Ki Padmasusastra, Supardi, 1961, #367 (Hlm. 40–78)

Judul
Sambungan
1. Ki Padmasusastra, Supardi, 1961, #367 (Hlm. 01–39). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
2. Ki Padmasusastra, Supardi, 1961, #367 (Hlm. 40–78). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
Citra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

VIII. ISINE SURAT KABAR ING JAMANE PADMOSUSASTRAN

Surat kabar iku dadi cêcoloking praja.

Nalikane Suwardi (ing têmbe katêlah Ki Padmosusastro) lagi umur kurang luwih 19 tahun, ing Solo lahir surat kabar basa Jawa "Jurumartani" nomêre kang wiwitan aciri tanggal 5 Januari 1865. Surat kabar iki diwêtokake dening pêrusahaan Walonda De Groot-Kolff & Co., kang uga ngêtokake layang kabar basa Walonda "Sêmarangsch Nieuws en Advertentieblad". Nalika sêmana, Suwardi wis wiwit kêtarik isine layang kabar "Jurumartani", nanging isih durung kulina nênulis ing layang kabar, barêng surat kabar mau ngalih jênêng dadi "Bromartani", yaiku ing tahun 1870, nalikane Suwardi wis umur k.l. 24 taun, wis wiwit berag nênulis luwih-luwih nalikane wis njêgur ing kalangan kawartawanan sarana mangku pakaryan rêdhaktur ing kalawarti "Jawi Kandho" kang nganti gawe kuncarane asmane, lan kêlakon ing taun 1891 lêlana mênyang nêgara Walonda.

Kang kasêbut ing ndhuwur, layang kabar "Bromartani" mau, yaiku "Bromartani" kang kapindho, pênitisane "Jurumartani". Marga sadurunge iku, ing nalikane Ki Padmosusastro isih bocah cilik watara umure 9 taun, yaiku ing taun 1855 wis nate lahir kalawarti aran "Bromartani", nomêre kang wiwitan mêtu tanggal 29 Marêt nomêr kang wêkasan ing tanggal 20 Marêt: 1856, dadi mung umur sêtaun bae, kèhe langganan mung 320.

Dene layang kabar "Bromartani" titisan anyar (1865) mau umure nganti lawas, nganti mênangi sedane Ki Padmosusastro (1926), yaiku ing sasi Pèbruari 1932.

Isine layang kabar nalika sêmana, ora ngutamakake pakabaran, nanging kang kêrêp ngêmot andharan lan wulangan, apadene pituduh marang umum. Bab karêsikan, paedahe srêgêp ngundhakake sêsurupan, tatacara kang bêcik, lan sapanunggalane. Yèn ta nêdya nyaruwe bab kang kinira ora bêcik, ênggone nulis ora mung cêkak aos, nanging kêrêp ngandhar-andhar. Ing sawijining wêktu layang kabar "Jawi Kandho" ngêmot panyaruwe bab kahanane pakampungan kang kotor:

'"Ing mangsa punika mangsa rêndhêng. Sang Hyang Riris akanthi Sang Hyang Pawana sabên-sabên tumêdhak, ndadosakên cuwaning

--- 41 ---

para klintong, ananging ndadosakên bingahing pak jugil (aliyas pandung). Para tiyang manawi ing wanci dalu kathah ingkang ajrih miris saha sumêlang. Prikanca jaga-wèsthi kathah ingkang aras-arasên anglampahi padamêlanipun, ananging sarèhning sampun dados bêbahanipun rumêksa tata têntrêming nagari, sanadyana jawah, kathêklak-kêthêklik inggih tumindak. Mêmêlas! Ewasêmantên panjagining pakampungan mase Pasirah ing kampung sakidul-kilènipun kampung Natakasuman tledhor sangêt. Rak inggih ta mas Pasirah? Lo, kathik mênêng bae! Pancèn wis nyata, iya mênêng bae!

'"Mangke kula gancarakên, inggih mas Pasirah? Iya ta sakarêpmu! Kula punika sabên-sabên nganglang wontên kampung rerehan sampeyan, rak namung tansah pêgêl dhatêng manah thok-thok, tiyang ngatasing pakampungan manawi ing wanci dalu têka pêtêng dhêdhêt kados wontên satêngahing wana. Pêtênging pakampungan wau botên margi saking kathahing wit-witan, ananging saking awising ting.

'"Mangka gajêg-gajêgipun Kanjêng Parentah agêng asring ndhawuhakên dhatêng sadaya kêpala kampung, supados karerehanipun manawi ing wanci dalu sami masang ting wontên salêbêting pakaranganipun piyambak-piyambak. Rak inggih saèstu wontên dhawuh makatên ta, Radèn Mêdhêrêdhaktur? Manawi saèstu wontên dhawuh ingkang makatên wau, bok inggih kula aturi nindakakên, supados tinêbihan ing dursila. Mangke manawi tinêbihan ing dursila, rak kantun nyakecakakên sliranipun! Ananging inggih sampun nggalih ing ting kemawon, pagêr-pagêr inggih kagaliha pisan, sampun kakèndêlakên kemawon, mangke kangge margi kuwuk sirahipun cêmêng. Kojur tênan ane mas Pasirah ki, gèk ana-ana bae! Hla wong klangênane bae! Ara ta mukira! Ha! Ha! Ha!"

'"Huk, drudug, kaya dhalang. Botên ngamungakên margi ing pakampungan kemawon manawi mangsa rêndhêng sami jêblog aleyak-leyok, sanadyan margi agêng inggih kathah ingkang makatên. Ingkang makatên wau sampun limrahipun: siti manawi kajawahan dados leyak-leyok, mila sanadyan ing dalêm sêrat pawartos Jawi Iswara saha Jawi Kandho ngriki asring ngamot panjurung karisakanipun margi ing Surakarta jalaran saking kajawahan, punika botên pisan-pisan kula gumuni. Ananging sanajan kula botên gumun, kala-kala katuwuhan ing pangrêsula.

'"Kados nalika êmbèn punika, wanci jam sêtêngah pitu sontên, kula mlampah-mlampah prêlu nginggar-inggar manah. Sarêng lampah kula dumugi ing krêtêg lèpèn Larangan sakidul pêkên Singasarèn, [Singa ...]

--- 42 ---

[... sarèn,] lampah kula badhe kula lajêngakên mangidul, radi awang-awangên, awit marginipun katingal radi jêblok, ananging sarèhning kula èngêt manawi gadhah mitra manggèn wontên ing kampung Kratonan ingkang sampun lami botên kula sanjangi, dados niyating manah kula badhe kula sanjangi. Lampah kula urut pinggir, milih panggenan ingkang gasik. Sarêng lampah kula dumugi ing wetaning dalêmipun Radèn Ngabèi Kartapra... radi kêpiring kidul, mripat kacolok ing panging wit asêm. Sarèhning ngraosakên pêgêl, dados ngantos dangu anggèn kula kèndêl wontên ing ngriku. Samantuning mripat kula, wit asêm wau kula iling-ilingi, jêbul pangipun sami njlamprah ngantos mèh dumugi ing siti."

'"Kêlêrêsan mitra kula ingkang badhe kula sanjani wau saking kidul, cariyosipun badhe mlampah-mlampah, dados lajêng kula jak mlampah-mlampah pisan. Sadangunipun kula mlampah, kula tansah angiling-ilingi wit-witan ingkang sami njlamprah, ngalang-alangi tiyang ingkang sami langkung. Malah saking cariyosipun mitra kula: sadaya tiyang ingkang sami langkung ing ngriku ing wanci dalu kathah ingkang sami ngrêsula, pangrêsulanipun wau amargi ingkang kathah sami kacolok ing panging wit asêm ingkang njlamprah wau."

'"Wasana saking pamuji kula, mugi Kangjêng Parentah anggaliha ingkang dados pangrêsulanipun têtiyang ingkang sami langkung ing margi wau."

Panyaruwe ing ndhuwur mau katandhan dening pênulis kang asêsinglon jênêng "Sidik Pramana", dene pitakonane marang mêdhêrêdhaktur, yaiku wartawan kang mbantu pakaryan rêdhaksi, bab pranatan sabên pakarangan padha masang ting, diwangsuli dening rêdhakture (kira-kira Ki Padmo piyambak), yèn ing bab iku mau: kurang têrang.

Panyaruwe kang ngandhar-andhar mau, diwangsuli dening pênulis liya kang aran Dibya Wiraja, kang ora kurang ngandhar-andhare:

'"Kula sampun maos sêratipun Mas Sidik Pramana ing Jawi Kandho angka 8, anyariyosakên manawi sawêg sawatawis dintên punika wanci jam sêtêngah pitu sontên sariranipun badhe dhatêng ing kampung Kratonan. Lampahipun mêdal pinggir margi, wasana jêbul tingalipun kêcolok epanging wit asêm ingkang tumancêp wontên pinggir margi sawetaning dalêmipun Radèn Ngabèi Kartapra... ragi iring kidul, amargi pangipun sami njlamprah ngantos mèh dumugi ing siti, sarta Mas Sidik Pramana ngandika manawi wit-witan sapinggiring margi ngriku wau mèh sadaya pangipun sami njlamprah ngalang-alangi tiyang ingkang sami langkung. Sapanunggilanipun."

--- 43 ---

'"Wiyosipun: Mas Sidik Pramana. Mênggah anggèn sampeyan ngandika kêcolok panging wit asêm punika têka nama andupara sangêt, amargi panging wit asêm ingkang tumancêp wontên pinggir margi sawetaning dalêmipun Radèn Ngabèi Kartapra... radi iring kidul wau, kula ukur wiwit siti dumugining êpang ingkang sampeyan ngêndikakakên njlamprah, punika inggilipun wontên satunggal mètêr langkung sawidak gangsal dim. Dêdêgipun tiyang ingkang limrah lah punapa inggih wontên ingkang inggilipun wiwit suku dumugi mripat ngantos satunggal mètêr langkung sawidak gangsal wau? Mêsthi awis-awis!

Amila kula purun mastani yèn pangandika sampeyan wau andupara, kilap manawi sampeyan pinuju ngagêm kêthèklèk ingkang inggilipun sêtêngah mètêr, tamtu kemawon inggih kêcolok panging wit asêm yêktos! Nanging sintên ingkang lêpat, kagaliha piyambak?

'"Mas Sidik Pramana! Mugi kauningana, uwit asêm ingkang tumancêp wontên pinggir margi sawetaning Karta... tuwin ing sakidulipun malih, punapa dene ingkang tumancêp wontên sawetan margi, punika sampun lêrês kemawon manawi pangipun taksih sami katingal andhap (nanging botên pating njlamprah), amargi sanès uwit asêm kawak. Mêsthi kemawon êpang utawi godhongipun sami andhap-andhap nggrêmbêl, amargi dêlêgipun dèrèng nama agêng inggil utawi sêpuh. Manawi uwit asêm ingkang taksih nèm, pangipun botên suka kêtingal andhap-andhap nggrêmbêl (kêdah dipun rampasi), punika saking pamanggih kula sagêd njalari dados gêringipun uwit asêm, tur nyuda asrining sêsawangan. Ingkang pantês sinaruwe wontên ing dalêm pustaka warti punika manawi wit-witan ingkang sakintên nyumêlangi, kadosta: dhoyong growong, utawi ingkang kêtingal inggil sangêt, utawi ingkang makèwêdi. Têka sampeyan ngêndikakakên pating jlamprah ngalang-alangi tiyang langkung, lah punapa botên nama sulaya? Dene yèn tiyang ingkang langkung ing ngriku rumaos dipun alang-alangi êpanging wit asêm, punika kenging kula wêstani nêmaha langkung sandhing tanggul, imbuh mawi numpak turangga utawi pit, tamtu kemawon inggih mak gabruk kêsundhul êpanging uwit asêm ingkang taksih nèm wau."

'"Aluwung turus asêm satunggal uwit ingkang tumancêp wontên pinggir margi sakidul wetaning griyanipun Ngabèi Karto Pijogo punika pantês dipun rampas pangipun ingkang sisih wetan, amargi kêtingal angrompyoh tur dêlêgipun sampun nama agêng. Ananging kauningana, bab punika priyantun ingkang wajib sampun darbe atur ing Parentah nyuwun rampasipun. Ananging sanadyan ngrompyoh punika inggih mêksa botên sagêd nyolok mripat."

--- 44 ---

'"Wusana bab gèsèhing êpang asêm punika mugi sampun ngantos nuwuhakên sulaya, margi kula namung matur ing salêrêsipun."

Sarana maos carane wong nyaruwe (ngritik) ing jaman sêmana, kita iya bathi sêsurupan, kêpriye kahanane ratan-ratan lan pakampungan ing kutha gêdhe jaman mbiyèn. Ing bab ngladèkake pakabaran (news) marang para maos, rakitane ukara ditata ngrêsêpake, dene têmbung-têmbung kang dadi wigatine sêdya, dipilihake têmbung kang istimewa.

'"Nalika ing dintên Sêtu Pon kaping 4-5-12, wanci sontên kula mêntas martuwi sadherekan kula ing kampung Mondhokan (Jèbrès). Lampah kula saking Mondhokan têrus mangilèn. Sarêng dumugi saêlèring Balapan, kula lajêng aningali para sinyo-sinyo ingkang sami lêlangên bal-balan wontên ing ara-ara tilas balapan. Wontên ing ngriku kula kapanggihan kaliyan sadherekan kula, ugi sami nunggil sêdya ningali. Para sinyo-sinyo ingkang sami lêlangên bal-balan wau sami gadhah têtumpakan pit. Dene pit-pit sami dipun sèlèhakên wontên ing panggenan botên têbih anggènipun lêlangên bal-balan, ing wasana sinambêr kaliyan sang bajul dharat, kabêkta lumajêng mangetan mêdal margi alit pakampungan ing Margayudan."

'"Para sinyo ingkang sami lêlangên bal-balan punika wau sarêng pirsa pitipun kasambêr ing bajul dharat, dahat bramantyanira, saking sayukipun sanalika pirsa lajêng têrus sami anututi sang bajul dharat. Sêdyanipun bokmanawi bilih kacêpêng, sirahipun sang bajul badhe dipun angge bal-balan. Kula ugi tumut-tumut anggrubyuk anututi. Sakintên sang bajul dharat badhe kapikut, pambêktanipun pit lajêng kabucal wontên satêngahing margi alit. Pun pênyakit lumajêng salang-tunjang menggok margi prapatan alit salêbêtipun pakampungan Margayudan, ical tanpa lari. Ingkang sami mbujêng sarèhning pit sampun kacêpêng, pambujêngipun sampun radi kêmba, sarta lajêng katilapan palajêngipun bajul dharat. Lajêng kula têrus mantuk kaliyan sadhèrèk kula wau, kilap sapêngkêr kula. Ingkang punika para nupiksa mugi ngêgungna pangaksama manawi wontên kithaling ukara saha gèsèhing pawartos.

Kaya mêngkono unine pakabaran kang mawa irah-irahan "Bajul Dharat" saka pêmbantune Ki Padmosusastro kang asesinglon jênêng S.K.T. kang nate kapacak ing "Jawi Kandho". Têmbung-têmbung: bajul dharat, lêlangên bal-balan, dahat bramantya (muring-muring, nêsu), ical tanpa lari, bisa gawe rêsêpe kang maca.

Uga disêsêli lêlucon, dene dikabarake: yèn ta si bajul dharat bisa kêcêkêl, mbokmanawa sirahe arêp diênggo bal-balan.

--- 45 ---

Ing "Madubasa" Ki Padmo nêrangake kalungguhane layang kabar iku satêmêne dadi cêcoloking praja, konangane priyayi garap kapatihan, nyolong dhuwit, iya saka layang kabar, nanging sok nyalomot marang priyayi gêdhe kakasihing ratu utawa rêrêksaning praja kang padha duwe laku ora bênêr, kayata: ngarani: "Mêdal gapura wingking." Têgêse: nampani bêsêl (sogok). Mulane (surat kabar) disêngiti sarta dianggêp mungsuhing praja, - nalika sêmana.

Pêngalamane lan kawruhe ing jagad kawartawanan, ora mung nalika ngasta ana ing "Bromartani" lan "Jawi Kandho" bae, - nanging nalikane ngasta ana ing Radya Pustaka iya nate dipasrahi ngupakara wêtune kalawarti "Sasadara" lan "Candrakanta" karone kalawarti rêsmi kang diwêtokake dening bêbadan kasêbut. Saliyane iku, Ki Padmosusastro iya nate ada-ada ngêtokake piyambak kalawarti "Wara Darma" kang isine bêcik bangêt.

Ora mung sêmono bae lêlabuhane, malah nate mulang bab basa kasusastran lan kawruh ngêngarang. Yaiku nalikane pindhah mênyang Jatinom sacêdhake Klathèn, ngêdêgake kursus bab basa lan kasusastran. Pamulange marang para siswa mung ana ing kêbonan sangisore wit-witan kang ayom, sacêdhake wit gêdhang. Siswane ora mung madêg saka bangsa Jawa, nanging ana tinêmu uga bangsa Tionghoa, ing antarane kang kalêksanan dadi pangarang lan klêbu pinunjul, yaiku:

1. R.P. Partohardjo kang ing têmbene ngarani awake dhewe "Kawula Pangeran Mêrdika". Mbokmênawa kang dikarêpake dhèk samana wong partikêliran, ora nyambutgawe ana Kraton. Partohardjo pancèn mligi mung dadi panjurung (Pêmbantu) layang-layang kabar. Panjênêngane iku sawijining pênulis kang pêng-pêngan ing layang kabar "Jawi Kandho".

2. Djie Siang Ling kang sabanjure uga dadi Rêdhaktur layang kabar "Jawi Kandho" mau.

3. Wignjohardjo, "tiyang mardika kang ulah kasusastran". Sabanjure panjênêngane dadi Rêdhaktur layang kabar "Rêtna Dumilah".

4. Martodarsono, sabanjure dadi Rêdhaktur layang kabar "Jawi Hiswara" lan "Jawi Kandho".

Manut carita, jare Martodarsono iku tau polêmik ngayoni gurune, iya Ki Padmosusastro, nganti kêlakon unggul. Ngalami kahanan kaya mangkono mau, Ki Padmosusastro ora sêrik, malah kosok-baline. Swargi rêna pênggalihe dene kagungan murid pêng-pêngan, bisa mapaki gurune.

--- 46 ---

IX. BÊTAWI SADURUNGE TAUN SÈWU SANGANG ATUSAN

Manut wawasane Ki Padmosusastro.

Kutha Jakarta saiki iki, dhèk jamane pênjajahan Walonda diarani Batavia, pakêcapane tumrap bangsa kita: Bêtawi. Dene sêjatine, kutha iki dhèk mulabukane jênêng Jakarta, dibangun nalika 22 Juni taun 1527 dirêbut saka panguwasane bangsa Portêgis dening bangsa Indhonesia sarana pimpinane Sunan Gunung Jati.

Nalikane Walonda nêdya njajah nêgara kita, ing kutha plabuhan mau banjur didêgi bèntèng, ing taun 1619 nuli dijênêngake Batavia, dening Gupêrnur Jêndral Jan Pieterszoon Coen kang dening bangsa Jawa lan kapustakan Jawa disêbut Kaptèn Murdjangkung, olèhe dadi gupêrnur jêndral mau ing taun 1619 tumêkane 1623, nuli kang kapindhone ing taun 1624 tumêkane 1629.

Sêjatine mono ing sakawit kang aran Batavia mau mung awujud bèntèng lan laladan sakitêre, nanging kaya adat kabiyasane Walonda kang alon-alon mbanda, suwe-suwe wilayah kang maune ciut ing sapinggire kali Ciliwung, sacêdhake Pasar Ikan kang saiki, mêlar-mêlar dadi amba, mêngidul nganti Glodhok, saka kene mêlar manèh nganti Jalan Gajah Mada, Hayam Wuruk, Pêtojo, Mèntèng, Kramat, nganti tumêkane ing taun 1667 wis mêlar mênyang Jatinêgara kang dening Walonda diarani Wèltêvrèdhên.

Barêng pangawasane saya santosa, kutha Jayakarta banjur dilêbokake kabèh dadi wilayah Batavia utawi Bêtawi.

Kita ora nêdya ngandharake kahanane kutha Bêtawi wiwit adêge (1619) nganti saline manèh marang jênêng nasional: Jakarta (1942), - nanging kang bakal kita aturake ing kene: Bêtawi sadurunge taun 1900, manut wawasane Ki Padmosusastro, nalikane dêdunung ing kutha kasêbut.

Pocapane "s" lan "b" ing ngisor iki, mratelakake andharane Ki Padmosusastro dhewe (b) tumrap kahanane Bêtawi dhèk nalika sêmana, kapacak ing bukune "Layang Basa Jawa" kêjaba nêdya nuduhake pasang rakiting têtêmbungane ing pocapan mau, kênoa kanggo nandhing karo kahanan Jakarta kang saiki:

a. Kowe apa wis wêruh ing Batawi?

b. Ora bihasa wêruh, malah wis tau omah ana ing Batawi.

a. Agamane rak iya agama Islam ta?

b. Bangêt, malah kowe diarani wong Jawa, dudu wong Islam:

--- 47 ---

panganggêpe mung dhèwèke dhewe sing Islam, mung clathune bae: Mlayu.

a. Kurang ajar ane! Nalare kêpriye?

b. Nalare wong Batawi kêna diarani lanang wadon padha sêmbayang kabèh, balik wong Jawa ora, arang-arang sing nglakoni sêmbayang.

a. Sanadyan ora nglakoni sêmbayang apa ilang Islame?

b. Yèn wong Batawi panganggêpe dhasar mangkono, mulane bineda ing aran: anggêre muni wong Islam, iya marang bangsane dhewe. Yèn marang aku angarani wong Jawa.

a. Sok mangkonowa kêncêng marang pranataning agama?

b. Dhasar nyata, wong Bêtawi ora ana sing gêlêm ngombe minuman kêras, utawa mangan kang diarani karam, mlêbu mênyang bakmèn bae isin.

a. Yèn duwe gawe apa ora nganggo minuman?

b. Ora.

a. Mangsa, apa ora ana dhayohe priyayi utawa tuwan-tuwan?

b. Yèn dhayoh priyayi utawa tuwan-tuwan iya sok ana, nanging suguh minuman: ora têmênan, iku sing gawe eraming atiku, ora ana bangsa Batawi sing dadi priyayi, awit ora ana sing gêlêm magang.

a. Kok anèh kandhamu iku: wong ewon ora ana sing dadi priyayi.

b. Sanadyan lêksan, yèn ora ana apa ora kêna, iku sing gawe eraming atiku.

a. Apa ora ana bocah sêkolah padhane kaya ing kene?

b. Ora beda, nanging ora ana bocah sêkolah kongsi putus, lawas-lawase sêtaun wis mêtu, banjur golèk pagaweyan sing mawa bayaran, dadi upas, mandhor, kondhèktur sapêpadhane, iku kang banjur olèh pangan, ora gêlêm magang. Dene kang akèh, ora sêkolah, dadi ora mangêrti marang tulis. Nanging yèn ngaji akèh kang bisa, sanadyan ora bisa iya apal galadhagane, kanggo pawitan sêmbayang.

a. Sok mangkonowa akèh wong sugih, awit kalêbu sathithik medane.

b. Kok ora, nanging kêna binasakake ora ana wong mlarat, ora ana wong sugih, sing ana wong sêdhêngan, caturane sêpuluh rupiyah munggah, satus mangisor.

a. Kandhamu iku nglêngkara! Apa nêgara ora ana wong buruh utawa wong ngêmis?

b. Mangsa kuranga, iya iku sing ndadèkake ora anane buruh lan kere ing Batawi, kabèh buruh lan kere wong saka ing Bantên. Dene wong Batawi panggaotane padha mikul adol godhong kayu tuwin woh-wohan, apa dene candhak kulak, dol-tinuku, idêr sapêpadhane kang

--- 48 ---

mêntah-matêng, sanadyan uyah trasi brambang iya didol ing wong lanang.

a. Wong wadon apa ora blanja marang pasar?

b. Ora, mung ngratêngi ana ing omah bae, karo wêdhak pupur.

a. Kok pijêr anèh bae ta!

b. La wong kowe ora tau obah saka ngambèn, iya ngarani anèh. Balik wong wadon Surakarta nungsang jêmpalik nyambut-gawe bang esuk bang sore, sing lanang momong anak ana ngomah karo ura-ura, kowe iya ora ngarani anèh.

a. Iya, dhik. Mbalèni kang wis dakcatur mau, sarèhning ing Batawi jaman madya, têgêse sêdhêngan, dadi ora ana wong sugih, dening ora ana wong mlarat.

b. Têgêse kok-srekal aku iki! Mangsa kuranga wong sugih angungkuli ing ngêndi-êndi! Ananging kang sugih-sugih iku dudu wong Batawi kang kok-arani jaman madya, kang akèh wong saka manca-nagara, utawa eyang Arab tuwin bangsa Cina, apa dene ing kono kêna ingaran: dadi tuking kasugihane para tuwan kang ndarbèni kapal sarta gudhang-gudhang gêdhe lan prêsil (ègêndom) kagungane Kangjêng Gupêrmèn.

a. Wong Jawa apa ora ana sing duwe pêrsil?

b.Sasumurupku kaya ora, liyane para tuwan, mung eyang Arab tuwin bangsa Cina.

a. Panganggone wong Batawi apa?

b. Wong lanang ing kana nganggo sarung jigrang sarta clanan, klambi kêbayak, lêngênane mêthinthing kaya lêngênane wong wadon ing Surakarta, katon dhadhane, yèn klambine mêntas disêtrikakake mung dislobokake sasisih kang têngên, dadi kang kiwa gêmblèh-gêmblèh, ikête disêkul, olèhe nganggo kaya jêplakan, rambute ing dhuwur katon, nanging ikêt mau ora ditata, rambute ora diingu dawa, nanging ora gundhul kaya kaji, kang ngarêp ginawe jumambak, kang mburi pandhês. Sarèhning ikêt sêkulan angèl tinalèkake singsêt, dadi katon mbêdhodhog nganti satumbu. Ana manèh kang diarani ikêt-ikêtan bungkus kul, ikête digawe blangkon mati, dadi yèn nganggo kaya wong nganggo kêthu, kêna dicopot sarta dianggo gêlis, kang akèh nganggo: jongose para tuwan; yèn pameran nganggo slendhang.

a. Kok anèh wong lanang nganggo slendhang?

b. La wong kowe ora jêmbar polatanmu, yèn wong lanang Surakarta kalung cal utawa andhuk: kêpriye, apa iya dudu slendhang? Kowe iya ngarani ora anèh.

--- 49 ---

a. E, e, iya dhik, lah saiki panganggone wong wadon kêpriye?

b. Panganggone wong lanang ing desa dhisik: kathokan dawa nutupi dhêngkul, nganggo sarung dibêntingake, ora klambèn, klambine diuntêl-untêl katon mênjutu ana ing buri, kanggo rêrêngganing awake, lêngênane ditalèkake ana sadhuwuring sarung bundhêlane ana ngarêp, nyothe lading raut landhêp bangêt, kanggo gagaman ngiras ginawe oncèk-oncèk. Wong wadon nagara lan ing desa padha bae, sarungan nganggo angkin (kêndhitane nyonyah Cina), klambi kêbayak landung têkan sangisoring dhêngkul, lêngênane gêdhe kaya lêngênane wong Surakarta, utawa dadi kosok-baline, wong lanang: mathinthing, wong wadon: kombor, tanpa kêmbên.

a. Manganggo apa manèh?

b. Manganggo susuk kondhe, nanging bungkule winalik ana ngisor sarta cundhuk kêmbang rêgulo mung siji ana ngiringan, prawan, walanjar, lan randha padha bae, sanadyan wadon somahan, iya nganggo cundhuk kêmbang.

a. Yèn nganggo susuk kondhe mono dadi gêlunge kondhe?

b. Dhasar iya, padha gêlung kondhe Cina kabèh, ora ana kang gêlung Jawa, lan nganggo ali-ali sêsêr loro ing driji manis lan jênthikan tangan kiwa, gêdhene padha lan ali-ali giligan ing driji panuduh cara Surakarta.

a. Wa, gêdhe têmênan - Apa ora abot utawa ngganjêl?

b. Iya abot utawa ngganjêl, nanging wong wis carane iya ora dirasakake, padhane ing Surakarta wong nganggo ali-ali giligan ing panuduh iya ora ngrasakake abot utawa ngganjêl, dening kasêngsêm ing dhêmên, malah wong ugal-ugalan nganggo ali-ali giligan wêsi piranti ginawe nabok yèn kêrêngan.

a. Apa akèh rêgane ali-ali giligan loro iku?

b. Iya akèh upama êmasa, nanging wong wadon ing Batawi kêna ingaran kabèh padha nganggo ali-ali giligan kuningan, saking arange wong sugih.

a. Mangsa ora ana nganggo ali-ali mas?

b. Lo, têmbungku mau rak kêna ingaran, têgêse ora mêngkono, iya ana wong nganggo, nanging arang-arang.

a. Manganggo apa manèh?

b. Nganggo giwang (= anting-anting panunggul siji) intên utawa selong.

a. Dadi ora ana wong manganggo suwêng?

b. Iya giwang iku suwênge, awit kupinge ora bolong amba kaya kupinge wong Jawa.

--- 50 ---

a. Manganggo apa manèh?

b. Nganggo slêpe kuningan utawa salaka dhus-dhusan, sanadyan wis nini-nini ora isin nganggo giwang sarta slêpe, luwih manèh paniti lan liya-liyane.

a. Yèn lêlungan nganggo slendhang apa?

b. Yèn wong wadon malah ora nganggo slendhang, mung nganggo kacu gêmbaya bae, apayung Jawa (kêrtas), sanadyan payung amoh ora isin, malah dianggo pameran, sandhangane mrabot payunge amoh tandha yèn wong wadon gêmi.

a. Apa ora ana sing gêlêm nganggo payung motha?

b. Ora, isin yèn diarani nyai-nyai Walonda, awit lumrahe sing nganggo payung motha mung nyai-nyai Walonda utawa bojone saradhadhu Jawa. Lan nginang ngêmut susur gêdhene mung sabalênyik, iya tandha yèn wong wadon gêmi manèh.

a. Wong wadon ing Batawi kalêbu isinan: nganggo payung motha bae rikuh! Sok mangkonowa akèh sing tani?

b. Kok ora, malah dadi kosok-balining tani, tandhane: yèn kowe golèk wong sêsomahan kang wis tinêmu tuwa, mangka bisa olèh jaka lara, iya bêgja, kang akèh wis laki rambah-rambah. Yèn wong Batawi kang wis tinêmu tuwa salawase lagi laki ping pitu, durung aran wadon misuwur.

a. Kêpriye têgêse kandhamu iku, aku durung mêngêrti aran wadon misuwur?

b. Wong wadon ing Batawi yèn kêrêp laki iku tandha yèn wadon pinilih, ora cacad malah dadi kêmbang-lambene wong akèh, dening kêrêpe laki mau.

a. Kêpriye nalare bisane kêrêp pêgatan?

b. Sing adhakan iya saking padha dene, nanging ana kang dadi witing ora rukun, iya iku wiwit dadi bojone guna kayaning lanang sinimpên dhewe, wong wadon mung dicumpi sacukupe, wong lanang bangêt cupare. Kang blanja marang warung wong lanang, wong wadon mung olah-olah, mulane yèn blanja akèh luwih saka mêsthine, kinudang marang kang wadon, têmbunge: "laki-laki bêtul." Têrkadhang diblanja dhuwit bae, padha jajan dhewe-dhewe, malah kang lanang wis jajan dhisik ana ing warung nalika lêlungan, utawa dodolan, dadi ora carane kaya wong Jawa mangan barêng lan anak bojone. Barang duwèke ing omah wus tansah pinilihan duwèking lanang wadon, manèh kang rupa dhuwit, wong wadon wis ora duwe kuwasa babar pisan, mulane watêking wong wadon mung tansah angulêri sarta tansah njaluk sandhangan, wusana padu dadi lan pêgatane.

--- 51 ---

a. Apa ora olèh cacad wong wadon duwe kêlakuwan ngulêri?

b. Yèn ing Surakarta iya cacad, nanging yèn ing Bêtawi ora.

a. Kalêbu anèh kandhamu iku. Carane wong mêmantu apa padha bae?

b. Beda bangêt, panganggone pangantèn lanang cara kaji, panganggone pangantèn wadon cara pangantèn Cina, sêmbahe iya cara Cina, ora nganggo têmu, palinggihaning dhayoh ing omah lan ing pandhapa padha kursèn, awit ing Batawi ora ana carane wong linggih dhepokan. Sawise pangantèn nikah banjur ana ing pandhapa nampani dhayoh, ora kêna linggih ngadhêp ana ing tarub, sabên dhayoh têka disêmbah njungkir cara Cina, banjur salaman angambung tanganing dhayoh sarta ngacarani linggih tuwin ngacarani suguh sapanunggalane, iku kabèh dadi bubuhane pangantèn lanang. Mangkono uga pangantèn wadon ana ing omah iya ora kêna linggih, kapatah nampani dhayoh kaya pangantèn lanang mau. Dadi kang duwe gawe lanang wadon enak-enak bae, sing rêkasa pangantène.

a. Mbalèni catur bab palinggihan, wong dodol ing pasar apa ora ana sing linggih ngisor?

b. Ora, kabèh padha nganggo lincak padhasaran, palinggihane dhingklik, wong têtuku padha ngadêg bae.

a. Ing Batawi iku kawêntar têmên gêmah ripah loh jinawi, yêktine kêpriye?

b. Iya dhasar mêngkono, nanging satêmêne ora ngungkuli ing Surakarta lan ing Ngayogyakarta, dene kang nyata: murah dhuwit.

a. Mangsa nganggo murah larang dhuwit? Ing ngêndi-êndi mungguh ing dhuwit rak iya padha bae.

b. Ora mangkono kandhaku mau, dening wong Batawi padha laku dagang lan among tani, kang ngèngèr arang-arang, mulane blanjaning batur lanang (jongos) sêsasi ora kurang têlung ringgit utawa 10, 12 tumêka 15 rupiyah; batur wadon 5 tumêkane 10, koki 2, mênjait 15 lêpas barang-barang.

a. Seje bangêt karo ing Surakarta: blanjaning panakawan sêtêngah, para nyai sêtali, paringan Pasa Mulud sapangadêg, nanging olèh cadhong sêga sabên dina, kapêdhak kapangeranan kaparingan gajih 10, bêkêl 12, lurah 15, dêmang 30, ngabèi 60 rupiyah ing dalêm sêtêngah taun, têrkadhang diparingi lungguh bumi kang pamêtune mèmpêr lan gajihe. Lurah, bêkêl, jajar (kapêdhak) olèh cadhong sêga yèn tungguk.

b. Ora kêna kok-timbang, Batawi karo Surakarta bènèh bangêt! Olèhku ngarani murah dhuwit ndadèkake larang pangan saka seje tatacara.

--- 52 ---

a. Larang pangan kêpriye?

b. Ing Surakarta wong bisa mangan kalawan gampang, duwe dhuwit-sadhuwit kêna ditukokake sêga lada pindhang, apa sêga jangan, apa sêga gudhêg sapêpadhane wis kêna ginawe sarapan ngêlih. Yèn ing Batawi ora bisa, apêse kudu duwe dhuwit limang sèn.

a. Apa ora bisa tuku mung sacukupe bae?

b. Iya iku mung sacukupe: sêga thok sabenggol, gabuse sabenggol, liyane gabus: gêmbung, iwak kêbo sapi ginawe iris-irisan padha rêga nglimang sèn. Dadi wong jajan sêga yèn ora nrima karo gabus, cukupe kudu têlung benggol.

a. Gabus lan gêmbung iku apa?

b. Gabus mono balur, mung irisane bae gêdhe, gêmbung: iwak laut kang mirasa.

a. Apa ora ana sêga iwak kang kêna tinuku barêng?

b. Ana uga aran sêga undhuk, sapenak rêga sabenggol, nganggo diwurwuri ragi lan gêrèh têri, prasasat tanpa lawuh.

a. Wong adol panganan carane kapriye?

b. Yèn panganan mung rêga nyak-sèn, nya bribil: ora ana.

a. Lah dhuwit bribil ginawe apa?

b. Ginawe ngganêpi petangan, sarta yèn tuku panganan rêga sapincang ana.

a. Wong adol wowohan kêpriye?

b. Yèn wowohan apik-apik, ing Surakarta lan ing Ngayogyakarta kalah, bêcik-bêcik ing Batawi.

a. Bêcike apane?

b. Bêciking pranatane, kayata: wong adol gêdhang kudu tundhunan kang wis matêng ing uwit katon kalong sisaning codhot. Durèn: ora sorongan, kudu kang runtuh dhewe saka ing uwit. Pêlêm kang wis bawuk, utawa kêmampo kêna diundhuh. Wong Bêtawi malah akèh kang adol pêlême matêng ing uwit, ora ana cara diimbu utawa disêmprong kaya ing Surakarta. Pakèl kuwèni kang matêng ing uwit bisa runtuh ingêrog êpange, codhot ora bisa nacah. Dhuku pijêtan, kokosan, jambu, jêruk manggis, blimbing, salak, rambutan sapanunggalane kabèh iya kang wis matêng ing uwit, luwih manèh pala kasimpar pala kapêndhêm tuwin pala gumantung saya diundhuh ing mangsa tuwa, kajaba kang kêna utawa kudu diundhuh isih nom saking yèn wis tuwa ora enak pinangan, kayata: manggis kêna diundhuh isih blibar, nanging iya kêna diundhuh tuwa. Timun, kacang sapanunggalane kudu diundhuh nom utawa sêdhêngan.

--- 53 ---

a. Iku pranatan bêcik, upama tiniru ing liyan praja gêdhe paedahe, awit wong duwe sêthithik bisa mangan wowohan mirasa, saka ora ana kang ora enak pinangan, dening diundhuh isih nom. Kareta andhong apa ora ana?

b. Ora, kang ana kareta sewan jam-jaman, sarta bêcik-bêcik, jarane gêdhe-gêdhe, duwèke para tuwan-tuwan kang sugih-sugih ngiras nyêkêl lêsmèn. Yèn wong Batawi mung duwe kahar, kang akèh mung siji dilakokake dhewe, iya iku lirune kareta andhong mungguh ing Surakarta lan ing Ngayogyakarta.

a. Jarane kepriye?

b. Wa, wis ora takon, kêna binasakake rikating playune kaya angin, akèh sing padha mbandhang dening gambirane.

a. Kêpriye nalare dene bisa bêcik-bêcik.

b. Ora nglêngkara dadine bêcik, awit jarane dhewe dilakokake dhewe, sabên lèrèn dipakani komboran sangune digandhul-gandhulake ing kahar saparan-parane. Yèn kinira wis kêsêl, ginawa mulih, ora dirangkèt cara kusir kene.

a. Mangsa wong Batawi ora tau ngrangkèt jarane?

b. Nèk nakal. Nèk kêsêl mangsa dirangkèta, apa arêp edan ora duwe pangowêl marang jarane dhewe?

a. Apa ora ana wong nglakokake kahar sing dudu duwèke?

b. Ayake iya ana, nanging sanadyan anaa iya arang-arang. Kajaba sumêlang dibathi opahane sumêlang rusaking jarane yèn disiya-siya dening disêngkakake lakune, mangka bandhane mung jaran iku.

a. Upama kareta andhong ing kene kudu dilakokake marang kang duwe dhewe, amasthi bisa dadi bêcik kabèh kaya dene ing Batawi.

b. Iya, nanging gawe pitunane para juragan sarta para Cina kang padha ngêdêgake pasewan.

a. Iya, nanging wong cilik bisa kacukupan kabèh, kaya wong cilik ing Batawi.

b. Sêlot-sêlote mênawa kaya gagasanmu mau.

Kaya mêngkono kahanane kutha Bêtawi satleraman, manut wawasane Ki Padmosusastro. Sarana maos apa kang wis kaaturake ing dhuwur, kajaba muwuhi sêsurupan bab sêjarah, kita antuk sêsurupan uga bab cengkoking basa-caturan nalika sêmana.

Karangane Ki Padmosusastro bab Bêtawi mau, nate kapêthik kaklumpukake karo karangan-karangan liya kang apik-apik, - kanggo wacan wulang basa Jawa ing pamulangan-pamulangan têngahan lan pamulangan calon guru.

--- 54 ---

X. TILARANE WÊJANGAN SAPIRANG-PIRANG

Ajine ngluwihi mas picis rajabrana, tur munpangati marang wong akèh.

Ora kurang-kurang tinêmune wêjangan-wêjangan tilarane Ki Padmosusastro kang gêgayutan karo prakara lakuning ngaurip, pitutur bab wêwatakan lan kêlakuwan ala bêcik, pituwah ing bab rahayuning sêsrawungan, apadene wêjangan ing bab kêbatinan lan sabangsane. Sawijining tilaran kang sêjatine gêdhe bangêt ajine, ngluwihi mas-picis rajabrana. Ora mung migunani marang warise swargi, nanging marang wong akèh, atusan ewon kang wis padha maos wêjangan-wêjangan mau, kamot ing buku-buku karangane.

Kalumrahane kang tinêmu ing saiki, bangsa kita sajake rumangsa mongkog yèn bisa ngucapake lan bisa nênulis ngênani wêjangan-wêjangane para sarjana manca. Katandha yèn kita lagi ngrungokake sêsorah, kêrêp bangêt sang pamêdhar sabda ngucapake têtêmbungane sarjana Aristoteles, Plato, Confusius, sabangsane; utawa kêrêp ngungokake pênêmune Karl Marx, Engels, Prancisco Nitti, Garibaldi lan sapanunggalane, apadene ora asing manèh yèn para pamêdhar sabda sêdhela-sêdhela ngungasake pênêmune Abraham Lincoln, Thomas Carlyle, Rousseou, Carnegie, Casson, Dickens lan isih akèh manèh. Ing jagad kasusastran lan sêjarah, sing isih sok diungasake iya jênêng-jênênge sarjana manca; arang kang nyêbut sarjana lan pujangga kita dhewe: Kanwa, Tantular, Ronggowarsito, Josodipuro, Wêdyodiningrat, Prapantja, lan liyane.

Pancèn kapustakan kita durung akèh, sarjana kita durung mbaludag kèhe, - nanging sapa bae kang tlatèn nglumpukake buku-buku kuna sarta srêgêp mêthiki isine piwulang-piwulang kang tinêmu ing kono, amasthi banjur mrangguli pirang-pirang kèhe wêjangan adiluhung kang prayoga disêbarake, murih bisane mbantu tumêkane jaman rahayu.

Ana kalane isine wêjangan mau mung prasaja bangêt, - nanging ana kalane uga kang pathine ora kurang wigatine saka wêjangane para kalokèngrat. Ing ngisor iki kita aturake wêjangan-wêjangan tilarane swargi Ki Padmosusastro kang tinêmu ing bukune "Madubasa", kang prayoga diwaos kanthi sarèh, kanthi panimbang lan panglimbang, sukur bage kêrsoa nêcêp lan migunakake, murih bisane ngundhuh wohe kang munpangati.

--- 55 ---

Ngêntèni wêtuning blanja, sanajan ora bisa luwih saka têlung puluh siji dina, rasaning ati kaya ngêntèni timbule watu itêm. Sêbab apa barêng wis mêtu, kok sawiyah-wiyah tanjane?

Dicatur ing wong dening nggone anglakoni kêbêcikan, iku mung dadi kêmbang borèhing raga, gawe tambahe aruming gandane. Mulane aja kok rasakake!

Nyatur iku gawe pitunane wong kang dicatur, nanging iya gawe pitunane dhewe. Suprandene akèh kang nglakoni.

Yèn kowe kaluputan, mangka bênêre kudu njaluk pangapura, iku aja talompe: enggal lakonana, dadi kowe ora kêna diarani wong wangkot.

Lumuh ing gawe, iku ora beda karo kêsèd, dadi tuking kapitunane dhewe, sanadyan sujana yèn lumuh ing gawe, iya ilang kuncarane, ilang kajèn keringane, bali kaya wong lumrah tur ora kadhuwitan, saka panggawene dhewe. Dipêndhêm ana ing uwuh palumuhan.

Uni ala lan uni bêcik padha angobahake uwang. Ya gene kowe dhêmên adol uni ala kang sêthithik rêgane, tinimbang uni bêcik kang akèh rêgane?

Êndêming inuman kêras ora sêpirowa, tangi turu wis ilang, nanging êndêming kawibawan lan kamuktèn sok anggonjingake èngêtan. Ora bisa mari dening sarana, marine yèn wis tumiba ing tiwas, gêtune kasèp; mulane aran bêgja wong wibawa mukti eling marang kaapêsan, duwe têpa utawa wêlas marang pêpadhaning tumitah kang tumiba ing apês, utawa kêmlaratan.

Êndêming waragang anglalèkake suba-sita.

Êndêming candhu, bisa anjara langit, nanging yèn wis mari mêndêm, bali kêtagihan manèh.

--- 56 ---

Êndêming wanodya, cumithak ing ati, liwung ora karu-karuwan, paraning bêndu marang kang apês parane.

Êndêming wong dhêmên ngabotohan, yèn kalah rupak jagade, sirna katrisnaning marang anak bojone, diblèjèdi nganti blindhis, suwe-suwe mrèmèn angapus-apusi marang sanak sadulure.

Satêmêne êndêm patang prakara ing dhuwur mau isih kalah karo êndêming kêhormatan; wong Walonda muni: "Gila hormat".

Pancèn iya nyata, têmbung "Gila hormat" mau ora beda karo wong edan; digêguyu sadina-dina: ora ngrumangsani.

Manungsa kang tabêri ulah kapintêran, kaya intên sinarawèdi, durung ambabar wus katon ajine akèh.

Nacad alaning uwong iku gampang bangêt, siji mangkene, loro mangkono, nanging anggunggung cacade dhewe adate ora kobêr.

Ulêr dadi amaning têtanduran, ngrikiti godhong nganti pundhês, tanpa wêlas marang wit kang nguripi awake. Suprandene barêng têkaning mangsa tuwa, eling marang panggawe bêcik, tobat marang Pangeran, tapa-brata nyuwun pangapura: angênthung, lawas-lawas tinarima ambabar dadi kupu, bisa ngambah ing gêgana sarta salin pakarêman, mung ngisêp maduning kêsuma.

Gèk kêpriye yèn manungsa kang duwe kêlakuwan ala ora bisa mari nganti tumêka ing pati, apa kalah karo pakartining kewan cilik?

Angèle wong urip, mata dhuwitên: luput, ora duwe dhuwit: saya luput. Sing bêcik aja dhêmên dhuwit, dhêmêna dayane. Iku bisa nguripake jênêngmu nganti tumêka ing pati.

Bêda karo wong sugih kang ora amèk dayaning dhuwite, barêng mati amale dadi rêbutan, kubure kapiran.

--- 57 ---

Ora ana wong ora golèk alêm, nanging thukuling alêm angèl, kudu sarana kêlakuwan bêcik lan pagaweyan kang murakabi ing akèh.

Yèn kok saranani saka banda bae, alêming wong tumèmpèl ing lambe, ora têrus ing ati, dadi aran pangonggrong. Kang ora kok bêciki malah mada nyatur ala.

Bêcik ngapura wong sêpuluh kang kaluputan, karo ngukum wong siji kang ora kaluputan.

Kêpenak mangsa adhêm karo mangsa panas, sanadyan atining manungsa pancène bêcik kaya mangkono, nanging arang gêlêm anglakoni.

Kajèn keringaning awak, iku ora saka luhuring drajat sarta misuwuring sugihe. Sanadyan wong asor sarta wong ora duwe iya bisa kajèn keringan, têrkadhang ngungkuli kajèn keringane sing luhur lan sing sugih mau, yèn bisa ngêmpakake unggah-ungguh, sumurup ajining dhiri.

(Si luhur: saèn, si asor: ora, si sugih: njalukan, si ora duwe: wewehan).

Kang diarani panggawe sunat pêrlu, pênganggoning manungsa akèh sing kêliru. Lumrahe: kabutuhan sadina-dinane diarani: sunat, wong duwe gawe diarani: pêrlu. Mulane akèh wong tumiba ing sangsara, saka kaliruning panganggone mau, saupama winalik, kang aran pêrlu: mangan sadina-dina, kang aran sunat: wong duwe gawe, utawa ngêndhak kêkarêpan kang kêna sinarèhake, amêsthi ora tumiba ing sangsara.

Têgêse: lamun sira duwe gawe, sarta kêkarêpan, ngêntènana ananing dhuwit turahan pangan, yèn durung ana: iya ora.

Geneya nganti tumiba ing sangsara? Tanggungan awakmu.

--- 58 ---

Aja age-age ngarani mubarang tanpa gawe. Awit sanadyan panggawe sunat sok bisa dadi pêrlu.

Margane kajèn keringan: gampang bae, angiwakna panggawe sunat, anêngêna panggawe pêrlu. Wong kang sumurup sasat pinarentah angajèni.

Bêcik sarèh tinimbang karo kêsusu, ananging patarangane kêsusu adhakan bangêt. Mulane karêping manungsa akèh sing tuna.

Lesane wong bèrbudi iku upamane sorog sakèhing gêdhong kawruh.

Têmbung: "Nguyahi ngasêmi", ngibarate wong ngalêm marang anak-putune, utawa sanak-sadulure tuwin marang kêkasihe.

Kêna kok rungokake, nanging ora kêna banjur kok gugu.

Rêsiking budi: anêntrêmake ati, têntrêming ati: gawe kawarasan, warasing awak: andawakake umur.

Apa ora mêngkono?

Rêsiking awak: ngêpenakake rasa, kêpenaking rasa: ngenakakake pamangan, marasake badan. Warasing badan: andawakake umur.

Apa ora mêngkono?

Umpak iku wisa mandi, sapa sing kataman umpak: kêna, cacad uripe sinêbut manungsa bodho, ginaguyu ing para sujana.

Ora ana wong ora gêlêm diumpak.

Olèhe nyambut gawe andêrpati, prêlune mung golèk umpak.

Mulane akèh wong adol umpak, awit sangune mung ajar lamis, tur wis tumèmpèl ana ing lambe, yèn payu: nguripi.

Tak rasa-rasa bêcik êndi ngumpak karo diumpak? Wangune ala kabèh; dene kang bêcik wong narima ing pandum, gêdhening panarima dadi tuking katêntrêman.

--- 59 ---

Wong yèn wis têntrêm arêp golèk apa manèh? Alêming wong yèn ora digolèki: mara dhewe.

Aja wêgah anglakoni pagaweyan abot! Awit yèn kok tlatèni kalawan sabaring ati, suwe-suwe saya ènthèng, wusana nganti tanpa bobot: rampung.

Wong kang nêtêpi marang ubayane, iku wis ngambah dalaning kautaman.

Andêdêr angkuh iku tuking panggawe ala.

Ora ana wong kangelan tanpa pituwas, êmbuh enggal lawase: mêsthi. Bonggan sira dhêmên nganggur, liding sanepa: aja kêsèd!

Ora ana wong kangelan tanpa pituwas.

Lupute awake: iya anak-putune kang tampa.

Ya gene suthik kangelan, dipilaur nganggur, apa ana janjine wong nganggur olèh ganjaran?

Sing bêcik panganggêpmu marang dhayoh wong ngamanca, sukur bage sèwu bisa nyugata sakuwasamu! Orane: ngatokna sumèhing netya bungah kêtêkan, sarta dhangan mitulungi karibêdane kêna kok lakoni! Aruming gandamu wis olèh rong nagara.

Cacading anak yèn ora trêsna marang bapa-biyung.

Cacading urip yèn koncadan budi rahayu, sanadyan sugih singgih sirna ajine.

Cacading wong tangi turu: yèn kawanên.

Cacading satriya yèn ora bèrbudi.

Cacading wong sugih yèn kumêt.

Cacading Pandhita yèn ora brata.

Cacading parentah yèn ora adil.

Cacading mitra yèn ora prasaja.

--- 60 ---

Ora ana sêgêring awak kaya wong nyatur alaning wong, mbêcikake awake dhewe. Upama ora nyatur bae kêpriye?

'"Êmoh, awake mundhak ora sumyah."

Wong ngalah clathu sakêcap laku satindak, iku wis sumingkir saka ing pakewuh, dene mênêng ana sajabaning pakewuh, awit watêging manungsa mung golèk mênang.

Aja sok dhêmên ngrasakake lêlakon kang wis utawa kang durung kêlakon, iku angêcèh-êcèh mangsa tinindakake kang ora ana gawene; bêcik angrasakna lêlakon kang lagi kok lakoni!

Ngrasani alaning wong, iku ora mung gawe pitunaning wong kang dèn rasani bae, iya uga gawe pitunane dhewe.

Watak rêsikan iku dadi tuking kuwarasan, nanging watak rêgêdan (crobo), dadi kêdunging kalaran (lêlara); rêsiking budi gawe bêgjaning raga, rêgêding budi gawe cilakaning raga.

Dadi wis têtela têrang bêcik rêsik tinimbang karo rêgêd, nanging manungsa akèh sing dhêmên rêgêd, mung laire bae kabèh dhêmên rêsik, batine ora.

Manungsa kang ngêmpakake têmbung lamis, iku kaya angganing kêmbang rawe: tinonton nyênêngake, ananging yèn dinumuk anggatêli.

Raja-brana ora ginawa mati, nanging tanpa raja-brana uripe ana sangisoring pati.

Aja sok dhêmên ngrèmèhake wong, mundhak gênti dirèmèhake, orane iya dicatur ala.

Aja sok dhêmên prakaran, ora bêcik, ngelingana paribasan: "sing kalah dirêmpah, sing mênang dipindhang", têgêse: olèhe prakaran kalah kabèh.

--- 61 ---

Aja anjurungi kêkarêpan kang ora jujur, awit nyuda têntrêming ati.

Wong sugih singgih dhêmên njaluk diajèni, iku padha bae karo wong pêkir-miskin kang dhêmên nglumahake asta.

Dadi ajine wong njaluk diajèni, padha karo ajine kere ngêmis, padha njaluk. Sêsotya karo bribil padha bae, padha barang jalukan.

Mulane arahên bisane têka dhewe, iku aruming gandane kaya lênga jêbat kasturi.

Wong kêsèd marang pagaweyan, iku kaya upamane manuk lagi nêtês, uripe mung kalawan diloloh.

Pagaweyan kang abot dhewe iku pagaweyan kang ora dilakoni, nganti sakêsêling ati ora bisa rampung saka awang-awangên. Dene pagaweyan abot têmênan kang dilakoni, suwe-suwe nganti tanpa bobot, nganggur ora duwe pagaweyan.

Iya iku bedaning wong kêsèd karo wong srêgêp: si kêsèd malah kêrêp asêsambat kabotan gawe, si srêgêp rumangsane kènthèngên gawe.

Têgêse: ora ana pagaweyan abot, yèn linakonan amêsthi dadi ènthèng, kosok baline sanadyan pagaweyan ènthèng, yèn ora linakonan iya dadi abot, dening ora bisa rampung.

Para garaping parentah aja sêsambat kakehan gawe utawa sugih pagaweyan: mundhak digêguyu, satêmêne iya iku kang kok golèki.

Kêsêling ati prayoga sinarèhake, awit yèn pinêksa bisa ngrasakake rodhaning èngêtan (elingan). Beda karo kêsêling awak, dipijêti banjur diparêmi bisa mari, ilang kêsêle.

Kêsêl iku tambane mung lèrèn, nanging yèn ora kêsêl, bêcik ora lèrèn. Apa ora mêngkono?

--- 62 ---

Wong ngalah dhuwur wêkasane: bênêr, awit têmbung: ngalah, ora atêgês kalah, nanging wong kalah: narima, ora dhuwur wêkasane. Sarèhning têmbung: kalah, ana kosok baline, bêcik mikira gênti: mênang.

Wong mêthik kêmbang ing patamanan, sanadyan ora kawruhan marang kang rumêksa, iya uga kawruhan marang atine dhewe, batine ngaku yèn katempelan rêgêd. Awit njupuk barange liyan kang tanpa têmbung, padha bae karo wong nyênyolong, prasasat kowe sinau nyolong kang ora kok sêdyakake.

Gawe kadarman sakêlare nanging aja pisan angarah baline, dilila kaya mbuwang sêsukêr, iku tuking kabêcikan. Gandane ngambar tutug ing suwarga.

Panarima iku tuking katêntrêman. Tanpa panarima, tanpa têntrêm, êmpaning panarima nitèni tibaning takdire kang mêtu saka ing istiyare, dadi ora mèri marang kabêgjaning liyan. Awake tumiba ing papa utawa mulya dianggêp padha bae, awit pancèn wis pêsthine mêngkono, iku kêpenaking atine ngungkuli wong sugih singgih, nanging arang-arang ana.

Tirah iku tambaning panca-driya, sarta bisa marasake lêlarane, amarga salin pandêlêng, pangrungu, pangambu, rasa lan kang kêrasa, pira bara ngêpenakake ati, kêpenaking ati bisa marasake lêlara.

Ditrêsna marang wong bêcik atine, diwêlas marang wong kang nandhang papa cintraka! Nanging aja gêthing lan aja dhêmên marang wong sugih, awit ora kêna digêthingi lan didhêmêni dening ora butuh marang kowe. Bêcike: madyanên bae.

Solah-bawa muna-muni kang tumanduk ing liyan, têpakna marang awakmu, iku ukuran kang bêcik dhewe, dadi traju angin ora silir sarambut.

--- 63 ---

Trimurti iku apa?

Nèk aku sing ngarani: "Bata, wêdhi, gamping."

'"Anèh wangsulanmu."

'"Ora anèh, malah pitakonmu sing anèh: balik bata, wêdhi, gamping, yèn wis dadi pagêr bata: kok arani apa? Mara!"

Nyikirana tukar padu, saranane nyêgah solah-bawa muna-muni kang andadèkake sêriking ati, awakmu wis ana sajabaning pakewuh.

Nutuh wong kaluputan iku wis cumêpak ana ing lambe. Ya gene ora kok tuturi sadurunge kaluputan?

Wong tuwa sugih pitutur marang wong ênom, dening wis tau ngalami. Ananging apa wis bisa marèni kalakuwane dhewe kang mblasar: durung karuwan, têrkadhang mung lagi bisa nuturi bae, yèn duwe karêman durung bisa mbuwang, têmbunge: "ngêmungna awakku dhewe kang nyêrèt, anak-putuku tak supatani ora slamêt, yèn ngantiya nyêrèt kaya aku." Prasapa kaya mêngkono iku: kajaba angalap mênang: ora mandi.

Anglairna panêmu kang têmên, marsudiya lêlakon kang jujur, mikira panggawe kang tulus!

Tanggungan awakmu amêsthi tiba ing kasur, ora tiba ing blabag sajroning gêdhong kang cêndhelane rinuji wêsi.

Aja nglalèkake pitulunganing liyan, dêdêrên ana sajroning ati, supaya thukul wêwalêsmu bisa mbalèkake pitulungane, sukur bage sèwu bisa mitulungi ing liyan. Awit tuking kabêcikan, manungsa winajibake didhêmên mitulungi kasusahane sapadha-padhaning tumitah. Uripmu ana ing donya prasasat wis mancik andaning suwarga.

Wong têmên bêcik wicarane, iku pindha angganing barang adi. Tibaa ingêndi-êndi amêsthi pinilala ing wong.

--- 64 ---

Wong tumbak cucukan, wong para wadulan, iku setan katon, aja kok pêraki.

Tabêri iku tuking kabêgjan, watêge arang lara, rêjêkine tutut, akèh kang bisa kacukupan, pirabara sugih saka pitulunging Allah.

Ngrampungake pagaweyan, si awak wis olèh alêm saka si ati, nuli olèh alêm manèh saka wong liya.

Apa ora wis aran bêgja yèn wong tabêri ing gawe apêse olèh alêm ping pindho, tinimbang karo kêsèd, sanadyan atine trêsna marang awake, iya ora bisa ngalêm, aja manèh wong liya.

Wong ora bêcik karo tanggane iku luput, amarga yèn ala dadi mungsuh munggèng cangklakan. Beda karo yèn bêcik ngungkuli sadulur kang adoh omahe.

Kêsaguhan adoh sungsate karo kanyataan. Yèn manungsa ora nggampangake kêsaguhan, ora diundamana yèn ana lupute, awit bêcik ora saguh: nyata, tinimbang karo saguh: ora nyata.

Liding dongèng: mungguhing manungsa sabisa-bisa clathune aja kongsi goroh, iya, utawa: ora.

Njagakake kasaguhaning liyan, iku prasasat ngandêl kang ora ana.

Wijining kasugihan saka gêmi: tabêri ing gawe, pawitane têmên, ora tau goroh. Pangandêling wong wuwuh-wuwuh, awoh rêjêki kang ora kêna cinakra-bawa, nganti awake dhewe ora sumurup yèn wis dadi sugih, malah wong akèh sing wis ngarani sugih dhisik.

Sugih singgih kalah karo kuwasa, sing kuwasa kapengin mukti wibawa, sing mukti wibawa isih ngrêsula butuh dhuwit, sing sugih dhuwit kêpengin singgih, sing singgih kêpengin kuwasa, sing kuwasa kêpengin mukti wibawa. Bola-bali karêping manungsa ora karu-karuwan.

--- 65 ---

Aja sok dhêmên simpên wadi, mundhak ngandhut sumêlang, utawa kêpêksa duwe ati ora prasaja. Ananging yèn lèrwèh dhêmên ngandhakake wadining liyan, suwe-suwe ngandhakake wadine dhewe.

Golèkana karêpe piwulang iki.

Wadimu kêkêrên, aja kok tuturake marang uwong, awit yèn kawartakake, wadi iku ucul saka ing pasimpênan, yèn wong ora bisa nyimpêni wadine dhewe, diblakani wadine wong liya manèh bisaa nyimpên.

Aja dhêmên caturan karo wong lamis, mamanise mung tumèmpèl ana ing lambe, ora têrus ing ati, cature nêngsêmake, kêsaguhane kaya kêna-kênowa pinêsthèkake, nanging luput ciptamu, unine mung lalawora, padha karo kowe nubruk wêwayangan.

Aja gumampang ngêculake wicara panacad sarta pangalêm, manèh amamaoni, awit wicaramu mau durung mêsthi bênêr, sing mêsthi panacadmu: wis, gawe sêrik, pangalêmmu awèh wisa, waonanmu: ora digugu. Êndi kang bêcik? Kabèh ala, kang sayoga mung mênêng. Wong mênêng iku musthikaning urip, katon ngumala pindha sotya sinarawèdi, sabên muni mung satêmêne.

Wisa kang mbêbayani, iku kêlakuwan ala, bisa angrusakake jênênge nganti tumêka ing pati. Sanadyan cêlathune bênêr, iya ora dipracaya, aja manèh cêlathu luput: oraa disujanani.

Aja njaluk kasugihan marang bulus jibung, lambemu mundhak bêlang putih, bêcik golèk kasugihan mênyang kali gawe, rewangana cêgah mangan cêgah turu, tak tanggung mêsthi kacukupan sabobotmu.

Kasugihan kang saka laku culika, misuwuring kajèn keringane rusak dening gonda ala, ilang mamanising bêcik.

--- 66 ---

Wong sugih dhêmên ngasorake awake, wong miskin dhêmên ngunggulake awake, sanadyan yêktine kosok bali, aja kok waoni, karana wis bênêr, iya iku aran timbang, saupama wong sugih dhêmên dakdir, wuwuh digêthingi wong akèh, bobote dhêmên ngasor-asor, isih akèh wong gêthing. Dene wong miskin disorake.

Kang diarani kasugihan linuwih, iku marêming ati: dêduwe saduwèk-duwèke.

Aja angêmohi utawa mitambuhi jagongan karo wong ora duwe (mêskin) awit sok ana paedahe mungguhing kowe, lan manèh aja pisan-pisan ngêndêlake kasugihanmu, awit kasugihanmu ora langgêng, kêna suda lumungsur, têrkadhang bisa sirna sajroning sajam, kowe dadi wong ora duwe dadakan kaya kang tau kok êmohi sarta kok pitambuhi mau.

Wong sabar diumpamakake bisa ngunjara setan, nanging wong kêrêng nguculake setan saka kunjara.

Maoni iku panggawe kang gampang dhewe, nanging maonane mau apa bênêr têmênan, durung karuwan.

Witing kuwarasan saka srêgêp. Sasuwene nyambutgawe: wis krasa ngêlih, dening anggone kabèh obah milu nyambutgawe. Dadi wong nyambutgawe iku prasasat anggawa tamba kuwarasaning awak.

Wong srêgêp nyambutgawe olèh kêsênêngan rampunging pagaweyane sarta nampani pituwasing kangelane, têrkadhang olèh pangalêming akèh. Suprandene wong: akèh sing kêsèd.

Manungsa kang lêpas budine, iku kaya soroting srêngenge kang ora kalingan mêndhung.

--- 67 ---

Satru kang gêdhe dhewe kuwasane: sirnakna, iya iku ilatmu.

Unèn-unèn: wong ngalah dhuwur wêkasane, iku nyata, ora ana wong kêduwung nggone ngalah: ujar sacêkap laku sêtindak, ewadene arang sing gêlêm anglakoni. Upama dicoba sinau ngalah, kêpriye? Aja sumêlang yèn bakal ilang êmut-êmutanmu intên, têgêse uni ala kang sumimpên, bisa malih dadi bêcik, sumorot kaya cahyaning intên, beda uni ala kang wis kawêdhar, bali angrusak awak tanpa aji.

Aluwung ngluwari wong satus kang dosa, tinimbang ngukum wong siji kang ora dosa.

Kaluputan kang wis diakoni bêcik diapura, nanging kaluputan kang ora diakoni: bêcik diukum, iku paedah panarimaning atine wong kang anglakoni paukuman.

Kalumrahan iku angèl buwang-buwangane, kayata: wewehan Suran sarta Ruwahan sapêpadhane, awit yèn ora gêlêm wèwèh-winewehan, diarani: ora lumrah, mulane arang gêlêm ninggal kalumrahan mau.

Wong lamis iku lambene bêcik, atine ala, kandhane iya ana-ana bae.

Aja nandukake basa lamis, sabab iku njlomprongake, mulane yèn kowe katandukan basa lamis: diprayitna, awit yèn lena bisa ndadèkake karusakan.

Nutuh wong kaluputan, ngalêm wong kabênêran, iku mung dadi kêmbang ing lambe.

Aja ngênêngake cipta kang mikolèhi, lan aja dhêmên nganggur kang bakal nuntun marang kamlaratan, balik nyambuta gawe kalawan trajuning ati tinampan pramananing mripat, kang bêcik pinilih, kang ala tinampik. Yèn kêlakon mêngkono: sabarang pêgaweyanmu amêsthi maedahi wong akèh, kowe kalêbu ing wong akèh, dadi iya olèh paedah.

--- 68 ---

Jalak bisa ngocèh, wong ala bisa nyatur, karo pisan ora kalap. Ocèhing jalak tutur apa-apa ora kêna ginugu, unining wong ala padha bae tutur apa-apa iya ora kêna dinugu, sanadyan kandhane têmên, wong wis kêbacut sirna piyandêle, dening kêrêpe goroh.

Unining jam tanpa lèrèn nganti saêntèking putêrane, wong juwèh muni tanpa lèrèn nganti saturune, jam ana gawene bisa nduduhake wayah, balik wong juwèh muni andêrwili mung dadi angin bae.

Satêmêne ora ana wong marêm atine, sanadyan karêpe katêkan kabèh: iya isih kurang, sabên wis kêlakon karêpe: banjur bosên, nuli salin salaga kêpengin duwe liyane manèh, mangkono sabanjure, iya iku sakarate wong ana ingalam donya, mari-mari yèn wis mati.

Ajining mangsa ngungkuli ajining raja-brana, suprandene akèh wong kang dhêmên ngêcèh-êcèh mangsa.

Urubing gêni mati dhewe saêntèking urub-urube, sarta bisa adhêm nganti tanpa tilas, nanging urubing ati ora mêngkono, nganti tumêkaning pati isih panas.

Aja ngêndhak gunaning janma, lan aja malangi utawa nêpak marang wong kang nglairake panêmu, awit panêmumu durung mêsthi bênêr.

Manungsa kang dhêmên ngunggul-unggulake awake dhewe, iku kaya upamane gunung kêrêp murub, lawas-lawas amêsthi longsor, tundhone sirna babar pisan.

Wong anggranyah iku ora mung ngrusakake dhuwit patukoning barange, iya uga ngrusakake kawarasaning awak, dadi ora enak mangan ing wayahe, bubrahing mangsa bisa anjalari lara, lara kêmbanging pati. Dadi wong anggranyah kêna pinaribasakake: ngêmping lara nggenjah pati.

--- 69 ---

Gotong royong, padhane tulung-tinulung, santosane ngungkuli wong sugih, nanging arang sing gêlêm mangkono, trima diarani ora rukun, ayêm wis duwe têmbunge bae. Adêge pakumpulan Budi Utama pinuji ing wong kang padhang pikire.

Aja sok sambat kakehan gaweyan, satêmêne iya mung saukure bae, sisaning pagaweyan ditindakake sawise mari kêsêl, utawa seje dina, padha bae karo wong kang nganakake pagaweyan, (ora duwe pagaweyan), panggagase iya mung saukure bae, nganti sakêsêling ati, tutuge dipikir sawise mari kêsêl. Kabungahane priyayi nara praja kang sugih pagaweyan, yèn pagaweyane wis rampung, mêngkono uga ki pujangga kang nganakake pagaweyan, kabungahane yèn olèhe nggolèki têmbung bisa kêtêmu.

Liding catur: ora ana wong kakehan utawa sêthithikên pagaweyan, anggêr manungsa urip gêlêm nyambutgawe: padha bae, beda karo si tabêri lan si kêsèd, sing siji tlatèn anggarap pagaweyan, sijine ora.

Ora ana pagaweyan abot kang ora bisa rampung yèn ditandangi kalawan sarèhing ati. Ya gene kowe ora ngrampungake pagaweyan ènthèng dening kasusuning ati sêlak arêp lèrèn?

Elinga yèn tètèsing banyu bisa anggêmpalake laleyan.

Tugêling glondhong, saka untuning graji kang ora mandra, kalakone tugêl mung saka têlatèn, kênane tanah Jawa kadarbe ing Guprêmèn: kêpriye, apa ora mung saka tlatèn?

Suprandene manungsa ora dhêmên marang watak tlatèn, sing didhêmêni pratingkah daya-daya nuliya rampung, sêlak pêdhot napase: pagaweyane: nisa.

Wong gêmi adhakane dicatur, wong blaba dialêm, nanging panyatur lan pangalêm mau mung ana sapucuking ilat, yèn lambene wis mênirên lèrèn, wusana sing gêmi dadi bêcik, sing blaba dadi ala. Bêcik dicatur apa bêcik dialêm?

--- 70 ---

Gumun marang pratingkahing liyan. Nanging durung tau gumun marang pratingkahe dhewe.

Gampang iku ora kaya wong maoni alaning wong, jarene mung kêlêtan susur.

Tuku barang kang ora ana gawene iku kalêbu wong gêgêmblungan, nanging satêmêne durung nyukupi yèn katrangan mau mung mêngkono bae, awit tuku barang kang ana gawene: yèn tinggal murwat, iya kalêbu ing bêbasan mau, ala bêcik bakal tinêmu ing awake saka pakartine dhewe.

Wong iku yèn lagi tinunggu ing bêgja sapri-polahe kudu kabênêran, sarta malah tinulat ingakèh, beda karo wong kang lagi tiningkal ing bêgja, sanadyan anglakoni panggawe bênêr iya linuputake ing akèh, ananging wong yèn wis anglakoni bênêr, arêp golèk apa manèh, apa bakal mundur golèk kêbênêran: anèh, apa sungsang buwana balik: tangèh. Ujaring sujana anggêre isih ana pati, ora ana barang langgêng.

Bênêr iku dadi parêbutaning akèh, nanging panggayuhe akèh kang disangkani saka panggawe luput, rumangsane gêlis kêcandhak. Saupama panggayuhe mau disangkani saka panggawe bêcik, kira-kira mêsthi dadi bêcik têmênan, murni ing salawas-lawase, sanadyan lawas kêcandhake.

Ora ana wong ora rêbut bênêr, apa sing kok lakoni ing salawase iku luput? Nyatane yèn ora mêngkono, bocah dolanan tansah arêbut bênêr, saupama ora ana sing nakal, amêsthi tanpa gumêdêr, awit bênêr luput ora bisa awor ngalela dhewe-dhewe, dadi ing donya iki karêping manungsa mung diisèni luput, bênêre disingidake primpên arep dianggo dhewe.

Ngakoni kaluputan iku mêtu saka ing pakewuh kang kapindho, dening pakewuh kang kapisan wis linakonan rampung. Nanging arang sing gêlêm, dipilampu angrakit têmbung kang bisa ngaling-alingi utawa ngilangake kaluputane golèk bênêr, ora sumurup yèn wêtuning uni utawa pratingkah luput, padha lan tibaning balang ing kalèn, ora bisa bali.

--- 71 ---

Ora ana wong ngaku luput, sanadyan ing batin wis sumurup dhewe ing lahir iya isih ngaku bênêr, awit saka iku ora ana prêlune pisan-pisan nutuh wong kaluputan, luput-luput salin babah dadi padu salin mungsuh.

Ambênêrake kaluputaning kancane: ora mêsthi katarima, nanging yèn ora mbênêrake: cacad, duwe kandhutan ala supaya awake katon bêcik, ora sumurup yèn bêcike bisa malicat saka duwe kandhutan ala mau. Kêpenake kudu mawang langit lan nganggo êmpan papan.

Andanakake bandhane marang wong kêkurangan, kalawan eklasing ati, iku ora mung tinarima marang kang olèh pitulungan bae, iya uga olèh pangalêmbana saka ing liyan sarta olèh sihe sapadha-padha.

Andanakake bau suku marang wong duwe sarta wong kasripahan kalawan eklasing ati, uga tinarima marang wong kang kapitulungan, sarta ingalêm marang wong akèh nggone enthengan bau, sanadyan ora urun apa-apa saka ora duwe, iya tinarima, dadi akèh wong kang asih trêsna.

Tètèsing banyu bisa mêcahake karanging curi kang kêtiban. Ya gene manungsa ora gêlêm ngajèkake kalakuwan bêcik kang bisa mêcahake karanging kabêgjan?

Ora ana barang langgêng, mung kabêcikan kang ora bisa sirna, sanadyan kang gawe bêcik wis ana ing jaman kailangan, kabêcikane ya ora bisa ilang, isih ditinggal ana ing alam donya. Wong kang duwe lêlabêt mangkono, iku unusaning manungsa, patut dadi sudarsananing ngurip.

Yèn kowe gawe kabêcikan, simpênên ana ing pêthi, soroge titipna ing liyan, supaya kowe ora bisa mbukak isining pêthi kêbêcikan, awit yèn kowe kang mbukak, gandane: mambu, yèn wong liya: arum.

--- 72 ---

Bêcik iku ora têdhas ing ala, suprandene arang sing dhêmên anglakoni panggawe bêcik.

Nglakoni kabêcikan, gênti winalês ing kabêcikan, mung olèh têmbung tanggap tarung: bêcik binêcikan, dadi lagi jamak bae, utamane nglakoni kabêcikan kang tanpa pamrih, gandane ngambar nganti tutug ing suwarga.

Kabêcikaning liyan tinulisa ing ati supaya nabêt ora bisa ilang ing salawas-lawase, nanging kabêcikane dhewe tulisan ing lêmah gêlis ilang tabête sirna tanpa tilas.

Cukup sêmono bae wêjangane Ki Padmosusastro kang kita aturake. Lugune wêjangan lan pituture isih akèh bangêt, tinêmu ing buku-buku karangane. Yèn kita rasak-rasakake, ora kurang-kurang kang isine bêcik lan migunani kanggo gêgaran urip kita ing ndonya lan ing dina mbesuke; mula kaya ora ana alane yèn kita tindakake ana ing pakarti, minangka wuwuhing sangu kita anggayuh karahayon.

--- 73 ---

XI. ING NALIKA YUSWANE WIS SÊPUH

Panggah katrêsnane marang basa lan panggah srêgêp nyambutgawe.

Nganti yuswa sêpuh, Ki Padmosusastro isih têtêp marang kasênêngane ngêngarang buku sarta ngudi bab basa sarta kasusastran Jawa. Mung rèhne tênagane wis suda, dadi asil karyane iya wis arang-arang, luwih-luwih barêng sok nandhang gêrah.

Nganti têkan ing titi mangsane kapundhut dening Kang Murbèng Dumadi, yaiku ing dina Senèn Wage, sasi Pèbruari 1926, jam 8 esuk, Ki Padmosusastro kang asmane rêsmi nalika sêmana: Mas Ngabèi Prodjopustoko, klêbu sawijining pènsiunan Panèwu-garap Kapatihan Surakarta. Yaiku pènsiun marga saka ênggone ngasta ana ing Radya Pustaka.

Wondene Radya Pustaka iku bêbadan kang mêmêtri kabudayan Jawa, sarana nganakake museum sarta taman pustaka, niti priksa sakèhing têtinggalan kêbudayan jaman kuna, apadene mbiyantu sarta nyambutgawe bêbarêngan karo bêbadan liyane kang ancase ngajokake kabudayan nasional, sarana nganakake parêpatan, sarasehan, sêsorah-sêsorah, ngêtokake kalawarti lan sapanunggalane.

Kang ada-ada ngêdêgake Radya Pustaka iku swargi Sosrodiningrat, pêpatih dalêm ing jaman P.B. IX. Adêge nalika taun 1890 sasi Nopèmbêr utawa taun Ehe 1820. Kanggo mèngêti lêlabuhane swargi Sosrodiningrat mau, dhèk taun 1928, Radya Pustaka yasa rêca gupala.

Kang jumênêng pangarsa kang kapisan: Djojodiningrat (1890–1905), kapindho Djojonêgoro (1905–1912), katêlu Wurjaningrat (1912–1926), dene wiwit taun 1926 nganti saprene diasta dening Pangeran Hadiwidjojo, kang ngiras dadi konsêrvator.

Wis akèh bangêt lêlabuhane Radya Pustaka tumrap bêbrayan sarta kagunan:

1. Ngumpulake têmbung-têmbung sarta ikêtan-ikêtan basa Jawa kang klèru sarta banjur disisihi kang wis dibênêrake, tumuli kaumumake. Ada-ada iki sakawit dipurwakani dening Dr. Th. Pigeaud.

2. Nalika taun 1922, tgl. 29 Dhesèmbêr nganakake sarasehan karo para utusan-utusan saka Pamarentahan Kasunanan, Kasultanan, Mangkunêgaran lan Pakualaman, kang uga dièstrèni dening wêwakiling Dhepartêmèn O. & E. (P.P.K.) lan pakumpulan-pakumpulan para guru, P.G.H.B., P.G.B. Sarasehan mau dianakake pêrlu nyawijèkake tatananing nulis Jawa.

--- 74 ---

3. Nyambutgawe bêbarêngan karo pakumpulan Mardiguna kang dipangarsani dening swargi Pangeran Kusumojudo.

Rèhne kang ada-ada ngêdêgake Radya Pustaka mau Patih Sosrodiningrat, mulane sakawit museum mau iya dumunung ana dalêm Kêpatihan, yaiku ing Gêdhong Pantiwibawa, perangane dalêm Kêpatihan, banjur dipindhah mênyang "Loji Kadipolo" kang sabanjure katêlah "museum Sriwêdari" nganti saprene iki. Pindhahe mau ing nalika tgl 3 Januari 1901.

Barang-barang kang sumimpên ana museum mau ana kang asal saka Kraton, ana kang duwèke Radya Pustaka dhewe, kagungane swargi Sosrodiningratan, kagungane Pangeran Hadiwidjojo, sêbagiyan gêdhe dumadi saka barang-barang kêramik kang gawe rêgênging museum.

Barang-barang tukone Radya Pustaka dhewe lan pisungsung-pisungsung kayata: Tumbak Mataram, tinatah kêmarogan, ukir-ukiran Madura, mriyêm sakêmbaran pisungsunge swargi Mangkunêgoro VII, rêca prunggu lsp.ne.

Wiwit dhèk kapan ênggone Ki Padmosusastro ngasta ing Radya Pustka?

'"Wiwit adêgipun Radya Pustaka (7 Juni 1899), saking karsanipun Parentah, Ki Padmosusastro kadhawuhan mandhegani ing bab sêrat-sêrat Jawi, kapangkat Mantri, nama Mas Ngabèi Wiropustoko, têmbenipun minggah pangkat Panèwu-garap, nama Ngabèi Prodjopustoko, punika wiwit taun 1899, ing taun 1920 dados Panèwu, lajêng ing taun 1926 tilar donya". (R. Wiradat).

Yèn nitik katêrangan ing ndhuwur iki, lumêbune Ki Padmosusastro ing Radya Pustaka iku dhasar dibutuhake dening Parentah ing wiwit adêge babadan mau. Nanging ana katêrangan liya kang beda, yaiku sababe dimagawèkake ing Radya Pustaka, marga eman dene nêdya pindhah saka Surakarta mênyang Bêtawi manèh.

'"Ki Padmosusastro ana ing Surakarta wis ora sênêng, nêdya lunga mênyang Bêtawi manèh ing salawas-lawase. Nanging dipênggak dening panjênêngan-dalêm Bandara Kangjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat IV, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, sêrta banjur kaabdèkake dadi mantri "Radya Pustaka", kaparingan jênêng Mas Ngabèhi Wiropustoko, kapatah ing pagaweyan nganggit-anggit layang, nglumpukake layang-layang kanggo pêrpustakaan (bibliotheek), ngêtokake layang-layang, apadene nglumpukake barang-barang kuna. Têkan saiki (1926) wis kalêksanan anggone kêklumpuk kabèh mau, ana ing gêdhong kêbon raja Sri-Wêdari, katêlah ing akèh sinêbut "musium", kantore aran "Radya Pustaka".

--- 75 ---

Barêng taun 1850 (Masèhi: 1919–1920) Mas Ngabèhi Wiropustoko kaunggahake pangkat manèh dadi panèwu "Radya Pustaka" aran Mas Ngabèhi Prodjopustoko. (Volksalmanak 1926).

Kêjaba kaya kang wis kaandharake ing ndhuwur iku, ana manèh kuwajibane Ki Padmosusastro ing kantor Radya Pustaka mau, yaiku ngupakara wêtune kalawarti Jawa "Sasadara" kang isi kawruh-kawruh Jawa, sarta kalawarti "Candrakanta" kang karo-karone mau diwêtokake dening Radya Pustaka saka usule Ki Padmosusastro. Kalawarti "Sasadara" iku sawijining kalawarti Jawa kang dhisik dhewe wêtune, dadi dudu kalawarti "Rêtna Dumilah" kaya kang umum ngarani kalawarti iki kang tuwa dhewe.

Kêjaba iku, Ki Padmosusastro iya nate ngêtokake kalawarti atas usahane dhewe, arane "Wara Darma" kang isine disênêngi wong akèh.

Kasrêgêpane lan kasênêngane ngêngarang, panggah kaya nalikane isih timur. Nanging wêwatakane, ênggone kêras lan ênggone wani nyaruwe klawan têrus têrang, iya isih panggah bae.

Nalika isih durung sêpuh bangêt, yaiku nalikane isih yuswa kurang luwih patang puluhan taun, ênggone nyaruwe wêwatakane bangsane klawan têrus têrang, tanpa tèdhèng aling-aling, mêngkene:

Watêke wong Jawa:

a. Dhêmên ngrungokake wong padu, ngintip ana ing gêdhèg.

b. Dhêmên tumbak-cucukan.

c. Dhêmên parawadulan.

d. Dhêmên nyatur.

e. Yèn ana payo-payo, ora tumuli tandang, yèn kang dadi bêbaya wis ora ana; mbrubul padha takon-tinakon playuning durjana.

f. Yèn ana bêncana gêni dhêmên nonton; ora gêlêm tandang. Yèn gênine nular: bungah, dianggêp kaya nonton main api, yèn gênine mati: gêla.

g. Yèn ana banjir, bungah-bungah padha praon, sawênèh ana kang nggawa klênengan, karo nonton wong kang padha susah kêbanjiran.

h. Yèn wong ora duwe: diisin-isin, yèn wong lagi duwe: diewani.

i. Ngrèmèhake: gêlêm; dirèmèhake: suthik.

j. Dhêmên ngrewangi dhudhuwurane, ngalahake sorsorane.

k. Dhêmênyar, nganti olèh paraban: obor blarak, murub grabyag-grabyag mati pêt tanpa tilas.

--- 76 ---

Mêngkono panyaruwene tumrap marang wêwatakane bangsane dhewe kang ala, kang sok tinêmu nalika jaman sêmana.

Barêng wis sêpuh, wêwatakane kang kêras mau, ya isih bae.

'"Panggalihane swargi Ki Padmo nadyan wis yuswa: iku kêras. Yèn ngêndika, yèn pinuju duka, samuna-munine sora. Sanadyan ora kêna diarani brangasan, nanging mbokmanawa ora pati gèsèh yèn diarani braok. Ngênani bab iki ana pasêksèn kang maton, sumbêr kang kêna dipêrcaya sarta tanggon, awit isih kêng wayahe piyambak, yaiku bapak Hadjowirogo, kang saiki yuswa 78 taun, dêdalêm ana Solo. Nalika Pak Hardjo iki lair, swargi Ki Padmo kira-kira yuswa 41 taun. Dadi nalika Pak Hardjo yuswa 4 taun, wayahe bocah wis bisa ngeling-eling, swargi Ki Padmo yuswa 45 taun. Rèhne Ki Padmo iku sedane yuswa 86 taun, dadi Pak Hardjo isih mênangi sugênge eyangê sajrone k.l. 41 taun.

'"Kacrita, nalika iku wayah san-gawe. Ing pêrnahe sawah ana swara gègèr rame kang banjur kapirêng dening Ki Padmo. Ing kono kawruhan yèn ana wong padha rêbutan banyu, yaiku antarane Pak Hardjowirogo karo tanggane aran Krijodongso. Bawane priyayi kang kêras lan awit saka trêsnane marang wayahe, Ki Padmo sakala jajabang mawinga-winga, pak Krijodongso dilabrak wani sarta diunèk-unèkake: "Ora gênah, bocah kok dilawan" (mangka yuswane "bocah" mau wis kliwat 40 taun). "Kowe ya ngono, bocah kok kaya ngono, banyu wae kanggo rêbutan".

'"Pancèn Ki Padmo tiru Ki Bongsojudo, bapake, kêndêl dhug-dhèng, bandhol sênêng ulah kanuragan."

'"Nanging iya sêmbada. Ora mung braok thok, pancèn tatag. Dalasan karo lêlêmbut iya ora kewran. Dalême kang pisanan ana kampung Kêrtèn, nanging banjur pindhah sacêdhake Sriwêdari saiki-iki. Bab tatage karo lêlêmbut kanyatan ilange gangguan kang ana museum. Awit iya swargi iku kang nyêpuhi ing antarane para punggawa museum."

'"Bab braok lan cucute iku nganti kondhang ing antarane kusir andhong. Samangsa arêp nitih andhong, mangka banjur diajak anyang-anyangan bab rêgane karo kang kusir, mêsthi banjur nêsu lan ngunèk-unèkake, nanging iya sêmbada, awit yèn maringi bayar iya bral-brol." (Gunawan S.R.).

Remane Ki Padmosusastro iku jlamprah, têgêse diingu dawa. Sanadyan nalika sêpuhe, ing taun likuran, wis akèh wong-wong Jawa kang cukur potong rambut utawa gundhul, nanging Ki Padmo têtêp ngingah rambut njlamprah, malah marang wong-wong kang wis padha gundhul, sajak rada ewa.

--- 77 ---

'"Ing jaman kuna wong Jawa gundhul iku Kaji, kaum (modin) kang gêlêm iya ana kang gundhul, nanging isih akèh kang njlamprah, dadi wong Jawa gundhul iku dianggêp kang wis suci atine kaya dene Kaji. Panggagas kaya mangkono mau ing jaman kuna: nyata, dhèk jamane (P.B.) kaping VII awal, Patih Kangjêng Radèn Adipati Sosrodiningrat kang sumare Ngimagiri, ing kampung Kapatihan ana maling kacêkêl, kauningan ing Kanjêng Radèn Adipati, kadangu apa gêlêm tobat, manawa gêlêm bakal diluwari, wis mêsthi bae ature maling: sêndika, ora nyana pisan-pisan yèn Kangjêng Radèn Adipati adhêdhawuh ngandikake anggundhuli, kalakon padha sanalika digundhuli, iku agawe êntèke atine si maling.

'"Maling didangu apa bisa ngaji, ature: ora, ndonga: iya ora."

'"Dhawuhe Kangjêng Radèn Adipati, maling iku karsa diabdèkake dadi kaum ing kampung Kapatihan, kaparingan pangan nyukupi sarta dhawuh marang pangulu ingandikakake muruk ndonga, kalakon dadi kaum, suci atine lêstari tumurun marang anak-putune."

'"Gundhul saiki kêpriye? Sing mêsthi sucining sirah, sucining ati anjaluk sarèh lagi dipikir." (Madubasa).

Kêpriye kahanane Ki Padmosusastro nalikane wis yuswa 83 taun, apa iya isih giyat ênggone ngêngarang buku sarta naliti kêmajuwane basa lan sastra Jawa?

'"Têkan taun 1923, Mas Ngabèhi Prodjopustoko (Ki Padmosusastro) wis umur 83 taun, tinunggu ing anak lanang 2, putu 8, buyut 27, canggah 2. Sanadyan wis umur samono, èngêtane, tulisane, apadene panyambutgawene ngarang layang ora owah. Mulane ora kêndhat tansah ditêkani para pintêr kang pêrlu nyarasèhake kasusastran Jawa. Ing omahe ora tau sêpi kêdhayohan Walonda, Cina, Jawa, kang padha ulah kasusastran." (Volksalmanak 1923).

Najan wis sêpuh, najan tênagane wus kurang, ewadene kawigatène tumrap basa lan kasusastran Jawa isih bêcik bae. Luwih-luwih ing bab kasêtyane marang kuwajibane, patut dadi sudarsana.

'"Mas Ngabèhi Prodjopustoko sampun sêpuh yêktos, kikiyataning badan suda kathah sangêt, nanging katabêrènipun nyêrat botên suda, pamanahipun dhatêng Basa Jawi botên kêmba. Awit saking taksih kangge ing damêlipun, mangka kagalih sampun rakaos ing lampah, Nagari paring parimarma: kalilan botên sowan, kadhawuhan nyambutdamêl ing griya. Salêbêtipun taun 1924 mas Ngabèi Prodjopustoko nandhang sakit rêkaos, winimba sara dhatêng putu-putunipun ingkang sami dados dhoktêr. Kabêkta saking sampun lungse ing umur, sarêng sampun saras, sampun botên sagêd tumindak nyambutdamêl. Saking kaparêngipun Nagari lajêng kapènsiun." (Pusaka Jawi, 1926)

--- 78 ---

Saiki Ki Padmosusastro wis ora ana ing madyaning pasrawungan urip kita, nanging asmane isih bae kita pèngêti marga saka tilarane buku karangane lan buku-buku kang dibabar.

Ki Padmosusastro pancèn ora marisi raja brana, nanging warisane kang arupa buku-buku kang akèh bangêt iku, nyata yèn gêdhe bangêt lêlabuhane. Ora mung arupa buku kang wis diêcap lan sumêbar puluhan ewon kèhe, nanging kang luwih wigati: isine buku-buku mau. Isine kang ngandhut piwulang bêcik, amrih rahayuning dumadi, tur basane prasaja, gampang dingêrtèni dening rakyat, apadene piwulange ora nganggo kinêkêr nganggo pêsêmon lan pralambang, nanging klawan têrus têrang blaka suta.

Mula warisane mau sêjatine luwih pêngaji lan luwih migunani katimbang kang awujud raja brana. Turne kang bisa mèlu ngrasakake paedahe mau ora mung warise Ki Padmosusastro marhum bae, nanging kita kabèh kang wis nate maca buku-buku karangane utawa buku-buku karangane para pujangga kang wis ditata basane nuli dibabarake.

Ki Padmosusastro seda ing tgl. 1 Fèbruari 1926, kasarèkake nunggal makame Nyi Boging, garwane, ana ing Kêbon-layu, dikijing mawa kijing watu Mataram kang wis kasadhiyakake dhewe ing sadurung-durunge.

Muga-muga arwahe antuk panggonan kang apik, sarta asmane ora bakal dilalèkake dening para sutrêsna basa.