Tembang macapat

Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Abimanyu Kèrêm, Sukir, 1932, #1071

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 22
1 dari 73
1–10 dari 723
1. Sinom
01.01 nahên ta gancaring kata | măngka bêbukaning tulis | karajan Jênggalarêtna | inggih praja Dwarawati | wênang ingucap bilih | nagari panjang apunjung | kang jumênêng narendra | Mahaprabu Arimurti | ajêjuluk Narapati Padmanaba ||
01.02 wau ta sri naranata | miyos siniwakèng dasih | alênggah dhampar kancana | pinatik ing sêsotyadi | pêpêk andhèr kang nangkil | sadaya amarikêlu | kang munggwèng byantarendra | putra Pangeran Dipati | Anom Radèn Sămba lêlancuring praja ||
01.03 jajar lawan ingkang paman | Si Radyan Arya Satyaki | rajaputra Lesanpura | ing paglaran kang anangkil | Udawa Kyana Patih | lan sagung para tumenggung | andhèr pra wadyabala | pindha trunaning udadi | lir ngrubuhkên pancak sujining paglaran ||
01.04 ya ta enggaling carita | alon ngandika sang aji | mring putra sang narpatmaja | dhuh kulup padha basuki | paran wus sawatawis | sebanta nèng sitiluhur | Dyan Sămba matur nêmbah | nuwun timbalan dewa ji | ulun pundhi kapêtêk ing mastakamba ||
01.05 kacancang pucuking keswa | dadosa jimat paripih | nuwun sadèrèng paduka | dewaji miyos tinangkil | wonten ing păncaniti | putrendra manglesot dangu | muhung sêmbah bêktyamba | konjuk ing kangjêng dewaji | dumunung ing pada paduka narendra [4] ||
01.06 manggut ngandika sang nata | dahat sun tarima kaki | tarlèn mung pangèstuningwang | mring sira ambanyu mili | Radyan Sămba wotsari | matur kapundhi pukulun | nata malih ngandika | mring ari Arya Satyaki | apadene ari ya padha raharja ||
01.07 Radyan Arya Wrêsniwira | umatur saha wotsari | kaka prabu kang timbalan | sakalangkung ulun pundhi | amba cancang ing wèni | kapêtêk wontên ing êmbun | mêwahi kayuwanan | tan lyan sêmbah pangabekti | ulun konjuk pada paduka kakendra ||
01.08 sang nata arum ngandika | dahat sun tarima yayi | pangèstuningsun mring sira | dyan arya matur kapundhi | sang nata ngandikaris | mring putra sang narpasunu | dhuh putraningsun Sămba | marma sira ingsun piji | ing sebanta aywa dadi gitaning tyas ||
01.09 kulup dadia wruhanta | ana ingkang ingsun pikir | jatine gyan ngong sineba | mamèt lipuring prihatin | mungguh wosing tyas sêdhih | prakara ing murcanipun | bibèkira Sumbadra | de lalu tan antuk warti | ngong upaya têkèng mêngko durung panggya ||
01.10 narpaputra duk miyarsa | pangandikanya sang aji | dahat karantaning driya | barubah yayah rinujit | tumungkul awotsari | matur paduka pukulun | măngsa kakilapana | bab murcanipun jêng bibi | dhuh saiba duhkitanipun jêng paman ||
1 dari 73