Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 234
1 dari 1.487
1–10 dari 14.865
1. Dhandhanggula[1]
1. Sajarah wiwit Nabi Adam dumugi para dewa
001.001 munggèng sarkara ring ukara nis | sasmita tan sumukèng pustaka | kang tyas rujit karêjête | lir antaka kawantu | mung wisesaning Hyang Kaèksi | kang nitah amêmatah | ing boga sawêgung | kang amurwa sipat purba | kang ambagi sagala isining bumi | nimpuna paripudya ||
001.002 kang asih mring rahsanya ngasihi | măngka manggala para dinuta | dipèng rat wuryaningrate | rêspati kang rinasul | warana ris nayakèng bumi | kunêng kawit kawangwang | wêwangson winangun | rawining rat nusa Jawa | kinarsakkên dinawa supaya dadi | manpangat winasiat ||
001.003 măngka pangèngêt amêmèngêti | wajib sajarah ing tanah Ngarab | tuhu ing Jawa tan pae | pamilanging lêluhur | pan ing nguni kalimăsadi | pustaka-pinustaka | ing karsa Sang Prabu | Pakubuwana kaping pat | pinrih aja parbatan wit carita di | aywa nanggung rêkasa ||
001.004 santosaa ri wardaya dening | muktamate carita punika | winangun lawan kususe | tinurut urutipun | malar dadya têpa palupi | ri kang karsa amarna | nênggih Jêng Sinuhun | Pakubuwana ping sapta | anglêluri anggit[2] ing rama narpati | pinrih sapangatira ||
001.005 tumêraha trus ing wuri-wuri | warananing murwèng kawiryawan | wahyaning wahyu wiyose [1: 8: wiyo...se] | mawantua rahayu | yuwanane dènya ngayomi | ring wadya sadayanya | kasub sabiyantu | aywa na sangsayanira | amanggiha suka arja sanagari | dening dana narendra ||
001.006 nihan nalika martèng palupi | Tumpak Wage ping gangsal ing Rajab | lumaksanèng taun Ehe | Sancaya măngsa catur | Măndhasia dèn sangkalani | dadi rasa sabdendra |[3] muga Hyang Kang Ruhur | marma martana nugraha | inistura ing rahmat Sang Murbèng Bumi | mring sang krêtartèng praja ||
001.007 purwaning wasita kang tiniti | sajarahing nata kina-kina | ing nusa Jawa babade | dhihin ingkang lêluhur | Nabi Adam putra Nabi Sis | Sis putra Hyang Nur Cahya | Nur Cahya sêsunu | anama Sang Hyang Nur Rasa | Hyang Nur Rasa pêputra Hyang Wêning nênggih | pêputra Sang Hyang Tunggal ||
001.008 Sang Hyang Tunggal Guru ya putrèki | Guru atmajanipun lêlima | Sang Hyang Sambo pambayune | Brama ingkang panggulu | Mahadewa panêngahnèki | Wisnu wuragilira | kang jumênêng ratu | jumênêng ing nuswa Jawa | iya iku têtimbanganing agami | Islam nagarèng Mêkah ||
001.009 pamêkase anama Dèwi Sri | Bathara Wisnu jumênêng nata | Prabu Sèt pilih sisihe | ana malih winuwus | ya nagara ing Gilingwêsi | ana jumênêng nata | ngaran Watugunung | samana ing nuswa Jawa | apan rinèh Prabu Sètmata kêkalih | samya digdayèng rana ||
001.010 enêngêna wau kang ginupit | kocapa Sang Hyang Pramoni Tunggal | ing Suralaya [1: 9: Sura...laya] prajane | nênggih Bathara Guru | pan adarbe sêngkêran putri | ing Mêdhang yu utama | ri karsa Hyang Guru | ingunggahakên ing swarga | pan kinarya graha dening Hyang Pramoni | sira putri ing Mêdhang ||
1 dari 1.487

 


Titik awal: Babad Tanah Jawi, Jilid I (Serie No. 1289). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1939, 79 hlm. Judul jilid: Nyariyosakên sajarah wiwit saking Nabi Adam dumugi para dewa, lajêng para ratu ing tanah Jawi wiwit saking Bathara Brama sarta Bathara Wisnu dumugi nagari Pajajaran, tuwin madêgipun nagari Majapait. (kembali)
anggiting. (kembali)
Tanggal: Tumpak (Sabtu) Wage gangsal (5) Rajab (Rêjêb) Ehe: dadi rasa sabdendra (AJ 1764). Tanggal Masehi: Sabtu 15 Oktober 1836. Tanggal ini mengacu pada saat edisi Babad Tanah Jawi ini ditulis atas pemrakarsa Pakubuwana VII (bertakhta 1830–58). Menurut edisi ini dan sumber lain, karya asli Babad Tanah Jawi diprakarsai oleh Pakubuwana IV (bertakhta 1788–1820). Satu edisi Babad Tanah Jawi yang hampir identik dengan edisi Balai Pustaka ini, meskipun hanya sebagian yang telah ditemukan (lihat edisi: BTJ Pakubuwana IV 1788) ditulis pada tanggal Jawa: Ngahad Pon 15 Mulud Alip: margèng nata kaswarèng dasih (AJ 1715). Tanggal Masehi: Minggu 14 Desember 1788, beberapa bulan setelah Pakubuwana IV naik takhta pada tanggal 29 September 1788 (Wăngsanagara 1938 hlm. 174). (kembali)