Narpawandawa, Persatuan, 1938-01, #408

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Persatuan, 1938-01, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Persatuan, 1938-02, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Persatuan, 1938-03, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Persatuan, 1938-04, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Persatuan, 1938-05, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Persatuan, 1938-06/07, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Persatuan, 1938-08, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Persatuan, 1938-09, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Persatuan, 1938-10/11, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 15-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 1, Januari 1938

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên sawulan sapisan, ing wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 61 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '38. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèngêtan Parêpatan Agêng Taunan, Kala Salasa Sontên Kaping 21 Dhesèmbêr 1937, Wontên ing Dalêm Suryaamijayan

Para pangrèh ingkang sami rawuh:

K.P.P. Suryadipura, wakil pangarsa.

R.M. Ng. Sasradipraja, panitra I.

R.M. Ng. Purwasastra, panitra II.

R.M.H. Mr. Kartadipura, artaka I.

R.M.H. Mr. Cakrawinata, R.M.H. Mr. Pringgawinata ... sami panitya

--- 2 ---

R.M.T. Purwadipura, R.M. Ng. Wiraatmaja, R.M.M. Èsmubrata ... sami panitya

Watawis jam 9 langkung sakêdhik, wakil pangarsa amêdhar sabda, sarèhning nuju jawah andadosakên sakêdhikipun para warga ingkang sami rawuh, amila parêpatan lajêng kabibarakên. Miturut pranatan, parêpatan ingkang kaping kalih, sapintên cacahing warga ingkang sami rawuh sampun lajêng dados, awit saking punika parêpatan ing dalu wau kadadosakên. Mênggah purwakaning wakil pangarsa kados ing ngandhap punika:

Nuwun, pangrèh ngaturakên pambagya wilujêng rawuhipun para tamu tuwin para warga kakung putri, kaping kalihipun ngunjukakên gênging sêmbah panuwun, konjuk ing panjênêngan dalêm, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, anggènipun sampun kaparêng maringi papan kangge parêpatan dalu punika. Punapadene ngaturakên panuwun katur Kangjêng Radèn Tumênggung Mistêr Wăngsanagara, sarta Radèn Ngabèi Ănggapradata, anggènipun sampun sami kaparêng badhe sêsorah, ingkang sakintên murakabi dhatêng para warga Narpawandawa kakung putri sadaya, sangêt andadosakên bingahing manahipun pangrèh, dene sanadyan măngsa jawah, wontên sawatawis sadhèrèk warga sami marlokakên rawuh. Mênggah wigatosipun pêpanggihan dalu punika, sapisan, minăngka parêpatan taunan, kaping kalihipun, kangge alal bihalal. Kawontênanipun alal bihalal punika kados sampun botên prêlu kula têrangakên (para sadhèrèk tamtu sampun sami mangrêtos piyambak) sarana ingkang kangge alal bihalal utawi apura-ingapura saha nyambung sih, punika ingkang katindakakên ing jaman kina ngabêkti (ujung) dene patrapipun ugi botên prêlu kula têrangakên malih (para sadhèrèk tamtu sampun sami mangrêtos sadaya) ingga dumugi jaman sapunika taksih wontên ingkang nindakakên makatên. Namung upami alal bihalal dalu punika katindakakên ngabêktèn, saiba rêkaosipun. Amila minăngka lintuning ngabêkti panjênêngan sadaya, sadhèrèk, mangke sami kula suwun sêsarêngan jumênêng saha kèndêl salêbêtipun samênit, kanthi amuji ing Gusti Allah, wilujênging panjênêngan dalêm nata, sagarwa putra, tuwin para santana, abdi saha [sa...]

--- 3 ---

[...ha] kawula dalêm. Sadhèrèk, kados sampun cêkap samantên kemawon anggèn kula murwakani pêpanggihan dalu punika. Sapunika lajêng kula aturi wiwit sêsarêngan jumênêng, saha kèndêl.

Satêlasing purwakanipun wakil pangarsa, para warga sami ngêningakên cipta samênit dangunipun, wakil pangarsa lajêng miwiti ngrêmbag kados ingkang kasêbut sêrat sêdhahan, inggih punika nêtêpakên pèngêtan parêpatan agêng taunan sarta parêpatan agêng mirunggan, sampun sami kawrat ing organ. Sasampunipun katêtêpakên, Mas Èsmubrata lajêng maos palapuran taunan, kados ing ngandhap punika.

Palapuran kawontênanipun pandamêlan, wiwit sabibaripun parêpatan warga taunan, kala tanggal kaping 13 Januari 1936, dumugi parêpatan agêng dalu punika, kados ing ngandhap punika:

Adamêl parêpatan pangrèh rambah kaping 60, saha wiwit nalika tanggal kaping 5 Agustus 1937, sabên pitung dintên sapisan, pangrèh sami parêpatan wontên ing dalêm Suryadipuran. Damêl parêpatan agêng mirunggan sapisan, ngrêmbag bab sêtatsêblad katitimangsan kaping 30 Sèptèmbêr 1936, ăngka 31. Prakawis sêsêbutan darahing aluhur, kawontênanipun ingkang karêmbag sampun dipun êwrat ing organ ăngka 5-6-7 sapiturutipun. Saha damêl pêpanggihan, sapisan kêndhuri marêngi tingalan dalêm têtêp yuswa 72 taun, kaping kalih ngajangi sêsorahipun sadhèrèk Dr. Sutama, kawontênan ingkang kasêsorahakên sampun kawrat ing organ taun 1937 ăngka 9.

Utusan andhatêngi konggrès Sangkara Mudha sarta P.K.N. sami ing Ngayogyakarta, utusan dhatêng ing Batawi mêthuk konduripun pangarsa B.K.P.H. Suryaamijaya, anggèning kautus sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana, dhatêng ing nagari Walandi, saha utusan andhatêngi parêpatan tuwin sapanunggilanipun, pakêmpalan-pakêmpalan ing Surakarta ngriki.

Kawontênanipun sêrat-sêrat ingkang prêlu kauningan para warga.

1. Suka katrangan dhatêng pangrèh Putri Narpawandawa, kawrat sêrat kaping 23 Pèbruari 1936 ăngka 5/520 bab pamrayonipun [1] R. Ngt. Sinduwidada, supados barang rajadarbèkipun [raja...]

--- 4 ---

[...darbèkipun] kagungan dalêm klinik Kadipala, kadèkèkana lètêr P.B.X.

2. Ngaturakên sêrat dhatêng rad bale agung, katitimangsan kaping 23 Pèbruari 1936 ăngka 6/521, bab pamanggihipun warga, Rm. Cakrapangarsa, rêmbaging parêpatanipun rad bale agung, manawi prêlu supados kasiyarakên mêdal sèndhêr S.R.I. dados para têtiyang lajêng sagêd kadudut manahipun, wêkasan sami amigatosakên dhatêng bale agung. Sampun angsal katrangan kaping 26/2 36 ăngka 183 B.A./B. III. Bab usul wau dipun galih kirang prayogi, jalaran sanès ngadatipun rêmbaging parêpatanipun Vertegenwoordigende lichamen punika dipun siyarakên mêdal sèndhêr. Rm. Cakrapangarsa ugi sampun lajêng kasukanan sumêrêp.

3. Macak atur dhatêng kawadanan putra santana dalêm têngên saha kiwa, katitimangsan kaping 29 Pèbruari 1936 ăngka 10/525, bab inggahing sêsêbutanipun para warèng dalêm dalah sawêwênangipun (sampun kawrat ing organ taun 1936 ăngka 4).

4. Macak atur dhatêng nagari, katitimangsan kaping 29 Pèbruari 1936 ăngka 11/526 amitêrangakên punapa sêrat paturanipun P.P.S. bab adêgipun pêpatih dalêm, sampun konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm. Dhawuhipun nagari botên prêlu kaunjukakên, amargi Narpawandawa sampun gadhah atur ugi tumrap bab punika.

5. Mangsuli sêrat pitakènipun, M. Ng. Nitisuharja ing Gondhangwinangun (Klathèn) kawrat sêrat kaping 20 Marêt 36 ăngka 12/527 bab pêndhok kêmalon abrit, punapa kenging dipun angge semahing santana dalêm, sawêg dados pamanahanipun pangrèh.

6. Sêrat kaping 6 Mèi 1936 ăngka 19/5-'30, katur dhatêng kawadanan santana dalêm, ngenggalakên sêrat paturan, bab suwunan sêsêbutanipun para warèng dalêm, kaparênga mawi sêsêbutan R.M.R.Aj. utawi R. Adj.

7. Macak atur dhatêng kawadanan putra santana dalêm, katitimangsan kaping 12 Agustus 1936 ăngka 24/537 nyuwun lilah tingalan dalêm têtêp yuswa 72 taun, para warga Narpawandawa saha warganing Putri Narpawandawa, badhe sowan ngabyantara, angunjukakên kasugêngan dalêm, sarta sêrat paturan kaping 3 Sèptèmbêr 1936 ăngka 33/542 bab badhe [ba...]

--- 5 ---

[...dhe] ngonjukakên pisungsung awarni tugu ing nginggil mawi dilah èlêktris, amung pamanggènipun nyuwun dhawuh timbalan dalêm. Dene dilahipun kasuwun saking kagungan dalêm panti pradipta.

8. Sêrat kaping 22/9-'36 ăngka 38/546 wangsulan dhatêng R. Sindusawarna, bab anggènipun malêbêt dados warga Narpa, sarta bab cicilan sambutanipun dhatêng kas băndha pasinaon supados ajêg.

9. Sêrat kaping 25/9-'36 ăngka 39/546 dhatêng pangrèh P.N.W. bab anggèning misungsung kasuran kagêm palênggahan dalêm, sampun kaparêng sarta andadosakên suka pirênaning panggalih dalêm, sampun dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana.

10. Sêrat kaping 1/10-'36 ăngka 41/548 dhatêng komite narendratama, titip unjuk 1e. ngunjukakên kasugêngan dalêm, 2e. ngunjukakên sêmbah sumungkêm, 3e. ngunjukakên babêktèn pisungsungipun Narpawandawa warni tugu mawi dilah, pikajêngipun, dilah utawi pandam, watêkipun amajari panggenan utawi kawontênan ingkang pêtêng, dene pisungsungipun Putri Narpawandawa warni kasuran, kajawi karêngga ing asma dalêm, saha wapêning praja Surakarta, ugi rêrênggan isthaning wit waringin, minăngka pasêmon awèt angayomi, dados manawi pisungsung warni kalih wau kakêmpalakên, lajêng gadhah pikajêng. Putra santana jalêr èstri sami amêmuji, mugi sampeyan dalêm ingkang minulya saha ingkang wicaksana, dinirgakna ing yuswa, sugêng sênggang sênêng, tuwin awèta dados pandam pangayomanipun saisining praja Surakarta.

11. Sêrat paturan kaping 9/11-'36 ăngka 49/553 katur pangagênging parentah karaton, bab nyuwunakên kawêlasan warisipun para abdi santana dalêm, sampun kaenggalakên, kaping 27/2-'37 ăngka 17/573 saha kaping 19/7-'37 ăngka 81/626 tuwin kaping 18/8-'37 ăngka 90/630 dèrèng angsal dhawuh.

12. Sêrat paturan kaping 16/12-'36 ăngka 52/555 katur pêpatih dalêm, bab pisungsung tugu kasuwun pindhah wontên ing Jèbrès, saha sêtrumipun dilah kasuwun kabayaran saking nagari, sampun kaparêng.

--- 6 ---

13. Sêrat paturan kaping 11/1-'37 ăngka 5/561 katur pêpatih dalêm, ngaturakên sêrat paturanipun warga Putri Narpawandawa, R. Ngt. Sinduwidada, bab kawontênan ing pantiroga ingkang kirang prayogi.

14. Sêrat paturan kaping 22/1-'37 ăngka 7/568 katur pangagênging parentah karaton, bab nyuwun mitêrangakên wontênipun kantor Persbureau kraton, sampun kaenggalakên marambah-rambah dumugi sapriki dèrèng wontên dhawuh.

15. Sêrat kaping 30/1-'37 ăngka 12/571 dhatêng pangrèh agêng P.P.P.P.A. Narpa nguruni pamanggih kangge ing konpêrènsi agêng, murih kalêksananing sêdya nyirnakakên padagangan wanita sarta lare-lare.

16. Sêrat paturan kaping 19/3-'37 ăngka 24/577 katur pangagêng parentah karaton, ngèngêtakên bab suwunan yêyasan griya ing pantiroga, kagêm para luhur, sampun kaparêng lajêng badhe dipun iyasani.

17. Sêrat kaping 24/4-'37 ăngka 32/581 dhatêng pangrèh P.N.W. ngintunakên sêrat dhawuh katrangan saking nagari kaping 20/4'37 ăngka 874 C/5 II tumrap sêrat paturanipun R. Ngt. Sinduwidada.

18. Sêrat kaping 1/5-'37 ăngka 35/583 dhatêng panitya băndha pasinaon tumbuk dalêm, katrangan bab panyambutipun arta, kangge nglayoni griya Martadiharjan.

19. Sêrat paturan kaping 18/5-'37 ăngka 38/586 katur kawadanan putra santana dalêm, ngaturakên turunan mosi, saha nyuwun katata malih sêsêbutanipun para putra santana dalêm (sampun kawrat ing organ ăngka 6 taun 1937).

20. Sêrat paturan kaping 13/5-'37 ăngka 40/589 katur kawadanan putra santana dalêm, ngladosakên turunan sêratipun P.P.S. bab jumênêngipun pêpatih dalêm (sampun kawrat ing organ taun 1937 ăngka 8).

21. Sêrat kaping 19/5-'37 ăngka 41/593, katur kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral, ngaturakên mosi putusan rêmbag parêpatan agêng mirunggan.

22. Sêrat kaping 19/5-'37 ăngka 44/597, katur dhirèktur B.B. sapanunggilanipun, ugi ngaturakên mosi.

23. Sêrat kaping 26/5-'37 ăngka 46/602 wangsulan dhatêng kulawarga Adisugănda ing

--- 7 ---

Munthilan, bab sêsêbutan R.M. tumrap para warèng dalêm, dèrèng wontên dhawuhing timbalan dalêm.

24. Sêrat kaping 5/6-'37 ăngka 53/606 wangsulan dhatêng Rm. Jayawardaya, ing dhukuh Pête (Bayalali) bab anggènipun botên narimah kataman tindakipun pulisi, C.P. sarèhning prakawisipun tiyang (persoonlijke kwestie) prayogi anjêjêrakên gigat piyambak.

25. Sêrat paturan kaping 7/6 '37 ăngka 54/606 katur kawadanan putra santana dalêm, ngaturakên rêkaosipun para darah dalêm, ingkang dêdunung ing măncanagari, manawi ngupados ampilan pikêkah, nyuwun supados kagalih.

26. Sêrat kaping 19/6-'37 ăngka 60/613 dhatêng panitya băndha pasinaon Narpawandawa, bab lare- lare ingkang sami dipun waragadi, punapa sampun nêtêpi prajangjianipun. Kaenggalakên kaping 20/7-'37 ăngka 82/627. Sampun suka katrangan saparlunipun.

27. Sêrat kaping 24/6 '37 ăngka 63/615 dhatêng panitya băndha pasinaon ing Surakarta, katrangan bab ambrandoni pawitan f 1000,- kangge damêl pasar malêm.

28. Sêrat paturan kaping 28/6 '37 ăngka 68/618, katur pangagênging parentah karaton, ngaturakên kirang prayoginipun bilih karaton botên dipun wontêni Persbureau.

29. Sêrat paturan kaping 30/6-'37 ăngka 69/619, katur kawadanan putra santana dalêm, ngaturi katrangan rêkaosipun tindak suwunan pikêkah santana ing sajawining Surakarta, supados kagalih gampilipun, sampun angsal dhawuh katitimangsan kaping 23/8 '37 ăngka 246/15 K kapacak ing organ taun 1937 ăngka 10.

30. Sêrat kaping 5/7-'37 ăngka 73/622 dhatêng panitya băndha pasinaon tumbuk dalêm, katrangan bab sagahipun Narpa nyambuti arta kangge nglayoni griya Martadiharjan. Sasampunipun panitya nyagahi prajangjianipun Narpa, samasa-masa kangge, arta sampun dipun sadhiyani f 1500,- nanging kawontênanipun dumugi sapunika arta wau dèrèng saèstu kasambut.

31. Sêrat paturan kaping 12/7-'37 ăngka 77/623 katur kawadanan putra santana dalêm, [dalê...]

--- 8 ---

[...m,] sarèhning suwunan pikêkah santana punika mawi kapupu beya sègêl, gunggung f 3,- rêkaos, mila tumrap para santana ingkang têrang botên sagêd tumbas sègêl, kasuwunakên lêlahanan, sampun angsal dhawuh katitimangsan kaping 10/9-'37 ăngka 1189 C/3 II kawrat ing organ taun 1937 ăngka 10.

32. Sêrat paturan kaping 21/8-'37 ăngka 92/631 katur kawadanan putra santana dalêm, bab santana dalêm kenging prakawis kaputus lan-gêrèh, nyuwun supados kaurus saha kaadilan ing pradata. Sasampunipun kaenggalakên, lajêng angsal dhawuh turunanipun sampun kawrat ing organ taun 1937 ăngka 12.

33. Sêrat kaping 25/8-'37 ăngka 96/634 nantun dhatêng B.K.P.H. Adiwijaya, B.K.P.H. Kusumabrata, B.K.P.H. Suryaamijaya, B.K.P.H. Mr. Jayakusuma, R.M.H. Pringgawinata, R.M. Mr. Raspiya, R.M. Dr. Sukasna, bab kasuwun kacalonakên dados warga rad bale agung.

34. Sêrat paturan kaping 28/8-'37 ăngka 98/635 katur pangagênging parentah karaton, bab kareta layon manawi kangge para santana, kasuwunakên dalah sakapalipun, sampun kaenggalakên kaping 14/10-'37 ăngka 111/646 dèrèng angsal dhawuh.

35. Sêrat paturan kaping 28/8 -'37 ăngka 99/635 katur pêpatih dalêm, ngaturakên sêrat paturanipun R.Ngt. Sinduwidada, bab kirang prayogining kawontênan ing pantiroga.

36. Sêrat kaping 12/9-'37 ăngka 103/638 dhatêng adpisir purinlansê sakên, bab sêsêbutan, turunanipun sampun kawrat ing organ taun 1937 ăngka 11 kaca 151.

37. Sêrat kaping 12/9-'37 ăngka 104/638 dhatêng R.Ng. Amat Jayaudaya, wakil praja Kajawèn ing rad kawula kanthi ngintunakên turunan sêrat-sêrat bab sêsêbutan.

38. Sêrat kaping 5/10-'37 ăngka 106/639 dhatêng pangrèh P.N.W. ngintunakên turunan sêrat saking kawadanan putra santana dalêm, kaping 23/8 '37 ăngka 246/15 K saha turunan sêrat dhawuh nagari kaping 10/9-'37 ăngka 1189 C/3 II supados kawradinakên, sêrat ăngka 107/639 kanthi turunan sêrat dhawuh nagari kaping 29/9 '37 ăngka 903/I A/2 II supados kaparingakên dhatêng R.Ngt. Sinduwidada.

--- 9 ---

39. Sêrat paturan kaping: 8/10-'37 ăngka 109/645 katur kawadanan putra santana dalêm, bab nyuwun dhawuhing timbalan dalêm, dintên sae kangge ambikak tugu pisungsung, dhawuhing timbalan dalêm, kadhawuhan bikak dintên Jumungah Kliwon kaping 17 Ruwah, Ehe 1868, jam 9 enjing.

40. Sêrat paturan kaping 14/10 '37 ăngka 113/647 katur kawadanan putra santana dalêm, nyuwun pilah-pilahing kawadanan ingkang majibi para santana dalêm, dèrèng angsal dhawuh.

41. Sêrat kaping 18/10-'37 ăngka 115/648 dhatêng wadana kartipraja, supados amrasabêni anèmêr, bilih tugu badhe kabikak, wontên tanggal kaping 17 Ruwah wau.

42. Sêrat paturan kaping 19/10-'37 ăngka 116/648 katur kawadanan putra santana dalêm, ngonjukakên turunan sêrat-sêrat rêmbag bab sêsêbutan, sampun kawrat ing organ taun 1937 ăngka 11 kaca 145.

43. Sêrat kaping 28/10-'37 ăngka 118/654 dhatêng wadana kartipraja, mrasabêni sarèhning anèmêr nyidrani sêsanggêman, prajangjian kapêdhot. Wadana kartipraja katêdhanan pitulung supados andumugèkakên panggarapipun, sagêda enggal rampung.

44. Sêrat kaping 29/11-'37 ăngka 122/656 dhatêng rad pan bêhir pagrêjèn, ngaturakên usulipun warga R.M.H. Natadilaga, pamrayogi tumrap pagrêjèn, ăngka 123/656 mangsuli dhatêng R.M.H. Natadilaga, katrangan bab usulipun ăngka I II sarta IV sampun lajêng katindakakên, nyêrati dhatêng ingkang sami gadhah kawajiban, dene usulipun ingkang ăngka III bab wontênipun Kraton persbureau sadèrèngipun pangrèh sampun ngusulakên bab wau, nanging dèrèng wontên dhawuh. Ăngka 124/657 sêrat dhatêng komisi ingkang kapatah mariksa barang têtilaranipun putra santana dalêm, bab lelangan barang kaparêngakên bayar nicil. Ăngka 125/658, sêrat dhatêng băndha lumaksa, kaparênga nindakakên tanggêlan rèntèng.

45. Sêrat paturan kaping 29/11-'37 ăngka 126/658 katur kawadanan putra santana dalêm, nyuwun dhawuhing timbalan dalêm dintên sae malih kangge ambikak tugu, amargi kala samantên dèrèng sagêd kalampahan kabikak, jalaran anèmêripun nyidrani sêsanggêman, sampun angsal dhawuhing timbalan dalêm.

--- 10 ---

46. Sêrat kaping 29/11-'37 ăngka 127/659 wangsulan dhatêng R. Kuswadiharja ing Pakalongan, bab sêsêbutan ngêntosi wiyosing dhawuhing timbalan dalêm.

47. Sêrat kaping 3/12 '37 ăngka 128/660 wangsulan dhatêng para warisipun R.M. Ng. Singasiwaya, bab mandhapipun arta pralenan, kawontênanipun pralenan wau sampun katutup, nêtêpi putusan parêpatan agêng kapêngkêr.

48. Sêrat paturan kaping 13/12 '37 ăngka 132/661 katur kawadanan putra santana dalêm, anjênêngi pambikakipun tugu, sampun angsal dhawuh timbalan dalêm, ingkang kautus ajudan dalêm K.P. Arya Mataram, saha sêrat ăngka 133/663 katur ing pêpatih dalêm, nyuwun jêjênêngipun nagari, sampun angsal dhawuh ingkang kautus abdi dalêm bupati kitha Surakarta.

49. Sêrat kaping: 16/12-'37 ăngka 136/664 dhatêng warga, R.M.H. Natadilaga, kanthi ngintunakên turunan sêrat saking băndha lumaksa, katrangan bab usulipun murih băndha lumaksa nindakakên sambutan mawi têtanggêlan rèntèng, botên sagêd tumindak, amargi dhawuh nagari kaping 4/I 22 ăngka 2C/4 botên marêngakên, jalaran manawi wontên ingkang tilar donya utawi kaundur, ingkang kantun kawratên panicilipun.

Kawontênan cacahipun warga wiwit sabibaripun parêpatan agêng taun kapêngkêr, dumugi dalu punika, ingkang mêdal sabab pindhah panggenan sasaminipun, sarta tilar donya 16 ingkang mlêbêt anyar 26 dados mindhak 10, gunggung sadaya 505.

Mênggah anggènipun pangrèh nindakakên pandamêlan, dumugi parêpatan dalu punika, wilujêng. Taksih wontên sambêtipun.

Pêpuji Kita, Tumrap Nusa Indhiya Kangge Wêkdal Sapunika

O, Gusti, Ya Allah, Ya Robi.

1. Gusti ingkang sipat wicaksana, kita ngakêni, bilih papa cintraka, botên liya, saking nandhang kabodhoan, awit saking punika, nyuwun kalihan sangêt, mugi-mugi kita, kasirnakna saking panandhang wau, lajêng ginanjar manah padhang anarawang.

--- 11 ---

2. Gusti ingkang sipat kawasa, lampah kita ing kamajêngan, kompal-kampul plencang-plèncèng, ginubêl ing godha rêncana, ingkang kêmata, muhung angga priyăngga, mila saking punika, mugi-mugi kawawaa, tumindak ing lana, têbih saking ina.

3. Gusti ingkang sipat mirah lan asih, wêkdal punika, kita gêsang rêkaos, tamtunipun minăngka pangajaran, inggih saking dhêdhasaran wau, kita nyênyadhang pangaksama, linggar saking pidana, dados manungsa sanyata.

4. Gusti ingkang murbèng alam, donya bingung bilunglungan, tan pêgat piguna, praja-praja gêng, sami ambêkênêng, ajêng-ajêngan mancêrêng. O, Gusti, donya tumuntên kapisahna, saking lena, lumêbêt ing tata, wêwaton utama.

5. Gusti ingkang sipat adil, Parindra, nêdya angêntas băngsa, ingkang nêdhêng sangsara, sagêda minulya, para warga sadaya, samya mêmuja, pakêmpalan kita, pinaringana santosa, waspada lan yitna, ing kawontênan paduka, murih sumingkir saking cidra, gya kasêmbadan ingkang kinarsa.

Raharja, raharja, raharja.

Kula nuwun, sawêdalipun organ Narpawandawa ing wulan Dhesèmbêr 1937 ăngka 12 ngêwrat santana dalêm kenging prakawis kaputus ing pangadilan lan-gêrèh, manah kula lajêng kraos, kadosdene tilêm dipun gugah, lajêng gumregah tumut ngêdali wontên kalanganing căndrawarti, parlu mratelakakên lêlampahan kula nalika taksih nglampahakên oto kangge sewan. Kenging prakawis planggaran, kabêkta rem swak. Sarêng kula katarik birao pulisi, kula lajêng ngaturi katrangan utawi nêdahakên pikêkahing santana, nanging botên dipun anggêp. Sanalika kula lajêng lapur dhatêng pangrèhing pakêmpalan kita Narpawandawa, kala samantên pangarsanipun inggih punika, panjênêngan dalêm Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, wosipun sanalika panjênêngan dalêm gusti pangarsa tuwin pangrèh Radèn Tumênggung Gitadipura, punapadene bapak Radèn Mas Ngabèi Purwasastra, lajêng trangginas cekat-cèkêt nindakakên punapa samêsthinipun, kalampahan nama angsal damêl: cêkakipun kula jêng[2] kaparingan sêrat kangge prabot katrangan dhatêng pangadilan lan-gêrèh, sarêng kula sampun ngaturi [ngatur...]

--- 12 ---

[...i] katrangan kalayan cêtha, kula lajêng botên saèstu tumindak pangadilan lan-gêrèh, ananging lajêng tumindak ing pangadilan dalêm pradata, kanthi wilujêng, sarèh, saha lajêng katingal ajining santana dalêm wau, lo, samantên paedahipun, bobotipun kula namung kabêkta salakirabi, ewadene panjênêngan dalêm gusti pangarsa, anggènipun nindakakên botên bèntên kalihan ingkang jêjêripun santana,[3] sarèhning têtela paedahipun pakêmpalan kita Narpawandawa punika kathah, warni-warni, sumăngga para bandara, tuwin para sadhèrèk, sami sêsarêngan dipun pêpuji mugi pakêmpalan kita Narpawandawa, lastantuna subur, nir sambekala, sansaya ngrêmbaka.

Darmasucitra.

Putri Narpawandawa

Nalika ing dintên Sêtu sontên tanggal kaping 25 Dhesèmbêr 1937, pakêmpalan Putri Narpawandawa damêl parêpatan agêng taunan, ngiras alal bihalal, manggèn wontên ing Wuryaningratan, kajawi ngrêmbag parluning bale griya, ingkang prêlu kagiyarakên inggih punika bab usulipun badhe ngadani griya pamulasara lare lola, anak putranipun santana dalêm, têrangipun kados ingkang kawrat purwakanipun pangarsa tri[4] Narpawandawa G.B.R.Aj. Wuryaningrat, kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, pangrèh Putri Narpawandawa ngaturakên wilujêng rawuhipun para warga, tuwin para tamu sadaya, langkung malih dhatêng para luhur. Kaping kalihipun kados ingkang kawrat ing sêrat sêdhahan, wigatosipun parêpatan ing dalu punika, kajawi nêtêpi wêwaton ing sabên taunipun, Putri Narpawandawa punika kêdah damêl parêpatan warga, ugi ngiras alal bihalal, atêgês, apura-ingapura sarta anyambung sih. Awit saking punika sapintên lêpatipun para pangrèh Putri Narpawandawa, mugi sami kalêbura ing dalu punika. Kaping tiganipun anggèning pangrèh damêl parêpatan taunan punika, wigatosipun badhe nglapurakên punapa kawontênan-kawontênan ing salêbêtipun sataun, botên prêlu kula andharakên sapunika, ing mangke badhe kawaos dening ingkang gadhah wajib piyambak-piyambak, amung salêbêtipun Pauze para warga badhe kula pamèri barang raja darbèkipun [darbè...]

--- 13 ---

[...kipun] Putri Narpawandawa, ingkang sampun kasadhiyakakên, panjênêngan badhe sagêd nyamantakakên piyambak, ugi dêdamêlanipun para putra- putri ingkang sami mlêbêt kursus Handwerk ingkang katuntun dening Bandara Radèn Ayu Suryaningrat, sanadyan dèrèng sataun, ewadene sampun samantên kasagêdanipun.

Kaping sakawanipun rêmbag ingkang wigatos, inggih punika anggèn kita badhe usul dhatêng Narpawandawa, prakawis wontênipun griya lola, mênggahing jêjêripun Putri Narpawandawa rujuk dhatêng tuju ngopèni para anak putranipun santana dalêm, amung manawi kados ada-adanipun Narpawandawa wau, pangintênipun pangrèh Putri Narpawandawa, rêkaos sagêdipun kalêksanan, sabab dening kawiyarên. Manawi pancènipun kawitan punika alit-alitan kemawon rumiyin, manawi kawontênanipun saya kuwawi, saya prayogi, sawêg mindhak-mindhak, makatên pamanggihipun pangrèh Putri Narpawandawa. Mênggah prayoginipun pamiyara lare-lare dipun wiwiti saking ingkang sami lola rumiyin, dados ada-adanipun Putri Narpawandawa punika, pokoking tujunipun namung kangge para lare lola ingkang sanak sadhèrèkipun pancèn botên sagêd ngopèni sayêktos rumiyin, manawi sampun tata sae, tamtunipun ugi badhe nampèni lare lola ingkang sanak sadhèrèkipun sagêd ngopèni, ananging badhe kapupu ing bayaran.

Kajawi punika sadhèrèk, wontên pamanggihipun pangrèh Putri Narpawandawa, ingkang prêlu dipun uningani parêpatan warga ngriki inggih punika kadospundi murih sagêd langkung rancag majêngipun para santana, kapanggihing rêmbag: prayo[5] sangêt bilih pandamêlan ingkang dipun wajibi Narpa kakung kalihan Narpa putri, kapilah-pilah, kados ta: sadaya kawontênan ingkang magêpokan politiek economie sasaminipun, punika dados kawajibanipun Narpawandawa, dene kawontênan ingkang magêpokan bale griya, kulawarga utawi tumrap pamimbasara putra, punika dados wajibipun Putri Narpawandawa.

Sadhèrèk, kados cêkap samantên anggèn kula murwakani rêmbag ing dalu punika, samangke parêpatan kula bikak.

--- 14 ---

Satêlasing purwaka, lajêng maos palapuran- palapuran kados adat limrahing parêpatan taunan, sarêng dumugi rêmbag bab badhe wontênipun griya pamulasaraning lare lola, pun Têmon, lare lola ingkang dipun wimbasara wontên ing panti yoga (Kinderzorg) dhusun Srago, Klathèn, katimbalan minggah dhatêng pandhapa majêng asêsorah kirang langkung kados ing ngandhap punika.

Kawula nuwun, kawula pun Têmon, lare lola ingkang nampèni kanugrahan, dipun opèni wontên ing panti yoga tingalan dalêm Sri Narendra P.B.X. tumbuk yuswa 72 taun, ingkang dumunung wontên ing dhusun Srago (Klathèn) angunjukakên gênging panuwun, dene pangrèh Putri Narpawandawa sampun kaparêng maringi wêkdal atur kawula wontên ing parêpatan dalu punika.

Sakawit pangarsanipun panti yoga paring dhawuh dhumatêng Mas Kartasuharja bêhir dhêripun panti yoga, bilih parêpatan Putri Narpawandawa dalu punika wontên rêmbag badhe yasa griya pamulasaranipun lare lola, salajêngipun bêhir dhêr paring sumêrêp dhatêng kawula sakănca. Ing ngriku kawula sakănca sêsarêngan asurak rambah-rambah saking gênging kabingahan kawula sakănca. Ing wusana golonging rêmbag, kawula sakănca nyuwun idi ing pangrèh Putri Narpawandawa, malah kawula kasowanakên punika. Prêlunipun botên sanès namung anglajêngakên atur pamuji kawula sakănca, kaluhuranipun pangrèh Putri Narpawandawa, mugi- mugi sagêd kasêmbadan kalihan gampil anggènipun kagungan ada-ada punika. Mênggahing wigatos saha badhe wohipun ada-ada punika botên prêlu kawula aturakên panjang, amargi kajawi kawula nama lare ingkang dèrèng ngumur, ugi ingkang kataman kagalih dalu punika. Namung kawula matur, saundur kawula saking sowan mriki badhe sêsarêngan sakănca kawula sadaya, rintên kalihan dalu andhèrèk mêmuji, tumuntênipun kalampahan panti yoga gadhah sadhèrèk manggèn wontên ing salêbêtipun kitha nagari ngriki, saha nyuwun dhatêng pangrèh tuwin warganipun Putri Narpawandawa, kaparênga rawuh mriksani sudhung kawula sakănca ing Srago, minăngka kagêm ancêr-ancêr panggalihan ngêdêgakên griya pamulasaran lare lola wau. Namung punika atur kawula.

--- 15 ---

Mênggah kêdaling wicaranipun pun Têmon nalika sêsorah wau tatas-titis, măngka umuripun sawêg sadasanan taun, ewadene katingal tatag pamicaranipun. Amila sarampunging sêsorah sadaya sami kêplok mawurahan, pun Têmon lajêng mandhap saking pandhapa.

Sarampunging rêmbag-rêmbag ingkang kawrat ing agendha, parêpatan katutup dening pangarsa, para warga lajêng alal bihalal, ngiras mirsani jogèd indhu manipuri, ingkang ambêksa putranipun G.B.K.P.H. Adiwijaya dumugi jam ½1 dalu, sawêg bibaran, wilujêng.

Nglêrêsakên Kalêpatan

Karangan bab têtanggêlanipun dhatêng turun organ ăngka 12 wontên ingkang prêlu kula lêrêsakên, supados botên adamêl bingung utawi kalèntu.

Kaca 168 larikan 6 saking ngandhap J.W.Goethe ahli têmbung, cêtha lêrêsipun: ahli musik.

Kaca 172 larikan 4 saking nginggil: kalairan ing măngsa III (½ 3½ = 4) punika lêrês cêthanipun: dhatêng măngsa 3 satêngah sakawan.

Larikan 6 saking nginggil: kalairan ing măngsa I (½ 1½ = 2) punika lêrês cêthanipun: satêngah măngsa I kalihan satêngah măngsa II.

Larikan 8 saking nginggil: kalairan ing măngsa IV (½ 6½ = 7) lêrêsipun: satêngah măngsa 4 kalihan satêngah măngsa 5.

Mugi andadosna kauningan.

Sumarta

Isinipun Organ punika:

1. Pèngêtan parêpatan agêng taunan, kala Salasa sontên kaping 21 Dhesèmbêr 1937, wontên ing dalêm Suryaamijayan ... kaca 1 | 2. Pêpuji kita, tumrap nusa Indhiya kangge wêkdal sapunika ... kaca 10 | 3. Aturipun warga, R.L. Darmasucitra ... kaca 12 | 4. Putri Narpawandawa ... kaca 12 | Nglêrêsakên kalêpatan | Pananggalan

 


pamrayoginipun. (kembali)
lajêng. (kembali)
§ Tumrap pangrèh botên nate ambedak-bedakakên kaparluwaning warga. (kembali)
putri. (kembali)
prayogi. (kembali)