Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-21, #243

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-21, #243. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-21, #243. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
» Robohnya Gapura Taman Sriwedari. Kategori: Arsip dan Sejarah > Umum.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 67, 15 Mulud Taun Ehe 1860, 21 Agustus 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Balumbang Kangge Ngingah Ulam ing Minahasah

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar balumbang panggenan ngingah ulam êmas. Kajawi punika ugi dipun angge padusan.

--- 1046 ---

Pawartos Wigatos

Nata ing Siyêm

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Manawi para maos angèngêti dhatêng kawontênaning agami Budha ingkang tumindak ing nagari Siyêm, kados ingkang kawrat ing Kajawèn nomêr 66, kêtingal mênggahing kinaning tatacaranipun, nanging manawi mirid saking gumêlaring kamajêngan, tiyang namung sagêd mastani bilih praja Siyêm punika majêng sayêktos. Mênggah lajênging cariyos babadipun nagari Siyês[1] kados ing ngandhap punika:

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, bilih sajumênêngipun Prabu Chulalonkorn, praja Siyêm wiwit ngambah kamajêngan, sampun tamtu kemawon kamajêngan wau dipun lajêngakên saha dipun sampurnakakên dening prabu rama VI suwargi tuwin prabu rama VII, inggih nata ingkang jumênêng sapunika, punika sami putranipun Prabu Chulalonkorn. Kawontênaning rencang tumbasan dipun icali, pakaryan irigasi dipun wontênakên, ing pundi-pundi dipun wontênakên tèlêgram tuwin tèlêpun, pranatan nata praja dipun ewahi cara kilenan, dipun wontêni ministêr-ministêr tuwin pakaryan gupêrmèn. Murih kasêmbadaning kamajêngan wau, sang prabu andhatêngakên para ahli, sakawit saking Eropah, dangu-dangu lajêng saking Amerikah, dipun patah dados adpisiring pakaryan nagari. Kajawi punika sang nata nyadhiyani arta kangge waragat para mudha Siyêm ingkang nglajêngakên sinau dhatêng Eropah, dene para pangeran, sadaya kemawon sami angsal pangajaran wontên Eropah, wontên ingkang sinau ing pamulangan luhur utawi sinau wontên ing pamulangan upsir.

Wêkasaning abat ingkang kaping 19, praja Siyêm pêrang kalihan Prancis, ingkang anjalari dados karibêdanipun praja Siyêm, nanging jalaran ingkang kados makatên wau, praja Siyêm lajêng kêpêksa ngewahi pranataning prajuritipun kados cara kilenan, ing ngriku lajêng ngawontênakên pranatan, sadaya tiyang jalêr kêdah dados prajurit. Ing sapunika praja Siyêm anggadhahi prajurit 20.000, sami adêdamêl anyêkapi, saha pangajaranipun botên beda prajurit kilenan. Cacah samantên punika awujud prajurit adêdamêl sanjata, adêdamêl mriyêm, prajurit kapalan, anggêgana, dandos-dandos, wadya rumêksa kawilujêngan lan sasaminipun. Prajurit 20.000 wau namung tumrap manawi nuju măngsa têntrêm, dene manawi wontên pêpêrangan sagêd ngantos dados 100.000.

Dene ingkang sagêd damêl majêngipun praja Siyêm ingkang saèstu, punika ing bab wontênipun margi sêpur. Ing taun 1892 praja Siyêm damêl prajanjian kalihan pirmah băngsa Eropah, yasa margi sêpur saking Bangkok dumugi Ayudya, botên dangu malih dipun wontênakên dhepartêmèn ing bab pakaryan sêpur. Ingkang nuntun ing sakawit băngsa Jêrman, ing taun 1897 lampahing sêpur wiwit tumindak, lan wiwit [wi...]

--- 1047 ---

[...wit] punika anggèning damêl margi sêpur saya majêng, margi sêpur ingkang sisih kidul dipun gathukakên kalihan Malaka, jalaran punika, lajêng wontên lampahing sêpur Bangkok-Penang-Singapoera, dene ingkang sisih wetan, samangke sampun dumugi tapêl watêsipun Indo-China. Saupami Indo-China anggènipun nandangi margi sêpur kadosdene Siyêm, bokmanawi sampun dangu wontên sêpur saking Bangkok dumugi Saigon. Ing samangke ingkang mangagêngi margi sêpur wau sampun băngsa Siyêm piyambak. Kajawi punika, praja Siyêm sangêt anggènipun pambudidaya murih băngsa ngamănca sami mara tamu, dene pambudidayanipun murih para tamu wau sakeca, nagari ngawontênakên hotèl kalih iji, ingkang nyêkapi kabêtahan, makatên ugi sêpur èsprès ingkang lumampah saking Bangkok dhatêng Penang, sae saha prayoginipun, ngungkuli èsprès ing nagari bêntèr sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Prabu rama VII inggih Prajadhipok.

Ing bab kasarasan tuwin bab kalantipaning budi, inggih dipun udi, kados ta wontênipun taman pustaka Vajarinana ing Bangkok punika agêng sangêt pigunanipun. Kajawi punika wontênipun Instituut Pasteur tuwin griya sakit Chulalonkorn saha tatanan Roode kruis, ingkang ing ngriku nindakakên pakaryan kasarasan. Sadaya wau tumindakipun ing sakawit saking pitulungan tuwin tuntunanipun băngsa kilenan, danguning dangu băngsa kilenan ingkang nyambut damêl ing praja Siyêm wau saya suda, lan ingkang mangagêngi inggih ngêmungakên băngsa Siyêm piyambak. Sagêdipun tumindak kawontênan ingkang makatên wau, awit sêsarêngan ngewahi kanthi kêncêng. Ing kala rumiyin, ing bab wulangan, punapadene tumrap lare, punika ingkang nindakakê-

--- 1048 ---

[Grafik]

Gambar nginggil piyambak, Sri Nata Siyêm nalika mariksani paradhe wontên ing Batawi. Têngah nalika mariksa wadya baris. Ngandhap, pramèswari nata kalihan nyonyah de Graeff.

n para sogata Budha. Lare-lare dhusun sinaunipun wontên ing pondhok, dipun wulang maos lan nyêrat punapadene ing bab bêbudèn Budha sawatawis, dene wontênipun sêkolahan cara kilenan punika kala taun 1871, saha salajêngipun sêkolahan cara kilenan wau saya [sa...]

--- 1049 ---

[...ya] wêwah-wêwah. Kawontênaning para sêtudhèn ingkang sami kakintunakên dhatêng Amerikah tuwin Eropah, punika dados pasaksèn mênggah inggiling pangajaranipun pamulangan ing Siyêm. Saya langkungipun majêng malih tumraping para lare, sarêng prabu rama VII ngêdêgagên padpindêr. Ing sapunika cacahipun padpindêr ing Siyêm sampun wontên 40.000.

Manawi mirid kawontênanipun praja Siyêm kados ingkang kapratelakakên ing nginggil, kamajênganipun sairib kados tanah kilenan. Nanging mênggahing sayêktosipun, sawêg pinanggih wontên ing jawi kewawon,[2] awit kawontênanipun tiyang Siyêm cacah 10 yuta punika, ingkang kathah tiyang tani, tuwin tataning têtanèn taksih prasaja sangêt. Kajawi punika jiwanipun praja Siyêm punika botên băngsa Siyêm kemawon, ananging ugi kawoworan băngsa Burma, Tiyonghwa, Malayu tuwin sanès-sanèsipun, mila pambudidayaning parentah, murih tiyang wau sagêd lumintu ajêngipun, katuntun sarana tumindak dados prajurit tuwin padpindêr, awit mênggahing saradhadhu, punika botên ngêmungakên sinau dhatêng pêpêrangan, nanging ugi nênuntun dhatêng raos kabangsan, sumêrêp dhatêng wajib lan sasaminipun, makatên ugi padpindêr.

Inggil-inggiling kamajêngan kilenan ingkang dipun telad wontên ing ngriku punika pamulangan luhur, dipun êdêgagên kala taun 1911, ing sakawit pamulangan luhur wau namung kangge calon pangrèh praja tuwin dhoktêr, samangke warni-warni, inggih punika adpokat, dhoktêr, insinyur lan ahli kagunan tuwin kawruh. Samantên mênggah babadipun nagari Siyêm.

Pungkasaning karangan punika, namung ngalêmbana, dene kajênging praja Siyêm kasêmbadan kanthi lampah lon-lonan tanpa sambekala.

Kawruh Sawatawis

Bab Wirasating Manungsa Mêndhêt saking Kawruh Tionghwa

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66.

Wondene ingkang winastan kuping tikus, kuping kayu, kuping gêni, tuwin kuping wulu panah, punika unyêng-unyêngipun malik, punika kuping ingkang awon. punapadene kuping ingkang cêkak alit lan lêmês, punika ugi awon sangêt, tumrap tiyang ingkang gadhah kuping makatên wau, wiwit saking ngumur nèm sampun botên gadhah kabêgjan, mandar sêpuhipun, sanak sadhèrèkipun kathah ingkang sial, ananging ingkang makatên wau, inggih botên kenging dipun ugêmi manawi namung nitik candranipun kuping kemawon, kêdah nitik saking nalar sanès-sanèsipun.

Mripat kiwa, sae ingkang rêsik utawi padhang cumalorot, punika wahananipun sugih bêgja daulat saha kinasihan.

Mripat têngên, sae ingkang manikipun cêmêng. Tiyang manawi manikipun katingal cêmêng mêlês, sagêd gadhah pangkat [pang...]

--- 1050 ---

[...kat] utawi kalênggahan.

Mripat kalih wau pêthak tuwin cêmêngipun sae ingkang wijang, sarta agêng tuwin panjangipun sae ingkang sami, manik ingkang kathah cêmêngipun, tuwin ingkang pêthak cumalorot, punika wahananipun sabarang ingkang kagarap sagêd lêstantun sêtiti ngati-ati, manawi mripat cêmêngipun namung sakêdhik, pêthakipun kathah sêmu jênè utawi abrit mangangah, punika botên sae, wahananipun katunan bapa biyung, liripun taksih alit sampun lola, punapa malih asring damêl bilaining anak bojo, tuwin anêlas-nêlasakên barang darbèkipun, sugih sêngkala tur cêlak umuripun.

Dene mripat punika, ingkang sae piyambak, cêmêngipun ingkang mêlês, kados cêmênging cèt, pêthakipun ingkang bêning kados marmêr. Clorotipun gumêbyar, tiyang ingkang gadhah mripat makatên punika tamtu misuwur namanipun.

Bilih tiyang mripatipun kados mripating pêksi cohung (mêrak) utawi kados mripating dhandhang, punika wahananipun sagêd sugih arta.

Dene mripat ingkang kados mripating sawêr, tawon, menda, tikus, ayam, babi, mina, tuwin kapal sarta manikipun sêmu pêthak sêmburat abrit, cêmêng tuwin pêthakipun bêlawur, mlolo botên bêning, punika awon sangêt, wahananipun bodho, wangkal, apêsan.

Wêwanguning alis, kaperang dados wolung perangan kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika.

1. Alis naga, warninipun agêng panjang. | 2. Alis naga, warak, warninipun alus sap-sapan. | 3. Alis naga, alus arang. | 4. Alis naga, ngulêr sutra turu. | 5. Alis naga, pêdhat-pêdhot. | 6. Alis naga, setan (rêgêd kasar). | 7. Alis naga, arang-arang sumêbar. | 8. Alis naga, rêsik alus.

Mênggah alis punika ingkang sae, inggil, wijang, alus papak, malêngkung panjang ngungkuli panjanging mripat, tiyang ingkang alisipun kados kasbut nginggil punika kasinungan budi wêgig ing sabarang rèh, sarta kathah maklumipun, wiwit nèm sagêd sugih.

Bilih tiyang ingkang alisipun lêmbat, kêtêl gilap, punika gathèkan sabarang karya, sugih rêjêki, panjang umuripun, dene manawi tiyang alisipun wadhak (kasar) sêmu jêne, wangunipun pating balengkrah, tancêbipun andhap, cêlak kalihan mripat, adêging wulu nungsang, cêlak-cêlak kakên pating palêsat, utawi pating prênthil, punika wahananipun awon sangêt, kathah sambekalanipun, wah boros panggarapipun dhatêng arta.

Pasu, sae ingkang lêncêng utawi inggil, botên pèsèk, katingalipun rêsik utawi asri, punika winastan: sankin. Têgêsipun, oyoding ardi (sana = ardi, kin = oyod) tiyang manawi pasunipun kados ingkang kapratelakakên kados ing nginggil wau, wahananipun mêsthi gangsar sandhang têdhanipun, tuwin sagêd singgah rahayu, manawi tiyang gadhah pasu agêng ing măngka mawi galêr-galêring rajah, punika kawastanan :

--- 1051 ---

ap lya san kin, têgêsipun: ambêlêging oyod ardi (ap = ambêlêg utawi kêjêglong. Lya = uwis. San = ardi. Kin = oyod) wahananipun, sadaya anak putunipun botên sagêd rahayu, kathah sambekalanipun, têlas-têlasan barang darbèkipun sarta sagêd damêl bilaining anak bojonipun. Alis kiwa, sae ingkang panjang, wahananipun sagêd ngalap daulating Allah.

Alis têngên, sae ingkang radin, wahananipun manawi tiyang jalêr sagêd mêngku bojo ayu. Dene manawi tiyang èstri tamtu kawêngku ing tiyang bagus, wah sugih anak sigit-sigit. Punapadene tiyang ingkang alisipun kasar tuwin cêmêng gilap, longkangipun kalihan mripat langkung inggil sarta gandhèng lan balunging grana, punika wahananipun sugih rêjêki tuwin daulat.

Sanginggiling grana, ing lowahan satêngah lowahaning mripat kiwa têngên, manawi wangunipun bundêr, wahananipun ing têmbe anggadhahi pangkat utawi kalênggahan.

R. Singgih. Pêkên Gawok, Surakarta.

Bab Rajakaya

Nangkarakên Rajakaya tuwin Amblastêrakên

Sambêtipun Kajawèn nomêr 66

Yèn prêlu kapilala puhanipun pancèn turuning lêmbu makatên prayogi sangêt, nanging ngingah lêmbu puhan limrahipun wragadipun awis, awit pakanipun kêdah sae, kêdah dipun pakani bubur jagung utawi wos, sarta lajêng kêdah kèndêl, botên kenging kadamêlakên. Sarèhning tiyang siti ing tanah Jawi limrahipun ngingah rajakaya namung kapêndhêt damêlipun, dados kangge anyaèkakên turunaning rajakaya prayogi kalihan bibit lêmbu bênggala.

Dene ngingah kapal beda kalihan ngingah lêmbu utawi mahesa, awit kewan wau ingkang limrah namung kapêndhêt damêlipun, awis ingkang migunakakên kangge pragatan, pramila peranganing badanipun kêdah sarwa kiyat, rongkonganing dhadha ingkang agêng, supados panggenaning kêbuk lan jantung sagêd ombèr, prêlunipun ambêganing kapal sagêd landhung, dados tahan dangu dhatêng padamêlan awrat. Gulu kêdah kandêl saha cêlak, nanging ingkang gampil kadhingklukakên, supados yèn dipun kêndhalèni gampil manut kajêngipun ingkang ngêrèh, awit kêndhali punika kêdah mapan ing uwang ngandhap ingkang botên kathukulan ing untu, perangan punika ingkang gampil kraos sakit, pramila siya-siya sangêt yèn dipun pasangi kêndhali rangah. Kapal ingkang angèl kadhingklukakên kêndhalinipun lajêng botên manggèn ing ngriku nanging landhêsan gusi, punika sok angèl rèh-rèhanipun. Pundhakipun kêdah panjang supados jangkahipun sagêd panjang, [pa...]

--- 1052 ---

[...njang,] gêgêripun kêdah cêlak, punapa malih yèn kapal kangge tumpakan, sukunipun kêdah trincing, yèn dipun tingali saking ngiringan ambalèbèk, yèn saking ngajêng alit, nanging sambêtaning balung kados ta ing dhêngkul ngajêng katingal ambadhegol, dene daging sangandhaping pok buntut ngantos otot suku wingking ingkang malêngkung. Wêwangunan ingkang makatên wau sadaya limrahipun dumunung ing kapal ingkang kagolong sae.

[Grafik]

Pranakan kapal sandêl ing tanah Jawi.

Ing Indhonesiah ngriki tiyang bumi ingkang rêmên ngingah kapal sarta kapalipun sae-sae inggih punika ing pulo Sumba, Sumbawa, tanah Batak, tanah Priyangan, lan sawatawis ing tanah Kêdhu. Ananging kapal wau taksih kagolong alit-alit, pramila nagari ugi angrekadaya anyaèkakên turunipun sarana ngawontênakên pamacêk ingkang sae. Kadosdene ing tanah Priyangan tiyangipun siti kathah ingkang rêmên dhatêng têgar, dados ingkang dipun kajêngakên kapal ingkang agêng tuwin ingkang kiyat, pramila ing ngriku kathah ingkang kaparingan pamacêk kapal Ostrali tuwin kapal sandêl.

Ing pulo Sumba ingkang kapalipun sampun kasuwur sae-sae, nanging taksih kuciwa dene kagolong alit-alit, pramila turunipun ugi kaagêngakên sarana kaparingan pamacêk kapal Ostrali tuwin kapal Arab, kapal wau pancèn golonganing kapal agêng. Dados manawi anggènipun amblastêrakên sagêd lajêng, kapal ing ngriku badhe dados kapal ingkang sae lan nyêkapi

--- 1053 ---

ukuranipun.

Ing sarèhning ngingah kapal punika agêng alit awon lan sae mênggahing têdha lan pamiyaranipun sami kemawon, pramila kapal-kapal ing tanah Jawi ngriki ingkang taksih kalêbêt kirang ukuranin[3] prayogi kablastêrakên kalihan kapal ingkang agêng.

Tiyang-tiyang bumi ingkang sami gadhah kapal èstri kangge momotan kathah ingkang botên anjagi dhatêng turuning kapalipun, awit kathah ingkang kapacêk dening kapal jalêr ingkang kagolong alit. Ingkang makatên punika manawi kalajêng lajêng kapalipun badhe dados awon-awon sadaya.

Sampun sawatawis taun sapriki nagari ugi anyaèkakên turunipun kapal-kapal wau sarana kaparingan kapal pamacêk. Pamacêk wau kasade utawi kagadhuhakên dhatêng dhusun ingkang kathah kapalipun. Supados botên kantu kangge sadhiyan, nagari damêl Stoeterij wontên ing Padhalarang, inggih punika panggenan kangge nangkarakên kapal ingkang sae-sae, ingkang bêlonipun jalêr calon sadhiyan kangge pamacêk ing sanès panggenan.

Sukardi. Keurmeester Panaraga.

Gapura Taman Sriwêdari ing Surakarta Jugrug

Pawartos ing bab jugrugipun gapura Taman Sriwêdari sampun dumugi ing pundi-pundi. Dene têrangipun jugruging gapura wau kala ing dintên malêm Kêmis tanggal 7 wulan punika, ing ngriku nuju wontên têtingalan. Rahayu dene jugrugipun wau nuju sêla botên kathah tiyang, ewadene ugi taksih wontên tiyang tiga ingkang manggih kasangsaran, kêjugrugan gapura, satunggal putung sukunipun, ingkang kalih tiwas ing sanalika ngriku.

Sampun limrah sabên wontên kasangsaran ingkang nyalênèh, tiyang sok lajêng tuwuh pangothak-athikipun ingkang lèrèg dhatêng gugon-tuhon, wontên ingkang mastani dados sasmita, nanging sasmita punapa botên sagêd mastani, sawênèh ngintên jalaran saking wingiting panggenan, sapisan Sriwêdari punika ing kinanipun calon kraton, sabotên-botênipun tamtu anggadhahi halat. Lan malih saking cariyosing ngakathah, loji Sriwêdari punika wingit sangêt, kathah kaelokanipun, kados ta swara tanpa rupa, tuwin sanès-sanèsipun, mila ingkang manggèn ing ngriku awis ingkang lulus lami. Dalah ing bab pêjahing kewan-kewan ingkang dipun ingah ing ngriku, ugi jalaran kêbêkta saking pangganggu damêlipun ingkang sêmara siti. Wontên gugon-tuhon malih, jugruging gapura punika, jalaran adêgipun cêlak kalihan wit asêm, ingkang kinanipun karan asêm Sabuk Janur, manggèn sakilèning margi pratigan dhatêng kampung Gumuk.

Mênggah wontênipun karan uwit asêm Sabuk Janur wau makatên: ing kina wontên guru dhugdhèng nama Kyai [Kya...]

--- 1054 ---

[...i] Sabuk Janur, gêgriya ing wêwêngkon salêbêtipun taman Sriwêdari ngriku, kêrêp sangêt kyai wau nampèni tiyang nyobakakên dhuwung sarana dipun sudukakên, mangke kyai ingkang mastani awon saening dhuwung, mirid saking raosing kulit ingkang mêntas dipun dhawahi dêdamêl (tamtunipun botên pasah). Kacariyos sawênèhing dintên nuju wanci sontên sêrap rêp, wontên sabawaning tiyang: kula nuwun, saking sajawining griyanipun kyai. Kyai lajêng ngêngakakên lawang, nanging: tèmbêl dipun suduk saking ing jawi, tiyangipun lajêng kesah. Kyai srumêpêt, kuliting wêtêng gosong salèpèk, lajêng akèn dhatêng muridipun kapurih nututi dhatêng tiyang ingkang nyuduk wau, wusana sarêng dipun kodhol, lampahipun malêbêt ing dalêming prayagung luhur.

Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-08-21, #243: Citra 1 dari 1
Wujuding gapura ingkang jugrug

Enjingipun Kyai Sabuk Janur lajêng adus kramas, saha mêling, sangajalipun, kulit ing wêtêng ingkang gosong katataha saha kaaaturna dhatêng ingkang kagungan wangkingan, samăngsa nyirami, kasiramana kalihan toya kum-kumaning kulit wau, sadaya kalampahan. Dene nalika kyai wau kramas, wontên asêm ingkang kangge kramas, klungsunipun kècèr saha thukul, salajêngipun karan uwit asêm Sabuk Janur.

Nanging mênggah ing wos-wosipun sadaya wau namung ujar gugon-tuhon, manawi bab pêjahing kewan, ing pangintên inggih jalaran botên anocogi gêsangipun. Dene bab gapura, punika ing sadèrèngipun pancèn sampun kasumêrêpan rêngat, malah sampun kalapurakên dhatêng ingkang wajib.

Dados mênggahing wosipun, jugruging gapura wau mawi sabab ingkang maton.

--- 1055 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XIII. Kêsèd dadi ratu

[Dhandhanggula]

salêbune Kêsèd milang-miling | ing batine bangêt gone eram | ora ngira kono rame | uwonge lêmu-lêmu | sagon-ênggon uwonge mukti | dalah ing dalan-dalan | wong mung pating thrênguk | disambi enak mêmangan | ana manèh wong mung kalekaran ngêmil | disambi ura-ura ||

enak-enuk wong nagara mukti | ora tau golèk kabutuhan | sandhang pangan kari nyampe | sagon-ênggon wis mumbruk | ora wêruh rasaning arip | tangi turu kapenak | wis mèh wayah bêdhug | padha didohi ing lara | mung nyatane malah wis kêbak panyakit | saka kêsèd ajêgan ||

Kêsèd mubêng turut dalan nitik | ora ana wong mlaku ing dalan | nganti gumun ing batine | nadyan akèh wong wêruh | Kêsèd liwat ora mraduli | aja manèh sing nyapa | sajak ora butuh | Gus Kêsèd nuli kêpêksa | mundhuk-mundhuk nyang gon wong akèh marani | karo alok nyuwara ||

kula badhe pitakèn sakêdhik | durung nganti tutug gone kăndha | wong-wong padha ngadêg kabèh | ana sing nuli bikut | anggêlari kalasa pasir | ing dhuwur babut anyar | bantal guling gêmbuk | Kêsèd nuli dirêrompa | ora kêndhat wong akèh padha nyêmbahi | karo andhodhok tata ||

nuli ana uwong tuwa siji | angaturi karo bangêt bungah | dene ta gustiku kiye | kaparêng mampir rawuh | nugrahane bakal numusi | adhuh gusti sumăngga | pinarak ing babud | e kănca enggal wêtokna | dhêdhaharan bèn kaparêng dhahar gusti | kowe sing padha bêkja ||

ora suwe ladène andlidir | sing lêladèn padha wong nonoman | dene rupaning ladène | sêga kabuli mumbruk | têlung panjang agêdhi-gêdhi | wujude bangêt ngtênga |[4] iwake ting thrungul | dibyuki gorengan brambang | bokmanawa kandêle ana sanyari | gandane tobat-tobat ||

pangiringe jêrohan kêmripik | iwak wêdhus asine sêdhêngan | ora lali nganggo sate | kumukus kêlun-kêlun | lagi mêntas saka ing gêni | ditata rada cêdhak | karo acar timun | karupuke krupuk urang | gi-lêgine gêdhang raja matêng uwit | banyu ès ana gêlas ||

Kêsèd nganti kuwur plirak-plirik | irung tansah mêkrok ora kêndhat | saka wêruh karêmane | wêtêng muni kêlukuk | didhèhèmi barêngan wahing | dadi kêsêlak-sêlak | hak-huk hak-huk watuk | nuli ana wong sing kăndha | măngga gusti dhahar kagêm icip-icip | namung trimah lowungan ||

wangunipun kêsayahan gusti | kêlêrêsan mendanipun gibas | mathuk sangêt dipun sate | Kêsèd rada pakewuh | nuli alon gone mangsuli | ananging ora cêtha | saka kêbak idu | lagi botên ngêthos kula [ku...]

--- 1056 ---

[...la] | dhene paman dhathêng kuwa nêbut gusthi | kula Kêsèd ing nglika ||

gone muni karo anudingi | prênah jaba minăngka katrangan | yèn uwong anyar dhèwèke | wong akèh banjur umyung | bêbarêngan nyêmbah lan muni | yèn botên gusti kula | măngsa sagêd rawuh | inggih wiwit sapunika | ratunipun sadaya tiyang ing ngriki | inggih namung sang nata ||

dikapakna Kêsèd ora ngrêti | ing batine mung măngsa bodhoa | nuli narik panjang gêdhe | puluke kojong munjung | ing salêpan luwih sabithi | sadhela uwis bablas | kriyêk nêkuk krupuk | sate diurut rentengan | sêsujène mumbruk angêbaki piring | plêpêg ngombe sagêlas ||

tanpa ngaso nuli angambali | sêga manèh sisane rong panjang | karo nguntun jêrowane | kêmripik kriyuk-kriyuk | salintire nganggo nyêlani | acar timun wutuhan | nywara krêmus-krêmus | kabèh sauwise bablas | duduh acar ora lali diuyupi | nuli kêcap mak kêplak ||

nuli nyandhak gêdhang lêgi-lêgi | siji-siji dilêlês ulêran | măngka gêdhang gêdhe-gêdhe | cacah satangkêp mak mut | lagi ketok marêm sathithik | tandhane wis katara | glègèkên uha uk | nuli ana wong nyuwara | ora lidok yèn sing rawuh iki gusti | kêtitik gone dhahar ||

nuli ana wong clathu nyêlani | sampun măngga tumuntên bidhalan | malêbêt kadhaton mangke | nuli budhal gumrudug | Kêsèd êmung sarwa nuruti | lakune nuli têkan | kêdhatoning ratu | temboke nuli dibêdhah | ing wong akèh dene têtemboke kuwi | iya rupa panganan ||

Kêsèd mêksa isih angicipi | pamamahe olèh têlung prongkal | mung nêlung bithi gêdhene | kabèh banjur malêbu | kono ketok ana wong linggih | lêmune ora lumrah | wêtêng kaya kasur | nèng paturon angêdhangkrang | wong sing têka nuli bae amarani | uwong mau dilarak ||

satêmêne ratu uwong kuwi | nanging uwis dadi tata cara | mêsthi ana gêgêntine | ya kuwi wong sing mlêbu | lan kabèhe trima anggusti | ratu nuli amêndhak | karo alon matur | dhuh gusti măngga pinarak | kula pasrah kaprabon nagari ngriki | Kêsèd ora nglêgewa ||

nuli têtêp saiki ngratoni | jêjuluke Sri Kêsèd Wisesa | mukti bangêt saikine | wong kabèh nuli mundur | sawêtune wong kabèh kuwi | temboking pakarangan | sanalika mingkup | Sang Prabu Kêsèd Wisesa | kari ijèn nèng kadhaton tanpa kanthi | kaya wong dikunjara ||

Pawartos saking Administrasi

Wiwit tumapaking kwartal punika sapriki, taksih tansah lumintu kemawon dhatêngipun sêrat-sêrat saking para prayantun lêngganan ingkang mahyakakên anggènipun botên tampi blangko pos wisêl ingkang kasêbut ing Kajawèn ăngka 51. Kauningana. Sintên ingkang botên tampi blangko, măngka taksih tampi Kêjawèn, punika atêgês botên nunggak, dados inggih botên prêlu ngintuni arta lêngganan. Kosok-wangsulipun, ingkang sami tampi blangko ugi kêparênga tumuntên ngintuni pambayaran, sampun ngantos katêlasan Kêjawèn nomêr 62 salajêngipun.

--- 1057 ---

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 65.

Têmbêm : Suwe anggonku anggagas, sarana pikiran sing waras, wèting padpindêr mula ya brêgas, apa manèh tumraping jaman panas, têgêse: jaman mung dhuwit sing diancas, nganti para mahluk padha ora anduwèni wêlas, karêpe mung arêp amburu ati kêbrangas, sanadyan sadulure dhewe kêkurangan bêras, utawa gêrêng-gêrêng sabab lara panas, anggêre badane dhewe wus bagas, ora pisan-pisan anduwèni ati maras, pangêmise para pêkir miskin sing kanthi laras, disêntak wani sarana têmbung kêras: pigi dhari sini dhêngên lêkas.

Pênthul : Mula bênêr pangandikane para winasis, yèn saiki jamane jaman materialis, bocah diwulang nganti sadhuwuring garis, ya diwulang cara Lănda apadene cara Inggris, ning pungkasane yèn wis padha wasis, prêlune mung nèk goleka pagaweyan bisaa laris, dadi cêkake sing diburu-buru ya mung picis.

[Grafik]

Têmbêm : He bancak anggonmu ngêcuwis, têka ngala-ala marang jaman materialis. Nèk wong urip padha ngudi golèk picis, nèk rumasaku kaya-kaya: botên dados kawis, sanadyan layang Wedhah, Injil utawa manèh Kuran lan Hadis, kaya-kaya mrentahake uwis, wong urip wajibe golèk ngèlmu lan picis. Yèn miturut wawasanku kang wus cumawis, anggone wong padha ngudi golèk picis, rak ora mêsthi kanggo nguja hawa sênêng-sênêng kang nêrak wêwalêring Hadis, nanging bisa uga kanggo ngrêksa kawadis, supaya bisa andawakke umure kongsi sawatawis, kanthi jênjêming ati aja nganti tipis, bisa anglakoni panggawe kang ora najis, têtêpa panêmbahe marang kang kagungan jais. Nanging ana saprakara kang aku ora pati mathis, yaiku marang wong sing padha golèk picis, nganti mêtu sajabaning garis, kanthi ora mrêduli nindakake barang najis, sing diudi mung bisane dadi kapitalis. Kang mangkono mau rak bisa nuwuhake lêlakon sing gawe giris, awit banjur akèh wong sing pikirane lalis, ngrumasani yèn wis diapusi ing samukawis, sêdyane banjur arêp malês ala kanthi ati bêngis, bawane ki angkara murka kang wus nitis, tandang-tanduke iya wis ora bisa aris, wusana putusane iya wus katawis: Pigidhigul itu orang-orang komunis.

--- 1058 ---

Pênthul : Kang doyan bok aja ngudhal-ngudhal barang sing wis mambu, nang ati mundhak ngrasa ngrêmpêlu, luwih bêcik ngelingana têmbe burimu, aja nganti enggal-enggal kèlu, marang luwêsing têmbung manis sing sêmu, awit kang mêngkono iku, sok kêna dèn upamakake madu, nanging ing jêro isi jênu, rasane sajak lêgi ora mèmpêr jamu, nanging sanyatane bisa gawe ihnil mampusmu.

Têmbêm : Bênêr omongmu kiyi, aku dhewe wis tau ngalami, nalikane mlancong nyang Pasar Turi, kêsasar nang panggonan jarit lan mori. Ing kono aku enggal diaruh-aruhi, dening bakul pirang-pirang iji, têmbunge le manis lan mêrak ati, iya iku mêngkene kang uni: măngga priyantun pinarak mriki, lho sinjang sae babaran Bayalali, ngêmungna panjênêngan krêsa anguncali, ringgit tiga inggih sampun nyêkapi, sinjang dados kagungan panjênêngan yêkti. Wadhuh rasane nang ati, kathik kaya dikruwês-kruwêsa mligi, ora mung têlung ringgit nggonku nibani, kanthong isi kapat sasur nganti lali, tak tinggal tanpa tak opèni, ana ing panggonan bakul sawiji. Têkaning ngomah aku tumuli, nuduhake jarit nyang nyai. Wusana aku dikrawus lan dicêthoti, tur ora diliwêtake sadina sawêngi, awit jarene jarit sing tak tuku kuwi, rêgane mung bêjaji rong rupiyah sêtali.

Pênthul : Yah omonge kok banjur ngayawara, luwih bêcik padha ambanjurna, rambuge ing bab pandhu utama. Bênêr iki wis ora mathuk kanggo wong tuwa, nanging aku kabèh kudu anjaga, anak putu ing wusana, aja nganti kanggonan watêk ala, kaya akèhing wong ing jaman iki kang wus nyata, yèn dèn wilangana, wêwatêkan kang ora utama, sing wis lumêbu ing sanubarining manusa, kêna dèn bagi patang prakara, upama dèn aranana, yaiku kang saprakara: anggone adoh nyang agama, mênyang pranatan anglêgewa, nyang nagara wutah gêtihe ora duwe rasa rumasa, kêgadhuhan watak murka, rusaking bêbudèn ya wis katara, ora lali anggone tindak siya, kathik ora duwe ngajèni marang wong liya.

Têmbêm : Wadhuh lagi saprakara bae, têka wis ora kêna dirasakake, nanging ya ora kêna dipaido dhing kowe, ya kuwi wong biyèn wêwatêkane, sok luwih utama tinimbang wong sakiki kiye, nanging sing wajib disalahake, nèk rumasaku dudu wong-wonge, luwih bêcik nyalahna jamane. Ing nalikane jamam[5] biyèn kuwe, ora ana barang-biring sing anggampangake, agawe gonjinging pikirane, wong tuwa saaku kowe. Balik ing jaman saiki kiye, akèhing tongtonan kowe wis nêksèni dhewe, biyoskup, sêtambul, wayang wong dalasan kêmidhine, sabên sore tanpa kêndhat anggone ngawe-awe. Anane nyênyamikan ya ora kurang warnane, nyênyamikan Tiyonghwa upamane: bakmi-mihun-kimlo-cap jae apadene swike, lèkêr-lèkêran cara Lănda kaya dene: kênthang bêstik-sladhah-krokèt-panêkuk miwah rori sêle, dalasan dhaharan Jawa bae, ya wis akèh bangêt undhake: gudhêg-gêmbrot-êmbêk-êmbêk, miwah sawarnaning kare, lan isih akèh manèh tunggale. Mara apa kabèh kiye, ora gawe [ga...]

--- 1059 ---

[...we] mêndêming pikirane.

Pênthul : Aku ora maido nyang kandhamu kiyi, yèn kang dadi godhaning donya saiki, cacahe tanpa wilangan sayêkti, nanging tumraping wong kang utama sajati, ora kêna gingsir marang godha apa kang nêkani. Mula sing dadi wong tuwa kudu sing nalatèni anggone nênuntuni, supaya anake bisa ngambah ing margi, kang yêkti pantês pinuji, awit tuwuhing wêwatêkan kaya ngarêp kiyi, ora ana sababe sawiji, kajaba saka anggone ora mrêduli, mênyang sucining ati. Wis padha dilèrèni dhisik saiki, liya dina dibanjurake wis mêsthi.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Ing Bayalali tuwin ing Banyudana (Surakarta), tuwuh sêsakit rajakaya muruh tuwin tracak. Ingkang wajib sampun nindakakên rêrigên kêncêng.

Para panuntun kamajêngan ing Bandhung sawêg ihtiar nulad badhe damêl gêmintêrad tiyang siti kados ing Surabaya, kathah para sawung ingkang purun kapilih dados warga.

Kawartosakên, dhirèktur pangajaran, Juwan J. Hardeman, ingkang sapunika nuju pêrlop, satêlasing pêrlopipun badhe dipun wisudha jumênêng Algemeene Secretaris anggêntosi Tuwan E.R. Erdbrink, ingkang badhe wangsul dhatêng nagari Walandi. Wangsulipun Tuwan Hardeman badhe wontên ing wiwitaning taun 1930.

Kawontênanipun tiyang minggah haji ing taun 1928 langkung kathah tinimbang taun 1927. Ingndhakipun[6] wau kakintên jalaran saking saening panjagi kasarasan tuwin katêntrêman ing Arab.

Katêtêpakên dados residhèn ing Madura kilèn, Băndawasa tuwin Blitar, Tuwan W. Ch. Adriaans, C. E. Barre tuwin R.A.M. Rooy.

Pakêmpalan Assirotal-Moestaqim ing Têgal kintun pawartos, bilih wiwit tanggal 16 dumugi tanggal 20 Agustus, ngawontênakên Maulud Nabi Muhamad S.A.W. mawi arak-arakan. Kajawi Maulud, ugi nindakakên pitulungan nêtaki lare namung lêlahanan. Pasamuwan punika sakalangkung rame, bab panindaking prêlu ngantos 8 adêgan. Tumrap tamu têbih, samăngsa kintun sêrat rumiyin dhatêng komite, rawuhipun ing Têgal badhe dipun papag dening padpindêr Anis, wontên ing sêtatsiun mawi oto namung lêlahanan.

Pakêmpalan Muhamadiyah bagean taman pustaka ing Ngayogya mêntas damêl parêpatan umum, tamu ingkang rawuh kirang langkung sèwu, wakiling adpisur inlan sêsakên ugi rawuh. Wosing rêmbag supados pakêmpalan Muhamadiyah ngawontênakên taman pustaka ingkang isi buku waosan kangge ngalang-alangi sêdyaning kaum Kristên kados wawasanipun Dr. H. Kraemer.

Bilih kawontênaning têntunsêtèlêng têtanèn ing Sukabumi pinanggih mikantuki, ing têmbe badhe dipun têtêpakên ajêg panggenanipun, kadosdene pêkên taunan ing Bandhung.

Nalika Nata Siyêm wontên ing Bandhung mriksani bioskup wontên ing Concordiabioscoop. Ingkang dipun pitongtonakên pilêm nalika sang nata wontên ing Batawi.

Salêbêtipun minggu kêpêngkêr, gunggunging tiyang ing sabawah Cirêbon ingkang katrajang sêsakit pès wontên 26, sadaya sami tiwas.

Wontên sawênèhing tiyang siti sugih ing Surabaya murugi anakipun ingkang dipun upakara wontên insêtitut pastur ing Bandhung, jalaran dipun cakot ing sagawon edan. Lare ingkang dipun purugi sampun saras, nanging sarêng wontên margi lare wau sakit bêntèr sangêt, tiyang sêpuhipun nêdha pitulungan dhatêng punggawa sêpur, lajêng tilpun dhoktêr saking Kutharêja dhatêng Ngayogya, wusana sadumuginipun Ngayogya, lare sampun kêlajêng ngajal.

Kawartosakên, bilih Tuwan Gesseler Verschuer, residhèn ing Priyangan têngah, badhe dipun angkat dados gupêrnur, nanging dèrèng tamtu punapa badhe wontên ing Surakarta utawi Ngayogya.

Ing bawah Gunungkidul, Ngayogya tuwuh sêsakit cacar, nanging botên wontên ingkang pinanggih tiwas.

Wontên pawartos ingkang kenging dipun pasthèkakên, bilih ing têngah-têngahaning wulan Oktobêr, Paduka Tuwan Mr. Creutzberg, pisê prêsidhèn rad pan Indhi badhe dhatêng Eropah. Ingkang gumantos Paduka Tuwan Ch. Welter.

--- 1060 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga

21.

[Mijil]

nulya alon dènira mangsuli | mênggah ingkang yêktos | kula saking Ngêsam pinangkane | sanalika ki patih wus ngrêti | mring duta kang prapti | kênya ing kadhatun ||

têmah antuk jalaran nuntuni | ki patih ing kono | anyukani gambar langkung sae | ing pangira datan sande pasthi | koningan sang putri | lan mawèh panuju ||

wusing wangsul sawatara malih | wontên putri katon | sakalangkung endah ing warnane | sumlêngêrên ki patih duk uning | ing pangrasa kongsi | kêdhèpira kaku ||

para nyai cakêt ngrumiyini | asuka pawartos | kang angutus rawuh ing samangke | gih punika putri kang linuwih | ki patih mrêpêki | taklim saksat sujud ||

tan antara ngandika sang putri | ririh alon-alon | ing salami kula praptèng mangke | babar pisan tan nate mrangguli | gêgambaran adi | kadi kang kadulu ||

yèn andika sarju ing panggalih | kula minta yêktos | kadamêlna gambar ingkang sae | kang nênangi mring rasaning ati | sandika ki patih | suka sakalangkung ||

enjingira kang gambar wus dadi | katur ing sang sinom | sakalangkung rêna panggalihe | nulya prapta lan sajarwa jati | kalamun sang putri | putra natèng Ngêrum ||

dyan andangu gambar apa iki | patih matur alon | nuwun inggih gusti ing wiyose | kang punika gambaripun wukir | ngandhap wontên kali | kang mili gumrujug ||

satêpining narmada kaèksi | wontên sangsam karo | ananira ngênèni galihe | ratu kula ing satêmah kengis | datan arsa krami | sing salaminipun ||

duk sang putri miyarsa tumuli | angandika alon | paran ingkang dadya darunane | dene ratunira darbe osik | mung saka kêtarik | mring ananing wujud ||

kyai patih nulya matur ririh | makatên sang sinom | gusti ulun ing nguni purwane | ambêbêdhag madyaning wanadri | pan kapêntog kali | nuju banjir ladhu ||

nuntên uning wontên sangsam katri | lanang lawan wadon | tiganipun anak maksih lare | katri pisan kabingungan sami | binuru ing janmi | wadyanya sang prabu ||

saking dahat kèmêngan kapati | punang sangsam wadon | dyan anggêbyur anèng madyaning we | ing satêmah larut sirna kentir | anak lawan laki | kari putêk mangu ||

ing wusana sangsam bapa siwi | kapêtêg prihatos | ketang èngêt mring kang nilar mangke | kongsi supe nadhah miwah guling | satêmahan lalis | sangsam kalihipun ||

duk samana sri nata kapati | karaos ing batos | pan makatên ing pangandikane | lara têmên wong tininggal rabi | yèn mangkono mami | palakrama lumuh ||

praptèng mangkya têtêp sri bupati | tan kèngguh ing batos | sasampating ki patih ature | tidhêm tanpa sabawa kapyarsi | mung wontên kêtitik | sêsêgirèng muwun ||

kyai patih duk mulat sang putri | yèn kêni ing raos | mung tumungkul tan wontên ature | nulya alon ngandika sang putri | paman sapa kuwi | kang dèn ucap ratu ||

patih matur nuwun inggih gusti | ulun matur yêktos | natèng Towar gusti sajatine | inggih nata kang ulun ngèngèri | umèsêm sang putri | ing galih panuju ||

nulya dhawuh prasaja sang putri | bapa mungguh ingong | datan pae lan ratumu kuwe | dahat lumuh anglakoni krami | nanging ing saiki | wus luntur tyas ingsun ||

kyai patih tumuli numpangi | asajarwa jatos | duk sri nata supêna purwane | nulya kabèh jinarwa taliti | wusana ing mangkin | rêmbag dadya gathuk ||

linut èsêm ngandika sang putri | kalamun mangkono | gustinira mungguh prayogane | rawuha ing Ngêrum luwih bêcik | pan cinêkak nuli | sri nata wus rawuh ||

kalampahan sri narendra krami | kalawan sang sinom | ing wusana nênggih sasedane | Natèng Ngêrum Sri Towar gumanti | dene kyai patih | nèng Towar sumundhul ||

wus palêstha bayan muwus ririh | nyai kang lêlakon | apan kenging pinèt tuladane | janma ingkang têtêp ati suci | cake sok nocogi | kêcêpêng kêcakup ||

awit nyata kang tindak utami | kalamun kalakon | antuk bagya kukubane gêdhe | langkung nikmat têmah murakabi | marma tindak bêcik | nyai wajib gambuh ||

11. Tiyang Suci ing Manah

[Gambuh]

nyi sudagar duk ngrungu | carita kang winêdharkên wau | trêsnanira mring laki tungtum numusi | dahat karaos ing kalbu | dènnya pêpisahan adoh ||

myang sêtyanirèng kalbu | anggung tuwuh èngêt maring kakung | kang nèng purug nandhang rêkasaning ati | ari ratri akêklumpuk | ngupayakakên kang wadon ||

Bayan suka ing kalbu | wikan maring sêsulaking sêmu | ing wusana ngucap linut gujêng ririh | kalamun nyai panuju | rêna mirêngkên cariyos ||

pikantukipun tamtu | sagêd nyêkak panjanging kang laku | tamtunipun kiyai prapta tumuli | dados kenging kangge nylamur | mringkês ngalambranging batos ||

ing mangke kula matur | dêdongengan kenging kangge ngukur | têtêping kang têpa minăngka palupi | pinèta yêkti pakantuk | makatên rarasing criyos ||

duk ing nguni winuwus | wontên janma anèm nama Sabur | trahing agung nanging tinitahkên miskin | mung sêmunira kadulu | titiking kartiyasatos || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

 


Siyêm. (kembali)
kemawon. (kembali)
ukuranipun. (kembali)
nglênga. (kembali)
jaman. (kembali)
Indhakipun. (kembali)