Tembang macapat
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
47 dari 57
205 dari 241
2.041–2.050 dari 2.402
| 47.032 | kangjêng sultan rêna jroning galih | duk miyarsa Mas Pêkik aturnya | Surabaya dan sumèlèh | ngandika sang aprabu | sira adhi ing Surawèsthi | milanira sun undang | marêk ngarsaningsun | apan wus pasthi Hyang Suksma | patêmone ing surya kalawan sasi | sêdhêng lagya purnama || |
| 47.033 | wus raina sang hyang surya mijil | sapandulon lawan sang hyang arka | iya iku patêmone | sakêdhap sasi surup | timbangane baskara sami | salah siji ilanga | pasthi jagad suwung | manira upama surya | pêkênira si adhi minăngka sasi | pêsthi timbanganira || |
| 47.034 | tanah Jawa lawan ing Matawis | pêkênira yèn ora anaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | pama sira têlaga | pancurane ingsun | pêsthi sira nadhahana | toya agung yèn ana pancuran mijil | yêkti puwara asat || |
| 47.035 | mapan ingsun sêsotya kang adi [2: 219] | yayi Surabaya bananira | yèn tan ana êmbanane | êmbanane asuwung | dadya merang ingkang ningali | ucula mring êmbanan | sirna tan kadulu | sêsotya tanpa êmbanan | cahya mancur akèh wong kang aningali | arsa angêmbanana || |
| 47.036 | kangjêng sultan angandika malih | mring kang uwa Pangeran Purbaya | karsaningsun uwa mangke | dhimas Pêkik puniku | ingsun junjung dadya bupati | iya jênêng Pangeran | Pêkik Surèngkewuh | umatur Pangran Purbaya | langkung lêrês ing karsa paduka aji | sultan malih ngandika || |
| 47.037 | inggih uwa Purbaya anuli | dhimas Pêkik pêrnahna dèn enggal | dimèn aso pondhokane | kang sinuhun gya kondur | ginarêbêg pawongan cèthi | kang seba wus luwaran | samya bubar mantuk | Dyan Mas Pêkik Surabaya | sampun manggèn ing pondhokane pribadi | ing latri tan winarna || |
| 47.038 | enjingira jêng sultan tinangkil | pêpak sagung kang para punggawa | tuwin kang pra mantri kabèh | sêntana munggèng ngayun | Panêmbahan Purbaya ngarsi | Mas Pêkik wurènira | ngandika sang prabu | yayi Mas Pêkik majua | sigra majêng mukanya konjêm ing siti | jêng sultan angandika || |
| 47.039 | mêngko sira yayi êmas Pêkik | awismaa anèng ing Mataram | lan sun junjung sira mangke | namanira sun pundhut | sun paringi jêjuluk yayi | anamaa Pangeran | Pêkik de lungguhmu [2: 220: lungguh...mu] | nagrinira Surabaya | nanging yayi wadyanira Surawèsthi | poma ywa kongsi owah || |
| 47.040 | sigra sujud wau Ki Mas Pêkik | mukanira lir konjêm pratala | saklangkung nuwun ature | sagung wadya Matarum | angèstrèni dhawuh sang aji | Mas Pêkik Surabaya | jinunjung sang prabu | awismaa ing Mataram | amisuwur anama Pangeran Pêkik | jêng sultan angandika || |
| 47.041 | Surabaya lawan ing Matawis | apan tunggal rasa yayi êmas | adarbe nagara roro | nulya kondur sang prabu | ginarêbêg pawongan cèthi | malbèng ing dhatulaya | wau kang wadya gung | ingkang anèng pagêlaran | kang sewaka luwaran para bupati | wus mantuk sowang-sowang || |
205 dari 241