Cênthini, Kapustakan Jawi Purbacarakan, 1953, #1287 (Pupuh 25–42)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, Kapustakan Jawi Purbacarakan, 1953, #1287 (Pupuh 01–24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, Kapustakan Jawi Purbacarakan, 1953, #1287 (Pupuh 25–42). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 20-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

KATERANGAN

Ingkang Sinuhun Pakubuwana V nalika taksih jumênêng Pangeran Adipati Anom, rêmên sangêt dhatêng sêrat-sêrat. Tandhanipun mèh sadaya damêlanipun Kyai Yasadipura II, punika dumados saking dhawuh dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Wontên malih ingkang dumados saking dhawuh dalêm kangjêng gusti, inggih punika Sêrat Cênthini.

Mênggah isinipun Sêrat Cênthini wau warni-warni sangêt, kados ta: bab agami Islam, bab ngèlmu, bab gêndhing, jogèt, dintên awon sae, sêkar (têmbang), olah-olahan Jawi, lêlucon, crêmêdan, saha cacriyosanipun satunggal-tunggaling panggenan. Wondene anggènipun nyariyosakên wau moncèr sangêt, ingkang lucon inggih sakatogipun, ingkang crêmêdan inggih sasayahipun, ingkang ngèlmon inggih ngantos kandhas. Cêkakipun sami-sami sêrat Jawi, Cênthini punika mêgah-mêgahakên.

Kacariyos nalika pandamêlipun wau ingkang nggarap priyantun kathah, ingkang bab agami Kyai Pangulu Tapsir Anom, ingkang bab gêndhing abdi dalêm dêmang niyaga kiwa têngên, ingkang bab crêmêdan dipun jênêngi kangjêng gusti piyambak. Dene bab panggarapipun: Kyai Yasadipura II kalihan Kyai Ranggasutrasna. Ingkang bab cariyosipun satunggal-tunggaling panggenan, punika kangjêng gusti utusan nyatakakên lajêng dipun cathêti: kados ta kawontênan ing pucaking rêdi Lawu, rêdi Kidul, sapanunggilanipun.

Babonipun Sêrat Cênthini punika nama Jatiswara. Sêrat wau lajêng dipun karang malih, dipun gêlar ngandhar-andhar, dados Sêrat Cênthini, nalika taun Jawi 1742 sinangkalan: paksa suci sabda ji.[1]

(Kapustakan Jawi Purbacarakan)

--- 1 : [0] ---

TJENTHINI
> Jav. Encyclopaedie I

--- 1 : [0] ---

TJENTHINI

[Grafik]

Cênthini
TJENTHINI I
TJENTHINI II
TJENTHINI III
TJENTHINI IV
TJENTHINI V
TJENTHINI VI
TJENTHINI VII
TJENTHINI VIII
TJENTHINI IX
TJENTHINI X
TJENTHINI XI
TJENTHINI XII
TJENTHINI XIII
TJENTHINI XIV
TJENTHINI XV
TJENTHINI XVI

TOKO BUKU "SADUBUDI" - SOLO

--- 1 : [0] ---

ISINIPUN SERAT TJENTHINI JILID I WETAH.

1. Nyariyosakên Sèh Walilanang ngajawi, njujug Ampèlgadhing, lajêng kapundhut mantu Ratu Balambangan, jumênêngipun Sunan Giri: I, II, III, kalurugan saking Majapait, bêdhahing Giri kabêdhah Pangeran Pêkik.

2. Lolosipun Jayèngrêsmi, dumugi patilasan kraton Majapait, kapanggih Ki Purwa, nyariyosakên kawontênanipun patilasan candhi Brawu sarta candhi Bajangratu.

3. Nyariyosakên candhi Panataran, rêca Kyai Gaprang, dumugi Lodhaya, kapanggih Ki Carita, lurah dhusun ing Pakèl, nyariyosakên kawontênanipun ing Lodhaya.

4. Jayèngrêsmi dumugi ing Tuban, ningali wit randhu wana agêng, sumur Sela, sêndhang ing Bêkti, dumugi wana Bago kèndêl, ing sêndhang Sugihwaras dipun panggihi ratuning lêlêmbat, nama Ratu Trêngganawulan, kacariyosakên bab ngalamatipun pêksi gagak mungêl, pêksi prênjak, paedahipun kewan tukang sarta pêksi platukbawang.

5. Dumugi rêdi Pandhan, ing dhusun Kadhaton rêdi Gambiralayang, ningali balung agêng-agêng, pratapan tuwin rêca jalêr mangku planangan, kapanggih pêtinggi nama Ki Padhang, dipun cariyosakên kawontênanipun balung agêng-agêng, pratapan rêca ingkang sami dipun tingali.

6. Jayèngrêsmi dumugi Bojanagara, ningali blumbang Pakayangan (blumbang latu) kapanggih kapala dhusun Dhandhêr, Gathak Gathuk nêdha sêsêrêpan, ukuranipun damêl dhuwung tuwin landheyan.

7. Dumugi tanah Dhandhangngilo ningali sumbêr lisah latung, kampir ing griyanipun Ki Jatipitutur juru kunci, Kêsanga Blêdug Kuwu Crèwèk, Mêndhikil, sêndhang Ramêsan, kacariyosakên punapa kawontênanipun, salajêngipun sami ningali.

8. Lampahipun dumugi ing Sela, njujug griyanipun juru kunci, nama Ki Pariwara, lajêng kawulang pêpalinipun Kyai Agêng Sela, sarta dipun cariyosi bab patilasan kadibyanipun Kyai Agêng Sela.

9. Dumugi ing Gubug, ningali latu murub wontên ing têngah sabin, sarta sela dhapur umpak, lajêng kapanggih juru kunci nama Dhatuk Bahni, dipun cariyosakên kawontênanipun sela dhapur umpak, kawulang tanggal ingkang sae, kangge ngêdêgakên tarub, wulan ingkang sae kangge gadhah damêl, tuwin dintên ingkang sae kangge sarêsmi.

10. Dumugi dhukuh Pruwata, kampir griyanipun lurah dhusun, nama Darmajati, lajêng ningali tilas kadhaton Pruwata, dipun cariyosakên punapa kawontênanipun.

11. Dumugi Dêmak, ningali kawontênanipun masjid ing Dêmak.

12. Dumugi Japara, minggah rêdi Murya, kapanggih juru kunci pasareyanipun Sunan Murya, nami Buyut Sidasêdya, kawulang tanggal ingkang sae kangge kêkesahan, pasangatan, nglurug pêrang, pasangatan nikahan, pasangatan palintangan, bayi lair sarta tiyang tilar donya, ukuran nyithak pemahan, ukuran damêl griya, Gathak Gathuk nyuwun wasiyat êmèlipun nênutut sati kewan.

13. Lampahipun dumugi palabuhan Pakalongan, ningali para nakhodha ingkang sami mudhun, mbokmanawi ingkang rayi kalih pisan nunut utawi kapupu ing nakhodha, sarêng têtela mbotên wontên, lajêng lumampah malih dumugi rêdi Panêgaran, kapanggih Wasi Kawisuwara, kawulang piwulang sae, Nitisruti.

14. Dhatêng rêdi Slamêt, sowan Kyai Sêkar Dalima, dipun cariyosi sarasehanipun para wali sanga, pamanggihipun Sèh Sitijênar, bab ngèlmi.

15. Dhatêng rêdi Sawal, Wasi Narawita taksih agami Budha, kadibyanipun kawon kalihan Jayèngrêsmi, lajêng anut ngangge agami Islam.

16. Lampahipun dumugi rêdi Crême, kapanggih Wasi Singgunkara, kawulang petangan wuku tigang dasa, lampahing naga, jatingarang, rijallullah.

17. Dumugi rêdi Tampomas (Priyangan) kapanggih Sèh Trênggana, ginêm bab ngèlmi, salajêngipun Sèh Trênggana tilar dunya, tilar anak èstri nama Rara Ruhkanti, nyuwun

(Lajêngipun mriksanana omslag III)

--- 1 : 33 ---

25. PUCUNG

1. murub agung tan wontên ingkang andulu | mung amba priyangga | kang wikan urubing agni | sampun têmtu kadhatêngan jalma tama

2. isthanipun lir tur urmat asêsuhun | punika winastan | pêkayangan Latu nênggih | criyosipun prapèning êmpu duk kina ||

3. Gathuk tanya marang Ki Kêpalang gupuh | baya kang Kêpalang | têdhaking êmpu rumiyin | ingkang darbe pêtilasan pêkayangan ||

4. apêsipun sagêd pandhe damêl dhuwung | Ki Kêpalang mojar | o nggèr dede têdhaknèki | nanging yêktos pancèn pandhe damêl kula ||

5. Gathuk muwus lah apa bênêr pathèkku | yèn damêl curiga | punapa nggih dèn ukuri | panjangipun punapa sakêrsa-kêrsa ||

6. myang landheyan waos punapa ingukur | napa manut bakal | Ki Kêpalang lon nauri | dhuwung miwah landheyan wontên ukurnya ||

7. watonipun kêlamun adamêl dhuwung | panjangipun ganja | ingkang kaukur rumiyin | lajêng kangge ngukur panjanging curiga ||

8. awit bongkot kêjawining pêsinipun | dumugi pucuknya | nênêm wêwilangannèki | kang rumiyin cakra kang pindho gundhala ||

9. tiga gunung ping sêkawanipun guntur | ping gangsal sêgara | kaping nênêm madu nênggih | ingkang sae têkèng pucuk dhawah arga ||

10. tuwin dhawah sêgara utawi madu | têtiga prayoga | utawi dhawah jaladri | gya winalik saking pucuk pangukurnya ||

11. têkèng bongkot kêjawining pêsinipun | kêlangkung utama | ing pungkasan dhawah ardi | lah punika ingkang pantês pinilala ||

12. lamun damêl landheyan waos ingukur | kêpêlnya priyangga | sêkawan etangannèki | sangga rungga sarah watang kang prayoga ||

13. dèn dhawahna sangga ing pungkasanipun | Gathuk ndhêku lingnya | paringe kakang kapundhi | Ki Kêpalang noraga matur rahadyan ||

14. dhuh sang luhung bilih marêngi ing kalbu | kampir wisma amba | ing Dhandhêr tan pati têbih | dhusun ingkang katingal ngajêng punika ||

15. apuntênta paman ingsun arsa laju | ndumugèkkên lampah | bungkuk kêpalan tur inggih | mbotên langkung kula ndhèrèkkên raharja ||

16. pêkayangan Latu Dhandhêr wus kêpungkur | lajêng lampahira | ngambah ara-ara wradin | tanah Dhanyangilo nulya anon toya ||

17. mêdal saking sumbêr ngêlirap dinulu | Gathuk tan darana | ngokop toya ingkang mili | têkèng tênggok wangsul mutah baluweran ||

18. Gathak tanya lho kêpriye iku Gathuk | têka mutah-mutah | Gathuk angling mbrêbês mili | dudu banyu iku lênga latung blaka ||

19. o ya Gathuk aku krungu critanipun | iku banyu kêna | kanggo dêdiyanan sami | wong padesan mung kukuse ngudubilah ||

20. radyan mèsêm angandika marang Gathuk | iku kang pinanggya | janma tan sarèh ing budi | kaya-kaya mêsthi manggih kasangsaya ||

21. ya ta wau rahadyan ing lampahipun | nêlasak gêlagah | kêtêl rumput mendong wlingi | nabrang lèpèn ngantya rambah kaping gangsal ||

22. anon dhukuh anèng têngahing wana gung | rahadyan ngêndika | payo Gathak Gathuk mampir | yun têtanya iki tanah ngêndi baya ||

23. gya kêpangguh sujanma amikul bumbung | isi lêgèn klapa | santri kalih anyêlaki | nabda nêdha ngilèni lêgèn kêlapa ||

24. lah ta bagus ndika ngombe ingkang tuwuk | ngilèni tan susah | ndika badhe dhatêng pundi | kêmayangan têka maring dhêkah ingwang ||

25. kula ndhèrèk janma luhung ingkang nglangut | sukanira mahas | panggenan kang sêpi-sêpi | amurugi kang singit tan kambah janma ||

26. nika ingkang nèng ngandhaping pandhan arum | bagus yèn sêmbada | parêng kampir wisma mami | kula mantuk nggêlar-nggêlari ing wisma ||

27. Gathak Gathuk matur wit panyuwunipun | kyai ingkang ngrêmbat | paduka katuran mampir | mring wismane rèhning sampun nanggêl lampah ||

28. tan pantara dangu Ki Wisma amêthuk | wus kerid rahadyan | Gathak angupaya warih | Ki Wisma ngling anak ngupados punapa ||

--- 1 : 34 ---

29. kula pados toya badhe kagêm wudlu | o anak tan ana | ing ngriki toya kang suci | mèh sêdaya pakungkumaning wêraha ||

30. ndawêg kula padoskên toya kang luhung | Ki Wisma gya mancas | pang wit jêmbul toya mijil | lir pancuran wêning asrêpe sêdhêngan ||

31. Gathak matur punika toyaning jêmbul | manthêr lir pancuran | kaagêm wudlu prayogi | radyan miwah Gathuk Gathak lajêng kadas ||

32. wusing rampung pampêt ingkang toya jêmbul | Gathak eram ing tyas | wakne iki nyata luwih | nora nyana yèn mêtu karamatira ||

33. praptèng wisma Gathak adzan tumalawung | nulya samya sunat | bakda sunat kinêmati | wêktu mahrib myang ngisa sampun paragat ||

34. lênggah salu sugata lumadyèng ngayun | kang lêgèn kêlapa | tela gamblok matêng uwit | aturira manis kêdaling wicara ||

35. dhuh sang bagus kumêdahe atur-atur | sugata tan mandra | sawontêne tiyang la'ip | anèng wana tanpa rowang datan pakra ||

36. nggih ki raka sangêt ing pênrimaningsun | langkung rêsêp ing tyas | radyan dhahar tlas salining | ngunjuk lêgèn wêtara tigang cêgukan ||

37. kraos tuwuk atop kaping kawan likur | Gathuk Gathak nadhah | miwah ngombe lêgèn krambil | sêsayahe tan ana tinaha-taha ||

38. wêcana rum rahadyan mring ki wismèku | ki raka sun tanya | riki niki tanah pundi | lawan sintên sinambatipun ki raka ||

39. aturipun kula pun Jatipitutur | asli saking Sela | ing Kêsanga juru kunci | pan ing ngriki têlatah siti Grobogan ||

40. ing Kêsanga kathah pênunggilanipun | Blêdug Kuwu miwah | Crèwèk kêlawan Mêndhikil | myang ing Sêndhang Ramêsan toya mawarna ||

41. kakang Jatipitutur ulun ayun wruh | paran mulanira | wontêne cariyosnèki | kang jinarwa ki raka niku sêdaya ||

42. aturipun kula èngêt mbotên urut | lumayan kinarya | sêsambèn cagaking arip | kala kina wontên panjênêngan nata ||

43. Prabu Jaka punika jêjulukipun | ing Mêndhangkamolan | karêm mêng-amêng wanadri | anênumpu banthèng sangsam kancil kidang ||

44. tanpa wadu amung sabat kang tumuntur | nuju ri sajuga | uning sarpa manguntèki | langkung agêng sisikira mancawarna ||

45. prabu bêndu bêntèr ing tyas sakêlangkung | ula apa kêrsa | de bangêt amati ragi | mêngko sira tan wurung rampung dening wang ||

46. sang aprabu nulya mênthang langkapipun | jêmparing lumêpas | cumundhuk sawêr ngêmasi | wontên swara kapiyarsa ing sang nata ||

47. hèh sang prabu tuhu sikara sirèku | yêkti bakal tampa | paukumaning Hyang Widhi | datan bisa mujadahi hawanira ||

48. nênging swara sawêr musna tan kêdulu | gara-gara prapta | jawah lesus kilat thathit | aliwêran balêdhèg dhar-dhèr tan pêgat ||

26. MÊGATRUH

1. tranging jawuh lagya mangkya sang aprabu | angraos sangêt kalêntih | têdhak mring kêrandhan ngaup | tuwin kêrsa anuwèni | duk nguni sri nata anon ||

2. anakipun Nyi Randha Kasiyan dhukuh | ing Sangkèh tuhu linuwih | Rarasati maksih timur | rèh sampun antawis lami | kakintên wus jonggrong-jonggrong ||

3. praptèng dhukuh nganti nèng dhadhah sang ulun | wêdaling Dyah Rarasati | nyai randha lagya nuju | nênggani nggêntang pra èstri | gêgêndhingan dhung prong-dhung prong ||

4. Rarasati mijil saking wismanipun | asinjang patolan abrit | konyoh jênar slendhang kawung | tinêpi pêrada kuning | wimbuh ayu mêlok-mêlok ||

5. tansèng pungkur klangênanira sang ayu | juga babon kate adi | pêthak mulus cènggèripun | sanggar dêlima rêspati | sapraptanira sang sinom ||

6. panggêntangan nulya tumut nutu pantun | sukunira kang sêsisih | angidak sirahing pantun | amingkis sinjangirèki | kêkentol katon mêncorong ||

7. gêbyar-gêbyar anglir pendah thathit barung | dupi miyat sri bupati | gandrung-gandrung amangun kung | ngadikèng jroning panggalih | pantês dadya garwaningong ||

--- 1 : 35 ---

8. sigra têdhak nyakêti kang samya nutu | matêg asmaragama di | para dyah kang samya nutu | tan ana ingkang praduli | kêtungkul dènira gerong ||

9. sruning cipta korut nutpahira prabu | datan prabeda sang dèwi | ugi korut nutpahipun | samya tumètès ing siti | tandya kate pêthak gupoh ||

10. anucuki nutpah kalih-kalihipun | wus nunggil dadya satunggil | Prabu Jaka dahat ngungun | sangêt lingsêm ing pênggalih | nulya kondur angêdhaton ||

11. Gathak Gathuk samya gumujêng angguguk | radyan mèsêm ngêndika ris | Ki Raka Jatipitutur | nêdha kalajêngna maning | cariyosipun kang babon ||

12. Kyai Jatipitutur nglajêngkên atur | dupi wus antara lami | amanigan kate pingul | nyi randha dupi udani | antigan pinêndhêt gupoh ||

13. gya dinèkèk anèng pêdaringanipun | tinunggilkên tigan katri | winor uwos kang lumintu | sabên ari dèn êdangi | nanging mbotên katon kalong ||

14. malah wuwuh nyi randha nggraitèng kalbu | kaya iki kang marai | antigan gêng pedahipun | bêras dak dang sabên ari | nora kalong malah wuwoh ||

15. gya pinêndhêt dèn êlih marang ing lumbung | dupi bêrasira ênting | nyai randha mêndhêt pantun | mring lumbung ambukak kori | mêndhêt sabêlah ginendhong ||

16. tigan ingkang dipun dèkèkakên lumbung | sampun nêtês nanging warni | taksaka agêng kêlangkung | ngalêkêr pinuju guling | kagyat nulya têtanya lon ||

17. paran karsa nini sira marang lumbung | nyai randha nulya nolih | anon sarpa langkung gugup | gya dhawah bari anjêlih | lumajêng akethol-kethol ||

18. arsa lapur dhumatêng ing sang nindya nung | taksaka suka ningali | wus mêdal saking ing lumbung | mring nggoning Dyah Larasati | sarwi ngling dhuh ibuningong ||

19. Dèwi Rarasati gumuling akantu | wungu nututi mbok nyai | kêkalihe prapta sampun | ngarsanira kyai patih | naga wus nèng wuri njongok ||

20. nyai randha myang Rarasati duk ndulu | samya gumuling ing siti | kya patih arsa lumayu | naga gumujêng sarya ngling | kaki aja jrih maringong ||

21. kene payo padha lungguh kang pakantuk | kya patih ngoplok lingnya ris | lah ula apa sirèku | tanpa sangkan nggonmu prapti | sang naga saurira lon ||

22. kaki ingsun unjukna ing rama prabu | kyana patih anauri | mung mantuk lumaris gupuh | risang naga anèng wingking | dupi prapta ngarsa katong ||

23. kyana patih dèrèng munjuk sang aprabu | naga wus nèng wurinèki | Prabu Jaka gya andangu | hèh ula apa sirèki | de bisa clathu lir uwong ||

24. naga matur ngakên putranya sang prabu | kêlangkung dènira runtik | hèh ula kawruhanamu | ingsun iki durung rabi | sira têka anyalêmong ||

25. lah lungaa yèn kêsuwèn têkèng lampus | naga karuna turnya ris | nggêlarkên nalikanipun | sri pêpara ing wanadri | tumêkèng kondur ngêdhaton ||

26. myang umatur sêkawiting babon pingul | nigan têkèng nêtêsnèki | sang prabu miyarsa atur | dahat lingsêm ing panggalih | nulya jêngkar angadhaton ||

27. kyana patih tinimbalan mring kêdhatun | dhawuh timbalan narpati | ponang sawêr kinèn nantun | madosi pacangan aji | lan mênjahi satru katong ||

28. baya patih têlênge sêgara kidul | puniku yèn antuk kardi | ingakên putra satuhu | patih wus ndhawuhkên maring | sarpa matur arawat loh ||

29. sru prasêtya yèn tan kêlakon satuhu | karsanira sri bupati | suka tumêka ing lampus | kya patih wêlas ningali | ponang sarpa mêsat gupoh ||

30. ngidul têrus singa kang kêtrajang gêmpur | amrih aglisira prapti | amblês bantala jumêdhul | têlênging kanang jêladri | sêsumbar anguwoh mungsoh ||

31. angungaskên atmaja Sri Jaka Prabu | ing Mêndhangkamulan nagri | Sang Dewatacêngkar Prabu | kang awarni baya putih | miyos saking ing kêdhaton ||

32. mapag yuda ramening prang tan cinatur | ngantya pirang-pirang ari | Sri Dyahlami laut kidul | nama Prabu Angin-angin | sukaning tyas dènira non ||

33. amêminta sirnaning kang baya pingul | jêladri akocak-kacik | toya bêntère kêlangkung | mina kathah kang ngêmasi | baya pêthak yudanya sor ||

--- 1 : 36 ---

34. kabuncang mring dharatan têpining laut | sirnaning angga pan dadi | arga lima wastanipun | sarpa sukane angênting | wus pêsthi inganggêp katong ||

35. kacariyos Prabu Angin-angin wau | suka amarwata siwi | satrunira baya pingul | mangkya wus tumêkèng lalis | naga tinimbalan gupoh ||

36. malbèng pura prapta ngarsane sang prabu | nata dèwi ngandika ris | hèh sarpa kang unggul mungsuh | nguni ingsun pasanggiri | sapa kang agambuh pupoh ||

27. GAMBUH

1. sing sapa unggul pupuh | amatèni mring si baya pingul | nggantyanana sêdhela jumênêng aji | luwarana punagiku | sarpa gung turira alon ||

2. tan lênggana ragèngsun | anglampahi pasanggiri prabu | nanging lampah amba punika tinuding | wusing nirnakakên satru | ngulati pacangan katong ||

3. rèhne dèrèng kêpangguh | prabu rara angêndika arum | pacangane ramanta pan ingsun iki | sira munjuka sang prabu | apan ta panyuwun ingong ||

4. ywa krama liya ingsun | nanging andadèkna kawruhanmu | ramanira tan widada madêg aji | namung tigang warsa puput | ginantyan kang darbe kraton ||

5. ing ari Buda mbesuk | lèk purnama galungan kang wuku | dak aturi têdhak mring karaton mami | sira sun rabèkkên kulup | olèh Balorong yu anom ||

6. dhaupnya tan cinatur | langkung rame ing bawahanipun | ing dharatan pagêblug agêng ndhatêngi | wusing dhaup madêg ratu | sapta ri gya pamit gupoh ||

7. linilan pamitipun | lan winisik kang badhe tinêmu | ing sarira miwah jangkaning nagari | purwa madya wasanèku | wêlingira wantos-wantos ||

8. sri putri malih muwus | Linglung Tunggulwulung jêjulukmu | têmbe sira karsaning Hyang angratoni | lêlêmbut ing gunung-gunung | mring sira anganggêp katong ||

9. kêlawan têmbenipun | sira dadya alamat satuhu | dahuruning jaman myang krêtaning nagri | wis mangkata sira kulup | garwamu Rara Balorong ||

10. mênèk ngribêdi laku | lah tinggalên nèng kene rumuhun | sira aywa mêtu marganira lami | têlêng samodra kêpungkur | amblês ing pratala gupoh ||

11. nèng Pasundhan anjêbus | amblês malih wontên Kuwu[2] | ing Cêrèwèk Mêndhikil jêbusnya malih | sampun cêlak nagrinipun | mlampah dharatan nêlosor ||

12. dumugi praja njujug | kêpatihan wus kerid lumêbu | dupi prapta ngarsa nata mangênjali | kyana patih makidhupuh | Tunggulwulung anêlosor ||

13. lampahira ingutus | sampun katur purwa wasanèku | Prabu Jaka langkung trusthanirèng galih | wus inganggêp putra prabu | ginanjar mêkutha kaot ||

14. agêmira sang prabu | buntut untu atanapi siyung | binlongsong mas tinêrètès sêsotya di | sisik linapis mas murub | kalung sêsotya mêncorong ||

15. myang pinaringan cupu | astagina isi lisah kayun | kuwasanya yèn wontên sarpa ngêmasi | tinetesan lisah cupu | gêsang malih lenggak-lenggok ||

16. sinimpên wontên buntut | myang musthika naga kwasanipun | sinuyutan sakèhe sarpa sabumi | dumunung ing cêthak murub | dhawuh dalêm sang akatong ||

17. hèh sakèh wadyaningsun | piyarsakna samêngko Si Linglung | ingsun junjung pangkat pangran adipati | manggon ana Tunggulwulung | wus kulup kondura gupoh ||

18. aywa kuciwèng laku | lah arakên lakune Si Linglung | lan rêksanên sêcara-carane janmi | pangran dipati wus mundur | ing marga tan winiraos ||

19. mandhirèng Tunggulwulung | dupi antuk sawarsa Sang Linglung | anêlaskên iwèn wus katur sang aji | gya ingêlih dalêmipun | myang winulang rama katong ||

20. ing èlmu agal lêmbut | wus kacêkap tan ana kêlimput | Tunggulwulung tapa mangap nèng wanadri | awit saking laminipun | badan kêthukulan bondhot ||

21. nglênggirik kadya gumuk | ical sipatira taksaka gung | tutuk kadya wiwaraning guwa wingit | wus matêng ing tapanipun | manusa tan ana wêroh ||

22. karsane jawata gung | nuju jawah dêrês gumarbug[3] | wontên rare angon sêsanga kèhnèki | kêjawahan samya ngaup | nèng tutuk naga kinaot ||

23. kang wolu wus umangsuk | kang satunggal sinêngka tan antuk | gya minggah ring klêrês gigir nyangking kudhi | mêmêrang siti marêntul | guwa mingkêm kadya angob ||

--- 1 : 37 ---

24. rare wolu kang ngaup | samya pêjah sarêng tanpa muwus | kang satunggal wontên njawi mêrang gigir | enggal lumajêng umantuk | mring sudarma awêwartos ||

25. tandya konjuk sang prabu | sri narendra sakêlangkung bêndu | gya adhawuh kinèn mantèk wêsi gilig | cangkêmira Jaka Linglung | supadi pêjah ing ênggon ||

26. wus pinantèk kang tutuk | Jaka Linglung wus tumêkèng lampus | lah punika cariyosipun ing nguni | atêtanya Gathak Gathuk | athik ula kaya uwong ||

27. lèh nyêmbah niku pripun | Rara Blorong kacariyos ayu | pinaesan saya wimbuh mêrakati | Jaka Linglung sigit bagus | winêwahan mawi tropong ||

28. wong gèpèng sirahipun | kadospundi kêkahe puniku | ah wong criyos wikana nyatane nguni | tamate carita bangun | Gathak Gathuk adzan suboh ||

29. wus samya wêktu subuh | sabakdane subuh ngêndika rum | lah ki raka wawi ulun arsa uning | patilasan Tunggulwulung | inggih sumangga sang anom ||

30. kula gadhah pênyuwun | mrih lêstantun tan sangsayèng laku | kêparênga miturut sêcaranèki | ki raka ywa wancak kalbu | datan nyuwalani ingong ||

31. wus kerid lampahipun | praptèng Kêsanga ing têpinipun | siti lêbu kadi awu warnanèki | tan wontên taru kang thukul | ngilak-ilak lir sinapon ||

32. ambanon ingkang wangun | nanging mawi malengko mêngidul | kathah bolong kadya lènging yuyu nênggih | kêtutup ing lêbu lêmbut | tiniyup maruta katon ||

33. sêdaya sami ngêmpus | lir untuban dene têlêngipun | wontên êlèng sêdhandhang wiyarirèki | akêmrangsang ungêlipun | tinindakan alon-alon ||

34. wus cêlak mêndhak sampun | lampah bokong ngambah krikil alus | wêrni abrit pêthak jêne anêlasih | kèndêl sila dènnya lungguh | rahadyan anulya jongok ||

35. mariksa lêbêtipun | kilêng-kilêng kinclong warninipun | kadya lisah ingkang sakêlangkung wêning | swara kêmrangsang saya sêru | wusing anon ngandika lon ||

36. punapi marmanipun | lampah bocong Ki Jatipitutur | matur kurmat rèh wus cêlak dunungnèki | Prabu Anom Tunggulwulung | kang dinanan ngèlmi kaot ||

28. ASMARADANA

1. kang kilêng-kilêng kaèksi | nggih punika netranira | lêbu lir awu warnine | tilas Linglung duk samana | pinantèk tutukira | badan polah siti mblêdug | nanging mbotên sagêd kesah ||

2. krikil warangan puniki | kinarya nyêmêng gêgaman | toyane jram pêcêl winor | paedah ampuhe mindhak | rahadyan sampun linggar | tan patya doh nulya ndulu | sumbêr alit isi toya ||

3. nyêmèk-nyêmèk raos asin | kidul têlêng kawistara | wontên gumuk mujur ngilèn | kilèn gumuk datan têbah | rawa lit kêbak toya | ugi asin raosipun | lèr kilèn têlêng Kêsanga ||

4. ara-ara tinon asri | sitinipun bulak pêthak | mbarênjul samya inggile | turut pinggir pêpundhungan | dumugi ing lèr wetan | mêthuthuk lir wisma pingul | bênggang ajêg lir tinata ||

5. wetan têlêng wontên siti | wêradin pênuh thukulan | rumput mêrakan myang mendhong | têkèng kidul notog arga | tinon asri kawuryan | nglêlipur ing tyas margiyuh | Ki Jati malih turira ||

6. ing ngriki bilih marêngi | masa katiga akathah | sima sawêr samya manggèn | asring-asring ing Kêsanga | sawiyaring têlêngnya | mblêdhos sora kados gludhug | inggilnya ngungkuli arga ||

7. tinon yêktos nggêgirisi | nggih punika kruranira | Tunggulwulung ingkang manggèn | ing sangandhaping Kêsanga | ri wusnya mangun krura | kula gya mariksa gupuh | punapa kawontênannya ||

8. yèn katingal sanepaning | mriyêm badhe wontên pêrang | yèn katingal kados layon | badhe kathah tiyang pêjah | sampuning amariksa | nuntên lapur lurah ulun | dhatêng Mêthakan ing Sela ||

9. kang nglajêngkên mring Matawis | dene lèpèn cacah gangsal | kalamun rêndhêng masane | punika dados satunggal | tinon wus kadya rawa | ila-ilane karuhun | para prayantun ing praja ||

10. saèstu pan mbotên kenging | anon têlênging Kasanga | kilap punika wadose | yèn tinrêjang kêdrawasan | linungsur kang dêrajad | apês nandhang ing papa gung | kinêbat kang sandhang têdha ||

11. wus tapis dènnya ningali | Ki Jatipitutur lingnya | suwawi angalèr ngilèn | punika tilas kêdhatyan | nagri Mêndhangkamulan | ing Kasanga wus kapungkur | praptèng tilasing kêdhatyan ||

--- 1 : 38 ---

12. wujud kantun siti manggir | wus dumadya wanawasa | linajêngkên ing lampahe | prapta ing sêndhang Ramêsan | wêwêngkoning Kradenan | cakêt satêpining ranu | tan patya lêbêt kang toya ||

13. kalangkung gawok ing galih | de toya sasêndhang wrata | kadidene wedang umob | lir umbul wêdaling toya | gêmlêdhêg kang suwara | mancawarna toyanipun | pindha kêkuwung wangkawa ||

14. ijêm jêne wungu abrit | dadu jambon cêmêng pêthak | inginum anta raose | sêmune kaworan lirang | bêntère sawêtara | tan na ilèn-ilènipun | pindhane kadya balumbang ||

15. Ki Jati turira aris | punika sêndhang Ramêsan | lajêng tindak mring Carèwèk | aningali gumuk karang | sanginggil gumuk ingkang | êlèr miwah kilènipun | wontên sumbêripun samya ||

16. asin raose kang warih | punika kenging kinarya | sarêm alêmbat warnine | sêmu abrit asin kirang | wus têrang pinariksan | lajêng mangalèr sang luhung | ing Mêndhikil kang sinêdya ||

17. praptèng gumuk datan inggil | nulya samya inginggahan | sampun rawuh ing têpine | lir sumur bundêr apapak | nanging tan isi toya | êndhut cuwèr ngantya pênuh | papak lambe tan mbêludag ||

18. lir pendah umub swarèki | bêntèr amung sawêtara | wontên ilèn-ilènane | mili we asin raosnya | gya anon sumur tiga | lir wedang panas wenipun | kang kadya sumur lit kathah ||

19. toyanira ugi asin | sadaya kenging kinarya | sarêm kadya ing Cêrèwèk | kêwratan wus pinariksan | ing Blêdug tinindakan | saking mandrawa kadulu | anon ara-ara wiyar ||

20. Ki Jati turira aris | punika kang katingalan | ing Blêdug Kuwu wastane | kêlangkung agêng tinimbang | lawan kang kathah-kathah | mawi suwara jumêgur | tan kêndhat dalu raina ||

21. ki raka suwawi kampir | nêdha andika êtêrna | Ki Jati sêndika ture | saking Mêndhikil wus linggar | tan dangu lampahira | praptèng têlatah ing Kuwu | katon trang umbule wlahar ||

22. ra-ara wangun pêsagi | kandhêg ing têpi rahadyan | milih siti ingkang atos | kang êmpuk tan kenging kambah | rahadyan kagawokan | miyat ing têngahing Blêdug | mêlênthung kadi plêmbungan ||

23. palênthungnya langkung inggil | dupi wus katog gya pêcah | jumêgur asru swarane | kadya mriyêm kapiyarsa | mêdal kumukus pêthak | wusing mblêdhos ngandhap mlêndhung | kadya ing sêwaunira ||

24. lumintu datan sarênti | swaranira nora kêndhat | Ki Jati umatur alon | mêlêndhung tuwin suwara | tan lèrèh dalu rina | kêtiga rêndhêng kèh jawuh | tansah makatên kewala ||

25. punika kang alit-alit | ungêlipun datan sora | ugi makatên patrape | upami wontên kang ngambah | lajêng amblês kewala | saking lêbête kalangkung | sampun èstu lajêng sirna ||

26. Ki Jati ngupados dêling | tinalorongkên manêngah | dêling amblês datan katon | lah punika dêling ical | tri ari yèn klêrêsan | dêling mumbul katut lumpur | malêsat dhawahnya têbah ||

27. kadhang kêlajêng tan mijil | sadaya kang kauningan | punika patilasane | Tunggulwulung Linglung Jaka | pramila ingaranan | Kuwu nalika mênthungul | wontên ngriki ngantos lama ||

28. siniwèng naga sabumi | kacariyos ngantos krama | ugi angsal putri Blorong | rahadyan kasêngsêm miyat | kaelokaning Suksma | sru nalangsa mring Hyang Agung | dene sipating kang ula ||

29. mawèh tilasing nagari | kêlimput ngulati kadang | radyan gandrung mring Hyang Manon | katongton murah asihnya | aris wijiling sabda | ki raka Jatipitutur | punapi sun walêsêna ||

30. tanduk tanggap ingkang asih | dhumatêng badan kawula | datan mantra lagya nêmbe | de karsa asung carita | nêdahkên kênyataan | patilasaning aluhung | lêlakyan jaman kadewan ||

31. mila sru panuwun mami | winantu ing sukarêna | myang dèn agung aksamane | ing mangkya ulun aliman | andumugèkkên lampah | kantun manggiha rahayu | jinurunga ing sakarsa ||

--- 1 : 39 ---

32. tur wangsulan sama-sami | kula sakêlangkung bingah | de paduka karsa nyruwe | mugi raharja ing lampah | anulya sêsalaman | Ki Jatipitutur mantuk | radyan lajêng lampahira ||

33. kêdalon anulya kampir | dhumatêng ing dhusun Sela | njujug ing panjuru kuncèn | ki juru kunci atanggap | manggihi kang dhatêngan | alon wijiling kang wuwus | rèhning wus thiklu manira ||

34. aywa dadi tyasirèki | manira datan akrama | marang sariramu anggèr | mangkya ingsun nilakrama | ing ngêndi kang pinangka | lawan sapa kêkasihmu | mring ngêndi kang sira sêdya ||

35. rahadyan umatur aris | njêng kyai dhawuh paduka | saèstu sampun lênggahe | ngasêpuh maring ngamudha | papa kawêlasarsa | de lamun andangu ulun | pun santri ing dhukuh wetan ||

36. kula mangkya nyuwun uning | ing ngriki namaning dhêkah | njêng kyai lon andikane | hèh kulup kawruhanira | ing kene krajan Sela | kêbawah marang Matarum | ya ingsun ingkang rumêksa ||

37. lêluhurira narpati | pêparab Kiyagêng Sela | ingkang sumare ing kene | aranku Ki Pariwara | kêprênah buyut lawan | Kyagêng Gêtaspandhawèku | mêmanise tanah Jawa ||

29. DHANDHANGGULA

1. lah ta kulup sira ywa kuwatir | sayêktine ingsun nora samar | marang lêlakonmu anggèr | rèh ginadhang sirèku | cêcalone jalma linuwih | kang jênjêm manahira | anèng wismaningsun | upama sira bêbakal | karya wisma ingsun amanjurung tali | rahadyan duk miyarsa ||

2. asrêp ing tyas aturira aris | dhuh pukulun ragèngsun sumangga | datan lênggana dasihe | mangkana sang abagus | ngantya lami nèng Sela kampir | anujwa ri sajuga | sabakdane subuh | Kyai Agêng Pariwara | lênggah srambi rahadyan tan kenging têbih | njêng kyai angandika ||

3. hèh ta kulup dèn kaparèng ngarsi | kawruhamu nora endah-endah | ngèlmu kang sun imanake | amung piwulangipun | eyang Kyagêng Sela linuwih | nyatane wus anyata | cihnane linuhung | kang mêngkoni tanah Jawa | datan liya têdhake Njêng Sela Kyai | lah iki piyarsakna ||

4. pêpaliki ajinên mbrêkati | tur sêlamêt sêgêr kuwarasan | pêpali iku mangkene | aja agawe angkuh | aja ladak aja ajail | aja manah sêrakah | lan aja cêlimut | lan aja guru alêman | aja jail wong jail pan gêlis mati | aja amanah ngiwa ||

5. aja saèn dèn idhêp ing isin | yèn wong urip angêgungkên awak | wong urip pinèt baguse | aja lali abagus | bagus iku dudu mas picis | pan dudu sêsandhangan | dudu rupa iku | wong bagus pan ewuh pisan | sapêpadha wong urip pan padha asih | pêrakati rupanya ||

6. aja mangeran ing êmas picis | ja mêngeran ing busana endah | ja mêngeran kabisane | aja mangeran ngèlmu | ja mêngeran têguhirèki | aja mêngeran japa | aja nggunggung laku | kabèh iku siya-siya | aja sira nggugoni kawruhirèki | lah iku mundhak apa ||

7. laku kang jujur arahên kaki | aja sira angarah kèringan | saidhêp-idhêpe dhewe | ewuhe wong tumuwuh | dipun bisa ngenaki ati | atine sapêpadha | nêpsumu ja turut | iya nêpsuning manusa | kudu kèdhêp iya sêpadhaning janmi | iku sira sirika ||

8. aja sira padhakakên janmi | aparentah marang sato kewan | kêbo sapi lan ayame | aja sira prih wêruh | kaya uwong pan nora bangkit | aja kaya Sakrêta | kêbone ginêbug | kinèn sinau mêmaca | ya mêsthine kêbo sapi nora bangkit | mulane awêwuda ||

9. ayam ginêsah yèn munggah panti | atanapi yèn amangan bêras | kêbat adangana bae | iku wong olah sêmu | yèn têtanggan sarate kaki | yèn layak ingaruhan | aruhana iku | yèn tan layak ênêngêna | apan iku mangan sêgane pribadi | pan dudu rayatira ||

10. yèn mungguha rayate pribadi | kêpenakna ya rayate ika | larakêna ing atine | aja kira mêmuruk | tuduhêna yèn dèrèng sisip | yèn uwis kêtiwasan | aja sira tutuh | kelangan wuwuh duraka | aja sira ngumpah-umpah iku kaki | lah iku mundhak apa ||

11. dèn aulah mungguhing ngaurip | aja nganggo ing sadaya-daya | wong urip pan akèh lire | dipun idhêp pêkewuh | ewuh iku tigang prakawis | pakewuh ing pangucap | ewuh ing pandulu | ana ewuh jroning nala | yèn kêtara alane sajroning ati | pan dadi panggraita ||

12. dipun wurukan idhêp ing isin | isin iku pan kalih prêkara | dhingin isin Pangerane | dene ping kalihipun | dipun isin padhaning jalmi | yèn kêlakona wirang | isin têmahipun | dipun atut akêkadang | pawong sanak aja pêgat ngati-ati | cineda dadi ala ||

13. aja sira watak wani-wani | maring sanak pawong kadangira | aja sira ||

--- 1 : 40 ---

watak dahwèn | aja watak kumingsun | aja watak ngaruh-aruhi | aja ati angiwa | ala kan tinêmu | sing sapa atine ala | nora wande ing benjing iku nêmahi | wong ala nêmu ala ||

14. sing sapa andhasarakên bêcik | nora wurung benjing manggih arja | miwah saturun-turune | yèn turune dadya gung | amarentah marang wong cilik | aja sadaya-daya | dadi nora tulus | saênggone dadi cacad | aja nacah marentah marang wong cilik | aja sêwiyah-wiyah ||

15. aja sira watak wani-wani | aja sira watak ngajak tukar | aja ngêndêlkên ngèlmune | aja sira anguthuh | aja ladak aja ajail | aja doyan sêmbranan | dadi wong kêtutuh | nêniwasi dadinira | lamun ana wong patrap dipun awêdi | malati iku uga ||

16. balik iku lah tirunên kaki | janma patrap sira dasihana | sira araha sawabe | ambrêkati wong iku | nora kêna yèn dipun aji | tirunên lagi wênang | pambêkane alus | yèn angucap ngarah-arah | yèn alungguh nora pêgat ngati-ati | nora sêwiyah-wiyah ||

17. aja sira watak suka sugih | aja sira kêpengin kêdhotan | kêkuwasan apadene | aja sira mêdhukun | aja ndhalang aja agrami | aja budi sudagar | aja budi kaum | janjine jakat lan pitrah | dipun suda padune cukêng abêngis | iku kaum kang nyata ||

18. kumbah sêrakah cukit adulit | iya jagal malantên amrêna | iku nora dadi gêdhe | sirikên ujar iku | ing wong urip dipun tabêri | mapan kêtêmu basa | pan kêtêmu sêmu | mapan kêtêmu ing ulat | atining wong kang ala lawan kang bêcik | kang jujur antêng cahya ||

19. kawruhana jalma kang khakiki | iya iku guruning pandhita | nora katara lakune | tan cêgah tan asaum | nora tapa nora amutih | saking prayitnanira | ing awake iku | prayitna ing awakira | mung sanake puniku kang dèn wêdèni | sanake iku jagad ||

20. banyu bumi angin lawan langit | srêngengene kêlawan rêmbulan | puniku sanake kabèh | jalma kang salah iku | iya iku satrune nênggih | mulane ana lara | walat kang tinêmu | jalma kang jujur punika | lanang wadon punika sanake singgih | mulane ana sawab ||

21. kang sêtêngah kang durung sayêkti | dènnya amrih budi kapandhitan | pijêr wayang-wuyung bae | tansah ngalèr angidul | mêndhak-mêndhak saba wong sugih | ngèlmu ginawe kasap | angucap nggêdêbus | angincih darbèking liyan | nora wêruh awake kêlêbon bêlis | dadi wong ngayawara ||

22. apan cêgah jênênge ing ngèlmi | kang asaba omahe nakodha | miwah mantri apadene | lumuh kêna ing siku | dènnya amrih budi lêstari | budi maring kaarjan | ing beka tan kengguh | bekane ing wong ulama | lan kêpencut marang ingkang mêlik-mêlik | dadine ngandhap-andhap ||

23. yèn kongsia kasor ingkang ngèlmi | pan duraka jênênging ulama | wus awak buta ragane | wus linglung kadêlarung | nora wêruh kêna piranti | tansah karya paekan | dènnya anjêjaluk | datan etung jiwa raga | bêbêntuse dènira amrih pakolih | sumrênuh lakonira ||

24. anglakoni karyane kang dèn prih | iku si wong tan wêlas ing badan | tan asih marang jisime | dadi banjur kêlurung | ora antuk wahyuning ngèlmi | lakune lalawora | tansah wayang-wuyung | mung melik ingkang dèn ancas | durung wêruh ing laku sikuning ngèlmi | polah sêdaya-daya ||

25. pangrasane wus bênêr kang ngèlmi | tan angrasa lamun ingèsêman | marang sujalma kang luwèh | iku wong kumprung pêngung | nora wikan kêna piranti | sabab wus ati setan | lakune wus liwung | pêngarahe tan rêringa | wus kêlulun atine kêlêbon eblis | wus tan wruh isin wirang ||

26. apan kathah pambekaning urip | dènnya amrih pêkolihing badan | amrih kuncara ngèlmune | mêlèke sabên dalu | tansah agung anyêgah bukti | andhap asor kalintang | èsême lir dhuyung | ulat manis ati sabar | dadi gêndam èsême guna piranti | ênênge salah cipta ||

27. tan mangkana ingkang sampun yêkti | badan iki dipun kadi sarah | anèng laut upamane | apa ombaking banyu | sarah anut ombaking warih | iku jênêng kawula | tan darbe karsèku | anging purbaning Pangeran | tanpa karsa kêlimput marang sawiji | wus kèrêm ing sagara ||

28. nora nana kang dèn paran ati | pan wus liwung tan darbe Pangeran | pan suwung jati kawruhe | datan dulu-dinulu | tan amanggih datan pinanggih | tan paran tan pinaran | wus tumêkèng suwung | sasolahe pan asamar | nora nana kang kêduga anampani | liwung kadya wong edan ||

29. wusing tamat radyan anungkêmi | padanira Kyagêng Pariwara | waspa drês alon ature | dhuh babo sang awiku | karsa paring pituduh jati | asru panuwun amba | kapundhi ing êmbun [êm...]

--- 1 : 41 ---

[...bun] | amung pangèstu paduka | kêsawaban ing sabda risang linuwih | tumancêpa ing nala ||

30. kyai agêng angandika aris | pêtilasan dibyane Njêng Sela | têka ing samêngko isèh | dongènge duk ing dangu | pênamare laku têtanin | sêsawah nanêm gaga | ing sawiji wêktu | sabakdane salat ngasar | marang sawah pêpaculira cinangking | praptane pêsabinan ||

31. gya tumandang wus adatirèki | lajêng mêndhung riwis-riwis jawah | kagyat gêbyare calèrèt | ki agêng maos gupuh | subkhanallah nulya kaèksi | kaki-kaki lumarap | njêng kyai tan kengguh | tan samar maring kang prapta | pinurugan pandhapan dènnya lumaris | si kaki wus cinandhak ||

32. wus kaasta jumêgur swarèki | ingkang pindha kaki-kaki ika | apan gêlap satuhune | ingêrut gandri gupuh | kyai wangsul anambut kardi | si gêlap gêdabigan | datan bisa ucul | sêbanjure katur sultan | ing Bintara banjur kinunjara wêsi | tan lami ana prapta ||

33. nini nyangking bêruk isi warih | amurugi maring pakunjaran | toya gya siniratake | wus sirna kalihipun | tinggal swara anggêgêtêri | kunjara wêsi rusak | mawut anggalêpung | dadya kondhang sanêgara | Kyagêng Sela sanyata lamun linuwih | bisa anyêkêl gêlap ||

34. uwit gandri kang kinarya nggodhi | sauwise gêlap katur nata | dadya murub mèntèr-mèntèr | ki agêng gya dhêdhawuh | marang putra wayah myang abdi | padha sira njupuka | gêni gêlap iku | ênggonên dêdamar ngomah | insya Allah kinajrihan gêlap yêkti | marma ywa pêjah-pêjah ||

35. ing saiki gêni gêlap isih | ingkang durung tumular-tumular | nèng pasareyan ênggone | apan ta sabên taun | manira tur tularan api | konjuk njêng sri pamasa | marang ing Matarum | sawah kang ginarap swarga | mung sêbau catur kêdhok dèn arani | si mêndhung mula aran ||

36. awit sabên nggarap kangjêng kyai | banjur mêndhung rong kêdhoke aran | subkhanallah katêlune | pandhapan aranipun | pate kêdhok si gêlap nami | kêtêlah têkèng mangkya | gandri kang katunu | sirna namung lêmahira | ngilak-ilak tan thukul katang myang têki | iku caritanira ||

37. kajabane ngolah têgal sabin | marang kulawangsa amêmulang | anggawe blêng myang uyahe | gawe nila nênandur | kêmbang pulu kalawan maning | anandur kang jujutan | marna bênang alus | sutra kang bakal kinarya | angadani utawa yasa dhapuring | omah joglo limasan ||

38. nganggit-anggit corèking kang lurik | tuwuh sela têlu lima lawan | badra sapênunggalane | abah-abah pinatut | winuwuhan wangunannèki | anguripkên etungan | nila sitèn iku | nguni kang miwiti etang | sri manuntun nanging tan ana mrêduli | dadi wite kalakyan ||

39. Eyang Sela tumêka saiki | lêmah dadi sangganing wong juga | ingaran sêbau kuwe | gawene wong ro iku | diarani cacah sêkikil | gawene uwong papat | aran cacah sajung | piridan etungan jagal | sampil siji sêbau dwi sampil kikil | sampil pat sajung rannya ||

40. dhasar sugih kawignyan lan lantip | ya Ki Ngabdurrahman Kyagêng Sela | prayoga budinên jêbèng | grendanên tyas sirèku | sukur bage bisa nyèplêsi | orane mung mirida | lêlabuhanipun | kajabèku patilasan | abrag tani dadi wasiyat narpati | Sri Nata Ngèksiganda ||

30. SINOM

1. mangkana tyasira radyan | dupi myarsa andikaning | Kyai Agêng Pariwara | dadya supe dhahar guling | ing nala kang kaliling | amung sihira Hyang Agung | rum manis aturira | ki agêng lamun marêngi | dasihipun arsa ndumugèkkên lampah ||

2. paduka kantuna arja | kawula anyuwun pamit | iya kulup ywa pêpeka | ingsun nyangoni basuki | sawusnya mangênjali | sêsalaman nulya mundur | Gathak Gathuk pamitan | wus linilan kalihnèki | rêruntungan tan pisah lan bêndaranya ||

3. ngalèr ngilèn lampahira | wanci ngajêngakên mahrib | praptèng gubug padhêkahan | anon urubing kang api | nèng satêngahing sabin | kinubêng ing mandera gung | ana panti kang cêlak | dhapur mêsjid cakêt api | Dhatuk Bahni ing Mêrapi ingkang têngga ||

4. wikan lamun kêdhatêngan | gya mijil saking ing panti | wus pinanggih lan rahadyan | samya sêsalaman katri | Ki Datuk ngêndika ris | kêtabêtan ingkang rawuh | sru bêgja kêmayangan | de ana kang sudi mampir | mring asonya ki putu pundi pinangka ||

--- 1 : 42 ---

5. lawan sintên kang sinambat | paran kang sinêdyèng kapti | rahadyan matur prasaja | kula nama Jayèngrêsmi | de rencangong kêkalih | pun Gathak lawan pun Gathuk | ing Giri kêlairan | tan ana sinêdyèng kapti | ambêlayang ngupadosi dwi kêkadang ||

6. mangkya pados pasipêngan | pramila bilih marêngi | nyukêri jogan paduka | Ki Datuk latah dènnya ngling | dhuh babo wong asigit | sampun kang sipêng sêdalu | sênadyan sêlaminya | kêparêng dhêdhêkah ngriki | iba-iba pun kaki bingah ing nala ||

7. wawi ngambil toya kadas | sêdhêng waktunira mahrib | wusing kadas Gathuk adzan | pêragat wêktu mahribi | pujiyanira ngênting | sampêt wêktu ngisanipun | wusing bakda salaman | lajêng lêlênggahan sami | wus ambanjêng sugatanira ki wisma ||

8. liwêt kêtan panggang ayam | cinocoh ing santên kanil | winadhahan panjang ilang | sambêl windu saking miri | linêmêng bumbung pêting | gula siwal anèng êmpluk | wedang sêkar sridênta | Ki Datuk wêcana manis | wawi bagus pun kaki atur sugata ||

9. sêpala amung kinarya | lumayan aywa kalantih | pikantuk dènira dhahar | linorotkên maring abdi | rahadyan matur aris | ing wau kula andulu | siti rêsik arata | gumrêbêg amêdal agni | urubipun ingkang acêlak bantala ||

10. warni ijêm biru jênar | kadya sêkaran tinêpi | inggiling urub saasta | wiyarira sawatawis | cakêt lawan Mêrapi | wontên sela alus bagus | kadya ompaking wisma | Ki Datuk ngandika manis | ing Mêrapi kang murub angalad-alad ||

11. wawi bagus pinurugan | wus mêdal saking ing masjid | kerid Ki Datuk lampahnya | prapta cêlak ing Mêrapi | Ki Datuk malbèng gêni | ingusêg suku wus lampus | pêtêng ndhêdhêt limêngan | tan dangu gya murub malih | Dhatuk Bahni wacana lan Gathuk Gathak ||

12. busêkan suku lir ingwang | mêngko lamun uwis mati | sulêdên sêdhengah-dhengah | mêsthi banjur urip maning | Gathuk Gathak turnèki | dede pabênan mbah dhatuk | latu kangge mainan | jabakneya yèn kiyai | bilih kula yêkti kobar dadi wongwa ||

13. e mara ta lakonana | Gathuk jinorokkên aglis | mring Gathak dhawah kêlumah | cêkekalan dènnya tangi | tan ana raosnèki | wus ingusêg suku lampus | sinulêd nulya gêsang | nahên toyanira sabin | gya ngêlêbi sadhêngkul lêbêting toya ||

14. latu maksih kantar-kantar | anèng sanginggiling warih | rahadyan dahat anggagas | kaelokaning Hyang Widhi | kadiparan kiyai | mulabukane karuhun | Ki Datuk Bahni lingnya | wikana ulun tan uning | watu ompak punika dhèk jaman Dêmak ||

15. adêge mêsjid ing Dêmak | para wali kang ngadani | Njêng Susunan Kalijaga | kabageyan ompak siji | mbêktane praptèng ngriki | sampun wanci bakda subuh | ing mangka datan kêna | kêbyaran adêging mêsjid | gya tinilar mangkya dadya panêngêran ||

16. sintên wonge kang kuwawa | anjunjung sêmbari linggih | kêlakyan sasêdyanira | suwawi yèn badhe nyobi | rahadyan turirèki | amung ngalap bêrkahipun | linuhung waliullah | kang eca dènnya ningali | ing Mêrapi dadya tan wangsul mring wisma ||

17. rahadyan matur têtanya | kula mirêng caritaning | ing nagari Ngèksiganda | têlênge karaton Jawi | yèn arsa mangun kardi | amikramakakên sunu | dêging tarub ingetang | myang wulannya kêdah milih | ing karêsmèn pados dintên kang prayoga ||

18. inggih bagus dhasar nyata | sanadyan ing dhusun ngriki | sabên ayun darbe karya | sami têtanya mring mami | wulan ingkang prayogi | kangge andhaupkên sunu | piridan saking Arab | miwah etangipun Jawi | pan kinumpul supadi manggih widada ||

19. adêging tarub punika | pêpitu etungannèki | awite tanggal sapisan | tarub ratu dèn arani | tanggal kapindho nênggih | seluman lanang ranipun | ping tiga seluman dyah | ping pat rahayu basuki | kaping lima rahayu sêlamêt tama ||

20. kaping nême pati lanang | kaping pitu pati èstri | ping wolu sami sapisan | têkèng sapiturutnèki | mangkya ingetang sami | kaping sapisan ping wolu | limalas rolikur lan | sangalikuripun nênggih | pan ingaran tarube sri naranata ||

--- 1 : 43 ---

21. pindho sanga ping nêmbêlas | têlu likur tridasèki | seluman lanang ingaran | ping tiga sêdasa tuwin | pitulas patlikuring | seluman wadon puniku | kaping pat ping sêwêlas | wolulas sêlawe nênggih | apan sami rahayu kawilujêngan ||

22. kaping lima kaping rolas | sangalas nêmlikur sami | rahayu tur karaharjan | ping nêm ping têlulas tuwin | dwi dasa sapta kuring | ngaran pati lanangipun | ping pitu ping patbêlas | slikur wolulikur sami | ingaranan pati wadon tan prayoga ||

23. samonèki nyingkirana | sangar naas gung myang tali | wangke sampar wangke miwah | dhêndhan kukutan lan mawi | sangat adêgirèki | ingkang saka awitipun | sarat nganggea saka | dhadhap srêp têka satunggil | kang prayoga prayogine dèn anggoa ||

24. satunggal tarubing nata | agême njêng sri bupati | kalihe seluman lanang | tri seluman wadon nênggih | sami datan prayogi | kaping sêkawan rahayu | kaping gangsal raharja | punika sami prayogi | kaping nênêm pati jalêr tan prayoga ||

25. kaping sapta patining dyah | ugi tan sae pinanggih | petang sapta yèn sri nata | kang kagêm etang satunggil | sanèse narapati | petang sêkawan puniku | kêlawan etang gangsal | punika salah satunggil | kang kinarsan dede wulaning kawinan ||

26. wontên sabdaning utusan | adhawuh mring para mukmin | dèn padha angawruhana | ing wong salaki sarabi | amanggih papa nênggih | lamun awon wulanipun | raharja manggih suka | lamun sasinipun bêcik | prayogane dèn sami angawruhana ||

27. lamun Mukaram dohêna | tyang akawin lakirabi | utangan alamatira | wulan Sapar tan prayogi | wikana kang pinanggih | Rabingulawal kang tèngsu | pêjah salah satunggal | yèn wulan Rabingulakir | manggung runtik tansah arêbut suwala ||

28. ing wulan Jumadilawal | antuk druhakèng Hyang Widhi | tur akêrêp kêpandungan | jinahan pakartènèki | yèn kawêntara yêkti | anandhang wêwirang agung | Jumadilakir wulan | sugih êmas lawan picis | wulan Rêjêb kêdadèn anak lan donya ||

29. ing wulan Saban raharja | sagawene nêmu bêcik | wulan Ramêlan druhaka | kathah pandamêling eblis | wulan Sawal tan bêcik | gêringan pikantukipun | ing wulan Dulkangidah | asring susah nglêliwati | wulan Bêsar raharja sasolahira ||

30. ingkang karêsmèn winarna | kang pangandika njêng nabi | salallah ngalèhi salam | rikala amituturi | dhatêng kang putra èstri | Siti Fatimah kang luhung | lawan dhêdhawuh marang | putra mantu Sayid Ngali | Raldiallahhu 'an hu bab ing masalah ||

31. ing wong arêsmi lan garwa | hèh Ngali pitutur mami | aja sira asanggama | tanggal pisan lawan malih | ing wêkasaning sasi | nora bêcik karonipun | iku kalamun dadya | anake mêtoni cilik | lawan aja asanggama tanpa damar ||

32. lamun dadi sutanira | balilu kirang kang budi | lawan aja asanggama | dina Ahad lan wêngining | iku kêlamun dadi | pan durjana larenipun | lawan aja sanggama | ing dina Rêbo tan bêcik | lan wêngine yèn dadi bocah cilaka ||

33. lawan aja asanggama | wêktu fajar nora bêcik | lamun dadi larenira | tuna liwat watêknèki | lan aja karon rêsmi | nalika têngange iku | kêlamun dadi bocah | dadi juru têluh ugi | lawan aja sanggama malêm riaya ||

34. Fitri lamun dadi bocah | duraka mring bapa bibi | lawan aja asanggama | malêming riaya iku | Bêsar kêlamun dadi | bocah siwil adatipun | lan aja asanggama | ingkang kêtlorong hyang rawi | lamun dadi bocah adoh bêgjanira ||

35. lan malih aja sanggama | sêmbari ngadêg tan bêcik | mangka lamun dadi anak | duwe lara bèsèr ugi | lan aja karon rêsmi | nalikane dina Sabtu | miwah ing wênginira | iku lamun dadi bayi | bilaine adate kalêbèng toya ||

36. lan aja sanggama sira | sêmbari ngusapi parji | miwah dakar iku aja | ngusapan lawan jêjarik | mangka kêlamun dadi | bocah kurang budinipun | lan aja asanggama | sambi rêrasan tan bêcik | mapan bisu adate yèn dadi bocah ||

37. lawan aja asanggama | kêlawan ningali parji | lamun dadi larenira | wuta adate puniki | lan aja akarêsmin | nèng ngisor wit-witanipun | kang pinangan wohira | yaiku kalamun dadi | larenira pagaweane niaya ||

--- 1 : 44 ---

38. lawan aja asanggama | malêm barahat tan bêcik | lamun dadi larenira | anandhang lara tan mari | iya kalawan malih | aja sira karon lutut[4] | ana ing panginêpan | puniku kalamun dadi | larenipun abangêt cilakanira ||

39. lan aja sanggama sira | anuju kèling pawèstri | lamun dadi larenira | budhug adate kang sakit | poma Ngali dèn eling | imanêna tuduh ingsun | he Ngali sanggamaa | ing malêm Isnin ku bêcik | myang rinane apan iya bêcik uga ||

40. lamun dadi larenira | watêke sarêgêp ngaji | lawan sira sanggamaa | ing malêm Sêlasa bêcik | miwah raina bêcik | lamun dadi bocah iku | akèh wong ingkang trêsna | lawan sanggamaa Ngali | malêm Kêmis miwah ta rainanira ||

41. lamun dadi sutanira | pan akèh bêgjanirèki | lawan sira sanggamaa | ing malêm Jumuah bêcik | nadyan raina bêcik | lamun dadi sutanipun | apan sugih kabisan | lamun sanggama sirèki | sadurunge lingsir ing dina Jumuah ||

42. utawa ing Kêmis dina | karone iku abêcik | yèn dadi atmajanira | dadi pêngulu lan malih | sinunatakên ugi | ing wong asanggama iku | yèn amaca bismillah | hirrohman yah mirrohimi | lan amaca ta'awut lan sunat uga ||

43. yèn tan amaca bismillah | nalika arêp sahwati | lamun dadi sutanira | bêlilu tuna kang budi | mila yèn arsawati | dèrènge nggone têngawut | mênèk ana panjalma- | ning satru kang dèn kawruhi | dipun sami ngèstokkên khadis asmara ||

31. ASMARADANA

1. lan wontên kaol mèngêti | lamun arsa sacumbana | lan garwa miwah sêlire | anyingkirana ing dina | Sabtu Lêgi ya aja | akarêsmèn dina iku | awon adate yèn dadya ||

2. larene agadhah sakit | edan kang wus kêlampahan | anadene panyirike | namung sadalu sasiyang | lan maninge ya aja | acumbana wênginipun | ingkang garêbêg têtiga ||

3. punika pan botên bêcik | lamun dadi larenira | sok kathah ayan sakite | lan malih lamun cumbana | lan wanodya kèl aja | lamun dados putranipun | sok nggadhahi sakit barah ||

4. poma dèn sirika ugi | yèn wong wadon lagi tarap | aja sok gramah guramèh | yèn durung adul kèl aja | dèn ajak sacumbana | lamun sangêt kêrsanipun | pan angur golèka liya ||

5. dene ta ing Tumpak Manis | lan wêngi gêrêbêg tiga | singgahana aywa supe | kalamun sangêt ing karsa | têka dèn bêtahêna | kadar pira mung sadalu | yèn wis bakda cumbanaa ||

6. kadi ta ing Tumpak Manis | sêdalu lawan sêsiyang | bêtahêna aywa supe | kadar pira mung sadina | sawêngi ngarah apa | ujubêna tapa iku | acêgah lawan wanodya ||

7. poma dèn èngêt ywa lali | aywa na ingkang sêmbrana | ing wong tuwa wêwalêre | lan wajib ingèstokêna | mangsa silih doraa | lan wontên utamanipun | lamun arsa sacumbana ||

8. mapan ta kêdah amilih | nujua dina Jumuah | kang tan sangar taliwangke | miwah naas singgahana | krêmèna bakda luka | yèn wus krêmèn banjur adus | lajêng mêtoni Jumuah ||

9. punika kêlamun dadi | tuture wong tuwa-tuwa | kathah kang dadi masalèh | miwah ta dadi 'ulama | tanapi kèh bêgjanya | titi tamat sêrat pemut | prayoga dèn èstokêna ||

10. Gathak Gathuk anggêligik | ngêcêmut ririh rêrasan | Gathuk Ki Datuk ature | mring bêndara bab ngononan | gèk basa banjur ora | Gathak ririh sauripun | ah wong tuwa iku lumrah ||

11. coba dak matur kiyai | na njaba kang wus kêwêdhar | apa iya ana manèh | Gathak gya majêng manêmbah | sirikan non-anonan | rèrèh ririh dènnya matur | dhuh njêng kyai apuranta ||

12. kamipurun ingkang patik | anyuwun ing sêsêrêpan | kêjawi kang wus kawiyos | sirikanipun sanggama | Ki Datuk mèsêm nabda | kacung sirèku amêncul | ana maning linarangan ||

13. wong tuwa kang duwe peling | pan tinon anyinggahana | sacumbana lawan lonthe | miwah lan têlèdhèk aja | dèn aja sacumbana | apan awon tilasipun | akathah kang sakit bêngang ||

14. lan kaping kalihe malih | asring sakit rajasinga | ting crêmumuh ting pranyènyèh | yèn munjuk dhatêng ing grana | sok pisêg adatira | yèn mring netra nggènnya munjuk | kang kathah asakit wuta ||

--- 1 : 45 ---

15. sayogyane dèn singgahi | sacumbana lan wanodya | ingkang awon pratingkahe | sanadyan silih ayua | tan pantês kinedanan | yèn wis lara kênèng nutuh | nora nana wong ngalêma ||

16. nadyan awona sathithik | kalamun antuk parawan | mundhak ngêncêngake otot | pae lan randha wulanjar | tan ngundhakakên kuwat | namung mirid sampun gambuh | nora susah ajar-ajar ||

17. ewa mêngkono tan kêni | sasênênganing manusa | pasêptane dhewe-dhewe | ana kang sêpta mring randha | ana sêpta wulanjar | sawênèh ana wong iku | arêmên rabi pêrawan ||

18. ciptane sajroning ati | rina wêngi dèn garapa | prandene yèn ngadêg pulèh | nambuta gawe sêdina | sajam masa antuka | nêlèdhèk bae sêbêdhug | olèh kaya têlung têngah ||

19. miwah lamun njaja bêngi | tan susah nganggo pawitan | mung kêmbang pupur lan borèh | tapih kêmbên sapantêsnya | prandene kèh kang tumbas | pan ora nganti sêbêdhug | olèh opah limang uwang ||

20. mulane ana nglakoni | mbuwang isin lawan wirang | rabi têlèdhèk lan lonthe | pan ora kêna dèn wora | karêpaning manusa | apan ta sampun asnapun | warna-warna beda-beda ||

21. warna-warna rupanèki | beda-beda karêpira | nora kêna dèn wor-êwor | seje badan seje nyawa | kon kêna dèn wowora | kang tunggal badan nyawèku | prandene tan rujuk karsa ||

22. kaya mata lawan pêli | miwah wêtêng lawan badan | duwe karêp dhewe-dhewe | matane arsa anendra | wêtênge arêp mangan | badane abangêt lêsu | pêline angajak sahwat ||

23. lawan ana peling maning | yèn marêngi acumbana | mring garwa lawan sêlire | aja ngakèhkên gêndhingan | tan bêcik lamun dadya | anggêlidhig larenipun | adate kang wus kêlakyan ||

24. lan kaping pindhone maning | kêlamun jroning cumbana | aja sinambi cêlathon | gêguyon kang tan prayoga | tan bêcik lamun dadya | larene juwèh puniku | wêrtane wong tuwa-tuwa ||

25. mulane lamun karêsmin | aja ngêkèhkên gêguywan | balik dèn rêsik badane | miwah ta ingkang sandhangan | wêwangi anganggoa | lamun dadi larenipun | rêsikan pênêd kang warna ||

26. mulane aja karêsmin | yèn durung rêsik kang badan | tangi turu banjur nyemplo | nora nganti mring pêkiwan | yèn dadi tan prayoga | larene wêrnine kêthuh | cêrobo ala kang warna ||

27. lan manèh sajrone wati | kalamun kêpêntut ala | yèn dadi nyêngit anake | mulane kêlamun sahwat | yèn ngêntut dèn copota | lamun êntut uwis mêtu | enggal nuli balèkêna ||

28. lawan ana peling maning | kêlamun mêntas amangan | aja sok banjur karêsmèn | yèn durung mudhun kang sêga | ala marang sarira | anduwèni lara watuk | puniku kang wus kalakyan ||

29. dene ta gampangannèki | kêlamun mêntas mêmangan | maksih kêrasa warêge | aja wani-wani sahwat | yèn wêtêng durung lêga | kêlamun drêng karêpipun | têka bêtahna sêdhela ||

30. Gathak Gathuk duk miyarsi | gumuyu alatah-latah | kêpingkêl atos wêtênge | rahadyan mèsêm kewala | Dhatuk Bahni lingira | kacung iku pancèn saru | aran gunêm carêmêdan ||

31. rahadyan ngandika aris | punika langkung prayoga | wantah datan mawi tèdhèng | dados gampil linampahan | suwawi kalajêngna | rèhning ing ngagêsang têmtu | Ki Datuk ndhêku turira ||

32. utami bilih nyingkiri | nahas nabi wulan Sura | tanggal kaping tri wêlase | punika nalikanira | Nabi Brahim binakar | kaping tiga wulan Mulud | tinurunkên Nabi Adam ||

33. nêmbêlas Rabingulakir | Nabi Yusup nalikanya | linêbêtakên sumure | Jumadilawal ping gangsal | Nabi Nuh nalikanya | kinêlêm ing jagadipun | ping sêlikur wulan Siyam ||

34. Kalam'ullah Musa Nabi | kala kalêbèng samodra | sêlaka ping patlikure | Nabi Yunus nalikanya | inguntal ulam lodan | Bêsar ping sêlawe nuju | njêng nabi kêkasihing Hyang ||

35. Mukhammad ingkang sinêlir | ginutuk sela wong kopar | rêntah kêkalih wajane | dene kang kikrik ing petang | sabên wulan kewala | asal tanggalnya panuju | kaping tiga kaping gangsal ||

36. tri wêlas nêmbêlas tuwin | sêlikur patlikur miwah | tanggalipun ping sêlawe | sami cinêgah sadaya | kalawan sangar wulan | sêtaun pinara catur | Pasa Sawal Dulkangidah ||

37. Jumuah sangarannèki | Bêsar Sura lawan Sapar | Sabtu Ahad sangarane | Mulud Rabingulakir myang | wulan Jumadilawal | Sênèn Slasa sangaripun | Madilakir Rêjêb Ruwah ||

--- 1 : 46 ---

38. sangaripun Rêbo Kêmis | rahadyan aris turira | kathah têmên etangane | yèn mêkatên kêdah tamban | datan kenging dinadak | o bagus nggih-inggihipun | kèndêl dènira raosan ||

39. ndungkap wanci fajar gidib | samya ngambil toya khadas | nulya pêrlu wêktu suboh | pêragat dènira wêkdal | rahadyan ngaras pada | dhuh Ki Datuk Bahni tuhu | asung kêkanthining gêsang ||

32. KINANTHI

1. kalangkung gunging panuwun | paduka sung têdah jati | pênêt awoning pakaryan | wênang mokal ing sanggami | kang sayogya linampahan | patut linaluri-luri ||

2. ing mangkya kawula nyuwun | lilahipun sang linuwih | pamit ndumugèkakkên lampah | kyai kantuna basuki | muhung pangèstu paduka | rahayuning lampah mami ||

3. Dathuk Bahni ngandika rum | dhuh mas putu wong asigit | sampun kirang pangaksama | ulun sung puja basuki | ing lampah ywa kasangsaya | miwah ingkang dèn padosi ||

4. sami manggiha rahayu | ramanta kang nèng Matawis | antuka nugrahèng nata | wangsul mbawani ing Giri | sinuhun ing kulawarga | têtêp kadi nguni-uni ||

5. radyan ndhêku matur nuwun | ri wusira mangênjali | atur salam mring sang tapa | Gathak Gathuk angabêkti | sawuse sinungan salam | katri mundur saking ngarsi ||

6. Kyai Datuk ingkang kantun | kumêmbêng waspanya mijil | kaya-kaya nututana | labêt sru trêsnaning galih | tan cinatur kang kabyatan | asruning sih mring têtami ||

7. radyan lampahira laju | ngalor ngetan sawatawis | hyang surya wus nunggang arga | mungup arsa amadhangi | ing saisining kanang rat | mawèh enggaring panggalih ||

8. ing pagagan wus kapungkur | tumama ing wana wêrit | kèh rawa kang kaliwatan | ngancik sukuning kang wukir | têlatah krajan Undhakan | dhukuh Prawata kaèksi ||

9. radyan ngandika mring Gathuk | payo padha diparani | padesan kang katon ika | lajêng lampahira katri | praptèng sajawining dhadhah | kèndêl satêpining bèji ||

10. kayoman ing nagasantun | pinagêran ing wratsari | winêngku ing sela krêsna | radyan ngambil toyastuti | wêktu ngasar wus paragad | saluku têpining bèji ||

11. Gathak Gathuk monthak-manthuk | mêtêki sampeyan kalih | rêngêng-rêngêng sêsingiran | tan nana tinahèng galih | têntrêm raosing sarira | wau ta ingkang winarni ||

12. lurahing Prawata dhusun | kêkasih Ki Darmajati | Darmawati nyainira | atmaja èstri satunggil | pêparab Rara Surendra | ing warna tuhu linuwih ||

13. wingit ing pasêmonipun | kuning wênês amrakati | antêng ruruh tur jatmika | lantip ing wêweka titi | susila tyase ngumala | ujwala mantêr nêlahi ||

14. ngrêrompyoh sêsinomipun | rema ngendrawila wilis | jangga lumung asêmbada | wêlar pranajanirèki | maya-maya sinatmata | lir pendah cêngkir piningit ||

15. awijang bêbaunipun | asta anggêndewa gadhing | wiraga nênangi brangta | yèn lumampah ngati-ati | ririh alon ngêmbat madya | lambung mêmês kadyangganing ||

16. tunjung lumembang ing ranu | kêsilir ing angin ngidid | wasis saliring pakaryan | kang winajibkên pawèstri | sang dyah tumutur ing rama | mring têgal arsa ngundhuhi ||

17. lombok terong pare timun | kacang ceme myang kêcipir | lumampah ana ing ngarsa | kêsorot ing sang hyang rawi | mangu-mangu sang hyang surya | dènnyarsa tumamèng wukir ||

18. kasêngsêm miyat sang ayu | dumadya mandhêg tumolih | sang dyah rara kampir sêndhang | têka satêpining warih | cêngkelak wangsul trataban | ênar-ênar sênig-sênig ||

19. kêpanggih ing ramanipun | sarya awêcana aris | rama aku tur uninga | ing kono têpining bèji | ana wong anyar kawuryan | linggih slonjor dèn pêtêki ||

20. banèke kang mêtêg ngidung | kinanthi siji nyênggaki | Ki Darmajati têtanya | mênok jalu apa èstri | êmbuh rama ora tamat | ki lurah gugup lingnya ris ||

21. hèh mbokne nok dèn agupuh | maranga têgal pribadi | kêlawan atmajanira | sawise sira ngundhuhi | apa saisining têgal | banjur olahên kang bêcik ||

22. mênok angundhuha jambu | drêsana kêlawan manggis | kêpêl kokosan rambutan | dhuwêt putih aja kari | lan dêlima ingkang tuwa | jêruk kêprok salak mêdhi ||

23. pêlêm santog sêngir madu | pilihana kang matêng wit | olaha jangan bêningan | sambêl jagung jangan mênir | pêcêl ayam kang kêmanggang | lalaban cambah kêmangi ||

--- 1 : 47 ---

24. bêtutu ayam ywa kantun | lan gorengan dhere èstri | gèsèk kuthuk gêgêpukan | sambêl brambang lalab slèdri | kêkêcutan sunthi bawang | lawan kêtimun sumêrit ||

25. wedang kahwa gula têbu | saringên tapas kang rêsik | nyênyamikan putu têgal | carabikan mêndhut koci | sêmar mêndêm buntêl dadar | kinopyok ing santên kanil ||

26. sambêl gorèng kring ywa kantun | urang campurên lan ati | rambak kuliting kang ayam | pêtis kang wis kok bumboni | sêga lêmês sêga akas | liwêt pitik jago biri ||

27. wedang dhahar blimbing wuluh | sing anyêp rêndhêmên warih | rêrêmikaning dhaharan | criping kaspe criping linjik[5] | pisang gorèng nganggo gula | criping tela karag gurih ||

28. wis masa bodho sirèku | pikirên lan mbokmu nyai | aywa na ingkang kuciwa | Ki Darma lajêng mring bèji | wau rahadyan kang lagya | pinêtêkan abdi kalih ||

29. ngêndika mring Gathak Gathuk | sira mau muni tobit | banjur mlongo kêdhèp têsmak | Gathuk matur wontên jalmi | wanodya warna yu endah | arsa tumama mring bèji ||

30. tan dangu cêngkelak wangsul | kilap wau purugnèki | amung tilase lumampah | ngganthêng kadya lintang ngalih | kintên kula waranggana | apêsipun putrining jim ||

31. kèndêl dènira umatur | praptane Ki Darmajati | nyakêti lênggahnya radyan | saha aturira aris | dhuh risang nêmbe kawuryan | kula anggèr nilakrami ||

32. pundi pinangka sang bagus | sintên sinambat ing wangi | rahadyan arum ngandika | kula aran Jayèngrêsmi | santri nagri Surapringga | saking umiyat Mêrapi ||

33. paman punapi kang lungguh | myang sintên ingkang kêkasih | Darmajati nama kula | lurah ing Prawata ngriki | bilih kêparêng ing karsa | kawula aturi kampir ||

34. dhumatêng ing sudhung ulun | paman kêlangkung prayogi | mênggah dhepokipun paman | gapura ingkang kaèksi | o radèn dede punika | tilas kêraton njêng gusti ||

35. sultan ing Dêmak karuhun | paman ulun ayun uning | pêtilasaning awirya | wawi kula kang umiring | linggar saking ing patirtan | Ki Darma lumakyèng ngarsi ||

36. minggah praptèng alun-alun | lir ara-ara wêradin | kantun wringin kalih jajar | nulya minggah mring sitinggil | mangidul anon gapura | angongkang têpining wukir ||

37. munggul sela gamping bagus | ingukir pinatra rêmit | margi minggah ndhak-undhakan | sela gamping kang kinardi | praptèng nglêbêting gapura | Ki Darma aturnya mijil ||

33. MIJIL

1. lah punika wujude kang puri | ing Dêmak Sang Katong | dados kalih njêng sultan kithane | bilih rêndhêng linggar dhatêng ngriki | wit Dêmak nêgari | kêlêban we jawuh ||

2. yèn kêtiga wangsul mring nagari | nuntên kang ngêdhaton | Susuhunan Pruwata namine | akêtêlah tumêkèng samangkin | karan ingkang ardi | Pruwata puniku ||

3. ascaryambêk radyan aningali | ingkang têmbing êlor | rawa wiyar ing ngandhap parêdèn | lir samodra sinaba ing pêksi | pèlopèl lan mliwis | blêkok cangak kontul ||

4. bangothonthong pêcuk cangak trinil | rang-urangan abyor | andon mangsan mina lan urange | anjrah kadi sêkar tinon asri | wus slêsih ningali | rahadyan tumurun ||

5. amangilèn mring pinggiring rawi | anon sumbêr ayom | binalumbang binatur pinggire | sela pêthak kêkubuk pêsagi | sajroning botrawi | ingkang pojok catur ||

6. pinasangan sela gilang langking | winangun ambanon | botên aclop we têbah kaote | jroning blumbang bulus agêng alit | samya bêlang putih | ngambang tata turut ||

7. isthanira nêmbramèng kang prapti | Gathak Gathuk gawok | athik bulus sêmono akèhe | gêdhe cilik padha bêlang putih | iku kang nglurahi | êndhase sagênuk ||

8. Darmajati aturira aris | punika sang anom | wasta grudha tilas siramane | sultan adi ing Dêmak nêgari | sela gilang langking | palênggahanipun ||

--- 1 : 48 ---

9. miwah sabên wêkdal anèng ngriki | nadyan salat luhor | datan bêntèr kayoman êngrone | gayam nyamplung kêrèbèt wêringin | sabên Nggara Kasih | Jum'ah malêmipun ||

10. kathah ingkang tirakat mring ngriki | dupa sêkar konyoh | nèng ngandhape kêkajêngan nggène | mangga radyan mariksa ing bèji | wastanipun Jibing | pasiramanipun ||

11. para arum kang samya umiring | ing njêng sang akatong | wus dumugi ing Jibing têpine | gasik rêsik ayom silir-silir | ri wusnya udani | Darmajati matur ||

12. sampun tapis ingkang dèn tingali | sumangga sang anom | aso dhatêng pun paman griyane | anêntrêmkên rawuhe kang dhiri | radyan mituruti | kerid lampahipun ||

13. ing pêndhapi sampun dèn gêlari | pandamira abyor | ngandhap talang lênggahe sang radèn | Gathak Gathuk nèng ngèmpèr pêndhapi | Ki Darma mring panti | sanjang rabinipun ||

14. sira dhewe ngladènana nyai | lan anakmu Mênok | gantèn êsês wedang dhaharane | mêngko bakda ngisa wus angrakit | dhahar kang prayogi | dhayohmu linuhung ||

15. Darmawati sêndika turnèki | sêdaya wus mrantos | Darmajati mijil ngarsèng radèn | datan dangu sugata lumadi | nyai anèng ngarsi | Rara Mênok pungkur ||

16. gupuh matur sarwi ngacarani | nggih punika kangmbok | nyai amba Darmawati rane | ingkang wingking anak amba èstri | pêmbajêng nggih ragil | tan na kadangipun ||

17. pun Surendra namanipun yêkti | nanging karan Mênok | kidhung wagu tur awon warnane | labêt kogung tur têbih nêgari | bodhone nglangkungi | amung lothung-lothung ||

18. nyai sira ngaturna pambagi | marang ing sang anom | ingkang êmbok atur basukine | rawuhipun anggèr wontên ngriki | pangèstu ta bibi | pan inggih rahayu ||

19. Nyai Darma anolih mring wuri | babo sira Mênok | ngabêktia ing suku nah anggèr | anyuwuna pangèstu glis laki | tuk jodho pêrmati | slamêt panjang umur ||

20. Rara Mênok tan wangwang ngabêkti | ing pada sang anom | tatag-têtêg tan sèdhèng driyane | ngêndikèng tyas Radèn Jayèngrêsmi | èdi bocah iki | ayu trus rahayu ||

21. nora nana cacade samênir | pantês ambêg tanggon | kêmbar warna amung polatane | ruruh iki lan Si Rancangkapti | wusing angabêkti | Rara Mênok mundur ||

22. Darmajati aturira aris | sumangga sang anom | kêparênga ngunjuk sawontêne | myang nyênyamik wêdalan ing ardi | ndhêku Jayèngrêsmi | wedang wus ingunjuk ||

23. sarwi dhahar cariping kaspèi | têlas tigang kêthok | Gathak Gathuk tan beda suguhe | kacung riku nêdha dèn rahabi | bikut rarya kalih | ngombe srupat-sruput ||

24. angathêmil nyamikan pat piring | gasik lir sinapon | manjing mahrib alinggar rahadèn | maring langgar ki wisma umiring | dumuginya mêsjid | Kyai Darma wangsul ||

25. tata dhahar nèng bangku sinamir | tinutup ing lawon | dilah thonthor bênggala liline | Rara Mênok ingkang ngrakit-ngrakit | rampunging pangrakit | gantèn cêlak bangku ||

26. Darmajati têtanya mring siwi | uwis rampung Mênok | rama uwis mung kantun liwête | lan ngêngêti ingkang gajih-gajih | mêngko lamun uwis | lênggah nggonku ngêdhuk ||

27. kawarnaa ingkang anèng mêsjid | Gathuk adzan gupoh | bakda sunat kinamadan age | nulya pêrlu usalli mahribi | bakda amêmuji | têkèng ngisanipun ||

28. bakda ngisa radyan ngandika ris | Gathuk bocah wadon | kang dèn ujungakên mau kae | ayu êndi lan kang marang bèji | Gathuk matur sami | tan gèsèh sêrambut ||

29. eram kula lêgane sudarmi | datan walangatos | kan bocahe têka tatag-tètèg | iya Gathuk ing pênyawang mami | kana-kene sami | ngena-ngene suwung ||

30. Radèn Jayèngrêsmi ngêndika ris | iku nora linyok | wus mêngkono wong aurip kiye | kacihnane tandhane sawiji | ngaurip puniki | tan na bedanipun ||

31. Kyai Darma mring langgar ngaturi | ing sang prawira nom | bilih sampun pêragat pêrlune | mbok paduka nggènipun sêsaji | dhaharnya sang pêkik | mangkya sampun rampung ||

32. njêng andika ngaturan mring panti | radyan tindak alon | lajêng lênggah cakêt lan mejane | liwêt angêt lan ulam kang nggajih | wus lumadyèng ngarsi | sadaya kumêbul ||

--- 1 : 49 ---

33. Nikèn Darmawati matur aris | anggèr ingkang êmbok | tur sugata sakawontênane | radyan ndhêku angandika aris | mangga paman bibi | prayogine kêmbul ||

34. katri sarêng dènira abukti | bikut Rara Mênok | angimbêti ngladoskên jangane | sambêl ulam tan kêndhat linarih | Radyan Jayèngrêsmi | kang dhinahar namung ||

35. sêkul liwêt sakluwak tan luwih | gèsèk tlas sajêmpol | lalap sunthi rong iris tan luwèh | wus dumugi dènira abukti | atop wanti-wanti | Ki Darma sru ngungun ||

36. wus tinarik wowohan mangarsi | radyan mêndhêt gupoh | dhuwêt pêthak kêkalih cacahe | gung ginlintir dhinahar sawiji | Gathak Gathuk bukti | angêndhoni sabuk ||

37. dhêdhaharan sawuse dumugi | mingsêr lênggah ngulon | Kyai Darma matur mring rahadèn | bilih parêng aso dhatêng panti | rèhning lir mas kentir | rahadyan umatur ||

34. MASKUMAMBANG

1. sampun paman sakeca wontên ing ngriki | ndhêku Kyai Darma | angandika marang siwi | gantèn êsês ladèkêna ||

2. wedang dharan lah-olahan saananing | Rara Mênok tanggap | angladosi anèng ngarsi | sêrbèt sinampirkên pundhak ||

3. wus tinata Ki Darma angacarani | sumangga adhahar | pun Mênok mangunahnèki | sêsinaon olah-olah ||

4. radyan mèsêm pangandikanira aris | klêbêt wajibing dyah | wagêd lah-olah sêkalir | têgên rigên minta-minta ||

5. wasis salir pakaryanipun pawèstri | rêratus myang wêdhak | parêm tapêl pupur pilis | konyoh jêjampi racikan ||

6. nyumêrêpi samoaning anggi-anggi | pon-êmpon babakan | êron ingkang maedahi | ngyêktosi kanggene karya ||

7. ngantih nênun nyulam nyongkêt andondomi | angrêronce sêkar | mbathik nyoga mbabar adi | mêmantês isining wisma ||

8. ngati-ati nastiti gêmi ing wadi | tan kirang tuladha | utamanipun pawèstri | nulad manêngên mangiwa ||

9. ingkang lêbda dêdugi lawan prayogi | wêtara rêringa | siyang dalu dèn kaèsthi | anut tuduhing sudarma ||

10. bilih sagêd kadya ingkang ulun angling | winiwitan mangkya | sinau wisma pribadi | pinindha ngladosi priya ||

11. mbokmênawi wilujêng ing donya akhir | punika paitan | têmbe angladosi laki | kantun pados kêlangkungan ||

12. manthuk-manthuk Ki Darma kêlawan nyai | dèn angrasakêna | ngêndikane radèn iki | tancêpêna ing wêrdaya ||

13. iya rama antuka pangèstu yêkti | sabdaning utama | nyawabana lair batin | bisane tampa nugraha ||

14. kawuwusa saratri tan ana guling | eca lêlênggahan | sêsambèn dhahar nyênyamik | wus wanci fajar gidiban ||

15. radyan matur mring Ki Wisma Darmajati | paman mbujêng enjang | mangkya kula nyuwun pamit | ayun ndumugèkkên lampah ||

16. paman bibi sami kantuna basuki | ing sapêngkêr ingwang | kang sinung ling matur aris | kula ndhèrèkkên raharja ||

17. gya salaman Ki Darma ngatag mring siwi | Mênok ngabêktia | sang dyah gupuh angabêkti | radyan arum angêndika ||

18. rara sira sun dongakkên ing Hyang Widhi | tumuli kramaa | olèh jodho kang prêmati | kang tulus trahing awirya ||

19. kang dêrajad rêspati sudibyèng ngèlmi | bisa momong ing dyah | nyênêngkên tyasing sudarmi | sira kantuna raharja ||

20. Rara Mênok matur nuwun sru kapundhi | pangèstu paduka | Gathak Gathuk samya pamit | linggar saking palênggahan ||

21. kyai nyai andhèrèkkên praptèng njawi | wus wangsul ing wisma | Rara Mênok angukuti | nahan lampahira radyan ||

22. kampir bèji wêkdal sêmbahyang subêkti | bakda pêpujian | rahadyan lajêng lumaris | ngalèr ngilèn anir pringga ||

23. krêdyating tyas kêpencut arsa udani | ing mêsigid Dêmak | iyasaning para wali | tan cinatur laminira ||

24. wus umasuk praptèng pêlataran mêsjid | tan ana kang nyana | yèn punika putra Giri | kinira santri bêlaka ||

25. minggah srambi wêwolu sakanirèki | ingukir pinatra | bêktan saking Majapait | sêngkalanira pinirsa ||

26. kori loro gawene wong[6] ungêlnèki | wiwara kang marang | mêsjid ingukir tulya sri | gambar gêlap pinêrada ||

--- 1 : 50 ---

27. ompak kori sinêrat sêngkalan muni | pêpatra kinarya | rupa gêlap tunggal nênggih | radyan manjing sigra-sigra ||

28. dupi prapta ana sajroning masigid | kêlangkung anikmat | mufangat raosing dhiri | èngêt manthêng suhuling Hyang ||

29. saka guru sêkawan agêngnya sami | inggile sêmbada | gilig mêmêt radi mêthit | agêngnya kalih rangkulan ||

30. ingkang êlèr wetan sanès lan kang katri | nênggih wujud tatal | kinêmpal dados satunggil | gilig aluse wêrata ||

31. yasanira Kangjêng Susuhunan Kali- | jaga kang minulya | mawèh tilasing nêgari | kêramate waliullah ||

32. saka gambuh rahadyan dupi udani | sinungan umiyat | kaelokaning Hyang Widhi | sangandhaping panti kutbah ||

33. rompyoh-rompyoh kêthukulan glagah wangi | lintange rahadyan | tan nana jalma udani | prêtandha calon nujêba ||

34. sampun mêdal saking cêpurining masjid | lajêng lampahira | tan cinatur laminèki | ngancik laladan Jêpara ||

35. praptèng suku wukir Murya ngongkang tasik | ing sêgara Jawa | wus mancad arsa udani | pucak ingkang ardi Murya ||

36. margi ndêdêr rumpil kapit jurang trêbis | rêkasèng lumampah | Gathak Gathuk kêmpis-kêmpis | sakêdhap-kêdhap ararywan ||

37. dalu aso enjinge umangkat malih | tri ari tumêka | anèng sapucaking wukir | bawera anon samodra ||

38. ing lampahe baita layar gêgrami | ana labuh jangkar | ambêdhol jangkar lumaris | langkung asri tininggalan ||

39. ing kêrajan padesan ngandhaping wukir | tinon karya rêna | rahadyan kagyat ningali | astana teja sumunar ||

40. pinêrpêkan uluk salam dèn sauri | tahlil sanalika | radyan myang santri kêkalih | bakda tahlil ana prapta ||

41. kaki-kaki mêrpêki Dyan Jayèngrêsmi | alon angêndika | kyai kula nilakrami | paduka napa kang têngga ||

42. lawan sintên ingkang sumare ing ngriki | alon saurira | inggih kula ingkang jagi | nama Buyut Sidasêdya ||

43. kang sumare Njêng Sunan Murya wêwangi | karaning astana | ing Muryapada puniki | namane ardi ing Murya ||

44. lah punapi paduka arsa nênêpi | dhuh Ki Buyut mboya | ing sêdya amung yun uning | pucak ingkang ardi Murya ||

45. rèh wus uning mangkya ulun nyuwun pamit | mandhap saking arga | Buyut Sidasêdya angling | puniki nanggêl ing lampah ||

46. babo lamun kêparêng karsa sang pêkik | kampir dhepok ingwang | prayogi ing benjing enjing | dintên sangate prayoga ||

47. watêkipun kêlakyan sasêdyanèki | tur manggih raharja | rahadyan dupi miyarsi | dumadya dhangan ing nala ||

48. sampun kerid dupi wus prapta ing panti | ki buyut parentah | marang Gathak Gathuk santri | kacung aja taha-taha ||

49. angambila pribadi sugata mami | otèk canthèl boga | jèpèn talês wi gêmbili | gêmbolo pohung kêtela ||

50. Gathak Gathuk tan lênggana gya lumaris | maring patêgalan | suka dènnya ngêngundhuhi | rampung gya tumamèng wisma ||

51. ambakari jagung pohung wi kang lêgi | wedang roning kahwa | rinakit lumadyèng ngarsi | ki buyut suka tumingal ||

52. wawi bagus krana lah sami nyênyamik | kêdahe nyugata | sawontêne tyang ing wukir | ijèn wus tri dasa warsa ||

53. Jayèngrêsmi mèsêm wus adhahar uwi | alon atêtanya | wusing angundhuh sêkalir | punika kagêm punapa ||

54. kula angge sidêkah mring pêkir miskin | awise kang têdha | sami dhumatêng mêriki | sasukane dènnya mbêkta ||

55. kula amung angèngèhkên kangge wiji | mêkatên lampahnya | tan sagêd sidêkah picis | mêmanise mung krowodan ||

--- 1 : 51 ---

35. DHANDHANGGULA

1. lon umatur Radyan Jayèngrêsmi | kadiparan dintên kang prayoga | punapi wontên sanèse | utawi wancinipun | mawi milih mawi nyingkiri | ki buyut angêndika | punika mas putu | etang minangka sêtiyar | anglêluri nasehat ing nguni-uni | wiji saking ing Arab ||

2. pan punika masalah ngawruhi | ingkang pangandika nabiullah | salallahu wassalame | sakèhe umat ingsun | padha ngawruhana ing fingil | pratingkahe lêlungan | miliha kang sêrju | aja lungan tanggal pisan | tan na laba lungana tanggal ping kalih | pan iya olèh laba ||

3. tanggal kaping tiga datan bêcik | tan na laba tanggal kaping êpat | rêkasa anèng margane | tanggal ping lima iku | manggih laba kaping nêmnèki | tan manggih laba ilang | karyane wong iku | tanggal ping pitu prayoga | manggih rahmating Pangeran tanggal kaping | wolu agring ing paran ||

4. tanggal kaping sanga manggih pati | lan pakewuh tur padha cumadhang | tanggal kaping sadasane | manggih laba rahayu | ping sêwêlas apênêd ugi | tanggal kaping kalih wlas | tan ana labèku | tanggal kaping tiga wêlas | olèh utang tanggal ping patbêlas bêcik | nèng paran manggih laba ||

5. tanggal ping limalas ayu olih | êmas parêk tanggal ping nêmbêlas | tan antuk laba tanggale | ping pitulas rahayu | ping wolulas pan laba manggih | tanggal kaping sangalas | pênêd pan rahayu | tanggal kaping kalih dasa | gêring marga tanggal ping sêlikur ugi | nggêrêsah anèng paran ||

6. tanggal ping rorikur ayu bêcik | tanggal têlulikur laba karya | tanggal kaping patlikure | pênêd ping limalikur | mapan ala tanggale kaping | nêmlikur gêsang pêjah | puniku pinangguh | tanggal pitulikur ala | bakal tukar iya ananirèng margi | tanggal wolulikurnya ||

7. olèh laba sangalikurnèki | manggih rahmat saking ing Pangeran | tanggal ping tigang dasane | manggih utang nèng purug | titi têlas masalah iki | ing wong kang alêlungan | pangandika rasul- | lullah sallallahu salam | dipun sami nastiti khadis puniki | inggih walahu'alam ||

8. lampahira para kangjêng nabi | lamun badhe mangkat saking wisma | isyarat ingkang kaangge | Jumuah akêkêmu | lan asusur lampahing Nabi | Mukhammad Rasulullah | lamun dina Sabtu | punika angandhut lêmah | dinèkèkkên ing pusêr lampahing Nabi | Adam ingkang minulya ||

9. dintên Akad angangge sêsumping | lampahipun Njêng Yusup Bagendha | Isnin natap lêlandhêpe | Bagendha 'Umar laku | Slasa manggang asta ing gêni | Bagendha Abubakar | ingkang darbe laku | Rêbo akêkudhung sinjang | lampahipun Kangjêng Nabi Yakup singgih | Kêmis tumangèng tawang ||

10. myang tumungkul ing bantala nênggih | lampahipun Sang Ali Bagendha | winêwahan sangatane | kêlamun arsa nglurug | angkatira pan sasampuning | langkahe ingkang pêncak[7] | Akad lamun sampun | pêcak sêdasa umangkat | pangwasane sang garudha kawon dening | sêdhengahing taksaka ||

11. Isnin wusing pêcak nêm lumaris | pangwasaning sima krura kalah | dene mênjangan yêktine | Sêlasa lamun sampun | pêcak kalih angkatirèki | pangwasanipun singa | ingkang sru manêmpuh | kawon dening kang dirada | Rêbo wusing pêcak pêpitu lumaris | minggah pangwasanira ||

12. diwangkara kawon dening sasi | Kêmis wusing pêcak dwi wlas mangkat | punika ta pangwasane | kucing kawon lan tikus | ing Jumuah apan sampuning | pêcak tri wêlas mangkat | de pangwasanipun | sona dening kancil kalah | Sabtu wusing pêcak dwi wêlas lumaris | dene pangwasanira ||

13. sawêr kawon dening kodhok bungkik | tamat sangat Sang Ngali Bagendha | wontên sangat ingkang kangge | aningkahakên sunu | myang ngêdêkên sadhengah panti | punika manut tanggal | sêpisan witipun | kaping kalih kaping tiga | ping sêkawan ping gangsal gya wangsul malih | ping nêm kadi sêpisan ||

14. tanggal sêpisan iku pan sami | kaping nênêm sêwêlas nêmbêlas | sêlikur myang nêmlikure | wit surya wêdalipun | têkèng pêcak slikur potnèki | Akhmad pitutur nyata | wit pêcak sêlikur | êpote pêcak sêwêlas | Jabarail Kalangan rangkêpanèki | awit pêcak sêwêlas ||

--- 1 : 52 ---

15. êpot bêdhug Brahim pacakwêsi | awit bêdhug êpotipun asar | Yusup Slamêt rangkêpane | asar sêwêngi muput | êpot enjing hyang surya mijil | Ijrail rêjêkinya | ping kalih winuwus | sami lawan kaping sapta | kalih wêlas pitulas rorikur nênggih | myang pitulikur samya ||

16. purnamane hyang pradanggapati | êpot pêcak sêlikur punika | Jabarail rêjêkine | wiwit pêcak sêlikur | êpot pêcak sawlas Ibrahim | pitutur rangkêpannya | sawlas êpot bêdhug | Yusup kalangan rangkêpnya | bêdhug potnya Ijêrail pacakwêsi | asar sêdalu pisan ||

17. pote têkèng purnamaning rawi | Akhmad slamêt tanggal kaping tiga | ping wolu ping tri wêlase | wolulas tiga likur | wolu likur punika sami | wit purnamaning surya | pot pêcak sêlikur | Ibrahim slamêt rangkêpan | pêcak slikur pot pêcak sawlas marêngi | Yusup rêjêkinira ||

18. pêcak sawlas êpot bêdhug wanci | Ijêrail pitutur rangkêpan | bêdhug têkèng asar pote | Amad kalanganipun | awit asar potira prapti | purnamaning hyang surya | Jabarail iku | pacakwêsi rangkêpannya | gantya tanggal ping sêkawan saminèki | ping sanga ping patbêlas ||

19. ping sangalas patlikur myang kaping | sangalikur punika ingetang | wit hyang surya purnamane | êpot pêcak sêlikur | Yusup pacakwêsi marêngi | awit sêlikur pêcak | sêwêlas potipun | Ijrail sêlamêt pêcak | sawlas bêdhug êpot Ahmade rêjêki | wit bêdhug êpot asar ||

20. Jabarail pitutur ngrangkêpi | asar prapta purnamaning surya | Ibrahim kalangan mangke | ping gangsal sadasèku | gangsal wêlas myang kalih dèsi | sêlawe tigang dasa | pan sami puniku | awit purnamaning surya | têkèng pêcak sêlikur êpotirèki | Ijrail akalangan ||

21. pêcak slikur sêwêlas potnèki | Ahmad pacakwêsi rangkêpannya | pêcak sêwêlas awite | êpote têkèng bêdhug | Jabarail slamêt ngrangkêpi | bêdhug êpotnya asar | Brahim rijêkèku | asar sêdalu êpotnya | purnamane sang hyang surya amungkasi | Yusup pitutur tamat ||

22. Radèn Jayèngrêsmi tanya malih | kadiparan sangat pêlintangan | punapi wontên sanèse | ki buyut manthuk-manthuk | manut dintên lampahirèki | pêpitu kèhe lintang | sadintên sadalu | paedahe pyambak-pyambak | awon pênêd myang laire jabang bayi | tinitik saking lintang ||

23. lintang Samsu sêbarang prayogi | lawan marêk ing sri naranata | myang wong agung sêsamine | ningkah langkung panuju | ingkang awon tuwi tyang sakit | nênugêl kesah pêrang | jêjampi nyênyambut | tuwin ngenggali panganggya | undhang-undhang prasanakan atanapi | kumpulan tan prayoga ||

24. rare lair raintên marêngi | jalêr èstri umuripun panjang | sinung padhan ing driyane | kêdhik rêjêkinipun | prihatinan ing tyasirèki | jalu èstri yèn mêdal | dalu watêkipun | pan ugi pêtêngan manah | lawan sinung gêlap tyase anawêngi | gantya kang winursita ||

25. lintang Juhrah angka dwi namèki | samukawis punika prayoga | ginêm ngèlmi utamine | rabi tumêkèng sarju | anjampèni rare utami | anggalih samubarang | pêndamêl pan atut | de kang awon andum karya | akengkenan dhumatêng mêngsahing jurit | myang kengkenan sadhegah ||

26. rare lair jalêr tuwin èstri | ing raina jêmbar kang polatan | jalêr èstri yèn laire | anuju wanci dalu | langkung kumêt wicaranèki | tur pêngkoh nora nggarap | kaping tri winuwus | lintang 'Atarit pinajar | samubarang prayogi ingkang utami | mêmuruk amêmarah ||

27. marêk nata myang pados usadi | apan sami prayogi sadaya | dene ingkang botên sae | paès pasah cêcukur | lair rintên bilih pawèstri | sae kèh daulatnya | ing wicara kaduk | radi panastèn ing manah | namung sagêd ing damêl tan nguciwani | yèn jalêr lair siyang ||

28. apan awon ing tyas gung prihatin | bilih èstri dalu lairira | cupêt kang budi watêke | yèn jalu lair dalu | watêkipun jêmbar kang budi | sabar lila ing donya | tur sugih bêgja gung | wêlasan maring sêsama | mangkya catur lintang Qamar kang winarni | samukawis prayoga ||

29. tuwin marêk ing sri narapati | angandikan kang mawa paedah | sêsimpên tulus arjane | adagang antuk untung | akengkenan sarju katampi | mêmaris tulus trimah | kang awon winuwus | pradata padu myang nglamar | atanapi ndhaupakên lakirabi | punika tan prayoga ||

--- 1 : 53 ---

30. rare èstri lair amarêngi | nuju siyang boros watêkira | yèn jalu siyang laire | cuparira kêlangkung | lamun èstri lairnya ratri | sae sagêd ing karya | bêkti marang kakung | nastiti mring samubarang | lamun jalêr lairipun wêktu ratri | barancah mring wanodya ||

31. panca lintang Juhkal kang winarni | ingkang sae wiwit gêntur tapa | padamêl mring Pangerane | awit ngaos pakantuk | lyan punika botên prayogi | yèn lare lair siyang | atanapi dalu | jalu èstri ugi samya | tansah kambah sakit encok lan saliring | nanging kèh rêjêkinya ||

32. tur asabar rila ing donyèki | wadanane mung rada cugêtan | gantya nênêm kang winarnèng | lintang Mustari èstu | ratuning kang lintang saptèki | langkung sae sabarang | satingkah rahayu | ingkang awon mung sajuga | amanggalih ngadoni lampahing jurit | yèn lare lair siyang ||

33. jalêr èstri pan sami prayogi | watêkipun saèstu sokuran | yèn èstri lair dalune | ajrih mring priyanipun | pêdamêlan agal myang rêmit | widada awidagda | lamun rare jalu | lair dalu langkung pradhah | tan kêconggah nêdha ing kêbon ananging | rêmên nyilib tyasira ||

34. mangkya gantya kasapta mungkasi | lintang Mèrèh ingkang aprayoga | namping imba paras paès | sunat ugi pakantuk | atanapi ngadoni jurit | lawan iyasa gaman | kêjawi puniku | pakaryan awon sadaya | lamun nuju rintên lare lair èstri | watêk jail kang manah ||

35. bilih jalu rintên lairnèki | tan saranta barang watêkira | yèn lair nuju ratrine | èstri tanapi jalu | tan salamêt manahnya gingsir | kêkêt kêpara ngarsa | jail amêthangkus | sampun jangkêp lintang sapta | awon pênêd ing mangke wiwit winilis | lampahing palintangan ||

36. malêm Akad ing wanci mahribi | ingkang tampi Samsu taranggana | Ngisai Juhrah tampine | wanci sirêp jalmèku | lintang 'Tarit ingkang atampi | têngahing ratri Qamar | lingsir wênginipun | tinampenan lintang Juhkal | bangun enjang lintang Mustari kang tampi | subuhirèng gumantya ||

37. Akad enjing Samsu kang nampèni | rame pasar tinampèn ing Juhrah | lêbar pasar Tangarite | bêdhug Qamar kang lungguh | luhur Juhkal ingkang nampèni | ngasare tinampanan | Mustari puniku | sontêne ingkang atampa | lintang Mèrèh jangkêp saari saratri | lampahe lintang sapta ||

38. malêm Isnin ing waktu mahribi | ingkang tampi taranggana Qamar | Ngisai Juhkal tampine | ing wanci sirêp manus | ingkang tampi lintang Mustari | têngah ratri Mèrèhnya | lingsir wênginipun | lintang Samsu kang alênggah | bangun enjing lintang Juhrah ingkang tampi | subuh Ngatarit lintang ||

39. Isnin enjing lintang Qamar tampi | rame pasar tinampèn ing Juhkal | lêbar pasare tinampèn | Mustari trangganèku | wanci bêdhug Mèrèh kang tampi | waktu luhur Samsunya | praptèng asar puput | tinampenan lintang Juhrah | wanci sontên 'Atarit ingkang atampi | jangkêp lintang kasapta ||

40. malêm Slasa ing wêktu mahribi | lintang Mèrèh sèrèn wêktu ngisa | tranggana Samsu tampine | sirêp jalma kang lungguh | lintang Juhrah têngahing ratri | 'Atarit ingkang lênggah | lingsir wênginipun | tinampèn ing lintang Qamar | bangun enjing lintang Juhkal kang nampèni | subuh lintang Mustarya ||

41. Slasa enjing Mèrèh ingkang tampi | rame pasar Samsu ingkang lênggah | bar pasar Juhrèh tampine | bêdhug tinampèn gupuh | ing 'Atarit luhur atampi | Komar kang taranggana | Ngasri Juhkal lungguh | sontênipun tinampanan | taranggana Mustari pot wêktu mahrib | jangkêp kasapta lintang ||

42. Malêm Rêbo ing wêktu mahribi | lintang 'Atarit pot wêktu ngisa | tinampèn Qamar lintange | wanci sirêp jalmèku | lintang Juhkal ingkang nampèni | têngah ratri tranggana | Mustari kang lungguh | lingsir dalu tinampenan | lintang Mèrèh bangun Samsu kang nampèni | ing wêktu subuh Juhrah ||

43. Rêbo enjing 'Atarit kang tampi | rame pasar tinampèn ing Qamar | bar pasar Juhkal tampine | bêdhug nulya sinambut | ing Mustari luhur tinampi | lintang Mèrèh punika | waktu ngasaripun | tranggana Samsu kang lênggah | wanci sontên lintang Juhrah kang nampèni | jangkêp lintang kasapta ||

--- 1 : 54 ---

44. malêm Kêmis ing wêktu mahribi | taranggana Mustari praptanya | ngisa tinampanan Mèrèh | sirêping jalma Samsu | têngah ratri ingkang nampèni | kanang trênggana Juhrah | sèrèn lingsir dalu | tinampèn 'Atarit lintang | bangun enjing lintang Komar ingkang tampi | ing wêktu subuh Juhkal ||

45. Kêmis enjing Mustari kang tampi | rame pasar lintang Mèrèh lênggah | bar pasar Samsu tampine | bêdhug tinampèn gupuh | lintang Juhrah luhur tinampi | 'Atarit ingkang lênggah | sèrèn ngasri waktu | tinampenan lintang Qamar | wanci sontên lintang Juhkal ingkang tampi | jangkêp kasapta lintang ||

46. malêm Jum'ah ing waktu mahribi | lintang Juhrah ingkang apilênggah | ing wêktu ngisa êpote | tinampèn 'Ataritu | sirêp jalma Qamar nampèni | têngah ratrinya Juhkal | lingsir ratrinipun | lintang Mustari punika | bangun enjing lintang Mèrèh kang nampèni | subuh Samsu tranggana ||

47. Jum'ah enjing lintang Juhrah tampi | rame pasar 'Atarit kang lênggah | lêbar pasar Komar manggèn | bêdhug ginantyan gupuh | lintang Juhkal ingkang nyitèni | luhur gya tinampenan | Mustari sitèngsu | wêktu ngasri tinampenan | lintang Mèrèh sontêne Samsu kang tampi | jangkêp lintang kasapta ||

48. malêm Sabtu mahribi 'Atarit | wêktu ngisa tinampenan Qamar | sirêp jalma gya tinampèn | lintang Juhkal potipun | têngah ratri ingkang nampèni | Mustari taranggana | êpot lingsir dalu | tinampèn Mèrèh trênggana | bangun enjing lintang Samsu kang nampèni | subuh pan lintang Juhrah ||

49. Sabtu enjing lintang Juhkal tampi | rame pasar Mustari kang lênggah | lêbar pasar lintang Mèrèh | bêdhug tinampèn Samsu | wêktu luhur Juhrah nampèni | pot ngasri tinampenan | 'Atarit sutèngsu | sonthêne tinampèn Qamar | titi sampun lampahe lintang sapta ri | dalu praptaning siyang ||

50. kang minangka nahase lintang dwi | nggih punika Mèrèh lawan Juhkal | ngagêsang winênangake | ikhtiyar mrih rahayu | yèn wus atut etangannèki | gya sumendhe mring Suksma | widadaning kayun | namung aywa kinêkahan | pêpetangan tan sagêd ngewahkên takdir | siningkura kainan ||

51. kaol saking pawong mitra mami | brahmana di ing Ngatasmaruta | tiyang badhe gadhah lare | utawi jalma ayun | praptèng jangji ing wancinèki | laire kanang jabang | pêcating nyawèku | awêwaton ari sapta | siyang dalu punika sami binagi | kalih wêlas gatita ||

52. wiwit purnamane sang hyang rawi | gatita nêm sapta astha nawa | sadasa sawlas têngange | kalih wlas inggih bêdhug | gya gatita satunggal kalih | tiga sakawan gangsal | wangsul nênêm surup | lajêng etang kadi siyang | dados namung wontên kalih wêlas wanci | kalamun ari Akad ||

53. gatita nêm sapta sawlas tuwin | tabuh satunggal kalawan gangsal | Sênèn asta sadasane | satunggal tri pancèku | Slasa sapta sadasa tuwin | têngange kalih wêlas | kalih gangsalipun | Rêbo sapta nawa sawlas | kalih catur Kêmis asta sawlas tuwin | satunggal tri sêkawan ||

54. Jum'ah asta sadasa tanapi | kalih wêlas tiga myang sakawan | Sabtu sapta myang nawane | dwi wêlas kalih catur | bilih wontên tiyang nyakiti | utawi tyang sêkarat | ri Akad tartamtu | lair utawi pêpatya | gatita nêm sapta sawêlas satunggil | gangsal salah satunggal ||

55. Radèn Jayèngrêsmi matur aris | kathah têmên ing parincènira | mrih widada raharjane | utami dipun ênut | tan kainan basanirèki | wontên kaol mufakat | punapa saèstu | yèn badhe karya pemahan | tuwin griya saka usuk dèn ukuri | pênêd awoning petang ||

56. lêrês wontên mênawi akardi | ing pemahan dipun èstokêna | yèn nggarap pagêr sitine | cêngkale dhêpanipun | inggih ingkang adarbe panti | kalamun awiwita | lèr kilèn mêngidul | winicala saking dhêpa | wilangannya bumi karta kala kali | kaarah dhawah karta ||

57. yèn mangetan kadhawahna bumi | bilih damêl ingkang bêbutulan | ambênêrakên kalane | myang wiyar ciyutipun | ing pemahan sukaning galih | dene jroning plataran | yèn mangalèripun | anotog pagêr ukurnya | samurdane kang duwe wisma pribadi | tingkahe wismanira ||

--- 1 : 55 ---

58. dèn agathuk pagêr aywa lali | yèn kêkêlir sakilèning wisma | kang têngên iku lakune | têka ing wismanipun | gathukêna ing pagêr njawi | kang wetan bau kiwa | saking wismanipun | dèn gathuk lan pagêrira | lêlongkange pandhapa têpusên aglis | lawan pacakranira ||

59. gêdhuging wisma lawan pêndhapi | mandhapa iku kalawan lodra | têpusing têlapakane | kalih mandhapanipun | lawan lodra yèn karya kori | pagêr tarap cêngkalnya | para sanganipun | poma sampun asêmbrana | ing pitêdah prayogi aywa kawuri | yèn parêng bêgjanira ||

36. PANGKUR

1. punika yèn karya griya | ukuripun pêcakira pribadi | pinêcakan panjangipun | gangsal petanganira | êsri ardi naga êmas perak lamun | griya kadhawahna êmas | pandhapa perak prayogi ||

2. bilih pawon dhawah naga | payon lêsung prayoga dhawah ardi | manawi iyasa lumbung | dhawah êsri pêcaknya | sampun jangkêp mênggah saka kang dèn ukur | kajawi tancêpe ngandhap | lan kajawi purusnèki ||

3. ngukur wiyare kang saka | lajêng kangge ngukur panjangirèki | ugi gangsal petangipun | bumi banyu prawata | myang sangkala gêni jangkêp gangsalipun | dhawah bumi kang prayoga | têtêp watêkipun bumi ||

4. dhawah banyu watêkira | pan asrêpan punika nggih prayogi | manawi dhumawah gunung | watêk kêrêp alihan | lamun dhawah sangkala awon kalangkung | kang darbe wisma gêringan | dhawah gêni tan prayogi ||

5. kabasmaran adatira | mangkya usuk dèn etang cacah iji | inggih gangsal petangipun | êsri kakitri gana | kliyu pokah bilih wisma etang usuk | prayogi êsri dhawahnya | pêndhapi dhawah kakitri ||

6. kalih punika prayoga | bilih mêsjid gana ingkang prayogi | sanèse mêsjid puniku | manawi dhawah gana | têmtu angkêr utawi singit kalangkung | kang kliyu datan prayoga | gêringan kang gadhah panti ||

7. yèn dèn etang dhawah pokah | tan prayoga kêrêp nandhang prihatin | kapêjahan jumarunuh | sampun jangkêp petangnya | dene pagêr punika petanganipun | dêdêge kang darbe wisma | tuwin dhêpane pribadi ||

8. mênggah wiyare pemahan | sasukanya pan botên dèn wancèni | gangsal wêwilanganipun | bêbuka êsri etang | tapa lungguh sadana pugêranipun | dhawah sri watêk sêrêpan | tapa luwe watêknèki ||

9. lungguh têtêg watêkira | pan sêdana sugihan watêknèki | de pugêran watêkipun | pitados saha kêkah | sampun jangkêp pundi ing kêparêngipun | têbihing ndhapi lan griya | ugi wontên ukurnèki ||

10. pêcak ingkang gadhah griya | pan sêkawan etanganipun nênggih | awit bale etangipun | omah latar pawuhan | dhawah bale punika ingkang pakantuk | dene yèn yasa gêdhogan | tuwin kandhang kêbo sapi ||

11. palangipun pinêcakan | kêjawine pêpurus ingkang manjing | kiwa miwah têngênipun | sêkawan etangannya | candhi karta rogoh sêmpoyong puniku | ingkang sae dhawah karta | kêlawan dhumawah candhi ||

12. saka kandhang myang gêdhogan | kêjawine purus lan pêndhêmnèki | ingukur lir palang wau | dhawah candhi prayoga | ing têbihe saking trêping pantinipun | ingukur kalawan pêcak | gangsal petanganirèki ||

13. awit etangipun karta | baya tara samaya angêmasi | utama ingkang dhumawuh | ing wêwilangan karta | nêngna wau titi etangnya ki buyut | wus anggagat bangun enjang | suwawi wêktu subêkti ||

14. utami kang radi awal | samya wudlu pêragading subêki[8] | pêpujianira nutug | bakdane pêpujian | Gathuk matur alim dalêm kyai buyut | kawula nyuwun wasiyat | basanipun tiyang apti ||

15. nênutut sadhengah kewan | mbokmanawi ing têmbe ngingah kambing | amrih cumbu dhatêng ulun | ki buyut angandika | iya kacung pancèn ana êmèlipun | datanpa laku tur cêndhak | mêngkene basanirèki ||

16. seka leka seka leka | singa buntut idhêpa idhêp ing i- | dhêp kutut si saujarku | mung iku nora liya | lamun sira kêparêng angêlus-êlus | marang sadhengahing kewan | kang dadi parênging ati ||

--- 1 : 56 ---

17. kalawan manthênging sêdya | uga cêndhak mêngkene basanèki | sing awulu sing abuntut | ingusapan pêndhawa | lêlima tut saujarku mung puniku | lamun pinarêng ing masa | mbokmanawa tutut yêkti ||

18. Gathuk nuwun-nuwun nêmbah | sakêlangkung kapundhi sih sang yogi | ki buyut nyawang sang bagus | sumunare kang cahya | ngêndikèng tyas cêcalone jalma luhung | manthêr cahyaning oliya | wasana matur sang adi ||

19. ing mangkya paran ing karsa | sèwu sokur yèn jênak anèng ngriki | rahadyan alon umatur | kang agêng apuranta | mangkya ulun ayun ndumugèkkên kayun | ing saparan tanpa sêdya | ngulati ingkang lunga nis ||

20. amung pangèstu paduka | rahayune ing lampah mbokmanawi | têmbe ulun sagêd wangsul | kantuna karaharjan | wus salaman ki buyut ngandika arum | mas putu nastapaningwang | sami apuji-pinuji ||

21. wus tumurun saking Murya | ngidul ngilèn mangambah kang pêsisir | tan winarna lampahipun | prapta ing pêlabuhan | Pêkalongan kèndêl ing têpining laut | anon udhune juragan | kang saking liyan nêgari ||

22. manawi ari kalihnya | binêkta ing nakoda saking Grêsik | nunut utawi pinupu | mring pawongsanakira | dupi mudhun sudagar kang saking laut | tinon kang rayi tan ana | sangsaya anglês ing galih ||

23. adhuh yayi kadang ingwang | Jayèngsari myang Nikèn Rancangkapti | baya mring ngêndi jantungku | amung ta karuhana | ing dunungmu awèt mêngkene kêbanjur | kadya kinjêng tanpa sotya | wau Radyan Jayèngrêsmi ||

24. ndêdonga maring Pangeran | rahayuning kadangira kêkalih | têmbe sagêda pinangguh | atuse manthênging tyas | gya lumampah tambuh kang sinêdyèng kalbu | kèndêlnya dalu kewala | bakda subuh gya lumaris ||

25. praptèng ardi Panêgaran | kacarita sang yogi kang palinggih | anèng Panêgaran gunung | Wasi Kawisuwara | waskithèng tyas uning satriya anglangut | kèndêl ing ngandhaping arga | sang wasi utusan aglis ||

26. sabatnya aran Waskitha | kinèn mudhun marang ngandhaping wukir | Ki Waskitha wus tumurun | pinanggih lan rahadyan | mangênjali matur kawula ingutus | Maha Wiku Panêgaran | Kawiswara Sang Ayogi ||

27. njêng paduka ingaturan | minggah maring ing dhepok ulun irid | rahadyan ngêndika arum | inggih paman prayoga | sampun kerid Gathak Gathuk tansèng pungkur | sang wiku mapag wiwara | wus tundhuk rinangkul aglis ||

28. kulup ingkang nêmbe prapta | sajarwaa kêkasihira kaki | lawan ngêndi pinangkamu | umatur saha nêmbah | Jayèngrêsmi kang sotah mastani ulun | saking Giri Surapringga | atmaja Susunan Giri ||

29. ing purwa madya wasana | sampun katur Sang Luhung wlas ing galih | putu têbih pinangkamu | sayogyane lêrêpa | anèng kene kurang nadhah kurang turu | dêrapon bisaa klakyan | kang dadya karsanta kaki ||

30. rahadyan datan lênggana | wus alami pruwita ing sang yogi | tarak bratanya lumintu | Sang Yogi Kawiswara | lon ngandika ana jilidan linuhung | sayogya sira anggoa | kanthine jalma utami ||

37. KINANTHI

1. minangka murda satuhu | tapa angenaki ati | tamaliring Panataran | naranta rasa salwiring | sarèhning ingkang dumadya | wlasusi nganu wanuwi ||

2. srêdhapurahe ngasamun | samaning sila nagari | aminta sihing amara | wlasu sasih ring pagimi | unggyanira ngamatirta | cipta mantêp maring Widhi ||

3. durung dadi lamun durung | darana ring darunaning | sakarsa karsèng pamasa | satibane kang tinuding | beda panduming budaya | dayane doning dumadi ||

4. kaênêngêna manêkung | amaladi sêmèdining | anêgês sakarsaning sang | amurwèng paningal jati | tingalana maklum ulah | malah maluya ywa lali ||

5. lêlakone kang kalulun | kalin-alin dèn kalilin | lêlênga aywa kahalan | ywa lalu atêmah lali | kêlunta-lunta kêlintang | tan wiyang mayang ngawèsthi ||

--- 1 : 57 ---

6. isthaning angga kagugu | gupita jêg anggagapi | aywa gugup ing nalika | nalarira dèn alirih | rèrèh ring pêngarah-arah | arahên aywa ngurangi ||

7. ngurangana ing pangrungu | ing rèh aywa muring-muring | yèn mirong têmah mêmirang | ameranga murang niti | têtika dèn katalika | ywa nulak têtulad bêcik ||

8. bêcik rêngkuhên pamêngku | mêngkua ing agal alit | dèn amulat ing lêlêta | ywaning ngandêl dèn dumêling | ndulu ulah karawitan | witipun tan ana malih ||

9. saking kêkawin myang kidung | kadi kadang anjarwani | ing sarekaning kalangyan | langên ingkang milangoni | nglongana hawa wêntara | tarikên yèn ana luwih ||

10. miwah ungguhing raras rum | rumarah muranging kawi | sêsandhining sakèndriya | rekane kawi kawidhi | kawidhi ing widayaka | ya karana sang siniwi ||

11. wèh tabêt babah binarung | ring kasidaning dumadi | dana kariyin dèn arah | kasantikan wus kawuri | kasudarman tyas mardawa | dèn manuh manah mêmanis ||

12. manah prênesan ywa konus | dènira amasang mèsi | masalah ing sumpêt karsa | karsa sinêsêr tan osik | musika tinon aywa sak | sasat simpên sêlar suji ||

13. ring sojar aja anjujur | kokila kilat ngalingi | tan wrin naya ringa mawas | waskithaa wangsulaning | yèn tan angling dèn amêma | dèn amêmês ing pangaksi ||

14. aywa ta aluguk-luguk | kaya gopala kapilis | kêpalang kêêplak-êplak | palênggahe anggêligir | agêr wigar anggagar[9] | nganggur tan enggaring galih ||

15. palane wong ambêsêngut | ulate angingit-ingit | wacana mbuthêki netya | netya ala tan kaili | kèlu kalesaning muka | muka ala nir pêkolih ||

16. ing wacana yèn anuju | pêsamuan srawunganing | dipun sêmbada ing têmbang | mênawa kêtambang balik | dèn kêcakup ing pangucap | têtika dipun katitik ||

17. panitike ywan wus putus | pan wus cinaritèng sruti | sru srêp tita ing purwaka | mangka kenging ananggapi | ing cipta ywa dèn patuta | ing têmbung sambang mênawi ||

18. ana wadi kang sinamun | sinuksma sari-sarining | buwana sabawaning tyas | lairing tyas kang nampani | nyataning tyas anèng naya | naya netya kang nampèni ||

19. sawijining wardayèku | ing netya pahêmannèki | ing wacana nggoning wêdhar | widayaka dayèng wadi | widigda ing cipta maya | maya namayaning kapti ||

20. ati akapti kumudu | asihana ing sêsami | witing raga kinasihan | pan saking raga pribadi | pribadi asih ing raga | kêdulu dalan dinalit ||

21. paesaning sarirèku | amberati kang kaèksi | nir ta sitaning ngakathah | panggêhêna sarirèki | sarira paran bedanya | ambawa lan ambawani ||

22. ingkang kadi mangkonèku | êndi lan sang amurwani | ing paniwi wa mangkana | ana paesaning bumi | dera ngimpun sih sêdaya | pan wus jênênging narpati ||

23. kinasihan ing rèh arju | saajar pangaksamèki | amiluta ambêking rat | rat kêrakêtan padha sih | linuluting lokajana | jênêng kang sarjana sami ||

24. sarat rinaharjèng kayun | mawarah-warah rèh aris | tanpa kasapa gêhana | kengang murwa anganjari | kêkitir marang apapa | papa têlutuh siningkir ||

25. mingkara kang sikara dur | nimitya-mitya sêjati | jati sêjatining mita | siyasat lir sêgaragni | gênêngan kathah isinya | sarira tanpa walèng ngling ||

26. sêsumbanging rat kasumbung | sèsining tapa ing bumi | bumi dajasa ajarwa | sojar te kanang binukti | brêmara nguwèng kusuma | sumarmaning ganda sari ||

27. salwir bawaning kang sinung | ing wadi widagdèng aksi | among jagad jaga-jaga | arjuning ngrat dèn kaèsthi | saèsthining asthagina | ginulang-gulang ing pangling ||

--- 1 : 58 ---

28. liniling-liling kalangkung | sinêlan lan sinalin[10] | sarasa sarining sang[11] | kang saru-saru siningkir | sikara tan karawatan | kuwat awèta sakawit ||

29. wiwiting watara wolu | waluyane wali-wali | wulang lila lan wilalat | ywan linêlêt têmah lali | lalu amalih turida | rudah-rudah angrudatin ||

30. rudatine ngayun-ayun | wahyu wahyaning sêkalir | kêlalaran kalairan | laire wahyu winaris | waras ngênirakên maras | marasakên jiwaragi ||

31. noraga rêgêm manurut | anurut sarat pinirit | mirit angipati parat | purêt pêpêt tan pinipil | papala saking sikara | sukura sukêr siningkir ||

32. krêtya pakarti katutur | titir pamantara titi | tatas sandining walgita | tan pêgat amanggut kapti | aptine ingkang kampita | pitaya dèn pitayani ||

33. yèn ing tyas pan aywa tambuh | bubuhane wong ngaurip | angarêp-arêp karya[12] | karyane sawiji-wiji | wijine puruhitaa | ya asthagina kinawi ||

34. kawining Hyang Endra laku | ngudanakên wangi-wangi | angrênggêpi sabuwana | kawaratan ing mêmanis | manuhi manah mandara | monêng manungku ngênani ||

35. kawining Hyang Yama laku | madhêndha krama tan yukti | ya maluya lir ywa pêjah | durjana ngglasah ing bumi | nadyan braya ywaning ngambah | binuru pinrih ing pati ||

36. kawining hyang surya laku | ngisêp toya tan kêtawis | rèrèh ririh tan rêkasa | rêrasane tan ngêrêsi | rêsik lumintu atata | sanityasa ngati-ati ||

37. kawining hyang candra laku | ngasuk ngasêpi sabumi | kumala mrêdu kêtingal | guyu-guyunya mêmanis | lir tètèsing martotama | rêsêp marang para rêsi ||

38. kawining hyang bayu laku | anginte sagung pakarti | budining rat kinawruhan | sawicara dèn kawruhi | ya dibya guna kagunan | ginunita sari-ari ||

39. kawining Kuwera laku | boga bujana mamukti | apêpaès busana mas | susuk srah pangrèhing dasih | pracaya kang pinarcayan | tan munasika tan mosik ||

40. kawining Baruna laku | ngagêm sanjata ngapusi | sagung kang ulah durjana | jinajahan sinalisik | sinalasah cinêpêngan | amêmpêng dènnya nênitik ||

41. kawining Hyang Brama laku | anggêsêngi ripu tapis | galak ring ripu lir singa | kang ingangsêh sirna gusis | murub warata kêtaman | tamanira anèng gêni ||

42. nahanta guna ginunggung | surak sarumêksèng bumi | bumi ginora warana | lana ginênêng pinusthi | sesthaning butaning ulah | ulah sêsran-sêsran juni ||

43. aywa nêhêri paniru | angalapa sarasaning | srutiti tibaning kêdhap | kêdhaping kilat ngulati | Islama panjamotama | kang kapir prandening sèsthi ||

44. asthabrata kang linaku | kêlakon pangulahnèki | pundi antuk yèn kalaha | lan lakune Budha nguni | beda budining manusa | akawah ingkang linuwih ||

45. maluya laya anutur | linaturakên pakarti | Jayèngrana pinandhita | ing palagan palunggyaning | byuha tarlèn wêkasningka[13] | tapa kaluhuran dadi ||

46. lêgawèng pati ring ripu | pratapaning kang prajurit | sor tapaning kang pandhita | tapa tapaking jayanti | antyanta pramukèng tapa | tapa graning gunung wêsi ||

47. sinêmbah ing alaga gung | asinggih yèn mangun jurit | dèn prastawa ing sopana | ing bêbuka purba titi | têtika dèn katalika | tutula tinali-tali ||

48. agama pan sêdya ayu | panggahên padhanging pati | aywa ta kasêlan meda | dumadya amanggih wèsthi | nadyan ana hru sayuta | sêdya yu pan dèn payungi ||

49. ing agama payungipun | rinaksa têbih ing wèsthi | dyajanta anut ancala | bêbuka jwa ngaruhuni | ruhunana ywan wus angsal | sapanêt gan yèn auwis ||

--- 1 : 59 ---

50. ana gyannya tindak-tanduk | ing swara aywa dumêling | aywa liyan kang karêngya | munga sang nata pribadi | dènira angadu laga | mawastrèng papan makangsi ||

51. bubuhan kang anèng ngayun | têmpuhing ayuda pan wis | pinarcayan mring sang nata | mangsa kengguha ing jurit | sang nata nataring wuntat | tan patya kèh kang umiring ||

52. mung kanan kering myang pungkur | sawega prayitnèng wèsthi | manawa na katêlayah | raganing turangga mrêgil | têtulunga têka wawang | ginantya bala toh pati ||

53. yeka pêlajaranipun | ringa tapa gunung wêsi | tan kacaryan tan kawuryan | ring dadi-dadining bumi | sastaka samya rêriya | pan purba wisesa jati ||

54. tan ana lara myang lampus | uripe saking Hyang Jati | karana tan takut ing prang | nistha madya utamaning | mantri linging kina-kina | kinênan malah ing mangkin ||

55. nisthaning mantri wunuwus | yèn kawawas lena dhingin | lena kari wadyanira | madyaning mantri yèn mati | parêng lawan wadyanira | utamanirèng kang mantri ||

56. yèn ing bala ngarsa gêmpur | tulung ngadêgkên jêmparing | mangka mangke dadya warta | yèn amangun jayèng jurit | nistha madya utamanta | mantri ngêmasi rumiyin ||

57. ing sabubaripun tinut | lir sata suta samèki | trasandha dwaja sang nata | sarupaning glar myang tulis | mantri mantra mantrèng papan | apêpantaran lêstari ||

58. ing lêlakone kèh kantun | kêputungan tyas kang nulis | sêpi supene kang awat | tumanduk lamun udani | têlasêna sang gamuywa | dening tanduk tan nindaki ||

59. lwir tarbua rupanipun | budiningrat anjajagi | tan mantra mantrèng sarira | purwaning amunggêl kawi | kinayah kayuh bawamba | ambuningrat ing saricik ||

60. ing angga akarêm liwung | ing pêngiwa angêntèni | tulatèn namun panimpar | tan wrin cacadaning sami | sanepaning pasang sewa | sinawawa tan suwawi ||

61. wiyang awuyung ing kalbu | buhana anda sabên ri | rumaras ywan tan mangguha | ungguhing kidung tinamping | nampingana mangka dadya | dadya dawaning murwani ||

62. nimpêni wadi sinamun | namudana tanpa mijil | pinunjul tinunjêl suka | suka ringa mênggêl kawi | kawisesa budya darma | mêmangun dadining bumi ||

38. ASMARADANA

1. rahadyan sangêt gung kingkin | miyarsa andikanira | Wasi Kawiswara kaot | wus lami nèng panêgaran | ngêntèk piwulangira | dhasar lantip sang abagus | cakêp atampi piwulang ||

2. saya têbih dhahar guling | Gathak Gathuk eca ing tyas | Kawiswara ngêndika lon | kulup ywa dadi tyasira | ingsun tan pisan-pisan | risi kanggonan sirèku | amung supaya wuwuha ||

3. kawruh utamaning urip | tumêkane ing dêlahan | angidula bênêr anggèr | marang ing Sêlamêt arga | kono ana satriya | atmaja Sri Majalangu | nama Sèh Sêkardêlima ||

4. dhepok ing Sêlamêt wukir | wus manjing agama Islam | Sunan Têmbayat gurune | sinêpuhan njêng susunan | adi ing Kalijaga | arang wong bisa kêtêmu | yèn datan lawan nugraha ||

5. mangkata sêdhêng kang wanci | rahadyan angaras pada | saha aturira alon | muhung pangèstu paduka | kawula amung darma | lumampah saking pituduh | tuhu tan darbe kuwasa ||

6. wau mèsêm sang maharsi | kulup ing pangèstuningwang | Gathak Gathuk awot sinom | kawula anyuwun barkah | pinaringana kuwat | ndhèrèkkên wayah pukulun | angsala idi pandonga ||

--- 1 : 60 ---

7. iya kakung sun idèni | muga kinuwatna ing Hyang | rahadyan sampun lumèngsèr | linggar saking panêgaran | lajêng ing lampahira | Gathak Gathuk tansèng pungkur | wus ngancik sukuning arga ||

8. sumawuring sari-sari | ganda arum amrik ngambar | gantya ingkang winiraos | ing dhepok Sêlamêt arga | mêsjid munggul kêtingal | asri busananing gunung | taru-tarunya tinata ||

9. sêsêkaran angubêngi | toya wêning tinalangan | pating sêrèwèh iline | mangungkang têlaga dibya | ngênguwung lirap-lirap | wau panêmbahan gunung | lênggah têpining têlaga ||

10. ingadhêp abdi kêkalih | Ki Maklum lawan Ki Sabar | Sèh Sêkar ngêndika alon | Sabar Maklum dèn agêpah | ing langgar gêlarana | iki bakal ana tamu | utama calon oliya ||

11. Sabar Maklum mundur aglis | ing langgar wus ginêlaran | Sèh Sêkar gya kondur alon | ngalela lênggah ing langgar | rahadyan wus kêtingal | ingawe sang wiku gupuh | radyan anungkêmi pada ||

12. pinêngkul kinêmpit-kêmpit | arum wijile kang sabda | slamêt satêkamu radèn | mrêlokkên mring dhepok ingwang | bangêt sukaning driya | radèn nêmbah saha matur | pêngèstu dalêm sang mulya ||

13. Sèh Sêkar ngêndika malih | kulup ywa sêdaya-daya | ing pêngarah dipun sarèh | mung ywa pêgat ing paminta | lumintu ingkang lampah | yèn pinarêng wêktunipun | mbokmênawa katarima ||

14. susunan ing Bayat nguni | sung carita marang ingwang | eyangmu buyut kalane | kumpulan lan wali sanga | samya mbabar sêsotya | trusing aji pan akumpul | aywa ana parêbutan ||

15. kinarya gita ing kawi | kêkasihing Hyang Kang Mulya | ing Girigajah ênggone | tatkala apagunêman | para wali sêsanga | ing Argapura nggènipun | kêdhaton ratu agama ||

16. wali sêdaya tinari | dènira Prabu Satmata | Suhunan Benang tinaros | myang Suhunan Kalijaga | Suhunan Ngampèldênta | Suhunan Kudus tinantun | kêlawan Sèh Sitijênar ||

17. Sèh Bênthong tumut tinari | sarta Pangeran Palembang | Panêmbahan Madurane | aseba mring Giriliman | angling Prabu Satmata | sokur pêpêk anak ingsun | sama limuta kaliman ||

18. sêdaya tunggala kapti | sampun wontên kang sulaya | arêmpêga ing wiraos | sami ambabar sêsotya | sami miyak warana | sampun wontên masang sêmu | dèn anglela dèn têtela ||

19. Njêng Suhunan Benang angling | ambabar kang pangawikan | têgêse sariraningong | dzat sifat apngaling Allah | nyata ing kalbu amba | dzatullah kang amurbèngku | misesa ing dhèwèkira ||

20. njêng suhunan adi luwih | ambabar kang pangawikan | têgêse sariraningong | iya jasat jênêng amba | iya jênênging purba | iya Allah suksma subut | jênêng urip lawan jagad ||

21. Njêng Suhunan Girièsthi | ambabar kang pangawikan | têgêse sariraningong | iman urip lan nugrahan | budi uriping suksma | urip sarta Allah iku | mangkana ing kawruh amba ||

22. Njêng Suhunan Kudus angling | ambabar kang pangawikan | roh wajibing iman ingong | cahya mancur kadi surya | mijil saking prabawa | amatèni lampahipun | anguripi ing sajagad ||

23. Panêmbahan Madura ngling | ambabar kang pangawikan | têgêse sariraningong | têgêse Allah punika | Allah ingkang amurba | anguripi Maha Luhur | amisesa purba dhawak ||

24. Pangeran Palembang angling | ambabar kang pangawikan | arane kanugrahane | kundhi Allah ta punika | têgêse kundhi ika | nabi Allah jatinipun | jinatèn ing nama Allah ||

--- 1 : 61 ---

25. Prabu Satmata mangkya ngling | ambabar kang pangawikan | sami lan Allah purbane | kang ngawruhi iya Allah | kaping kalih nurbuat | kaping tiga rasul iku | kaping pat dzatullah ika ||

26. Sèh Sitijênar mangkya ngling | ambabar kang pangawikan | asêmbahyang Allah ingong | sujud rukuk padha Allah | sêmbah-sinêmbah Allah | ingsun kang amurba iku | kang misesa ingsun uga ||

27. wali sadaya mangkya ngling | Sitijênar Kadariyah | katêrasên iku linge | Sitijênar sigra ngucap | adoha yèn bênêra | ingkang pêrak iku êmbuh | iki Allah supayaa ||

28. Prabu Satmata mangkya ngling | iku jisim Sitijênar | Sèh Lêmahbang mangkya linge | raga jiwa dèn wicara | padesane dèn tilar | Allah kang anglela iku | sakarsanipun wasesa ||

29. wali sadaya mangkya ngling | salah sira Sitijênar | dene angaku badane | Allah badan Sitijênar | tan langgêng anèng donya | Sitijênar iku luput | têmbe mangke ngaku Suksma ||

30. pan wontên lakone nguni | sami ambabar sêsotya | sampun aling-aling kang wong | sami amiyak warana | aja na salah cipta | kêna yèn warahên dudu | anging panggah Sitijênar ||

31. Prabu Satmata mangkya ngling | Sèh Lêmahbang kamanusan | sanak pakênira kabèh | tan beda lan pakênira | nanging sampun anglela | mênawi dadi kalurung | akèh wong kang anggêgampang ||

32. kathah kang wong tanpa yêkti | tanpa yun anggêgurua | akèh anggêgampang kang wong | dene warta atimbalan | sêjatinipun wikan | dadi tan arsa nggêguru | awirang yèn têtakona ||

33. Sèh Molana samya prapti | sakathahe Aji Cêmpa | pinarêk ing mêsjid gêdhe | mapan kantun wali sapta | samya mbabar sêsotya | tan prabeda kang rumuhun | Sitijênar ingandikan ||

34. Sèh Molana mangkya angling | Sitijênar nama tuwan | Sitijênar mangkya ture | inggih Allah jênêng amba | nora na Allah ika | anging Sitijênar iku | sirna Jênar Allah ana ||

35. Molana Mahribi angling | kapir dadi Sitijênar | Aji Cêmpa angling alon | kapir danas Sitijênar | Islamipun indalah | kapir danas wong puniku | puniku kapir sampurna ||

36. Molana Mahribi angling | suhunan ndawêg winêjang | masjid dalêm suwung kabèh | ana bêkti ana ora | têmah ngrusak agama | anggêgampang têmahipun | kang salah ndawêg pinêdhang ||

37. Sèh Sitijênar mangkya ngling | ndawêg sampun kalayatan | lawang swarga mênga kabèh | Sitijênar sinêrampat | dene kaum sêkawan | Sèh Lêmahbang sampun kokum | pinêdhang tatas kang jangga ||

38. têtiga sabate sami | apan samya pinêjahan | samya prawira kokume | têtiga samya anêdya | anêbut subkhanallah | wontên rare angon wêdhus | sigra amiyarsa warta ||

39. Sitijênar wani mati | kasusra angaku Allah | punang rare angon age | lumayu asumbar-sumbar | amarêk mring ngayunan | wontên Allah kari iku | kêtungkul ya angon menda ||

40. Prabu Satmata mangkya ngling | rare iku kudu pêjah | ukumêna aja suwe | sandhingêna Sitijênar | angling Ki Sitijênar | sandhingêna lawan ingsun | aywa adoh ingsun gawa ||

41. ponang rare angling aris | sampun ndika kalayatan | lare cilik sru tangise | age tumuta pralaya | wus mênga lawang swarga | pinêdhang janggane sampun | mèsêm rare angon menda ||

42. Njêng Suhunan Ratu Giri | nora pira Sitijênar | mêksih wutuh rêragane | tigang dina gilang-gilang | tumulya uluk salam | kantuna andika ratu | Sitijênar nulya ilang ||

--- 1 : 62 ---

43. tan kari sabatirèki | sêdaya wus samya ilang | miwah rare angon mangke | datan kantun mèlu ilang | sêdaya sampun sirna | gawok sakèh kang andulu | dhumatêng Sèh Sitijênar ||

44. tuturku kang wus kawijil | Sèh Lêmahbang wus anyata | katon kandêl-kumandêle | ananging pilih kang bisa | kadi Sèh Sitijênar | akèh mandhêg anèng catur | pinêntog mundur plarasan ||

39. DURMA

1. lawan malih radèn sira kawruhana | pan ana kawruh malih | crita wringin sungsang | wajibe kawruhana | anggitên dipun sayêkti | sajroning manah | lah anggèr ngong jarwani ||

2. wringin sungsang wayahipun tumaruna | luhur tan angawruhi | pancêre satunggal | tambinipun sêkawan | pupusipun mung sawiji | pange sêkawan | wohe rêtna di luwih ||

3. kulitira kang wringin kêncana mulya | daging kumala adi | otote sêsotya | bêbalunge kalpika | sungsume mutyara luwih | urip ing wrêksa | iman wujud kang pêsthi ||

4. lan malihe kaki têngah kawruhana | lêlima kathahnèki | ingkang anèng têngah | aran pêksi dewata | anadene kang angapit | pêksi sêkawan | iku wajib ngawruhi ||

5. poma-poma anggèr sira kawruhana | wastane kang waringin | lan pancêre pisan | lawan tambining êpang | pupuse lan wohe ugi | apa arannya | wajib sira ngawruhi ||

6. lan malihe radèn sira kawruhana | apa asalmu dhingin | iku kawruhana | asal saking punapa | miwah mbenjang lamun mati | ngêndi nggonira | lawan marganing pati ||

7. lamun mati kang nyawa êndi marganya | apa ta mêtu kuping | apan sukêr ika | apa ta mêtu netra | iku pasthi molèr kaki | yèn mêtu sirah | mêsthine pêcah kaki ||

8. lamun mêtu ing êmbun-êmbunan radyan | kang mêsthi bolong kaki | lamun mêtu grana | yêktine jêmbêr uga | lamun mêtu cangkêm najis | lah ngêndi baya | margane lamun mati ||

9. lamun mêtu ing jubur langkung jêmbêrnya | yèn mêtu pusêr ugi | pêsthi bojot ika | lah êndi ingkang marga | lamun ing wulu kang margi | lah iku mokal | marga kêlangkung rungsit ||

10. lah ta radèn anggèr sira têtakona | liyane marang mami | kabèh takokêna | purwa madya wasana | takokna dipun patitis | asraha badan | ngaturna pati urip ||

11. lamun mati apa ta ana akerat | prênahe kerat ngêndi | takokna dèn angsal | aja angayawara | dipun wêruh kang sêjati | basa akerat | ênggon wong agung sisip ||

12. anadene ênggone wong kang sampurna | tan donya tan ing akir | anèng darusalam | ênggon wong agung mulya | iku gurokna sayêkti | ing darusalam | iku suwarga êning ||

13. têgêsipun kang darusalam punika | wujud mokhal kang pêsthi | iku gurokêna | kang aran wujud mokhal | yèn tan wêruha sayêkti | angur si kopar | karuwan mati kapir ||

14. lah ta iku radèn sira gurokêna | lah poma dipun olih | kêlamun olèha | ing guru kang wêwarah | silêma jroning jêladri | upamanira | ywa tolih anak rabi ||

15. dèn pêpeka ing wêjang guru kang fasal | têmahan mati kapir | nuli labuhana | wêjange gurunira | labuhan kawan prêkawis | aywa kawuntat | tapa kawan prêkawis ||

40. PANGKUR

1. dhingin kang ingaran tapa | anarima sihing Hyang Suksma Jati | apa kêrsaning Hyang Agung | apan anut kewala | anglir sarah anèng satêngahing laut | apa kêrsaning parentah | kawula têka nglakoni ||

--- 1 : 63 ---

2. ping pindho ingaran tapa | gêniara iku dipun lakoni | anadene artinipun | malêbu ing dahana | yèn kabrangas ing ujar iku dèn têguh | yèn dèn ucap ing têtangga | mapan tan nêdya gumingsir ||

3. kaping tiga banyuara | têgêsipun punika tapa ngèli | mapan anut ing pitutur | rêmbaging pawongsanak | lan nasabi ing wong kawiranganipun | iku laku kang utama | wong awas ing Suksma Jati ||

4. kêlawan kaping patira | tapa ngluwat amêndhêm jroning siti | iya iku têgêsipun | aja ngatonkên uga | ing bêcike awake dhewe puniku | miwah lawan lakunira | pêndhêmên dipun arêmit ||

5. kêlawan ta malihira | dipun andhap asor sarèh ing budi | dèn kalah ing parapadu | utamakna ing lampah | iya iku wong bêkti marang Hyang Agung | iku araning wong lanang | iya wong mênang prang sabil ||

6. iku ganjarane mbenjang | cinacadhang manggon ing suwarga di | ingkang dahat adiluhung | kang aran darusalam | sarwa muwah adi-adi sakêlangkung | pan sampun kêrsaning Allah | kang duwe wong aprang sabil ||

7. wong aprang sabil punika | nora lawan si kopar lan si kapir | sajroning jajamu iku | ana prang bratayuda | luwih rame ayuda pupuh-pinupuh | iya lawan dhèwèkira | iku jatining prang sabil ||

8. sampune amênang aprang | nuli ngancik ing nagri Maospait | amboyong Kêncana Wungu | nuli jumênêng nata | amarentah sakathahing para ratu | datan ana kang amalang | supami jumênêng aji ||

9. iku poma alah poma | aywa mamang manahira sayêkti | poma sêtyanana iku | ujar kang dhingin uga | dèn prawira anganggit sajroning kalbu | iku laku kang utama | tan ana kang anyamèni ||

10. lawan malih têtakona | sampurnane ing niyat lawan takbir | miwah sahadat puniku | kalawan yèn sakarat | poma radèn punika ta dipun antuk | lawan sampurnaning pêjah | takokna dipun patitis ||

11. pan lêlima kathahira | gurokêna iku dipun mangêrti | iku sampurnaning kawruh | poma ta dipun angsal | iya iku sira gurokêna kulup | yèn tan amuruk mangkana | dudu gurumu sayêkti ||

12. lawan malih kawruhana | ingkang aran bumi pêpitu nênggih | ingkang anèng ing badanmu | pan wajib kawruhana | radèn poma-poma ywa wuruk katungkul | dèn bisa angrêtènana | bumi pêpitu sayêkti ||

13. yèn sira ayun uninga | bumi pitu lah radèn sun jarwani | kang dhingin bumi ranipun | ingaran bumi rêtna | kapindhone ingaranan bumi kalbu | bumi jantung kaping tiga | pan kaping pat bumi budi ||

14. lawan kaping limanira | ingaranan bumi jinêm sayêkti | lawan kaping ênêmipun | ingaran bumi suksma | ping pitune bumi rahsa aranipun | iku wajib kawruhana | têgêse sawiji-wiji ||

15. ingkang aran bumi rêtna | têgêsipun dhadhanira pribadi | bumining manusa luhung | iku gêdhong kang mulya | ingaranan astananing Islam iku | lawan kaping kalihira | bumi kalbu dèn arani ||

16. bumi kalbu têgêsira | astanane ing iman kang sajati | kaping têlu bumi jantung | iku ta ingaranan | astanane anênggih sakèhe kawruh | lan malih kaping patira | ingaranan bumi budi ||

17. bumi budi têgêsira | astanane ing puji lawan dikir | lawan kaping limanipun | bumi jinêm têgêsnya | ingaranan astananing sih satuhu | lawan kaping nême ika | bumi suksma ingkang nami ||

18. utawi kang bumi suksma | iya iku astanane ing ngèlmi | nênggih kaping pitunipun | ingaran bumi rahsa | bumi rahsa apan iya têgêsipun | astanane ing paningal | asmaradana gumanti ||

--- 1 : 64 ---

41. ASMARADANA

1. radèn kawruhana malih | prakara kang langit sapta | anèng ing sira dununge | poma-poma dipun mirsa | langit kang anèng sira | mara ngong jarwani kulup | dèn bêcik pidhangêtêna ||

2. dhingin langit roh jasmani | dene langit ping kalihnya | langit roh nabadi rane | roh napsani kaping tiga | dene langit kaping pat | roh rohani wastanipun | dene langit kaping lima ||

3. ingaranan roh nurani | langit kaping nême ika | roh rabani ing wastane | langit kaping pitu ika | roh khapi wastanira | anênggih ing têgêsipun | langit roh satunggal-tunggal ||

4. têgêse langit jasmani | tinitahakên ing Allah | amêpêki ing uripe | ana ing jasad sadaya | langit roh nabatika | amêpêki uripipun | salwire badan sadaya ||

5. ingkang langit roh napsani | amêpêki ingkang karsa | karêpe badane kabèh | langit roh rokhani uga | mêpêki ngèlmunira | sakèhing badan sadarum | langit roh nurani ika ||

6. amêpêki cahyanèki | sakèhe badan sadaya | langit roh rabani radèn | amêpêki adhêpira | ingkang badan sadaya | lan langit roh khapi iku | pan pêpak pasrah ing badan ||

42. MIJIL

1. boya pantês pinupuh amijil | ingkang winiraos | kanugrahan lawan nugrahane | lawan sapa kang anugrahani | nugraha sayêkti | mungguhing Hyang Agung ||

2. kanugrahan mungguhing sirèki | nugraha Hyang Manon | anglir bêdhug tinabuh sepane | têtabuhe nugraha sayêkti | unine kapyarsi | nugrahan ranipun ||

3. anadene kang narimèng ugi | sihira Hyang Manon | pan punika jalma ingkang luwèh | kang narima sihira Hyang Widhi | saobahe ugi | nugrahan ranipun ||

4. solah tingkah muna-muni iki | nugrahan Hyang Manon | ganda swara miwah paningale | panarima dadia sawiji | dadi wong linuwih | mbenjang lamun lampus ||

5. dening iya wêwadhahing ngèlmi | pirsakna sayêktos | ngèlmu iku aja akèh-akèh | yèn rinicik dadi nora bêcik | yèn layaring pati | aja kèh kadulu ||

6. aywa kalingan ing aling-aling | kang abangsa êroh | roh ilapi nênggih ling-alinge | kang apêtêng wadhag kang jasmani | pan iku sayêkti | pênasaran tuhu ||

7. lah ta iku dêdalane mbenjing | kang kêsasar kang wong | lamun nora bisa panuksmane | yèn wus bisa nuksma wujud siji | wujudira ugi | wujude Hyang Agung ||

Lajêng nyandhak jilid 1B.

__________

--- 1 : [0] ---

sêsêrêpan bab martabat pitu, sasampunipun widagda, Rara Ruhkanti kapundhut garwa Sultan Cirêbon.

18. Jayèngrêsmi ngancik rêdi Tunggul, lajêng dhatêng rêdi Tangkubanprau, rêdi Burangrang, rêdi Wayang, rêdi Sanggabuwana, Krawang sisih kidul, dhatêng bawah Priyangan malih, rêdi Gêdhe, rêdi Mandhalawangi, kapanggih Harjasuganda, Jayèngrêsmi cariyos badhe dhatêng Karang lajêng kapurih dhêdhepok rumiyin wontên rêdi Salak, kawulang petangan iladuni, watêking mangsa, candrasangkala, tanggal ingkang sae sarta awon.

19. Dumugi Bogor, kapanggih lurah dhusun Bogor nama Wargapati, Gathak Gathuk kawulang puji dintên, Wargapati nyuwun sêsêrêpan bab dahuruning jaman (kiyamat), ningali tilas kadhaton Pajajaran, punapa ingkang dipun tingali, kacariyosakên, Wargapati sakulawarganipun ndhèrèk dhatêng rêdi Salak, ndamêlakên padhepokan, mbotên antawis lami Jayèngrêsmi dipun boyong Sèh Ibrahim dhatêng Karang.

20. Lolosipun Jayèngsari. Rancangkapti, kampir dhatêng pasantrèn Sidacrêma, lajêng kesah malih dumugi têlaga Ranu, Grati, Banyubiru, dumugi talatah Malang sukuning rêdi Tênggêr, ningali grojogan nama Baung, candhi Singasari, sumbêr Sanggariti, candhi ing Tumpang, sarta candhi ing dhusun Kidhal.

21. Dumugi ing dhukuh Tosari, kapanggih kamisêpuh nama Buyut Sudarga, kaêtêrakên ningali kawah rêdi Brama, sadaya kawontênanipun dipun cariyosakên, lajêng dhatêng asrama Ngadisari, dhepokipun Ajar Satmaka pangulu ing Tênggêr, nyuwun sêsêrêpan tatacaranipun tiyang ingkang ngangge agami Budha, Jayèngsari ugi lajêng nyariyosakên agami kanabian, Ajar Satmaka nyariyosakên bab sarat-saratipun bayi lair, kapratelakakên mulabukanipun.

22. Lampahipun Jayèngsari, Rancangkapti, kèndêl satêpining blumbang, wetan ardi nyipêng wontên ing gubuh[14] têngahing pasabinan, dumugi ing dhusun Klakah, kapanggih Kyai Umbul, Sasadyana, lajêng ningali pucaking rêdi Lamongan, katingalan saking tlaga Tirtamaya.

23. Dumugi ing dhukuh Kandhangan, sukuning rêdi Sêmèru, talatah Lumajang, kapanggih Ki Sèh Amongbudi, Buras nêdha sêsêrêpan, wênang mokalipun tiyang wudlu, sarta batal karamipun tiyang salat.

24. Ing Rêdi Argapura, kapanggih kang wiku Sèh Wahadat, kawulang bab sipat kalih dasa.

25. Ing rêdi Rawun, kapanggih wiku èstri nama Rara Sukci, kasêrêpakên suraosipun kitab Markumbastam, bab nêpsu, luamah, amarah, supiyah, mutma'inah.

26. Dumugi Banyuwangi, mangidul dhatêng Nglicin, rêdi Injin, mangidul malih, ningali candhi Macanputih, kapanggih juru kunci nama Menak Luhung, punapa kawontênanipun kacariyosakên, kampir ing griyanipun Menak Luhung, kapanggih nahkoda Pakalongan, nama Ki Hartati, lajêng kapêndhêt anak, kabêkta mantuk dhatêng Pakalongan.

27. Jayèngsari, Rancangkapti, wontên Pakalongan, kawulang Ki Hartati sarta Nyi Hartati, satilaripun Nyi Hartati kawulang petangan dhawahipun sèwu dintênipun tiyang ajal, saajalipun Ki Hartati, Jayèngsari, Rancangkapti, kesah malih badhe dhatêng Sokayasa.

28. Lampahipun ngancik rêdi Prau, kapanggih Ki Gunawan, kaêtêrakên ningali dhatêng Dhiyèng, talaga Pakarêman, babahan Aswatama, sumur Gumuling, kawah Candradimuka, candhi Duryudana, candhi Durna, candhi Sêngkuni, candhi Arjuna, candhi Sêmar, candhi Sumbadra, candhi Puntadewa, candhi Nangkula Sadewa, candhi Gathutkaca, candhi Wrêkudara, tlaga Warna, tlaga Tus, tlaga Kidang, candhi Krêsna, tuk Bimalukar, rêca alit-alit, ngundhuh woh Purwakucila, sumur Jalatundha, wontên ing griyanipun Ki Gunawan, kacariyosakên ungêling sêratan Buddha ingkang wontên sela pasagi, manggèn ing sangajêngipun candhi-candhi wau, lajêng kaêtêrakên dhatêng Sokayasa, kapanggih Sèh Akadiyat (Agungrimang bapakipun Cêbolang).

Sambêtipun jilid nyariyosakên lêlampahanipun Cêbolang.

--- 1 : [0] ---

TJENTHINI
Jav. Encyclopaedie IA.
PERS. NASIONAL-SURABAYA

 


Tanggal: paksa suci sabda ji (AJ 1742). Tahun AJ 1742 jatuh pada tanggal Masehi: 14 Desember 1814 sampai dengan 2 Desember 1815. (kembali)
Kurang dua suku kata: amblês malih wontên Blêdug Kuwu. (kembali)
Kurang satu suku kata: nuju jawah dêrês gumarubug. (kembali)
lulut. (kembali)
§ srimping. (kembali)
§ 1429. (kembali)
pêcak. (kembali)
subêkti. (kembali)
Kurang satu suku kata: agêgêr wigar anggagar. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: sinêlanan lan sinalin. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: sarasa sasarining sang. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: angarêp-arêp ing karya. (kembali)
13 wêkas ingkang. (kembali)
14 gubug. (kembali)