Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 39–46)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 21–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 31–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
5. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 39–46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
6. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 47–55). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
7. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 56–65). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
8. Cênthini, Sastrakartika, 1932, #468 (Jilid 2: Pupuh 66–69). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 31-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

39. Balabag

1. wontên malih kang dèrèng kasêbut ngarsa | namane | kang rumiyin irah-irahan punika | ulame | kang wontên ing nglêbêting sirah sadaya | manggène ||

2. ingkang nami sirahan tatal wangunan | ulame | daging sae dene kang nami pêthilan | tatale | daging awon pancèn dados darbèkira | gubêle ||

3. ingkang nami thethelan saugi tatal | daginge | abrit pêthak ingkang atut won cucal[1] | sartane | wontên babad dene kang nami cawahan | daginge ||

4. ingkang taksih kêlèt wontên ula-ula | balunge | awit cêngêl dumugi ing pucukira | buntute | ingkang nami olor gajih isinira | balunge ||

5. ingkang nami dhèndhèng gih punika alum | ginawe | tipis-tipis apan lajêng pinêcakan | kaêpe | dene ingkang nama paru gih punika | kêbuke ||

6. sasampune ginodhog lajêng dhinèndhèng | kaêpe | dene dhidhah êrah ingkang taksih mêntah | lajênge | sarinipun [sarini...]

--- 2 : 158 ---

[...pun] dhidhèh kasaring ingirig | ginodhog ||

7. kang saringan winastanan sarèn pêthak | namane | ampasipun winastanan sarèn abrit | de cècèk | cucal kang ginodhog lajêng dèn ris-iris | kaêpe ||

8. ingkang nami krècèk ugi sami cêcêg | kaote | wusing pinepe nulya kaukêp lawan | lisahe | pangolahnya ginorèng krupuk namanya | gurihe ||

9. ingkang nami rambak wontên warni gangsal | cacahe | saking kikil cucal apajalêran[2] | dhigule | myang sayadan agêng kandêle tan rampak | wujude ||

10. ingkang nami gajih topèng wontên badan | sumpinge | dene gajih tiga wêlas warninira | namane | dalêr wadhuk dhadha ginjêl cêcangklakan | tangkare ||

11. ulur jambal impês buncit tênggok limas | pamalang[3] | dene grabyas sayadanira sadaya | gajihe | wus salêsih namaning maesa[4] | srandune ||

12. lagya kèndêl kasaru nyipad mawastra | dhatênge | ingaturan pinarak cakêt Nyi Wisma | lungguhe | sawusira sinambrama myang sinêgah | gantène ||

13. Pujastuti matur mring Padmawastra[5] | têmbunge | uwa kula saèstu mêling sêkaran | diangge | para rencang utawi wayah sampeyan | pangèntèn ||

14. gih sandika ingkang dèn pundhut punapa | namane | o la uwa saèstunè kirang têrang | rikine | lah ta uwa mugi kapangandikakna | warnine ||

15. Nyai Padmawastra lajêng mêdhar sabda | têmbunge | lakung kathah mênggah sêkaran punika | cacahe | ingkang kula aturakên kang wus limrah | kang angge ||

16. sindur wlaka dhasar jiga[6] sèrèt pêthak | kalihe | sindur êmas sèrètipun ijêm dhulang | sanèse | mangkya dhasar gadhung sèrètipun jingga | namane ||

17. klabang ngantup yèn sèrèt wungu gêcolak [gê...]

--- 2 : 159 ---

[...colak] | namane | [...][7] ||

18. panji wilis bilih sèrètipun pêthak | namane | gih punika pandhan binêthot wus têlas | kang sèrèt | mangkya ingkang sêkaran mawi têngahan | namane ||

19. gula klapa têngah pêthak pinggir jingga | kalihe | podhang nucup sari jingga têngah jênar | tigane | pacing tawa têngah jambon pinggir jiga | ing mangke ||

20. pare anom dhasar gadhung têngah jênar | kalihe | gadhung mlathi dhasar gadhung têngah pêthak | tigane | mayang mêkar dhasar gadhung ijêm dhulang | têngahe ||

21. sakawane papasan matêng punika | warnine | dhasar gadhung êbyur têngahipun jiga | malihe | kêmbang kakung dhasar wungu têngahira | pêthake ||

22. ratu bêndu dhasar wungu têngah jiga | katrine | kêmbang waru dhasar wungu têngah jênar | dadare | kêmbang blimbing dhasar wungu ijêm dhulang | têngahe ||

23. paru-paru dhasar wungu têngahira | jambone | kêmbang bênguk dhasar wungu têngahira | birune | dene ingkang winastanan bangun tulak | warnine ||

24. cêmêng êbyur dene ta têngahanira | pêthake | alas kobong cêmêng têngahipun jingga | ing mangke | sasêkaran ingkang warninipun tiga | corake ||

25. puspadara dhasar wungu kêndhit pêthak | têngahe | kuning dadar de panji lênglêng punika | dhasare | wungu sêkar kêndhit biru têngah jiga | kalihe ||

26. panji gandrung dhasar wungu kêndhitira | ijême | têngah jingga gantya malathi salangsang | namane | dhasar gadhung kêndhit pêthak têngah jingga | sêmune ||

27. mantèn anyar dhasar gadhung kêndhit jiga | têngahe | têngah mêmplak dene kang nami badhoga | dhasare | gadhung sêpuh kêndhit jiga têngahira | jigane ||

28. de onêngan gadhung kêndhit wungu têngah | putihe | amiyoyi gadhung kêndhit biru têngah | putihe | amiyègi gadhung kêndhit wungu têngah | ijême ||

29. gunung sari gadhung kêndhit wungu têngah | kuninge | panji wilis [...] êbyur sinèrèt wungu | ritike | tinêngahan [...] pupus iya kêna | pantêse ||

30. mung punika kang wus kaprah [ka...]

--- 2 : 160 ---

[...prah] kangge janma | warnane | kang tan pantês kaagêm kalangkung kathah | cacahe | amung tumrap kaangge sajèn kewala | damêle ||

31. kang wus tumrap sajèn sanadyan pantêsa | diangge | ing têtiyang saèstu kirang prayoga | saene | sing singkiran supadinipun widada | karsane ||

32. sasêkaran tan wontên awisanira | èstune | amung singitan kenging kira-kira[8] | alate | kang sampun mupakat kacriyos dumadya | agême ||

33. para luhur para nataning lalêmbat | dhanyange | măngka wontên ingkang purun-purun jarag | kaangge | kathah ingkang anêmahi tan prayoga | tiwase ||

34. wontên ingkang botên kenging babarpisan | kaangge | iyasaa kewala ugi tan kenging | sanèse | naradipa ugi tan kenging ngagêma | slirane ||

35. muhung kagêm sajèn saking para nata | kenginge | gih punika dara muluk namanira | dhasare | wulung dêlês kêndhit pêthak têngahira | wulunge ||

36. kacariyos punika agêm sri nata | mandhirèng | ardi Lawu ngratoni lalêmbat arga | êrèhe | satunggilnya wastanipun udaraga | dhasare ||

37. tigang warni wungu gadhing têngah jingga | sèrète | wiyaripun tigang nyantun udakara | warnine | pigir jingga nuntên ijêm sorot jênar | birune ||

38. tinon wingit kadya kêkuwung wangkawa | gêbyare | gih punika agêm dalêm pramèswara | dalêpèh | ajêjuluk Kangjêng Ratu Widenăngga | sartane ||

39. agêm dalêm kanjêng ratu ing Tunjungbang | prajane | ing têlêng sagantên kidul punika[9] | kratone | kang anduduk Jêng Ratu Kidul minulya | parabe ||

40. Dudukwuluh

1. bilih wontên dhawuh dalêm sang aprabu | yasa sêkaran kang nami | udaraga dara muluk | ingkang garap kêdah rêsik | ing

--- 2 : 161 ---

jawi miwah ing batos ||

2. pan saèstu lajêng wontên angin agung | maligi ing griya mami | kang garap kadhang sumaput | botênipun lajêng sakit | têrkadhang tumêkèng layon ||

3. mila kêdah angatos-atos saèstu | botên kenging ginagampil | èstu agêng alatipun | paran kang dipun rasani | kula mung cumadhong dhawoh ||

4. Nyai Pujastuti amicara arum | mênggah cacah tuwin warni | atanapi tumrapipun | kêcakape sadayèki | sumăngga uwa kêmawon ||

5. sampun mawi wagugên tyas saha rikuh | rêrêgèn kapanggih wingking | jangji kacêkap kang parlu | kula mangke angaturi | panunbasanipun[10] lawon ||

6. kathahipun salangkung reyal rumuhun | Padmawastra wus atampi | myang sinagahan sadarum | kasaru wau kang prapti | Nyai Sriyatna wus lunggoh ||

7. Pujastuti ngancarani manis arum | măngga dikaporèng ngarsi | lami ulun ayun-ayun | punapa sami basuki | Nyai Sriyatna lingnya lon

8. pandongamu iya băngsa dharah ayu | nahên para tamu sami | sadaya atur rahayu | Nyai Sriyatna nanggapi | iya padha karahayon ||

9. Pujastuti wus mingsêr dènira lungguh | sarta angaturi aris | bok cilik bilih panuju | winantu dhanganing galih | badhe damêlipun bruwok ||

10. rèhning kula dèrèng sumêrêp satuhu | bab sarat amangun kardi | sajèn ing sasamènipun | bucalan mule kandhuri | sadaya punika borong ||

11. dhuh bok cilik ngandikakna wrêdinipun | kula lajêng nyadhiyani | Nyai Sriyatna lingnya rum | iya aja walangati | lah mangkene [mang...]

--- 2 : 162 ---

[...kene] kang wus klakon ||

12. sadurunge ngadêgakên ingkang tarub | sumur sajroning capuri | lan sakiwa têngênipun | kabèh sarad diclêmplungi | krambil satabone wutoh ||

13. lan pêndhêman iku parlokna rumuhun | ing ngarêp regol kang jawi | myang ngarêping pintu-pintu | kang kambah anambutkardi | tuwin têngah latar kono ||

14. lan ing dlanggung prapatan ing bakalipun | ingambah benjang yèn mulih | marang omahe kang jalu | barêng kalawan buwangi | kabèh iku dikalakon ||

15. kang pêndhêman arupa lênga nyêgêndul | kalawan atigan pitik | kêmiri kang gêpak jêndhul | kluwak dhêle kacang ruji | gêrèh pêthèk ampo uwos ||

16. dhuwit amung saprapat tan kêna langkung | dadi siji diwadhahi | ing êmpluk anyar tinutup | ing bendha kang anèng takir | jênang abang baro-bare[11] ||

17. gêcok mêntah matêng sêkar gantalipun | dhog pitik bêras kêmiri | kluwak dhêdhe artanipun | saprapatan kacang ruji | padha lan pêndhêman rêko ||

18. salamêtan adêge têtarup mau | rong ambêng sêga luluti | lan rong ambêng sêga wuduk | nêm ambêng asahan nasi | golonge rorikur dhojo ||

19. jajan pasar dhawêt rujak wadhah katut | pêcêl pitik jangan mênir | lêmbaran jagoan pingul | jênang abang putih baning | lawan jênang baro-baro ||

20. jongkong inthil gêdhang ayu suruh ayu | pinêpakan abonnèki | jambe gambir bako apu | ujud pasrahna mring naip | sayêktine uwus wêroh ||

21. sajèn awit ambêlèh maesa iku | panggang tumpêng krambil siji | jajan pasar ayya kantun | gula krambil jodhog kêndhi | kalasa pandhan sawiyos ||

--- 2 : 163 ---

22. tindhih dhuwit suwang saprapat puniku | ingkang kok anggo sêsulih | sarat linggih gigiripun | mesa sawuse tinali | iku kudu nganggo prabot ||

23. kêmbên bangun tulak sinjang tuluh watu | kêlambingne[12] wulung laking | gendhong têtêl nganggo payung | klasa ginêlar ing gigir | nuli lininggihan gupoh ||

24. karo jawab mangkene ing têmbungipun | Ki Gubrêg panyuwun mami | momongamu dakgo mantu | bisaa babar brêkati | sarta turah karahayon ||

25. sajèn adang manut dêge dandangipun | dandang siji sajèn siji | panggang tumpêng klapa wutuh | jajan pasar jodhog kêndhi | gula klapa tangkêp wutoh ||

26. gêdhang suruh saprabote ayu-ayu | kalasa pandhan sawiji | rong wang saprapat artèngku[13] | arahên rambah ping katri | dandang binorehan klomoh ||

27. wusing adêg kakutugan yya kalimput | ing pawon mangkono ugi | sabên wus dadi kang latu | ayya lali anyêmplungi | mênyang mring cangkême pawon ||

28. sajèn gêdhong bêras ing mangke winuwus | panggang tumpêng krambil siji | klasa pandhan bêras payung | jajan pasar gula krambil | lawe kêndhi lawan jodhog ||

29. jadah wajik gêdhang ayu suruh ayu | sarangkène jungkat suri | kaca kêmbang borèh arum | mênyang nganggo tindhih dhuwit | rong uwang saprapat wutoh ||

30. sajèn pawon gêdhong ulam gêdhong sêkul | gêdhong dhaharan gêdhong sirih[14] | lawan sajèn găngsa agung | sajèn paturon pangantin | cacah warnane tan seos ||

31. panggang tumpêng jajan pasar krambil wutuh | jadah jênang gula krambil | kêmbang borèh mênyanipun | kaca cilik jungkat suri | klasa pandhan kêndhi jodhog ||

32. suruh ayu saprantine kêmbang ayu [a...]

--- 2 : 164 ---

[...yu] | rong wang saprapat kang tindhih | têkan ing sapasaripun | amung rambah kaping kalih | utama luwih ping pindho ||

33. sajèn majang patanèn jro jaba iku | panggang tumpêng pitik urip | klapa wutuh cacahipun | kabèh iku ngloro iji | kalawan rong kati uwos ||

34. lênga kawang uga amung roro gêndul | klasa pandhan têlu iji | panganan tumpang ping têlu | jajan pasar jungkat suri | kaca mênyan sêkar konyoh ||

35. gêdhang ayu suruh ayu jambe ayu | ênjêt mênthur gambir kuning | jadah wajik pondhoh biru | padha tinikêla sami | pring sadhapur inthil jongkong ||

36. lêr-ulêran kalêpon gimbal cêngkaruk | palèrèt srabi bang putih | pindhang antêp kalakipun | pêcêl pitik jangan mênir | pitung jodho sêga golong ||

37. sêga wuduk kêmbaran ayam kang wutuh | gêrèh cuwi mung sarakit | rong wang saprapat artèku | lan sadhiya mayang wangi | miwah sêsarangan suroh ||

38. iku suruh bakal tin cêthikan apu | lawan lètrèk têlu warni | kêmbangan pacing tawèku | papasan matêng lan malih | jru dêmung pandhan binêthot ||

41. Jurudêmung Sura

1. mayang jambe lawan sêdhah | sawuse tutul-tinutul | lan lètrèk tri warna wau | winiru ingkang prayoga | canthèlna cancinganipun | patanèn de kang pinatah | majang milih dyah kang sêpuh ||

2. sajèn garenda winarna | pagang tumpêng klapa wutuh | jadah jênang pondhoh biru | satangkêp gula kalapa | gêdhang ayu suruh ayu | sabumbune pamucangan | jungkat suri kaca timur ||

3. lênga sundhul ing ngawiyat | jajan pasar kêmbang campur | mênyan lawan borèh arum |

--- 2 : 165 ---

jodhog kêndhi klasa pandhan | tindhih arta ayya kantun | kèhe rong uwang saprapat | iku mung sapisan uwus ||

4. sajèn adus bakal ngantyan | rambah kaping pindho amung | tumpêng robyong aranipun | kalawan tumpêng janganan | jajan pasar gêdhang ayu | suruh ayu saananya | kêmbang mênyan borèh arum ||

5. tindhihe uwang saprapat | patêlêsan lawon pingul | kêmbang sataman yya kantun | iku kang kinarya siram | wusing adus sinantunan | kabèh saranduning badan | iya lawan remanipun ||

6. sajèn paès rong rambahan | sarambahane winuwus | panggang tumpêng krambil wutuh | pitik urip gula klapa | jadah jênang pondhoh biru | kêmbang borèh jajan pasar | gêdhang ayu suruh ayu ||

7. langkêp saadune pisan | jungkat suri kaca timur | lênga sundhul mega biru | tindhihe salawe uwang | anadene linggihipun | kalasa pasir kang rembyak | talèmèkira cinatur ||

8. godhong kluwih alang-alang | godhong apa-apa iku | lawan godhong kara umus | jarik ămba myang sumêkan | bêncik ing sapêntêsipun | lètrèk ingkang warna-warna | kang pêpak kêmbanganipun ||

9. opahe rong reyal suwang | patang reyal gunggungipun | ingkang dianggo sadarum | klambi jarik kang sumêkan | kabèh dadi darbèkipun | nyai tukang juru pahyas | sapangadêg badanipun ||

10. bakal pangantène lanang | mung kinêrik alisipun | yèn brêngos uga cinukur | tanapi kakêtêpira | kinêrig godhèg pinatut | sajèn talèmèke padha | mung sapisan bae uwus ||

11. sarta ora nganggo opah | amung klambi jarik [ja...]

--- 2 : 166 ---

[...rik] sabuk | iku dadi darbèkipun | kang ngêrig pangantyan priya | lan sajèn tlèmèk sadarum | nanging datanpa suruhan | panganan lan iwak sêkul ||

12. amung wedang lan panganan | de tukang paès dyah mau | suguhe wedang kang patut | iwak panganan rinampat | sêkul pêthan panjang punjung | binarkat dadi rong jodhang | kang samuwa wujudipun ||

13. nahan sajèning paningkah | panggang tumpêng klapa wutuh | gula krambil ayam idhup | pondhoh wajik jadah jênang | jajan pasar borèh arum | kêmbang mênyan suri jungkat | kêndhi jodhog kaca timur ||

14. suruh ayu sabumbunya | satangkêp kang pisang ayu | lênga sundhul langitipun | lawe lan kêkalih cikal | rong wang saprapat tindhih mung | sabêruk bras klasa pandhan | sakacu kang lawon pingul ||

15. sanggan sarakit warnanya | patang tangkêp gêdhang ayu | suruh ayu abênipun | sarwa wêtahan sadaya | pari kisi agêl kapuk | lênga sundhul langit jungkat | suri kaca dom majèku ||

16. asêm kuning mênyan kêmbang | borèh arum ayya kantun | anyêtugêl lawenipun | artane nyalawe uwang | mori putih kanggo tutup | tinata dadi sawadhah | poma ayya na kalimput ||

17. klasa pandhan linambaran | mori putih têlung kacu | linggihan paningkahipun | suguh pangulu binêrkat | rampadan lempar sadarum | tumpêng siji ingkang pêthak | iwak rampadan rongpuluh ||

18. panganan olah-olahan | pala pêndhêm simpar gantung | akèhe [akèh...]

--- 2 : 167 ---

[...e] uga rongpuluh | kabèh winadhahan jodhang | pragating ningkah dèn usung | ingkang bali amung jodhang | lawan wadhah sanggan mau ||

19. panêbus sadiyanana | winadhahan ingkang patut | satangkêp gêdhang kang ayu | suruh ayu saha bênyan | pari kisi agêl kapuk | lênga sundhul ing ngawiyat | mênyan kêmbang borèh arum ||

20. jungkat suri êdom waja | satangkêp gula klapèku | asêm kunir lawenipun | tindhihe salawe uwang | sêrbèt putih tutupipun | dinokok nèng pondhokira | êgone pangantèn kakung ||

21. yèn wus ngajêngakên panggya | iku angkate panêbus | tinampan ing biyungipun | kang gawa padha wanodya | milih kang sêmbada sêpuh | yèn wis katampên Nyi Wisma | pangantèn anulya pangguh ||

22. pamasange kang tuwuhan | sadurunge nyantri iku | kêmbang mayang rong rakit wus | kang dawêgan uga papat | kuncunge nanas rêmucuh | ingkang sarakit pinasang | cakêt patanèn pinatut ||

23. lamun anglêbokkên ngomah | kudu mêtu lawang agung | kang nampani pra dyah sêpuh | nyuwun ingkang sawab bêrkah | kang widada sugih sunu | de kang sarakit pinasang | nèng pondhoke mantèn jalu ||

24. têmbe têmune ginawa | anjajari anèng ngayun | ingêmban kakêmbên sindur | ingkang ngêmban janma lanang | tumêkane ngarêp pintu | tinampanan pra dyah wrêda | pinasang sapantêsipun ||

25. sapasar ingkang pangantyan | kuncung kêmbar mayang mau | nanas kang wayah rêmucuh | rinujak lawan dawêgan | awan satangine turu | pinangana sakalihan | watêke gêlis sasunu ||

26. pinasang cêlak kobongan | rara blonyo diyan sèwu | kêndhi roro isi banyu |

--- 2 : 168 ---

kalêmuk loro kang kêmbar | kang sawiji isi banyu | têmpuran kali bêngawan | dene ta sajuganipun ||

27. isi bêras miri kluwak | kêmbang mênyan borèh arum | dhuwit salawe wang wutuh | têmbe kanggo salamêtan | kandhuri sapasaripun | kalêmuk ro tinutupan | lètrèk gadhung mlathinipun ||

28. palinggihaning pangantyan | kang ginêlar ngarêpipun | patanèn dhêdhasaripun | godhong kluwih apa-apa | alang-alang dhong karèku | tinutupan klasa pandhan | nulya tèmplèk sinjangipun ||

29. pangantèn wadon lan lanang | banjur klasa batu alus | kumuda kang dadi tutup | sinêbaran sêkar-sêkar | campur bawur arum-arum | lan dhuwit salawe uwang | gêbêgan ingkang gumêbyar ||

30. kacang kawak dhêle kawak | iya iku kacar-kucur | klasa pandhan ingkang alus | dinokokan bêras jênar | kacang dhêle sêkar arum | dhuwite salawe uwang | kang rêsik gêbêganipun ||

31. wilujêngan majêmukan | midadarèni puniku | mênêng bêdhug ing pangêpung | mêmule jêng nabi duta | rasulan bêbasanipun | sêga wuduk rong ambêngan | lêmbaran rong wadhah wutuh ||

32. pitik wadon pitik lanang | ingkang timbang gêdhenipun | gorengan dhêle karupuk | lombok kêncur lawan uyah | wuku ginêrus kang alus | kêmbang kanthil putih jênar | kutug borèh arum-arum ||

33. lan mêmule sanggyanira | lêluhure èstri jalu | sêga golong jêjêripun | jangan mênir pêcêl ayam | jangan padhamara iku | kalawan iwak rancaban | iwak dharat kali laut ||

34. pêpanganan warna-warna | pala pêndhêm simpar gantung | kang mêntahan kang kinulup [ki...]

--- 2 : 169 ---

[...nulup] | lah-olahan warna-warna | kêtan kolak ayya kantun | apêm kocor apêm abang | sêkar borèh ratus arum ||

35. slamêtan sawusing ningkah | kirim donga pra lêluhur | sêga asahan kèhipun | limang ambêngan yya kurang | sêga golong sêga wuduk | jangan mênir pêcêl ayam | lêmbaran èstri lan jalu ||

36. jênang putih lawan abang | miwah jênang baro-baro | jajan pasar ayya kantun | kêmbang borèh lawan mênyan | dhuwit dadya slawatipun | rong uwang luwih saprapat | kang pêpak borampenipun ||

37. brokohan sawise panggya | padha lan slamêtanipun | sauwise nikah mau | Pujastuti aturira | dhuh bok cilik kula gumun | de tan wontên kaliwatan | wijiling wuwus barubul ||

42. Mijil

1. iki êbèng isih anamaning | kang durung kawiyos | salamêtan lawan isarate | Pujastuti aturira aris | sarwi angênjoki[15] | pangunjukanipun ||

2. langkung wêlas kula aningali | dharan taksih wutoh | lawan wedang tan wontên kalonge | prayogine sami dèn rahabi | kalihan sinambi | amêdharkên tutur ||

3. kyai juru lan pra tamu sami | sadaya anjomblong | miyarsakkên Sriyatna akale | dhêdhaharan rinusak cinamik | myang minum wedang tih | wênèh mucang udud ||

4. Nyi Sriyatna amêdharkên malih | anakmu si dhenok | gawèkêna bantal jumputane | kanggo turu sawuse apanggih | besuk lamun mulih | iku aja kantun ||

5. lawan ponjèn isi anggi-anggi | winadhahan kanthong | dhewe-dhewe gyanèng kanthong gêdhe | lan guwangan besuk ulihnèki | sabên angliwati ||

--- 2 : 170 ---

ing kali puniku ||

6. rupa pitik sawiji kang cilik | kêmbang mênyan konyoh | miri kluwak kalawan bêrase | wadhahana dumadi sawiji | mênèk tan na pitik | êndhok bae cukup ||

7. sapasare kudu dislamêti | sêga wuduk golong | sêga punar bêras ingkang anèng | ing kalêmuk uworna kang radin | salawe wang dhuwit | kanggoa ing tuku ||

8. pirantine sêga têlung warni | yèn tan cukup êjog | nanging kudu mangkono sarate | lan jênanga susum juruh krambil | diratakke maring | kang padha têtulung ||

9. lan pangantèn sabrayatirèki | kang padha kalêson | kabèh iku amung nirokake | kang wus klakon duk ing nguni-uni | bangsaning lêluri | ujaring pra sêpuh ||

10. gumarubyug ingkang prapta maning | lurah èstri ing jro | kyai juru gupuh pamapage | Cêbolang Mad Têngara gya mijil | para lurah sami | ingaturan wangsul ||

11. Pujastuti mapag anèng kori | ingancaran gupoh | samya lênggah banjêng thèrèk-thèrèk | saha atur pambagya basuki | sadaya mangsuli | gih samya rahayu ||

12. sawusira sinunggata sami | Nyi Wisma lingnya lon | babo para mitra sadayane | mugi samya dhangankên panggalih | têmpuking pakardi | ing panuwun ulun ||

13. kaparênga sami biyantoni | inggih gotong royong | nindhihana pakaryan salire | among bukti pawon sadayèki | among sokanandi | nyêpêng uwos sêkul ||

14. among bikang made amajibi [ama...]

--- 2 : 171 ---

[...jibi] | ing dhaharan gêdhong | manisan myang olah-olahane | nyi mong talijiwa amajibi | dhaharan wohandi | ing sasaminipun ||

15. nyi mong kahwa ingkang amajibi | gêdhong wedang manggon | among sêdhah amajibi gantèn | mong usada ingkang amajibi | lolohan tanapi | tapêl ratus pupur ||

16. pangunjukan kang mawa gi-anggi | pokak sêrbat êpos | imanadhêm myang adu limane | bêras kêncur tuwin êbir manis | sri awan kang saking | pohan pisang kluthuk ||

17. among gănda ngasta awêwangi | lisah sêkar konyoh | inggih anggèr yya sumêlang tyase | sêkar buntal kangge benjing panggih | gombyok ingkang kêris | tuwin tutup gêlung ||

18. gajah ngoling kanggo ngantèn èstri | miwah karang mêlok | ulun atur pasumbang badhene | ukêl èstri myang gombyok kang kêris | kula nyadhiyani | siyang sontênipun ||

19. Pujastuti nuwun aturnèki | malih wacana lon | among suka nata lêlangêne | măng drawina ingkang mangagêngi | mênggah sadayèki | myang cadhonganipun ||

20. nyai suka rêna among tami | mong busana manggon | among ngantèn nyêpêng dadosane | ngiras pantês ingkang busanani | kang sinungan ing ling | nyagahi sadarum ||

21. tandya mangarsa Rara Mustari | lampahira alon | anyêlaki marang ing ibune | matur ririh gonku caos bukti | ing jêro myang jawi | ibu uwis rampung ||

22. Pujastuti nulya ngancarani | sadaya kemawon | kula turi dhahar sawontêne | para tamu samya ananggapi | gya dhahar nèng gadri | guyup sarju imul ||

--- 2 : 172 ---

23. jroning bukti Sriyatna lingnya ris | rèhning wayah ingong | pambarêp pambukak kawah rane | panisête apa wus nêtêpi | Nyai Pujastuti | alon aturipun ||

24. nuwun ingkang kawula tampèni | warni pao-pao | isi arta kalih sami talèn | supe lintring pangantèn kêkalih | sinjang lurik bathik | anyatugal namung ||

25. kang sumêkan lêmês myang binathik | sami anyawiyos | pisang ayu saabon-abone | dharan jadah pondhoh jênang wajik | lah-olahan nênggih | pêpak warninipun ||

26. pêcêl ayam jangan mênir mranti | sêkul dipun golong | amêpêki dharan woh-wohane | pala pêndhêm kasimpar mênuhi | botên wontên malih | anamung puniku ||

27. warninipun lamaran punapi | aparinga dhawoh | kang supadi sagêt nitisake | Sriyatna ngling bubak kawah nini | lamaran kang mêsthi | iki warninipun ||

28. suruh ayu lawan pisang kuning | bon-abon mirantos | gambir ênjêt bako lawan jambe | gula krambil lawe jungkat suri | lênga sundhul langit | kaca sêkar rapuh ||

29. kêbo roro babon angrêm kalih | sawung wiring loro | banyak roro dandang kêndhil kèncèng | klênthing kêkêp pêngaron nyawiji | sadaya dêmbagi | myang bêkakasipun ||

30. arêratêng iyan angi ilir | kukusan rok-erok | ulêk-ulêg susuk lan enthonge | solèt irus tumbu tenggok cêthing | lamun nganggo dhuwit | nèng kanthong pinikul ||

31. jarik lurik bathik sarta bêncit | morine saêmblok | êmpon-êmpon tan agi-anggine | bumbu-bumbu ingkang amêpêki | brambang uyah trasi | ing sasaminipun ||

32. pêcêl pitik [pi...]

--- 2 : 173 ---

[...tik] lawan jangan mênir | sêgane ginolong | lombok terong padha sawitane | bêras kacang kadhêle karambil | têbu sak ronnèki | kayu wali kukun ||

33. amung iku datan ana maning | kaelingan angong[16] | Pujastuti dhêku lon ature | numplak ponjèn punapi gih mawi | Sriyatna mangsuli | asru gujêngipun ||

34. anak ragil iku ingkang mawi | ing sarat mangkono | numplak ponjèn mangkene gupane | kanthong saka suwekan mawarni | isi anggi-anggi | sêkar campur bawur ||

35. bêras kuning dhuwit warni-warni | dhit igaran ngantos | têkan ringgit êmas dene kèhe | tan winangên ing sasukanèki | pangantèn wus panggih | si biyung mangayun ||

36. nèng ngarêping patanèn alinggih | anglumpukkên gupoh | anak-anak kalawan mantune | wus pinêpak kanthong sinuntak glis | rinayah pangantin | anak tuwin mantu ||

37. Pujastuti nalika miyarsi | manthuk-manthuk jomblong | e lah êmbok cilik mèh kasupèn | kacar-kucur sampuning tinampi | kadèkèk ing pundi | paran prêlunipun ||

38. uworêna klêmuk ingkang isi | arta lawan uwos | uga kanggo ing salamêtane | têmbe sapasare kang pangantin | sajèn lênga krambil | iku ya kalêbu ||

39. nutug gènnya kakêmbulan bukti | sawuse linarod | mring pawingking rame suwarane | pamucangan sumaos mangarsi | nahan para tami | gya pamit umantuk ||

40. wus bubaran para kadang èstri | jawi winiraos | kyai juru sak anak putune | kadang warga karerehanèki | wusing adum kardi | nulya bukti nutup ||

41. wusing bukti linilanan sami | sowang-sowang aso | Mas Cêbolang Mat Têngaranne[17] | lajêng dènnya samya nyambutkardi | tan kalilan mulih | maring pondhokipun ||

42. bakda ngisa sabubaring bukti |

--- 2 : 174 ---

lungguh wisma kulon | Mat Têngara Cêbolang rowange | kyai juru angandika aris | anak cara Jawi | akèh rangkènipun ||

43. Mas Cêbolang matur mangênjali | ing pangraos ingong | sampun tlêsih kang wontên tan cèwèt | kadi ingkang winêdharkên dening | ing Sriyatna Nyai | siyang kalawau ||

44. iya kulup nanging ana maning | kang kudu linakon | têmbe lamun dhauping pangantèn | yèn wus têkan sangarêping kori | kang lanang nèng jawi | wadon nèng jro pintu ||

45. gya balangan gantang kang pinardi | gathuk lawang gupoh | ingkang wadon anyandhak sikile | ngantèn lanang nulya dèn wisuhi | we sataman wangi | sarat mêcah gupuh ||

46. tigan ayam sawiji nèng kori | nulya ngantèn wadon | kanthèn asta kalawan kakunge | têkèng ngarêp patanèn gya linggih | pangantèn kang èstri | gya ngujung mring kakung ||

47. wusing ngujung mantèn lanang nuli | minggah maring kobong | nulya kacar-kucur iku rane | yèn wus kacar-kucur bali linggih | bapakne kang èstri | anêngahi gupuh ||

48. tandya mangku pangantèn kêkalih | bokne tanya alon | abot êndi bobote bapakne | ingkang mangku anyaur ririh[18] | padha bae nyai | tanna bedanipun ||

49. wusing mangku mijil amanggihi | para ingkang jagong | kang wajib ingabêktèn pangantèn | dèn aturi umanjing mring panti | pangantèn ngabêkti | marang tamu kakung ||

50. lan ngabêkti marang tamu putri | lan mring bapa êmbok | yèn pangantèn dhudha lanangane | ingkang wadon misih prawan sunthi | nalikane panggih | balangan wus rampung ||

51. gathuk anèng samadyaning kori | sakaroron dhodhog | ingkang lanang anyêkêl tumpêre [tu...]

--- 2 : 175 ---

[...mpêre] | ingkang wadon gupuh anyirami | kalamun kapanggih | misan pêrnahipun ||

52. ingkang lanang isarate mawi | macul pipisan prok | lamun awu tuwa wêwadone | ingkang lanang isarate mawi | macul tumpêng putih | nèng ngarêping pintu ||

53. yèn wong andhap olèh putri inggil | darahe sang katong | nalikane lumaku angangge | mandhi lawung ligan amantêsi | têkane taritis | ing pandhapa uwus ||

54. nalikane pangantèn lumaris | badhe ayun panggoh | pan kinanthi ing kanan keringe | èstri jalu nganggo watang sami | anggawa tapsirih | lan paidonipun ||

55. wusing têmu ing wancining guling | tinurokkên kobong | cinolokan iku ing sarate | kaping têlu ing dalêm sawêngi | Cêbolang miyarsi | gumuyu aguguk ||

56. adhi Amat napa sagêt guling | dene nêmbe panggoh | tuwin napa sagêt ngena-ngene | pasthi rikuh ajrih miwah isin | Mat Têngara angling | ing saèstunipun ||

57. gih makatên nanging mung saratri | kang mawi cinolok | siyangipun tuwin salajênge | kunir pita kucing ing wanadri | nèng sênthong kinunci | kantun nêmu kuwuk ||

58. wontên malih kang ngisin-isini | bilih wus kalakon | senapati abêdhah kuthane | enjingipun sakalihan sami | sarêng dèn sirami | dening pra dyah sêpuh ||

59. patilasanipun sinjang putih | sarta mawi loloh | dlima pêthak binucal isine | jinantunan kêmukus jênitri | mung nyajodho sami | lawe kang nèng tangsul ||

60. botên mawi pinipas-pinipis |

--- 2 : 176 ---

kang jalêr kemawon | ingkang mamah yèn wus wor idune | linalohkên dhatêng ingkang èstri | gathuk abên jibir | tigang crutan sampun ||

61. Mas Cêbolang galêgês lingnya ris | katujune ingong | tan tinitah dadi wêwadone | iba-iba ênêkku ing ati | idu nganggo jampi | gèk riyake katut ||

62. sawusira wanci lingsir katri | ki juru lingnya lon | bêcik aso sesuk nyambutgawe | Kyai Juru gya umanjing panti | kang tinilar guling | kadi mêndêm pucung ||

43. Pocung

1. sabên ari kang nambutkarya lumintu | ki juru pinarak | anèng èmpèring pandhapi | anampèni ature kang lumaksana ||

2. anyêdhahi paningkah myang panggihipun | kang cakêt ing ngarsa | kaum wus amunggah kaji | nanging taksih karan anak pakoniyah ||

3. sambi dangu marang pakoniyah wau | ujubing slamêtan | mêmule myang donganèki | awit tarup tumêkane salapanan ||

4. aturipun lujêngan adêging tarub | ujub amêmulya | ki agêng tarup inguni | myang lêluhur saking èstri saking priya ||

5. kang sêmara siti tuwin kutu-kutu | walang wong antaga | kang dèn ambah sadayèki | mugi sami anêbihna sambekala ||

6. anyêlakna ing suka raharja sarju | kadugèn sakarsa | dunganya mulyakkên kyai | agêng tarup kalihan salamêt donga ||

7. wilujêngan midadarèni majêmuk | ujub asung dhahar | Jêng Gusti Nabi sinêlir | dalah garwa putra wayah myang sakabat ||

8. ing pangiwa asung dhahar sanggyanipun | para widadara | tuwin para widadari | brêkahana midadarining pangantyan ||

--- 2 : 177 ---

9. sapanginggil tulusa suka rahayu | yya na kara-kara | donganipun rasul tuwin | donga slamêt cêkap kêkalih punika ||

10. wilujêngan sabibaring ningkahipun | ujubipun donga | tuwin mêmule sanggyaning | pra lêluhur saking èstri saking priya ||

11. kang sêmara siti tuwin kutu-kutu | walang wong antaga | kang dèn ambah sadayèki | atêbihna saking ing beka sangkala ||

12. anyêlakna ing sênêng suka rahayu | kadugèn sakarsa | donganya slamêt bidini | saha mawi donga tawil ngumurana ||

13. wilujêngan brokohan sasampunipun | panggihing pangantyan | ujubipun nyumêrêpi | sadhèrèke pangantèn èstri lan priya ||

14. ingkang lair nunggil sadintên puniku | mugi andongakna | lastantun sarta basuki | donganipun tawil ngumur myang raharja ||

15. wilujêngan inggih ing sapêkênipun | pangantèn ujubnya | mêmule kang smara siti | amêmule kang dipun ambah sadaya ||

16. myang kadange pangantèn èstri lan jalu | lawan dintên sapta | pêkênan gangsal kang mugi | anyêlakna kacêkapan suka wirya ||

17. alêstantun raharja sanginggilipun | yya na sambekala | donganipun sami ugi | muhung slamêt lawan tawil ngumurana ||

18. wilujêngan salapanan warninipun | tumpêng jêjanganan | jênang pêthak jênang abrit | jênang baro-baro tuwin jêjajan pasar[19] ||

19. arta wajib kalih wang saprapatipun | wujub amêmulya | dhatêng kang sêmara siti | nyumêrêpi sadhèrèking pun pangantyan ||

20. èstri jalu ingkang lair sarêngipun | anjumurungana | kadugèna ing sakapti |

--- 2 : 178 ---

suka wirya winantua karaharjan ||

21. kadlajadan amintir rêjêkinipun | drêman sugih putra | donganya tawil ngumuri | lawan donga salamêt datan tinilar ||

22. ingkang tulus lampahi sadangunipun | inggih mung punika | ki juru ngandika aris | rèhning lumrah prayoga anglêstarèkna ||

23. laminipun nambutkarya tan cinatur | wus aparipurna | sadaya pan sampun rakit | kang pinatah nyanyêpêng ingkang pakaryan ||

24. èstri jalu nêtêpi rêmbag kang sampun | iyêg abipraya | tan ana cêngil-cinêngil | wêwakêting ari dhatênging sumbangan ||

25. ambarubul datan ana kêndhatipun | gya kêbo giro angangkang[20] | pra èstri tinampèn nyai | para jalêr kyai juru kang anămpa ||

26. sêgahipun ulam dhaharan wedang sêkul[21] | sawusing sinêgah | mantukipun dèn sangoni | binêktaknan panganan myang sêkul ulam ||

27. ing arine dhatênging lamaranipun | ki juru pinarak | anèng madyaning pandhapi | kadang warga sawatara anèng ngarsa ||

28. dhatêngipun wanci sadèrènging bêdhug | sadaya pinarnah | ngèmpèr pandhapi kang kering | nyai juru mêdal pinarak pandhapa ||

29. ingkang ngirit wusing matur prêlunipun | kanthi srat pratelan | nulya sunggata lumadi | wedang dharan gantèn êsês wangi ngambar ||

30. nyai juru sakalihan kyai juru | nampèni priyoga | miturut isarat nênggih | cinacahkên cocoge lawan pratelan ||

31. sampun rujug anêtêpi criyosipun | ing nguni Sriyatna | sawusing binujakrami | ing wangsulan pamit mantuk linilanan ||

32. ri dhatênging anyantri kiyai juru | miwah kadang warga | pinarak têngah pandhapi | bakda [ba...]

--- 2 : 179 ---

[...kda] marib badhe pangantèn dhatêngnya ||

33. carabalèn umyang lawan găngsa agung | amungêl ladrangan | praptèng palataran aglis | ingancaran laju pinarak pandhapa ||

34. wusing tata kang minăngka kami sêpuh | nyêlak mring Ki Wisma | masrahkên badhe pangantin | wus tinampan anulya asung pambagya ||

35. paring bage pangantèn sarowangipun | sêgahan mangarsa | wedang êsês gantèn wangi | Kyai Wisma manis wijiling wacana ||

36. lah sumăngga sami kaparênga ngunjuk | pasunggata wedang | miwah êsês gantèn wangi | kang sinung ling angrahapi pasunggatan ||

37. wusing nginum wêdang êsês gantèn arum | ki juru wacana | rèhning sampun sawatawis | prayogine aso dhatêng ing pondhokan ||

38. sampun aso maring ing pondhokanipun | ki juru tan obah | misih pinarak pandhapi | angêntosi dhatênge para ngulama ||

39. ingkang ayun tilawat Kurane tajug | sinambi ngandikan | mungguh wong adarbe kardi | ingaranan ewuh-ewuh sayêktinya

40. dene ingkang têka basane martamu | têgêse yya kurang | pangaksama angrahapi | manggung ingkang darbe wisma myang sêgahan ||

41. pamikirku mungguh wong darbe karyèku | yèn uwis kacêkap | iya kang limang prakawis | dhihin gone laluguhan kang kapenak ||

42. pindho rupan kang bêcik nyênêngkên kalbu | ping tri pamirêngan | kang kapenak piniyarsi | kang ping pate kabèh suguh kang mirasa ||

43. kaping lima dèn barêsih manahipun | ayya katempelan | hawa kang ngrêgêti ati | katingala wênês manising wadana ||

44. krama alus ingkang marêkkên ing kalbu | pra tamu kawratan | panêmbrama narambahi | ing pangarah padha suka pirênaa [pi...]

--- 2 : 180 ---

[...rênaa] ||

45. gya kasaru pra ngulama dhatêngipun | pinarak plataran | laju ingirid mring masjid | nèng sarambi lajêng atilawat Kuran ||

46. kyai juru nèng sarambi tumut darus | langkêp sunggatanya | rampung tilawat kêndhuri | wus bibaran mantuk samya bêkta brêkat ||

47. wangsul maring ing pandhapa kyai juru | para kadang warga | misih pêpak nèng pandhapi | nulya prentah anênatap kang gamêlan ||

48. nguyu-uyu midadarèni puniku | ki juru ngandika | kabèh para kadang mami | awanuha lan anakku Mas Cêbolang ||

49. para kadang kulawarga sadaya wus | abagya-binagya | rukêt lir wus wanuh lami | nora măntra yèn lagi nêmbe kapanggya ||

50. kyai juru tanya mring kabayanipun | ingkang padha makat | marang pasarean talil | apa uwis padha lapur marang sira ||

51. lawan ingkang sowan ki lurah pangulu | nyuwun kêtip ingkang | ningkahake benjing enjing | lan palilah gon ingsun nabuh gamêlan ||

52. ki kabayan mangênjali matur sampun | klampahan sadaya | ki juru ngandika malih | mring Cêbolang anak iki cara praja ||

53. sadurunge kalakon in parlunipun | tinartamtu nyadran | kalawan nahlilkên maring | pra lêluhur kang wus sumare sadaya ||

54. anyênyuwun idi pangèstu rahayu | yya na kara-kara | sajroning amangun kardi | lastaria kadi èsthining wardaya ||

55. abdi dalêm kêtip kang ningkahkên sesuk | panabuhing găngsa | utawa ananggap ringgit | nanging nganggo talèdhèk pan ora kêna ||

56. iku kudu nyuwun lilahing pangulu | Ki Cêbolang turnya | kadiparan sababnèki |

--- 2 : 181 ---

wit kajuron bêbasane têngah-têngah ||

57. kawadanan suyut maring ing pangulu | ananging kalilan | nganggo caraning priyayi | sawatara jangji tan narêjang karam ||

58. kajabèku panganggoku lan ibumu | umanjing isarat | bêbêt tapih kudu sami | lawan sabuk iku padhane sumêkan ||

59. awit bêlèh jarik kudu tuluh watu | kêmbêng bangun tulak | amidadarèni iki | jarik bathik taruntum sindur sumêkan ||

60. sesuk têmu jarik cakar kêmbênipun | iku mayang mêkar | wising têmu jarik lurit | corak kêpyur kakêmbêne pacing tawa ||

61. sapasaring pangantèn apan tinamtu | jarik kêmbang jarak | kêkêmbêne sêmèn tritis | nanging aku anganggo sabuk bandhoga ||

62. Mas Cêbolang gèdhèg-gèdhèg sarwi matur | tobil langkung kathah | sarat-sarat cara Jawi | iya kulup sapuluh kinapakêna ||

63. gone nata majêmukan uwis rampung | payo padha mangan | mêngko sawuse abukti | rèh wus mêdhêng prayoga padha bubaran ||

64. sigêg dalu enjinge ingkang cinatur | nikahe pangantyan | mung para sêpuh nênggani | sore panggya tamunya kalangkung kathah ||

65. kyai juru miwah para among tamu | tan ana kèndêlnya | dènira abojakrami | para tamu jalu èstri sukarêna ||

66. sarta rahap rumêsêp sanggyaning suguh | tan ana kuciwa | bibaring bojana nênggih | boya nana kang nêdya madal pasilan ||

67. tamu èstri wangsul palênggahanipun | para tamu priya | dènnya lênggah nèng pandhapi | sasukanya amrih ecaning wardaya ||

68. miyarsakkên ungaling pradăngga arum | sinambi ngandikan |

--- 2 : 182 ---

[...] miyarsi | ingkang sami kojaha [...] ||

69. pan riningkês raroncèning ningkah pangguh | sajèn myang isarat | tuwin lampah-lampahnèki | traping karya miwah ingkang [...] ya ||

70. sadaya wus tan ana kuci [...] | [...] ruting sunggata | patraping pamboja [...] | [...] rut mathis arum manis lir sarkara ||

44. Dhandhanggula

1. tamu kakung ingkang mangagênging | Kyai Pangulu Ahmad Kategan | kalawan sapanêkare | pujangganing praja gung | Ki Tumênggung Sujanapuri | panèwu mantri dêmang | panglawe nêlung jung | sêsêg dènnya kakojahan | apêpanthan samya sênê[22] amiyarsi | ing crita awarna-warna ||

2. ki pangulu mêdharkên turuning | letul kadri ing wulan Ramêlan | lamun ri Akat tanggale | malêm ping pitu likur | tumuruning laetul kadri | yèn Sênèn nanggalira | malêm sanga likur | lamun Salasa kang tanggal | malêm kaping salawe tumurunnèki | ingkang laetul kadar ||

3. lamun ari Rêbo tanggalnèki | malêm pitu likur tumurunnya | kalamun Kêmis tanggale | malêming têlu likur | tumuruning laetul kadri | yèn tanggale Jumungah | malêm sanga likur | yèn ari Sabtu tanggalnya | malêm kaping sanga likur turunnèki | ingkang laetul kadar ||

4. kêtip candhana umatur aris | kyai lurah muga aparinga | sasêrêpan wêwijange | mujijat kramatipun | myang mangunah istijrat nênggih | paran ta bêktinira | angling ki pangulu | kang ingaranan mujijat | kasêktène sanggyaning kang para nabi | pangwasa saking suksma ||

5. kang ingaran karamat sajati | kamulyaning [kamulya...]

--- 2 : 183 ---

[...ning] sagung waliyolah | kasantikan [...] | putus samohanipun | de mangunah kalu [...] | para mukmin kang êkas | pitulung Hyang Agung | istijrat pa [...] | mring wong kapir sulap kêmat ngèlmu singkir | ka [...] na wong kopar ||

6. panitike kang băngsa [...] | bedanira lawan janma êngam | kang kaya a [...] ye | ana ngalamatipun | aoli [...] nêm kèhnèki | kang dhihin kang jrih lapa | de [...] ingsun | maring arip nora wêgah | kaping têlu wuda nora wigah-wigih | saking cakêt kaping pat ||

7. kaping lima tan ajrih ngêmasi | kaping nême sabarang tan wêgah | mring samèng dumadi kabèh | iku panêgranipun | sagung ingkang para linuwih | matur kêtip candhana | pintên kathahipun | darajating waliyolah | ki pangulu pangandikanira aris | sakawan cacahira ||

8. kang rumuhun drajading jêng wali | badanira pribadi tan wikan | lamun wali satuhune | myang janma liyanipun | uga wêruh yèn iku wali | dene ping kalihira | pribadi tan wêruh | lamun tuhu waliyolah | janma dhiryan sadaya sami udani | anganggêp wali nyata ||

9. kaping têlu darajating wali | badanira pribadi uninga | kalamun wali yêktine | nging janma liyanipun | nora wêruh yèn iku wali | ping pating kang darajat | jêng waliyolah hu | badane dhewe tan wikan | janma liyan uga tan sinung udani | kang a [...] mung Pangeran ||

10. amung iku ing pangawruh ma [...] | [...] tanne musanip ing Arab | kang wus tak wêdhar [...] kabèh [ka...]

--- 2 : 184 ---

[...bèh] | lah adhi kêtip arum | [...] cariyosnèki | duk kala Nabi Mu [...] | Nabi Balayabin makam | na [...] | [...] p aturira aris | makatên [...] ||

11. Nabi Musa ngrêrêp aturnèki | dhuh pukulun anuwun wêwulang | kang prayoga sabarang rèh | Nabi Kilir ngling arum | yèn upama andika mijil | mring ngajawining praja | arsa namur laku | sampun sring asalah karya | anèng marga sayêkti pan botên bêcik | ambatalakên lampah ||

12. sampun agung lungan tanpa kardi | yèn tan wontên parlune linakyan | sayêktine tanpa gawe | nora mupakat iku | lawan ayya sêmbrana asring | gumuyu suka-suka | tan pênêt puniku | yèn tan măngsa kalanira | sukan-sukan yèn tan sawataranèki | siniku ing Hyang Suksma ||

13. lan malihe andika tingali | mring wong kang lagya nandhang duraka | umat kang akèh dosane | sampun dahwèn amuwus | dosanipun kathah pribadi | graitanên ing driya | ayya ge kawêtu | têka kèndêla kewala | lamun wontên wadyanira ingkang sisip | dèn agung apuranta ||

14. yèn anaa wong kang laku nyilip | sampun pati opèn salah karya | amêlèhakên cêlane | malar dèn bisa namur | angalingi cêlanirèki | poma dèn kalêksanan | ing wêwêling ingsun | Jêng Nabi Musa noraga | aminta sih andhêku nuwun turnèki | inggih mugi angsala ||

15. cuthêl sampun botên wontên malih | ki pangulu aris angandika | adhi sak ontê[...] [ontê...]

--- 2 : 185 ---

[...[...]] | kinarya cagak lungguh | kêtip arum mèsêm turnya ris | pun kakang kêtip iman | kala winginipun | nèng sarambi maos sêrat | nyariyoskên nalikanira sang mulki | nagari ing Bagêdat ||

16. namung sakêdhap kula miyarsi | lajêng kabêlêt arsa wawratan | katungka mahrip wêdale | lakung gita tyas ingsun | mila mangke kapasang yogi | wontên karsaning lurah | kêtip iman muwus | inggih adhi kang dadya tyas | pangrêsahe Sri Nata Bagêdad nagri | makatên darunanya ||

17. kacarita wontên răndha miskin | Nyi Kalimah griya têngah wana | kalangkung kathah mendane | satunggal dintên nuju | angèn minda kapanggih janmi | èstri endah ing warna | cahyanya sumunu | tinakenan tan prasaja | pinangkanya miwah ingkang asêsiwi | nama Siti Mariyam ||

18. cêkakipun wus dèn ambil siwi | sabên dintên kinèn angèn menda | wontên ratu gung prajane | Bagêdat sudibya nung | ambabêdhag maring wonadri | ingiring wadyakuswa | praptaning wana gung | umiyat wanodya endah | sakalangkung kumênyut tyasnya sang aji | dadak gandrung kasmaran ||

19. pinapakan andangu sang aji | hèh ta rara kowe bocah apa | dene ana ngalas ijèn | lan sapa wong tuwamu | Siti Maryam kagyat ing galih | umatur saha nêmbah | Maryam wasta ulun | anakipun Nyi Kalimah | răndha miskin damêlipun mêrês kambil | griya têngahing wana ||

20. Sang Aprabu Bêgêdat duk myarsi | sakalangkung eraming wardaya | mèsêm manis andikane | dhuh sang pindha hèr laut | sakirane apa marêngi | upama mèlu mring wang | mungguh pangiraku | mirit ing ngèlmu

--- 2 : 186 ---

wirayat | kang marahi dhangkal lêngus têka mamring | kang ana mung prasaja ||

21. gêr ginuyu rowangira linggih | kêtip arum galêgês lingira | dene sumêrêpe nêmbe | Sri Bagêdad puniku | têka paham sranduning dhiri | kêtip iman lingira | inggih bêtèkipun | supadi angsal lorokan | lah ta dawêk kakang prèhpun lajêngnèki | gih adhi lajêngira ||

22. Siti Maryam sarêng amiyarsi | dhawuhipun Sri Nata Bagêdad | mung prasaja aturane | dhuh gustiku sang prabu | kêkasihe Sang Maha Suksci | mugi linêpatêna | sagunging bêbêndu | awit saking jrih kawula | mring pun biyung bokbilih dipun srêngêni | têmah dhêdhêr duraka ||

23. dene bilih pun biyung marêngi | ulun èstu andhèrèk sakarsa | sri nata sru sukèng tyase | payo iridên ingsun | mring wismane renanirèki | Siti Maryam tumulya | sêsingir swara rum | mendanira wus ngalêmpak | cinacahkên jangkêp anulya giniring | sapraptanira wisma ||

24. Siti Maryam ngling mring biyangnèki | lah punika wontên tiyang prapta | kalangkung kathah tiyange | ayun pinanggih biyung | Ni Kalimah sarêng ningali | kalangkung ngunguning tyas | sangêt ajrihipun | sang nata alon ngandika | hèh ta nini sira ayya bela tampi | manira atêtanya ||

25. apa sira bokne bocah iki | Ni Kalimah grago aturira | inggih inggih saèstune | puniku anak ulun | ingkang dados têlênging ati | paran ta karsanira | lan sintên wong bagus | rencange kalangkung kathah | sri narendra ngandika [nga...]

--- 2 : 187 ---

[...ndika] yèn takon mami | Naranata Bagêdat ||

26. Nyi Kalimah gupuh mangênjali | saha matur nyuwun pangaksama | sakèhe kaluputane | hèh nyai yèn panuju | anakira Si Maryam iki | sun pundhut dumadia | garwèngong satuhu | kathah dènnya amiluta | mrih pakolih nyi răndha sumanggèng kapti | amung anyuwun dinar ||

27. sawawrate ing sutanirèki | duk tinraju lawan uwang êmas | tigang unta dumugine | kalih dasa untèku | maksih awrat Siti Maryami | nyi răndha aturira | gusti sampun sampun | tumraping jasat kawula | donya kathah tambah angribêt-ngribêti | kèndêl dènira mawrat ||

28. Maryam sampun binêkta narpati | sapraptaning praja di Bagêdat | têtêp ngrênggani purane | laminya tan cinatur | sampun darbe putra kêkalih | kang sêpuh sinung parab | Abubakar luhung | ginadhang gumantya nata | arinira Siti Kalimah marêngi | nahên ta pramèswara ||

29. minta idi arsa tuwi maring | ingkang rama dhumatêng ing Mêkah | sang aprabu ngandikane | sira pajar maringsun | anakira Kalimah Nyai | ing mêngko sira arsa | tuwi wong tuwamu | bêcik sira sajarwaa | babo sapa kang yêyoga sira yayi | Dyah Maryam matur nêmbah ||

30. sèwu-sèwu apuranta gusti | bilih mangke nyuwun pangaksama | datan sagêt ngaturake | têmbe manawi sampun | kula bêkta sowan sang aji | kadang uwa piyambak | tiyang sêpuh ulun | graitèng tyas sri narendra | wus linilan ambêkta putra kêkalih | de manggalaning lampah ||

31. mantrimuka wadyakuswa ngiring | wus samêkta kalilan umangkat | tan kacriyos ing lampahe [la...]

--- 2 : 188 ---

[...mpahe] | sipêng madyèng wana gung | sirêp janma kiyai patih | têkiyur manahira | ijajil kêkuwung | lumêbêt mring unggyaning sang | pramèswari lagya angêloni siwi | ki patih angrêrêpa ||

32. manuhara mrih lunturing kang sih | sri drayinta kalangkung ngrênggana | asru pamurih èngête | ki patih mêksa bêrung | malah-malah ngajrih-ajrihi | anganggar ing jambia | bilih botên nurut | putranta têkèng palastra | langkung eram pramèswari datan irip | putra gya jinambia ||

33. wus ngêmasi binêkta mring jawi | gya pinêtak tan ana kang wikan | wanci byar tata barise | lajêng ing lampahipun | pan kasaput ing ratri malih | sipêng madyaning wana | kadi ingkang sampun | jinaganan wadyakuswa | lingsir ratri sadaya wus samya guling | patih èngêt gêndhila ||

34. amanggih ing sang dayinta malih | ingkang lagya angêloni putra | ki patih mêksa ature | gusti manawi lumuh | datan wande putranirèki | ulun jambia pisan | kadi kang rumuhun | pramèswari ing tyas panggah | lingira ris apa sakarsanirèki | Allah tan kasamaran ||

35. kyai patih wus tan nêdya eling | putra ingkang lagya kinêlonan | jinambia pranajane | ludiranya sumêmbur | kapisanan nulya ngêmasi | Mariyam yun cinandhak | gya malumpat gupuh | lumajêng anasak wana | eblis lanat wus ngigati kyana patih | kaduwung rawat waspa ||

36. kunarpanya risang rajasiwi | wus binêkta singidan pinêtak | langkung ribêt bingung tyase | umêdal akalipun | bêngok-bêngok sarwi anangis | kagyat kang wadyakuswa | samya ting

--- 2 : 189 ---

bilulung | adhuh kănca katiwasan | pramèswari kalawan sang rajasiwi | katri minăngsa sima ||

37. kunarpane datan ana kari | wadyakuswa sadaya sungkawa | tambuh-tambuh ing polahe | ki patih asru muwus | apa manèh ingkang pinikir | kabèh ayya na susah | lupute nèng aku | pra wadya asrêp ing nala | payo nuli budhalan bali mring nagri | ukume sri narendra ||

38. ingsun dhewe ingkang anglampahi | wus budhalan ingkang wadyakuswa | wangsul maring ing prajane | sadaya arawat luh | maras-maras tyas kêtir-kêtir | dumuginipun praja | ki patih lumêbu | praptèng ngabyantarèng nata | ngraup pada mêgat pêgat ngasmarani | waspa drês marawayan ||

45. Asmaradana

1. dhuh gusti sri narapati | amba atur pêjah gêsang | sumanggèng karsa sang katong | saking cacading dinuta | angatêr sang dayinta | sarêng dumugi wana gung | nèng ngriku manggih bêbaya ||

2. nênggih wontên sima katri | lumêbêt nêdha sang rêtna | măngsa garwa putra katong | garwa tuwan tuwin putra | seda minăngsa sima | wadya uning sampun rampung | sima wau panêdhanya ||

3. lêngêr-lêngêr sri bupati | sapandurat tan ngandika | kalangkung ngungun galihe | ginagas-gagas ing driya | èngêt ing garwa putra | sru dahat duhkitèng prabu | sang nata sangêt udrasa ||

4. wus pinupus lawan takdir | biningkas budi tawêkal | sinèndhèkkên mring kang gawe | sirna ilang kang sungkawa | linuting panarima | pan wus karsaning Hyang Agung | puluh-puluh kadi paran ||

5. mring êndi gon ingsun mikir | kawula darma lumampah | nora bisa obah dhewe |

--- 2 : 190 ---

yèn mungguh karêpi janma | tan ana nêdya susah | kabèh bungah kang kinayun | tandhane karsèng Hyang Suksma ||

6. dene ta bungah sakalir | Allah tan kêna pinrentah | mung ngagêm karsane dhewe | kaya ngapa gone selak | lamun mèria liyan | kang jinurung ing saumur | sathithik sungkawanira ||

7. wus pasthi tan bisa mèri | sabab kuwasane Suksma | tinitah kadi mangkene | nanging ta rèhning kawula | tan uning takdirira | bêgja cilaka tan surup | marmanta taksih istiyar ||

8. yèn mung karana ing takdir | marma maksih amêminta | bok kaparêng ing Hyang Manon | mugi tuwan ambukaa | sumpêking manah amba | dhuh gustyamba nyuwun tulung | paduka langkung kuwasa ||

9. kang anglimputi sakalir | atas nèng astèng Pangeran | kang mêngkoni sakabèhe | mugi Allah nglambangana | maring garwa sutamba | dhuh gustiku Sang Maha Gung | amba dahat nangis tuwan ||

10. tan wontên ingkang kaliling | mung tuwan têlênging driya | kang sagêt bengkas salire | marmamba tan sêdya oncat | mung anut karsèng tuwan | sanadyan mung karsèng dudu | mring pundi gon ingsun minggah ||

11. dhuh tuwan rabil ngalamin | kita mung nuwun apura | sagung lêpat amba kabèh | kasat mata lan kang samar | rèhning ulun tan wikan | kang uninga mung Hyang Agung | mula muhung tangis tuwan ||

12. pamintamba maring gusti | rèhning kawula tiyang ngam | tan kuwawi cobèng Manon | mung nuwun sakuwat amba | sampun tuwan sinungan | ing dunya kalangkung agung | bokbilih amba tan kuwat ||

13. nuwuhkên têkabur gusti | tuwin sampun pinaringan |

--- 2 : 191 ---

kakiranga kakekate | bokbilih amba tan kuwat | dadya ngarsulèng tuwan | mung sêdhêng kewala nuwun | lah sampun tuwan sinungan ||

14. susah ingkang sangêt gusti | tan kuwawi raosing tyas | bubrahkên manah kang sae | lan sampun tuwan sinungan | bingah kalangkung ngêkat | bokbilih amba têkabur | katarisik mring kuburan[23] ||

15. tyas ingsun kadi wong dlêming | dene Allah sun pranata | sun purih manut tyas ingong | pan wus pasthi nora bisa | Allah pan ora karsa | maring êdad liyanipun | beda kita karêp tuwan ||

16. pangomyang amba puniki | amung saking sangêt susah | dadya sawêtu-wêtune | nanging mungguh yêktinira | wus karsaning Hyang Suksma | rêbut dhucung ing tyas ingsun | tan bisa ngowahkên kodrat ||

17. dadi mung bingung tyas mami | tambuh-tambuh kang sinêdya | kajaba glundhung Hyang Manon | awit kabèh ciptaningwang | lawan prihatin kita | lan sakrêntêking tyas ingsun | kabèh iku tanpa pedah ||

18. mung cumadhong karsèng Gusti | apa kang dèn têkdirêna | yaiku pasthi anane | tanpa gawe pinikira | jaba mung suhul tuwan | bokmanawa tuk pitulung | sabab Allah sipat rahman ||

19. kawula wungsal-wangsuli | pangrêsahe sri narendra | katungka marib wêdale | dèrèng kula lajêngêna | cariyos Sri Bagêdat | kilap kadadosanipun | lampahanipun ki patya ||

20. kakang kula nyuwun uning | bapakipun Siti Maryam | adhi Ngabdullah namane | têdhak Kurès nagri Ngarab | kênèng pangomandaka | dinakwa jina puniku | lawan Ki Sangit namanya ||

21. anulya utusan siwi [si...]

--- 2 : 192 ---

[...wi] | sadhèrèke Siti Maryam | Sèh Abubakar namane | sapraptanirèng ing wana | tan têgêl mêjahana | Abubakar tandya mantuk | matur yèn wis pinatenan ||

22. manthuk-manthuk kang sinung ling | kêtip iman cariyosnya | sigêg gantya winiraos | ingkang cakêt jêjagongan | lawan Kyai Rasika | jru kunci ing Glagaharum | tinimbang amêdharêna ||

23. cariyosipun Sang Aji | Ngamarta Sri Darmawăngsa | paran baya darunane | dene sumare ing Dêmak | kubur kalangkung panjang | Kyai Rasika lingnya rum | kabar makatên purwanya ||

24. nalikanira ing nguni | mekrate natèng Pandhawa | mawi srana pêjah obong | Yudhisthira Sri Ngamarta | Rahadèn Wêrkudara | Janaka myang arinipun | kalih Nangkula Sadewa ||

25. nênêm garwanya sang aji | Yudhisthira ing Ngamarta | Dyah Drupadi jêjuluke | kasapta Wara Sumbadra | dayintèng Danangjaya | Dyah Kunthi kawolunipun | kang ibu katri Pandhawa ||

26. criyos padhalangan ringgit | ginrêba wus sami pêjah | amung satunggal kang dèrèng | gih punika Darmawăngsa | muksanya mring kaendran | dalah ing saraganipun | praptaning ing suralaya ||

27. pinanggihan Hyang Pramèsthi | tinanya darunanira | Hyang Guru pangandikane | hèh titah ulun Ki Darma | sira mulih mring jaman | langgêng ing salaminipun | têka nganggo badan wadhag ||

28. apa sira boya mawi | lantaran tumamèng wongwa | Yudhisthira matur alon | dhuh hyang hyang kang kinawasa | anitahkên kawula | kauningana pukulun | kula ugi malbèng wawa ||

29. abipraya èstu nunggil | lawan kadang garwa lena | wus sampurna sadayane | nanging mung ulun piyambak | ka

--- 2 : 193 ---

botên sagêd sirna | dhuh sang hyang hyanging pukulun | wontêna apurèng tuwan ||

30. ambirat sagunging sisip | Hyang Odipati ngandika | hèh Yudhisthira sang katong | ing samêngko karsaningwang | sira bêcik balia | marang ing ngarcapadèku | yèn raganta durung sirna ||

31. apan boya sun lilani | mulih maring ing kaswargan | sabab kaswargan yêktine | panggonan kang luwih mulya | sarta suksci sadaya | nadyan kabèh titah ingsun | manungsa kang tinggal dunya ||

32. padha mulih marang pati | iya pasthi tinggal raga | wus badan alus arane | mula kaki prabu sira | samêngko durung kêna | munggah marang ing swarga gung | nêmbah lèngsèr sri narendra ||

33. wangsul ngarcapadha[24] malih | tumindak mangalèr nêdya | amêmati sarirane | lajêng agêbyur samodra | sumilêm praptèng dhasar | nanging mêksa datan lampus | laminya nêm atus warsa ||

34. lagyantuk sasmitèng Widhi | tinuduh kinèn martapa | nèng Majapait tlatahe | dumununga têngah wana | Glagahwangi winastas[25] | wus pinêsthi ing Hyang Agung | dados jalaran antaka ||

35. nahan Sri Yudhisthiraji | miturut wasita tama | mêntas saking samodra lon | nêtêpi ingkang pitêdah | jênêg amangun tapa | prabawa ratu linuhung | ing Galagahwangi wana ||

36. katingal singup awingip | singite kalintang-lintang | janma sato mara layon | mila tanna wani ngambah | gawat kaliwat-liwat | sabên ari kêmul pêdhut | manthêr tejaning kusuma ||

37. jaman Majapait akir | sanggyaning kang waliyolah | amurwa yun yasa kraton | prênah Glagahwangi wana | punika nagri Dêmak | utusan babati gupuh | ewon kang sami tumandang ||

38. binababat enjing [e...]

--- 2 : 194 ---

[...njing] rêsik | sontênipun angrêmbaka | awit sontên pababate | enjing pulih angrêmbaka | tan ana pedahira | kadya dhinangir rinabuk | kawêkèn kang nambutkarya ||

39. abipraya rêmbagnèki | tur uning Sunan Sètmata | ing Girigajah kêdhaton | kang umintar wus lumêpas | prapta atur uninga | madya ing wusananipun | dènira ambabat wana ||

40. Sunan Giri wusing tampi | ature kang babat wana | animbali Sunan Lèpèn | cinunaka mariksaa | ngiras dadya pangarsa | sawusira tampi dhawuh | kapungkur giri kadhatyan ||

46. Pangkur

1. praptèng têpi Glagahgănda | Sunan Lèpèn uluk salamira glis | assamungalaekum | sanalika kawus sirna | papêdhut kang anawêngi ing wana gung | satêmah katingal padhang | jêng sunan nulya umanjing ||

2. ngidêri sajroning wana | dupi rawuh madyaning wana wêrit | uning janma agêng luhur | manthêr sunaring teja | lawan janma samangke gêng luhuripun | kintên-kintên tikêl tiga | dhiwut-dhiwut wulunèki ||

3. rema gimbal kuku panjang | lênggah manggèn sangandhaping waringin | sela gilang tlèmèkipun | patrape dènnya lênggah | suku têngên jegang kang kiwa saluku | sarwi sasèndhèn mandera | astanira ingkang kering ||

4. tumumpang ing pundhak kanan | asta kanan gêgêm siti pinundhi | wontên ing sanginggilipun | pilingan ingkang kanan | Sunan Lèpèn tandya amêrpêki gupuh | manêmbrama manuhara | urmat asung salamnèki ||

5. nanging datan winangsulan | Yudhisthira mandêng kewala naming | Sunan Kali kèndêl jêtung | ngunandikèng wardaya | datan dangu katuwuh osiking kalbu | kinira-kirèng wardaya | baya wong Buda

--- 2 : 195 ---

puniki ||

6. jêng sunan sampun widagda | têmbung Buda dènnya asung pambagi | mênggah mangke têmbungipun | dhuh kang nêmbe kapanggya | kula nilakrama kisanak satuhu | sintên jêjuluk sampeyan | tuwin kawijilan pundi ||

7. punapa ingkang sinêdya | dene lênggah nèng wana tanpa kanthi | miwah ing pasêmunipun | kadi nandhang sungkawa | kang tinanya mangrêtos lajêng umatur | ugi cara basa Buda | makatên jarwanirèki ||

8. o ênggèh kiyai sanak | jêngandika satuhu wus udani | lêrêsing tyas tan kalimput | kula Ki Yudhisthira | kawijilan saking Ngamarta rumuhun | duk ing nguni jaman Buda | misih Brama kang agami ||

9. Jêng Sunan Kali duk myarsa | langkung ngungun nulya têtanya malih | kisanak kala rumuhun | mlampah damêl punapa | walèh-walèh punapa kala rumuhun | sayêktosipun kawula | jumênêng sri narapati ||

10. ngadhaton nagri Ngamarta | Yudhisthira inggih jujul mami[26] | balik sampeyan sang luhung | ing wingking kang pinăngka | lan ing ngajêng sêkang sinêdya nirèng ing kalbu[27] | miwah sintên kang sinambat | dhuh Yudhisthira Sang Aji ||

11. andangu nami kawula | Sunan Kalijaga kalêbêt wali | saking tlatah Majalangu | ing giri Gajahpura | dhatêng kula saèstune dipun utus | Sunan Giri lurah amba | parlu kinèn mariksani ||

12. kawontênane kang wana | dene têka wontên ingkang dahwèni | damêl wilalat satuhu | mring tyang kang sami babat | sampun kula salasah ing wana kêmput | sonya tanna kara-kara | muhung andika pribadi ||

13. mangsuli Ki Yudhisthira | mangke mangke ta mangke Sunan Kali |

--- 2 : 196 ---

wangune arsa babêndu | andakwa raganingwang | andak mawas damêl wilalat tan sarju | babo botên pisan-pisan | mênggah gèn kula nèng ngriki ||

14. botên sawêk sapunika | sampun lami nglampahi pitêdahing | sasmita nalika ulun | tapa dhasar samodra | laminipun ngantos ênêm atus taun | ujaring wasitotama | kinèn tapa wontên ngriki ||

15. pasthi antuk kang sinêdya | ingkang sagêt jalari pêjah mami | sabab ing satuhunipun | kula sêdya ngupaya | ing margining sagêd dhumatêng ing lampus | duk miyarsa jêng susunan | katingal pasêmon manis ||

16. sumèh wijiling wicara | nulya tanya têmbung amêrês ati | dhuh mitra gusti sinuhun | sabab saking punapa | sariranta tan sagêt tumêkèng lampus | mèsêm risang Yudhisthira | lah makatên Sunan Kali ||

17. kala ulun winisudha | madêg nata lajêng dipun paringi | jêjimat dening dewa gung | nama kalimasada | ingkang ugi awarni pustaka jamus | dumugi ing sapunika | taksih kula pundhi-pundhi ||

18. prathistha ing asta kanan | malah-malah sampun saklangkung lami | asta tan sagêt tumêlung | miwah tan sagêt mêgar | Sunan Kali kataman aturing prabu | sangsaya pangunguning tyas | wasana têtanya malih ||

19. mênggah ungêling sêratan | ing jêjimat punika kadi pundi | kalawan suraosipun | dhuh Sunan Kalijaga | kula inggih inggih ing sayêktosipun | sampun kang ngantos sumêrap | ambikak kewala ajrih ||

20. jalaran dhawuhing dewa |

--- 2 : 197 ---

namung kinèn ngangge jêjimat pripih | mila kula jrih kêlangkung | bilih nguninganana | Sunan Kali mèsêm ngandikèng jro kalbu | iki wong bodho walaka | nadyan ngêrti nanging wêdi ||

21. dhuh sinuhun Yudhisthira | mênggah wontên tiyang ingkang kadugi | ngungêlkên jajimat wau | punapi pinasangna | angsal malih nanging darbe jangji ulun | mugi dipun mangrêtosna | suraose kanang tulis ||

22. saha sagêt angêlarna | tangan ulun kang wus lami kumancing | Sunan Kali ngandika rum | suwawi cinobia | ngulungakên jajimat pustaka jamus | nahan sami sanalika | waluya kadi ing nguni ||

23. ngulungakên asta mêgar | jimat sampun tinampèn Sunan Kali | binuka suraosipun | sinuksmèng ing wardaya | tamat pamaos ingkang pustaka jamus | Jêng Sunan Kali ngandika | he Yudhisthira Narpati ||

24. sampeyan mugi sumrêpa | milanipun jimat dipun wastani | inggih kang pustaka jamus | têgêsipun punika | layang rupa irêng tulisira pingul | mila ran kalimasada | kalimah sahadad yêkti ||

25. kalimah sadat samangkya | wus kalampah dèn agêp dèn ugêmi | dene tiyang ingkang sampun | manjing agama Islam | miwah dipun wastani agama rasul | sarengat punika măngka | baboning ngèlmu sajati ||

26. asal saking nabiyolah | Gusti Kangjêng Nabi Rasullolahi | kêkasihira Hyang Agung | tuhu ingkang kinarya | dutaning Hyang panutup nabiyolahu | ugêr tyang agama Islam | saha sampun putus maring ||

--- 2 : 198 ---

27. ngèlmu tamtu kang winawas | saraosing kalimah sahadati | dumadi êning tyasipun | sagêd sampurnèng pêjah | mantuk maring ing ajal kamulanipun | ing ngriku Sang Yudhisthira | langkung trusthaning panggalih ||

28. nahan lajêng puruhita | mring sang wiku Kangjêng Susunan Kali | winulang sahadat wau | ugêr ingkang sampurnan | winêruhkên ing jênênging uripipun | jêng sunan pamêjangira | sadaya sampun katampi ||

29. wruh sadurunging dumadya | datan samar dènira wus dumadi | was-uwas wus tan kawuwus | amêpês ing pamawas | têtêp uwus amanjing gana Islamu | têtêp tatas naratas tyas | tumètès sampurna titis ||

30. rumaos yèn sagêd pêjah | sarta pêjah ing sajroning ngaurip | sangêt ing pamundhinipun | winantu analăngsa | ayun nêmbah astanira sawêg nguncup | makidhupuh anèng ngarsa | Sunan Kali duk udani ||

31. gupuh dènnya nampèl asta | kipa-kipa tan arsa dèn bêktèni | pinarêng wacana arum | sampeyan sampun nêmbah | dhatêng ulun sanadyan kaanggêp guru | nanging dlajat ulun andhap | luhur dalajating aji ||

32. kados paduka punika | inggih lêrês suhunan nama mami | ananging saèstunipun | drajat wali kewala | wali wau jaman purwa saminipun | para rêsi myang pandhita | dados bêkti ta sang aji ||

33. sêdhêng salaman kewala | Prabu Darmakusuma ananggapi | nulya sêsalaman gupuh | sawusing sêsalaman | sri narendra Yudhisthira alon matur | dhuh sinuhun guru kula | rèh mangke ulun wus tampi ||

34. sabda jatining kamulyan | sêdya ulun sagêda angaturi | wêwalês [wê...]

--- 2 : 199 ---

[...walês] ingkang linuhung | nanging tan darbe srana | mung punika wontên barang darbèk ulun | sapele sangêt tan măntra | bilih kaparêng ing galih ||

35. kula aturkên paduka | Yudhisthira jumênêng buka pêthi | ingkang linênggahan wau | isinipun karopak | mawa gambar katri wêwayanganipun | satunggal Sri Baladewa | kalih Natèng Darawati ||

36. tiga Arya Wrêkudhara | kanthi sastra pèngêtan duk ing nguni | kalih lampahan winuwus | satunggal pratelanya | lampahaning Arjuna nalika dhaup | angsal Dyah Wara Sumbadra | putri Madura nagari ||

37. kadang Baladewa Krêsna | rinarêngga dening Hyang Odipati | kajêng klêpu dewadaru | katêlah têkèng mangkya | sabên wontên pangantyan rinêngga agung | tamtu mawi kêmbar mayang | jaman purwa kang pinirit ||

38. kalihan pratelanira | kala Nata Pandhawa mangun jurit | sakadang warga sadarum | mêngsah Sri Suyudana | sakadange sata Korawa angêbyuk | jabêl praja ing Ngastina | Pandhawa ugul ing jurit ||

39. winastan prang Bratayuda | kinanthenan angsal silah tumrah ing | Pandhawa myang para ratu | ingaturakên sigra | mring Sinuhun Kalijaga sadayèku | langkung sukanirèng driya | gambar tri wus dèn priksani ||

40. tanya maring Yudhisthira | sintên ingkang gadhah wayangan katri | ingkang ginambar puniku | satunggal-tunggalira | Prabu Darmakusuma lajêng umatur | kang sarta mawi pratelan | agêng miwah inggilnèki ||

41. tatiga ingkang ginambar | wus pratela kadi kasêbut ngarsi | tanya malih jêng sinuhun | nahan ta karsa paran | asung gambar dalah ing saprabotipun | sastra cariyosing Buda | kumambang matur sang aji ||

 


Kurang satu suku kata: abrit pêthak ingkang atut wontên cucal. (kembali)
Kurang satu suku kata: saking kikil cucal lan apajalêran. (kembali)
pamalèng. (kembali)
Kurang dua suku kata: wus salêsih namaning maesa ika. (kembali)
Kurang satu suku kata: Pujastuti matur maring Padmawastra. (kembali)
jingga (dan di tempat lain). (kembali)
§ kirang. (kembali)
Kurang satu suku kata: amung singitan kenging kakira-kira. (kembali)
Kurang satu suku kata: ing têlênging sagantên kidul punika. (kembali)
10 panumbasanipun. (kembali)
11 baro-baro. (kembali)
12 kêlambine. (kembali)
13 artèku. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: gêdhong dhahar gêdhong sirih. (kembali)
15 angêjoki. (kembali)
16 ingong. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: Mas Cêbolang lan Mat Têngarane. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: ingkang mangku anyauri ririh. (kembali)
19 Lebih satu suku kata: jênang baro-baro tuwin jajan pasar. (kembali)
20 Lebih dua suku kata: kêbo giro ngangkang. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: sêgahipun ulam dharan wedang sêkul. (kembali)
22 sênêng. (kembali)
23 § Ingkang sampun kula sumêrêpi mungêl: katrècèt ing pakuburan. (kembali)
24 ngarcapada. (kembali)
25 winastan. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: Yudhisthira inggih jêjuluk mami. (kembali)
27 Lebih dua suku kata: lan ing ngajêng sinêdya nirèng ing kalbu. (kembali)