Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
191–192 dari 1.487
1.910–1.919 dari 14.865
034.041 Senapati ing Ngalaga angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum | sabên dina ulun puniki | ya nyêkêli manjangan | ngong karya anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang lan kancil | tămbra ulam paraga ||
034.042 ginulawênthah sakèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | ingkang pantês sinunu | binasanan suta sakapti | kang pantês binasanan [5: 13: bina...sanan] | kakang basanipun | kang pantês binasan uwa | mapan binasanan ing uwa kang krami | ingkang pantês binasan ||
034.043 adhi iya binasanan yayi | datan ana kang bineda-beda | samya rinakêtan kabèh | samya ingajak nginum | samya sênggak suka anglarih | wênèh ingkang anêmbang | kakawin angidung | akêplok sirèng badhaya | Senapati Ngalaga sukaning ngênting | lan mantri pamajêgan ||
034.044 para grahanira Senapati | samya kinèn wau ambadhaya | age samya dhatêng kabèh | ajamang mas kêkalung | gêlang kana êmêr pamêkik | kilat bahu kancana | asêngkang mas luru | apanunggul intên mulya | ujwalanya anorakên ing hyang rawi | surêm maring ujwala ||
034.045 ambayak anăngga talam manik | mèsi punang sêkar jajêbadan | kêkonyoh amrik gandane | nulya lungguh ing pangkun | saha mojar mring para mantri | pamajêgan sadaya | mêmatutèng tuhu | anglasahi marang sira | amborèhi sêkare gajah angoling | katrapa anèng karna ||
034.046 mantri pamajêgan mangrêpajrih | aningali marang grahanira | dening rumakêt basane | pêlungguhe abukuh | samya ngrêpa konjêm ing siti | mukanira punika | ambêg manah sadu | wadya wis ambapa biyang | panarkane mring Senapati Matawis | tuhu taman kumêdhap ||
034.047 Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra ulun kabèh sira | aja taha-taha kabèh | apan sajroning nginum | pan sumăngga [5: 14] ulun ing rabi | ing sajawining rahsa | wayahe wong nginum | nadyan tumêka ing prana | yèn sira yun kawinên maring ing masjid | kalal ulun pan suka ||
034.048 mantri pamajêgan pinisalin | pan sadaya sami abusana | kalawan sapêpantêse | balongsong punang kampuh | pan kuluknya sami barêji | sabuk cangap rinêngga | sarta lawan dhuwung | sami kandêlan kancana | abra murub panganggene para mantri | kang kinulawisudha ||
034.049 acalana cindhe tanu èsthi | pinarêmas ing parada papan | gêbyar-gêbyar lwir thathite | yèn winingkis kang kampuh | pan kasilir maruta silir | kadya ta kinêpêtan | sumrah raganipun | karaos ing kanikmatan | salamine dèrèng suka kadi mangkin | duk anèng Pamajêgan ||
034.050 mantri pamajêgan anganjali | padha ngrêpa tumungkul sadaya | abukuh ing palungguhe | dening dibya atakut | rêtna wadu widigdèng lungit | ya măngka dananira | arêmên dinulu | tate kinudang ing prana | pan kawratan sura lêgawa ing krami | aglar tanpa singsingan ||
191–192 dari 1.487