Jaksa asmane ganti Kartipradoto nganti kèndêl saka kalênggahane. Ing sabanjure nalika bali ing jagad partikêliran asmane: Padmosusastro, kang diagêm têrus.

Manut caritane Pak Hardjowirogo mau kèndêle saka Kajaksaan awit kêsrimpêt prakaran karo Cina mindring. Nalika iku jare utange akèh bangêt, nganti ora kaconggah mbalèkake. Dening Cina mindring mau, Jaksa Kartipradoto (yaiku Ki Padmosusastro) diladèkake lan dadi prakara. Wusanane dikèndêli saka kalênggahane".

Kêtêrangan ing ngisor iki saka sarjana kang nate têpangan karo Ki Padmosusastro, nganggo nyêbutake umur-umuran nalikane ngasta pangkat lan nalika lèrèh :

--- 14 ---

'"Kala alitipun Ki Padmosusastro punika dèrèng jaman sêkolahan, nanging umur 6 taun sampun kawulang maos lan nyêrat Jawi sarta Latin dening ramanipun. Sarêng umur 9 taun, dipun sèlèhi kalênggahaning rama, dados mantri gêdhong, nama Ngabèi Kartodirono, mawi paparab Gus Bèi. Umur 19 taun minggah pangkat dados mantri sadasa panèwu nèm jaksa, lajêng minggah pangkat malih dados panèwu gêdhong kiwa, nama Ngabèi Kartipradoto. Sarêng umur 42 taun, kapocot suwitanipun." (R. Wiradat).

Saka katêrangan liya kang katulis nalikane Ki Padmosusastro isih sugêng (1923), - (sedane ing 1 Pèbruari 1926), - mêngkene:

'"Nalika cilikane Ki Padmosusastro, ing Surakarta durung ana pamulangan. Bisane maca lan nulis mung diwulang ing wong tuwane dhewe. Sanajan kapintêrane Ki Padmosusastro ngêmungake basa Jawa, ananging tumrape dhèk jaman sêmana, wis onjo.

Ki Padmosusastro nalika lagi umur 8 taun, disèlèhi kalungguhaning bapa, aran Mas Ngabèhi Kartodirono, abdi-dalêm mantri gêdhong kiwa. Barêng umur 18 taun, kaunggahake pangkat dadi mantri sadasa (panèwu jaksa nagara) gêdhong kiwa, aran Mas Ngabèhi Bongsojudo III. Banjur munggah pangkat manèh dadi panèwu jaksa sêpuh, ngêpalani kantor Kriminil ing Surakarta, salin aran Mas Ngabèhi Kartipradoto.

Barêng wis dadi Kartipradoto, banjur kaundur saka kalungguhane jalaran digugat prakara utang." (Volksalmanak 1923).

Dene katêrangan liya manèh, kang katulis sawise tinggal donyane, minangka mèngêti lêlabuhane, mêngkene katêrangane:

'"Jaman alitanipun Mas Ngabèhi Prodjopustoko dèrèng jaman pamulangan, nanging wiwit ngumur 6 taun sampun pinardi ing sastra dhatêng bapakipun, dumugi ngumur 9 taun sagêd maos sarta nyêrat Jawi tuwin Mêlayu (Latin), jaman samantên dados pangeram-eram tuwin adamêl gawoking ngakathah. Umur 9 taun wau dipun sèlèhi kalênggahaning bapa, dados Mantri Gêdhongkiwa nama Ngabèi Kartodirono, dipun parabi Gus Bèi.

Ngumur 19 taun minggah pangkat dados Mantri-Sadasa (Panèwu-Jaksa-nèm) nama Ngabèi Bongsojudo. Salajêngipun kapêthil nyambutdamêl wontên ing kantor Kapatihan. Wasana sarêng sampun sawatawis taun minggah dados Panèwu-Jaksa Gêdhongkiwa, nama Ngabèi Kartipradoto. Watawis ngumur 42 taun kèndêl anggèning dados abdidalêm, dados tiyang mardika, nama Ki Padmosusastro." ("Pusaka Jawi" No. 4 taun 1926, kaca 167).

Kaya mêngkono katêrangan saka patang sumbêr: saka pehak kulawarga, saka priyotama kang nate têpungan, saka andharan kang

--- 15 ---

tinêmu sadurunge seda lan saka andharan sawise lagi bae seda, kang tinêmu ana sulayane, nanging yèn kita gêrba katêrangan-katêrangan mau kêlawan ringkês: Ki Padmosusastro iku turune Panêmbahan Senapati, lahir ing kampung Sratèn, Solo ing dina Jumuwah Pon, 20 Mulud, Alip, 1771 wuku Prangbakat, namane Suwardi, sedulure mung siji: wanita. Ora disêkolahake, diwulang maca nulis dening wong tuwane dhewe, umur 8 à 9 taun disèlèhi kalungguhaning bapa dadi Mantri Gêdhongkiwa nama Ngabèi Kartodirono, mêngkono sabanjure kaya kêtêrangan ing dhuwur mau nganti tumêkane lèrèh ênggone dadi jaksa marga dipêrkarakake dening Cina mindring.

Sanajan wis kelangan pangkat lan pangupajiwa saka gugatane Cina, nanging sajake Ki Padmosusastro ora sêrik lan ora nêdya malês ukum marang bangsa Cina, kacihna nalikane ngarang isine buku "Madubasa" tinêmu andharane kang malah ngalêmbana srêgêp ulêt lan gêmine bangsa Cina:

'"Kasugihaning Cina linakonan kangelan adus kringêt sadina-dina adol barang pinotangake, marani cicilan sigar sadhuwit, nganti diarani lintah dharat, lawas-lawas bisa potang dhuwit akèh, anakane iya akèh, nuli malik dadi sudagar, kulak barang pamêtuning tanêm tuwuh banjur ditandho, yèn wis mangsa pait lagi dibudhalake, tuku murah adol larang, sawênèh malih bukak toko kulak barang mênyang tanah Eropah, utawa kulak soga tingi sapanunggalane, ora lawas banjur sugih andarbala, akèh Cina Singkèk maune adol kacang gorèng sêmbari sinau cara Jawa, lawas-lawas dadi Cina pradan, wong Jawa ora bisa nglakoni sangsara dhisik mêkak hawa napsu, kurang sandhang kurang pangan, kang dibisani mung enak lan kêpenak, wusana tumiba ing papa ora bisa mêntas saka sangsaraning uripe. Cina pranakan kang dudu turune Cina sugih, ora bisa kaya lêlabuhane Cina Singkèk, iya lêstari mêlarat, ayake wis kêtularan lêlabuhane wong Jawa."

Sêbanjure panêmune tumrap dhuwit lan donyabrana, ditêrangake yèn: Wong ora bisa pisah dhuwit, nanging aja mata-dhuwitên, dhuwit iku lunyune kaya wêlut, yèn wis mrucut angèl golèk-golèkane.

'"Wong kêklumpuk dhuwit, ngiwit-iwit pangan analèni wêtêng ambrongsong cangkêm, pirang-pirang taun, bisa sirna ing dalêm sajam. Mulane diawas marang kridhaning dhuwit, uripmu aja dhêmên dhuwit, nanging sêngkuta ngupaya dhuwit, yèn bisa olèh pangupajiwamu, dienggal tanjakna kang ora ilang ing salawas-lawase, awit angganing dhuwit: pangawak tlèdhèk, anggêr wong kêpengin mêngku, ora sumurup yèn ora asih marang awake, lunga saparan-paran dadi rêbutaning wong akèh, awake kowang-kowang kari anggana."

--- 16 ---

Lèrèhe Mas Ngabèi Kartipradoto saka dadi abdidalêm, banjur nganggur, mung dadi "tiyang mardika" nanging malah banjur njalari bêciking sêjarahe sabanjure, amarga banjur ngêtog tênaga lan pikiran ênggone marsudi kasusastran Jawa, - satêmah bisa ngarang buku-buku pirang-pirang puluh lan ngêtokake babon-babon karangane para pujangga kang kabèh mau kajaba njalari bêciking panguripane lan misuwuring namane, uga maedahi tumrap bêbrayan lan ajuning basa lan kabudayan.

Putrane swargi Padmosusastro kabèh mung loro, yaiku: R.T. Mangundipuro kang nalika samana dadi Bupati Anom, nunggak sêmi karo ingkang rama, dene R.T. Mangundipuro iki baud bangêt ngarang. Sijine: R.Ng. Djojokartiko. R.T. Mangundipuro putrane siji, yaiku Dr. Suwarso kang nate ngasta ana Sêmarang.

R.Ng. Djojokartiko putrane kabèh têlu, yaiku:

1. Dr. Hendronoto.

2. R.Ng. Hardjowirogo lan

3. Ny. Dr. Pêrmadi, ing Sêmarang.

Pak Hardjowirogo iku ya ingkang rama Drs. Marbangun, pemimpin Lembaga Pers dan Pendapat Umum kang saiki ditugasake ana P.B.B. Sdl. Drs. Marbangun iku iya sawijining penulis kang pêng-pêngan. Dene putrane Dr. Hêndronoto iya ana kang mrojol sêlaning garu ing babagan kawartawanan, yaiku swargi Winarno, sawijining wartawan kang pêng-pêngan ing jaman "Tempo" (Yogya-Surabaya 1938), "Suara Umum" (Surabaya 1940) "Berita Umum" (Bandhung 1942) "Asia Raya" (Jakarta 1945).

Pênggalihane Ki Padmo itu klêbu kêras, yèn ngêndikan sora, sanajan ta tindak-tanduk solah-bawane alus.

Ing sawijining dina, ingkang wayah piyambak, yaiku Hardjowirogo, padu karo wong aran Krijodongso marga rêbutan banyu kanggo ngoncori sawah. Olèhe padu rada rame nganti kapirêng Ki Padmosusastro, kang banjur duka marani sing padha padu karo ngunèk-unèkake kanthi swara sora: "Ora gênah, bocah kok dilawan. Kowe ya ngono, bocah kok kaya ngono, banyu bae diênggo rêbutan," Nalika sêmana, yuswane wis sêpuh, ewadene ora ajrih misah wong kêrêngan, marga kêrase pênggalihe pancèn sêmbada, tèru ramane Ki Bongsojudo kang dhug-dhèng, bandhol sênêng ulah kanuragan. Ora mung kêras lan braok, nanging uga kêndêl lan tatag, katitik ing nalikane pindhah dalêm saka kampung Krêtèn mênyang Kadipolo, sacêdhake gêdhong museum, kang wis kondhang ing panggonan kono tinêmu ana lêlêmbut

--- 17 ---

sing mbaurêksa, - nanging Ki Padmosusastro kanthi kapêrcayan dhiri pribadi kapenak bae ênggone dêdalêm ing kono. Apa kang maune disêbut lêlêmbut utawa gêndruwo, wusanane sirna, ora ana gangguan apa-apa.

Yèn arêp nitih andhong, kang mangka kusire ngrêgani ragade dhisik, nuli anyang-anyangan, adate Ki Padmo banjur nêsu, ngunèk-unèkake kanthi sora, dianggêp si kusir kaya-kaya ora pêrcaya marang bangsane dhewe. Nanging kang mêngkono mau pancèn sêmbada, marga yèn maringi ongkos, mêsthi luwih akèh saka liyane, mêsthi bral-brol.

Hobby-ne utawa karêmênane, saliyane ngêngarang, sênêng saba kêbon, niti priksa têtanduran gêdhang lan nanas kanthi nyangking bêndho wêton Matesih. Kêbonane pancèn jêmbar lan sênêng marang têtanduran. Dene klangênane ingon-ingon: asu loro, sing siji ulêse irêng dijênêngi Sêmut Irêng, sijine ulêse putih dijênêngi Trim. Kacarita, nalikane Ki Padmosusastro lêlana mênyang nêgara Walonda (mangkate 14 Sèptèmbêr 1890 kondure 3 Nopèmbêr 1891), asu loro mau ndhèrèkake bêndarane mênyang stasiun Balapan. Sajrone bêndarane ora ana ing ndalêm mau, asu loro mau katone susah bangêt, malah sing siji sing aran Trim, sabên wayah sêpur têka thuwit-thuwit, mêsthi banjur lumayu mênyang stasiun, mapag rawuhe bêndarane. Kaya mêngkono nganti sawatara sasi, wusanane êmbuh saka apa, apa saka kangêne marang bêndarane, apa pancèn kataman pênyakit, asu kang sêtya ing bêndara mau banjur edan.

--- 18 ---

III. JAKA LARA NGANTI KAKÈN-KAKÈN NINÈN-NINÈN

Bojo kang wis 50 taun sumorot kaya kêncana binabar.

Beda karo kalumrahan kang tinêmu ing kalangan kaum priya ing nalika sêmana, luwih-luwih kang tumindak ing Surakarta lan tanah Kajawèn liyane, Ki Padmo ênggone jêjodhowan ora nindakake poligami, ora wayuh. Ênggone jêjodhowan mung sêpisan nalikane jakalara tumêkane wis sêpuh. Ing bab iki Ki Padmo piyambak wis nyaritakake mêngkene:

'"Anggonku bêbojowan karo Nyai Boging jaka prawan, nganti kakèn-kakèn ninèn-ninèn, mung patutan loro lanang-wadon, putu lima, buyut nêmbêlas kang padha isih urip bae (1842) saprene wis luwih 50 taun, tata-caraning Walanda wis kawin mas, barêng Nyai Boging ngumur 75 taun, tinggal donya, koncatan maniking katrêsnan, layon pinaripurna pinêtak ana ing Kêbonlayu yasane Ki Padmosusastro, durung sèwune, malah lagi satus dina, kubure Nyai Boging wis dicungkup sarta dikijing watu Mataram, iku dadi pratandhaning kasêtyane yèn bakal ora pisah nunggal sacungkup karo Nyai Boging malah kijingku wis sêdhiya ana ing kono tunggal watu Mataram.

Anak putune Nyai Boging, sabobote wong cilik tur kabur-kanginan tiba saênggon-ênggon, iya kawilang mulya, padha kêlar pinayungan sarta padha rabi putri tuwin tinunggu jiwaning kawibawan, ora mung putu-putune lanang bae, dalah putune wedok dhasar mung sitok, mumpuni ing saniskara laki olèh dhoktêr Jawa bisa satata linggih jajar lan panggêdhening Nagara ingaji-aji marang Asistèn Residhèn dening alusing têmbunging Walonda, nelakake unusaning wadon mêngku kasujanan. Buyut-buyute wis padha mlêbu pamulangan Walonda, ngêmungna aku dhewe kang nandhang papa-cintraka sarta wis ora lawas ana ing donya bakal musul marang Kêbon-layu ênggon kalanggêngan kang tanpa pêpindhan dununge Nyai Boging, saiki isih nyuwun sarèh maring Pangeran, lagi nutugake nganggit layang "Madubasa" iki."

'"Kulanuwun, kula nyuwun pangapuntên kaping sèwu, anggèn kula nyariyosakên lalampahan kula sawatawis, pêrlunipun namung dadosa pangèngêt-èngêtipun anak putu buyut, canggah warèng kula piyambak yèn ing Kêbonlayu mijèni jiwaning kawibawan."

'"Bojo iku paringing Allah kanggo sajêge urip, mangka pêgatan, banjur padha omah-omah manèh, adate akèh sing ora lêstari, saka ora kêbênêran, iya banjur pêgatan manèh, sarta banjur omah-omah [omah- ...]

--- 19 ---

[... omah] manèh, mangkono sabanjure, wusana dadi dhudha randha wis ora payu dole, mulane bêcik ora pêgatan bae, utawa pêgatan, ora omah-omah manèh, utawa omah-omah manèh balèn karo bojone lawas."

'"Bojo jaka-lara kang wis 25 taun lawase, gumêbyar kaya salaka binêsut, wong Walonda ngarani: kawin perak, yèn wis 50 taun sumorot kaya kancana binabar, wong Walonda ngarani: kawin mas, dene yèn wis 75 taun, (mungguhing wong Jawa arang ana) prabane mawêluk kaya lintang karahinan, wong Walonda ngarani: kawin intên."

Dicaritakake yèn garwane Ki Padmosusastro: Nyai Boging, ora disêbutake jênênge kang asli, malah ditêrangake asale mung wong cilik, tur saka kabur kanginan tiba saênggon-ênggon. Bab iki nelakake yèn Ki Padmo sawijining priya kang bangêt ênggone ngêsor-êsorake dhiri, beda karo kalumrahan, dumèh wis antuk kalungguhan bêcik, malah ngaku-aku têdhaking kusuma rêmbêsing madu, ora nduwe sêsêbutan ngaku-aku isih darahing kaum luhur.

Ing bab wayuh lan maru, dikandhakake: "Ora ana wong mamaron bêcik, mung kandhaning layang bae: ana, nyatane êmbuh, êndi maru kinasih iya digêthingi ing maru liya-liyane, sing akèh catur-cinatur, ambêcikake awake dhewe, angalakake marune, malah sok angwêtokake têmbung saru, dadi wong dimaru iku ora kêpenak, gêlême amarga kawisesa. Istiyare wadon iku kinêmaru. aja laki sababaging umure, bêcik laki tuwa babasane, dadi awèt ditrisnani. Yèn cara Prasman: Jaka umur 24 taun, olèh prawan umur 24/2 taun tambah 7 taun: 19 taun."

Ing bab sênênge bangsane nindakake wayuh, utawa nênèru adate bangsa liya, Ki Padmo ninggali pangerang-erang:

'"Agama Muchamad kêna wayuh nganti papat kêjaba wong (batur) tukon, nanging yèn Nata (Sultan) ing Turki: ora batur tukon, diarani: harêm, wong wadon ayu-ayu atusan dikandhangake kaya bèbèk ana ing suyasa pelag, batur tukon mau kêna dijamah sakarêp-karêpe, yèn mêtu cêmpene kêna didol."

'"Wong Jawa maune agamane Buda, wong bêbojowan nganggo prasêtya, sapa sing mati dhisik, sing kari milu bela pati, ana sing lêbu tumangan, ana sing suduk jiwa lan liya-liyane, saiki salin agama Muchamad, bokmanawa melik kêna wayuh papat, sejene prêmbe, lan ora bela mati yèn bojone kêna ambah-ambah. Sok mangkonowa wong Jawa iku pintêr, bisa nandhing milih agama, aja sumêlang ora-orane malik majar manèh salin agama Kristên, dhêmên kawisesa ing wadon." (Madubasa)

--- 20 ---

Katrêsnane Ki Padmosusastro marang garwane kacihna saka pêpenginane yèn seda (sedane 1 Pèbruari 1926) supaya disarèkake ing sacêdhake makame Nyai Boging, garwane, ing Kêbonlayu. Sedane garwane prasasat koncatan maniking katrêsnan.

Yèn kita ngliling gambare Ki Padmosusastro, najan gambar nalikane panjênêngane wis sêpuh, - nanging kita bisa mêsthèkake yèn sawijining priya kang bagus rupane, eman dene kita ora nate sumurup gambare Nyai Boging kang banget ditrêsnani dening kakunge iku. Mung kita bisa ngira-ira, yèn wanita saka kalangan biasa kang ditrêsnani bangêt dening Ki Padmo iki sawijining wanita kang sulistya ing rupa, nitik putrane lanang kang akèh pathèke yèn bagus rupane, dene bisa omah-omah antuk putri putrane bangsa ndara. Kapindhone manèh, dene wayahe wadon bisa omah-omah antuk dhoktêr, langka yèn ta wayahe iki ora endah ing rupa. Wêwaton kang katêlu kang kêna diênggo gêgaran ngarani yèn Nyai Boging iku wanita ayu, dene Ki Padmosusastro piyambak sênêng marang rêrupan ayu.

'"Wong ayu iku diarani kêkasihing Allah, pinuji ing akèh.

a. Wong ayu iku yèn ora ngadi busana, kaya êmas sinangling kêlêm, ora ngagètake ati, nanging yèn sinawang suwe-suwe thukul sorote nyurêmake prabaning kêsuma kêmbanging pasamuwan, padha uga karo wong mênêng, ngalahake wong kumruwuk ing pajagongan.

b. Wong ayu nunggang kreta linggih ana bak ngarêp, iku kaya rêmbulan kuwalik, utawa katon gêgêre. Dene yèn linggih ing kusiran utawa ngêlisi kareta, sumorot kaya têluh braja arêp ngalap jiwa. Prayogane mung linggih ing bak buri tinêngênake ing lakine, cat katon cat ora, kaya angganing candra wila sita, (rêmbulan umpêtan)."

Ngupaya bojo iku manut wêwaton saka layang "Warayagnya" ana patang prakara, dene yèn saka layang "Puspita Mancawarna" ana limang prakara, yaiku catur-upaya: 1. warna (rupa ayu), 2. brana (kasugihan), 3. wibawa (kapriyayèn), lan 4. pambêkan bêcik. Kang diarani panca-upaya iku: 1. bêcik atine, 2. anaking priyayi, 3. dudu turuning wong owah utawa nduwèni lêlara gêdhe, 4. sugih lan 5. ayu. Nanging manut Mangkunagoro IV ing wêwaton catur upaya: warna, pamilihe kang dhisik dhewe, dene panca-upaya: warna, pamilihe kari dhewe, mangkono sabanjure wuwuh siji dadi limang prakara, iku mung gumantung ana karêpe kang gêlêm nglakoni piwulang mau.

--- 21 ---

Dene pamikire Ki Padmosusastro, - mangkono katêrangane ing "Pathibasa" bab ênggone nêgêsi têgêse têmbung "bojo", panêmune bab pamilihe bojo mau, kêna riningkês dadi tri-upaya: warna, sugih, singgih. Utawa kêna diringkês manèh dadi dwi-upaya: warna, pintêr.

Nitik wêwaton kang dirungkêbi iki, akèh pêthèke yèn Nyai Boging apêse ndarbèni sipat loro, yaiku: warna (ayu) lan pintêr.

Pangalêmbanane marang garwane, mung dikandhakake "unusaning wadon mêngku kasujanan", dene ing bab kasêtyane rabi, katrêsnane bojo, apadene kapintêrane anak putu, Ki Padmo malah asung piwêling: "aja ngandhakake sêtya tuhu lan katrêsnaning bojo, tuwin kapintêran kasusilaning anak putu, iku prakaramu dhewe, pakolèhe mung gawe ewaning wong kang kok kandhani, dening kandhamu ngêmu rasa ngasorake marang wong kang kok kandhani, ngunggulake marang awakmu dhewe. Yèn nyata mêngkono, iku dadi kuwajibaning liyan, prasasat kok pêksa ngandhakake lêlakonmu saka pakone olèhe mênêng, muwuhi aruming gandamu ngambar mrana-mrana."

Dene paugêraning priya lan wanodya manut pamanggihe:

a. Kukuhing budi dumunung ing priya, asrining solah-bawa dumunung ing wanodya.

b. Priya mêngku sarta ngêrèhake karsa, wanodya kang susila nglilihake driya.

c. Priya nyênêngake wanodya, winalês wanodya asih ing priya, iku têtêp rahayune wong asêsomahan.

Nanging, apa iya ta Ki Padmosusastro ora nate wayuh utawa ngingah sêlir? Sajake, sêpisan iya nate, nanging banjur kapok.

'"Bojo siji ora êntèk. Bojo loro kurang, bojo têlu: saya kurang. Kang ora narima siji padha siji iku mung nuruti hardaning ati, nanging apa ana wong kêtutugan karêpe, sanajan panjênêngan ratu garwane pangrêmbe wis luwih sêwidak, raosing pênggalih iya isih kurang, apa ora mêngkono? Sing nganggit wis tau ngalami, mulane bisa kandha." Mêngkono andharane Padmosusastro ing bukune "Piwulang Bêcik".

Sok ngonowa, iya nate anggarwa luwih saka siji, nanging ora nganti lêstari lawas, banjur narima siji padha siji karo garwane jaka-lara Nyai Boging, nganti tumêkane seda.

--- 22 ---

IV. SAWISE LÈRÈH DADI JAKSA.

Ninggalake Solo sarta lêlayaran mênyang nêgara Walonda.

Sawise lèrèh saka ênggone dadi abdidalêm, ora banjur nglokro pêpês atine, nanging miwiti mêmpêng anggone ngundhakake kawruhe bab basa lan kasusastran.

'"Pancèn wis wiwit timur mula, Suwardi katon duwe dhasar nênulis lan ulah kasusastran. Dhêdhasar mau tuwuh ngrêmbaka nalika Suwardi dadi abdidalêm. Mula sawise lèrèh saka pagawean, banjur mugên saya nêngênake ulah sastra." (Gunawan S.R.).

Tumrape wong Solo jaman sêmana, lêlungan mêtu saka nagara utawa ngalih mênyang kutha liya sanjabane praja Kajawan, arang bangêt kang nindakake, rumangsa abot ninggalake swasana kang ayêm têntrêm ngrêsêpake kang dadi rasa pangrasa kang rumêsêp tumrap sakèhing kawula dhèk jaman sêmana. Nanging Ki Padmo wis wani ninggalake Solo, banjur ngalih mênyang Jakarta kang dhèk sêmana karan Bêtawi.

'"Nalika sêmana banjur lunga saka Surakarta, sarta wiwit sêmana banjur salin jênêng Ki Padmosusastro, sarta lunga mênyang Bêtawi suwita marang tuwan D.F. van der Pant, guru basa Jawa Gymnasium Koning Willem III afdeeling B, ing Meester-Cornelis, kadadèkake juru-tulis sarta kawulang bab bênêring panulising basa Jawa. Ora lawas banjur pintêr."

'"Wiwit nalika sêmana Ki Padmosusastro ngudi bangêt marang Kasusastran Jawa, mulane layang karangane akèh kang nganggo unèn-unèn "Ki Padmosusastro, wong mardika kang marsudi Kasusastran Jawa".

'"Kapintêrane Ki Padmosusastro ing basa Jawa saya katon, dhèk sêmana akèh para tuwan-tuwan kang sinau basa Jawa, tuwan-tuwan mau kang akèh para maha-siswa pamulangan Gymnasium Koning Willem III. Nalika iku Ki Padmosusastro wiwit nganggit layang, jênênge "Durcara Arja" kaêcap ing nêgara Walonda".

'"Barêng tuwan D.F. van der Pant mulih mênyang nagara Walonda, Ki Padmosusastro mulih mênyang Surakarta sadhela, banjur bali mênyang Bêtawi manèh, dadi guru partikêlir basa Jawa." (Volksalmanak taun 1923).

Nanging katêrangan ing dhuwur kang nelakake yèn ngalihe mênyang Bêtawi pêrlu suwita lan kawulang bab bênêring panulising basa Jawa, - gèsèh karo katêrangan saka pehak liya.

--- 23 ---

'"Sarêng umur 42 taun, kapocot pasuwitanipun, ing têmbenipun lajêng dipun kanthi tuwan D.F van der Pant guru gymnasium ing Batawi, kapurih nuntuni tètèhipun pakêcapan Jawi dhatêng para murid." (R. Wiradat).

Katêrangan "nuntun tètèhing basa Jawa" iki padha karo kang tinêmu saka sumbêr liyane manèh:

'"Samantên Ki Padmosusastro dipun kanthi tuwan van der Pant, guru ing Pamulangan Gymnasium ing Batawi, kapurih nununtun tètèhing pakêcapan Jawi, sasaminipun ing bab Basa Jawi. Wiwit samantên Ki Padmo alihan gigriya ing Batawi, sarta lajêng sagêd sasrawungan kalihan para sarjana bangsa Eropah. Awit saking punika katatangi manahipun marsudi Basa Jawi. Brêkating tabêri sarta talatos ing pangudinipun, kasêmbadan ing sêdya lajêng sumêrêp dhatêng alang-ujuring Basa Jawi." ("Pusaka Jawi, No. 4, 1926).

Bisa tinampa ing nalar, yèn ngalihe Ki Padmo mênyang Jakarta iku ora mligi sêdya sinau, nanging uga mêmulang. Ora mligi golèk pangupajiwa sarana mêmulang para murid, nanging uga mêmpêng ngundhakake kawruhe kang durung dipahami. Ki Padmosusastro dhewe ngakoni: "Kawruh Jawa marang bangsa Walonda sarta anggone dadi kondhange para pujangga ing Nedhêrlan, kang padha marsudi marang basa Jawa, nganti dadi kuwalik wong Jawa diwulang basa Jawa marang wong Walonda, kang nganggit layang iki diwulang kasusastran Jawa marang tuwan D.F van der Pant, guru pamulangan raja ing Batawi nalika taun 1883." (Madubasa).

Ênggone dêdunung ing Bêtawi mau ora sêpisanan bae. Kang kapindhone, nalikane dikanthi tuwan De Nooy, malah diajak mênyang nêgara Walonda. Têrange mêngkene: Sawise ana ing Bêtawi 5 taun, Ki Padmosusastro banjur bali mênyang Surakarta manèh, dadi rêdhaktur layang kabar "Bromartani".

Anggone dadi rêdhaktur 3 taun, banjur ndhèrèk tuwan Inspèktur De Nooy mênyang nêgara Walonda. Ana ing nagara Walonda ngêtokake layang "Woordenlijst têmbung Pasisir" apadene layang "Urap Sari". Ki Padmosusastro ana ing nagara Walonda mung sêtaun, banjur mulih mênyang tanah Jawa, jalaran lara.

Ki Padmosusastro ana ing Surakarta ora lawas banjur katimbalan tuwan A.H.J.G. Waalbeehm, kontrolir pamong-praja kang kapiji dadi guru basa Jawa ana ing Gymnasium Koning Willem III afdeeling B., kadadèkake pêgawai. Dhèwèke saya maju pangudine marang Kasusastran Jawa, akèh karangane dhewe kang diwêtokake,

--- 24 ---

apadene ngêtokake layang-layang karangane liyan, uga akèh kang diwêtokake dening tuwan A.H.J.G. Waalbeehm. Barêng tuwan A.H.J.G. Waalbeehm bali dadi amtenar pamong-praja manèh, Ki Padmosusastro banjur mulih mênyang Surakarta, dadi rêdhaktur layang kabar "Jawi Kandho".

'"Wiwit titimangsa punika, Ki Padmosusastro lajêng malêbêt dhatêng pabarataning jurnalis, dados jurungarangipun sêrat kabar Jawi Kandho, kala samantên katingal rame jagading sêrat kabar, inggih ngêdalakên sêrat warni-warni, anggitanipun piyambak, sawênèh anggitanipun sarjana-sujana ingkang inganggêp dados dwijawaranipun." ("Pusaka Jawi" No. 4, 1926).

Ana ing nêgara Walanda ora lawas, udakara mung sêtaun marga ora tahan mangsa adhêm, nganti kêcandhak lêlara watuk.

'"Iya awit saka kaluwihane Padmosusastro mau, panjênêngane akèh têpungane para luhur sarta para winasis, kalêbu uga para winasis bangsa Landa. Sawijining Inspèktur aran De Nooy, bangêt kêpranan lan kêpengin "nguras" kawruhe Padmosusastro, kang dianggêp mrojol sêlaning garu, Padmosusastro diajak mênyang nêgara Landa, lan rèhne bangsa Walonda wis luwih akèh pêngalaman ing bab metodhê pêngajaran mula pangurase kawruh saka Padmosusastro di-êpêng. Kawruhe "dithèthèli" katata diêcap didadèkake paugêran wulangan ana pamulangan luhur Kasusastran ing nêgara Walonda. Sapira gêdhene bêbathène Walonda bisa "mboyong" Padmosusastro sêtaun mau, mung Landa-landa dhewe kang ngêrti." (Gunawan S.R.).

Pêngalamane salawase ana ing nêgara Walanda mau nate ditulis nanging durung nate diwêtokake dadi buku. Pêngalamane bab panganan kang nate diandharake:

'"Kang diarani rasa enak iku condhonging rasane dhewe, nanging ora langgêng, isih kêna owah gingsir, tandhane: dhèk Ki Padmosusastro isih bocah tumêka tuwa ana ing Surakarta, ora doyan mêrtega tuwin kèju, apadene puhan, rumangsaning atine ambune amis, yèn mangan panganan kang nganggo woworan mêrtega: arêp mutah, ananging tibane ora ajêg mangkono, nalika Ki Padmosusastro mênyang Nedêrlan, andhèrèk tindake tuwan Inspèktur De Nooy, cadhonge pangan sabên esuk roti sapotong diusar-usari mêrtega sarta diwuwuri sisiran kèju, wedang kopi sacangkir nganggo puhan, sarèhning tumênga sêpa tumungkul sêpi, ora ana kang pinangan liyane, wong adol sêga lada-pindhang, sêga gudhêg: ora ana, roti mau dadi ditrajang, maune pamangane sarana ngampêt ambêgan sadhela, supaya gandaning mêrtega ora kongas amis, wusana suwe-suwening dina, mari mambu amis

--- 25 ---

malah dadi gurih, gurung mingkup dadi mêlar. Liding kandha: ora ana barang langgêng, sanadyan kaluhuran, kawibawan tuwin kasugihan, iya suda lumungsur, mung kasuciyan kang langgêng nganti tumêka ing pati, gandane kongas nganti tutug ing suwarga."

Sanajan kêrêp srawung karo Walonda sarta akèh mitrane bangsa Walonda, - nanging tumrap watak wantuning bangsa Walonda kang umum, - Ki Padmo ora wêgah nglahirake wawasane kang wajar.

'"Kasugihaning Walonda angêmpakake budi daya, lambaran kapintêran sarta rukun anganakake dhuwit pawitan saka urunane wong akèh, (kompanyon), kang dadi lesane: wong Jawa, pinêrês kringête nganti apuh: ora inguwisan, sanadyan awake wis anggagang aking, iya ora winêlasan, dening wong Walonda sumurup marang watake wong Jawa: narima ing pandum, mung kinêpyuran pangan sajimpit, rumangsane wis akèh, pinangan sagrêbyagan wis warêg, sesuk olèh manèh. Dadi olèhe ora duwe piwêlas: bênêr, padha uga karo manungsa olèhe ora amêlasi marang kêbo sapine, dimagawèkakes abên byar yèn lêleda sêthithik wae pinupuh wani, mung anggêre mêngko dipakani warêg: wis cukup, awit ora duwe laran atèn. Mangkono uga wong Jawa, sanadyan cinara kêbo sapi iya ora lara atine, wani-wanine nyatur: Walonda kêras, ora mêsakake marang wong Jawa." (Madubasa).

--- 26 ---

V. SWASANA JAMAN PRAJA KAJAWÈN

Panyaruwe lan pasêmon tumrap para ratu lan kaum ningrat.

Nalika sugênge nganti yuswa 85 taun, Ki Padmosusastro ngalami jumênênge Nata papat ing Surakarta. Nalikane Ki Padmo isih bocah cilik aran Suwardi, kang jumênêng nata ing Surakarta Paku Buwono kang VII (jumênênge 14 Juni 1820, seda 10 Mèi 1858), nalika sêmana kang madêg pujangga R.T. Sastronagoro, nuli digêntèni R. Ng. Ronggowarsito. Nalika pahargyan jumênêngan Paku Buwono kang kaping VIII ing 17 Mèi 1858, Ki Padmo wis diwasa, wis umur 17 taun.

Sampeyandalêm Paku Buwono VIII iki ênggone jumênêng nata mung 4 taun seda, nuli digêntèni Paku Buwana IX kang misuwur asma Sinuwun Prabuwidjojo, jumênênge nalika 30 Dhesèmbêr 1861, seda ing 17 Marêt 1893, nalika sêmana sasêdane pujangga Ronggowarsito, ing kraton Solo banjur ora ana pujangga manèh.

Sampeyandalêm Paku Buwono kaping X, kang gumanti anggêntèni Paku Buwono IX, nalika timure asma R.M.G. Sajidin Malikul Kusno, miyose dhèk Kêmis Lêgi 21 Rêjêb taun Alip 1795 utawa 29 Nopèmbêr 1866, barêng wis yuswa 3 taun kajumênêngake Adipati Anom Amangku Nagara Sudibya Radjaputra Narendra Mataram. Dene jumênênge nata ing sasi12 Puwasa taun Je 1822 utawa 20 Marêt 1893 wuku Madhangkungan, windu Sêngara, jêjuluke kang jangkêp: Sampeyandalêm ingkang minulya saha ingkang wicakssana Kanjêng Susuhunan Paku Buwono senapati ing ngalaga Ngabdurachman Sajidin panatagama kalifatullah kang kaping X, sedane ing tanggal 1 Muharram taun Je 1870, wuku Julungpujut, windu Adi utawa ing tanggal 20 Fèbruari 1939, nalika sêmana Ki Padmo wis 13 taun olèhe tinggal donya.

Sajrone ngalami patang jaman jumênênge nata ing Surakarta mau, Ki Padmo mênangi owah-owahan sarta kêmajuwan rupa-rupa, kang saperangan gêdhe dicathet kanthi taliti, minangka pangèngêt-èngêt utawa kanggo bahan-bahan ênggone ngêngarang.

Kêdadeyan-kêdadeyan kang gagayutan karo kraton bae, kang dimudhi sawise Ki Padmo wis umur kurang luwih 15 taun:

21 Agustus 1856 adêge srambi masjid agung, kang upacarane dijênêngi dening para putra santana, Mangkunagaran, Pêpatih dalêm lan para rerehan.

--- 27 ---

7 Nopèmbêr 1856 masang mustakane masjid agung, brumbunge digawe saka mas bobot 192 ringgit, ndhuwure panunggul saka gêlas.

24 Marêt 1860 têkane wêlingan kreta saka nêgara Walonda pêngaji Rp. 30.000,- kanamakake Kyai Garudha Kêncana.

7 Oktobêr 1860 nyalini watu maesan pasareyane ingkang garwa P.B. VIII kang sumare ing Laweyan.

19 Mèi 1869 mulyakake panggung Sangga Buwana kang bênthèt marga lindhu.

17 Marêt 1878 gamêlan Sêkatèn kang cilik wiwit kaunèkake ana ing pagongan platarane Masjid Agung kang sisih lor, dene gamêlan Sêkatèn gêdhe panggah ana ing pagongan kidul. Diunèkake gênti gêntèn wiwit dina Sêlasa tanggal 6 Mulud 1807.

25 Juni 1880 adêge saka (cagak) wêsi ing paningrat saubênge pêndhapa kraton.

Sajroning taun 1881 yasa wêwangunan kanggo papan supite Pangeran Adipati Anom, kaparingan nama Maderêngga.

20 Marêt 1882 yasa wêwangunan sawetane pandhapa Sasana Sewaka, ora lawas manèh yasa pasanggrahan ing Langênharja, ing Parangjara sarta dhawuh yasa dandang kagêm bêthak sabên taun, kanamakake Kyai Tambur.

Nalika jamane nata P.B. kang kaping X, cathêtan-cathêtan mung kacirèn tanggal taun Jawa bae:

2 Jumadilawal, Jimakir 1828: têkane kreta Garudha Kêncana kang didandani sarta diêcèt anyar saka nêgara Walonda.

10 Sura, Be 1832: wiwit nyoba urube damar listrik ana ing Madusuka.

7 Mulud, Wawu 1833: para prajurit kadhawuhan sowan kabèh, pêrlu kaparingan tandha makutha, kang apangkat Kolonèl Komandhan mawa rêrênggan intên dhasar mas, letnan kolonèl nganti mayor dhasar mas tanpa intên, pangkat ritmistêr lan kaptên tandha silih asih, opsir dhasare salaka, ondêr opsir sapangisor mung saka mamas.

22 Jumadilawal 1835: wiwit nalêsi bata baluwarti kraton, wiwit sawetan pagêlaran Sasana Sumewa ngetan nuli menggok ngidul sawetan Tamtaman, Carangan, sarta kang kulon salore Ngabeyan mangulon menggok ngidul sawetan Hadiwijayan.

27 Sawal Be 1840: rampunge panggarape sêkolahan Kasatriyan, sawetane lawang Brajanala, yaiku pamulangan kanggo para putra lan para darah kraton. Pambukake dijênêngi dening Sampeyandalêm piyambak, sarta Rêsidhèn, nalika sêmana, yaiku G.F. van Wijk, Kangjêng Gusti Pangeran M.N., pêpatih dalêm Sosrodiningrat lan para putra santana.

--- 28 ---

18 Mulud, Jimakir 1842: kantor Kapilihan disalini aran kantor Marduyaksa, kantor Kanitèn diganti kantor Kridhahardana, gêdhong kang dumunung sakidul Parasêdya dijênêngi Panti Winangun, gêdhong kêmasan: Wuryareka, gêdhong gêrji: Mardiwastra, gêdhong koki: Rêksa sunggata, masjid Suranatan panêpèn kaparingan nama Pudyasana, masjid ing njaba: Paramasana, lawang talangpatèn: Rêksadwara.

20 Dulkangidah, Alip 1851: pêmbangunan pêndhapa Andrawina.

2 Sapar Wawu, 1857: pambukakane pamulangan Pamardi Putri dumunung ing sakidul Ngabeyan.

23 Ruwah, Wawu 1857: anane owah-owahan jênênge kantor-kantor. Kantor Kabinèt diganti: Sitaradya, kantor komtabilitèt (keuangan) disalini: Panti-wardaya, kantor parimatan: Mondrasana, kantor tutumbas (pembelian): Bale-karta, kantor pêngasilan: Kridha-budaya, kantor paprentahan: Bale-krêtarta, kantor kang ngêtokake blanja: Panti wilasa.

7 Mulud, Dal 1831: rampunge nyalini wêwangunane gapura Masjid Agung, kang maune mawa payon omah limasan, disalini tanpa payon, mung wujud tembok kaplêngkung mawa rêrênggan gagrag Arab.

14 Jumadilakir, Je 1828: adêge masjid Ngèksipurn ing Pêngging.

21 Ruwah, Alip 1842: ngêtrapake mustakane Mêsjid Agung wêwangunane kasalinan tanpa mas, nanging mung wujud watu putih, wêlingan saka mancanêgara.

4 Rabingulakir, Jimawal, 1845: rampunge adêge sêkolahan Mambaul Ngulum sakidule mêsjid gêdhe.

23 Rêjêb, Jimawal, 1845: adêge pakumpulan para santana dalêm: Narpa Wandawa.

Sawise iki, banjur cathêtan-cathêtan arang-arang lan tinêmu mawa tanggal taun Masèhi kang ora pêpak:

7 Juni 1899 adêge kantor Radya Pustaka, kang ing têmbe Ki Padmo kaangkat nyambutgawe ing kantor kasêbut.

Taun 1910 adêge omah miskin ing Wangkung.

Taun 1911 adêge Raad Nêgara kang aran Sidikara.

1 Januari 1912 adêge mesium ing Sriwêdari.

Cathêtan-cathêtan kadadeyan sawise taun 1912 ora tinêmu manèh, mbokmanawa Ki Padmo wis ora pati opèn marang anane kêdadeyan-kêdadeyan sakiwa têngêne.

--- 29 ---

Ing jaman sêmana, yaiku mèh surute P.B. VIII nganti tumêkane jaman mèh surute P.B. X swasanane masyarakat ing tanah praja Kajawèn, isih bangêt ênggone nglêluri adat tatacara kuna sarta kandêl-kumandêl kasêtyane marang ratu lan para luhur. Aja manèh ing nalika samana, najan ing jaman sawise iku, jaman isih jumênênge Sri Sunan P.B. X (30 Marêt 1893 nganti 20 Fèbruari 1939) para kawula ing Surakarta isih padha suyud lan mbangun turut marang ratu dalah para luhur.

'"Sanajan pêngasilan mung sêthithik, nanging ati rumangsa ayêm lan têntrêm, marga saka sawabe Saman Dalêm," - mêngkono kapêrcayaane rakyat nalika sêmana.

Panyaruwe, apadene rasa-pangrasa kurang sênêng marang ratu sarta rerehane, arang kang kêprungu, arang kang wani nglahirake. Nanging Ki Padmosusastro sok-sok wis wani nglahirake panyaruwe utawa sindhiran tumrap kawicaksanane ratune lan tumrap watak wantune para luhur kang kurang bêcik.

Wis mêsthi bae wujude panyaruwe mau ora klawan têrus têrang sarta ora landhêp, - mung samar-samar utawa mung wujud pralambang bae.

Nalika ngrungu ratune sok golèk pamrih, Ki Padmo nyêrat ing bukune:

'"Ora ana wong sêpi pamrih, sanadyan panjênêngan ratu ora sêpi pamrih, mung ngaraha kang kalal, nyingkirana kang karam, iku wis nêtêpi kamanungsane sarta wis ingaran bêcik."

Tumrap wong luhur kang ambêg santa, nanging wus kagungan pangawasa, dipralambangi mêngkene:

'"Prabawane wong gêdhe kang ambêg santa dhasar arang ngandika, kaya dene anggane macan ompong bêdhil kopong, sanadyan wis kinawruhan sêpi ing angkara, iya kineringan sarta ingajenan sapadha-padhaning wong gêdhe, luwih manèh panganggêpe wong cilik, padha wêdi asih ing panjênêngane. Lah apa gawene wong gêdhe dhêmên angkara sarta anggêp-anggêpan, wong wis diwêdèni, apa isih kurang? Apa ana luwihe saka: wêdi, kajaba mung: wani."

'"Wong dhêmên diajèni, kudu adhêdhasar dhêmên angajèni marang sapadha-padhaning tumitah, - mangkono fahame Ki Padmo, - Sanadyan wong gêdhe yèn ora dhêmên ngajèni marang wong cilik, iya dicatur ala. Manèhe ora ana wong urip kang ora dhêmên dialêm, nanging wong golèk alêm dadi wong kuthung, uripe ana sangisoring wong: sanadyan ratu. Alêm kang ora kêprungu ing wong kang dialêm, gandane arum angambar tutug ing suwarga."

--- 30 ---

Dadi nyatane, panjênêngane ora wigah-wigih nglahirake panacad lan panyaruwe, sanajan marang ratu, yèn ta manoni kêdadeyan kang ora patut. Nitik jamane, Ki Padmosusastro klêbu ewonne pêngarang kang wani ngritik, kêndêl sarta wani tanggung jawab. Ewasêmono, yèn ana para luhur utawa wong gêdhe kang patut dialêmbana, iya ora wêgah nglahirake panarima lan pangalêmbanane:

'"Lêlabuhan bêcik iku suwargi R.M.H. Djojodiningrat, bupati kaparak kiwa, iku ora tau nyatur alaning wong, luwih manèh angrasani alaning Nagara, wis ora pisan-pisan, yèn ana wong nyatur alaning wong utawa ngrasani alaning Nagara, disêlani pangandika: "Bêcik seje gunêm kuwi bae: jagomu si genjong kae apa wis waras awake ...?" Kang nganggit layang iki wêruh dhewe." (Madubasa).

Luwih-luwih tumrap lêlabuhan bêcik kang tumrap marang panjênêngane piyambak, dielingi bangêt, ora dilalèkake, malah dicathêt ing bukune:

'"Olèhku suwita ndara mênggung: Wiwit kuncung nganti gêlung durung tau dilarakake atiku, yèn duka tibane wasita. Mulane sanadyan anowa kurange pêparinging bandara, aku ora nêdya anandhingake golèk pamêtu akèh ngalih pasuwitan, mangka ora, paringe sandhang-pangan cukup, sarta ora duwe nyipta maro-tingal. Liding dongèng: wong ora tau nglarakake atining wong, ditrêsnani marang sapapadhaning tumitah."

Yèn panyaruwe iku kinira bisa njalari sêriking wong gêdhe kang disaruwe, banjur dipralambangi dhapur piwulang:

'"Wit-witan gêdhe gawe kuru utawa patining wit-witan cilik sacêdhake. Manungsa apa iya mêngkono? Coba matura marang wong gêdhe kang ngasta panguwasa nagara, kêpriye panganggêpe marang wong cilik ing desa."

Suwalike yèn nyindhir, ora kurang-kurang nylêkite lan pêdhêse, tumrap sapa bae kang anggigit lombok.

'"Wêdon iku jarene wong ngibadah mati kêsasar, mulane nganggo rukuh putih, mêdèni têmênan, idune ampuh yèn ngidoni wong: lonyoh, tujune arang katon sarta lagi kandhaning wong bae, nyatane kang kasat mata dhewe durung karuwan, ananging sanadyan nyataa, satêmêne isih ampuh idune wong warasan kang kêcêlak ing ratu utawa parentah gêdhe, idune ala bisa murungake uwong, mulane aja wani-wani, dene idune bêcik mung diidokake marang anak putu lan sanak sadulure dhewe."

--- 31 ---

Kaya mêngkono pêdhêse kritik tumrap panggêdhe utawa darah ratu kang tumindak ora adil.

'"Jago iku tanpa prakara tarung, nganti bocok durung gêlêm kalah salah siji, têrkadhang kang padha gêdhe atine: pur, nganti ora bisa ngrêjêt. Wong Jawa watêke kaya jago, dhêmên rêbutan, ora sumurup yèn kang rinêbut mau duwèke dhewe, saking gogote nganti dipisah ing liyan, iku lagi gêlêm rukun, si pamisah olèh opahan, turunne: kêrêngan padha turunne, iya dadi pisahan manèh, si pamisah iya olèh opahan mênèh, mangkono ing sabanjure, nganti êntèk-êntèkan, suprandene ora mari-mari, isih mêngkono bae, iya si watak jago mau, tansah akêkablak kluruk ana ing omahe dhewe. Apa durung sumurub yèn suwiwine wis brindhil? Takonana dhewe."

Sapa utawa golongan apa kang disindhir iku? Ora liya: ya sêjarahe para ratu ing tanah Jawa, kang ora lèrèn-lèrèn ênggone rêbutan panguwasa karo kulawargane dhewe sarana mintasraya bangsa liya, satêmah nêgarane kapêcah-pêcah, wusanane kajajah.

--- 32 ---

VI. JURU BASA CAREL FREDERIK WINTER SR

Ki Padmosusastro nate sinau basa Jawa marang juru basa Walonda.

Nalika Ki Padmosusastro umur 18 taun, ing Solo ana kêdadeyan kang ora gampang dilalèkake tumrap kang padha marsudi basa Jawa, yaiku ing tanggal 14 Januari 1859 ana wong Walonda ahli basa Jawa: C.F. Wintêr, tinggal donya.

Carel Frederik Winter Sr. iki, akèh buku-buku karangane bab basa Jawa. Kang diênggo gêgaran wong-wong kang ngusi basa lan kasusastran Jawa. Nalika cilikane Ki Padmo, wis ana buku karangan C.F. Wintêr kang dianggêp bêcik bangêt dadi têtuladan ikêtaning ukara lan unggah-ungguhing basa, yaiku buku "Saridin" kang rêsmine aran "Javaansche Zamenspraken I" diwêtokake dening Roorda ing taun 1848.

Wondene sêjarahe C.F. Winter Sr. iki klawan rêringkêsan pêrlu ngaturake dhisik riwayate bapake aran J.W. Winter, iki uga sawijining juru basa ing Surakarta, kalahiran ing tanah Jawa, anggone dadi juru basa wiwit ing taun 1806–1818.

Layang garapane kayata: "Anggêr Agêng" lan "Nawala Pradata". Nitik èdining karangane, kang nyaritakake kahananing kraton Surakarta ing taun 1824 kalayan cêkak, têtela yèn J.W. Winter mau nggatèkake bangêt marang tata-caraning uripe wong Jawa.

Dhêdhasaring kabisane J.W. Winter marang basa sarta karêmênane marang tindak paniti-priksa mau tumurun marang anak, aran Carel Frederik, kang laire ana ing Ngayogyakarta nalika taun 1799, patutan karo nyonyah Chr.L. Karnatz. Dening bapake, sinyo Carel diwulang basa Jawi lan basa Mlayu sarta katon luwih sênêng tinimbang karo sinau kawruh sêkolahan lumrah, kang kawulangake ing guru liya. Ing sakawit kang dadi gurune wong Walonda, banjur ganti wong Jerman, ananging saka guru loro mau wohe amung lumrah bae. Ing taun 1818 Carel katêtêpake dadi ajung juru basa minangka kanthining wong tuwane. Barêng ing taun candhake Winter (bapake) kêna prakara sarta kudu ninggal nagara Surakarta, apa pagaweyane banjur dadi bubuhane anake C.F. Winter. Ing taun 1825 Winter Anom mau têtêp dadi juru basa lan ing taun 1834 kajibah mulang basa Jawa kang adhakan kêsrambah, ana ing "Instituut voor de Javaansche taal".

Saking akèhe pasrawungane karo wong-wong Jawa warna-warna, C.F. Winter nganti kêna sinêbut mumpuni marang basa Jawa,

--- 33 ---

satêmah nuli ganti diguroni dening wong-wong Jawa dhewe ing bab lêlêkitan utawa silak-siluking basa dalah panganggoning paribasan. Ing salawas-lawase C.F. Winter tansah lêga atine awèh kêtêrangan marang kang têtakon. Sing padha dadi muride ora mung calon juru basa ing Instituut sing kasêbut ing dhuwur wae. Kanggo kapêrluwaning pangawulane marang Zending utawa Gupêrmèn, akèh wae wong kang padha nggêguru basa Jawa marang C.F. Winter, malah tanpa mawa kajalukan pituwas apa-apa. Muride kang dadi misuwur dhewe iya iku Cohen Stuart kang mêrtal layang Bratayuda jarwa mawa têmbang marang têmbung Walonda.

Ana ing "Tijdschrift voor Nederlandsch Indië" kêrêp bangêt tuwan C.F. Winter ngêmot karangan bab tatanan lan tata-carane wong-wong Jawa, nanging tuwan C.F. Winter mau anggone mêncarake kawruhe basa Jawa ora mung sarana mêmulang ngalumrahake anggitane bae, yaiku tansah anênulis karo tuwan Roorda, maha guru bab basa Wetanan ing Amstêrdham. Tuwan Roorda iku wiwitane ngêrti basa Jawa marga saking piwulanging tuwan Gericke, ananging banjur dadi panganjuring para marsudi basa Jawa ana ing nagara Walonda. Dene kang kanggo gêgaran marsudi iku bakune iya katêrangan-katêrangan saka C.F. Winter.

Sasuwaking Instituut ing Surakarta nalika taun 1843, C.F. Winter kabubuhan pagaweyan ngrakit bausastra Jawa kang pêpak, kabantu tuwan J.A. Wilkens kang nalika taun 1833 wiwit dadi calon ana ing Instituut Surakarta. Saka panjaluke tuwan C.F. Winter dhewe, J.A. Wilkens mau ing sadurunge ana dhawuh saka ndhuwur wis mitulungi gawe bausastra, C.F. Winter kang ngumpulake prabot-prabote, Wilkens kang nata lan ngrakit. Anggone nêgêsi têmbung-têmbung kawi dipitulungi R.Ng. Ronggowarsito, dene kêtêrangan-kêtêrangan bab têmbung Sangsêkrêta asal saka Van den Ham.

Sadurunge iku, tuwan Winter sarta Wilkens mau wis nate ngêmot contone bausatra kang kagarap mau ana ing kalawarti. "Bausastra Kawi" gaweyane C.F. Winter asal saka katêrangan-katêrangane R.Ng. Ronggowarsito, ing pamburine (taun 1880) kawêtokake dening Van der Tuuk, dadi gêgaran kang migunani bangêt kanggo nêgêsi layang-layang Jawa mawa têmbang, mula kawêtokake manèh dening Berg. Nalika ajale C.F. Winter ing taun 1859 bausastrane wis mèh rampung, ananging banjur dibangun manèh babarpisan dening Wilkens. Barêng wis lêt suwe bangêt, bausastra bangunan mau dicupliki manèh kang prêlu-prêlu, kanggo jangkêpi bausastra babaran anyar gaweyane Gericke karo Roorda. Dadi tuwan mau iya akèh urun-urunane marang bausastra kasêbut.

--- 34 ---

Wiwit taun 1843 C.F. Winter katon saya mrêlokake marang wêtuning layang-layang Jawa dêlês, nggancarake layang-layang kang mawa têmbung pêrlu kanggo pasinaon maca, njawakake utawa ngarang-ngarang dhewe. Layang-layang mau akèh kang banjur kawêtokake ing wong liya, kang akèh dhewe kawêtokake dening Roorda.

Layang-layang kang kawêtokake dening Winter kayata: layang Rama (Yasadipuran); Anglingdarma; Bratayuda, Rama, Arjuna Sasrabau, Aji Saka lan Damar Wulan gancaran; layang-layang dongèng lan crita anèh, prêtalan saka basa Walonda lan Inggris; layang crita Sèwu Siji Bêngi; layang Ramayana prêtalan saka basa Inggris, kang babone basa Sangsakêrta. Kanggo gêgaran mulang ana ing pamulangan Jawa, Winter karo Wilkens wis nate ngarang layang parama-sastra Jawa. Kajaba iku Winter uga mitulungi Cohen Stuart anggone ngêtokake almênak Jawa. Ing taun 1847 Winter nampa dhawuh njawakake saperangane anggêr-anggêr tumrap tanah Indhia, ora watara suwe panggarape wis rampung.

Dadi Winter iku murakabi bangêt ingakèh, iya marang basa Jawa, sarta uga marang kawruh. Nganti tumêkaning ajal ing tanggal 14 Januwari 1859 ana ing kutha Surakarta, kang prasasat didunungi sasuwene ana ing donya iku, Winter durung mantra-mantra kêmba marang pagaweyane, isih akèh bangêt pagaweyane. Marang lêlabuhane kang luwih akèh mau, dening Pamarintah Walonda kaangkat "Ridder in de orde van den Nederlanschen Leeuw."

Ana layang siji pêrlu bangêt kasêbut, iya iku layang "Javaansche Zamenspraken". Kang jilid I isi pangucapan warna-warna, lan ing taun 1848 wis kawêtokake dening Roorda, malah pamburine isih kaêcap manèh nganti rambah-rambah. Layang mau isine kêjaba prakara warna-warna unggah-ungguhing basa kang dianggo, iya mêpaki, basa kêdhaton, dumununge basa kampungan pisan padha kêsrambah kabèh. Panêmuning akèh mungguhing layang kang katêlah aran "Saridin" mau, kabèh wae padha ngarani, manawa karangane C.F. Winter mau bênêr-bênêr dadi polatane basa Jawa ing Surakarta, sarta nganti têkan saiki lêstari kêna kanggo paugêran ing bab dêlêsing basa. Tumraping wong Eropa kang padha marsudi basa Jawa, layang "Saridin" mau dadi gêgaran pasinaon kang kawitan.

Ing taun 1858 layang "Zamenspraken" karangane C.F. Winter kang jilid II kawêtokake dening S. Kyzer, dene isine: saloka, paribasan, wangsalan sarta prakara liya-liyane manèh. Layang iku katêlahe aran layang "Saloka Paribasan" sarta kêna kaaranan kasingkur, mbokmanawa jalaran rada kangelan kanggo pasinaon, sarta pangucapan kang kamot ing kono mau kêrêp nglantur bangêt. Kaya apa gêtune

--- 35 ---

para mitra katingal C.F. Winter mau, kêna kapirid saka têmbunge Cohen Stuart, kang kamot ing layang pêpelinge nalika ajaling tilas gurune mau.

'"Kajawi tuwan Winter punika wêkêl sanget dhatêng padamêlan, bêbudènipun ngrêsêpakên; taklimipun prasaja, dhasaripun nrimahan; mila pantês dipun ajèni. Anggènipun nglampahi wajibing tiyang gêgriya brayat anak-putu kathah tanpa kuciwa, gêsangipun ayêm têntrêm, botên rêmên pados sêsrawungan kaliyan tiyang sanès, ananging sintêna kemawon ingkang dhatêng mêsthi katampi kêlayan sumèhing ulat lan dhanganing manah. Tuwan Winter awis sangêt kêtingal wontên ing pasamuwanipun para luhur, ananging dipun ajèni, dipun sihi lan dipun pitados sangêt dening para rêsidhèn, ingkang sami gilir-gumantos wontên ing Surakarta lan mêsthi kemawon kathah srawunganipun kaliyan tuwan Winter lantaran padamêlan. Dalasan karaton Jawi inggih ngajèni lan asih sangêt dhatêng tuwan Winter, ngantos dados pêpenginan. Upami tuwan Winter puruna kados tiyang kinasih sanès-sanèsipun, mêsthi sagêd sugih, ananging manahipun tuwan Wintêr têtêp utami."

Juru ngarang Bale Pustaka nalikane mbabar layang "Saloka lan Paribasan" tinggalake marhum C.F. Winter, nglahirake:

'"Tumraping para maos kang bangsa Jawa layang loro pisan, Saridin lan Saloka-Paribasan, padha dene ngrêsêpake, malah layang Saloka-Paribasan iku mbokmanawa luwih disênêngi, awit ngêmu kawruh bab basa Jawa warna-warna, kang saiki bisa uga wis kêtalip, saupama ora dipèngêti dening tuwan Winter, nalika têlung prapat jaman kêpungkur, awêwaton kawruhe para ahli basa kang pinracaya ing wêktu samana. Mula layang Saloka-Paribasan iku saiki (1928) kaêcap manèh, pêrlune supaya kawruh kang ana ing sajroning layang iku bisoa warata marang basa Jawa kaya biyèn. Mulyakake kawruh bab basa Jawa kêklumpukane tuwan Winter, kang olèhe sarana marsudi sasuwene urip iku, uga atêgês mulyakake marang tuwan C.F. Winter dhewe ing samêsthine."

Ki Padmosusastro dhewe, nalikane wis wiwit sênêng ngêngarang, kêrêp bangêt migunakake buku-buku karangane C.F. Winter Sr. mau kanggo tuntunan lan lêlimbangan. Buku Paramasastra Jawa diênggo wêwaton dening Ki Padmosusastro nalikane mbêcikake babon "Pustaka Raja" karangane pujangga Ronggowarsito. Ora mung tumrap marang C.F. Winter Sr. bae gêlêm ngakoni kêahliane, najan marang wong Manca liyane, kang pancèn klêbu ahli, iya diakoni, malah diguroni pisan.

--- 36 ---

VII. KAPÊRCAYANE MARANG PANGERAN

'"Sarupaning pandamêle Allah iku ngandhut kawicaksanan".

Ora ana siji bae buku karangane Ki Padmosusastro kang mligi isi wulangan agama utawa ngèlmu kasunyatan, ora tinêmu buku anggitane babagan wulang agama kaya bangsane wirid, wêjangan, suluk, utawa andharan kadidene Hidayat Jati lan sabangsane. Nanging ora sêthithik tinêmune pitutur sarta piwêling kang nelakake yèn Ki Padmosusastro sawijining umat Islam kang pêrcaya marang anane sarta panguwaose Gusti Allah.

'"Lêlakon ing donya kang tinêmu ing manungsa, karsaning Allah mung andadèkake bêcike, sanajan bêgjamu kinêbut dening Allah, dinarima sarta aja kêmba sungkêmmu maring Pangeran, kanthi ora lali anggêdhèkake istiyar rinêksa ing budi rahayu. Kalawan kamurahaning Allah: kowe sêdhela pangling marang lêlakonmu dhewe kang siyal salawas-lawase liniru gampang."

'"Aja sok njagakake kabêgjan saka kapintêranmu, akèh sing mlèsèd, bêcik anjagakake pitulunganing Allah, awit kapintêranmu mungguh ing Allah: sêpele."

'"Aja sok dhêmên ngongasake kapintêran, awit titahing Allah angèbêki jagad padha kadunungan kapintêran dhewe-dhewe."

'"Kaluwihan iku sing bisa ngarani: wong liya, yèn awake ora bisa, dening kawruhing Allah isih sêpirang-pirang kang durung disumurupi, mulane para sujana ora ana kang gêlêm ngongasake kapintêran." (Madubasa).

Ditêrangake ing sêjarahe, yèn Ki Padmosusastro kang najan gêsange sarwa ngati-ati, ora ndarbèni pakarêman minum kang nganti kêliwat takêr, ora main mangani lan madon kang mbêborosi, - nanging nate pêrkaran karo Cina mindring kang wusanane njalari dilèrèni saka ênggone dadi jaksa. Mbokmanawa saka pêngalaman pêrih mau, nêmahi bêgja cilaka, Ki Padmo sajak banjur ngelingake marang pribadine piyambak: "Ora ana kabêgjan lan kacilakan langgêng, amêsthi ana watêse. Karsaning Allah: sarupaning makluk isining donya lakune nyakra panggilingan. Mulane wong kabêgjan aja pêpeka, wong kacilakan aja kêmba ambudi sarana, karo pisan dadiya widada."

Nyatane pancèn ya banjur ora mupus, satêruse ngudidaya makarti ngupaya pangupajiwa ing laladan liyane nganti bisa bawa piyambak.

--- 37 ---

Bêgja cilaka iku manut pamanggihe Ki Padmo atas saka karsaning Allah, dudu gaweyaning manungsa, manungsa mung kari anglakoni; wêlinge aja girang-girang gumuyu yèn lagi nêmu bêgja, awit kabêgjanmu bisa oncat ing dalêm sakêdhèp-netra. Kosok baline aja ngrêsula yèn nandhang cilaka, awit ora bisa rampung dening pangrêsula. Kang sayoga manungsa mung mikira kêdadeyaning prakara kang durung kêlakon, dèn araha dadine takdir bêcik.

Ganjaraning manungsa mungguhing Allah mung ana loro, bêgja lan cilaka, nanging dawane mung sakilan, wong bêgja dikaya ngapa isih kaslendhangan susah, mêngkono uga wong cilaka iya isih kêslendhangan bungah, iya iku sing diarani: nyakra panggilingan, saupama ora mêngkono manungsa ora kêlar. Gumun marang wong kabêgjan, iku prasasat maido kuwasaning Allah. Kabungahan lan kasusahan dadi têtimbangane. Yagene manungsa mung dhêmên bungah nuruti ardaning ati, barêng katêkan susah: bingung, maune sapa kang gawe? Mêngkono pamêlèhe marang wong kang susah saka panggawene dhewe.

Gusti Allah kang murah ing donya asih ing ngakirat, manut Ki Padmo wajib linuhurake asmane, sajroning kabungahan lan kasusahan. Banjur asung pitutur:

a. Kowe aja nglakoni panggawe ala, sanajan ora kawruhan ing liyan, dening kok wêdi, nanging kowe kêlalèn yèn Gusti Allah ora sare, nguningani saparipolahing manungsa kang samar-samar.

b. Kabilahèn lan kasusahan kang sinandhang ing manungsa, karsaning Allah mung murih bêcike.

c. Rahayu wong kang ngestokake parentah utawa ngabêkti maring Allah sanyata.

d. Allah iku ora kêna ginawe gêguyon.

e. Kabutuhaning manungsa mungguhing Allah mung yèn kêlaran, asêsambat ngaruara: nyuwun saras, nanging yèn ora kêlaran, ora pati butuh, malah lali babar-pisan. Upama ora mêngkono kêpriye?

f. Sanajan kuwasaning Allah angèbêki Jagad, suprandene ana saprakara, Gusti Allah ora sagêd damêl antaraning obah lan mênêng, (awit) yèn ora obah iya mênêng, yèn ora mênêng iya obah, iku mêsthi.

g. Entuking kawicaksanan iku mung wêdi maring Allah.

h. Gusti Allah ora mêksa marang wong kang ora gêlêm.

Kapêrcayane marang takdiring Pangeran, nate ndongèng lêlakone wong picak kang nyênyuwun maring Allah: bisane mêlèk,

--- 38 ---

tinurutan dening Allah bisa mêlèk mlolo tanpa kêdhèp, wong iku bangêt susahe, wuwuh-wuwuh kêrêp kalilipên, banjur nyênyuwun manèh kaparingan salin mata ciyut, iya tinurutan dening Allah padha sanalika liniru salin mata ciyut, ambane njlirit mung saawaking êdom, wong iku saya bangêt susahe, awit wêruhe apa-apa ora ambabar pirsane, wuwuh-wuwuh dadi kagetan, ana swara kagèt, ana clèrèt, kagèt: dadi ora bisa jênjêm atine, wusana nyuwun bali dadi wong picak manèh kaya mau-maune bae, iya tinurutan, wong picak marêm atine. Liding dongèng: Dinarima marang takdiring Pangeran kang wis sinandhang, awit pandamêling Allah wis kanthi kawicaksanan.

Ing bab pati, Ki Padmo ndarbèni kêyakinan: "Yèn panggonane wis cumêpak, sarta ora tau pisah sarina sawêngine, mulane yèn têka dumrojog tanpa larapan, banjur rodha pêksa mêthêt nyawa. Suprandene sajroning uripe tansah mitambuhi, sumurupe yèn arêp mati wis kasèp. Pati siji jare dalane sèwu, suprandene manungsa ora gigrig, tandhane: ora tau ngrasakake pati, ngrasak-ngrasakake yèn wis ngalèlèh ana ing paturon, malah sajroning ati ora rumongsa yèn bakal mati, sanadyan wus kaki-kaki atine isih nom, mulane ana têmbung: ora nyêbut. Padha-padha pati iku ora kêna pinikir, wong sinandhang lara kêsandhang wis kari lunglit, ora mati-mati, têrkadhang tanpa lara iya mati. Cêkake prakara pati: mainan, mung gumantung ana kêrsaning Allah.

Nalika ngimpun buku "Madubasa" jilid kang kapindho, rampunge ing taun 1917, dadi yuswane wis sêpuh, kurang 9 taun bae karo sedane, mula akèh bangêt wuwulange kang gêgayutan karo pati. Nalika ngelingake bab pitunane wong kang mèrèn, ing buku kasêbut mau ora lali ngelingake uga yèn kita kabèh bakal padha mati.

'"Rêgêding panggonan, rêsik dening sapu, rêgêding ati rêsik dening panarima, panarimaning ati saka santosaning budi padhang. Apa ana wong bisa ngilangake panasing ati andêlêng wong kabênêran? Arang-arang. Mulane sinaunên, elinga yèn titahing Allah ora ana kang langgêng, bakal mati padha karo kowe, barang kang kok mèrèkake tininggal, ora digawa. Asile mèri: apa? Aluwung mikirake utamaning urip kêna ginawe sangu mati, gandane ngambar têkan suwarga."

'"Ing layang "Sastra Wursita" muni: ora ana umat kang tanpa cacad. Nanging apa ora ana cacad kang ora bisa oncat? Caritane Sunan Kalijaga dhèk nenemane rêmên laku kadurjanan, ambêbegal ngadhang wong liwat ing dalan. Barêng olèh pitutur nyata: mari ambêbegal banjur anglampahi kabêcikan, sarta anggêntur tapa, wusana tinarima malah dadi wali panutup. Liding kandha: ala bêciking [bêcik ...]

--- 39 ---

[... ing] manungsa, Gusti Allah matêsi nganti tumêkaning pati. Yèn ênggone nglakoni panggawe bêcik sawise ala, ingaran bêcik, kosok baline yèn ênggone nglakoni panggawe ala sawise bêcik, ingaran ala. Ana dene wong bêcik nganti tumêka ing pati, kajaba para Nabi, arang-arang.

'"Bêcik tanpa agama atine rêsik, tinimbang karo nganggo agama atine rêgêd. Mêngkono pahame Ki Padmo: Pêpêthingane anglakoni parentahing agama, iku angrêksa lan angajèni marang tata-cara bêcik. Agama ora bisa njunjung drajat, nanging wong kadrajatan ana sangisoring agama, mbuwang agama dadi nistha, ilang utamane."

Ing bukune "Hariwara" kang amot bab petungan dina, dikarang sasi Juni 1890, ing perangan "Mara Dhayoh", tinêmu cêcaturane mitrane Ki Padmosusastro (kira-kira T. Winter) karo Ki Padmosusastro, kaya kapacak ing ngisor iki:

a. Dintên punika wau, punapa pamêgêngan?

b. Inggih.

a. Saudhara kala wau punapa inggih sowan, sarèhning dhawah dintên mêgêngan?

b. Mbotên, kaparingan liburan dening nuju siyam sapisan.

a. Punapa kala wau saudhara inggih siyam?

b. O, inggih tuwan, siyam sataun sapisan ing dalêm sawulan punika, kalêbêt pikêkahing agami Islam.

a. Pintên prakawis pikêkahing agami Islam?

b. Wontên gangsal prakawis: sahadat, salat, jakat, puwasa, kaji.

a. Gangsal pêrkawis punika punapa sampeyan têtêpi sadaya?

b. Namung minggah Kaji ingkang dèrèng. Sanèsipun ing sasagêd-sagêd inggih kula têtêpi. Niyat kula mênawi sampun dumugi sêpuh sarta putu kula sampun kenging kula sèlèhi ing kalênggahan: badhe minggah kaji dhatêng Mêkah. Kajawi kapengin sumêrêp jajahan têbih, badhe ngasokakên badan.

a. Kula amrayogakakên karsa sampêyan punika. Watêkipun tiyang mantêp dhatêng agaminipun, têbih nandhang sangsaraning gêsang. Ingkang kathah malah sami kacêkapan. Sanadyan bangsa kula titiyang Walandi: inggih makatên ugi. Saudhara mawi ngandika sèlèh dhatêng wayah, punapa sampun mbotên kagungan putra jalêr?

b. Gadhah, namung satunggal sarta sampun dados panèwu jaksa kadipatèn anom.

Saka wangsulan ing ndhuwur iku, bisa kita wêruhi yèn Ki Padmosusastro sawijining pênganut agama kang sêtya, kang pêrcaya marang ana lan panguwaose Gusti Allah kang Maha Esa.

--- 40 ---